Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 11

MACA TEKS EKSPOSISI

SENI PERTUNJUKAN JAWA

Paragrap eksposisi utawi paparan arupi wujud paragrap ingkang maparaken,


njlentrehaken, medharaken utawi maringi ide, gagasan utawi pamanggih panyerat kanthi gaya
panyeratan ingkang cekak, akurat lan padet kanthi ancas ndadosaken utawi nambah wiyar
pangertosan pamaos.

Eksposisi inggih punika satunggaling paragrap ingkang nggadhahi ancas maringi


pangertosan, panjlentrehan utawi pawarta/informasi dhumateng pamaos babagan
satunggaling bab. Pramila, paragrap eksposisi dipun sebat ugi paragraph informatif. Paragrap
eksposisi sipatipun ilmiah/nonfiksi. Sumber paragrapipun punika saged dipun angsali saking
kasil pangematan, panaliten utawi seserepan/pengalaman.

Pusatipun kawigatosan ingkung kathah teng kalanthipan/kecerdasan utawi panggalih,


sanes pangraosan utawi emosinipun pamaos. Ingkang kedah tansah dipun enget inggih punika
paragraph eksposisi boten maksa dhumateng tiyang sanes/pamaos kangge nampi pamanggih
utawi panyaruwe nanging naming maringi informasi. Umumipun mangsuli pitakenan punapa,
kapan, teng pundhi, kenging punapa lan kepripun.

Kangge maparaken/mbeberaken bab ingkang dipun paringaken, paragrap eksposisi


ngginakaken tuladha, grafik, tabel sarta werni-werni bentuk fakta lan data sanesipun. Tuladha
eksposisi antawisipun artikel teng ari warti, laporan werni-werni jenis, pituduh teng
salebeting tabel utawi kemasan barang, buku cara ternak welut, cara mbudidaya adenium lan
sanesipun.

Paragrap eksposisi saged dipun krembakaaken/dikembangaken kanthi werni-werni


pola pangembangan, antawisipun:

1. Pola pangembangan poses.


Cara nggawe wayang kulit tumrape sing wis biyasa nggawe gampang-
gampang bae. Pertama-tama kita nyiapaken kulit kewan bisa sapi, kebo, wedhus
utawa liyane. Banjur kulit kuwe mau dikerok nganggo pangot nanthi wulune ilang
balas lan kulit katon bening kaya kaca. Banjur kulit sing wis mateng mau digambari
pola nganggo corekan.
2. Pola pangembangan definisi.
Buncis yakuwe kesenian tradisional asli Banyumas sing peragane yakuwe
wong karo golek. Nek dideleng saktleraman kaya-kaya wonge kuwe digendong
dening golek merga klambine wonge padha karo kathoke bonekane, klambine goleke
padha karo kathoke wonge. Biyasane diiringi musik calung. Golek lan wonge padha
nari, nanging narine sembarang ora nganggo pakem.
3. Pola pangembangan tuladha/ilustrasi.

Masyarakat Jawa umume, lan masyarakat Banyumas khususe padha


ndhuweni jiwa kreatif lan seni sing dhuwur. Akeh kesenian sing wis kasil
diciptakaken, kayata wayang, lengger, ebeg, calung, begalan lan liya-liyane.

4. Pola pangembangan perbandingan.

Bocah-bocah jaman siki beda banget karo bocah jaman ganu, nalika dideleng
sekang dolanane. Bocah jaman siki dolanane hp, laptop, game on line lan liya-liyane,
nek bocah jaman ganu dolanane gobak slodor, jibolan, jonjang umpetan lan liya-
liyane. Rasa pasedulurane luwih dhuwur bocah jaman ganu merga sering urip
bermasyarakat, nek bocah jaman siki kurang ndhuweni jiwa sosial merga uripe
dhewek-dhewek utawa individual.

5. Pola pangembangan kontras/pertentangan.

Neng pagelaran wayang kulit tembang-tembang sing dinyanyikaken


tembang-tembang Jawa kayata ladrang, palaran, uran-uran lan liya-liyane, nanging
melu mlakuning jaman siki ora mung tembang Jawa thok kalebu uga musik dangdut,
pop lan liya-liyane. Semana uga ceritane siki wis ora meluni pakem, sing penting
masyarakate seneng, kuwe sing dipentingaken.

6. Pola pangembangan umum-khusus utawi khusus-umum.

Wayang identik karo wong Jawa, nanging saiki wayang wis sumebar ing
tlatah Indonesia lan uwis dadi salah sijining identitase wong Indonesia. Malah dening
Unesco wis ditetapaken dadi salah sijining warisan dunia sing perlu dilestarikaken.

7. Pola pangembangan klasifikasi.

Karakter wayang kuwe bisa dideleng sekang wujud lan praupane. Nek
praupane putih, karaktere bener utawa apik. Nek praupane abang, karaktere galak,
serakah lan sekarepe dhewek. Lan nek praupane ireng, karaktere misterius.
8. Pola pangembangan sebab-akibat.
Sawise DIY ditetapaken dadi daerah khusus, kesenian kethoprak neng tlatah
Yogyakarta san saya katon kuncarane. Apa maning saben grup kethoprak olih bantuan
kanggo ngembangaken kelompok lan kreatifitase, pemerintah DIY nganakaken lomba
kesenian kethoprak rong taun sepisan genti genten karo kesenian wayang.

Seni pertunjukan Jawa

Kabudayaan Banyumasan

Seni lan budaya khas Banyumasan thukul lan ngrembaka saumuran karo peradaban
Jawa kuna. Budaya Banyumas uga tambah sugih karo mlebune gaya budaya Mataram
(Yogya-Solo) lan sunda (Pasundan/Priangan) lan siki wis diseseli werna-werna budaya.
Sekang budaya Banyumasan kiye lair wujud-wujud kasenian tradisional sing uga dhuweni
karakter Banyumasan kayata ebeg, lengger, calung, angguk, wayang kulit gagrak Banyumas,
gendhing Banyumasan, begalan lan liya-liyane. Seliyane kuwe neng tlatah sing bebatesan
langsung karo daerah Jawa Barat luwih ndhuweni gaya budaya Pasundan kayata kesenian
sisingaan, gendang rampak, rengkong, calung lan liya-liyane.

Begalan

Begalan yakuwe jinising kesenian sing biasane dipentasaken sajroning reong mbegal.
Sing narik kawigaten yakuwe pacelthon/omong-omongan antarane sing dibegal lan sing
mbegal, biasane isine kritikan lan petuah/piweling kanggo calon penganten sing diawehaken
kanthi gaya sing lucu/jenaka kebek guyon.

Adicara kiye dianakaken menawa calon penganten wadon anak mbarep. Begalan
arupa campuran antarane seni tari lan seni tutur utawa seni lawak kanthi iringan gending.
Kaya patute tari klasik, obahing awak/tarine ora patiya kaiket dening paugeran/pathokan
tertentu sing wigati obahing awak/tarine selaras karo irama gending. Jumlah panarine ana
loro, sing siji nggawa barang-barang (piranti masak) lan sing sijine maning dadi
begal/rampok.

Barang-barang sing digawa kayata ilir, ian, cething, kusan, saringan ampas, tampah,
sorok, centhong, siwur, irus, kendhil lan wangkring. Barang gawanan kiye biyasane diarani
brenong kepang. Pambegal biasane nggawa pedang kayu, klambine peraga biasane
sederhana, umume nganggo klambi adat Jawa.
Pacelathon sing di omongaken arupa basa lambang/kiasan sing diterjemahaken sekang
jeneng-jeneng barang sing digawa. Contone ilir sing digawe sekang kepangan/anyaman pring
ditegesaken pepenget kanggo penganten lanang lan wadon kanggo mbedakaken becik lan
awon. Cething, sing kanggo wadah sega tegese urip kwe merlukaken wadah sing dhuweni
paugeran/aturan tertentu, dadi ora kena/olih segeleme dhewek. Kusan yakuwe piranti masak
utawa adang sega, kiye nglambangaken sawise umah-umah/bebojoan cara mikire kudu
mateng/dewasa. Pari minangka pralambang angger penganten lanang lan wadon kudu duwe
watek kaya pari, tegese angger esih enom katon ndemena, katon ayu, katon bagus, nyenengna
maring sing nyawang. Bareng uwis tuwa parine ndingkluk tegese ora gemedhe lan luwih
kemutan maring sing gawe urip. Siwur sing gunane kanggo nyiduk banyu, mengku teges
angger penganten lanang lan wadon kudu bisa urip neng ngendi papan lan kahanan sing kaya
ngapa baen. Semana uga dearep-arep bisa mbagi pengalaman, ilmu, sarta mbagi rejeki
maring sing wajib nampa kanthi adil, lan liya-liyane.

Kejaba ndeleng atraksi tari begalan lan irama gending, pamiarsa uga ngrungokna
pacelathon sing narik kawigaten lan merguyokaken. Biasane sarampugne tontonan, barang-
barang sing dipikul dadi rebutan sing nonton. Sayange tontonan begalan kiye ora kena
dipentasaken suwe-suwe amarga esih kalebu rerangken dawa adicara penganten.

Gladhen!

Garapen kanthi kelompok, pitakonan-pitakonan neng ngisor kiye!

1. Apa sing dimaksud paragraf eksposisi?


2. Pola pangembangan paragraf eksposisi ana pira? Sebutaken kanthi jangkep!
3. Budaya Banyumas bisa maneka werna wujude, kue jalaran kecampuran karo daerah
ngendi bae?
4. Salah sijining budaya asli Banyumas yakuwe begalan. Sebutaken budaya/kesenian asli
banyumas liyane sing kowe ngerteni!
5. Saben adicara pengantenan ora mesthi dianakaken kesenian begalan. Kesenian begalan
dianakaken menawa kepriwe?
6. Ceritakaken mlakune/ceritane kesenian begalan sing kowe ngerteni.
7. Amanat apa sing bisa dijikot sekang kesenian begalan?
Materi

Nulis Teks Eksposisi

bab Seni Pertunjukan Jawa

Neng materi sadurunge uwis dibahas kanthi wiyar bab teks eksposisi. Teks eksposisi
yakuwe sawijining paragrap sing dhuweni ancas ngaweh ngerti, panjelasan utawi
pawarta/informasi maring pamaca babagan sawijining bab. Miturut pola pangembangane
paragrap eksposisi bisa diperang dadi wolu.

Ngenani seni pertunjukan Jawa, para siswa uga uwis ngerti akeh. Senajan ana sing
urung tau weruh kanthi langsung, nanging saora-orane wis tau ndeleng lumantar televisi. Ana
kethoprak wayang kulit, wayang wong, ebeg, lengger lan liya-liyane.

Lha para siswa, neng materi kiye diparingi tugas supaya nggawe tulisan teks eksposisi
sing isisne bab seni pertunjukan Jawa neng ngisor kiye ana tuladha teks eksposisi bab seni
pertunjukan Jawa

Seni Pertunjukan Ebeg

Ebeg utawa basa Indonesiane kuda lumping, arupa salah sawijining kesenian
tradisional asli Jawa. Kesenian kiye ana uwis kawit jaman ganu lan nganthi siki eshi tetep
lestari. Kesenian kiye madukaken unsur tari-tarian lan musik calung cinampur gamelan. Lan
peragane padha nyandhang klambi adat Jawa, klambine biyasane lengen dawa, clanane
sadengkul, siraeh dijiret digubetaken lan diwei kaya sajenis sabuk supaya ora mlorot.

Para peraga uga nggawa piranti jaran-jaranan sing digawe sekang anyaman pring.
Jaran-jaranan kuwe mau ditumpaki kaya-kaya numpak jaran temenan. Sing dadi peragane
bisa lanang bisa wadon, tapi luwih didominasi dening wong lanang. Nalika nari biyasane ana
peraga sing kasurupan utawa kelebon makhluk gaib amarga ndhuweni indang. Kesurupane
gumantung indange, apa gaya kethek, baya, kebo lan liya-liyane. Penonton sing dhuweni
indang uga bisa melu kesurupan.

Nalika kesurupan ana sing njaluk mangan kembang, nyeti klapa nganggo untu,
mangan ayam mentah, lan liya-liyane. Biyasane sawise emut, peraga utawa penonton sing
kesurupan mau ditambani dening dukune utawa anggota kelompok kesenian ebeg sing
dhuweni kaluwihan. Ana mitos sing dipercaya dening masyarakat, nek ndeleng ebeg aja
nganggo klambi abang, merga bisa dioyok dening peraga sing kesurupan. Kesenian ebeg kiye
biyasane ditanggap nalika ana acara sunatan, pengantenan, ulang taun lan liya-liyane.
Gladhen 1

Wangsulana pitakonan-pitakonan neng ngisor kanthi bener!

1. Tuladha teks eksposisi neng dhuwur, miturutmu kalebu pola pangembangan apa?
Jlentrehaken alesane!
2. Teks neng dhuwur njlentrehaken bab apa?
3. Gawea siji teks wacana eksposisi kanthi pola pangembangan tertentu!
4. Wacanen kasil garapanmu neng ngarep kelas!

Tuladha liyane bab kabudayaan Jawa


Jemblung
Jemblung yakuwe seni tutur tradisional sing diperagakaken dening 4 peraga. Miturut
masyarakat neng wewangkon Sumpiuh lan Tambak, tembung jemblung arupa jarwa dhosok
sekang tembung “jenjem-jenjeme” wong gemblung (rasa tentrem sing dirasakaken dening
wong gemblung). Pangerten kiye adhedhasar tradisi pametasan jemblung sing ndadekaken
para peragane kaya wong gemblung.
Para peraga jemblung nalika pentas ora nganggo properti artistik sing maneka werna,
para peraga pentas kaya dene pentas kethoprak. Kanggo ngiringi pamentasan digunakaken
swara musik sing asale sekang swaraning manungsa (musik oral).
Nalika pamentasan para peraga njagong neng korsi ngadepi sawijining meja sing neng
sanduwuring meja mau ana sega tumpeng lan jajanan pasar sing dadi properti pamentasan.
Pagelaran jemblung nyeritakaken kisah-kisah babad, legenda utawa cerita rakyat sing
adegane diplot kaya dene cerita neng sajroning pamentasan kehoprak. Jemblung tesih
ngrembaka neng wewangkon Kecamatan Sumpiuh lan Tambak.

Gandalia
Seni tradisional Gandalia yakuwe kesenian tradisi sekang Grumbul Kalitunjung Desa
Tambak Negara Kecamatan Rawalo. Pertama-tamane katindakaken dening Ki Bangsa Setra
asli penduduk Desa Kali Tanjung sekitar tahun 1925.
Kawiwitan sekang mung ngisi wektu omber neng gaga utawa alas lan sisan kanggo nggusah
utawa ngadohaken sekang babi utawa kewan sing sering ngrusak tanduran pari. Ki Bangsa
Setra nggawe sawijining piranti musik sing bahane sekang pring. Piranti musik kiye mirip
angklung, lan dhuweni 4 nada. Nada 2, 3, 5 lan 6 (nada gamelan slendro) lan diwei aran
Gandalia sing asale sekang tembung gandal/gondol lan lia, sing tegese men ora digondol
neng lia (kasil gagane/alase) dening hama sing sering ngrusak tanduran utamane babi.
Bareng karo mlakuning jaman seni tradisi gandalia dimainaken bareng karo calung,
amrga cara nabuh gandalia banget angele. Buktine nganti siki mung wong 4 sing bisa nabuh
piranti musik Gandalia kuwe. Wong papat mau yakuwe: Bapak Sanwiyata, Bapak Turmidi,
Bapak Kusnarjo lan Bapak Kusmeja. Neng sajroning adicara kabudayaan Gandalia uga esih
sering melu werna-werna festifal.

Gladhen 2
Wangsulana pitakonan-pitakonan neng ngisor kanthi bener!
1. Tuladha teks eksposisi neng dhuwur, miturutmu kalebu pola pangembangan apa?
Jlentrehaken alesane!
2. Kepriwe panemumu bab kesenian tradisional Banyumas neng dhuwur

Gladhen 3
I. Pilihen salah sawijining jawaban A, B, C, D utawa E sing ko anggep bener!

1 Paragrap sing nyritakna kedadeyan sig digawe supaya wong sing maca digawe kaya
ngalami dhewek kedadeyan sing dicritakna diarani paragraph….
A. Narasi
B. Argumentasi
C. Eksposisi
D. Persuasi
E. Deskripsi
2 Paragrap sing nggambarna objek kanthi tujuwan supaya wong sing maca kaya nyawang,
diarani paragraph….
A. Eksposisi
B. Deskripsi
C. Persuasi
D. Argumentasi
E. Narasi
3 Sing dipentingna ana neng paragrap narasi yakuwe….
A. Papan panggonan
B. Gabaran objek
C. Urutan kedadean
D. Pangembangan masalah
E. Wektu kedadean
4 Kanggo nggambarna papan panggonan utawa ruangan migunakna paragrap….
A. Persuasi
B. Deskripsi
C. Argumentasi
D. Narasi
E. Eksposisi
5 Paragrap sing isine njlentrehna seluk-beluke salah swijining bab/masalah diarani
paragrap….
A. Eksposisi
B. Deskripsi
C. Persuasi
D. Argumentasi
E. Narasi
6 Paragrap eksposisi kuwe biasane migunakna….kanggo njlentrehna masalah sing
dirembug. Ceceg-ceceg ing dhuwur isisne kang trep yakuwe….
A. Grafik
B. Gagasan utama
C. Basa karma
D. Gagasan panjlentreh
E. Pawarta
7 Wujud karangan sing umume migunakna paragrap eksposisi, yakuwe….
A. Biografi
B. Resep
C. Kaendahan alam
D. Tlaga sarangan
E. Pidhato
8 Paragrap sing isine babagan laporan perjalanan diarani paragrap….
A. Persuasi
B. Deskripsi
C. Argumentasi
D. Narasi
E. Eksposisi
9 Pidhato kampanye kuwe kalebu jinising paragrap….
A. Persuasi
B. Deskripsi
C. Argumentasi
D. Narasi
E. Eksposisi
10 Paragrap eksposisi merlokna fakta sing bisa dicethakna kanthi tuladha ing ngisor kiye,
kejaba….
A. Gambar
B. Peta
C. Diagram
D. Grafik
E. Alur cerita
11 Paragrap sing mratelakake/mbeberna panemu, gagasan kanthi diwenehi alesan, tuladha
lan bukti-bukti kang kuat lan bisa gawe yakine wong sing maca, diarani paragarap….
A. Narasi
B. Eksposisi
C. Argumentasi
D. Deskripsi
E. Persuasi
12 Tujuwan (ancase) digawene paragraph argumentasi, yakuwe….
A. Gawe yakine wong sing maca saengga bisa mbeberna pendapat, tindak tanduk lan uga
keyakinane dhewe
B. Gawe yakine penulis supaya bisa gawe senenge wong sing maca
C. Mbenerna pendapat lan tindak-tanduke wong sing maca
D. Gawe bukti-bukti kanggo gawe yakine dhewek
E. Menehi alesan lan tuladha kanggo wong sing maca
13 Paragrap sing ndhuweni tujuan kanggo mempengaruhi, mbujuk, ngajak utawa ngrayu
wong sing maca, saengga wong sing maca bisa kapengaruh lan melu apa sing dadi
gegayuhane penulis, diarani paragrap….
A. Deskripsi
B. Narasi
C. Argumentasi
D. Persuasi
E. Eksposisi
14 Sing biasane migunakna paragrap persuasi, yakuwe….
A. Resep masakan
B. Wara-wara
C. Crita dongeng
D. Biografi pengarang
E. Pidhato kampanye
15 Tema/judul sing bisa dikembangna dadi paragrap deskripsi, kejaba….
A. Pantai pangandaran
B. Pak Raden
C. Gawe kompor
D. Mangsa ketelu
E. Dolan marang Cilacap
16 Paragrap sing isine njlentrehna seluk-beluke salah sawijining bab/masalah, diarani
paragrap….
A. Narasi
B. Deskripsi
C. Eksposisi
D. Argumentasi
E. Persuasi

Wacan

Keraton Bentenge Budaya Jawa

Wolak-walkiyeng jaman sing ndadekake keraton kelangan kekuwatan politik,


mligine tumrap Keraton Surakarta lan Mangkunagaran. Bab kuwe pancen ndadekaken
kridane kraton ing babagan ngasilaken karya seni lan budaya ora bisa kaya dene nalika
isih dadi punjere paprentahan, utawa isih dadi kekuwatan politik.
Neng jaman sakiye, karna kekuwatan keraton wis ora kaya nallika keraton dadi
pankere paprentahan, keraton luwih manjila minangka benteng kebudayaan. Sinebut
benteng kebudayaan karane ya mung keraton kang bisa kanthi total ngleluri maneka
karya seni lan budaya sing diasilaken wiwit jaman kawuri, (Solo Pos, Oktober 2007)

17 Paragrap neng dhuwur kalebu jenising paragrap….


A. Deskripsi
B. Argumentasi
C. Narasi
D. Persuasi
E. Eksposisi
18 Kesimpulan sekang paragrap neng ndhuwur yakuwe….
A. Keraton sing wis kelangan kekuwatan politik
B. Kaendahaning keraton neng Surakarta
C. Budaya Jawa neng keraton
D. Nguri-nguri budaya Jawa
E. Kekuwatan keraton Jawa
19 Irah-irahan paragrap neng ndhuwur yakuwe….
A. Keraton Surakarta
B. Keraton Mangkunegara
C. Budaya keraton Jawa
D. Budaya Jawa
E. Keraton bentenge budaya Jawa
20 Ringkesan wacanan kanthi tetep mempertahanaken keaslian tulisan, diarani….
A. Rangkuman
B. Keterangan
C. Ringkesan
D. Kata pengantar
E. Sinopsis

You might also like