Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 367

Ongka 2, 13 Januwari 1870

Kulawisudhan tuwin Sanesipun


Tuwan H.W.Panderores Asisten Residhen pulisi ing Samarang,
kaundur saking pandamelanipun mawi kaparingan wahel
Tuwan T.J.P. Kanterpiser, tilas Pak ismister ing Cikao bawah
Priangan ing sapunika kaparingan pansiyun
Tuwan B.Pansutsen sekretaris ing Samarang, akula wisudha
dados Asisten REsidhen pulisi agentosi tuwan Pandherhores ing
nginggil wau.
Tuwan J.R.Aboh, kaundur kalayan urmat saking pandamelanipun
dados sakretaris ing Sumatra tanah wetan kagentosan dening
tuwan T.A.L. Krussen aisten residhen pulisi ing Padhang.
==============

Ing ngandhap punika katedhakaning serat Undhang-Undhangipun


kanjeng gupremen.

Undhang-Undhang
Awit ingkang Asma Kanjeng Raja.
Kanjeng Tuwan ingkang wicaksana Guprenur Jendral ing Indhiya
Nederlan sawuse amiyarsakake atur pirembuge para Lidingrad
ing Indiya Nederlan, aparing weruh maring sarupaning wong.
Sarehning dhawuh dalem Kanjeng Raja ing nagara Nederlan
anyuwak pajege omah pagadhen ing Indhiya Nederlan, kang iku
kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprnur jendral angg.. prelu
anindhakake pranatab tumrap marang sarupaning wong, angupaji
wa motangake dhuwit kehe 100 rupiyah sapangisor nganggo
gadhen lan anakan. Mulane kanjeng tuwan ingkang wicaksana
karsa anamtokake kaya kang kasebut ing ngisor iki. Kang
kapisan wiwit tanggal ping 1 sasi Jawa taun 1870, pajege omah
pagadhen ing Indhiya Nederlan bakal kasuwak. Kang kaping
pindho, wiwit tanggal 1 sasi Januwari taun 1870 sarupaning
wongkang padha motangake dhuweit kehe 100 rupiyah saparin
gosr, nganggo gadhen lan anakan kudu anglestarekake pangkat
kasebut ing ngisor iki.
Bab ping 1
Sarupaning wong kang arep amotangake dhuwit kehe 100 rupiyah
sapangisor, nganggo pagadhen lan anakan iku padha wajib
anyuwun lelang prelilah saka priyayi kang nyekel panguwasa
ing nagara kang den omahi, mungguh layang prelilah mau amung
kanggo sataun, ana ing panggonan kang katamtokake, dene
layang prelilah iku katulis ing kertas segel kang rega 50
rupiyah. Sakehe omah pagadhen kudu nganggo tatenger kang
katon ing ngakeh, arupa papage tulisan ing tembung Walonda,
cinas lan tembung liyane bognsa dhewe-dhewe, mungguh tulisan
mau unine, PAGADHEN.

Bab ping 2
Priyayi kang nyekel panguwasa ing nagara awenang anindakake
papriksanan sajroning omah pagadhen utawa amriksani layang
pemutan pagadhen amrih anyentegake kang nyekel pagadhen apa
ora anerak wawaler, lan sarupaning barang kang kasebut ing
layang mau pada ana ujude kabeh.

Bab ping 3
Ing sawijining omah pagadhen kudu ana buk, kang dianggo
nulisi pemutan kaya kang kapratelakake ngisor iki, ing tembung Walanda, utawa ing tembung Malayu
nganggo aksara
Walonda.
a, titimongsa manut taun Walonda
b, Ongka urutna panggadhene barang, nanging saben salin sasi,
kudu kawiwitan soka ongka 1 maneh.
c, rupa, ujud lan cacahing barang gadhen apadene regane
panggadhene barang mau kang wus dadi murwate sing gadhe.
d. jenenge, panggaotane lan omahe kang anggadhekake,
e, kehing dhuwit kang ginadhe-gadhe
f, titimong panebuse barang
g. titimongsa, kenane barang gadhen mau kaedol amarga ora
katebus
h, titimongsa nalika ilange layang gadhen kalapurake.
Sarupaning barang gadhhen mesthi kapratelakake ing buk
pagutan mau.

Bab ping 4,
Sakehig wong kang padha anggadhekake barang, amesthi anampa
ni layang gahen saka kang anggadhe manut unining layang
tuladha saka priyayi kang nyekel panguwasa ing nagara, mu
ngguh layang gadhen iku mratelakake kang kasebut miwit aksara
a, tutug aksara f, ing Bab ping 3 wondene layang gadhen iku
ora usah katulis ing kertas nganggo segel.
Yen kang anggadhekake anebus barange kang digadhegake saseke
lane layang gadhen kudu kabalekake marang kang gawe.
Manawa layang gadhen ilang, kang anggadhekake isih kawenang
anebus barange, kang digadhekake, samono iku yen layang
gadhen nalika ilang kalapurake marang kang anggadhe, lan
manawa kang anggadhe ora sumelang marang katemenaning kang
anggadhekake barang mau.

Bab ping 5
Yen barang gadhen ana kang ilang utawa kurang, kang anggadhe
kake kawajiban, anempuhake, samono iku manawa barang mau
ilang, awit saka kurang pangati-atine kang anggadhe.

Bab ping 6
Manawa ana barang wolong ngan kagadhekake mongka kapundhut
dening priyayi pulisi sapanunggalane kang padha wenang anyiw
er barang, kang nggadhe wajib angulungake barang mau kang
tumuli, lan ora kena anjaluk balining dhuwit pangadhene
barang mau saanak-anake saka kang darbe barang, kajaba saka
iku manawa ana katrangane Bab pangadhene barang colongan mau
dimaha, awit wus sumurup yen barang petng, kang anggadhe
bakal kapatapan paukuman kang wus katamtokake ing ngatase
prakara iki.

Bab ping 7.
Sarupaning wong kang nyekel gadhe ora kalilan angadhe barang
saka wong mendem, 2, barang saka wong edan, 3, barang saka
bocah kang durung umur 14 taun, 4, barang panganggene utawa
pirantine para militer, 5, barang kang dadi piranti pratbote
greja, ,masjid, sanggar lenthong sapanunggalane, 6, barang
kang isih reged

Bab ping 8
barang gadhen kang wus kaliwat magnsane, mongka ora katebus
iku bakal kalelang ana ing omah pagadhen metu saka kantor
lelang, mungguh panglelange barnag mau saben taun pipondho,
sapisan, sajroning sasi januwari kamindhon sajroning sasi
Juli. Sarupane barang gadhen iku lagi kena kalelang, manawa
buring pagadhene barang mau wus kalakon lawase telung sasi.
Nganti tumekane ing dina panglelang kang gadhekake isih kena
anebus barang kang digadhekake mau.

Bab ping 9
Dhuwit papayone barang gadhen kang kalelang, sawuse
saka....mragading panglelang iku bakal kabayarake marang kang
anggadhe, sapira kehing dhuwit panggadhene barang mau saana
kane, saupama ana turahane dhuwit kang anggadhe saben satngah
taun pendhak rong sasi sapisan kudu anglumrahake ana ing
layang pakabaran kangungane kang jeng gupremen lan kamot ing
laang,l katempelekna ing ngareping omah pagadhen, nganggo
pratelan pira buruhane dhuwit papayon lan ujuding barang kang
wus kalelang mau, awit iku wajib dadi duweke ingkang gadhe
kake, nanging panjaluke nganggo angaturi katrangan marang
parentah karo kang gadhe, saupama dhuwit turahane iku sajron
ing rong sasi ora ana kang jaluk mongka wus kalumrahake
rambah kaping telu, iku bakal dadi duweke kang anggadhe mau.

Bab ping 10
liya saka papacak kang kasbeut ing layang pranatan iki, kang
anggadhe kalilan agadhe prajanjeyan liyane maneh apa kang adi
karepe dhewe, sakehing prajangjeyan kudu kauningan marang ing
bekel pangawasa ing nagara kamot ing layang,kaaturna bareng
karo layang enggone nyuwun prelilah anyekel pagadhen kaya
kang wus kapratelakake ing bab ping 1, layang pratelaning
prajangjeyan amesthi katandhan dening kang nyekel pagadhen,
lan katemplekna ana ngarepe omah pagadhen katulising tembung
walonda, cina lan tembung nge bongsa liyane dhewe-dhewe.
Supaya sarane wong ingkang niyatgadhekake ana ngaku ora
sumurup marang sakehe prajangjeyan dadi ora maha panggadhe
kang dunung, pamacak prajangjeyan wawangene enggone motangake
mung kalilan sataun lawase, lan etunge anakan kudu katamto
kake sajroningsataun yen ana wong kang anggadhekake sabarang
sen anakane sasasi-sasine iya kapara rolas saka anakane ing
dalem sataun dene ana kang anggadhekake dinan anakane sadina
dinane apara telungatus sawidak saka anakane ing sataun.

Bab ping 11
Unen-unening Bab ping 335 ing layang angger kang anamtokake
paukumane bongsa walondakang anglakoni adurjanan iku uga
tumrap marang wong jawa sapa padhane kang nungal lakune
prakara. Sarupaning wong kang anerak unine layang pranatan
iki, bakal kapratrapaken dhendha ora kurang saka 10 rupiyah
ora luwih saka 500 rupiyah, iku nganggo katrangan apa kang
dadi sabab.

Bab ping 12
Dhuwit dhendhan kang kasebut ing dhuwur mau, 1/3 bakal
kaparingake marang kang ngaturake prakara, kang 1/3 marang
kang anyatakake prakara, 1/3 bakal ginawe ganjaran marang
wongkang taberi ing panitiking wong kang anerak pranatan iki,
samono iku gumantung ana pamraogene panggedhening Dhepartemen
van algaminbantir. Supaya aja ana kang angarani ora sumurup
ing unine layang undhang-undhang iki, kapacaka ing layang
setatblad sarta katuruna ing saprelune ing basa Jawa Malayu
lan Cina, banjur katemplekna ing panggenan ing salumrahe dene
sarupaning priyayi kang lumakuing gadhe gedhe cilik sapira
kang dadi bubuhane dhewe-dhewe, padha kadhawuhan amurih
kalakone, layang pranatan iki, aja nganggo marang wonge.
Bogor kaping 17 Sasi Oktober 1869.
katandhan Kanjeng Tuwan ingkang wicaksana guprenur Jendral
Meiyer.
Kasesen Kanjeng Tuwan Sekretaris Jendral Van Erenkarsasepel.
================

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

Surakarta

Kala tanggal kaping 2 Januwari taun 1870 ing dalemipun Kan


jeng Pangeran Riya
Atmaja, wanc jam 11 dalu, wonten tiyang dhusun malebet pend
hapi, dumugi paringgitan, lajeng ngunus dhuwung, badhe malebt
dalem, kori diun konci, wira-wiri paringgitan kalih ngliga
dhuwung, kaemutaken tiyang jagi lajeng bueng, kanjeng panger
an Ariya Purbanagara, tandang tulung, tiyang ngamuk kacepeng
canggah, katanggkis putung,lajeng bujeng tiyang kathah, meksa
boten kenging kacepeng, wasana karampungan ing ngenggen.
===============

Punika Serat candhakippun cariyos pista taun baru.


Punika pratelanipun tedhak dalem ingkang sinuhun dhateng
dalem residhensi.
1, Ingkang jajajar rumiyin, abdi dalem panakawan semut gatel
nem sepuh sami ngore rambut, katansulan gilig, lumampah kiwa
tengen margi kasambetan,
2, abdi dalem, priyayi Urdenas sami ngangge kulukmathak,
rasukan sikepan ageng, kampuhan calana laken mawi palisir
renda, sami nyengkelit pedhang suduk balongsong jene, kasam
betan,
3, abdi dalem, para upsir, mawi kuluk cemeng, rasukan rabadan
dhadha abrit, mawi sekoder kuwas, ngangge pedhang panjang,
bebedan kacising sih tengen, calana panji-panji kasambetan.
4, Abdidalem para mayor, mawi kuluk mathak, raskukan cemeng
sikepan ageng, mawi sekoder kuwas, kampuhan calana panjang
palisir renda, mawi nyangkelit pedhang suduk balongsong jene,
kasambetan,
5, Kolonel, komendhan prajurit dalem, kanjeng pangeran Arya
Purbangara, ngagem kuluk mathak biru, rasukan sikepan pageng,
mawi sekoderkuwas, kampahan mawi calana, konca kaumbar sumam
pir wangkingan para kanjeng pangeran ingkang sinatriya, mawi
ngagem sakellitan pedhang suduk balongsong jene, tuwin tuwan
tribel, litnandagonder, anumpak kapal dhawuk paparingan dalem
ingkang gi...naun anamaJongwiyat, wonten sisih tengen kareta
dalem kasambetan.
6, Para santana, ingkang nama panji, mawi jeplakan, sikepan, paningset kabara, kasambetan,
7, Para santana dalem, ingkang sami pangkat nama Riya,
panganggeman sami kalih mayor wau, pedhang lintu wedhung,
boten mawi sekoderkuwas, sabab dede prajurit kasambetan.
8, Putrasantana dalem, ingkang jumeneng pangeran ngangem
kuluk mathak biru kampuhan rasukan sekepan ngumbar konca ing
wangkingan ngagem dhuwung, lajeng kasambetan.
9, Abdi dalem panyutra, lampahipun ngajeng kiwa tengenipun
para kanjeng pangeran, mengagge jeplakan, sumping sekar,
barengos lemet kadi patih gathik Madrim, kala angling darma,
kotang rineda, tangan mawiboreh kuning, dumugi suku, sarana
panji-panji, rapekan kadiwayang, nyothe dhuwung paradan
tangan kiwa nyangking gandhewa, geger gendhong jemparing,
menggah barengos wau mesthi yasan enggal, murih sami bagusi
pun.
Punika lajeng panjenengan dalem ingkang sinuhun, ngagem
songkok baludru cemeng, rasukan sikepa cekak, lancingan panji
panji, sami cemeng, sami lugas, kancing sela inten barliyan ,
maripat satunggal, aeng ngageng nyamping numpangi rasukan,
kacincing sisih tengen, paningset pethak mawi bara, epek
baludru cemeng lugas, katimang inten bikoltosan katretes
inten, maripat peksi mirah anggaran kaceplik inten sadaya
ngagem lengen, kalih satunggal kawangking, satunggal kaang
gar, mawi salorok kopengan inten, kandelan kamalon abrid,
katingal namung saksana, ngagem kaos sutra cemeng, kanthen
asta kalih kanjeng tuwan residhen, tumindak dharat kadi
bathara Wisnu ngejawantah, wingking dalem kang dherek ngampil
upacara kang nama dedamel, abdi dalem panewu kaparak kiwa
tengen, kiwa tengen dalem, Bupati kaparak kalih pisan ngur
ung-urung kiwa tengen, jajar kaparak ngampil waos ligan,
sadaya rasukanipun laken abrid,
Pangajenging lampah selompret kalih, kang ngampil welandi
urdenas kalih, punika munggel sareng, mireng sangking siting
gil, kagungan dalem gongsa monggang mungel, mireng sangking
gladhag, kanjeng raden adipati mapak tengah ing margi, dharat
ngegaraken sosong, ngagem kuluk kampuhan,para bupati lumampah
kiwa tengen margi dalah panewu mantra megar songsongipun
sadaya, umbal-umbul songsong agung rontok, gongsa urut margi
kiwa tengen kebak sadaya dumugi ngajeng residhensi, sak
wingkingipun lajeng raden adiapti,prajurit aparak sarageni
kiwa tengen, lajeng upacara kaprabon karaton, kendhaga sak
panungilanipun waos upacara, titiyan pandengan,musikan,
lajeng jajaran kang kasebut ing nginggil wau, prajurit tan
tumama, 50 dum pak kaal, miji pinilih 50 tambur salompret
mungel sareng, ingkang ginuhun miyos sitiggil, dugi pagelaran
sarehning jawah ingkagn sinuhun boten anitih kareta dalem
pameran, kang anama kiyai Grudhakencana, punika para Kajene
byur, damelan saking Brassel, tanah Eropa mila anitih kareta
sanesipun, kang dhret namung kanjeng tuwan residhen, songsong
dalaem gilap jawi lebet, pinggir mubeng mawi palisir bara,
kaeta titian dalem wau katarik kapal 8 samu wulu janjan jene.
pengangge sami wicucal jene, katimang cepok sami jene, kucir
welandi jas laken abrit, topi setik, kaplisir renda sadaya,
kenek jawi 3 topi jas abrid, calana panji panji, plope kang
numpak kapal ngajeng pisan, welandi pengagge sami kusir, lajeng mangkat,dumugi kilen beteng,
kaurmatan mariyem
mungel kaping 21 dumugi residhensi, kaurmatan musikan, kalih
ungelipun kagungan dalem, gongsa pelog, gendhing ladrang
mangu. Sareng panjenengan dalem, ingkang sinuhun, rawuhing
palataran dalem residhensi,ungelipun pakurmatan sadaya sasar
engan, anglangkungi ramenipun, titiyan dalem kareta, kapepe
taken ing undhak-undhakan taritis galdri ngajengan, abdi
dalem kaliwon gamel, mengah tanah pasisir, onderegen, punika
anglurahi abdi dalem gamel panekar sadaya punika lajeng bikak
kori kareta, kanjeng tuwan residhen medhun rumiyin priyantun
kaliwon wu ngajengaken dhapar, mawi anaman panjalin, kapep
taken pancadan kareta, kados kalabadhe panitahipun, kacepen
ganpriyantun kaliwon kalih panewu, ingkang sinuhun, lajeng
jumeneng saking palenggahan, sareng mungup kori kareta,
kanjeng tuwan residhen, lajeng nylak kalih ngaturaken asta
tengen, kalih jageni, ingkang sinuhun, paringaken asta kiwa,
tedhak sangking kareta, jumeneng ing dhampar jangkah ngund
hak-undhakan, minggah kanthen asta kalih kanjeng tuwan resid
hen, para tuwan apra nyonyah sak panunggilanipun, sami nga
deg, jejer kiwa tengen urutipun tindak dalem wau, sami nga
turi kurmat, jarambah tengah sampun kapasangan babud prang
wedaning ageng, sangking kori wetan, muput mangilen, ngebaki
salebetipun gowdhag pi ler kidul, ingkang sinuhun lajeng
minggah palenggahan ageng, ingkang dipun wastani krun, un
dhak-undhakan tundha tiga, kagelaran babud prangdedani sak
langkung sae, nginggil kapasangan gardhen sutra jene kabara
mawi krunjene, inggih pinrakan dalem kaprabon kalih kanjeng
tuwan besar, punika kagem pinarak kalih kanjeng tuwan resid
hen, ingkang sinuhunlenggah ing dhampar, kanjeng tuwan resid
hen lengah kursi prenah kiwa dalem, sami majeng mangetan,
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, tuwin para
tuwan para nyonyah sami lenggah kursi kaleres wonten ngarsa
dalem majeng ngaler utawi majeng ngidul, para kanjeng panger
an ingkang wajib lenggah jajar, inggih pinarakkursi, ingkang
wajib lenggah ngandhap, sami ngadhep sila, prenah wonten ing
kiwa dalem prenah tengen dalem,dipun geni bupati kaparak kiwa
tengen, nidhihi panewu mantri ingkang ngampil agem dalem,
para kanjeng kiyai waosa panunggilanipun tameng pedhang.
Serat punika taksih wonten sambetanipun.
===============

Magelang

Ing Magelang wonten satunggal tiyang cina ngamuk, cina punika


bongsa singkek saking Pakalongan kesah dhateng ing Kedhu,
asareng kaliyan kancanipun sumedya badhe tumbas sata, cina
singkek wau wonten ing Kedhu kasukan main kertu, ing wanci
dalu ngantos rahina, enjinjg mongsa kancanipun sampun sami
tumapak ing damel cina singkek taksih tilem sata ngorok, cina
singkek lajeng kagugah dening kancanipun satunggal, sarehning
panggugahipun bote kamban dados kaget cina singkek wau bigung
lajeng nyandhak dadamelipun badhe amejahi kancanipun ingkang
anggugah wau kasuduk kenging namung kasrempet kemawon, cina
ingkang ngamuk wau, sangsaya riwut, amejahi tiyang 2, ananto
ni tiyang 4, lajeng kakepang ing ngakathah, wusana kacepeng
gesang.
=============

Surabaya

Wonten tiyang jawi kalih agagriya ing dhusun celak ing kitha
Surabaya, awit saking gugating lurahipun kapatrapan paukuman
kakunjara tigang dinten laminipun amargi tityang punika boten
angestokaken ingkang dados parentah ipun lurah wau, sareg
tiyang kakalih wau kaceper sarta kairid dening pulisi badhe
kabekta dhateng Surabaya, supados anglampahi paukumanipun
titiyang dhusun ing ngriku meh sadaya sami tut wingkiing
sumedya badhe sabyantu anglampahi paukumanipun tiyang kalih
wau, para tiyang dhusun sami kaemutaken dening tuwan asisten
residhen pulisi, ing ngatasing prakawis punika, ananging
tatiyang wau adreng badhe sabyantu kancanipun, sarta kedah
tumut lumebet ing kunjaran kalampahan kadhatengan para mili
ter ingkang sami angoyak tiyagn dhusun wau, samanten punika
titiyang dhusun tansah dereng purun mantuk lajeng anglempak
wonten ing ngundhak-undhakan, griya ingkang celak ing kunjar
an wau kalampahan sami nyipeng sadalu. Titiyang dhusun, sami
angadhahi patrap makaten wau sabab lurahipun kala rumiyin
kagugat ing pangadilan ageng, ing wusana titiyang dhusun
boten angsal adil, malah kalepataken dening bupati tuwin
konterlir ing ngriku, mila ing sapunika sami angredatos,
sarta badhe sabyantu anglampahi paukumaning kancanipun, dados
sumedya anglalu.
=======

Kala tanggal kaping 29 Dhesember 1869 ing griya pangecapaning


serat pakabaran kang winastan Insulindhe, kapandungan arta
kathahipun 238 rupiyah langkung 50 sen para dursila wau
nalika griya pangecapan katutup sami andhelik sareng ing
wanci dalu ambikak pethi kosan sarta amendht arta kang kawad
hahan wonten ing tromel, ingkang karimatan ing pethi tosan
wau.
==============

Samarang

Ing wanci dalu malem tanggalkaping 29 wulan Dhesember, kang


sampun kapengker dhusun Jati Pecaron prenah sakiwa tengenipun
ing SAmarang, wonten griya kabesmen, ingknag gadhah griya
pinuju jagi ing griyaning lurahipun sareng mireng tengara
griya kabesen lajeng enggal mantuk ananging griyanipun sampun
kabesmen sadaya, sarta bojo tuwin anakipun ta gi paninggih
sampun pejah dening latu.
================

Kala tanggalkaping 30 Dhesember 1869 kanjeng Tuwan F.H.Buskes


jendral maor tituler, kang sampun pansiyun aseda, yuswanipun
74 taun enjingipun layon kabekta ig kubur mawi pakurmatan
ginarebeg militer, akathah para amtenar sipil tuwin malitert
sami angurmati angateraken lampahing layon dhateng kuburan
sareng layon sampun kapetak wonten satunggal pandhita ingkang
wicanten minongka kurmatipun kanjeng tuwan buskes sanadyan
pitembunganipun cekak ananging angresepaken manah, ing wasana
para tuwan lajeng kondur sadaya.
====================

Batawi

Kala tanggal kaping 23 ing wanci dalu malem tanggal kaping 24


wulan Dhesember taun 1869 ing griyanipun tuwan F. ing Jati
kababah ing dalu wu tuwan F, sampun tilem ananging
amireng swara, sata aningali wonten tiyang sakawan ingkang
sami lumebet ing griyanipun, ingknag tiga, angupados barang
ingkang badhe kabekta, ingkang satunggal angliga dhuwung
wonten ing ngajenganing patilemanipun, tuwan F. ing wasana
medal sakingpatileman mawi ambekta waos lajeng ambujeng para
dursila, ingkang satunggal kenging kawaos ananging saderengi
pun wonten titiyan gdhateng atandhang tulung, para dursila
sampun lumajeng sarta ambekta kancanipun ingknag kataton wau
tuwin barang pethakan, wondening ngantos sapriki dereng
wonten titiking dursila wau.
================

Loteri ARta ing Makasar


Nalika pamainipunlotrei ing Makasar, sampun rampung, ing
tromel sakaliyan wadhah ongka lot tuwin ongkaa kauntungan
pinanggih taksih wonten ongka langkungan kathahipun 94 iji,
mila ing sapunika lotre wau badhe kamainaken malih, dados
sakathahing ongka lot ingkang pikantuk kauntungan kapratela
kaken ing Jurumartani ongka 51 boten kenging kaanggep.
================

Saking kadhenging manah kula nuwun tumandjanipun bab tembung,


melik agendhong lali, cekapipun upami lampahipun tiyang
lumampah damel alitipundhateng tiyang gelidhig upami boten
tampi, yatra bayaran, punapa boten awrat, amung pun galidhig
tegsih, umuk, kaya kaya sugih aku karo sing ora bayar, inggih
makaten punapa boten punika mugi katrangna.
Sinerat ing Ngawi, kaping 21 Dhesember ongka 1869.
Katandhan Punesdhil.
================

Serat kintunan saking nagari Ngayogyakarta.


A. Sampun 4, wulan punika, Raden Tumenggung Sumadiwirya
kaundur klayan urmat, martgi saking jempo, kaparingan pan
siyun, 40 rupiyah bopatenipun tegsih lowong.
B. Radn Panji Natadirja, ngangin-angin.....ingakgn wau 3 jung
C. Mas Panji Natawilaga, Gamping.......mindhak ngalih ..jung
D. Panji Tanggan Mangundigda, kaundur saking kalenggahanipun
boten kalilan magang saanakipun iba susahing panji wau.
=============

pandheyan ing Kampugn Pamotan ing angkaran toko weber ingkang


nguwasanangsak punika tuwan Lange, kapitan pensiyun ing
Surakarta, sakwarnenipun barang pandamelan panggarapaipun
badhe inggal prayoti tuwin botej awis wredapun.
surakarta kaping 5 Januwari 1870.
===========

Ing tokonipun tuwan Singsinem wonten barang dagan


gan kados kang kasebut ing ngandhap punika.
3, patileman rare, kadamel saking kajeng jati, mawi kasuran
tuwin klambu.
1, patileman tosan, kangge ing kakesahan winastan Felben,
mawi kasuran tuwin klambu, sapasang lemari saking kajeng
mauni, pandamelan saking nagari Prangkrik mawi ukiran endah
warninipun, pantes kasukakaken dhateng panganten engggal
minongka tondha kasaenaning prasobatan.
1, kareta Ansiyas mawi kap, gagrag Amerikan sakalangkung
intheng, kenging kapasangan kapal satunggal utawi kapal
kalih, Sapasang kaca dhapuripun lonjong, damelan ing nagari
Prangkrik kaca punika gelasipunsakalangkung kandel sarta ing wingkingipun kausaran pernis gagrag
enggal amrih awedipun
saha boten waged risak saupami kagantunga wontening tembok
ingkang umes. Ing wusana tuwan Singsis angaturi para priyan
tun jawi sadaya, mugi karsaha atindak dhateng tokonipun
sanajan boten tumbas mugi karsaha aningali barang dagangan
ingkang kasebut ing nginggil punika.
==========

Ingkang suka tondha nama ing ngandhap punika angaturi uninga


dhateng para priyantun manawi ing mangke sampun anumbas
paamakan ing Baron, ingkang punika para priyantun ignkang
sami karsa atumbas wacucal sampun samakan awarni-warni, sami
saged pikantuk, sanadyan atumbasa kathah, utawi sakedhik-
sakedhik, punapamalih atumbasa sakembar, inggih ugi angsal
dene pangaosipun murwat sanget.
Surakarta kaping 13 Januwari 1870
Katandhan C.F.Philip tuwin K.Meiyer.
=======

Kula kang anandhani ing ngandhap punika, angaturi uninga


dhumateng para priyantun jawi utawi bongsa sanesipun manawi
kula ing sapunika anyewakaken kareta angarak panganten meng
gah pasewa-sewanipun kados kang kasebutaken ing ngandhap
punika,
Satunggal kareta katarik kapal sarakit 5 eupiyah
Satunggal kareta katarik kapal 2 rakit 10 rupiyah.
Katandhan tuwan Posberet.
=========

Serat katandhan Amongsastra, anyariyosaken mas Ajeng Husin


ing Mangke badhe boten kapacak ing Jurumartani, awit lalampa
han kan boten pantes kados kang kasebut ing serat wau, namung
pulisi utawi lurah kampung ingkang kedah anymerepi, mila mas
amongsastra tumunten angarurna seat dhumateng pulisi utawi
asuka serep dhateng lurah kampung. Serat saking Ngayogyakar
ta, anyariyosaken satunggaling bupti ing kampung
Danurejan,ingkang gadhah watek cethil tuwin tarekah awon wah
abrit dhateng semahipun punika ugi boten badhe kapacak amargi
boten seluk serepan ing ngakthah, mila prayogi bilih priyan
tun ingkang kintun serat wau angaturana uninga dhumateng
parentah ageng bab prakawis punika,
Katandhan Redhaktur F.L.Winter.

================
Ongka 3, Kemis kaping 20 Januari 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Tuwan P.J.H.Beiyering, Dhirektur ingkang nguwasai gedhong-gedhong yasanipun Kanjeng gupremen


aparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi, awit saking sakit.
Tuwan J.L.S.Witon tilas twedhekumis kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi, awit saking sakit.
Tuwan N.F.Hrunewal kumis ing Padhang tanah kidul kaundur saking pandamelanipun kalayan urmat
awit saking sakit.
Tuwan P.H.Westerkam, kumis ing Batawi, kaundur saking pandamelanipun kalayan umat mawi
kaparingan wahel.
Tuwn E. Kalepsterman kakulawisudha dados Asisten residhen ing Majalebngka bawah Ciribon.
Tuwan Jonghir, P.Y.L. Olman kakulawisudha dados Asisten Residhen ing Japara.
Tuwan P.C.Aren kakulawisudha dados Amtenar Terbeskike.
Tuwan J.M.Apon tilas Kumis sarta ngrangkep dados pandimister ing Pacitan, kakulawisudha dados kumis
ing Surakarta.
TuwanE.C.Kur, kakulawisudha dados kumi sing Padhang tanah kidul
Tuwan P.Iklar,kakulawisudha dados guru ing griya pamulangan ing Padhang bawah Sumatra tanah
wetan.

Carios tuwin pawartos warni-warni

Surakarta
Punika serat candhakipun cariyos pista taun baru
Kanjeng Raden Adipati tuwin para upati, sami konjem ing siti, ngadhep leres ing ngarsa dalem, wonten
sajawinipun kori ingkang wetan, boten antawis dangu, kanjeng tuwan residhen, ngejepi Walandi
Urdenas, ngajengaken sugata dhahar dalem wedang, waradin sadaya, ingkang ngladosi sampun mundur,
ingkng sinuhun, jujung asta ingkang tengen, Nyai tumenggung Mingsa ing dhawah wangsit kados adat,
lajeng munjuk sendika, tegesipun, dhawuh ngajengaken agem dalem sangsangan, anggitan sekar Malathi,
tamu sadaya kaparingan waradin, lajeng dhawuh wangsit malih, nyai tumenggung munjuk sendika,
tegesipun mundhut ajengipun kagungan dalem gongsa,katata leres ngajengipun kanjeng raden Adipati,
ing jawi wonten suwaraning tiyang rame, inggih punika dhatengipun kalangenan dalem srimpi,
katumpakaken joli satunggal, kairing abdidalem prajurit bekta waos, tuwin obor kathah, jujug kamar
wingking kados adat, lajeng wonten dhawuh dalem wangsit, nyai tumenggung munjuk sendika,
tegesipun, abdi dalem niyaga, dikakaken pathetan, kalangenan dalem sirmpi kapundhut medal ing ngarsa
dalem, sareng sampun sami mapan lenggah badhe beksa, abdi dalem dhalang nglampahi padatan nabuh
keprak saklangkung seru lajeng cariyos rerengganipun abdi dalem srimpi wau, warni warni
penganggenipun, saengga nyariyosaken ringgit wacucal, lajeng nabuh keprak malih, gongsa mungel, abdi
dalem pasindhen sami ngelik, srimi lajeng sami beksa, abdi dalem badhut, nama Canthang balung, kalih
Paljaya, sami bekik senggak agiyak-giyak nyenggaki srimpi wau, sareng sampun rampung, nyai
tumenggung majeng ngarsa lem, lajeng tampi dhawuh dalem wangsit, tegesipun, ngunduraken srimpi
wau, lajeng kairid dhateng kamar, lajeng kasugata saking kanjeng tuwan residhen, sekul wedang
panganan sareng sampun rampung lajeng bidhal kondur malebet ing kraton, kagungan dalem gongsa
inggih sampun kakonduraken sadaya.

Punika ingkang sinuhun, kalih kanjeng tuwan residhen sami jumeneng sangking palenggahan kanthen
asta medhun saking krun, lajeng tedhak ing ngajengan, tuwan Asisten residhen, sarta para tuwan utawi
nyonyah-nyonyah sadaya dherekaken tindak dalem amubeng gladri ngajengan kaping tiga, mawi
kaurmatan musik lajeng lenggah, boten antawi dangu wiwit dhansah ingkang sinuhun, ningali sakedhap,
lajeng tedhak ing kamar, badhe karsa buka siyam, caosan dalem kintunan dhahar dalem adat karaton,
sampun katata sadaya, kanjeng tuwan residhen, medal saking kamar, para kanjeng pangeran katimbalan
sadaya, kanjeng raden Adipati para bupati, sami manggen ing pasowan, waringin binatur, sareng dhahar
dalem buka sampun rampung, nyai tumenggung kautus nimbali kanjeng tuwan residhen, sareng sampun
dhateng ingkang sinuhun miyos saking kamar, lajeng lenggah kursi ameng-amengan stoter.

Kagungan dalem ampilan kaprabon ageng upacara kendhaga, titiyan pandengan, utawi kareta, sami
kakonduraken sadaya, namung titiyan dalem kareta kadhawuhaken methuk jam 12 dalu kados adat, utawi
kareta titiyanipun para kanjeng pangeran, inggih mantuk sareng methukipun, sareng sampun wanci jam
12 kanejng tuwan residhen, ngaturi dhahar meja ageng, ingang sinuhun,jumeneng lajeng kanthen asta,
tedhak lenggah dhahar, galdri wingking majeng mangilen, meja ingkang mujur ngaler puput, para kanjeng
pangeran para tuwan para nyonyah ingkang mujur ngilen,kanjeng raden Adipati, para bupati, Kanjeng
Pangeran Purbanagara, para mayor para upsir santana dalem, prenah kiwa dalem,kanjeng tuwan residhen,
tengen dalem punika nyonyah residhen, prenah ngarsa dalem, kang tengen Kanjeng Gusti Pangeran
Adipati Ariya Mangkunagara, prenah kiwa, Kanjeng Pangeran Ariya Pringgalaya, urutipun kados adat.

Sareng anggenipun dhahar sampun dumugi, kanjeng tuwan residhen, awit damel kundhisi.
1, Wilujeng taun baru
2, Wilujeng dalem, kanjeng Sribagendha Maharaja, ing Nederlan,
sagarwa putra santana sadaya.
3, Wilujengipun, kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral
kalih para kanjeng tuwan, liding rad Indhiya Nederlan.
4, Wilujeng dalem, ingkang sinuhun, kanejgn susuhunan, ingkang
jumeneng komandhuring Ordhe Nederlan Senleyo,
5, Ingkang Sinuhun Maringi wilujengipun kanjeng tuwan Tobiyas
Residhen ing Nagari Surakarta, Ridhering Odhernederlan Senleyo,
sara Odher Leiyun, Panir ing Prangkrik.
6, Kanjeng Tuwan Residhen, ngaturi wilujengipun, Kanjeng gusti
Pangeran Adipati Anom, Amengkunagara Sudibya Raja Putra
Narendra Mantaram ing Surakarta
7, Wilujengipun, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya
Mangkunagara, Ridhering Ordhe Nederlan Senleyo.
8, Wilujengipun, para kanjeng pangeran ing Surakarta, putra
santana ing Kasunanan.
9, Wilujengipun, tuwan Milter Rekomendhan, sarta tuwan Asisten
Residhen.
10, Wilujengipun, para putra santana ing Mangkunagaran, sara para
tuwan para nyonyah, kang lenggah dhahar sadaya,
11, Wilujengipun, kanjeng raden adiapti, tuwin para bupati sadaya,
12, Wilujeng saha karaharjanipun ing tanah Jawi, bibar dhahar.

Ingkang sinuhun, kalih kanjeng tuwan residhen, tindak lumampah kanthen asta, para tuwan para nyonyah,
lajeng sam awit dhansah rame malih, boten dangu ingkang sinuhun, ngendika badhe karsa kondur titiyan
dalem kareta sampun majeng, ingkang sinuhun tedhak nitih kareta, kadherekaken ingkang jeng tuwan
residhen pakurmatan kados kala tedhak dalem, suda mariyem boten mungel, mindhak obor lilin, urut
margi padhaang kadi rahina, dumugi pandhapi Prabayasa, lenggah sakedhap, kanjeng tuwan residhen
pamit mundur, dumugi dalem residhensi, lenggah sakedhap Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya
Mangkunagara, tuwin para tamu sadaya pamit bibaran, sampun sami suka pirena ing galihipun sami
bidhal an kondur dhateng dalemipun piyambak-piyambak.
Nalika dinten Salasa tanggal kaping 1 wulan Sawal taun Je, ongka 1798, inggih punika dinten agengipun
tiyang bongsajawi, ing abakda siyam Riyadi wulan Ramedan, nuju marengi kaping 4 wulan Januwati taun
1870, ingkang dipun cariyosaken pranatan caranipun garebegan ingkang kagem ing karaton dalem,
wonten ing nagari Surakarta Adiningrat, ing mangke kawiwitan saking dinten malem Rebeg, lalampahan
saking tekbiran, ngantos sak pundhatipun, awit kados ing ngandhap punika.

Ing dinten Senen tanggal kaping 30 wulan taun ngajeng wau, wanci jam 3 sonten, salebetipun nagari,
punika kagungan dalem bedhug, ingkang wonten masjid ageng, katabuh tidhur mawantu-wantu, lajeng
bedhug ing Suranatan lajeng bedhug salebet ing beteng karaton, sami mungel tdhur sadaya, lajeng bedhug
salebeting kitha mungel tidhur boten wonten ingkang kalangkungan, titiyanga tit boten gadhah bedhug,
kapengin badhe tidhur, punika damel luwangan, ing siti lebetipun 2 kaki, wiyar 1,5 kaki mubeng bunder,
katutupan tampah, kaurugan wengku tambah mubeng, lajeng kang taabuh, suwaranipun sami kalih ing
suwaraning bedhug sayektos.

Ing wekdal punika ungsumipun tiyang sami adus karamas warni-warni, reresik badan badhe medali riyadi
garbegan, margi ageng sakalangkung ramenipun tiyang kang sami lumampah, jaler estri nem sepuh ing
nagari tuwin ing dhusun wonten ingkang tumbas apem, kangge ngintun lelhuhur, kang sampun kasebut
ing kadis, manawi badhe siyam, sadaya mestani punggahan.

Punika jaman ngakerat, tiyang kalebet naraka sami kaentasaken, aso 30 dinten, manawi badhe bakda
sampun sami kadhawahan, garebeg bakda kutbah, sadaya sami kawangsulaken malebet dhateng naraka,
mila malem bakda sami tekbiran punika tangis kalawan nuwun tobat, mila sami kakintun apem, kenginga
kadamel sangu malebet naraka,

Ing wanci mahrib, dumugi sadalu pindhah,kagungan dalem masjid ageng, masjid Suranatan, masjid
panepen, masjid kados paten, masjid langgar pandhapi paringgitan, dalemipun para gusti, para priyayi,
tiyang alit, ingkang sami neja nglampahi lampahipun agami Muhammad, punika sami damel pakumpulan,
maos tekbiran duugi jam 4 enjing sami kendel, sabab tengara karaton mawi, kagungan dalem mongga
mongganggang katabuh, mungel wonten kagungan dalem sitinggil, sanget sora gumawang mireng saking
tebih pnika tondha enjing badhe garebegan, lajeng kagungan dalem gongsa monggang, ing kadipaten
kamangkunagaran katabuh, mungel wonten pasowan Balemangu, gongsa kodhok ngorek kapatiyan cara
wangsul gongsa dalemipun para kanjeng pangeran para priyagung bupati salebetipun nagari, sami nungel
sadaya, dumugi jam 5, enjing kendel, sadaya panggenan tekbiran, sami adan subuh, lajeng sembahyang
sunat perlu bakda subuh, dumugi jam 7 enjing bakda maos kumbah.

Ing wanci jam 8, enjing para ngulami, kang nyangggi wajib dados pangulu ageng alita sak pangkat-
pangkatipun piyam, sampun sami amangangge pameran,lajeng sami manggen ing kados adatipun
piyambak-piyambak lajeng dongani ingkang sami gadhah kajat cariaya nampeni pitra, bibaripun jam 4
sonten dados ing dinten garebeg wau, ingkang kathah kauntunganipun namung bongsa ngulami, ingkang
nglampahi pandamelan pangulu.

Cariyos punika badhe kasambetan malih, katranganipun pranatan wau.

Nalika kaping 20 wulan Dhesember taun 1879 karetanipun Raden Mas Ariya Nata Atmaja, mayor prajurit
Ateleri, ing kadipaten, kamangkunagaran, dipun tumpaki abdinipun kalangenan selir, kang dherekaken
putranipun kakung, nama Raden Mas Gadhug, bekta para nyai rare estri kalih, kang satunggal, bekta
loppa…..k, ingkang satunggal bakta paidon salaka, saking ler mangidul, margi sakilen pager banon cepuri
Ngadiwijayan, punika kareta minggok ngilen, leres ngajeng regolipun Raden Mas Panewu Sumapradata,
para nyai wau kalih pisan sami lenggah ngandhap, ngajengaken daranipun, sareng reta minggok, lare
satunggal kang tengen punika rentah saking kareta dhawah ing siti tanpa nalar, dhawahipun meggos
ngajengaken rondha kang wingking, kursi boten sumerep lajeng lampahing kareta lare dhawah daranipun
anjelih, kusir mangkak rakitan kareta kendel, lajeng sami medhun saking kareta, kapriksa suku kaleres
kempol, kagiles ing rodha wingking, daging salong katut ing tosan rodha, balung katingal, lare taksih
kenging katakenan, punapa kang dados sababipun dhawah, pangraosipun kados kajorogaken, sareng
kajungjung dhateng bapa biyungipun, panggenan tatu wau kaping kisas sinjangipun supados boten agepik
ing tatu, lare wau mirsa kalongipun ing daging tuwin balung, rah balabar katut keli ing toya kalen,
saknalika lare wau lajeng semaput kalenger satengah pejah, bapa biyung dhawah lare tumut dawah
sangsaya rame tangis wonten ing margi ageng, lajeng katulungan ing kathah, lare wau kabekta mantuk
dhateng griya, salebetipun cepuri Nata Atmajan, katutupan tatonipun lare wau lajeng enget, ingkang
dados eramipun tiyang kang sami ningali, biyungipun lare wau perlu wangsul dhateng panggenanipun
tilas anggenipun dhawah wau, mirsa tilasipun sela wau turut margi, katutan ing daging, tiyang sepuh wau
lajeng jeleh dhawah ing siti, ngrungkebi sela kang wonten rah dagingipun wau, lajeng katulungan para
tiyang kang sami ningali kaantukaken dhateng griyanipun.

Samarang
Ing Gang Pacenungan bawah Samarang, ing griyanipun kaji Midhum wonten tiyang estri satunggal
gadhah anak taksih nesep biyangipun wau badhe amejahi saliranipun piyambak, kaliyan lading pamarasan
ingkang kairis gulunipun ananging boten andadosaken pejahipun, sabab gurungipun dereng ngantos tugel,
boten antawis dangu tuwan dhokter dhateng tiyang estri lajeng kajampenan, sarta kabekta dhateng griya
pasakitan, tiyang estri pu ika sakinten kasupen dhateng anakipun ingkang taksih nesep, menggah ingkang
dados jalaranipun badhe amejahi sariranipun piyambak, sabab kapegat dening ingkang jaler, lajeng katilar
kesah dhateng Surabaya.

Serat pakabaran saking Samarang anyariyosaken manawi pulisi sampun anyepeng dursila kang anganiaya
amejahi pun Waja, (leresipun Karja) saking kampung Wolos kang sampun kasebut ing Jurumartani
Ongka 1, menggah cariyosipun kados ing ngandhap punika.

Pulisi sampun anyepeng para dursila ingkang kakinten amejahi pun Karja wau, menggah dursila ingkang
tigas sampun angekeni pandakwa ing ngatasing prakawis raja pejah kapriksa ing parentah, pratingkah
anggenipun mejahi, dene tiyang jagi boten mireng sadaya, aturipun dursila, mila tiyang jagi boten sami
mireng, wektu jam 1 dalu, tiyang wasta 1, kacung, 2, pawar, 3, selor, tuwin mukmin sami lumampah
wonten ing margi kang anjok dhateng pandheyan sanjata, sarengan kaliyan pun Karja, sareng dumugi
sangajenging margi kang malebet anjok dhateng beteng, pun karja kacepeng dene tiyang kang wasta Selor
tuwin mukmin wau, pun Karja dereng nedha tulung lajeng kapedhang dening pun Kacung, kenging
sirahipun ing wusana pun Karja kabekta kesah dhateng ing lurung celak marga wau, lajeng dipun pejahi,
jisimipun kabucal ing rawa, menggah ingkang dados jalaran sakinten saking anggenipun remenan, dados
prakawis tiyang estri.

TEGAL
Kala tanggal kaping 3, wulan September kang sampun kapengker, tiyang jawi anama Carub kesah kaliyan
kapenakanipun awasta Cikapan, angupados ulam wonten ing lepen Kalipah, boten tebih saking dhusun
ing Kepondhong, bawah Tegal, Cakipan wau anemahi sangsara kacokot dening sawer Ebirang, boten
antawis dangu sakipan lajeng pejah, tondha mandosing upasipun sawer wau.

MAKASAR
Ing dinten Saptu tanggal kaping 27 Nopember taun 179 Kanjeng Tuwan Gupernur ing Selebes tindak
anitih reta dhateng dalemipun…ja ing Gowah, kadherekaken para priyantun tuwin sanesipun ingkang
sami dipun aturi anjenengi pasamuwan ingkang minongka pakurmatanipun, anggenipun supit, pangeran
Adipati anom ing Gowah, sakalangkung ing ramenipun.
Bab ukum Kisas ing Nagari Prusen.
Dereng lami kanjeng raja ing nagari Prusen sampun amaringi apunten dhateng satunggiling durjana
ingkang kaleres kapatrapan paukuman kisas awit sampun misuwur amejahi tiyang. Saking karsa dalem
kangjeng raja paukuman kisas punika kasantunan dados paukuman kaetrapaken ing padamelan mawi
kapeksa ing salaminipun gesang. Sarehning dursila wau sampun tatela dosa pati rambah-rambah, amejjahi
sarenti dhateng semahipun sakawan tuwin amejahi anakipun kakalih, namung jalaran saking pamelikipun
ing arta, mila wonten tiyang angintenana sebut ing serat kabar ingkang winastan Korgerman yen paring
dalem pangapunten wau minongka tondha bilih paukuman kisas badhe boten katindakaken malih
wontening nagari Prusen tuwin badhe tumunten kasuwak katartamtokaken ing serat angger.

Cacahing tiyang ing nagari Enggelen ingkang sami anemahi sangsara ingkang saged andadosaken
tiwasipun jalaran saking lampahipun lare talatu, wiwit ing taun 1862 dumugi ing taun 1867, kapetang ing
dalem gangsal taun gugungipun 4715, ing salebetipun gangsal taun wau, ingkang katrajang ing kaeta latu
cacah tiyang 2705, ingkang dhawah saking kareta utawi saking lokomotif 196, ingkang pejah awit
lampahipun kareta api saking kalih panggenan sami tumbukan 91, ingkang tiwas jalaran pambaledhosing
jedhi 10, wonten malih panunggilanipun ingkang sami kasangsaran.

Panjurung ing Jurumartani.


Ngagorira na wadana ing Karanganom Bayalali Surakarta gadhah damel mantokaken anakipun estri,
sareng satengahing panggih, panganten estri kraos sakit panas, sareng enjingipun lajeng katingal sakitipun
badhe cacaren, ibata cuwaning manahipun panganten jaler.

Kula sakalangkung kangen aningali jurumartani ingkang wonten panjurungipun para sarjana kadosta:
Ronggajanur, Dahwen, Abdulatip, Wigyapanitisastra, Grenteng, Danasatata, awit sampun watawis wulan
laminipun priyantun, 6 wau boten wonten ingknag karsa angrentahaken panjurung ing Jurumartani, mila
ing sapunika panyuwun kula mugi sami karsaha ambiyantoni regenging jurumartani malih. Kajawi ta pun
Gunawan kula sampun boten angqjeng-ajeng awit pisan atyang sampun jaragan angoncati piatakenipun
Ngabei Kartipradata, kaping kalih kamikekelen sareng nupiksani seratipun raden Mas Grinda ingkang
wekasan sagah nylakuthak bilih Gunawan katheker-theker maosna kacara dhatng pun Canggeh bab
anyerat kaping tiga bokmanawi netepi saking pangintenipun raden mas Gina Gunawan saweg linunutan
ing cacar, lo lo: wangune arep duka mas nganten iki sampun ta nun sampun.

Nalika kaping 10 Nopember taun punika wiramenggala ing dhusun Kaliwonan bawah Sragen Surakarta
mantuk saking peken masaran anumpak kapal sareng wanci pukul 3 siyang dumugi sacelaking dhusun
jati, ing ngriku panuju jawah deres kanthi prahara, salajengipun wiramenggala kasamber ing baledheg
andadosaken pejahipun sareng kaliyan kapalipun kang dipun tumpaki wonten ing ngenggen kemawon.

E kula kengetan ki Kutis anggenipun nglebetaken kabar kapacak ing Jurumartani ongka 25 anyariyosaken
ngabei Suradinala anakipun pejah sampun kapetak ing kubur taksih kadhukunaken dhumateng
satunggiling tyang sagah anggesangaken pakening dhukun sarana mayid kadhudhuk lajeng kaepe watawis
kawandasa dinten laminipun mayid wau saged gesang, punika sarehning sapriki sampun langkung saking
laminipun napa Ki Kutis boten pikantuk kabar malih, saking pamanah kula langkung prayogi ki Kutis
anglebetna kabar kadadosanipun ing Mayid, samanten malih mugi kapratelakna ngabei wau dados abdi
dalem punapa, griyanipun ing kampung pundi.

Ing Karyarejan kaping 12 Dhesember 1869


Katandhan Dipalukita, kakasihipun Mas Ngabei Karyareja.
Saking kumatcelu, kula, amedharaken kawruh, kantos lumebar, ing mustaka, Jurumartani, bab putranipun
kiyageng Pamanahan, ingkang kaloka, amung, 7.
1, Kanjeng Panembahan Senopati ing Ngalaga
2, Kanjeng Pangeran Mangkubumi
3, Kanjeng Pangeran Tumenggung Gagakbaning
4, Kanjeng Pangeran Sokawati
5, kanjeng Pangeran Singasari
6, Raden Ayu Mayang
7, Raden Ayu Dhadhap tulis.

Kula methik, ingkang ongka 3, ajujuluk Kanjeng Pangeran Tumenggung, Gagakbaning, ingkang
wontening Pajang pratelanira kadya ing ngandhap punika, turun ingkang lajeng alit saengga sapriki.

1, Kanjeng pangeran Tumenggung wau, puputra, pangeran Dipasana, puputra Pangeran Cakranegara
Jipang puputra, Raden Tambakbaya. Jipang, lajeng raden Ngabei Prawirasestika, Manteri ing Kartasura,
lajeng, mas Sumawicitra, Wonasari, Madiyun, lajeng tumurun, Trunadikrama,penatus ing Gadhingan,
dhukuh ing Gethan, Ngayugya, sampun jangkep 7, penatus gadhingan wau, gadhah anak 7, medali 1,
arjatanura Demang ing Kerja, redi Kidul Ngayugya.
2, Poncadikrama, tukang bendung, miji, Resenegaran.
3, Arjadikrama, Demang, ing Ngenep redi kidul Ngayugya
4, Semahnya, Raden Riya Prawinaseptika, redi kidul,
5, Semanyah, ?Raden Tumenggung Ranadirja, kapisan Ngayugya,
6, Wiryadikrama, miji reh kadanurepajan
7, Ranadikrama, bekel plabon redi kidul Ngayugya
Ngawi Kaping 3 Januwari 1870 Kasambet malih, katandham Ra, Ma.

Para priyantun ingkang taksih ngarsakaken tumbas serat pananggalan tuwin serat wirasatipun tiyang estri,
sami kaaturan angintuni pos wissel menggah regining serat kakalih wau kados ing ngandhap punika.
Serat pananggalan satunggal regi 75 sen
Serat wirasatipun tiyang estri regi 30 sen.
Katandhan tuwan P.F.Purneman.

LELANG AGENG
Benjing ing dinten Slasa tanggal kaping 25 wulan Januwari punika, utawi kaping 22 wulan Sawal taun Je
ongka 1798 badhe wonten lelang ng tokonipun tuwan Singsisnem, akathah barang warni-warni ingkang
badhe kasade.

Ing tokonipun tuwan Singsisnem wonten barang dagangan kados kang kasebut ing ngandhap punika.
3, patileman rare, kadamel saking kajeng jati, mawi kasuran tuwin klambu,
1, patileman tosan, kangge ing kakesahan winastan Folbed, mawi kasuran tuwin klambu,
Sapasang lemari saking kajeng mauni, pandamelan saking nagari Prangkrik mawi ukiran endah
warninipun, pantes kasukakaken dhateng panganten enggal minongka tondha kasaenaning prasobatan.
1 karetaan Siyas,mawi kap, gagrag Amerikan sakalangkung entheng, kenging kapasangan kapal satunggal
utawi kapal kalih.

Sapasang kaca dhapuripun lonjong, damelan ing nagari Prangkrik kaca punika gelasipun sakalangkung
kandel sarta ing wingkingipun kausaran pernis gagrag enggal amrih awrdipun saha boten waged risak
saupami kagantunga wonten ing tembok ingkang umes.
Ing wusana tuwan singsis angaturi para priyantun jawi sadaya, mugi karsaha atindak dhateng tokonipun
sanajan boten tumbas mugi karsaha aningali barang dagangan ingkang kasebut ing nginggil punika.

Serat kang anyariyosaken bab panggarapipun karetetk ing Munyang, ingkagn dados bageyanipun para
bekel ing ngriku, sampun katampen ananging serat punika badhe boten kapacak ing Jurumartani,mila
priyantun ingkang kintun serat wau, kula aturi angunjukaken katrangan dhumateng parentah ageng,
punapa ingkang dados pamanggihipun bab prakawis bageyan ingkang abadhe kadamel buh ing Munyang,
ing wasana awit saking pawartosipun banon punika badhe kausung dhatenging ngasinan kangge kadamel
buh ing margi kang anjok dhateng pasanggrahan kagunganipun kanjeng pangeran Kolonel Ariya
Purbanagara, sanadyan banon wau anggenipun tumbas saking arta panjurungipun para bekel ing nginggil
punika
Katandhan Redhaktur,
F.L. Winter.

Punika pratelan lepating pangecapipun serat undhang-undhang.


Kaca 1, garis 8, saking nginggil kamungel kang kasebut ing ngisor punika lepat leresipun kang kasebut
ing ngisor
Kaca 1 garis 11 saking ngandhap kang mungel anindakake papriksan sajroning omah pagadhen punika
wonten ingkang lepat leresipun anindakake papriksan an sajroning omah pagadhen.
Kaca 2, garis 14 saking nginggil kangmungel sabrang sen punika lepat leresipun barang sasen.
===========
Ongka 4, Kamis 27 Januwari 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun.


Tuwan W.H.fandherOres tilas asisten residhen pulisi ing Samarang,kaparingan pamit kesah dhateng
nagari Walandi, awit saking sakit.
Tuwan a.J.P. Saiman Fadher, Aspiran Insinyir Waterstat kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi,
awit saking sakit.
Tuwan E, Sekalek, kontelir Irsteklas kakulawisudha dados Asisten Residhen ing Buleleng tanah Bali.
Tuwan L.Dheskemaker, Kontelir Irsteklas ing Borneyo tanah wetan kaelih dhateng ing Banyuwangi.
Tuwan C. S. Insinyir Dherdheklas kakula wisudha dados insinyrr twedheklas.
Tuwan J.P.Fandherpluh, Aspiran insinyir, kakulawisudha dados insinyir Dherdheklas
Tuwan H.E.Fanberkel Amstenar ing ngatasipu pandamelaning gedhong gedhong yasanipun kanjeng
gupremen kakulawisudha dados Aspiran insinyir
Tuwan R. dhelanuhi, Twedhekumis ing Kantor Sekretari, kakulawisudha dados Irstekumis.
Tuwan L.B. Fanmanen Dherdhekumis ing kantor Sekretari, kakulawisudha dados Twedhekumis
Tuwan J.A. Fandhorser, Amtenar kabawah rehipu Algemene sekretaris kakulawisudha dados
Twedhekumis.
Tuwan J.M. Smith Juruserat ing kantor sekretari, kakula wisudha dados Dherdhekumis.
Tuwan D.F.W.Meiyer, Kontelir Twedheklas ing Borneyo tanah wetn kakula wisudha dados Kontelir
Irsteklas.
Tuwan M.Y. Plimenes Kontelir Dherdheklas Ing Borneyo tanah Wtan kakula wisudha dados Kontelir
Twedheklas.
Tuwan a.F.Gudriyas insinyir Twedheklas ing Batawi kaelih dhateng ing Surabaya.
Tuwan M.J. Fanbose,insinyir dherdheklas ing Munthok bawah bangkah kaelih dhateng Samarang
Tuwan A.J.Kromelin Aspiran insinyir ing Batawi kaelih dhateng Bandhong bawah Priyangan.
Tuwan W.F.Jansan papsih Tir Irsleklas ing Samarang kaelih dhateng Bandhong bawah Priyangan.
Tuwan J.F. Winterlan Opsih Tertwedheklas ing Menadho kaelih dhateng Surabaya
Tuwan J.W.Kuteret Opsih Tertwedheklas ing Gorontalo kaelih dhateng Menadhu.
Tuwan W.Fandhergus opsih Terdherdheklas ing batawi kaelih dhateng ing Gorontalo.
Tuwan J.P, Fandhepluh, Aspiran insinyir ing Batawi Kaelih dhateng ing Serang bawah Banten.
Tuwan W.Keiser, Opsih Tertwedheklas ing Pamakasan bawah Madura kaelih dhateng ing Riyu.
Tuwan B. Fisser, Opsih Tedherdheklas ing Rembang kaelih dhateng ing Ciringinbawah Bantam.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

Ing nagari Surakarta

Cariyos garebeg, candhakipun ingkang sampun kasebut serat Jurumartani, ongka 3, kados ing ngandhap
punika,
Ing dinten Salasa tanggal kaping 1 wulan Sawal taun Je, ongka 1798, inggih punika bakda Siyam, Riyadi
wulan Ramelan, awit jam 6, enjing, sawernenipun tiyang, sadaya bongsa, sami amangangge pameran
badhe anglampahi punapa ingkang dados kawajibanipu piyambak-piyambak sareng wanci jam 8 enjing,
sampun rame tiyang mara sowan, tiyang ningali, jaler estri nem sepuh, sami mangkat, kajawi tiyang
sepuh kang sami tengga griya, sadaya ingkang lumampah damel, sami jujug pepak ing panggenan lurah
bekel, wadana, bendara, gustenipun piyambak-piyambak, sami mengangge enggal sae sadaya, wonten
ingkang dharat,numpak kapal, numpak bendhi, numpak kareta, punika sapagnakt-pangaktipun sareng
wanci jam 9, puika awit angkat pasowanipun para priyantun ingkang ngaggem pangkatipun,
posowanipun, kanjeng raden adipati, pengajengipun ing lampah, panewu mantri kampuh anumpak kapal,
kambil watangan mawi ebeg, kasongsongan, wingkingipun gongsa cara wangsul, katabuh mungel turut
margi, wingkingipun, ronteg gandera umbul-umbul payung agung, anglur lampahipun, wingkipun gongsa
pelog salendro, katabuh mungel urut margi, lajeng priyayi panewu mantri kados ngajeng wau,
kasambetan upascara kapatiyan, gendhaga songsong bawat sak panungggilanipun, titiyan apal pandengan,
kambil watangan sarwa jene, kasambetan semut gatel, kasambetan panakawan ageng, kasambetan
kapedhak mihi,jaga surajaga satru, titiyan kapal, kalih kothak kuluk, punika sami dipun songsongi pare
anom, telas ing jajaran, lajeng kajeng raden adipati, nitih kareta kusetasi, katarik kapal 6, pengangge
kapal, cucal perlak, katimang sadaya plit pethak, nggem songsong kalih, satunggal ageng megar dharat,
satunggal dhara megar gonceng kenekan, lampahipun tan ban, wingking kareta, ginarebeg patih
kapatiyan, tuwin panewu mantri kapatiyan sadaya, ampilan panurung 4 talempak, , 2, waos belandaran, 1
gongs rontek, sadaya lajeng dhateng ngalu-alun, manggen kados adat, kanjeng raden adipati, mampir
sowan kanjeng tuwan residhen, kalih para bupati nayaka, 2, angkatipun sowan para bupati nayaka,
pengajengipun jajaran, panewu mantri 4 numpak kapal dipun songsongi, lajen gongsa cara wangsul,
lajeng rontek umbul-umbul songsong agung, kendhaga bawat, lajeng gongsa pelog utawi salendro salah
satunggal, sami katabuh munel urut margi, kasambetan panakawan semut gatel, kasambetan panakawan
ageng, kasambetan kapedhak,ngampil wedung epok kothak kuluk, lajeng santana kang mengangge sae,
ngampil, kedcowan, dhawah rokok,lajeng bupati wau numpak kareta, katarik kapal kalih, songsong megar
dharat tuwin wingking reta, kapedhak sami kulukan, ngampil waos panurung, 2 blandaran, 1, sanjata
lampit, liya punika samilenggah, dumugi prapatan galadhak, gongsa rontek lajeng dhateng ngalun-alun,
jajaran lajeng dherek dhateng residhensi.
3, para Bupati anon anon, sam kaprabonipun,nanging boten mawi kendhaga songsong bawat, boten
sowan dhateng residhenan, lajeng sami monggen pasowana manggen kawajibanipun piyambak kados
priyayi bupati, galadhag, kalih kambeng, punika jujug kori Brajanala, mirantosi, nata kangrembat,
kagungan dalem gunungan, bupati ing kados paten, bupati pulisi, kalih bupati pamaosan dhusun,
mirantosi kuli ingkang badhe ngrmbat kagungan dalem gunungan wau, sami manggen, wonten
sakiwatengenipun, kagungan dalem, kori brajanala, bupati bekel sepuh, nayaka kaparak kiwa tengen,
jujug pasowan Srimanganti, mirantosi palenggahan sitinggil, sak panunggilanipun pirantos adat tedhak
dalem, ingkang bongsa ngalebet, bupati bekel nem, nayaka jawi matah matah tatanipun, rontek umbul-
umbul, sak panunggilanipun, ngkang gumelar wonten ing ngalun-alun.
Cariyos punika taksih wonten sambetipun malih

Serat kintunan saking Klathen kapacak ing serat pakabaran ing Samarang, anyariyosaken manawi benjing
wiwit katiga, margi kareta latu, sakinten wagd rampung, dumugi ing Klathen amargi sakathahing pirantos
sampun kasadhiyanan, sarta pamasangipun banon, sawarninipun panggenan kareteg sampun rampung
sadaya.

Ing wanci dalu malem tanggal kaping 11 wulan punika wonten satunggal tiyang jaler kasamber gelap
wonten sacelaking peken ing Klepu, sakiwatengening griya pos ing Dlanggu, nalika jisim kapriksanan
boten wonten ingkang wanuh awit risaking badanipun kenging kasamber gelap wau.

SURABAYA

Tiyang Jawi awasta Kramayuda dhusun ing Lendhon sampun antawis dinten kesah dhateng dhusun ing
Jamton, sareng mantuk Kramayuda wau wonten ing margi kaandhek dening durjana, ingkang badhe
ambegal, Kramayuda lajeng angunus dhuwungipun kasudukaken kenging durjana ing salah satunggal
durjana tumunten lumajeng sakancanipun.

Wonten upas pulisi amidhanget manawi wonten tiyang badhe dipun pandungi, sarta badhe kababah
griyanipun,upas lajeng atepang rembag kaliyan ingkang gadhah griya wau, badhe anjageni griyanipun
kalawan lampah samun sarta sampun prasabenan bab wanci dhatengipun, sareng antawis jam sawelas
dalu upas pulisi ingkang julik wau lumebet ing griya ingknag badhe kababah, sarta angentosi dhatengipun
pandung, elet sawatawis menut wonten sabawa badhe ambikak ram tuwin wonten swara nyalawadi
kamirengan apitaken pitembunganipun cara mlajeng: Upas ap adha di dalem, upas pulisi kendel kemawon
nanging sareng pitakenan wau kaambalan kedah kasauran, upas amangsuli tamban: betul saya adha di
sini, pandung ingkang pitaken wau tumunten wicanten malih: trimakasih banyak nanti lain kali saja saya
dhateng mencuri.

Serat Pakabaran saking Surabaya anyariyosaken manawi pamainipun Lotrei, kang dados kauntunganipun
kamar bolah winastan: dhe Harmoni, ing Makasar, katartamtokaken benjing tanggal kaping 2 wulan
Pebruwari, ing ngajeng punika.

Ing kitha Boston tanahipun ing tanah Amerikah Eler, wonten tiyang ingkang ngatingalaken malih bab
kawigenanipun angetrapaken kagunaning pirantos kados kang kasebut ing ngandhap punika: ing kitha
wau wonten griya gedhong ageng satunggal kawastanan pamondhokan Pelham inggilipun 96 kaki,
wiyaring godhaganipun momot 10000 ton utawi 10000 pon, punika kaelih utawi kaingsewelas kaki
saking panggenan umadegipun preoonipun namung angela miyaraken margi ageng ing salebetipun kitha,
pangelhipun griya gedhog punika sarana pirantos ingkang winastan rol blokendhomekrahten kalampahan
rampung ing dalem tigang dinten bakakasing griya boten wonten ingkang risak utawi ingkang rengka,
wondenie ingkag anyanggemi angelih griya wau anampeni epahan arta 25000 dholar utawi 62000
rupiyah.

Ing kitha Wartenbureh wonten tiyang agaminipun Rum kawajibaken adamel luwengan pamengtakan
jisim punika kunjara, sababipun saben wonten tiyang pejah kapendhem ing kuburan lajeng kadhudhuk
malih, jisim kadamel pakaning ingon-ingonipun babi, lurubin jisim kisukaken dhateng anak-anakipun
tabelaning jisim kasade kadadosaken kajeng obong utawi badhe pirantosan sanesipun, patrap makaten
punika ingkang kasangetan dene sampun linampahan tataunan laminipun mawi terang sarta kalilan saking
parangulami, saben wonten gugatipun tulak kasababaken bilih papan kuburan sampun karupeken prelu
kedah angrisak pajaratan, wonten satunggiling pasiten ingkang kenging kadamel angelar kuburan wau,
reginipun 100 taler, utawi kirang langkung 220 rupiyah, sarta para tiyang badhe urunan ing patumbasipun
nanging sakathahing ngulami boten purun amituruti pikajenganipun para tiyang punika, kaanggep boten
wenang andarbeni atur samanten wau, sarta tansah angayomi dhateng juru damel luwengan pametakan
jisim kalampahan ngantos kawuryan angenipun saged anglemakaken ingon-ingonipun babi.

MAGELANG

Kala tanggal kaping 29 Dhersember, kang sampun kapengker, wonten satunggal tiyang saking dhusun ing
Temanggal kang panggih sampun pejah wonten sapinggiring wana, sakinten kinaniaya dipun pejahi
tiyang, jalaran tiyang dhusun wau darbe bojo ingkang ayu warninipun.

BATAWI

Wonten pawartos manawi tuwan Mister Tolenes ing tanah Bandar Pethek bawah ing Bogor kala malem
angrintenaken taun baru kapandungan tiyang dursila purun purun ambethatlemari panyeratan sarta
amendhet isinipun arta gangsal ewurupiyah.

MADURA
Tiyang Madura anama pak Saminah kesah tuwin dhateng griyaniun pak Dulbari, ing dhusun Gadhingan
ing wasana kinaniaya dipun pejahi dening pak Dulbari ingkang kabyanton dening kancanipun tiyang
kalih,jisimipun pak Saminah tabet tatu waos tuwin dhuwjng 25 ing sapunika pulisi sampun anyepeng
durjana titiga wau ingkang salajengipun kalebetaken ing kunjaran.

Serat kintunan saking Ngayogyakarta.

Punika pepethikan saking cariyosipun Sinuhun ing Prajagung Prangkrik Mah Prabu Napoleyon
Bonaparti. Sang prabu punuju amariksani sarupaninig kar gambaring bumi, terang bilih angrakit gelaring
ngayuda, ingkang badhe kawiwitan, ing gambar wau dipun cubelesi dom bundhel dipun olah alih,
kaupamekaken prajurit dalem,utawi prajurit ing mengsah, dhaing ngedom mawi tinengeran wonten
ingkang biru, abrit utawi ijem, sakedhap kedhap ingkang sinuhun sinelanan awit wonten utusan saking
kitha Presbureh, utawi saking Kadhaton Paris, nanging sang prabu maksa wangsul malih dhateng gambar
wau, kanak dalem lwir wangsiting Nallah, kadya anglebur kraton utawi angelih tepis wiring, away
sakaprabo anyar, utawi anelukaken nagari, awit saking dhawah pangadika dalem sakedcap kemawon,
Saingga sampun kasamputing dalu, sang prabu maksih angarsakaken angrembag gelaring yuda,
wontening kagungan dalem kamar panyerat dalem, sakedhap kedhap wiwaraning kamar kaengakaken
dening pawongan dalem ingkang nama Konstan mawi anginceng mulat dhateng sang prabu, nanging bilih
pawongan wau amariksani, yen sang prabu teksih angarsakaken anyambutkardi, pyambakipunlajeng
mundur, dangu-dangu Konstan tansaronta, nunten manjing ing kamar dalem wirara dipun engakaken
kajarak kajethetaken sosinipun.
Sang prabu semu kaget lajeng gupuh tumenga, mariksani dhateng Konstan sarwi andangu losiKonstan
ana apa, lan apa sababe mawa gati. Pawongan matur wotsekar saha ririh, ajrih manawi kapireng dening
timbok awit ingkang badhe kaunjukaken wados ageng: dhuh gusti andadosna uningan dalem wanudya
ingkang awis katingal punika ing mangke marak malih, sampun sajam anggenipun ngentosi dhawuh
pangandika dalem, awit panjenengan dalem badhe ngarsakaken miyrsa aturipun. Sang prabu angandika:
lah dalah, patute iku Grafinutwa putri, ingsun esih kengetan, wanudya iku, ing ngarep sengit banget
marang ingsun, ing saiki arep angunggah-unggahi. Konstan amewahi atur: Gusti, dahat anggenipun
kasengsem ing panjenengan dalem, Sang prabu ngandika: o jamake wanudya mengkono dhemen rongeh,
anuruti atine, yen nora mengkono,mongsa gek okeh kang padha nglalu, nuli manjing ing gedhong,
pawingitan kang ing ngaranan kluske, kabeh iku awit ora kaurutan karepe, nanging sapa ta arane wanudya
kang lagi andon kasmaran marang panjenenganing sun. Oawongan matur wotsekar: O gusti kados punika
wadosipun, manawi andadosaken pareng ig penggalih dalem, sampun ngantos kadangu namanipun
wanudya wau. Ing sakala larapan dalem kadya kaleban peteng, saha sang prabu ngandika.Lo iku kapriye,
mongka ingsun dipekssa, akon anemoni wanudya kang tanpa aran, sapa weruh manawa iku wong arep
gawe wisuna, asamudana becik lakune, murih bisa raraketan karo panjenenganingsun. Konstan awit
dereng terang ing wadosipun, munjuk dhateng sang prabu. O Gusti, kados boten makaten awit pun Mayor
Ponbran saking Osterik ingkang panjenengan dalem pitajeng, saha asih dhumateng panjenengan
dalempunika ingkang ngirid saha anyukani margi,murih sagedd marak dhateng ngarsaning sang prabu,
sarta. Konstan badhe anglajengaken atur, kasaru praptanipun sang marsekalekJendral Dhurok dumarajok
tanpa larapan, munjuk semu bingah. Dhuh gusti kula taksih sugeng, sok makatena panjenengan dalem
dereng ngantos amanggihi wanudya kang awis katingal. Sang prabu amangsuli sarwi gagujengan saha
anyemoni. Lo kuwe kaprye apa sira bukta repan sabab wanudya iku kabare banget endah wrenane. Sang
Marsekal mangsuli atur: Gusti, sanadyan wreninipun kadya Supraba, panjenengan dalem sampun ngantya
papanggihyan kaliyan wanudya wau. Sang Prabu ngandika sarwi sereng: apa mulane ingsun dipenging,
sapa manungsane kang kaconggah amenging marang panjenenganing sun. Sang Marsekal Jendral
mangsuli aris: Dhuh Gusti, ingkang saged menging dhateng panjenengan dalem inggih punika
tatanggelan dalem pribadi dhateng praja dalem utawi dhateng abdi dalem sadaya, awit panjenengan
dalem kedah angreksa sarira dalem, sabab wanudya ingkang ambek paripeksa, andon sowan punika,
saestunipun sandi upaya, saha satru dalem lan satruning praja Prangkrik. Sang prabu suka inggalih amulat
dhateng abdi pawongan pun Konstan awit sulakipunbiyasa adaredhek, meh tan sawged ngadeg sarwi
kadangu dening sang prabu, Lo Konstan paran aturira, dene mengkono jebule, apa sira isih kaconggah
amurinani wanudya kang anyar katon.
Sang prabu lajeng ngandika malih dhateng sang Marsekal Jendral lah sing sapa sangkaning wreta.
Marsekalek matur: Gusti komandhan ingkitha Wenen wasta Pinsenes punika nembe kemawon dhateng,
kapalipun sareng dumugi ngalun-alun lajeng ambruk kalemper, sumelangipun saklangkung, kamanah
bilih sampun karumiyinan dening wanudya kang nembe prapta. Sang Prabu ngandika: Lo iku apa tegese,
dene diarani kadhisikan utawa kasep. Marsekalek matur: kula nuwun inggih dipun wastani kasep, sabab
wanudya kang anyar katingal punika, saestunipun badhe anyidra dhatengpanjenengan dalem. Sang Prabu
amyarsakaken aturing marskalek jendral semu seneng lajeng andangu. Apa ingsun arep di pateni.
Marsekalek Jendral: Kula nuwun inggih makaten, Pisenes aturipun kekah. Sang Prabu: Mulat dhateng
Konstan sarwi ngandika, aturira yen wanudya. Mau dahat kapencute marang ingsun, komandhan Pinsenes
apa isih ana ing kene. Marsekalek Jendral: Kula pun Komandhan taksih wontening ngriki, angentosi
dhawah dalem, punpa wanudya wau karsa dalem kacepenga, murih katitipriksa ingkang kenceng. Sang
Prabu kendel sakedhap, nunten dhawah dhateng Konstan Komandhan Pinsenes timbalan manjing ing
kamar. Sareng komandhan sampun katingal sang prabu tansaronta, lajeng kapethukaken kadangu:
tekaninra mawa gati arep anjteni marang ingsun apa danurane. Dhuh gusti, ingkang dados daruna inggih
punika, awit tiyang estri wau anyalawedi sanget, sadangunipun abdi dalem wonten ing kitha Wenen,
wanudya wau kainjen dening prikonca kula kapetengan, sabab wanudya wau prasasat panungguling
sarupning nalar juti satru mara sandi ing kitha Wenen, sawerenining satru dalem saha sarupining tiyang
ingkang sami ilon dhateng bongsa dhiselan punika sami aklempak an wonten ing wismanipun wanudya
wau, awit dipun impleng dening kapetengan, mila abdi dalem terang punapa kajengipun wanuyda
ingkang maripaksa badhe marak, dangu-dangu kawula manah kedah andekeki impleng ing salebeting
wismanipun pyambak, ingkang saged anyukani wreti, menggah ing lampah lampahipn wanudya wau,
wasana abdi dalem saged amulut dhateng rencangipun estri.
Sang prabu suka ing galih karsa andangu: Kapriye rekane gonira mulut, apa nganggo mas picis, apa
nganggo semu bae, Komandhan manguli: O gusti tujunipun boten susah sarana semu, amung yatra
ignkang abdi dalem damel mulut.
Cariyos punika badhe wonten candhakipun.

Ingkang serat saha ingkang tabe, karengga ing pakurmatan ingkang kathah-kathah, kawantu ing pupuji
mruntus saking kalbi suci, sayogi cumaos panjenenganipun tuwan: P.F.Purneman ignkang nguwasani
pangecaping serat Jurumartani, manawi tuwan anggalh pantes serat kula ing ngandhap punika, mugi
kacithaka ing Jurumartani.
Awit saking lumunturing pambudi daaya kula, ingkang terus saking kalbi suci, inggalipunkula badhe
anyariyosaken ing sakilenpekenEpon bawah kadiapten Mangkunagaran wonten satunggal tiyang estri,
nalika taksih alit wasta pun Emplug sareng sampun imah-imah kula kasupena namanipun punika gadhah
anak mijil jaler, ngatawis umur 7 t taun rare wau jaleranipun kakalih, ingkang satunggal celak ingkang
satunggal panjang, saking pamanggih kula, rare, wu ing tembe wingking manawi sampun akhir baleg,
saha sampun anggadhahi semah, tyang estri wau kula upamekaken wayuh, E ,makaten margi bojonipun
wau jaleranipun kalih.
Ing dhusun griyan bawah kapulisening Kartasura, woten satunggal paksi berkutut ingkang kalebet aeng,
awit paksi berkutut wau warninipun pethak agengipun inggih ugi sapaksi berkutut wondenign
anggungipun kalebet ragi ageng, ing ngataasing berkutut pethak wau manawi purun neba, kutut
sakiwatengenipun padhusunan ing ngriku, saengga kados kaebyogaken kathahipun paksi berkutut
ingkang sami tumut neba, wondenign paksi berkutut pethak wau, sami andadosaken suka pirenanipun
tiyang sakiwa tengenipun ngriku wau anggenipun sami remen saha amundhi mundhi, margi kutut mau
manawi purun nedba dhateng ing sabin pundi sabin ingkang dipun tebani, kenging katemtokaken manawi
pantunipun medal katimbang kaliyan ingkang boten dipuntebani berkutut pethak wau, dene kutut wau
badhe kasanjata dening priyantun ananging tiyang dhusun ngriku wau sami boteh suka, margi galebet ragi
angerjekeni.
Ing dhusun BK gi bawah kapulisen ing Kartasura wonten satunggal paksi Burcet panuju neba wonten
sabin ucul tatehdan wedal samanten wotnen keyong, panuju mangab cangkemipun lajeng kathotol dening
paksi burcet sareng sampun kathohtol lajeng dipun ikemi dening keyong, kagetipun paksi burcet lajeng
mabur, ananging boten waget tebih,kalampahan peksi wau ngantos kenging kacepeng deing rare angen.
Wangsul cariyos kula nginggil wau saking pandugi kula burcet wau badhe anucutki cacing, wasana lajeng
kalentu nucuk keyong. Kula sampun sawatawis lami boten maos maos serat panjurungipun raden
Atmadikara, saunduripun kasoran juritipun kaliyan ki Kutis dene ko boten medal medali ing pabarataning
jurumartani punapa sababipun raden kula bok jengandika jarwani kang saestu, punapa jenandika sampun
mantun tampi serat Jurumartani, wangsull pitaken kula, bilih sampeyan sampun mantun tampi srat
Jurumartani, sakingpanginten kula raden Atmadikara ajrih, manawi katladhung dhateng ki Kutis mila
kalampahan ngantos sawatawis lami boten karsa amedali.
Kaserat ing dinten salasa tangal kaping 25 Januwari 1870.
Katandhan Kyai Pananggal.

Kula kang anandhani ing ngandhap punika,angaturi uninga dhumateng apra priyantun sadaya, manawi
sawatawis dinten malih kula badhe amedalaken serat wuwulang tiyang estri, sakalangkung praogi awit
sakathahing wuwulang kang kasebut ing serat wau, manawi linampahan badhe adamel bekja, suka tuwin
bingahipun salakirabi,mila sakalangkung mikantuki bilih satiyanga atumbas seratpunika.
Katandha wantun 10 P.F.Purneman.

Ingkang suka tondha nama ing ngandhap punika angaturi uninga dhateng para priyantun, manawi ign
mangke sampun anumbas pasamakan ing Baron, ingkang punika para priyantun ignkang sami karsa
atumbas wacucal sampun samakan awarni-warni, sami saged pikantuk, sanadyan atumbas sakathah,utawi
sakedhik-sakedhik, punapa malih atumbas \a sakembar, inggih ugi angsal,d ene pangaosipun murwat
sanget.
Surakarta,kaping 13 Januwari 1870
Katandhan C.F.Philip tuwin N.Meiyer.
Para priyantun ingkang taksih gadhah sambutan dhumateng tuwan Dhegrootkolep kalih tuwan Jaspres
enko ing Surakarta, ing sapunika kaaatuan ing wekasan angesahana sambutanipun wau, supados sampun
amangih kalingseman,awit para priyantun wau badhe katagih medal saking panguwasanign parentah,
utawi sambutanipun badhe kawade kapratelakaken ing serat pakabaran, tan mawi amawang sinten
priantunipun.
Surakarta kaping 26 Januwari 1870.
Katandhan tuwan F.H.Jaspres.
========================
Ongka 7, Kemis kaping 17 Pebruwari 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Kanjeng tuwan Lamres van Turenbureh kakulawisudha dados Residhen ing Tegal
Tuwan Seunmaker, kakulawisudha dados guru, Up Onderweiser, ing griya pamulangan ing Buntin
Tuwan Fehman, kakulawisudha dados guru, Up Onderweiser, ing griya pamulangan ing Riyu (Riau)
Tuwan Kumer, kakulawisudha dados guru, Op Onderweiser, ing griya pamulangan ing BandHung
Tuwan Mister, Mulok AOwer, kakulawisudha dados twedhe sipstitit-gripir ing Batawi
Tuwan Dhumas kakulawisudha dados grippiring Landrad ing Dhemak
Tuwan Y.T.Alnemah, tuwin tuwan Mihilsen sami kakulawisudha dados Kontelir Dherdheklas ing
Padhang.
Tuwan Yukes kakulawisudha dados Amtenar Terbeskikeng ing Banjarmasing
Tuwan Kureman kakulawisudha dados Amtenar Terbeskikeng ing Menadhu
Tuwan Tuwan Pluhers tuwin tuwan Marsefein sami kakulawisudha dados Amtnar Terbeskikkeng ing
Padhang.
Tuwan Bosep juruserat ing Samarang, kaparingan pensiyun
Tuwan Altisibereh, kakulawisudha dados pak Is Master ing Indramayu bawah Ciribon.
=================

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

Surakarta
Cariyos garebeg, candhakipun ingkang sampun kasebut serat Jurumartani, ongka 6 kados ing ngandhap
punika.

Nyariyosaken lampah tatanipun abdi dalem prajurit, ingkang badhe dherek utawi ngurmati miyos dalem
garebegan, saderengipun wonten timbalan dalem, kalempakipun andi dalem prajurit lebet, wonten
kagungan dalem palataran pandhapi prabayasa, kalempakipun abdi dalem prajurit jawi, wonten
kagungan dalem alun-alun pengkeran, inggih punika alun-alun ingang kidul.

Sareng panjenengan dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan sampun dandos miyos tedhak ing
pandhapi, kaurmatan, sakathahipun abdi dalem prajurit lebet, utawi kagungan dalem musikan, sareng
sampun pinarak ing palenggahan dalem, dhampar kancana gadhing rinukmi, lajeng nimbali nyai
tumenggung, dhawahaken, dhumateng Grut kullunel, komendhan prajurit dalem inggih punika Kanjeng
Pangeran Ariya Purbanagara, dhawuh ing timbalan dalem kanjeng Pangeran Ariya Purbanagara,
dikakaken medalaken abdi dalem prajurit, katataha kados adat saben, matur nuwun sendika, lajeng matah
sakathahipun ajudan, wonten ingkang dhawahaken lampahipun prajurit, wonten ingkang dhaahaken
pirantosipun patrum, mariyen utawi sanjata, lajeng awit lumampah kados ing ngandhap punika.

1, lampahipun abdi dalem prajurit kaparak kiwa tengen, inggih punika dipun wastani saralatu, etang
cacah 200, penganggenipun kampuhan, calana rasukan kuluk, sami sangkelat abrid, dedamelipun
sanjata, mawi gandera kalih, tabuh anipun tambur suling, medal palatran, lajeng srimenganti,
kamandhungan, kori brajanala, minggah sitinggil, medhun pagelaran, mangaler, manggen sakidul
waringin sengkeran, sapalih kilen margi sapalih wetan margi, lowah waringin wau, sami majeng ngidul,
lampahipun wau lajeng kasambetan,

2, abdi dalem prajurit Jayaantaka, kathahipun 100 kasambetan


3, abdi dalem prajurit Jayautama, kathahipun 100 kasambetan.

4, Abdi dalem prajurit TArunasura, kathahipun 100 kasambetan

5, Abdi dalem prajurit jayasura, kathahipun 100 kasambetan

Prajurit ingkang kawanatus wau, penganggenipun cara Walandi Gruteni, dedamelipun sanjata,
tabuhanipun tambur salompret, mayor sakawan, gandera sakawan, musikan kawan setel, lajeng mangilen,
ing ngalun-alun, sakidulipun prajurit Saralatuwa wau, sapalih wetan margi majeng ngilen, sapalih ilen
margi majeng ngetan lajeng kasambetan lampahipun.

6, Abdi dalem prajurit, Namakina, Nirbraja, inggih Dorapati, kathahipun 100 mayor satunggal gandera
satunggal penganggenipun cara Welandi Klinteni, dedamelipun waos tabuhanipun tambur suling,
manggen ngalun-alun, sakidulipun ingkang Gruteni wau kilen margi majeng kasambetan lampahipun.

7, Abdi dalem prajurit Baki, kathahipun 100 penggangenipun kuluk biru, rasukan kuthungan sakelat sami
ijem, bebed puluh watu, sami nganggar lameng, tabuhanipun gongsa cara wangsul manggen ajeng-
ajengan kalih prajurit Nirbraja wau, lajeng kasambetan, lampahipun.

8, Abdi dalem prajurit setabelan ingggih punika nama kina talangpati kathahipun 100 penganggenipun
cara Welandi Gruteni, nganggar sabet ngampil Swanter, dedamelipun mariyem, mawi gandera satunggal,
tindhihipun mayor sak pengandhap manggen taritis pagelaran, kilen margi majeng ngetan celak
kanggugan dalem waringin ageng-alit lajeng kasambetan lampahipun.

9, Abdi dalem prajurit nama kina Jayeng Warastra, kathahipun 100 penganggenipun kuluk cemeng,
rasukan sakelat cemeng, dhadha abri bebedan dedamelipun sanjata, nganggar sabed bengkok gandera
satunggal mayoripun satunggal mawi songkok, manggen ing pagelaran, kilen margi majeng mangetan,
kasambetan lampahipun.

10, Abdi dalem prajurit nama kina Carangan, kawestanan tumama wetan, ing mangke kaparingan nama
prawira utama, kalakina prajurit ing kadospaten anem, sami kapalan, kathahipun 100 penganggenipun
kuluk cemeng, rasukan sengkelat cemeng, rabadan dhadha abrid, bebedan dedamelipun sanjata kerbin,
mawi nganggar sabed bangkok, gandera satunggal, mayor satunggal mawi songkok manggen sak ler kori
kemadhungan, wetan margi majeng ngilen, tabihipun prajurit kakalih atus wau sami tambur suling,
kasambetan lampahipun.

11, Abdi dalem prajurit Prawira tantumama, kathahipun 100 penganggenipun kuluk cemeng, rasukan
sangkelat cemeng, rabadan dhadha abrid, bebedan dedamelipun sanjata kerbin, nganggar sabed bengkok,
gandera satunggal, mayor satunggal, tabuhanipun tambur suling, lampahipun mager timun, mirit cariyos
kala Demak, Raden Jaka Tingkir nalika tasih dados lurah prajurit prawira tantumama, manggen sak ler
kori srimanganti wetan margi majeng mangilen, kasambetan lampahipun.

12, Abdi dalem prajurit miji pinilih, kathahipun 100 penganggenipun kuluk cemeng, rasukan sangkelat
cemeng, rabadan dhadha abrid, bebedan dedamelipun sanjata kerbin, nganggar sabed bengkok, gandera
satunggal, mayor satunggal, nganggo songkok, tabuhanipun, musikan saksetel ageng, kalih salompret,
manggen sakler kori Srimanganti, kilen margi, majeng mangetan.

13, Abdi dalem prajurit pusaka sangking kadipaten Karpubayan kang sampun labet dherek prang,
brandhalan alam dipanagaran kaparingan nama prajurit Wanengbaya, kathahipun 80 mengangge sami
kados ing ngajeng wau, gandera satunggal tindhihipun kapitan dedamel namung pedhang, sabab ing
ngajeng mawi waos selangsir, sami numpak kapal, ing mangke kaparingan nama abdi dalem prajurit
prawirnom, kaparingaken dhateng kadospaten, punika tabuhanipun namung salompret kantun ing
palataran pandhapi ageng, kalih abdi dalem musikan sak setel.

Cacahipun abdi dalem prajurit sadaya 14 golongan kathahipun 1380 kejawi para tetindhih ing kang sami
pancen kaparingan gadhuhan kapal 380 ingkang dharat 1000 ingkang sami kapalan wau
menganggenipun warni kalih, menawi cara Welandi sami kalih drahgondar, manawi cara jawi, para
tetindhih mawi sekonder kuwasa sedaya, sapangkat-pangkat. Cariyos garebeg punika, dereng dumugi,
taksih kathah sambetanipun malih.
=====================

Surakarta
Sarehning panggarapipun margi kareta latu ing sapunika sampun rampung, mila benjing ing dinten
Jumungah tangggal kaping 18 wulan punika, lampahing kareta latu badhe katamtokaken kaping kalih ing
dalem sadinten, menggah pranataning lampahipun badhe kapratelakaken ing Jurumartani ing ngajeng
punika.
===================

Samarang
Kala ing dinten Saptu tanggal kaping 22 januwari taun punika wonten rencangipun satunggaling walandi,
kautus ing bendaranipun, sareng dumugi ing margi sakiwatenging griya pasakitan rencang wau
kaandheg dening tiyang kalih, sarta kacepeng lajeng dipun dhedheli, parabotipun telas sadaya lajeng
katilar lumajeng, rencang Walandi wau lajeng mantuk lapur dhateng bendara nipun awit saking aturipun
rencang wau, ingkang sami anglampahi kadurjanan punika, katingal kados suradhadhu Bugis, sanadyan
rencangipun walandi wau dipun dhedheli wonten celaking gerdhu, kaprenah kidul wetanipun ngalun-alun
boten wonten titiyang jagi ing ngriku, salah satunggal ingkang sumerep.
==================

Serat kabar kintunan saking Raden Ranudimeja, dhokter Jawi, ing Samarang, nalika kaping 28 wulan
Dhesember ingkang kapengker punika ing Samarang awit wonten sasakit kolerah dhateng malih, mila
kanjeng gupremen, andhawahaken kalayan kenceng, sawarninipun para Amtenar dhokter jawi, ingkang
sampun katamtokaken, wonten ing Samarang 5 iji, punika sadaya kadha wahan enggal tutulunga,
dhumateng sakathahing titiyang sakit, kalih kadhawahan mariksani sakathahing kampung-kampung utawi
dhusun-dhusun, sampun ngantos wonten tiyang sakit kasep ing jampenipun, sabab sakit kolerah punika
jalaran saking tatedhan, kang sami kecut, utawi bongsa wowohan, ragi kaduk ing panedhanipun, punika
manawi karaos dhatenging sakit, mongka kasep jampeni, kathah ingkang sami rekaos sakitipun, mila ing
pundi ingkang dereng kaambah sakit wau, sami ngatos-atosa anggenipun nedha, sampun ngantos
kekathahen ingkang bongsa seger, pedhes kecut legi, sanajan panganan ingkang eca, ingkang kalebet ing
tembung kaladuken, inggih badhe boten prayogi kadadosanipun.
===================

Batawi
Wonten pawartos kala ing dinten Saptu kaping 29 wulan Januwari ingkang sampun kapengker, tiyang
ingkang sami numpak kareta winastan Tramwe, kakesahan dhateng ing peken malem ungugng
cacahipun 11304 sapriki saweg punika kareta Tramwe anglampahaken tiyang cacahipun samanten wau
ing dalem sadinten.
===================

Padhang
Kala tanggal kaping 11 ing wanci dalu angrintenaken tanggal kaping 12 wulan Januwari kang sampung
kapengker, ing Padhang wonten angin ribut, satunggil baita keli kabekta ing angin, ngantos dumugi ing
saganten lajeng silem, ingkang numpaki tiyang Bugis 4, tuwin tiyang Malayu 3, sami kabalabag,
menggah motaning baita warni barang dagangan, tuwin arta 7000 rupiyah, sami ical sadaya.
==================

Sumatra
Litnan Cina anama Go Ha O ing Sumatra, gadhah gilingan lisah kadamel saking tembagi, punika prayogi
sarta rikat ing panggilingipun angungkuli sasaminipun gilingan ing Sumatra.
===================

Surabaya
Walandi tatu, ingkang kacidra kasuduk ing dhuwung dening rencangipun piyambak ingkang
kacariyosaken wonten ing Jurumartani ongka 6 ing mangke sampun pejah, wondening rencangi pun
walandi wau ing sapunika minggat kaupadosan ngantos sapriki dereng kapanggih.
==================

Purwareja
Tiyang Jawi awasta Gimon tuwin pak Kaimin sakng ing dhistrik Purwareja, sami kakesahan dhateng
ing redi ARjuna, sumedya anbyanjata sangsam, ing wanci dalu tiyang kakalih wau sami nyipeng ing
pondhokan sakiwatengipun ing ngriku, antawis meh bedhug dalu wonten sima dhateng, lumebet ing
panggenan patilemanipun tiyang kalih wau, medal saking bolongan sanginggil ing kori, salajengipun pak
Kaimin katubruk wah kataton sanget sarta pupunipu ngantos meh pepes kacakot dening sima, boten
antawis dangu pak Gimon kaget saking tilem lajeng atandang tulung kancanipun sarwi angunus lading
kang winastan Kapmes, kalampahan tarung kaliyan sima, ingkang kapacok ing lading lajeng lumajeng
medal ing bolongan sanginggiling kori wau.

Pak Kaimin lajeng pejah, wondening pun Gimon ing sapunika taksih wonten ing griya pasakitan
anandhang tatu kacakot ing sima wau.
================

Kala tanggal kaping 1 Pebruwari punika ing Pagangsan sawing-kingipun ing Menteng, selak griyanipun
tuwan Andreyas wonten satunggaling Walandi, anganyut jiwa anyanjata sirahipun kalayan pestul
ingkang kaisenan mawi toya, nama sinten walandi wau, titiyang sami boten sumerep ngantos sapriki,
awit sirahipun pecah babar pisan panganggenipun walandi wau mawi tondha aksara A.M. Menggah
ngakng warni jas topi, tuwin erlosi sami pinanggih sumampir wonten ing satunggalipun wit sakiwa
tengipun panggenan pejahipun Walandi wau, sareng jisim kawenangan ing kathah, para tiyang jawi sami
angungelaken tengara, sarta tuwan Andreyas tumunten dhateng panggenanipun Walandi pejah wau.
==============

Panggelaripun kagunan kina tuwin kagunan akir.

Para tuwan ingkang dados dhirekti ing patamanan tanem tuwuh tuwin padunungan kewan ing Batawi,
sami anggadhahi pikajengan benjing ing wulan mei taun punika badhe anggelaraken barang warni-warni,
ingkang yasan medal saking kagunan kina tuwin kagunan akhir, kadosta: gambar sekil drei ingkang
kapulas mawi abenan lisah tuwin abenan toya, gambar cap-capan tembagi sapanunggil-anipun ingkang
sae-sae, barang ingkang inuman bir, tuwin barang sanguban utawi sanesipun malih. Amurih
pikajengan ing nginggil punika saged dipun kalampahan para tuwan dhireksi wau sampun angersaya
pitulunganipun Walandi sawatawis ingkang sami marsudi sarta karem dhateng kaguna endah, Walandi
punika inggih sampun sami sagah ambiyantoni, sarta lajeng nunggil dados komisi kaliyan tuwan titiga
ingkang kalebet ing dhireksi, namaning komisi kapratelakaken ing ngandhap punika:

Tuwan Mister, H.W. Dhiperon Presidhen,


Tuwan J.Dh. Beinon
Tuwan Mister J.A. Vandherseis
Tuwan J. Vanines Berhen
Tuwan T.Prise
Tuwan R.Van Sloten
Tuwan E.H.G.Foker, Sekretaris,

Sarehning ing Batawi cacahipun tiyang ingkang akarya ing kagunan amung sakedhik mila preluyen para
tiyang ingkang darbe barang peni-peni sami amitulungana anyambuti barnag punika, amurih panggelar
ingkang sampun kapratelakaken ing ngajeng wau sageda tumindak. Para tuwan komisi sampun
anamtokaken bardhe angsal pitulungan wau, sabab punika badhe mikantukaken pangangkah sakawit
badhe anggelaraken kagunan wonten ing tanah Indiya. Sinten ingkang ngintuni pratelan warnining barang
ingkang badhe kasambutaken dhateng komisi, badhe katampenan kalayan panrimah ingkang manah.
Batawi kaping 28 wulan Januwari taun 1870
Katandhan Sekretaris Tuwan Foker.
=================

Serat kintunan saking negari Ngayogyakarta, anyariyosaken kados ing ngandhap punika.

Kala tanggal kaping 3 Dulkangidah taun Je 1798 rencangipun kapitan Cina, guyang kapal sareng sampun
kaguyang, lajeng kaculaken kados adat ingkang sampun kalampahan, kapal wasta pun A, sareng sampun
kaguyang, lajeng mlajeng mantuk, punika marengi, tanggal kaping 3 wau, wanci jam 7, injing, lajeng
numbug tiyang, wasta Sa, Ma, ing dhusun Ga, Sa, Ma, wau lajeng ambruk dhekem, pejah saknalika,
lajeng katulungan tiyang kathah, kasiraman toya, lajeng saged gamruget, gesang, Sa, Ma, lajeng
kaladosaken, ing pulisi dhateng pasowan mangu, lampah makaten wau, tantrimanipun punapa, ingkang
darbe tuwin ingkang guyang punapa badhe boten rekaos.
=============

Serat Panjurung isi dongeng 2 iji


1, Wonten Cina singkek satunggal apitaken dhateng tiyang jawi juru pambelah anyewakaken baita
tambangan, sarehning Cina punika yen wicanten cara jawi pelo pitembunganipun makaten:
tampiling klayaban opah pila, juru pambelah amangsuli, sapa wonge sing gelem kowe tempiling nganti
klayaban sanadyana nganggo di opahi, yen aku dhewe wis ora pisan arep ngalap opah ing ngatase padon
kang kaya mangkono iku, balik kowe apa gelem dak tempiling nganti kalayaban iya nganggo dak opahi,
cina singkek awicanten malih, tanganipun anudingi baita tambangan sarta andedahaken babektenipun
pao-pao isi arta, olak mangkono kang, ci kakang klilu, olak ngeti kaleptu, aku takok tampiling klayaban
iku opah pila, juru pambelah mangsuli malih sarwi nepsu, ah wis bah lungaha, aku suthik padonan carane
wong edan iku, kadosanipun tiyang kakalih punika regejegan meh sami gelutan nanging tumunten
kasapih dhateng tiyang jawi sanesipun ingkang sampun tepangan kaliyan cina wau sarta da,amg
pawicantenipun pamisahipun makaten:
lo, aja padha seling surup mangkono ta, si babah bener rehning calthune pelo, dadi si adhi niku salah
tompa, karepe si babah apitaken marang si adhi, wong nunggang prau tambangan saka ing tambiring
tekad ing klayaran niku opahe pira, cina singkek anyelani wicanten: lak iku bener sing kakang, olak tabok
olak apa, aku alep tunggang plau, tampiling klayaban opah pila, juru pambelah tumunten gumujeng sarba
anyambeti wicanten: mau-maune, bah yen aku ngertiya kang dadi karepmu, rak ora kongsi regejegan meh
padha gelut tujune si kakang iki nuli teka amisah, yen ora amangkono, kowe rak kalakon dak jojoh
kambisatang, ing wekasanipun cina numpak baita tambangan saking lepen ing Tambiring dumugi ing
Klayaran lampahipun wilujeng.

2, Wonten malih Cina singkek panuju dhateng wekan langkung ing ngajenganipun tiyang estri ingkang
dhasar sade kembangan dipun taweni punapa ajeng tumbas kambangan wicantenipun tiyang estri wau
makaten: bah, kowe arep tuku bebek lemu-lemu, Cina pitaken: banyak, tiyang estri mangsuli aku ora
tawa banyak aku mung adol bebek, Cina wicanten malih: ya benet bakyu, apa banyak, tiyang estri
mangsuli malih, awo nemtal: wong ora adol banyak sibabah kok pijar takon banyak, cina ragi napsu sarta
wicanten pitembunganipun Cina cap cing sukiyale, tiyang estri gepah amangsuli iya bener, bah, bebek
iku pakanane cacing, Cina lajeng angesahi boten saestu tumbas kambangan awit pitakenipun banyak
tegesipun ing tembung jawi, akeh, boten dipun sumerepi dhateng tiyang estri ingkang sade kambangan
panampenipun bilih cina wau badhe tumbas banyak.
===============

Surakarta
Ing kampung Cempon, sakilen Serpiran ageng, wonten satungga tiyang Jawi, nama Setrasemita, punika
kala kaping 20 Januwari ingkang kapengker punika, tiyang wau dolan, dhateng griyanipun pak Badhong,
ing kampung Krapyak, kilenipun caket, bawahipun Nyonyah Pansanten, lajeng sami janggongan tiyang
kalih, Setrasemita pitaken dhateng pak Badhong, punapa kang dipun angge jampi pathek, murih
enggalipun saras, pak Badhong mangsuli namung sapele, ananging dipun wastani jampi nistha utami,
pamungkasing usada pathek, 1 pathek, 2 ngeres linu, 3 sakit balung, 4 bongsa ingkang mandhokol,
punika jampenan, boncok, dipun bakar 1, 2, 3, tanpa punapa-punapa, lajeng katedha, saestu sakit kawan
warni wau lajeng saras, panedhanipun rambah kaping pitu utawi sanga, mila pak Badhong cariyos
makaten sabab, sampun nyoba piyambak, anakipun sami kathah kang nandhang sakit makaten lajeng
sami saras, Setrasimita tiyang sepuh mongka sakit patheken, punika ljeng mantuk ngupados bentok
angsal, 2, lajeng kabakar sadaya, satreng mateng lajeng katedha sak nalika telas, rambah kaping 3, lajeng
awit gogrog pathekipun, lajeng sars, nanging panedhanipun mawi dipun lokangi, 2 utawi 3 dinten,
panedhanipun kalih sekul utawi dipun gadho saksenengipun kening, kadadosanipun sae sanget, ing
ngatasipun sakit kawan prakawis ing nginggil wau.
===============

Kampung Krapyak.
Tiyang jawi wasta Jadikrama, ing kampung bawah Nyonyah Pansenten, nalika kaping 5 ugi wulan
Januwari, pun Jadikrama wau nyambad ngadegaken griya welit alit, sareng wanci jam sakawan sonten,
sampun dados barukut sadaya, sampun kapasangan amben, dipun gelari kalasa, sami dipun angge
lenggah tiyang sambatan wau sami dipun ing ngoni kaping kalihipun, sareng wanci jam gangsal tiyang
sambatan wau sami bibar mantuk, awit sampun rampung sadaya, ingkang gadhah griya lajeng ngresiki
badhe nata klasa bantal, badhe sipun lihi, griya wau lajeng ebah kados dipun oyoh, kang gadhah griya
medal kalih jelih-jelih, griya lajeng rabah, dalah ambenipun sami jempalik, tongga tepalih sami tandang
tulung, tiyang sambatan dereng dugi griya sami wangsul, sareng tiyang kathah ngalempak, sami taken
jalaranipun, kang gadhah griya mangsuli boten mirsa, boten jawah boten angin, katitik dhudukan saka
lebet, urugipun madhet, saka griya kampung alit gurunipun 6, sami kajeng jati, pangerer molo ander
kajeng jati, saka rawa deling kerep enggal panjang tangsul sami duk daya, amben sami jempalik, bala
pecah rabah kang sampun kalebetaken ing griya, sami wetah boten pecah, punika dados eramipun tiyang
kathah.
============

Ing mangke wonten sesakit, ingkang tumrap dhateng kewan, kapal, maesa, lembu, menda, segawon,
dhatengipun sakitan pasangkan, enggalipun 6 dangonipun 12 jam, manawi boten rujuk jampenipun,
kewan wau lajeng pejah, mila ing kampung Brajasudiran, wonten tiyang gadhah kapal sae satunggal,
kabekta kesah antegar, dipun tawekaken manawi pajeng artanipun badhe kangge bayar sambutan, angsal
kabegjan kathah ingkang ngawis, namung dereng ceceg reginipun, wonten ingkang sampun rujuk ing
regi, lajeng sumados anjingipun aken bekta wangsul kapal wau, lajeng kabayar yatranipun, lajeng kapal
kabekta mantuk, dipun tedhani rumput sae kathah, awit kaetang regi sampun cukub kadamel bayar
sambutanipun, wanci bedhug dalu kapal wau kraos sakit, garobyagan ing gedhogan, dipun tuweni jerum,
gereng bekos-bekos, kang gadhah angupados jampi, sareng enjingipun, kapal pejah jepupung, ingkang
gadhah jaler estri sami nangis sadaya, gero-gero, sambat kenging cilaka, ngantos kalayat dhateng tongga
tepalihipun.
===========

Tuwan C.E.H.Bir ingkang gadhah toko ing loji wetan Surakarta, sampun nampeni barang dagangan
ingkang kakintunaken kalayan kareta latu barang wau awarni lampu petro, liyum kados ta: Lampu
gantung, lampu dhuwuk tuwin lampu teplok, kekep utawi bol wah tedheng tuwin sanesing pirantos lampu
petroliyum, kultir, Switsetir, semon portlan gelas tam, angur, puilak medhok sarta kantenak kemadhok
ing Botol alit sarta ageng, permesli...ma ...kerruni, kawadhan ing pethi, woh anggur, samandhel tuwin
keju, inuma tuwin dhadhaharan punika, sadaya eca-eca sarta murwat reginipun.
Katandhan tuwan C.E.H.Bir.
===============

Kula tuwan A. Vanbiren kang anandhani ing ngandhap punika, angaturi uninga dhumateng para priyantun
sadaya, manawi ing sapunika kula wonten ing Surakarta, amondhok ing griya losemen sarta kula
ambekta barang pangangenipun para tuwan tuwin nyonyah nyonyah, sarta sanesing barang dagangan
warni-warni.
Katandhan tuwan A.Vanbiren.
==================

Kula Tuwan F.H.Jaspres angaturi uninga dhumateng para priyantun ing Surakarta, manawi ing dinten
Senen tanggal kaping 21 wulan punika ing wanci jam 8 dalu ing kamar bolah badhe wonten lelang,
ingkang kasade akathah buk ing tembung Walandi tuwin ing tembung jawi, menggah serat pratelaning
buk wau kenging pikantuk saking kula.
Katandhan tuwan F.H.Jaspres.
=================

Awit ingkang dados partenging panggalihipun ingkang sinuhun kanjeng susuhunan ing Surakarta
Adiningrat tuwan dhokter Semith kaparingan pamit kesah dhateng ing nagari WElandi, laminipun ing
dalem 6 utawi 8 wulan wonten tuwan dhokter Kornelis ingkang kapatah anglampahi pandamelanipun
tuwan dhokter Smith wonten salebeting kadhaton punapa malih salaminipun tuwan dhokter Smith wau
kakesahan dhateng nagari Welandi, tuwan Kornelis badhe adalem ing dalemipun tuwan Smith.
=============

Kula tuwan C.G.A.Bir, ingkang kadhah toko ing loji wetan Surakarta asade barang kados ingkang kasebut
ing ngandhap punika: Poretwin pethak tuwin abrit, birsawung, ulamam, martega, panganan walandi
warni-warni, ager-ager taksih enggal, kaca warni-warni, topi, kang winastan elem ud, cucal perlak,
sendhok tuwin porok berlin lading dhahar damelan Inggris mawi gagang cemeng, sadaya barang punika
warninipun sae-sae sarta mirah reginipun.
Katandhan tuwan C.G.A.Bir.
============

Serat kintunan katandhan Ardapaminta sampun katampen sarta badhe kapacak benjing Kemis ngajeng,
wondening serat kang katandhan Raden Mas ARiya Darmakarya, badhe boten kapacak ing saderengipun
kula angsal katrangan sinten priyantunipun ingkang akintun serat wau.
Redhaktur F..L.Winter.
Ongka, 8, 23 [evidently error for 24] Pebruwari 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun.


Kanjeng tuwan N.A.F.Ariyenes Guprenur ing Sumatra tanah WEtan pikantuk pamit kesah dhateng nagari
Walandi, awit saking sakit.
Tuwan F.A.C.Prefos Kumispisitatir ing Batawi, kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi, awit
saking sakit.
Tuwan J.C.Hesler, Ufkumis ing Dhepertemen Pan Pnansi, kaundur saking pandamelanipun kalayan
urmat.
Tuwan J.E.Langefol notaris ing Bandhung, kaelih dados notaris ing Majakerta,
Tuwan Blom kakulawisudha dados kumisonvanger, ing Singkel.
================

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

Surakarta

CAriyos garebeg, candhakipun ingkang sampun kasebut serat Jurumartani ongka 7, Kados ing ngandhap
punika.
Ing wanci jam sanga enjing Kanjeng Gusti Pangeran ADipati ARiya Mangkunagara, sampun dados cara
Welandi Gruteni, dalah para upsir saaya, sami sampun mirantos baris ing palataran,
badhe kurmat tedhak dalem, Garebeg, pratelanipun abdi dalem prajurit ingkang nama Infantri,
1, abdi dalem prajurit Gernadir kathahipun 100
2, Abdidalem prajurit Prantandang,kathahipun 100
3, abdi dalem prajurit Trunakinathi kathahipun 100
4, abdi dalem prajurit Jayabaya kathahipun 100
5, abdi dalem prajurit Jager Ageng kathahipun 100
6, abdi dalem prajurit Jager Alit kathahipun 100
7, abdi dalem prajurit Kalakina nama-nama putra, lajeng ngalih nama, Usardrahgonder, inggih punika
Kapeleri, kathahipun 120
8, abdi dalem prajurit Staben inggih punika ATeleri kathahipun 100
9, abdi dalem prajurit Sumbamanggala kathahipun 100
10, abdi dalem prajurit Margayuda kathahipun 100
11, abdi dalem prajurit Wiratana kathahipun 200
12, abdi dalem prajurit Jagaantana kathahipun 100

Punika baris urut margi, awit pasewan mangu dumugi margi wates kalih ing margi bawah kasunanan,
gugung abdi dalem prajurit 1320
Raden Tumenggung Jaya SArosa, abdi dalem bupati papatih ing kadospaten Mangkunagaran,
sakancanipun kaliwon panewu mantri demang Rongga ing nagari miwah ing dhusun sami andher
sowan urut pinggir emper pandhapi ingkang ngandhap sesak balabar dumugi ing ngandhap sawo, sami
mengangge grutenijawi, sadaya kampuhan kuluk mathak, rasukanipun awit mantri sak panginggil, mawi
blodir, guron tuwin tangan warni-warni mawi pangkatipun piyambak-piyambak. namung bupati papatih
wau, blodiripun gulon tangan dhadhakebak pinggir palisir kalih dim mubeng, sam ginjene sadaya, , Mas
Pangulu blodir pethak mubeng, gongsa kiyai udan
arum, katata ngeper pendhapi kidul, wetan kilen gongsa monggang, atata paseowan balemangu, gongsa
kodhok ngorek katata margi prapatan peken pon wekasi kidul sareng sampun mirantos pepak sadaya
ajeng gusti miyos saking dalem tedhak ing pandhapi, sadaya prajurit sami baris kurmat, gongsa pelok
salendro mungel sareng kalih musikan RAden Tumenggung Jayasarosa kapengandhapl sami kurmat
medhun saking palenggahan ampit dhodhok asta sami ngapuranci, sareng kajeng gusti sampun lenggah,
raden tumenggung Jayasarosa sakancanipun sami ngadhep ing ngarsa dalem, mukanya kadikonjem ing
siti, para upsir sadala sowan ing ngarsa dalem, sami ngadeg puisisi sangking jejegipun ngantos kados
kajeng kang kinarya tugu, boten antawis dangu angunjuk wedang dhahar ori, sadaya para titindhih sami
kaparingan waradin, sareng sampun
rampung, lajeng dhawuh ngajengaken titiyan dalem kareta pameran ingkang kaparingan nama Kiyai
Condrakanta, damelan saking Eripah saklangkung bagusipun, mawi lentera sakawan cetipun jene mawi
setrip warni-warni, rakitanipun kapal nenem sami tanah Sitni, pulu cemeng nyamber gilen, suku pancal
sakawan sadaya, mawi pethk nabrang, pakeyan damelan saking Engglen katimangsak penunggilanipun
sami pethak salaka kusir tiyang jawi, mawi ngage cara WElandi, calana pethak mawi mantering sangkelat
cemeng kaseratan renda pethak cubeng, topi cara prangkrik, kaplisir renda mawi kuwas, nganggar
pedhang bagongsong jene, kene kathahi
pun tiga, pengangge cara Welandi, calana pethak , rasukan sangkelat cemeng, sami kaplisir renda dalah
topenipun sadaya, sareng sampun mirantos titiyan dalem kareta, drahgunder jawi cara
elandi gruteni, kang badhe dhrek sami mapan, ingkang wonten ngajeng kareta, 25 upsir 1 kang wonten
wongking kareta, 25 upsir, 1 utawi kareta titianipun para putra dalem sadaya, kang sampun jumeneng
pangeran utawi riya, tuwin kareta tumpakanipun para upsir sadaya kang sami dherek sampun sami
majeng, kanjeng gusti wau jumeneng sangking kursi, para militer prajurit sami urmat baris sadaya, para
amtenar, sami kurmat dhowok asta ngapurancang, tabuhan ami mungel, kanjeng gusti tinda k nitih kareta,
ingkang dherek nunggil, sakreta, kanjeng pangeran ariya prabu Prangwadana, lenggahipun Arstelitnan
infantri, punika cawangan, ptra dalem ingkang badhe ing gentosi, kaprabon Mangkunagaran kalih
kanjeng Pangeran Ariya SUryadiningrat kiwa tengen kareta welandi urdens sakawan, irste litnan tuwin
twedhelitnan sami ajudan numpak kapal sarng dumugi jawi regol, kaurmatan kagungan dalem gongsa
mongga, dumugi prapatan kidul, kaurmatan kagungan dalem gongsa kodhok ngorekljane gtindak dalem
sadaya abdi dalem ingkang sami marasowan lajeng sami tugur tengga dalem ngantosi sakondra dalem
daleh abdi dalem niyaga taledhek sami tugur, gongsa gantos gantos ungelipun, sareng kajeng gusti rawuh
padaleman risidhensi, kareta mepet undhak undhakan galdri ngajeng, tedhak saking kareta, katampen
dening kajeng tuwan risidhen, sareng para tuwan sampun tabeyan sadaya, kajeng raden adipati tuwin para
bupati, pamit lajeng sowan pagelaran sapengkeripun kajeng raden adipati lajeng sami tata lenggah sadaya,
sareng kanjeng raden adipati dumugi ngalun-alun para prajurit ingkang baris, sami kurmat sadaya,
kaurmatan rumpul kaping sapisan, sareng sampun tatalenggah pagelaran,panjenengen dalem ingkang
sinuhun dhawuh dhateng nyai tumenggung, abdi dalem
bupati kaparak kiwa tengen, kautus dhateng ngloji, ngaturi uninga dhumateng kanjeng tuwan risidhen
ingkang sinuhun badhe miyos, gadhek bupati kalih wau, sareng mangkat dhateng ngloji, sami ngumbar
rikma, cucul wedhung, lumampah dharat, rencang boten kenigng selak, lampah pun sekar sapasang, sami
mawi songsong, lembahan kalih tindakipun sami, mareng dumugi dalem risidhensi, kanejgn tuwan
risidhen ngadeg lajeng menthukaken.
Cariyos garebeg punika, dereng dumugi taksih kathah sambetanipun malih.
=======================

Surakarta

Kala ing dinten Saptu tanggal kaping 19 wulan punika, ing dalem residhenan wonten pista minongka
kaurmatanipun tingalan dalem taunan panjenengan dalem kanjeng Sribagendha maharaja Willem ingkang
kaping III, angadhaton ing nagari Nederlan, menggah cariyosipun sadaya badhe kapacak ing Jurumartani
ngajeng punika.
====================

Awit saking pawartosipun manawi lembu peresan sabend inten kasukanan tedha mawi kaeworan hedhak
sakojong, punika sakalangkung prayogi, amargi pikantuking puwan mindhak kathahipun
angungkuli kados ingkang sampun kalampahan.
=================
Makasar

SErat pakabaran saking Makasar anyariyosaken manawi loterei ingkang dados kauntunganipun kamar
bolah, dhe Harmoni, ing sapunika sampun wiwit kamainaken malih, ongka 6350 ingkang
katartik medal rumiyin punika angsal ganjaran 1000 rupiyah menggah pratelaning ongka sanesi pun ugi
pikantuk ganjaran atembe badhe kapratelakaken ing serat pakabaran wau.
================

Samarang

Serat pakabaran saking Samarang, kang winastan Lokomotif acariyos kala tanggal kaping 11 Pebruwari
punika, griyanipun tiyang cina anama Lim Kim Cing, ing Samarang kababah dening durjana, ingang sami
mendhet arta kathahipun 12000 rupiyah. Paprentahan pulisi sampun anindakaken dhawah angupadosi
para durjana, mila andadosaken pangajeng-ajeng, bilih angsala katrangan ingkang tumunten.

Surabaya

Kala tanggal kaping 30 Januwari taun punika wonten satunggaling baita anemahi sangsara anggaliwong
wonten ing lepen Jene, meng momoting baita, awarni Jedhisetom tuwin masines sawatawis ingkang sami
silem ing sadinten punika kaupadosan dereng kapanggih bilih wonten ingkang kapanggih badhe
kaentasaken.
=============

Ngawi

Ing Clangaping lepen bengawan wonten baita ugi anemahi sangsara anggaliwang, menggah momoting
gendhis sakathahipun 180 kranjang gadhanipuntuwan Vanrapared ing Ngawi, namung sawatawis
kranjang ingkang katulungan, boten ngantos kasilem.
============

Punika candhaking pepethikan saking cariyosipun Sinuhun ing Prajagung Prangkrik Sang Prabu
ngandika, wis balayar menyang Gropowitse, Sirakonstan inggala marang Mayor Pobran, ngetungngana
pirang menut sawene, goning sun saraketan marang wanudya kang bakal marak, patute mayor bakal entuk
ganjaran ukon mas akeh, sabab karsaning sun wanudya bakal ora age age ingsun ulihake,
Sang prabu nulya mandhuk lajeng anyelaki wiwara kang sampu dipun engakaken dening Konstan boten
mawi sumelang, lajeng amanjing ing kamar ingkang dipun damel ngiyun sang putri, sang prabu ingkang
kala kendel, surya amandeng dhateng wanudya kang wasta Mariyanah pinuju pinarak nunten amenyat
duk amariksani sang prabu prapta.
Sang Prabu Amunandika, Allah nyata ayu wanudya iki, lajeng tumindak malih, sak sana ingkang sinuhun
mungkur wangsul saha nginebiwiwara sarwi ngandika dika rak badhe gineman pyambakan ta, Wanudya
yu mangsuli, sarwi sumuluh netyanipun mila makaten gusti, sabab termbaunging kasmaran saha
pangabekti makaten adat tan migunani bilih kapireng ing liyan.
Sang prabu mangsuli suprandene ora tumuli para tindakake, lagi ing sun mungkur mau, dene ora bacut
para sorek gigir ingsun mongka wus kapara ing sun ungalake,murih bisa angleksanani
kawanteranira.
Mariyanah mangsuli: lo, gusti punapa teksih sumelang dhaeng kawula.
Sang prabu ngandika, ora pisan ingsun sumelang, malah wus
kapara yekti, ingsun dhenger terang, yen goni ra mara tamu
iki, arep ambabarake surasaning kitab, kang slawase saora
pati diandel yektine, rak iya ta sedyanira arep angepyakake
kandhaning wong wedok aran Judin, lan sang Olopernes, sedya
nira arep digawe lalakon ing ngalam saiki, ewadene sanadyan para ibu endah prenane lwir wanudya aran
Judin,manira suthik angemba-emba sang Olophernes ingkang kalbeng paeka dening pawestri, ora kanthi
prayitna, ngantya tibeng tiwas, kawruhanira manira salawase durung tau anuruti kareping nepsu, sabab
wong wedok mengkono, ora amung ayunekang bisa gambirakake atining sun, yen ora dak aji-aji,iya
kamsaora bisa mulut atiningsun,mulane ingsun ora enjoh ngaji aji marang wanudya kang kasmaran
marang priya, kang wus anelukake nagarame ,i;ame amdadelmalawrihanira. yen ingsun ora kena diemba-
emba sang Olopernes, ewadene ingsun mongsa kongsi karsa anampani jenengpara, lamunpara ingsun
upamakake wanudya kang ninggal watakingpraja, nanging ingsun wus terang,yen pekenira iku, bocah
becik, mulane salin panemuning sun, para ingsun aji-aji, karo durung masthi manawa ora dak kasengsemi,
sabab sira iku pancen ayu anom.
MarIyanah sulakipun benter lajeng munjuk,gusti karsa dalem
kula punika punapa kalilan marak badhe dipun wiwirang mind
deng, manawi makaten karsa dalem abdi dalem kalilana, mundur.
Sang prabu amangsuli wuwus semu ambebeda, aja lunga,pekenira
margane ing sun temona, awit arep dakwenehi wiwulang kang
prayoga, mulane aja mundur, kawruhanira yening tembe sira
amilih rowang, kang astiti panggoleke, aja kaladuken gonira
amitaya, karo pekenira dhewe kang prayitna salawase, sabab
wataking batur, iku slawase sakena diglembug, karo dene kang
lumrah sapicis iku, yen di tawakake, waten keliyawatu brani,
batur mau ora bakal kaceonggah amambengi,mulane pitutut manira,baturira wedok, iku orakena sira
tenggenah wadi, sarta wis anyidrani. Mariyanah umatur sarwi daredhek: sok makaten tiyang
estri ingkang anyonthengi dhateng kawula. Sang prabu bangkit mangsuli sarwi mesem: ora anyonthengi
semune, amung ambukak wadi dosane, dalasan ali-ali inten kang para wenehake, lagi pekenira arep
pangkat minongka ganjaran iya maksa ora kaconggahan nekem atine, pekenira apa isih kemutan ginemira
marng wong wedok mau,lagi para upahi ali-ali. Mariyanah semu kalimputan sarwi mangsuli wuh sang
prabu kados pundi naggen kawula saged kengetan. Sang prabu ngandika yen para ora kemutan, ingsun
kang bakal ngemutake, sarwi ngasta serat pethuk ingkang saking komdhan Pisene, lajeng kawiyak sarwi
ngandika: ing sajroning layang iki anyelutake, kalane para amenehake ali-ali, karo wong wedok mau sira
tuturri mengkene: aku wus terang lamun kowe iku weton praja Ostenrik temen-temen sarta bagnet
singitmu marang Napoleyon kang arep ngidak menang sapadha-padha ku kabeh, mulane cipta ku kowe
patute atembe Mariyanah tan mangsuli, nanging sulakipun kucem atumenggengan mulat dhateng sang
prabu, dene sang prabu amiyat sarwi mesem lan ngandika: Mau pekenira angumpetake maujud kang
melik melik rupane ana ing sajroning kotangira, amung maujud iku kang ora dika wruhi rupane dening
rowangira, iku satemene patrem tangpa ratu ku, mau esuk apa sira kapingin weuh ngendi gone tuku, sang
pranu nuli mariksani perak........................ing Pandheyan pasar kul sira bayar patang wukat, patrm mau
ing saiki sira rasuk malah panggonane anyimpen ngapingini banget, yen ta duweya nyawa ingsun buta
repake, nanging apa nalare, ora bacut para wijilake, saha katandukake, apa sira anggugu tuturing wong
meres lamun panjenenganing sun angagem rasukan rante, murih aja kongsi pasah ing braja, kawruhanira
ingsun anglairake bangsaning ratu, lamun jajaning sun nglugas, ora nganggo rangkepan, sarta patremira
lamun kongsi katandukake, ora pisan bakal katinggor ing ngatos: mara ta jajalen. Prinses Mariyanah
sadangunipun kapengandi kanan, pinarak ing korsi, ing mangke lajeng menyat arta muwus, tembungipun
dikasura, sampun ta sampun sang prabu, abdi dalem sampun sami ngentosi ing jawi, badhe ambesta
dhateng kawula, mila ing mangke kalilana kawula andherek masrahaken jiwangga. Mariyanah badhe
anyelaki konten, nanging sang prabu amambengi, dipun candhak astanipun sarwi ngandika. Aja giri-giri
mundur, rak ya durung uwis karepe, dipikira rak nembe malasanut suwene, lan mayor POnbran bakal
mung duwe upah limaas ukon mas, lo dene tumenggengen polatanira, awit ingsun dhnger kabeh, ingsun
dudu juru sulap, nalar mengkono iku, yen kawiyak wadine, lumrah lakune, marata iki
tupiksanenprajangjeyanira, marnag mayor Ponbran. Sang prabu nulya amaringaken serat pethuk, nanging
mariyanah boten anampeni, amung dipun tingali saking katebiyan sarwi matur, lah punika sang prabu,
sampun anelakaken kasengsem kawula badhe anyelaki dhateng panjenengan dalem, ing pangraos,
sanadyan mayor Ponbran anedha asapalih ing barang darbek kawula,
murih saged amarak ing ngarsa dalem, inggih maksa kawula ulungaken, ngibarad dilih saged areraketan
sajam kaliyan panjenengan dalem, punika pengaosipun sasad langkung sakng raja
Brananing dunya.
Cariyos punika badhe wonten candhakipun.
=============

Punika pratelan bab pangecapipun Santra tuwin sanesipun kasebut ing Jurumartani ongka 7.

Kaca, 2, ing serat bab kareta latu, garis 2, saking nginggil mungel lampahing kareta latu punika lepat
leresipun lampahing kareta latu.
Kaca, 3, kasebut ing sreat saking Ngayogyakarta, garis 1 saking nginggil serat kintunan punika lepat
leresipun serat kintunan.
Kaca, 4, kasebut ing serat cariyos ing kampung Krapyak, garis,4 saking ngahdp mungel tangsul sami
dugadaya, punika lepat leresipun tangsul sami duga sadaya.
Redhaktur, F.L.Winter.
==============

Ingkang suka katondha ing ngandhap punika mentas anampani barang panganggenipun para Amtenar
tuwin para priyantun militer, pratelanipun kados ing ngandhap punika.
Renda jene tuwin slaka wiyar lanciyut laken warni-warni
Kancing mawi krun tanpa aksara W, pantes kaetrapaken ing rasukan sekepan.
Katandhan Y. Andriye, ing Samarang.
===============

Tuwan C.E.H.Bir, ingkang gadhah toko ing liji wetan Surakarta, sampun nampeni barang dagangan
ingkang kaintunaken kalayan kareta latu, barang wau awarni, lampu petroleyun kadosta: lampu dhudhuk
tuwinlampu teplok, kekep utawi bol wah tedheng tuwin sanesing pirantos lampu petroleyum, kultir,
switsetir, semen piretlan gelas ram, anggur, puilak medhok sartta kantenak medhok ing botol alit sarta
ageng, permeseli, makeruni, kawadhahan ing pethi, woh
anggur, amandhel tuwin keju, inuman tuwin dhadhaharan punika, sadaya eca-eca sarta murwat reginipun.
Katandhan tuwan C.E.H.Bir.
==============

Kula tuwan A.Vanberen kang anandhani ing ngandhap punika, angaturi uninga dhumateng para
priyantun sadaya, manawi ing sapunika kula wonten ing Surakarta, amondhok ing griya losemen
sarta kula ambekta barang panganggenipun para tuwan tuwin nyonyah-nyonyah, sarta sanesing barang
dagangan warni-warni.
Katandhan tuwan A. Van Biren.
==============

Kareta latu ing Indiya Nederlan

Ing ngandhap punika pratelaning wanci bab angkat tuwin dhatengipun kareta latu, saking Samarang
dhateng Surakarta, utawi kosok wangsul ingkang sampun katamtokaken wiwitipun lumampah kala ing
dinten jumungah tanggal kaping 18 Pebruwari 1870.

Saking Surakarta dhateng Samarang Saking Samarang dhateng Surakarta.


Prenahipun griya stasiyun tuwin panggenan pakendelanipun kareta latu
Surakarta
Kaliyasa
Salam
Lawang
Gundhi
Serang
Telawah
Padhas
Kedhungjati
Tanggung

Brumbung
Alastuwa
Samarang

Saking Samarang dhateng Surakarta

Samarang
Alastuwa
Brumbung
TAnggung
Kedhungjati
Padhas
Telawah
Serang
Gundhi
Lawang
Salam
Kaliyasa
Surakarta

Saben dinten angakd para tayang saged pikantuk serat katir wonten Samarang, Brumbung, Kedhungjati,
Telawah, Gundhi, salam tuwin ing Surakarta, ingkang kangge anumpak kareta latu wangsul wangsul
dhateng sawarnining griya stasiyun tuwinpanggenan pakendelan, menggah regining serat kitir wau ing
dalem salampahan mawi mindhak dados gangsalwelasan. Punapa malih wonten sawarnining griya
stasiyun tuwin pakendelan kareta latu, para tiyang kenging
tumbas serat pranatan bab lampahipun kareta latu, satunggal serat regi 50 sen wah serat pratelan bab
angkat tuwin dhatengipun kareta latu, satunggal sarat regi 10 sen.
Samarang kaping 15 Pebruwari 1870.
Katandhan tuwan Dh.Marsekalek kalih tuwan H.L.Jansen ingkang sami anguwasani bab lampahipun
kareta latu.
Ongka 9, Kemis kaping 3 Maret 1870

Kulawisuhdan tuwinsanesipun

Tuwan Fandhisel kakulawisudha dados Ufkumis


Tuwan J. F. W. F. Obdham kakulawisudha dados Twedhekumis
Tuwan Okerse, kakulawisdha dados Dherdhekumis
Tuwan B. E. J. H. Beki, Dhoktermayor, kakulawisudha dados Inspektur ing ngatasipun damelan
paneming cacar ing tanah jawi tuwin ing Madura
Tuwan Mister, J. A. M. Fankat Baron Dherat Kontelir Irsteklas ing Riyu kaparingan pamit kesah dhateng
nagari Walandi, awit saking sakit.
Tuwan Mister C. Baron Dhefos, Fanstinwaik, kakulawisudha ddos Adfokat Prokurir ing Pangadilan
luhur, ing Indhiya Nederlan.
Tuwan Jonghir H. Kliporet Kok Fanbrugel kakulawisudha dados afanmenter, ngiras dados Figerenkumis
Onfanger ing ingatasing pamupuning beya ing Anyer bawah Banten.
Tuwan A. Keller, kakula wisudha dados Dherdhekumis ing algemenereen kamer
Tuwan A. F. FanAsteret Insinyur Irsteklas ing Ciribon kaelih dhateng ing Surabaya
Tuwan Segas, insinyur Twedheklas ing madiyun kaelih dhateng ing Mentok bawah Bangkah.
Tuwan L. E. B. Borisiyus insinyur Dherdheklas ing Tegal kaelih dhateng ing Madiyun
Tuwan Grunemeiyer, Aspiran insinyir ing Surabaya, kaelih dhateng ing Priyangan.
Tuwan J. K. Plimet Aspiran insinyir ing Pakalongan kaelih dhateng ing Surabaya
Tuwan P. F. Pohelsang, Aspiran insinyir ing Samarang kaelih dhateng ing Purwakarta bawah Krawang.
Tuwan J. C. Prines Opsihterdheklas ing Ternate, kaelih dhateng ing Samarang
Tuwan J. H. T. Dheikman Opsihterdherdheklas ing Surabaya, kaelih dhateng ing Kudus bawah Japara
Tuwan C. Kromut, Opsih terdherdheklas ing Kupang bawah Timur kaelih dhateng ing Ternate.
Tuwan E. A. Ellenbas Opsih Terdherdheklas ing Pathi bawah Japara, kaelih dhateng ing Surabaya.

Surakarta
Sapriki sampun sawatawis dinten laminipun wanci sonten wonten tiyang dhusun sawatawis sami ngadeg
wicantenan wonten sangajenging griyanipun tuwan W, tumunten kadhangen tiyang Jawi satunggal
pangangganipun ragi sae, sasampunipun sami tepangan tiyang ingkang andhatengi apitaken dhateng
titiyang dhusun punapa sami anggagriya ing dhusun Ma, sarta benjing punapa anggenipun badhe sami
mantuk, sareng titiyang dhusun amangsuli yen benjing enjing anggenipun badhe sami mantuk tiyang Jawi
wau lajeng anggadhahi pnedha anitipaken anakipun jaler, mugi kaaterna sarengan lummampah dumugi
ing dhusun Sra, sabab titiyang dhusun wau inggih kedah langkung medal ing dhusun Sra, punika titiyang
dhusun inggih sagah angateraken lare jaler wau, lajeng sami kapurih tumut dhateng griyanipun tiyang
ingknag gadhah anak punika, prenahing griya wonten salebetipun pager banon ing kraton badhe sami
katepangaken kaliyan anakipun, menggah titiyang dhusun wau ingkang kalih lajeng sami tumut
lumampah teng griyaninng tiyang gadhah anakpunika, sarengdumugi sangajengipun kori ing kraton
tiyang ingkang ngajak waulajeng ananjangi dhateng tiyang dhusun kakalih punika, yen tiyang badhe
lumebet ing kraton kaawisan boten kenging ngangge iket tuwin sinjang, tiyang ingkang ngajak kakesahan
wau tumunten anembung kening ga ambektakaken barangipun ingkang sami kabikak punika, nanging
sareng barng sampun dipun tampeni, tiyang wau lajeng kesah boten kantenan purugipun sarta titiyang
dhusun ingkang gadhah barang boten saged angupadosi dhateng durjana ingkang ngapusi wau awit saking
petenging dalu, wekasanipun sami mupus mantuk tanpa mawi iket tuwin sinjang.

Serat kintunan saking Surakarta, kapacak ing serat pakabaran kang winasatan Lokomotif
Kala tanggal kaping 19 wulan Pebruwari tuwan H. dhateng poista ing dalem residhenan Surakarta,
pakurmatan tingalan wiyosan dalem kangjeng raja nagari Walandi, ing sadangonipun tuwan H, wonten
ing ista, tiyang ingkang jageni griyanipun kadhatengan rencang Walandi satunggal asengadika kengken
dhateng tuwan H, ingkang saweg kendel wonten ing griya sositeit kapurih anedha gadhahanipun
grommel, sarehning ingkang jagi griya wau tiyang dhusun bares inggih lajeng angulungaken tromel
ingkang katedha punika, sarta boten anggadhahi manah sumelang.

Sareng tuwan H, mantuk saking pista,, eram aningali trommelipun boten wonten nanging sanalika lajeng
dhateng ing griya sositeit mawi ambekta rencangipun ingkang jagi griya wau, kapurih anitika dhateng
para rencang ing griya sositeit pundi ingkang sampun anedha tromel saking piyambakipun, kalampahan
tiyang dhusun wau angsal titik saged amestani ingkang dados dursila, wondening ingkang dipun dakwa
punika sampun saestu mungkir, nanging cilakanipun kacihna kanggenan barang sawatawis
panunggilanipun ingkang wonten salebetipun trommel mila lajeng kaladosakendhateng pulisi ing nagari.
Tiyang punika anama pun Ranu, kala rumiyin sampun nate dados rencang ing griya sositeid, sapriki
antawis tiygang taun laminipun pun Ranu purun purun nyolong lisah, inggih ugi kalampahan kaladosaken
dhateng pulisi, nanging kala samanten elet kalih dinten pun Ranu kaluwaran malih tanpa paukuman, mila
punika sakinten amumun dhateng pun Ranu anggenipun anglajengaken lampahipun awon, menggah
paukuman ingkang sapunika badhe katrapaken dhateng pun Ranu dereng wonten tiyang ingkang sumerep
nanging bilih pun Ranu boten angsal paukuman tiyang kedah anginten manawi ing dalem sawatawis taun
malih ing nagari Surakarta badhe dados branahan anukulaken wijinipun tiyang awon.

Aliya unika wonten pawartos malih, yen rencangipun tuwan Be, Dhe, saking nagari mantuk dhateng
dhusun ambekta arta, 500 rupiyah, sareng dumugi sacelakipun dhusun Jernggrik kaaniaya dipun pejahi
ing tiyang awon nanging pawartos punika kedah wonten kalyaktosanipun malih.

Bab pratelaning sasakit ingkang tumrap ing maesa.

Maesa ingkang anemahi sasakit boten purun nedha, lajeng gumeter, badan sarta sungunipun karaos panas
sanget, irungipun medal umbel, warni kuning, mripatipun meloler, talethongipun sakedhik wah atos,
boten saged toyan mila ing dalem kalih jam dangunipun maesa wau lajeng ambruk tumunten pejah.

Nalika maesa ingkang pejah kapriksa, wetengipun malembung sarta abuh gurungipun ugi abuh sarta
kadunungan rah, wetengipun malembung sarta abuh, gurungipun ugi abuh sarta kadunungan rah,
warninipun cemeng kados tir, pulungmanah ipun mindhak dados ragi ageng, sarta empuk katingal geseng
mawi tutul abrit, babad tuwin ususipun ing sawatawis panggenan ugi wonten tutulipun abrit.

Ing ngandhap punika pratelaning patrap tuwinjampining maesa ingkang sakit. Manawi wonten maesa
kenging sasakit kkados kang skasebut ing nginggil wau pucuking buntutipun lajeng kakethoka sakedhik
supados medal rahipun ingkang awon, ing wasana kajampenanana kados kang kapratelakakening
ngandhap punika.

Amendhetta toya kathahipun 24 ones, saones punika sadasa bageyan saking sapon, lajeng kaeworan
swapel sing 30 tetes kagodjogaignkang waradin, menggah jampi punika kaombekna sajam sapisan
manawi sampun katingal ragi sakeca, jampi wau kaombekna ing dalem sadinten ping tiga, sasarasipun.

Maesa ingkang sakit wau, ing wanci siyang kacancanga sangandhaping wiwitan sampun ngantos
kapanasen, kaombenan toya kang beneing sarta kasukanan tedha rumput enggal ingkang mentas kaerit
punika dados tebih sakitipun.
Serat kintunan saking Pakalongan katitimangsan kaping 29 wulan Januwari.

Kala wingi enjing wonten baita penjalan satunggal angentasaken tiyang 13 ingkang sami kasangsaran
wonten ing laut jalaran baita kapalingkang dipun tumpaki karem, pinanggihipun tiyang 13 punika sami
kembang numpak gethek satengahing laut tebih saking ing pentasan, ingkang satunggal walandi, sakinten
kapitan bongsa Dhin kaliyan semah tuwin anakipun satunggil taksih lare, lare punika kadunungaken
wonten panggenan ingkang cethek toyanipun,menggah panunggilanipun tiyang ingknag 10 sami bongsa
Cina, titiyang sadaya wau angenipun kekambang wonten ing laut laminipun gangsal dinten tanpa antuk
tatedhan mila sadhatengipun wonten ing dharatan sami katingal lesah sanget amamelasih, nanging lajeng
sami kapitulungan barang pangangge, sarta kapondhokaken wontening griya longsemen .

Baita kapal ingkang kerem wau dhatengipun saking tanah siyem momot alam gereh ingkang badhe
kabekta dhateng ing carebon nanging wonten ing margi prenah sakiwa tengenipun tanah Indramayu,
anotog utawi anumbuk karang lajeng risak sakal sarta sirna, sanesipun tiyang 13 wau wonten malih
panunggilanipun sami tiyang bongsa Cina 20, punika sareng baita kapal kerem lajeng sami numpak baita
alit kalih ini, sarta kejem anilar konca sasarenganipun ingkang sami anemahi sangsara wau, bab
dumunungipun baita kakalih punika sapriki dereng wonten pawartosipun.,

Ing ngandhap punika pratelanipun tampining arta, wragadipun para tiyang kang sami numpak kareta latu,
tuwin arta berahanipun barang warni-warni ing salebeting wulan Dhesember taun 1869.

Wragadipun tiyangnumpak kareta latu ing staklas 12 rupiyah, 60 sen. Wragadipun tiyangnumpak kareta
latu twedheklas 539 rupiyah, 75 sen. Wragadipun tiyangnumpak kareta latu Dherdheklas 1204 rupiyah,
Wragadipun tiyangnumpak kareta latu wungsal wangsul dhateng sawarnining panggenan ing Staklas,
Wragadipun tiyangnumpak kareta latu wungsal wangsul dhateng sawarnining panggenan ing Twedheklas
16 rupiyah, 13 sen, Wragadipun tiyangnumpak kareta latu wungsal wangsul dhateng sawarnining
panggenan ing Dherdheklas 61 rupiyah 72 sen,

Arta wewahaning wragad 109 rupiyah 30 sen, Berahnaning barang warni sandhangan sapanunggilanipun
babektanipun tiyang numpak kareta latu 84 rupiyah 80 sen, Barang kintunan sanesipun barnag dagagnan
131 rupiyah, 33 sen. Berahaning barang dagangan warni-warni 17426 rupiyah, 21 sen Berahaning kareta,
Berahaning kapal 21 rupiyah, brahaning kewan 3 rupiyah 50 sen

Wragad pangintunipun serat telegraf, berahanipun barang warni-warni 22593 rupiyah, 41 sen. Gunggung
42149 rupiyah 45 sen

Serat kintunan saking negari Ngayogyakarta, anyariyosaken, kados ing ngandhap punika.

Kala tangal kaping 25 wulan Dulkangidah sak lebetipun taun punika, griyanipun ngabei, Tirtapuspita,
kampung Jayaningratan, kalebetan ing tiyang dursila kecu, kenging barangipun warni,
1, Seng kang, 2, rakit
2, Su pe, 2 rakit
3, dhuwung. 2 iji
4, tumbak 2 iji,

Barang semanten wau sami kabekta sadaya.


Dursila sareng katukepan tiyang tandang, lajeng lumajer mangetan, anjlok ing lepen Code, suraosing
serat kintunan wau, pulisi saweg pados katrangan.

Panjurung ing Jurumartani, kang minongka nyuwun seserepan.


Saking ardaning kumacelu ananging kasangetan cupeting pambudi kula, mila pamanggihing manah
angontenaken pitaken dhumateng para priyantun ingkang sami putusing sastra lepasing panggraita,
kadidene ingkang sampun kula pilah-pilah ing pitaken kula ngandhap punika.

1, Piaken kula dhumateng kyai Jatisampurna, menggah leresing sastra kados ta aksara: sa, inggih
kadunungan pasangan, ta, punika punapa, sa, dantya, punapa sa murda, awit manawi ing wway karana
angangge sa dantya, kadosta ingkang nyebutaken sastra, sapanuggilanipun, ing mingka kathah kemawon
para priyantun ingkang sampun pantes sinebut sarjana sami ngangge sa murda, kadosta: estri, wastra,
sapanungilanipun, mila sakalangkung andadosaken kodhenging manah ing ngatasipun tyang bodho kados
pun kula.

2, Kula pitaken dhumateng Abdulatip tuwin tiron tiron ambekwelasan, bab katranganipun kaluwung
utawi teja, punika saking wujuding unapa, malih kang winastan galudhug utawi baledheg tuwin rijallolah
punika sami saking swaraning punapa.

3, pitaken kula dhumateng Grenteng, wontening gongsa jawi sawatawis amundhi petanging dinten sngar,
punika wawaleripun sinten utawi wiwit kalajaman punapa, angsal sabab punapa, malih wontening
petangan naga, tuwin pawukon saprabotipun punika wiwit saking punapa.

4, Pitaken kula dhumateng Pawala, sampun sawatawis lami kula angsal serat babadipun kala jumeneng
ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Mangkurat salajengipun anyariyosaken jumenenging nagari
Kartasura opanuju sekar dhandhangendhis ingkang sapada kados ing ngandhap punika.

Paninggelih, areaning nagari, Kartasura adiningrat kala, sang nata pangecane, buda pon arinipun, tanggal
kaping sapta kang sasi, saban alip kang warsa, sah sengkalanipun, mantri sirna reptuningrat, pan
mangkana, sengkalanira ing nguni, adeging kartasura. LO punika tanun ingkang dados kodhenging manah
kula, dene tanggal kaping 7, Ruwah ing Alip marengi dinten Arbo Pon,punapa saking kalintuning paberat
punapa dhasar sampun leresipun amargi manawi kapetang saking kurup punapa dados lampahing kurup
Akadiyah. Saking panywun kula dhumateng pa priyantun ingkang sampun kasebut ig ngajeng wau mugi
sami amarengna lumunturing panggalih anjarwani ingkang andadosaken kaemenganipun ing manah kula,
wasana badhe andadosaken suka pirenaning manah bilih anetepi ing pangajeng-ajeng ingkang boten
anglongkangi.
Katandhan Arapaminta.
=========

Wangsulan dhumateng pun ngunadika, kula maos saseratan sampeyan ingkang tumrap ing Jurumartani
ongka VI, ingkang medal kemis kaping X Pebruwari taun MDCCCIXX, anyariyosaken bab durjana,
mawi sampeyan rengga ing lambang tuwin tuladha, punika ugi kathah ingkang leres namung anggen
sampeyan ngen ngebabi durja punika manggenipun wonten tiyang ingkang kekirangan ingkang dipun
tangisi anak rayat ugi leres ananging ingknag asring medal tekadipun toh Jawa punika priyantun ingknag
bongsa alus awit boten sae mondhong sikul manawi bongsa andhap ingkang kathah dipun lampu beberah
boten gadhah tekad ingkang makaten utawi panimbang sampeyan tiyang durjana ingknag asring kacepeng
punika boten mesthi tiyang nyeret utawi botoh, ugi leres manawi boteoh priyantun ingkang boten kirang
satunggal punapa, wangsul manawi tiyang alit yen nuju kawon saestu manasi bentering manah badhe
ambujeng kawonipun naming sampun telas telasan kados pundi anggenipun boten lajeng anglampahi
kadurjanan sanadyana sampun tentu yen manah nuli kapunika sampun kalebet dhasar pancen tekdhiripun
ing badan boten dumeh priyantun utawi tiyang alit nanging uda nagari ugi kados nginggil punika, yen ta
kagalih suraosipun tiyang botohan punia sampun saingga durjana, anggenipun angangkah dhateng
gadhahaning mengsah, mila yen kawon awas utawi kawon durjana inggih kawon sanes kaliyan para
priyantun punka, namanipun kesukan sanadyan kawona boten dados punapa, mila yen tiyang alit anelad
para priyantun inggih boten kuwawi trekadang anemahi kados cariyosing dongeng, wonten kenthus
amalembungaken badan kepengein samiya kaliyan lembu, inggih ngantos pecah dereng saged memper
samanten malih tiyang nyeret anjawi para priyantun ingkang boten kirang satunggal punapa, punika
malah daos kamuktenipun wangsulan manawi tiyang alit ingkang kirang arta kabentelipun dhateng pundi
yen botena anglampahi durjana, amessipun balebes inggih ngapusapusi sarta saen mila tiyang nyeret
punika salokanipun gangsal prakawis kula mong ditya wanara, ujel kul punika keyong, paribasanipun
boten wonten tutut kados kul nanging tyaksih tutut tiyang nyeret yen nuju dereng nyeret sarta boten
gadhah yatra, saengga kalenger ebah kemawon boten saged.

Mong punika macan babasan sagalakanin gmacan boten kolu dhateng anakipun tiyang nyeret manawi
patagiyan sanadyan anak utawi rayat tapihipun satunggal inggih kolu anggantoaken punapa dene anak
rakyat sami kaliren inggih tega manawi dereng kasekap tadhahipun.

Ditya, tegesipun buda, boten wonten senggrang ingkang ngajrihi kados buta, tiyang nyeret manawi angsal
melik utawi dipun dugi sakedhi asumelangipun punika angungkuli senggrangipun buta tuwin anggenipun
mamedosi ngungkuli pulisi yen saweg parentah angugeri aturanipun tiyang dhusun ingkang kenging
prakawis.

Wanara. Kethek paribasan kethrk punika yen angsal mamangsan anglakungi rame ungelipun tiyang
nyeret makaten ugi, yen nuju kandel tike tuwin pacitanipun sarta teksih ngandhut yatra, punika ramening
wicaraningpun angungkuli wanara, tuwin medal cariyosipun ingknag aneh aneh saben tiyang
dipunungkuli sebda, ngaken saged anjara langit amuter gunung kawu segara,

Ujel punika welut boten wonten lunyu kados welut naming teksih luny wicantenipun tiyang nyeret
sampun saestu boten kenigng dipun gega ing saujaripun upami semados sapeken inggih dados pitung
wulan.
Inggih punika salokanipun tiyang nyeret ingkang tiyang alit.

Namung anggen sampeyan amastani yen para lurah bekel ing mangke sampun kathah ingkang kalajen
rentah katresnanipun dhatengh yatra, punika sampeyan kula wastani ragi lucu, anaming sampun limrah
tiyang wau yen wonten ngandhap utawi meski n aryta, punika saged dipun namung maoni, tur sdaupami
sampeyan punika sugiya arta, utawi dados sapulisi dhusun kimawon kados angunguli ingknag kasebut
ngajeng wau, kalih dene saiba anggen sampeyan kemaruk adhedahawah ingknag angel-angel sarta
ingkang lajeng kengng katebas yatra, mong gadhek enggih makaten naming yen tulenipun lampah
kautamen punika, ugi boten kenigng yen ta kasarenga, kados ingkang lampah kaldunya kaliyan ingkang
kal akherat upami kasarenga temtu kadung kalih pisan wadhaganipun upami priyantun asih dhateng arta,
saestu sakedhik kula warganipun manawi asih ing kulawarga inggih suda artanipun anaming samanten
wau inggih senengan boyten kenging kasami ing tekad punika piyambak piyambak. Sinerat ing Gedhong
bunder kaping XV Pebruwari anunggil taun punika.
Katandhan pun Mardhawa.
================

Atur panjurung ing Jurumartani.

Kula sampun sawatawis lami, boten maos maos panjurungipun kabar mas lurah kartasumbaga, ing
Ngadisuryan, sami sami kula ragi remen anggenipun jolokan angsal saserepan aneh aneh, kula nguruni
kabar ragi aneh yen sampeyan dereng mireng ing jayengan ngriku wonten rare lair mawi sungu kakalih
agengipun saweg sak dhereken prayogi sampeyan terangaken piyambak utawi sampeyan rengga papan
tesipun sampun mawi angggalih kirangipun ing sasertan sampeyan tiyang sampun katingal ing bodho
sampeyan dhateng sastra ugi sami kados kula, namung sampeyan niku dialem ing ngakeh gone serepan
kaweruh aneh, kados cariyos sampeyan ayan nucuk teksaka, punika kula gumun sanget tur inggih sampun
kula manah yen punika sawer kisi saweg lair lajeng sawnen dados gering boten saged oba, ciptaning
ayam sabawau sampun dipun dugi yen punika cacing mila lajeng kacucuk naming ingkang mireng kabar
sampeyaniku enggih sami eram, kalih dene kabar sampeyan untut ingknag aneh rumiyin kados pundi
dadosipun pisang prayogi sampeyan terangaken malih, sampun ajrih yen dipun gemujeng malah inggila
wekas sampeyan mas Lurah
Katandhan pun Gendem.

Punika candhaking pepethikan saking cariyosipun sinuhun ing Prajangung Prangkrik.

Sang Prabu gupuh mangsuli semu anutuh: suprandene mau pekenira arep age-age ninggal, ibagone
ngarani kacingkranganing palimarma, mitranira Ponbran ingkang aneng jaba, mongka angenjani sarwi
anggegem erloji, lan ngitungi ganjarane ukon mas, ayo padha diomberi budi, agineman ing kene telung
jam suwene, basa telung jam iku sedheng suwene wong reraketan, lamun pekenira mijil, mayor Ponbran
bakal ngukup satus wolungpuluh ukonmas, panjenenganing sun bakal anampani kawilujengan sakapara
pawonganing sun.

Mariyanah sadangunipun dipun cecengkis dening sang prabu, sulakipun abrit, netya kamukus sarwi
anglingsemu atatak: gusti sampun kadangon karsaha animbali abdi dalem ingkang sami marasowan,
nunten angunjara ha dhateng kawula, lajeng kasirnakna, lamun kawula saestu dosa, namung panuwunipun
abdi dalem kainggalna kemawon, saged medal saking kamar punika.

Sang prabu ngaljengaken anggenipun ambeda saha saha ngandika, lodene plaralh mati, karo diarani wus
reraketan karo panjenenganing sun telung jam suwene, nanging ya kasinggihyan, lamun nggon manira
kekembulan karo pekenira ora migunani, kaya kang dadi ciptane atinira ing ngarep, sedya mindha mindha
wanudya kang aran Judin, iku bakal ngilangake pengajinira ing wewengkone para mitranira, sabab
akangilon karo pekenira, bakal tuna ing pengandele, manawa karungu warta yen sira ing sasuerne telung
jam raaraketan karo panjenenganing sun, wasana mulih ing madyaning wengi saka kutha Sunbrun, tanpa
anatoni arang kranjang marang ingsun gumilang katemu ing paturon, lah mulane anggonira
adraanyorokake awak ora kena dak tampik, mulane iku amung kang dadi paukumanira, enteknana ta
sawatara.

Mariyanah amaturaris: dhuh gusti bok sampun kalajeng-lajengna, kawula ngaturaken pitobat, boten pisan-
pisan abdi dalem badhe anyelaki ing panjenengan dalem malih, saha kawula sumpah badhe anglangut
andhempis wonten pojoking dunya, kang sampun badhe anebihi aru-aruning praja.

Sang prabu bangkit mangsulo, o yen mengkono sedyanira, ingsun bakal disengit wong sadunya, manawa
tutuwuhing dunya mau kang endah wrenane, kongsi sirna mengkono lakune, sang prabu sarwi mesem:
pekenira iku rak banget endah ayune, ora kuwajiban anyingkirake awak, mulane ingsun mundhut bisa
areraketan telung jam thok dene ing tembe sakarepira, nggonira amerta mertakake, yen pekenira dhasar
sengit marang panjenenganing sun, ugere di andel bae tuturira.

Mariyanah munjuk: sok makaten kawula boten kalin mundur, sarwi daredheg lathinipun, kawula badhe
panjenengan dalem andhek. Sang prabu mangsuli, namung telung jam bae, manawa ugis ya sakarepira,
mulane ing dalem telung jam miku padha gigineman kang pasaja, aja pisan pisan sira upamakake, yen
pekenira ana ngarsaning narendra, upamakna yen manira lan pekenira iku sasatron katemu ing papan
padha kuwajibane, srata padha ngimbal wacana salin anilaakrama, arep rembugan murih tetreming praja,
mulane blakakna ta satemen-temene, apa pekira iku dhadhar sengit manjing, dene kongsi wani-wani
anyelak sedya amerjaya marang panjenenganingsun.

Mariyanah amangsuli, sarta kumukus netyanipun, panjenengan dalem anjiyat supados kawula apasojowa,
inggih sabdika angladosi, kaserepanana, bilih saestu kawula gething dhateng panjenengan dalem, dene
awitipun inggih punika awit kawula panjenengan dalem tundhung sakin gkitha gung Paris prisasat tiyang
anglampahi pidosa ageng, kala samanten saestu nipun ubaling sengit kawula, saha abdi dalem sampun
anglairaken pisumpah mila kawula angugemi pisumpah wau, saingga anyelak mriki, badhe angleksanani
budi, kang saestu kangge pakarti ingkang saklangkung utami denin gpraja ing dhitselan, sae dening
sakurebing dunya, ing satuhu panyipta kawula badhe anyitnakaken dhateng panjenengan dalem, murih
angluwari dunya saking cangkreming janma paripaksa , ingkang angerut dhatengdunya wau, ing saestu
kawula angandhut patrem ngimba imba wanudya jurid badhe anyidra dhateng sang prabu, saupami
ngantos lineksanan iba pamujining janma ing dunya, amesthi aran kawula kasengkakaken dunugi
sarupining kartika, sarehning sapunika tuna dukap, amesthi kawula kadados pocapanin gsaha
papoyokanin gtiyang kathah,lo punika gusti atur kawula ingkang temen, manawi panjenengan dalem
teksih karsa maiben punika wrenining patrem ingkang kawula kandhut ingkang badhe kawula tandukaken
ing panjenengan dalem , sarehning ing sapunika boten amiyatjani, dados patrem wau kawula aturaken ing
sampeyan dalem, ing tembe amalihya dados wijining sawer, pamuhi kawla pawingkingipun sageda
anuwuhakensarupining bayaita, ingkang saged lawan dhateng panjenengan dalem.
Cariyos punika badhe wonten candhakipun.

Serat ingkang anyariyosaken bab kabopaten ing Purwareja, badhe boten kapacak awit kirang terang
cariyosipun.
Serat kintunan saking lamongan ugi kadhe boten kamacak amargi cariyos kang kasebut ing serat
wau,kirang maedahipun.
Serat candhakipun cariyuos garebeg badhe kapacak ing kemis ngajeng punika.
Redhaktur F.L. Winter.
Ongka 10, 10 Maret 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Tuwan O.K.Fandher Mirmor, kumisbuk Odher ing paResidhenan Palembang, kaparingan pamit dhateng
ing nagari Walandi, awit saking sakit.
Tuwan C.L.F.Pos kakulawisudha dados insinyir twedheklas anguwaani gedhong gedhong yasaning
kanjeng gupremen
Uwan W.Fansloten kakuwisudha ddos twedhekumis ing dhepartemen Fanodherweis.
Tuwan Sleipe, 2, tuwan Seik, 3 tuwan Ledhelmeiyer, sami kakulawisudha dados Dhedhekumis ing
Departemen Fanodherweis.
Tuwan fandherbik, kakulawisudha dados kumising apen dheparetmen ing Surabaya,
Tuwan Dhuweltes kakulawisudha dados apenmister ing Pontiyanak.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

Surakarta

Kala tangal kaping 16 Pebruwari kang sampun kapengker, wonten tiyang jawi sampun sepuh kasrempet
ing rodha kareta latu, wonten ing pernah dhusun Lawang, ingakng kenging kemapol suku
ingknag tengen, tiyang wau ginanjar taksih gesang, ing sanalika bekta dhateng griya pasakitan ing
Surakarta, salajengipun dereng kenging katamtokaken
Serat pakabaran kang winastan Dheporstenlandhen anyariyosaken manawi margi ageng wiwit saking ing
Jurug dhateng Karangpandhan ing sapunika sakalangkung risak awit ing margi wau wonten kalen
sawatawis kangge angilekaken toya saking sasabinan dhateng sanesipun.

Kala tanggal kaping 10 wulan Pebruwari,kang kapengker punika.


Tuwan a.B.C.Dhesenje, ing Karanganom, malebet dhateng nagari Surakarta, numpak kareta
gadhahanipun piyambak, katarik kapal sakawan, sareng dumugi margi simpangan kareteg ing
Wongga, irkareta tugel satunggal,lajeng dipun tangsuli ngeduk, mawi gapit pring, kekah malih
dumugi delanggu kapal boten saged lumajeng, sabab saking baladher lebet, kathah selanipun
ageng-ageng wah boten waradin, sareng sontenipun tuwan Dhesenje mantuk saking nagari, bekta
anak bojo, sareng dumugi pos Delanggu mangidul, dumugi kuwel,kareta lumampah piripun tugel
kaping 3, indhenipun tugel, wekasanipun sami dharat, dumugi karanganom, tebihipun 5 pal,
kareta sami dipun godhi,lampahipun kados garobag karatik sapi, punika awit saking sami samiya
margi bawah ing surakarta ing mangke kalebet awon piyambak saupami ingkang gadhah bageyan
garap margi wau,kadhawahannumpak akreta utawi bendhi, kados inggih gadhah tepa tepa,dhaeng
sakathahipun para tuwan, sak panunggilanipun ingkang sami numpak kareta.

Cariyos Garebeg, candhakipun ingkang sampun kasebut serat Jurumartani ongka 8, kados ing ngandhap
punika.
Utusan dalem, gandhek priyantun bupati kakalih, sareng kapanggihan,kanjeng rtuwanResidhen,lajeng
sami tatabeyan, gandhek kalih wau lajeng andhawahaken dhawuh dalem,kados ing ngandhap punika.
Tuwan Residhen, ingjengandika tampi timbalan dalem,ingkang tabe ingkang sinuhun, kanjeng
susuhunan, ingkang tabe kanjeng ratu Pakubuwana, ingkang tabe kanjeng ratu ageng, ingkang tabe putra-
putri dalem, sadaya dhumateng ijengandika,kaliyan garwa ijengandika,kanjeng tuwan Residhen mangsuli
tarimakasih.
Gandhek wau lajeng dhawahaken malih sambetipun ngajeng wau kados ngandhap punika.
Ijengandika, kapatedhan uninga, yen ing mangke ingkang sihuhun kanjeng susuhunan badhe miyos
garebegan, ingjengadika katimbalan, ing sapunika, kanjeng tuwan Residhen mangsuli baik.
Sareng sampun telas dhawuhing timbalan dalem, gandhek bupati kakalih wau, lajeng sami bikak kuluk
tatabeyan malih wasana gandhek kalih tumunten sami awangsul, boten antawis dangu kangjeng tuwan
Residhen, lajeng anindakaken adat, sareng gandhek sampun mengker, kareta lajeng majeng,kanjeng
tuwan Residhen, kanjeng gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, sakpanunggilanipun para tuwan
sadaya, lajeng sami mirantos,kanjeng tuwan Residhen lajeng mangkat nitih kareta setasi, katarik kapal
sakawan, ing ngajeng kajajaran, drahgonder welandi sami ngangge gruteni, kathahipun, 6,7 kalebet
Bragedhiir, ing wingking kareta kadherekaken Drahgunder 6,7, kalebet bragedhir, kanjeng gusti Pangeran
Adipati Ariya Mangkunagara, nitihh titiyan kareta pameran, katarik kapal rikatan, 6 kang dherek sampun
sebut kala angkatipun saking dalem, lajeng kareta titiyanipun tuwan, asisten Residhen lajeng para tuwan
sadaya,lampahipun sareh, kapurih sampun ngantos numbuk lampahipun gandhek wau, sakingkathahipun
kareta, lampahipun urut satunggal, dados dulur lampahipun asring dinulu, sareng dumugi ing ngalun-alun
kaurmatan ungelipun sakathahing gongsa, tuwin sakathahing para prajurit ing kang sami baris sadaya,
dumugi pagelaran sakilen pinarak dalem bangsal pangrawit, kareta kendel,lajeng sami medhun saking
kareta, kanjeng tuwan Residhen,minggah sitinggil, lajeng kairid sarenglampahipun gandhek kalih wau,
sareng medhun saking siti inggil, malebet kori brajanala, kaurmatan abdidalem prajurit ingkang sami
baris, minggah kori kamandhungan, medhun ing srimenganti,kaurmatan para abdi dalem prajurit malih
kanjeng tuwan Residhen, tuwin para priyantun ingkang sami dherek sadaya, lajeng sami bikak topi, lajeng
malebet ing kori srimenganti, gandhek kalih wau nyimpang, lajeng kapethukan, nyai mas tumenggung
estri kakalih, kirid malebet dumugi ngajeng taratag pendhapi, tumenggung estri kalih nyimpang. Kanjeng
tuwan Residhen sak panunggilanipun,minggah taratag, malebet ngancik minggah ing pandhapi,
panjenengan dalem ingkang sinuhun, kanjeng susuhunan, jumeneng saking palenggahan dhampar
kancana gadhing, kanjeng tuwan Residhen,lajeng nyelak amurugi tatabeyan, tuwin bagebinage, sareng
sampun rampung,lajeng sami atatalenggahan, lenggah dalem ingkang sinuhun, kalih kanjeng tuwan
Residhen, maeng mangaler, para kanjeng Pangeran putra dalem pernah sepuh,lenggah kursi majeng
mangetan, urut mujur mangaler, kanjeng gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, tuwan kodhan,
tuwan asisten Residhen,lenggah kursi majeng mangilen, urut mujur mangaler, ing wingkingipun para
tuwan sadaya,lenggahipun kursi kalapis-lapis, dhdhep sirep sadaya jiwa boten wonten ingkang sebawa,
para kanjeng Pangeran sak panunggilanipun, ingkang sami ngadhep wonten ing ngarsa dalem, sami
tumungkul sujud, mukanya saengga konjem ing pratala.
Ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan angagem pangageman ageng, inggih punika Gruteni jawi, agem
dalem kuluk mathak biru laut, nyamatipun cengkeh, rikma katangsulan gilig alus, lajeng kaore, rasukan
sikepan ageng, sangkelat cemeng kablodir, gimawi bareci, ing jonggadumugi jaja kebak, sairib kadi
manteringipun, kanjeng tuwan ageng ing Nederlan Indhiya, sarehning rasukan sikepan, dados ing
ngandhap mubeng sami kablodir sadaya, agem dalem kancing sela inten barliyan, jawi lebet, sami maripat
satunggal agengipun sami sakalungsu, ngagem bintang kumandhur saking paringipun, kanjeng sri
bagendha maha rajja, tumrap satengahipun jajaleres, tangsulipun pita, dipun sadhangaken ing jongga,
punika tandhanipun sampun kasarira dening panjenengan dalem,kanjeng sribagendha maha raja wau,
ngatingalaken saking panggalih sukci, setya tuhu tan kagungan pangandika kakalih, inggih punika
tetepipun kalpatollahi, kang sampun katetepaken nama wakilipun gusti ingkang maha agung, kalih
ngagem bintang karaton pusaka jawi,tumrap ing jajaka pering kiwa, leres ing pambayun, cairyos
panggenanipun atisannubari, warninipun bintang, tengah panunggulipun ijem,jumerut ageng bunder
sakrupiyah, dipun gosok baryleyan, dipun arak mirah dalima sami gosok kan barliyan sadaya, lajeng
lincip nestha wolu, punika sela inten barliyan, pucuk wonlu sami mawi panunggul sadaya, dados
cahyanipun saengga lintang panjerina sangaiji, kakumpulaken dados satunggal,inggih punika ibarat
kawujudanipun, kang dipun cariyosaken ati sanubari, mila kadekek leres ing parnahipun, asta dalem
kakalih, punika ngagem supe inten dhapur bandhilan, gosokan barliyan, namung dhapuripunwarni-warni,
kathahipun wolu, agengipun ngantos ngungkuli asta dalem sakathahing dariji wolu, punika supe pusaka
karaton, ing tanah jawi boten wonten ingkang gadhah,ngagem kampuh wngun cara panganten, samparan
kialih,ngumbar konca mawi kaampil, paningset ukup gubengan, calana cindhe gubeg, karendha blodir
mawi bareci, agem dalem canela, katronyok ing sela inten barliyan, ampeyan dalem kebak, mawi
panunggal sanga sisih ageng sadaya, dados manawi tumindak lumampah, kasawang cat katingal cat
boten, wujudipun sarira dalem, awit kasulak sakathahing sorot pangageman dalem wau, gilar giliripun
kadi rinubung ing kilat thathit, tuwin sangking gunging prabawa karaton, lenggah ing dhampar jinem tan
mawi ngandika, liya ingkang sampun katamtokaken, pangandikanipun nata kang sampun kalebet ing adat
karaton, ing ngayap sagung pawongan, badhaya, sarimpi manggung katunggung, dhedhekan, edhegan
kang endah eni warna panganggenipun, kang sami ngampil-ampil, dherek tedhak dalem, badhe miyos
garebeg, sairib kadi cariyosipun,nalika sangyang Jagad pratingkah,miyos siiwaka, dipun ayap sakathahing
para widadara-widadari, sakethi kirnag sawiji, kang mimba sakathahign para dewa, ing samangke kathah
ing para putra santana dalem, ingkang sami jumeneng Pangeran, punika sampun sami pepak ing ngarsa
kanan kiring wingking dalem, pangkat pangkat pernah tuwin palenggahanipun namung kanjeng gusti
Pangeran Adipati anom, sudibya raja putra narendra Mantaram punika ingknag celak ing ngarsa dalem,
parnah ing kanan, ing palataran kebak, sakathaing abdi dalem, warni-warni panganggenipun, tuwin
pangkat pandamelanipun.
Cariyos punika, taksih wonten candhakipun.

Ing Nusupan, dhusun Paminggiran ing Surakarta,kala tanggal kaping 4, wulan Maret punika, ing wanci
dalu, griyanipun rondha, wasta Bok Kuncung, punika dipun kecu, ngantos saengga prang rame, tiyang
patrol ing Nusupan pejah satunggal, lurah ing Nusupan anandhang tatu, ing wekasan kecu mundur, boten
angsal-angsalan, adadosaken salang gumun, ing wektu punika dereng angsal titik.

BATAWI

Tiyang Sundhah awasta Jibah ingknag mejahi tuwan Keiper, Asisten Residhen ing Mister Korneles nalika
irid dhateng ing Batawi, tiyang wau lajeng pejah wonten ing margi.

SURABAYA

Ing nalika kaping 17 Pebruwari ingkang sampun kapengker punika, pabrik srutu, gadhahanipun tuwan
Dhoyer, ing Surabaya, kaleres kamar panggenan pangisisipun srutu, punika kabesmen, jalaranipu latu
boten wonten ingkang nymerepi, nalika saweg mubalipun,katingal anguwatosi sanget, nanging
kadadosanipun enggal sirep, awit saking rikat cakutipun ingkang sami tutulung, menggah sata utawi srutu
ingkang sami katut kabesmen, kateksir wonten pangaos 4000 rupiyah.

…ret telegrap salomg surabaya. Lajeng kapacak ing serat pakabaran saking Samarang, anyariyosaken
manawi lotrei ing makasar ing sapunika samun awit kamainaken, ananging dereng rampung, ingka
ingkang angsal kauntungan, kasebut kados ngandhap punika.
14704………………….50000 rupiyah
10571…………………. 15000 rupiyah
1208…………………………..1000 rupiyah
5483………………………..1000 rupiyah
806………………………..1000 rupiyah
1082………………………500 rupiyah
1052………………………500 rupiyah
1562………………………500 rupiyah
2033……………………..500 rupiyah
4010……………………..500 rupiyah
5803…………………….500 rupiyah
8909 ………………….500 rupiyah
12859…………………..500 rupiyah
Ongka 14704 tuwin ongka 10571 sami kasade ing Samarang. Wondening kados ingkang kasebut ing serat
telegrap sanesipun punika wonten sulayanipun ing pratelan, kadosta ongka 806 punika pratelakaken
dados ongka 860, ongka kakalih wau pundi ingkang angsal kauntungan salah satunggilipuun, dereng
wonten katranganipun.

Serat pakabaran ing Pasuruwan anyariyosaken sampun anampeni pawatos saking Bahrawa, yen pethi arta
ingkang kadekekwonten ngemper ngajeng ing dalemipun tuwan militer komanddhan mawi ka…deni
prajurit jagi, punika kabikak ing dursila,isinipun arta kapendhet ingkang warni ringgit sakampil,
sakathahipun saradhadhu bongsa Aprikan ingkang sami jagi ing waktu dalu nalika icalipun arta wau,
lajeng kinunjara sadaya, nanging boten amikantukaken katrangan sinten ingkang sampun anyolong arta,
saradhadhu Aprikan wau kaluwaran saking kunjaran para pandung ingkang mendhet arta sami pinanggih,,
sabab para saradhahu Aprikan punika dereng dangu anggenipun medal saking kunjaran taksih wanci
siyang lajeng sami andhudhuk pendhemanipun arta anggenipun anyolong wau, kalampah tumunten sami
kacepeng.
Serat pakabaran ing Pasutuwan anyariyosaken malih wonten tiyang estri dados semahipun tiyang kriya,
saha manggen wonten pasitenipun tuwan Watinweinen ing tanah Prangkaam punika rencang lare
medaling gangsal iji, kanjeng ratu Piktoriyah amaringi ganjaran arta dhateng tiyang estri punika
kathahipun 84 rupiyah, tiyang estri wau anggeniun manak sampun rambah kaping tiga punika, ingkang
kaping kalih rumiyin saben amedali laret estri tiga, dados anggenipun rencang lare rambah kaping tika
angsal anak sawelas sadaya wilujeng sami gesang.

PARIS

Wonten satunggal dhokter awsta Samaskonstantin, ingkang sampun kalih dasa taun kakesahan amideri
dunya, saantukipun kakesahan saking Epte anumak kareta latu Irstiklas saking arselye dhaten ging kitha
Paris kareta latu wau kasewa piyambakan, sarehning dhokter karaos sanget sayahipun lajeng tilem kareta
latu mandheg ing griya stasiyon kang winastan Ronyak, inggih punika kendeling lampahipunkareta latu
ingkang kaisan saking Marsellye, sareng sampun mangkat saking ing ngriku, dhokter kilap kagetr saking
tilem,salajengipun aningali satunggal tiyang, ingkang sampun pinanggih lenggah ajeng=ajengan kaliyan
dhokter wau, tiyang punika anggenipun tumut numpak kareta latu nalika mandheg wonten ing griya
satasiyun Ronyak wau, sareng sampun lumebet korining kareta lajeng kainepaken sakalangkung eram
manahipun dhokter wau,aningali tiyang punika, ingkang dereng dipun wanuhi dhokter wau mila
apitakenpunapa piyambakipun sumedyua badhe kesahdhateng Paris tiyang wau amangsuli manawi
piyambakipun anumpak kareta latu namung dumugi ing griya stasiyon kang winastanArle, sarehning
griya punika kaprenah celak sakingronyak mila dhokter boten anggadhahi manah suselang, lajeng
tilemmalih, ananging boten antawis dangu dhokter sakalangkung kaget malih, awit piyambakipun
kagebag dening tiyang wau, kalayan penthung ingkang mawi penthol timah, ngantos kataton ing
sawatawis,dhokter sumedya anglawan ananging ical karosanipun awit wedaling grah saking tatonipun
mila dhokter punika tan wande badhe tiwas, saengga kareta latu sampuna tumunten mandheg ing griya
stasiyun alit kawastanan Sangseamas badhe amendhet toya ingkang kangge angiseni jedhi, saandhegipun
kareta latu tiyang durjana lajeng kesahlumajeng, mila tuwan dhokter boten kalajeng katiwasan sarta
tatonipun ing sapunika sampun boten anguwatosi.
Awit saking pawartosipun ingkang kapacak ing serat pakabaran winastan Golawah tiyang durjana sampun
kacepeng wonten ing Nuklis awit kacihna kataton tanganipun tuwin kupingipun tilas kacakot dening
dhokter wau, mila lajeng kacepeng.

Atur panjurung ing Jurumartani


Kula sampun amaos serat Jurumartani, ongka 9, Kemis kaping 3 Maret 1870, ingkang wonten
tandhanipun pun Gendam, kula ugi saklangkung bingah,pun Gendam angengetaken kabar kula bab tuntut
kados ingkang sampun kula aturaken wontening Jurumartani, ongka 43, kemis kaping 28 Oktober 1869.
Mila kula lajeng boten ngaturaken malih, awit tuntut sareng sampun masanipun telas ing nguwoh, lajeng
kaundhuhan ta wis tigang dinten wau pisan lajeng garing, saking kaken manahipun ingkang gadhah, wit
pis salajeng kategor, kula lajeng boten ngaturaken awit saking punika, sangking karsanipun mas Gendam
mundhut dugenipun inggih amung punika.
Denten atur kula wonten ayam nucuk sawer, sangking panggalihipun mas Gendam,punika sawe kisi
saweg lair lajeng sawanen, punika boten yen kula matura dora, kula saklangkung ajrih, anglebetaken
wontening kabar Jurumartani, awit boten wande, dipun dukani para priyantun ingknag sami mriksani
kabar Jurumartani.
Wangsul kabaripun Mas Gendam ing Jayengan wonten rare lair mawi sungu kalih, agengipun sawek
sadherekan kula saklangkung gumun, kulanyuwun katranganipun wau rare edal jaler punapa estri,mugi
mas Gendam anglajengna kabar rare punika, kalayan kula ngaturi wuninga dhumateng mas
Gendam,menawi kula badhe ngaturi kabar ing Jurumartani, malih, lajeng kepalang wonten priyantun
singedan nama pun Gendam, punika lajeng dados aken pakewed kula,priyagi nama bares kados kula
punika, 7,3,70, Katandhan M.Kartasumbaga.

Punika candhaking cariyosipun ingkang sinuhun ing Praja gung Prangkrik.


Mariyanah nulya angogoh patrem dipun unculaken celak sampeyaning sang prabu Napileyon sarwi
angling gusti ing sapunika punapa panjenengan dalem dereng karsa angunjara dhateng abdi dalem.
Sang prabu Baud amangsuli tembungipun arum amanis apa sababe ingsun kongsi angunjara marang sira,
tembunging wanudya yu mongsa gek bisa anatoni panjenenganing sun,wondene bab pikirembug kang
durung ana yektine, iku ora pisan ing sun patrapi kukum, tanganira wong resik ora kacipratan dosa,
ingkang luput mu patremira mulane ing saiki patrem mau ingsu nidegi,mokal bangsa lawan marang
panjenenganing sun,nulya sampeyan dalem kapapanaken inggiling katga, sarwi amajeng dhateng
mariyanah lan ngandika.
Lagi pekenira nembe sapisan amarak ing panjenenganingsun sira diutus dening Preappense, karoo
ngampil layange, lah saiki apa pekenira diutus maneh dening Grappopanse, dikon nganpil patreme.
Mariyanah anjola anulya munjuk manggihya dhendhaning ngalah, boten pisan gusti kula sang
Prapepropanse, semerep kajeng kawula, kalih dene boten wonten ingkang semerep ciptaning manah
kawula,lan kawula boten gadhah konja ingkang byantoni.
Sang prabu ngandika, sok mengkono amung anuruti benduing atinira, apa mulane pekenira asengit
menaynag panjenenganisun, apa ingsun wus tau aminunani, dene padha duwe sesengitan, lan padha
ninggal panjenenganingsun.
Mariyanah matur: panjenengan dalem andangu darunaing sengit awit panjenengan dalem sampun akarsa
nglembur praja ing Dhitslan kakiyuksa akalorod dados nagari Prasman, saha karsa mundhut kuwajibaning
lan kaluhuraning para tiyang tanpa lawan dugi prayogi,kene, panjenengan dalem karsa andangu
marginipun para tiyang sami anilar dhateng panjenengan dalem atur kawula ingkang dados nalar awit
panjenengan dalem sampun karsa angremuk pisumpah dalem dangu dangu panjenengan dalem kula
upamekaken jalma duraka.
Sang prabu ngandika,lah dalah saiki kadluwrung, apa dadak ana kang bakal mambengi.
Mariyanah anyambeti semu ladak: amambengi karsa dalem badhe ambesta dhateng kawula.
Sang Prabu bangkit mangsuli: lamuning sun angunjara marang sira, mesthi banget bungahira, mulane
ingsun tan karsa anindakake,mara entekna pituturira, imba-imbanen kaya wanudya luwih karan
Germaniyah, prapta sedyane arep andakwa marang panjenenganing sun, maratuwuhen lagi kapan ingsun
cidra ngubaya.
Cariyos punika taksih wonten candhakipun.

Tuwan Slir Lobato enko, ing sapunika sampun ngadekaken toko ageng kanamakaken, Basar Surakarta ,
menggah ingkang kawade kadosta, dhadhaharan tuwin inuman anggur, bir, sapanunggilanipun warni-
warni, srutu, kaca, pigura, wadhah inuman dadamelan…… warni-warni, tuwin dolanan rare.
Barang sanesipun taksih kathah sarta endah-endah.
Katandhan tuwan Slilobato enko.

Toko Buku di Samarang


Tuwan-tuwan G.C.T.Van Dorp & Co
Baru abis mengecapkan satu buku jawa, seperti dibawah ini bunyinya.
Punika serat waosan cariyosipun tatkala pasamuwan ageng ing nagari Batawi, mawi sekar macepatan.
Harganya franco di post f.350.

Tontonan komedhi
Tuwan T. Wilan sampun pikantuk lilahipun kanjeng tuwan Residhen ing Surakarta, bilih ing dinten Senen
tanggal kaping 14 wulan punika, wanci sonten badhe angatingalaken kasagedanipun main
tali..sapanunggilanipun ingkang sakalangkung sae,
Musik ingkang badhe kangge saking ing loji ageng, awit sampun ka..lan tuwan Militer Komandhan.
Bayaranipun tiyang satunggal 2 rupiyah 50 sen
Bayaranipun rare umur 12 taun mangandhap 1 rupiyah, 50 sen
Wiwitipun main wancijam 8 sonten.
Bilih wonten priyantunkarsa amilih panggenan ingkang badhe kalenggahan punika kedahtepang rembag
rumiyin, benjing ing dinten Akad tuwin Senen ing ngajeng punika, wanci jam 8, enjing dumugi, jam 12
siyang, samanten wau mawi bayar wragad.
Katandhan tuwan T. Willan

Punika pratelanipun lepating pangecapipun sastra, kasebut ing cariyosipun ingknag sinuhun Naoleyon
kadosta:
Ingkang sebut ing garis 9, saking ngandhap mungel kasengkakaken punika leresipun kasengkaken.
Ingkang sebut ing garis 9, saking ngandhap mungel tunadukap punika leresipun tunadungkap
Ingkang sebut ing garis 7, saking ngandhap mungel gusti lerseipun…..
Ingkang sebut ing garis 4, saking ngandhap mungel amiyatanileresipun amiyani,
Redhaktur F.L.Winter
===============
Ongka 11, Kemis kaping 17 Maret 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

1, Tuwan W.F.K.L. Dhepogel Asisten Residhen Nederlan bawah


Samarang,
2, Tuwan J.E.P.Kenis Insinyur Twedeklas ing ngatasing pandamelan
waterstat,
3, Tuwan G,J.Putman Kramer, Afenmister ing Riyu,
4, Tuwan P.J.Fostehut,
5, Tuwan F.W.Winter guru ing pamulanganing calon guru Jawi, ing
Surakarta, sami kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi.

Tuwan Mister H.M.J.Prangken kakulawisudha dados Adpokat tuwin Prokururing magnadilan Justisi ing
Surabaya.
Tuwan GG. Fanbenengen kakulawisudha dados Telegrapis twedeklas ing Majakerta.

Paresidhenan Palembang
Tuwan J.H.H.Dorenseif kakulawisudha dados Kontelir Irsteklas
Tuwan M.Lip kakulawisudha dados Kontelir Dherdheklas
Tuwan J. Burep kakulawisudha dados amtenar Terbeskikeng

Dhistrik Lampong
Tuwan E.Winfkwl kakulawisudha dados Kontelir Dherdheklas

Borneyo Wetan
Tuwan a.H.Pabeyus kakulawisudha dados Kontelir Dherdheklas
Tuwan J.Ondhenboreh, kakulawisudha dados Amtenar Terbeskikeng

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

Surakarta
Benjing tanggal kaping 22 wulan Maret punika, ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan ing Nagari
Surakarta kagungan karsa badhe amikramakaken putra dalem putri sakawan pisan.
1, Bendara Raden Ajeng Samsikin katrimakaken dhateng Kanjeng
Pangeran Ariya Suryadipura
2, Bendara Raden Ajeng Rahmaniyah, katrimakaken dhateng Ondermayor
Raden Mas Tumenggung Wiryadiningrat putranipun Kanjeng Raden
Adipati Sasranagara.
3, Bendara Raden Ajeng Samsimah, katrimakaken dhateng Kanjeng
Pangeran Ariya Adinagara.
4, Bendara Raden Ajeng Samsinah, katrimakaken dhateng Raden Mas
Kusumaarja, putranipun Kanjeng pangeran Ariya Suryakusuma.

Panggihipun panganten saha pakurmatan pista badhe kalampahan wonten ing dalem kapatiyan anetepi
adat ing kraton Surakarta, wondening pakurmatan pista punika kadamel rambah kaping kalih ingkang
sampisan benjing tanngal 22 kaping kalihipun benjing tanggal kaping 30 sami wulan Maret punika.
Kala dinten Septu tanggal kaping 12 wulan taun punika, wonten lare saweg umur antawis 6 taun
lumampah wonten ing margi ageng ler kilenipun Mas Bei Wiradika, ing kampung Kapatiyan, ing wanci
jam sadasa enjing ,wonten kareta langkung saking wetan badhe mangilen, lare wau kaget lajeng kaandhak
kakangipun, sarehning rea lusmen kapal nenem, kasambuk mawantu-wantu, dados kapal lampahipun
satengah bandhang, mawi ngiwa nengen lampahipun, lajeng anunjang lare wau, ngkang lajeng kagiles ing
rondhaning kareta, kang tatu gulu iring nerus dhateng kuping, kasareng tiyang wewadeyan sami jeleh,
kusir mareng kapal kasambuk lajeng kabandhangaken, lare kabekta matuk dhatng griyanipun, badan sami
biru rah daladag, bapa biyung tiyang kampung Mandurarejan, inggih bawah Kapatiyan, sareng misa
anakipun bilahi makaten, lajeng sami jeleh, nangisi, bapakipun lajeng lumajeng nututi kareta ingkang
giles anakipin wau, nanging boten saged kacandhak, menggah lare ingkang tatu wau, dereng tamtu pejah
gesangipun.

Saradhadhu Walandi anama, Kles Irste Bataliyon ingkang sakit kapulasara wonten ing griya pasakitan ing
Surakarta, punika kala tanggal kaping 28 Pebruwari kang sampun kapengker, wanci jam 2,1/4 dalu kesah
boten kantenan purugipun awasana pinanggih pejah ngadeg wonten ing salebeting jagang loji ageng.

Kala tanggal kaping 28 ugi wulan Pebruwari, wanci siyang wonten satunggal rare estrei, rencangipun
tuwan B, ical kaupadosan namu pinanggih sandhanganipun kemawon wont3en sapinggiring lepen pepe,
sakintena rare punika adus ing lepen lajeng kabalabak, dados kalajeng icalipun.

Surakarta
Cariyos garebeg, candhakipun ingkang sampun kasebut serat Jurumartani, ongka 10 kados ing ngandhap
punika

Ing Kori dalem Prabayasa, ingkang pinarak, I, Kanjeng ratu Ageng 2, Kanjeng Ratu Pakubuwana, 3,
Kanjeng ratu Maduretna, 4, Kanjeng Ratu Kadhaton, 5, Kanjeng Ratu Bandara, sami anganggem
pangageman ageng sadaya, kampuh angumbar konca, mawi nyamping seredan, ngagem paningset udhet
candhesa kang gubegan, wonten ing kang lugas, wonten ingkang dipun praos, mawi bara warni-warni,
sakathahing para putra santana putri, sami ngadhep marak sadaya, ngagem ukel ageng, sami ngagem
upacaranipun karaton, kang ngampil paradhek dhekdhekan putri, utawi manggung katangung abdi alem
karaton, sakathahipun abdi dalem, tiyang estri ageng alit anem sepu, sami ngangge kampuhan, utawi
pinjung, sabuk wala, pangkat pangkat anem sepuhipun, utawi pangkating kalengghan, sami andher jibeg,
wonten ing ngarasa dalem, kiwa tengen kori ageng taratag paringgitan, balabar dumugi palataran
ngandhap sawo, saiba ta kathahing tiyang, meh tanpa wicalan, boten wonten sebawanipun, repsirepsa
engga boten wonten walang ingkang talisik, namung siliring angin ingkang saengga anggebuti
sakathahipun ingkang sami ngagem magem ageng, dados sami ical sumukipun, sakathahing lisah jebat
kesturi, majemuk ambon sak panungilanipun, tuwin sekar kang sami dipun agem, para ageng kakung
putri sadaya, tuwin pendel kalonyoing kang sami kaagem para tuwan, sadaya wau sami kasilir ing
samirana, dados sami kongas gandanipun, mulek ngebeki sakadhaton.

Kanjeng Raden Adipati sapenunggilanipun ingkang sami sowan sadaya, sami iyeg ebah nata
pasewakanipun, pratondha ingkang sinuhun sampunlenggah ing pandhapi, adat saben tumunten miyos.

Boten antawis dangu, panjenengan dalem ingknag sinuhun dhawuhaken timbalan dalem adat ing karaton
asta dalem ingkang kanan ngawe nyai tumenggung estri kang sampun mreng wangsit lajeng munjuk
nuwun sendika, lajeng ngawe sadaya abdi dalem lajeng ebah sami mapan ing panggenan kawajibanipun
piyambak piyambak, lajeng abdi dalem prajurit, prawiratantumama, tambur mawi rumpul kapig tiga
lajeng mares, awit mangkat dados panganjuring jajaran dalem, lajeng para kanjeng pangeran mapan jajar
kados adat, lajeng nyai lklurah ingknag ngampil agem dalem, songsong ageng pusaka mawi kabara,
majeng ing ngarsa dalem tatitis taratag, kalih songsongippun kajeng tuwan residhen, kaampil jajar
panongosng estri, sampun sami megar sadaya, lajeng ampilan dalem, banyak dhalang sawunggaling arda
walika, dipongga kang sarwa jene, kaampil sagung pawongan para biyada kang mirib widadari, sadaya
mapan jajari ing ngarsa dalem, lajeng kanjeng gusti pangeran adipati anom, ingkang saweg yuswa kawan
taun, ngagem nyamping paningset wala, rasukan sikepan cekak, baludru cemeng kapalisir blodir binenci
ngagem wangkingan alit, sangsangan sela inten ageng bunder kadi bintang, sangsangan malih rante
kancana pinatik ing nawaretna mirah inten jumerut, karset ngagem erloji alit, sarehning rema tasih celak,
dados nganggem ubed ubed saputangan sutra mawi sekaran endah warninipun, punika lajeng mundur
sangking ngarsa dalem, kacandhakipun kanthi tuwan asisten residhen, jajari ing ngarsa dalem,
panjenengan dalem ingkang sinuhun, lajeng jumeneng saking palenggahan, asta dalem ingkang kering,
kacandhakipun kanthi kanjeng tuwan residhen, lajeng mangkat tumindak tedhak, Welandi Ordhenas
ingkang ngampil salompret sarakit, wonten ngajeng piyambak, lajeng mungel mawantu-wantu, ingkang
wonten pernah kanan dalem, kagem dalem Kanjeng Kiyai waos, sampun sami kaliga kakalih, kang
ngampil Nyai Tumenggung estri, ingkang wonten parnah kiwa dalem, agem dalem tameng sabet
sapanunggilanipun, ingknag wonten wingking dalem, namung ingkang ngampil agem dalem monca,
lajeng Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara tuwan Komandhan, lajeng para tuwan
Militer Berber sadaya, sami bikak topi, lajeng kasambetan abdi dalem prajurit miji pinilih, tabuh anipun
namung salompret kakalih musikan, tindak dalem sareh, yen sinawang saengga dewa dharat, sareng
dumugi sitinggil, lajeng lenggah ing dhampar, wonten sela gegilang ing bangsal manguntur, para tuwan
sadaya sampun mapan lenggah kursi ngarasa dalem kanan kering, wingking kursi kanan, barisipun abdi
dalem prajurit prawira tantumama, wingking kursi kering, barisipun abdi dalem prajurit miji pinilih,
rawuh dalem sitinggil, kaurmatan ungelipun, kagungan dales gongsa magang.
Cariyos punika taksih wonten candhakipun.

Dereng antawis lami sakiwa tengenipun redi Merapi, wonten angin prahara, akathah tatenaman kopi
ingkang risak sarta wit dhadhap ingkang sami sol, anjawi punika dereng w0nten pawartosipun sangsara
sanesipun, awit katrajang ing prahara wau.

BATAWI
Serat kakancinganipun Kanjeng Raja ing nagari Nederlan katiti sangren kaping 18 Nopember 1869 ongka
17 ingkang kapacak ing srat pakabaran winastan Dheja pangkuran: amratelakaken manawi awit saking
parenging panggalih dalem kanjeng raja, ing sapunika medhali pratondha kawanteran tuwin kawekelan
kalilan kaangge mawi pita kado nganggenipun bintang Willem Ordhe

Awit saking pawartosipun Kanjeng tuwan Mister, L.A.J.W.A. selut Fandhebille, tilas Guprenur Jendral
ing Indhiya Nederlan sampun amaringi arta panjurung, kathahipun 10000 rupiyah, ingkang badhe kangge
bayar wragad angadegaken tatenger kados urmatanipun swarggi tuwan Liyon ing Batawi.

Bab pandamelipun lim kang kenyambet wacucal.


Ing mangke wontenlim ingkang gampil pandamelipun sarta prayogi kadamel nyambet wacucal menggah
lim wau kaamel saking 10 bage…..swapel kul setop, punika kenging pikantuk saking griya.…..apotik
kaeworan satunggal bageyan lisah ter pentin sarta cemplungana karet gitah pirsah, anggggenipun
nyemplungaken san…ti. Ngantos kenthel bilih lim punika badhe kangge, wacucal ing badhe kasambet
kedah dipun resiki rumiyin.

Patrapipun angresiki wacucal wau, supados ical lisah …pun, panggenan badhe sambetan kadekekan
sinjang ciyut, …jeng katumpangan tosan abrit, supados garing manawi …nge….ten makaten kanggo sok
kakaliyan lisah terpentin kemawon, manawi wacucal kalihiji ingkang badhe kasambet sampun resik
lajeng kausarana lim ingkna kasebut ing nginggil wau, katumpangana tin….ingkang prayogi, lajeng
kapetpet ta sagaraingipun lim wau, ma……wi sampun garing lajeng kabikak, dadosipun kados
wet,…..daya.
===========

Serat pakabaran kang winastan Dheporstan Landhen acariyos manawi wonten bur, inggih punika tiyang
dhusun ing nagari Walandi, agagriya ing Karanggah sacelakipun ing Serdhaseli, punika sumedya amejahi
anakipun kalih pisan ingkang sami kagantung wonten ing lawang, semahipun Bur wau mireng swaraning
anakipun lajeng medal amurugi panggenanipun ingkang jaler sareng mirsa punapa ingkang dados
sedyanipun ingkang jaler wau, tiyang estri sanalika sumaput meh boten emut lajeng ajelih nedha tulung
tangganipun, rare kalih ingkang sami kagantung tumunten katulungan ananging namung tunggal ingkang
ginanjar taksih gesang, satunggalipun sampun pejah.

Bur punika lajeng kacepeng sarta kaladosaken dhateng parentah ageng, sareng kadangu bab prakawis
punika, aturanipun ingkang dados jalaran awit piyambakipun boten rujuk kaliyan semahipun mila
sumedya amejahi anakipun kalih pisan sarta piyambakipun ing wekasan inggih sumeja badhe anganuti
jiwa, saking sanget kaken manahipun dhateng bojonipun wau.

Sareng sami sadinten ing nalika Bur kacepeng lajeng minggat saking kunjaran ananging tumunten
kacepeng malih, sarta ing sapunika kakunjara wonten ing Presmi.

Serat pakabaran kang winastan Dheporstenlandhen anyariyosaken malih manawi ing Lipsih sampun
kagelaraken satunggaling pirantos ingkang winastan Leprikmasine, inggih punika pirantos ingkang saged
wicanten angedalaken swara ungeling sastra kadosta: a, A, e, E, I, I, o, O, u, U, b, B, s, D, f, F, g, h, l, r,
s, n, w, tuwin Sch, sehe.

SALATIGA
Kala tanggal kaping 21 wulan Pebruwari, kang kapengker wonten satunggal tiyang Cina, kakesahan
saking Surakarta dhateng Samarang, sareng lumampah dumugi ing dhusun Ledhok bawah Salatiga,
kaandheg dening satunggaling saradhadhu Bugis, boten suka anglajengaken lampahipun manawi dereng
kasukanan punapa punapa, awit sakingpawartosipun saradhadhu wau lajeng angrebat arta, kathahipun 300
rupiyah, gadhahanipun Cina wau.

PRANG TANDHING GAGRAG ENGGAL


Serat pakabaran kang winastan Insulindhe ing Surabaya, anyariyosaken manawi ing Amerikah wonten
satunggal sudagar paben kaliyan satunggaling upsir, kalampahan sudagar katantang prang tandhing
kaliyan upsir wau, ananging sudagar boten purun mila lajeng akintun serat dhateng upsir wau, manawi
piyambakipun boten gadhah sedya amejahi upsir, punapa malih boten purun dipun pejahi dhateng upsir
wau, mila anggadhahi rembag upsir kapurih dhateng ing wana ungu pados wit, ingkang sami agengipun
kaliyan badanipun sudagar, lajeng kasanjata atebihipun saking 50, 30, utawi 15 tindak, bilih wit kenging
kasanjata, sudagar amesthi badhe ngakeni kalepatanipun sarta lajeng anedha pangapunten, balik manawi
lepat upsir kedah angakeni kalepatanipun sarta anedha pangapunten dhateng sudagar wau, sareng upsir
anampeni serat makaten punika, lajeng gumujeng wah ical nasunipun wasana sudagar dipun aturi dhateng
griyanipun upsir wau, adhahar eca, salajengipun sudagar rumaket anggenipun prasobatan kaliyan upsir
wau.
SURABAYA
Serat pakabaran kang winastan Insulindhe, acariyos manawi ing Surabaya ing waktu punika kathah arta
gopok ingkang kabayaraken mila satiyanga kapurih kedah prayitna, manawi anampeni arta, supados
sampun ngantos angsal arta gopok wau.
BATAWI
Serat kintunan saking Batawi, anyariyosaken manawi ing Batawi, dereng antawis lami wonten angin
prahara, ing kampung Jawa akathah wit krambil ingkang rebah tuwin griya ingkang risak awit katrajang
ing prahara wau, sareng ing waktu punika ugi wonten wit asem ingkang sol, angrebahakei kareta
Kramwei, ingkang wingking piyambak tujunipun boten wonten tiyang ingkang kasangsaran kadhawahan
wit asem wau, wonten malih cariyosipun sawatawis tiyang saking kampung Petakbaru ingkang sami
dhateng saganten amendhet ulam ngantos sapriki dereng mantuk sarta boten wonten kabaripun saking
keniang prahara wau ingkang dados jalaranipun titiyang wau sami kasangsaran wonten ing saganten.

Wangsulan dhumateng Mas Kartasumbaga, kula ema sampun mawa wangsulan sampeyan mas Bab tuntut
sampeyan ragi kesupen dene bab pitik nucuk cacing sampeyan martelakake katemenan sampeyan ajrih
matur dora, yen di dukani para priyayi kang miriksani jurumartani, niku boten wonten sing duka malah
padha ngalem, dene mas lurah nedha katrangane, bayi ing jayengan kang nganggo sungu, niku prayoga
mas lurah dhewe anerangna, dene kang duwe anak abdi carik pulisi ing Purbanagaran.

Kalih dene ampun nganggo pekewuh ing manah sampeyan mas dupeh wonten ingkang singedan nama
pun Gendem sampeyan nedha nama kula bares sampeyan sarehaken rumiyin benjing rak inggih medal
nama kula kang temen sedheng sampeyan sampun saged nyerat yen sampeyan ken ngalih nama sak
penika inggih kula turuti.
Katandhan pun Dhesthi.

Punika candhaking cariyosipun ingkang sinuhun ing Prajagung Prangkrik.

Mariyanah mangsuli, awitipun panjenengan dalem cidra ngubaya, inggih punika kala panjenengan dalem
amandhi bendara, awit saking asmaning republik (tegesipun republik paprintahan paratu), mongka ing
sakal wau, panjenengan dalem sampun anyipta badhe anyipdrani, sabab kala samanten panjenengan
dalem sampun angrembak badhe angremuk republik, lan awit panjenengan dalem angundhangi para
tiyang, punika panjenengan dalem sampun kagungan karsa badhe jumeneng juru pengroda, saha badhe
ngenciki praja.

Sang Prabu mangsuli, sing sapa kang padha asih marang barnag paripaksa, kang wus agawe
kasangsaraning praja ing Prangkrik, dhasar bener ingsun kena ing ngaranan juru pangroda, sing sapa kang
padha gegemblungan, anduweni panyipta, arep angadegake trahing jurjong juning ratu, dhasar bener
ingsun kena kaupamakake angenciki praja, trahing jurjong iku dakupamakake wus sirna ujude, lwir kepah
ing jeruk bayi kang wus di guwang, awit wus ora duwe kakuwatan lan wus ilang banyune, apa sira arani
ingsun iki di padhakna karo terahing jurjong, utawa yayah liyaning ratu ratu kang mula anduweni waris,
saha kang ora dhenger surasaning babad, apa diarani manira ora amuruita, uytawa anyangkok tuladan, ora
amung duwe mata digawe dadeleng, tanpa pikiran, ingsun wus sangu dadene yen lajere terahing ratu, bisa
gapuk yayah wresa gedhe uga, mulane prayoga kayu gapuk kopong mau, da bedhola kongsi sirna lajere,
karo ditinggal ngadek megap-megap, wasana anyerot dayaning bumi kang dienciki.

Mariyanah bangkit mangsuli atur: gusti panjenengan dalem boten mungaken ambedhol kajeng gapuk
kopong, dalasan pangipun ingkang teksih ijem seger waras, inggih panjenengan dalem dikakaken
mothesi.
Punika taksih wonten candhakippun.
=====================================

KOMEDHI TALI
Benjing dinten Jumungah, tanggal kaping 18 wulan Maret punika wanci sonten wonten komedhi malih,
menggah pamainipun sakalangkung sar, boten sami kaliyan ingkang sampun linampahan.

KOMEDHI TALI
Benjing ing dinten Salasa Kliwon tanggal kaping 22 nunggil wulan Maret punika, ugi wonten kumedhi
malih, ingkang pancen kenging nonton namung para tiyang bongsa Jawi, Cina tuwin sasaminipun
menggah bayaripun tiyang satunggil 1 rupiyah.

TONTONAN KOMEDHI
Tuwan T.Wilan sampun pikantuk lilahipun Kanjeng Tuwan Residhen ing Surakarta, bilih ing dinten
Senen tanggal kaping 14 wulan punika, wanci sonten badhe angatingalaken kasagedanipun main
…sapanunggilanipun ingkang sakalangkung sae.
Musik ingkang badhe kangge saking ing loji ageng, awit sampun ….lan tuwin militer komandhan.
Bayaranipun tiyang satunggal 2 rupiyah, 50 sen
Bayaranipun rare, umur 12 taun mangdhap 1 rupiyah 50 sen
Wiwitipun main wanci jam 8 sonten.
Bilih wonten priyantun karsa amilih panggenan ingkang badhe kalenggahan punika kedah tepang rembag
rumiyin, benjing ing dinten Akad tuwin…nen ing ngajeng punika, wanci jam 8, enjing dumugi,jam 12
siyang, samanten wau mawi bayar wragad.
Katandhan T.Wilan

Tuwan Slirlobato enko, ing sapunika sampun ngadekaken toko ageng kanamakaken “Basar Surakarta”
menggah ingkang kawade kadosta, dhadhaharan tuwin inuman anggur, bir, sapanunggilanipun warni-
warni, srutu, kaca, pigura, wadhah inuman dadamelaning warni, tuwin dolanan rare,
Barang sanesipun taksih kathah sarta endah-endah
Katandhan tuwan slilobato enko.

Toko buku di Samarang


Tuwan tuwan G.C. T. Van dorp & Co Baru abis mengecapken satu buku jawa, seperti dibawah ini
bunyinya.
Punika sarat waosan cariyosipun tatkala pasamuwan ageng ing nagari Batawi, mawi sekar macepatan.
Harganya Franco di Post……….f3.50,
========
Ongka 12, Kamis 24 Maret 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Tuwan Siteof Asisten Residhen kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi, awit saking sakit.
Tuwan Fanger, guru pamulangan Walandi, ugi kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi, awit
saking sakit.
Tuwan Bos Ufinspektur,kaundur kalayan urmat saking pandamelanipun.
Tuwan Urren Asisten Residhen kaundur kalayan urmat saking pandamelanipun.
Tuwan Fanseildheyong, kakulawisudha dados Asisten Residhen ing Kendhal.
Tuwan Bol kakulawisudha dados Asisten Residhen ing Sumedhang.
Tuwan Wetter, kakulawisudha dados Kumis Buk Aodher.
Tuwan Kanjeng Tuwan D.W. Seif Residhen ing Dhsitrik Lamongan, kaelih dhateng Riyu.
Tuwan J.H.Rodhuner, Twedhe Ilep Ondherweiser ing Surakarta, kakulawisudha dados Irste Ondherweiser
ing Samarang.
Tuwan J.E.Hrunewall kandhidhat Notaris ing Batawi,kakulawisudha dados Notaris tuwin Pandimister ing
Bandhung,bawah Priyangan.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni.

SURAKARTA

Cariyos garebeg, sambetanipun ingkang sampun kasebut serat Jurumartani ongka 11,kados ing ngandhap
punika.
Ingkang marak lenggah wonten ing ngarsa dalem, andi dalem bupati kaparak kiwa tengen kakalih kanthi
kaliwon Gandhek kalih,kaliwon carik tuwin anon-anon sadaya, sami tumungkul sujud, mukanya kadi
konjem ing siti,lurah niyaga kakalih, kuyai demang Mlaya,kyai Dem,ang Guna Pangrawit, sami marak
ing ngarsa dalem, parnah kapering kanan sareng sampun sami tata lenggah anipun, ingkang sinuhun karsa
…asta dalem kanan, nudingi lurah niayaga wau,lajeng sami munjuk sendika, punika tegesipun,
dhawuhaken nywuk ungelipun …rungan dalem gongsa monggang,mundhut ungelipun kagungan dalem
gongsa kodhok ngorek, lajeng lampahipun ajat dalem gunungan lumampah, medal sakilen palenggahan
dalem,parnah kering, mawi dipun jajari, mantri panewu, gedhong kiwa tengen, kalanggowong margong
sanara wreksa, pulisi pamaosan sadaya, ingkang ngrembat gunungan kuli dhusun ladosan saking pulisi,
etang sajung kawedalaken guli kalih, kaprabotan kathok rasukan kotang pethak, sabuk abrit, kula cucal
cetipun abrit,ingkang nata matah ing rembatan, tabdi dalem bupati galadhag,lampahipun gunungan sareh
mawi katuwak ngajeng wingking kiwa tengen, ingkang sami nuwak sakathahing mantri panewu galadhag
sadaya,ingkang dherekaken ing wingking pisan, abdi dalem bupati, gedhong kiwa tengen, kalang,
galadhag, pulisi, pamaosan,lajeng medhun pagerlaran, ngalun-alun jujug ing masjid ageng, rampung
lampahipun gunungan, abdi dalemprajurit, ingkang wonten ing ngarsa dalem, kanan kering 200 sami drel
sanjata karbin, rambah kaping 3, dados mungel kapiing 600 mawi kasauran,ungelipun kagungan dalem
mariyem, palayangan alit, manawi garebeg mulut, ungelipun kagungan dalem mariyem,kyai kumbarawa
ageng, lajeng sakathahing prajuyrit ingkang sami baris ing ngalun-aloun, sadaya sami drel, ing dalem sak
kumpeni, sami rambah kaping 3 sadaya, inggih kasauran mariyem kados ngajeng wau, punika
pakurmatan langkungipun ajat wilujengan dalem wau, rampung iungeling sanjata lajeng dhawuh suwuk
ungelipun gongsa kodhok ngorek wau, ingkang sinuhun,lajeng dhawuh dhateng bupati kalih kang sami
ngadhep ing ngarsa dalem wau kados ing ngandhap punika.
Dhawuh dalem,bocah wedana, sami sumaur, nuwun kawula, lajeng dhawuh malih, sira dhawuhena,
marnag si Adipati, Sasranagara, konen marang ing Mesjid, andongakna ajating sun,yen wus
kadonganan,banjaur kabageya marang putra santana bocah ingsun, wadana kaliwon mantri anon-anon
ingkang warata kabeh, sami sumaurm nuwun sendika,bupati kalih,kaliwon Gandhek kalih, sami nyembah
jengkeng, minger mungkur, mundhuk-mundhuk dhadhap, medhun undhak-undhakan sitinggil,lajeng
dhateng pagelaran, raden Adipati,kalih para bupati, sak panunggilanipun ingkang sami sowan pagelaran
sareng mirsa dhatengipun bupati Gandhek, sadaya sami kumepyur ingmanahipun,kadi cariyosipun kadis
nabi Muhammad, nalika malekat, 4 ingkang 1 Jabarail, 2 Mikail, 3 Ngisrapil, 4 Ngijrail, sami medhun
saking ngalngit, ngemban timbalanipun, gusti kang nagung, sami kautus, maring ngaken ayat, dhateng
kanjeng Nabi Muhammad Rasulullahi, punika sareng dhatengipun, sakathahing para sekabat nabi,
ingkang sami marak ingkang jeng nabi, ingkang sami marak ing kanjeng abi, sadya sami naratab ing
manahipun makaten upamenipun.
Bupati Gandhek, sareng dumugi ngajengipun raden Adipati taksih tebih, lajeng sami nyeluk kaliyan
ngadeg, kados ing ngandhappunika.
Raden Adipati, timbalan dalem,lajeng sumaur, kawula sendika, raden Adipati, medhun saking
palenggahan, mapan dhodhok, asta ngapurancang, jongga manglung mengleng ngiwa,bupati Gandhek
kalih, lajeng nyelaki antawis 15 kaki, sami dhodhok ngapurancang astanipun, jongga manglung majeng
leres, lajeng dhawahaken kados ing ngandhap punika.
Raden Adipati Sasranagara, sauripun kawula, pakenira tompa dhawuh dalem, dhawuh ing timbalan
dalem,pakenira dikakake menyang mesjid, dikakake dongakake selamet dalem, yen sampun
kadonganan,lajeng kabageya, dhumateng putrasantana, abdi dalem wadana kaliwon panewu mantri,
ingkang waradin sadaya, sauripun ngandhap punika.
Prikonca Gandhek, kula mangsuli unjuk, kawula sampun nampeni dhawuh dalem, dhawuh ing timbalan
dalem, kawula dikakaken dhateng mesjid, dikakaken dongakaken wilujeng dalem, manawi sampun
kadonganan lajeng diakakaken bage dumateng putra santana, abdi dalem wadana kaliwon , panewu
mantri anon-anon sadaya, atur sembah kawula konjuk ing sangandhap sampeyan dalem,nuwun sendika,
gndhek sumaur, nggeh, lajeng sami wangsul, sareng dumugi ing ngarsa dalem, sami munjuk kados ing
ngandhap punika.
Kawula nuwun sampun, abdi dalem dhawuhaken dhawuh dalem, dhumateng abdi dalem, raden adipati
Sasranagara, dhawuh ing timbalan dalem raden adipati Sasranagara, pakenira timpa dhawuh dalem,
dhawuh ing timbalan dalem, pakenira dikakaken menyang mesjid, dikakake dongakake wilujeng dalem,
manawi sampun kadonganan,lajeng diakakaken bage dhumateng putra santana, abdi dalem wadana
kaliwon panewu manri anon-anon ingkang waradin sadaya, atur sembahipun abdi dalem, raden adipati
Sastranagara, nuwun sendika.
Punika lajeng majeng dhahar dalem panganan walandi, utawi ganten wangi, ingkang ngladosaken abdi
dalem panewu gedhong kiwa tengen, mawi ngigel lampahipun ngantos dados aramipun para ingkang
ningali, lajeng majengipun pangunjukan dalem inuman, rambah pangkatipun kawilujengan kunthisi,
kados ing ngandhap punika.
1, Wilujeng garebeg siyam
2, Wilujengipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral ing Nederlan Indiya,
3, Wilujengipun ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan, ing Surakarta, Komandhuring Odher, Nederlan
Seleyo.
4, Wilujengipun kanjeng tuwan Residhen ing Surakarta,. Rider Odher Nederelan Seleyo, sarta Odher
leiyun, paninr ing Prangkik.
5, Wilujengipun kanjeng Gusti Pangeran Adipati anom amengkunagara, sudibya Raja Putra Narendra
mantaram, ing nagari Surakarta,
6, Wilujengipun,para kanjeng pnageran ing Nagari Surakarta.
7. Wilujeng sarta karaharjaning tanah Jawi.
Sadaya kunthisi wau, mawi kaurmatan ungelipun kagungan dalem mariyem palayangan,kathahipun
pangkat-pangkat, ingkang nindhakaken kunthisi, ingkang sinuhun kaping 2, wilujengipun kanjeng tuwan
besar, kalih kanjeng tuwan residhen, kanjeng tuwan residhen kunthisi kaping 5 rampung,
Ingkang sinuhun dhawuh malih kados ing ngandhap punika.
Bocah wadana, sira dhawuhena, sarupane gamelan ingkang ana ngalun-alun, kon padha ngunekake kabeh,
bupati kalih sami munjuk sendika, ingkang dhawahaken kaliwon gandhek kalih, medhun dhateng
pagelaran, lajeng kumalawetanganipun,ingkang sinuhun dhawahaken malih, ngawe asta dhateng abdi
dalem lurah niyaga, tegesipun dikakakaken ngungelaken teteg, bakda bibar garebeg lurah niyaga munjuk
sendika, lajeng matah prikancanipun bekel niyaga, bekta bedhug alit dhateng pagelaran,lajeng katabuh
kaping tiga, sadaya tiyang ingkang mireng sami mangsuli sendika, sareng tengara bakda sampun mungel,
ingkang sinuhun,ningali kanan kering, sadaya mirantos badhe kondur dalem, ingkang sinuhun, lajeng
jumeneng sangking dha,par, patrap utawi tindakipun, sami kalih nalika tedhak dalem, dumugi
kadhaton,lajeng tatalenggah kadi nalika badhe angkatipun.
Punika taksih wonten candhakipun.

PLANTUNGAN

Serat kintunan kang kapacak ing serat pakabaran ing pasuruwan, anyariyosaken manawi ing wanci dalu
ing malem tanggal kaping 4 wulan Maret punika, ing Plantungan wonten siti ingkang jugrug, mawi
angrebahi griya utawi tiyang sapanunggilanipun,kala samanten wonten griya 3 kareteg 1, tiyang jawi 7-8
tuwin korpral walandi2, ingkang kaurugan siti,titiyangpunika sami anemahi pejah sadaya,menggah
enjingipun jisim kaupadosan, ngantos jam 11 siyang, dereng wonten ingkang pinanggih, jugrugipun tanpa
sabab, sakalangkung ageng,mila rekaos pandhudhukipun panggenan jisim wau.

SURABAYA

Satunggaling tiyang cina anama An Ci Su I, sampun antawis lami anandhang sakit kadhasen, ing
rtainipun, dipun jampeni warni-warni, boten saged saras, ing wekasan cina wau tumbas jampi tisip, dipun
angge ing dalem tigang dinten kadhasipun lajeng saras babar pisan, mila jampi tirsip punika, kengning
winastan sae sanget,nyirnakaken sakathahing bongsa gatel.

Kala tanggal kaping 11 Maret punika, wanci siyang, wonten bojon saradhahu kagebag ingkang jaler,
kalampahan ngantos pejah, sareng saradhahu kapriksa aturipun nalika bojonipun wau kattabok, lajeng
nepsu sanget, sarta amendhet kethokan pring, sumedya badhe males agebag, ananging pring punika
karebat ingkang jaler sanalika tiyang estri wau anemahi pejah, kenging sasakit winastan berute, tegesipun
rah umop minggah dhateng sarah, awit saking sangeting nepsu boten kadugen anggenipun badhe males
ingkang jaler wau.

BATAWI

Serat kintunan saking Mister Kornelis katitimangsan kaping 27 Pebruwari, taun punika, anyriyosaken
manawi wonten satunggaling tiyang jaler, bongsa jawi, panggaotanipun dados paral, wadeyan barang
warni-warni, karayah barang wawadeyanipun dening dursila, nalika piyambakipun badhe dhasar wonten
ing sacelaking watesipun tanah Bogor, sareng para wau sumedya badhe anglawan lajeng dipun tatoni
dening dursila wau, dados pejahipun, tiyang dursila ing sanalika lajeng kasepeng sarta kabekta dhateng
mister Kornelis.

Benjing wulan April ngajen gpunika, ing patamanan tanem tuwuh tuwin panudungan kewan ing Batawi,
badhe wonten pagelaraing barang warni-warni , ingkang yasan medal saking kagunan kina tuwin
kagunan sapunika, menggah gambar sekil drei, kapulas mawi abenan lisah,kathahipun kirang langkung,
200 iji, tuwin sanesing gambar sorot ingkang badhe kakintunaken dhateng para tuwan ingkang dados
komesi,para tiyang ingkang boten dados loding patamanan wau, mongka badhe aningali panggelaring
barang wau, punika mawi bayar, kadosta: satunggal tiyang sepuh, 1, rupiyah, rare 50 sen.
Awit saking serat kakancinganipun Kanjeng Raja ing nagari Nederlan katitimangsan kaping 29
Dhesember 1869 ongka 7, raden Adipati Wiranata Kusuma ing Bandhung, kalilan anampeni, pasungsun
paparingipun Kanjeng Raja ing Prislan warni Bintang kang winastan Krunodher, Twedheklas, saweg
punika bongsa jawi angsal bintang saking kanjeng raja ing sanesipun.

Sawatawis dinten laminipun wonten satunggal tiyang estri ing Bekasi, kacakot dening bajul kenging
pupunipun, enjingipun bajul wau pejah dipun sanjata dening saradhahdu Walandi, menggah panjanging
badanipun 12 kaki, sareng kabedhel ing wadhukipun bajul wau pinanggih wonten sagawon 2, tilas
katedha, tuwin sela 13 iji, awit saking cariyosiun titiyang ing Bekasi, sakinten bajul wau umur 13 taun
utawi sampun angambah tiga welas panggenan, ingkang dados tondha isenipun weteng wau.

Nalika baita kapal latu, winastan Fiseadmiral Fabwus dumugi ing palabuhan ing Batawi, amarengi
tanggal kaping 28 Pebruwari, kang kapengker, wonten tiyang pasakitan kintunan saking Palembang
kabekta dhateng Batawi, angamuk wonten salebeting baita kapal wau, anatoni satunggaling saradhadhu,
tiyang ngamuk wau salajengipun kasanjata kaping kalih, amrih namung andadosaken sakalangkung
kagetipun isng sanalika tiyang ngamuk katuhbruk dening satunggal matrus sartakarebat dadamelipun
salajengipun kabesta sarta kaaturakening parentah Batawi.

PADHANG

Serat pakabaran kang winastan Insulindhe, acariyos manawi nyonyah Cina awasta, Busuk anganyut
jiwa,jalaranipun awit salaminipun nyonyah cina wau imah-imahkaliyan tiyang Bengkulen dipun awisi
akumpul kaliyan akrabipunb, tiyang estri bongsa cina, saking sanget butajenganipun, mila andadosaken
sakalangkung reda tosing manahipun kalampahan alupung pejah, saking boten kuwawi nandhang raosing
manahipun.

Punika candhing cariyosipun ingkang sinuhun ing Prajagung Prangkrik.


Sang nata anampeni liding pasemon lajeng mangsuli: lo kuwe empere kang disemoni Ertohpanehinghing
kang wus di sedani,iku pekenira aja salah tompa, awit nalar mengkono mau saking karsaning nagara,
sabab jerahing jurjong kudu ngudaneni, yen na sun ora kena di arep-arep amurinani tedhaking Jurjong
mau, karo dene asemu rupa, yening sun bakal amurwani alam gagrag anyar pribadi, dene panjenenganing
sun iki jumeneng cucuking ngalam, mulane ingsun kudu angrenggani papan kang wus kadunungake kang
maha kuwasa,ingsun adeging kalawan sapatute, gusti allah ingkang wus ngarsakake amatah marang
ingsun murih amurbani tedhak ratu anyar, mulane pamecaningsun besuk bakal kayektenan manawa putra
sentanaing sun padha angrenggggani kaprabon kang agung-agung iing ngalam donya, mariyanah
magnsuli, punika tegesipunbilih panjenengan dalem badhe anglurugi sakathahig ratu.
Sang nata amangsuli, dhasar mengkono, akeh ratu ingkang bakal ingsun ayoni, sabab kabeh ingsun
upamakake wowohan kang wus dalu, kariangenteni bau, kang bisa ngerok anibakake, mulane bau mau
yaiku panjenenganing sun tegese, dene wowohan mau bakal tibeng lemah, ingsun bakal andedel
mandhuwur.
Mau pekenira wus ngarani yen ingsun iki kaupamakake juru pangrayud,lah ya kapriye bae nggoning sun
bisa kendel sajroning pakarti, saupama ingsun saiki wus anyelehake kagunganingsun sabet ing sajroning
ambedhah praja, lah apa kang dadi upahe, ora luwih mung kawentare bisik lan ingsun sathithik ora pisan-
pisan bisa anyelaki panyiptaning sun kang temen.
Apa asile goning sun ngoregake nagara Eropah, lamuning sun trimah amung angremuk kaprabon kewala,
ora rikat angadegake kaprabon kang santosa pribadi, karo dene ora amung tedhak turuning wongk kang
masthi duwe kuwajiban anglanggengake awake sanadyan wong kang kendel panjuling jurit lan kang oreh
lalabuhane marang nagara, wong kang mengkono iku, tan susah anduweni leluhur, sabab dheweke
prasasat ngawaki kabeh.
Mariyanah mangsuli cumengit: inggih kasinggiyan nanging atasing kuwajinban darbeni tedhak,inggih
maksadipun anggep janma inggah- inggahan.
Sang prabu ngandika, lah mulane kang duwe kuwajiban tedhak mau, kudu di sirnakake kabeh,murih bisa
anurunake tedhak kusuma anyar, janma kang conggah anyirnakake iku, kang bakal amititi,
panjejenganing sun kiye yogane kang di dunung, ingsun kang bakal yasa tedhak turuning kusuma anyar,
ing tembe nagara Eripah bakal dadi kaprabon sajuga, ingsun kang bakal jumeneng nata, dene pekenira
kabeh ing tembe bakal mamuji ing panjenenganing sun orane bakal anyupatani,pekenira kabeh bakal
amanen brema marang panjeenenganing sun, saha anganggep yayah kalipatullah, lwir juru
pangluwar,kang bakal anangekake sakaing wiwirang, bokdisawangen ta, sarupaning bognsa Dhitser
sakubengira, delengen rupane ratu utawa paprintahanira, apa pekenira iku padha idreh dening ratu kang
prawira wateke, uytawa dening ratu luhur karsane, apa pekenira padha dilurahi dening prawira gung
putusig gawe, dene ikang ingsun pariksani kabeh iku krengga, kanisthan lan lakon glembukan, ing
sajroning kadhaton ing dhiselan kabeh anglakokake pilih asih, dene kalungghan salawase kinurya
ganjaraning kekasih, ora pisan kinarya ganjaraning lelabet, sarupaning para gendhing iku padha di
sengkakake ing kalungguhan kang luhur, sarana pananggunging wong dene kang padha putus ing
sabarang kardi, saingga ono wa, padha diundur ora pisan dirembuk, suwe suwe parapriyan aber kendho
lakune, gone padha ngudi ing kawruh, kautaman saha kawicaksanan kang padha ora diganjar kang klawan
sapatute, sirna daya lan akas dhangane, malah kongsi ilang pangupajiwane babar pisan.
Lamun sawijining bongsa dhemen amepanake kang padha gendheng lan jail di suprih dadi cucukig
paprintahan negara, utawa dadi senapatinin gprajuritan,lah apriye gone bisa anangkarake utawa menang
jurite, teneh bilai wonge kang dirreh dening punggawa lan pangiriding prang, kaya kang wus dak
pariksani ing nagara Dhitselan dene saiki panjenenganing sun ingkang tinuding ing ngalah, murih
anyirnakake rurubeding nagara, larana pangucap lan ati manira.
Mariyanah mangsuli sumengit sarta kumukus lang netya, punika kasinggiyan pangadika dalem amung,
kawula,nalar kang makaten badhe amewahi rurubed, awit ing dunya boten wonten sasaminining
kanisthan kadostiyang dipun reh deningliyaning bongsa ingkang ambeg paripaksa, saha ingkang ngusya
padaning kang ungguljuritipun leresipun tiyang ingkang ambeg paripaksa wau, sageda lajeng katundhung
saking panggenan asarana kalulhuraning bebedu, manawi panjejengan dalem lestantun amajeng mawi
ngagem kagungan dalem sabet,lwir priyagung Atilya, amesthi nagari Eropah tumpes sadaya, sirna
sarupining kaluhuraning manungsya sirna sarupining papan kang nuwuhaken kapruhlan mamemetan sirna
sarupining pangajeng-ajenging manungsya, awit titiyang makaten nembe saged anuwuhaken
kawicaksanan, bilih omber pangggalihipun, sanadyan apikantuk a kasenengan, titiyang wau inggih maksa
dereng kuwawi majeng, bilihkasenengan wau jingjil saking paparinging manungsya kaang amberk
ngayut.
Carita punika taksih wonten candhakipun.

Nalika ing dinten Jumuwahkaping 15 wulan Besar ing taun Je ongka 1870 Onder Mayor Raden Mas
Tumenggung Wriyadiningrat ing Surakarta, awit saking karsanipun ingkag rama kanjeng raden Adipati
Sasranagara, ing dinten Jumunwah wau karsa kabekta kundur dhateng ing dalem kapatiyan mawi
kapethuk para wadana kaliwon sapanekaripun sadaya, utawi abdi ing kapatiyan, angkatipun iongkang
methuk saking kapatiyan enjing panci pukul satengah 10 pangajenging lampah raden Mas tumenggung
Jayadiningrar aniti ing kareta badhe titiyan panganten para wadana kaliwon sami ngagem nyampingan
rasukan sikepan ageng kuluk cemeng, nitih kareta piyambak-piyambak ginarbeg para abdinipun panewu
mantri sami dharteat lamoahipun medalo ing loji sande minggok mangidul dumugi ing Wiryadiningratan
kapanggiyan ing pandhapi saking kathahing para panewu mantri ngantos ngebeki pandhapi salong kendel
nganlun-alun Onder Mayor Raden Mas Tumenggung Wiryadininggrat sampun ddos nyamping an rasukan
sikepan ageng kuluk kanigara, sareng sampun kasugata wedang sadaya, lajeng mangkat raden Mas
Tumenggung Wiryadiningrat anunggil sarata kaliyan raden Mas Tumenggung Jayadiningrat para panewu
mantri sami anjajari rangkep gangsal sami angegaraken payung gumaredeg angebeki margi, kasambetan
abdi dalem Krapyak utawi premba kaliwon sabawahipun utawi rehipun prikonca lebet abdi dalemurdenas
lurah sami numpak kapal angampingi rata tuwin ampilan prikonca wajidanutawi niti sami ngurung-urung
kiwa tengen rata, tumunten para wadana kaliwon jawi lebet sami nitih rata kinarbeg andadosaken
eramipun ingkag ningali sakingkathahipun ingkang jajari tuwin ingkang andherekaken ingkang wonten
ngajeng pyambak dumugi ing kretef pamulangan ingkang wonten wingking pyambak saweg menggok
radinan ing Baturana, tiyang ningali saturut margi boten kantenan kathahipun untabing priyantun meh
saingga kadis manawi pethukan raruhipun kanjeng tuwan besar, kaot boten mawi prajurit utawi gongsa
musik sadhatengipun ing dalem kapatiyan para panewu mantri sareng sampun saantawis lajeng kalilan
mantuk para wadana kaliwon kaparingan sugata dhahar bibaranipun pukul tiga siyang, sareng ing dinten
Akad kaping 17 badhe panganten wau kasowananaken malebet ing karaton pakurmatanipun ingkang
andherekaken ugi sami kados nalika ing dinten Jumuwah punika, lajeng kiendel ingkang paseban
Srimanganti, sareng sadinten wau badhe panganten ingkang tiga, kanjengpangeran Suryadipura, kanjeng
Pangeran Adinagara tuwin Raden Mas Riya Sumaarja, ugi sami kasowananaken dhateng ing lebet karaton
para putra santana dalem sami kadhawahan methuk kapara tiga, parejengipun para kanjeng pangeran
sepuh kalih kalih sadaya sami mangagem pameran jajaran utawi ingkang andherekaken anglangkungi
kathah tuwin semu wapara bendara sadaya wau sami anjurug ing dalem pringgalayan lebetipun dhateng
karaton ingkang ngirit kanjeng pangeran Pringgalaya tuwin para pangeran sepuh, sareng dumugi ing
Srimanganti angunjuki uninga lajeng timbalan malebet badhe panganten sakawan pisan asareng
lenbetipun lajeng sami sowan ing tratag sawetan pandhapi saandherekaken sadaya, sampeyan dalem
ingkang sinuhun saha garwa putra tuwin para kanjeng ratu samilenggah ing paringgita, kangjeng
pangeran pringgalaya kangjeng pangeran panji priyembada kanjeng pangeran Sontakusuma, kanjen
gpangeran Suryakusuma sami majeng dhateng ngresa dalem sadaya lenggah ing kursi, sareng sampun
kaparingan wedang tuwindhahar lajeng sami kalilan ngaso, badhe panganten sakawan wau sami
kaparingan pangggenan ing Nglojen saeleringandhapi ageng, sampun sami mirantos sakawan kamar,
sareng ing dinten Senen kaping 18 lamaran sasrahan panganten sakawan wau sami kasaosaken malebet
rarenggan utawi ingkang andherekaken ugi anglangkungi semuwa.
Cariyos punika badhe taksih wonten sambetipun
Maret kaping 19 taun `1870, Katandhan Mardhawa.

Kula kang anandhani ing ngandhap punika, angturi uninga dhumateng para priyantun sadaya, manawi
tuwan F.C.Fillip ingNgayogyakarta, karsa amitulungi dhumateng kula, bab panampeningpun arta
patumbasipun serat Jurumartani, saking para priyantun ing Ngayogyakarta.
P.F.Purneman.

Tuwan Wilan ingkang sampun pikantuk pralilahipun kanjeng tuwan residhening surakarta, badhe main
komedhi tali malih, benjing ing dinten Saptu ngajeng punika,ingkang pancen kenging konton namung
bongsa tiyang jawi tuwin cina, bauyaripun satunggal tiyang 1 rupiyah.
Kula tuwan Loran tukang gambar sorot ing nagari Surakarta, angaturi uninga dhumateng para priyantun
ingk mangke kula sagah damel gambar ingkang sae, punapa malih kula wade gambar warni-warni saking
sanesipung nagari, sinten ingkang kresa kula aturi dhaeng ingpagriya kula Ngloji Wetan Surakarta.
Katandhan tuwan Loran.

Benjing ing dinten Jumungah tanggalkaping 1 wulan April ing ngajeng punika, badhe wonten lelanging
griyanipun tuwan Utroh ing Jebres Surakarta, menggah ingkang badhe kasade kajeng jatos kadosta: balok
ageng tuwin alit blabag warni-warni, utawi kajeng obong, menggah reginipun sakalangjung murwat.

Para priyantun ingkang sami maos serat Jurumartani ongka 10 tuwin 11 saestu amirsani, manawi ing
serat kakalih wau, kathah sastra ingkang lepat ing pangecapipun mila ingkang dados pangajeng-ajeng
kula,mugi para priyantun wau kagungan pangaksama dhateng para tiyang ingkang ngecap, awit tiyang
ingkang pancen kawajiban, angecap serat Jurumartani, ing sapunika wonten ingkang ginanjar sakit boten
waged nyambut damel mongka titiyang ingkang kapatah amakili dereng patos saged, ing winging badhe
kagarap sae pangecapipun.
Redhaktur, F.L.Winter.
=================
Ongka 13, Kemis kaping 31 Maret 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Tuwan E.Fonrusler, Insektur Blandhong, 2 tuwan W.C. Muge, Utpektur Nlandhong Twedheklas 3, tuwan
C.M. Nester Juruserat ing Riyu sami kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi, awit saking sakit.
Tuwan Mister W.E. Pandherhut Gripsir ing Pangadilan Luhur ing Indiya Nederlan kakulawisudha dados
Rad Serhir ing Pangadilan Luhur wau.
Tuwan Mister, F.Altimis, dhirekturing kantor Bank, kakulawisudha dados Presidhening kantor wau,
samanten punika taksih gumantung saking karsa dalem kanjeng raja ing nagari Nederlan.
Tuwan s.Lokerdhebrin, kakulawisudha dados Asisten Residhen tuwin Pandimister ing Siyak bawah
Riyu.
Tuwan A.F.Fandhewall kakulawisudha dados sakretaris
Tuwan A.H.Klinget kakulawisudha dados Irstekumis
Tuwan A.J.Rulan kakulawisudha dados Insinyir Twedheklas
Tuwan J.B.F.L.Molenbuk Aspiran insinyir, kakulawisudha dados insinyir Dherdheklas.
Tuwan W.P.Brandes kakulawisudha dados Opsih Terirsteklas
Tuwan W.C.Wilson 2, tuwan H.Biheman sami kakulawisudha dados Opsih tertewedheklas
Tuwan B.H.H.Rafenwai, kakulawisudha dados Kontelir Twedheklas.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

Surakarta
Cariyos garebeg, sambetanipun ingkang sampun kasebut serat Jurumartani ongka 12 kados ing ngandhap
punika.

Sareng panjenengan dalem, ingkang sinuhun,kanjeng susuhunan, kalih kanjeng tuwan residhen,utawi para
tuwan tuwan sapanunggilanipun ingkang sami dherek garebegan sadaya, sampun sami tatalenggah, lajeng
dhahar dalem wedang, kaladosaken majeng, sadaya waradin, ingkang ngladosaken, santana wayah buyut
canggah dalem, ingkang kaparingan nama Panji Kalanthung, kaparingan pangageman dhesdharan
jeplakan, rasukan sangkelat sikepan ageng, paningset cindhe bara, nyamping parang rusak utawi udan
riris, panunggilanipun sadaya, 80 sami kaparingan balonja saben wulan 10 rupiyah, priyantun satunggal,
punika jajar ngandhap minggah-minggah wonten pangkatipun piyambak piyambak, sareng sampun
rampung pangunjukipun wedang, kanjeng tuwan residhen, lajeng munjuk ingkang sinuhun ngaturi
wuninga ing dinten garebeg punika, kanjeng Sri bagendha maharaja ing Nederlan, maringi dhahar meja
ageng, wilujeng garebeg, dhumateng ingkang sinuhun, tuwin para putra santana dalem, abdi dalem para
bupati sadaya, wonten ing dalem residhensi, manawi pareng ingkang sinuhun, kaaturan tedhak dhahar ing
dalem residhenan, ingkang sinuhun, maringi wangsulan, sakalangkung tarimakasih, konjuk ingkang jeng
sibagendha maharaja, kalih katur ing kanjeng tuwan ingkang icaksana guprenur jendral, ing Nederlan
Indhiya, tiga dhumateng kanjeng tuwan residhen, ingkangsinuhun boten saged tedhak hahar, namung
maringaken wakil, ingkang putra dalem, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Amengkunagara,
sudibya Raja putra narendra Mataraman, ing Surakarta, ing ngirida para putra santana dalem, ingkang
jumeneng pangeran, kadherekna raden adipati tuwin para bupati sadaya, sarehning kanjeng gusti pangeran
adipati anom, taksih timur dereng diwasa, wakil nami sepuhipun pangeran, kanjeng pangeran Ariya
Pringgalaya, kanjeng tuwan rersidhen, amangsuli tarima kasih kaliyan prayogi, kanjeng pangeran
pringgalaya lajeng nampeni dhawuh dalem, angirida sadaya wau, aturipun nuwun sendika, kanjeng
rtuwan residhen, lajen gpamit mundur, sareng kalih kanjeng pangeran pringgalaya sapanunggilanipun
wau,nunten bibaran, sadya dhateng ing padaleman residhensi, ingkang sinuhun, taksih lenggah ing
pandhapi, dhawuhaken antukipun abdi dalem prajurit ingkang sami baris sadaya, sareng para prajurit
sampun sami lumebet ing palataran prabayasa, panjenengan dalem, oingkang sinuhun jumeneng saking
palenggahan dalem,dhampar gadhing kancana rinuykmi, abdi dalem ingkang sami sowan, sami dhodhok
tangan ngapurancang, ampilan kaprabon dalem ingkang dipun ampil, abdi dalempara
pawongan,manggung,katanggung, badhaya, srimpi, sampun sami mapan mundur sadaya, para prajurit,
sampun sami kurmat, tambur mares, musikan mungel, punika ingkang sinuhun, lajeng tumindak kondur
ing ngadhaton, ing ngayap para pawongan, kapethukaken sakathahing para ratu, ingkang parnah, ibu
dalem, garwa dalem, gusti kanjeng ratu Pakubuwana, amesthuk rawuh dalem, lajeng kondur dhateng
kamar ageng, mawi ginarebeg sakathahing para kalangenan dalem, ingkang sami nama seliran, kang
sampun kawisudha nama raden ayu sak pengandhap, boten kirang saking 50 sareng sampun malebet ing
kamar, karsa lukar kampuh,lajeng dados ngagem nyamping dhesdharan, taksih ngagem agema dalem
kanjen gkiyai wangkingan, sareng sampun rampung lajeng miyos tedhak lenggah ing jarambah dalem
prabayasa, lenggah kaliyan sakathahing para ratu para putri sadaya, lajeng sami dipun ngabekteni,
patrapipun mawi pangkat pangkat, bibar ujung-ujungan, lajeng lenggah dhahar meja andhap, sakathahing
para putri nem sepuh sami katimbalan dhahar sareng sadaya antawis dangonipun tiga tengah
jam,jumeneng dhahar lajeng bibaran, para ratu para putri lukar kampuh, panjenengan dalem, ingkang
sinuhun tedhak kamar dados malih, badhe ameng-ameng mubeng-mubeng, lajeng dhawuh titiyan dalem
kareta, tuwin abdi dalem ingkang sami dherek sadaya, sami numpak kapal, sareng wanci jam gangsal,
ingkang sinuhun, miyos tedhak ameng-ameng nitih kareta, kang dhereken sakathahing para ratu, para
raden ayu, para raden ajeng sadaya, kareta ingkang dipun ttitihi para putri boten kirang sangking kareta,
25 kang sami dherek numpak kapal sadaya, boten kirang saking 500 mubeng sakathahing margi
salebetipun ing nagari, tepung lajeng kondur ing ngadhaton, wanci jam 8, sonten sadaya sampun
mirantos, badhe gebyagaken kagungan dalem kalangenan badhaya utawi sarimpi. Punika taksih wonten
candhakipun.

Panjurung Jurumartani sambetipun cariyos panganten.

Ing dinten Slasa kaping 19, wanci satengah sadasa enjing, paningkahing panganten sampeyan dalem
lenggah ing pandhapi amanggihi kanjeng tuwan risidhen tuwin tuwan-tuwan kanjeng suti pangeran
adipati Aryamangkunagara saha putra santana sami cara Walandi, kanjeng raden Adipati Saha wadana
kaliwon sami sowaning ngarsa dalem utawi kanejgn kyai pangulu sakancanipun para putra santana tuwin
abdi dalem jaler estri sami sowan kados ngadat tumunten para panganten 4, sami katimbalan dhateng ing
ngarsa dalem ingkang kaijabaken paningkahipun rumiyin kanjengpangeran Arya Suryadipura, tumunten
Ondermayor Rden Mas Tumenggung Wiryadiningrat kanjeng pangeran Arya Adinagara, Raden Mas Riya
Kusumaarja, sasampuning ningkahlajeng urmat Drel sanjata ingg Sripanganti tuwin munggang, mariyem
ing jagen walanden tumunten sugata wedang loumadhos ing ngarsa dalem utawi para tamu sadaya, sareng
sampun antawis dangu, kanjeng tuwan risidhen saha para tamu sadaya sami pamit mundur, sareng pukul
4, sonten panganten kakung sami dandos mangagem kados ngadat panganten panggih,m kampuh gdhung
malathi pinarada calana cindhe kuluk mathak mawi buntal sekar sataman ingkangputri ugi sampun sami
dados paraputra santana utwin wadya bala sami pepak ing pasowanipun mangangge pameran pnapa dene
abdi prajurit ingkang baris ing mandhungan dumugi risidhenan para pangeran sepuh samikampuh sindur
rasukan sikepan ageng, anunten joli titiyan panganten putri kapundhut maleet sakawan pisan sumangos
ing tratag sawetan kori Prabasuyasa, satungaling joli karembat tiyang 20 sami rasukan kuthungan laken
abrit, kuluk wucal abrit sruwal pethak ingkang ngirit raden mas tumenggung Jayadiningrat Raden
Tumenggung Suryawinata, raden mas Kurnel Cakrawinata, sami kampuh sindur, tumunten panganten
kakung kairid dhateng ngarsa dalem sami ngabekti ing sampeyan dalem tuwin dhaeng para kanjeng ratu,
panganten putri ugi makaten sasampuning ngabekti panganten putri katitihaken joli utawi patahipun
pananten kakung dharat amandhi waos balong song jene, ingnang anjajeri ing ngajeng abdi dalem
punakawan kados manawi tedhak dalem ing ngloji taun baru punika, kasambetan abdi dalem panyatra, 40
sam tayungan samargi margi, gongsa kapikul ing sawingikingipun kasambeta nyai tumenggung
sapanekaripun utawi palawija jaler wstri, kasambetan musik mungel turut margi tuwin abdi panganten
sakawan saha ampilanipun kasambetan panewu mantri tuwin pulisi, tumuntenranan gides Urdenas
kadipaten kaa……………………….

Lelang ageng benjing ing dinten Rebo tanggal kaping 6 wulan April ngajeng punika, wonten ing
dalemipun tuwan Litnan Kolonel H.G.Y.L.Meineres awit badhe kesah saking Surakarta.

Ing ngandhap punika pratelaning barang ing kang badhe kawaade ing nglelang, kadosta:
Kursi, Meja, Resbang, kajeng mauni mawi kasuran baludru, meja konsoles marmer, meja main,kenap
sadaya punika saking kanjeng kaejng maoni, kaca, sekildrei, meja tolet sapanunggilanipun, ugi kajeng
maoni, lampu petroleyum warni lampu krun dhudhuk tuwinlampu gantung, meja bunder, meja tolet
pasagi mawi kaca, kursi Amerikan tuwin sanesipun, kursi goyang kursi males meja suci mukak rana,
benet kanggge angrimati pakeyan benet kangge angrimati dhadhaharan tuwin benet kangge angrimati
barang pecah,meja dhahar, patileman tosan kangge tiyang 1, tuwin 2 sara patileman rare,

Barang pecah warni purselin gelas kristal bekakas lepat inuman tuwin pirantos pawon. Piyano,
damelanipun tuwan Yelmini,pirantos andondomi, damelanipun tuwan groper tuwin tuwan Baker, kareta
tandho, bangku kalih, prabot kapal rakitan damelan ing Brisil tuwin kapal titihan inggilipun 4 kaki
langkung 2 dim.

Kula tuwan Loran tukang gambar sorot ing nagari Surakarta, angaturi uninga dhumateng para priyantun
ing mangke kula sagah damel gambar ing kang sae punapa malih kula sade gambar warni-warni saking
sanesiing nagari, sinten ingkang kresa kula aturi dhaeng ing pragriyan kula Ngloji wetan Surakarta.
Katandhan tuwan Loran.

Para priyantun ingkang ngarsakaken tumbas kapal makasar, ules cemeng, kalih rakit tanpa ciri. Awon
ageng ageng taksih nem sarta sampun sae sampahipun, kenging pikantuk saking tuwan P.F.Purneman
menggah reginipun kapal wau 1200 rupiyah.

Kula anandhani ing ngandhap punika, angaturi uninga dhumateng para priyantun sadaya, manawi tuwan
F.C.Philip ing Ngayogyakarta, karsa amitulungi dhumateng kula, bab panampenipun arta patumbasaipun
serat Jurumartani, saking para priyantun ing Ngayogyakarta. P.F. Purneman.

Serat kintunan saking Selakaton anyariyosaken katrangan Jugrugipun siti ing Plantungan sampun
katampen sarta badhe kaecep benjing keis ngajeng punika.
Redhaktur F.L.Winter.
======================
Ongka 14, Kemis kaping 7 April 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Tuwan N. Fandher Setok, Kontelir, Dherdheklas ing Borneyo kaparingan amit kesah dhateng nagari
Walandi, awit saking sakit.
Tuwan G. Fandhepol Asisten Residhen ing Sedayu, awit saking panuwunipun kaparingan pensiyun.
Tuwan Seitof, kakulawisudha dados, ufinsepekturing tataneman kopi.
Tuwan Y. P. Sutelip tilas residhen ing Surakarta, kakulawisudha dados, Ufinsepekturing tataneman tebu
tuwin pantun, Algeminerekenkamer
Tuwan Munte, kakulawisudha dados Ufkumis.
Tuwan Riter, kakulawisudha dados Irstekumis
Tuwan Plune, kakulawisudha dados Twedhekumis
Tuwan Mesersemit kakulawisudha dados Irstekumis,
Tuwan H. A. Pandherbor, kakulawisudha dados Irestekumis
Tuwan H. E. Peines kakulawisudha dados Twedhekumis
Tuwan C.O. Fandherplas kakulawisudha dados Dherdhekumis.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

Panjurung Jurumartani sambetipun cariyos panganten ing Surakarta, ingkang sampun kasebut ing
Jurumartani, ongka 12 utawi ongka 13.

Ing dinten Jumungah tanggal kaping 22, anunggil wulan Besar, wanci pukul wolu sonten ingkang sinuhun
Kanjeng Susuhunan saha garwa putra, tuwin para ratu ibu, kasrsa tedhak dhumateng ing kapatiyan
amratuwi para putra ingkang sami mentas kadhaupaken kalayan ambekta kalangenan badhaya srimpi,
sami katumpakaken kareta,punapa dene para priyantun sepuh anem dalah parekan ingkang mangampil
upacaranipun para kanjeng ratu, ugi sami katumpakaken kareta sadaya,wondene ingkang anunggil ing
titiyan dalem kareta, garwa dalem kanjeng ratu Pakubuwana, utawi ibu dalemkanjeng ratu ageng, kanjeng
ratu Maduretna, kanjeng gusti pangeran adipati anem, dene kanjeng ratu kadhaton kanjeng ratu bendara,
kanjeng ratu timur, anunggil sarata, samanten malih para kanjeng pangeran ugi sami nitih kareta
piyambak-piyambak dene pangagemanipun sami nyampingan kuluk kanigara, para wadana tuwin para
mayor ugi makaten sami kuluk kanigara, titiyan dalem kareta kalampahaken rindhik utawi sadaya kareta
ugi sami rindhik lampahipun kaapit-apit obor cina tuwin sanesipun sanadyana anuju petengan saking
kathahing obor utawi lilin anglangkungi padhangipun ing margi saengga rahina, abdi dalem ingkang
dharat anjajari ing ngarsa, ingkang anumpak kapal sami anggarebeg sawurining rata, ing nalika samanten
gusti kula ingkang sinuhun kula sawang-sawang untabing wadayabala sampun kados cariyosipun prabu
Arjunasasra, nalika aeparab garwa, gusti kanjeng ratu Pakubuwana, ingakng mnongka putri ing
Manggada, ginarebeg para marudhomas, sawawratipun dalu petengan tiyang ningali boten kantenan
kathahipun dhasar tiyang ing Surakarta punika sampun kawntar yen sami karem anenonton manawi
tedhak dalem punika ugi pantes kimawon samiya ningali, sawawratipun tiyang dipun gantung tuwin
tuwegan punapa dene tiyang ngamuk inggih dipun tingali, yen tatiyang jaleripun wau inggih pantes
kimawon sareng tiyang estri prawan utawi grumuh-grumuh, wonten ngemban bayi anesepii,inggih sami
nekat ambiying kimawon yen ingkang ayu anem wau dhasar kadamel sengadi anggenipun sawang
sinawang, tiyang jaleripun dhasar remen angrabekaken sikut enggaliipun para tiyang Surakarta punika
anggumunaken remenipun niningali: dene kanjeng sampeyan dalem wau sarawuhipun ing kapatiyan
lajeng sami lenggah ing dalem saha garwa putra, kanjeng raden adipati sarta para wadana kaliwon punapa
dene para pangeran putra santana sami sowan ing pandhapi, badhaya sripi kabeksakaken ing paringgitan
dene rarengganing dalem kapatiyan utawi pasugatanipun sadaya anglangkungi sae, sarta peni
andadosaken eraming ngakathah,kanjeng samepyan dalem saha garwa putra kunduripun wanci pukul
sakawan dalu, sareng ing dinten akat tanggal kaping 24 sapekenipun panganten, siyang wanci pukul 12
sami dipun sowanaken dhateng ing lebet karaton rarenggan utawi ingkang andherekaken boten ewah
kados nalika panggihipun saking rembening lampah awit kathahing rarenggan dumugi ing residhenan
pukul satunggal dumuginipun ing paseban sripanganti,pukul, 2 sareng sampun angunjuki uninga, lajeng
katimbalan malebet ingknag sinuhun saha garwa, tuwin para trratu ibu sami lenggah ing paringgitan
panganten kakung putri lajeng sami ngabekti ing sampeyan dalem utawi dhumatengpara ratu-ratu,
sasampunipun lajeng kadhawahan ngaseo dhumateng ing nglojen raden Adipati Sastranagara, tuwin para
wadana,ingkang sami andherekaken punapa dene kanjeng pangeran Arya Purbanagara, sarta para Mayor
sadaya sami kalilan mundur, para panganten sareng sampun santun pangageman sami sowan dhateng ing
ngarsa dalem, para pangeran ingakng sami sowan pukul, 4, sami kaparingan dhahar pukul nem bibar,
pukul wolu sami sowan malih, pukul kalih bibaran enjingipun sowan malih pukul sakawan bibaran utawi
kanjeng pangeran Suryadiningrat ing Ngayojakarta, dhcar sumedya sowan amratamu, sowanipun saben
dalu anunggil para pangeran ing Surakarta, ingkang ngirit kanjeng pangeran Cakranagara, , kl;angenan
dalem bawaya srimpi beksanipun rambah kaping kalih siyang tuwin dalu, sareng ing dinten Arbo tanggal
kaping 27 wanci pukul 8 sonten kanjeng sampeyan dalem karsa tedhak ing kapatiyan namung kaliyan
para putra pangantenkakung putri, ingkang sinuhun angagem cara Walandi, ingkang sami amratamu
dhumateng ing kapatian kanejgntuwan residhen saha garwa, tuwin apra tuwan tuwan sami asarimbit
kanjeng gusti pangertan adipati arya mangjuynegara saha garwa putra, sami mangagem cara Walandi,
pukul 9, awit sami dhangsah pukul 1, dhahar, pukul 2 bibra dhahar, kundur dalem utawi para tamu sadaya
wanci pukul 4 dalu.
Ariyos punika taksih wonten sambetipun. Titi.
Katandhan Mardhawa.

Cariyos garebeg, sambetanipun ingkang sampun kasebut serat Jurumartani ongka 13 kados ing ngandhap
punika.
Serat Jurumartani, ongka 12 nyariyosaken tedhak dalem ingkag sinuhun, kanjeng susuhunan ,miyos
garebegan, punika sampun utusan abdi dalem, bupati kaparak kiwa tengen, andhawuhaken dhateng raden
adipati, dongakaken wilujeng dalem, dhaenging mesjid.

Kanjeng raden Adipati Sasranagara, tuwin para bupati kaliwon anewu mantri,ingkang sami sowan ing
pagelaran,sampun bidhal dhateng mesjid sadaya, sareng kanjeng raden adipati Sastanagara, awit minggah
surambi ageng, kanejgn kiyai mas Pangulu tapsir anom, tuwin para ketib ngulami sadaya, sami medhun
saking palenggahan lampit, sami dhodhok ngapurancang, kanjeng raden adipatilajeng uluk salam,
Asalamungalaekum, kanjeng kiyai mas pangulu sakancanipun, sami mangsuli, Allaekumsalam, lajeng
sami tatalenggah ing lampit majeng mangetan sadaya, urutipun pangkat pangkat kadiadat,

Kanjeng Kiyai mas panglu, majeng nyelaki, lenggahipun kanjeng raden aidpati salaman,lajeng para ketib
ngulami sadaya, sakathahing para bupatikaliwon sadaya, sami majeng panggenanipun mas pangulu, sami
salaman waradin dalah ketib tuwin ngulami, sarampungipun lajeng sami atatalenggah, sangonipun dhahar
wedang, kanjeng raden adipati sak penunggilaniun, utawi ancak sae wadhah sekul panganan, manisan,
sampun sami majeng sadaya, punika kanjeng raden adipati lenggahipun ngajeng-ajengan kalih kanjeng
kiyai mas Pangulu, lajeng dhawuh aken dhawuh dalem,kados ing ngandhap unika.

Mas pangulu timbalan dalem, sauripun nuwun kula, mas pangulu tapsir anom, pakenira, tompa dhawuh
dalem, dhawuh ing timbalan dalem, pakenira donganana selamet dalem, ajat dalem ing bakda punika,
saripun, nuwun sendika, lajeng ngadeg majeng mangetan sarta donga, sakalangkung dangu, sakathaing
tiyang sami saur tadhah amin sadaya, rampugn anggenipun donga, kanjeng raden adipati, uluk salam,
kanjeng kyai mas pangulu sakancanipun, mangsuli, lajeng bidhal malebet ing majid, badhe sembiyang
sunat luhur, kanjeng raden adipati dhawuhaken bage ajat dalem gunungan, kados ingkang sampun
katamtokaken waradin, kanjeng raden adipati tuwin para bupati kaliwon panewu mantri, sami dhahar
ngjul wedang sangonipun piyabak-piyambak, bibaripun sami dhahar kepungan, kanjeng raden adipati sak
penunggilanipun, para bupati sadaya, lajeng bidhal sowan dhateng ing dalem residhensi, sumerep dherek
wakilipun, kanjeng gusti pangeran adipati anom wau, sareng sampun ngalempak ing residhensi sedaya,
kanjeng tuwan residhen, lajeng ngaturi dhahr, dhumateng kanjeng pangeran ariya Pringgalaya, ingkang
dados wadil wau, tuwin kanjeng gusti pangeran adipati Ariya Mangkunagara, tuwin para tuwan sak
penunggilanipun, kanjeng raden adi sarta pati para bupati sadaya, ing sadangonipun lenggah dhahar meja
ageng punika kanjeng tuwan residhen damel kundhisi.
Punika taksih wonten candhakipun.

Ing dinten Akat kaping 27 wulan Maret taun 1870 wanci jam 5 sonten, wonten baledheg maungel sapisan,
sakalangkung santeripun, karajang dilah tipal,kang wonten satengahipun palataran, dalemipun raden
Tumenggung Kertanagara, ing kampung bawah Mangkunagaran, tingpal wau gumetert kados dipun
goyang, namung boten risak, cagakipun kanjeng jati taksih wetah, ingkang wonten palataran wau,
wayahipun jaler, nama raden Mas Sumbaga, saweg umur 3 taun, pinuju dolan kalih lare kathah,punika
dhawah nangis kapejeng, namung sami wilujeng boten wonten ingkang kakirangan satunggal punapa.

NGAYOGYAKARTA
Serat kintunan saking Pengasih,anyariyosaken wonten siti ingkang kenging kadamel potlot
panggenanipun wonten sapucukipun redi Klirip bawah dhusun Krajan Pengasih, paresidhenan
Ngayogyakarta.

KRAWANG
Kala ing wulan Pebruwari, kang sampun kapengker, ing Krawagn tuwin bawah ing Priyangan ing
sawatawis jawah sakalangkung deres akanthi angin prahara, kathah griya tuwin sanesipun ingkang rebah,
kados ta: ing dhistrik winahasa, griya 15 lumbung 5 tuwin pandhapi 1, ing dhistrik Cabangbungis griya
13 ing dhistrik Bayabang, griya 19, ingkang katrajang prahara wau, sarta akathah kitri ingkang sami sol.

SURABAYA
Serat pakabran saking Surabaya, acariyos manawi ing Ru wonten satunggaling saradhadhu jawi, amejahi
dhateng bojonipun sakinten jalaranipun saradhahdu wau butajengan sanget, katrangan jalaranipun boten
wonten tiyang ingkang nyumerepi, menggah pratingkahipun amejahi kang dipun sumerepi ing tiyang
kados ngandhap punika: Ing waktu saradhahdu wau gartejegan,kalih ingkang estri, antawis 30 tindak
tebihipun kalih griya panggenanipun saradhadhu wau, wonten tiyang malayu satunggal ingkang
nyumerepi, badhe mitulungi ajrih lajeng lumajeng angupados konca angsal tiyang 6, lajeng sami murugi
dhateng anggenan anggenipun garejegan wau, wusana tiyang estyri bojonipun saradhadhu sampun
kapanggih pejah.

Serat talegrap ingkang katampen ing Surabaya, anyariyosaken manawi nyonyah Meiyer, garwanipun
kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral ing Indiya Nederlan ing mangke sampun ngajal awit
saking gerah sariranipun.

Panjurung kabar ing surakarta.


Ing dinten Jumungah tanggal kaping 22 w3ulan Besart taun Je ongka 1798 tiyang ing kajagi rumeksa ing
Grogol sangsam ing Kalitan angsal sawer ageng, kawastanan sawakonyiyt dhasar sampun lami sawer
punika manggen wonten ing salebetipun krapyak utawi kerep kerep amongsa kidang tuwin sangsam ing
nalika samanten sawer wau anguntal celengan sarehning celengan wau agengipun tikel gangsal kaliyan
badaning sawer, mila sasampunipun anguntal sawer lajeng kalenger boten saged ebah, tiyang ingkang jagi
krapyak saweg badhe ngupados kajeng, uninga wonten sawer ageng angleker, sarta sukuning celengan
ingkang dipun untal wau salong taksih katingal dereng kolu, tiyang jagi wau lajeng wangsul angundang
kancanipun sakawan sarta ambekta dadamel gedheg sawe dipun tindhihi gedheg sirahipun dipun jiret ing
tampar, tumunten dipun wadhahi brongjong ageng, lajeng kaladosaken dhateng nagari anjujug ing
tumenggungan wiryadiningratan tumunten kasaosaken kunjuk ing sanandhap sampeyan dalem lajeng
katunggilaken kaliyan kagungan dalem sawer ingkang lami wonten ing pambandengan abdi dalem jaler
estri kathah sami aningali, ingkang andadosaken gumuning kathah punika, agenging sirahipun naming sae
pik wadhah kinangipun urdenas tur epik ingkang alit, agenging pethit namung sadrijining para nyai,
badhudhuking weteng sami kaliyan tumbu wadhah cadhong sekulipun prikonca punakawan saking
watawis celengan ingkang dipun untal punika dereng ajur, mila agenging wetengipun anglangkungi,
sareng antawis gangsal dinten celengan ingkang wonten ing wadhuking sawer wau medal sarana
kautahaken nanging wedalipun kantun gembung kimawon cirah tuwin suku sampun boten wonten sareng
sanalika wau sawet lajen gkimpes alit pulih kados ingkang wau wau namung sapucang alit
panjangipunkalih dhepa. Titi. Katandhan pun Kridha.

Wangulan dhateng Kartasumbaga Tiron


Sanadyana sampun sampeyan kiyas yen kumecap katingal ing bodho kula, naming kula kedah adreng
amangsuli sapisan punika, boten punapa kula naung anaidi ing kadibyan sampeyan dhateng tembung
tuwin patraping aksara, yen tumrapa iya, sampun kenging katembungaken laslasan sarehning katindhih
angunang-uning alih arda kasesa anggen sampeyan ngupados kunjara, lajeng karsa anukarta ing prakawis
ingkan gboten pisan magepiokan dhateng sarira sampeyan satemah ing mangike sampeyan katularan
kodhen kados pun kula, malah malah kalebet bagoran ewadene panyaru sampeyan dhateng saserat li;a
byakta andadosaken kaharsayaning manah kula, awit dados indhaking saserepan kula, ing ngatasipun
tiyang anggayuh kasagedan punika yen kasendhu ing liyan saestu andadosaken angasahing manah
ingkang kethul, wangsul ingkang sampeyan murinani punika dene ngantos samangke ko taksih kalajeng
sempugipun sumongga kula aturi mariksani anggenipun nyariyosaken ulam ing kalen, tembung tuwin
sastranipun dalah remeh ing cariyos boten susah kula tharik-tharik kados gendhong sampeyan dhateng
kula punika, amila yen leresipun mas lurah wau anarimah dhateng kula, anggen kula ngosikaken
busukipun punika, pamurih kula sampun kalajeng dipun gagujeng ing sanes ugi leres anggen sampeyan
nyariyosaken tiyang saged punika tusji, witing ingkang katembugaken ambeg utami, punika miliyunji,
manawi ingknag mratah limrah inggih kados sampeyan utawi pun kula punika, namung kedah daya dadya
nunten dipun gumunana ing kathah, kalempit yen malah dipun esemi ingkang sujana saestu, tur inggih
sampun mangretos yen ajrih asih ing tiyang tuwin eraming kathah wau boten kengn\ing kateksa, yen
dereng amarengi wahyu ning badan punapa dene kasujanan boten susah kapratelakaken ingkang darbe
sarira, yen temen sujana, tiyang kathah inggih sami amastani boten susah dipun iri, naming inggih
jiwendra ingkang saged makaten kula sampeyan punika anglengkara sanget yen sageda, tiyang sampun
katingal kumenthus lumuh kaungkulan makaten non.
Katandhan Gunadhesthi Sumbaga Gendam

Punika candhaking cariyosipun ingkang sinuhun ing Prajagung Prangkrik.

Praja Lanterah turuning ratu, iku kena di upamakake kembang, padha duwe mongsa sekar, dene
mangsane sekar terah ing Burdongga wus lungse, kembang e wus padha alum lan padha gogrok,iku kabeh
prayoga para wretak-wretak nama rangkang padha kongkonan marang pekenira, karo wejang nama
rangkang bakal akongkon, nuli tuturana lalakone ing dina iki,murih bisa apriatin awit pekenira ora
kadunungan bisa angimba-imba lakune wanudya kang jujuluk Judin, samono iku kabeh mitranira mesthi
angakoni yen panjenenganingsun dudu priya kang ngaran Otopernes, awit nadyan panunggguling
wanudya amarak marang panjenenganingsun iya meksa ora kaconggah anyidra marang ingsun, dene
pateme sumeleh ana sampeyan manira, patrem iku bakal dak gawe pangerling-eling, sarta marskalek
Jendral Dhurok lan Mayor Ponbran sarta pawonganing sun si Konstan kang padha caos ana ing jaba, iku
kabeh bakal apitaya, yen patrem mau minongka gegadhen awit sakatrisnaira marang ingsun lan minonga
pangeling-eling, nalike ingsun anemoni kawiryan kang banget nikmate, wasana sira aja sumelang, ora
orane pryayi kabeh mau bakal dak pasajani.
Sangrabu lajeng adhedhawah:

Konstan jujukna wanudya nung ana ing kareta, bakal kondur marang kitha Wenen, dene bab mayor
Ponbran tuturana yen sang prinses mariyanah wus karsa anglilani, lamuning sun kang ambayari utang,
sabab dudu sang prinses kang angrasak ake bungah, ingsun satemene kang nemu kawiryan pirang pirang
jam,mulane panjenenganing sun kang wajib angupahi marang mayor Ponbran. Mariyanah kaget
amyrsakaken pasemon ssarwi muwus: gusti punika kados pundi karsa dalem. Sang prabu ngandika,
mariyanah kinen kendel sarwi ladak wuwusipun: menenga cep, ingsun andartbeni karsa pasok pajek
marang si beja, wis ta dislameta ing paran,muga muga pekenira aja kongsi kalepyan ing dina iki, nulya
sang prabu amaringi tabe dhateng mariyanah, mundur lajeng manjjing ing kamar pasareyan. Mariyanah
sadangunipun tumenggengen amulat sang prabu sarwi agiris saksat aningali drubiksa. Konstan nunten
umatur dhateng Mariyanah, sumongga kula dherekaken lajeng anyelaki kori ageng, nulya dipun
engakaken. Mariyanah kaget amyrsaaken Konstan, saksat wungu sare, nuntenlumaris mihil saking kamar
dhatengjawi, boten mawi anolih dhateng Konstan. Ing ngajengan ingkang sami jjumeneng, marskalek
Jendral dhurok sarta para jendral liyanipun sami amingut mingut saha amemoyok dhateng prinses
mariyanah.

Mariyanah ugi kraos kadya sinudhuk gunting pasemonipun para jendral, kawewahan malih sareng
amyarsakaken timbalaning sang prabu ingkang kalairaken dening konstan dhateng mayor Ponbran,
suraosipun makaten: Mayor Ponbran, awitimbalan dalem ingknag sinuhun ing jengandika kakarsakaken
angentosi ing ngriki, kapurih anampeni wang jene, sumerep paring dalem ganjaran dhateng in\jengandika,
kapetang tumut kathahing menut sadangunipun ingknang sinuhun areaketan kalayan sang prinses wos
samanten mariyanah sanadyan dipun semoni sarta dipun wiwirang makaten atatak adegipun sarana
dayaning kadiksuran dengek kang mustaka, cancut lampahipun tumrap undhaka-undhakan ageng, lajeng
anyelaki karetanipun. Wasana nembe ing salebeting kreta ingkang lampah dalu dhateng kitha wenen,
punika abdi dakusir capet capet myarsa panjeriting utawi pasenggruging wanudya, semanten na abdi kusir
maksa kawastanan kalintu ugi, sabab sareng mariyanah dumugi ing dalemipun, saha kapethukaken dening
para abdi, sang putri rikat tumrah saking kreta, boten isan-pisan katawis bilih sungkawa ing
badtosipun,malah wewah anglangeni wandanipun, nunten minggah ing undhak-undhakan,lampahipun
saklangkung ruruh. Serat punika teksih wonten candhakipun.

MAKASAR

Ing ngandhap punika pratelaning ongka, ingkang sami pikantuk kauntungan, saking loteei ing Makasar
Ongka 14704,pikantuk kauntungan 50,000 rupiyah
Ongka 10571 pikantuk kauntungan 15,000 rupiyah

Ongka 1208, 5483 pikantuk kauntungan 5000, rupiyah satunggaling ongka


Ongka 1082, 860, 6088, 8541, 11249, satunggaling ongka pikantuk kauntungan 500

Ongka 6550, ingkang katarik medal rumiyin pikantuk ganjaran premi, 1000 rupiyah. Ongka 11352
ingkang katarit ing wekasan piyambak pikantuk ganjaran premi 1000 rupiyah.

Ongka 5170,4711, 11181,9,4375,2139,14179,12695, 5363, 1634,8671, 8889, 11297,6263, 2168, 10305,


2773, 11652, 2167, 2461, 7354, 6611, 9390,14890, 4576, 686, 13180, 11593, 1215, 13189, 7774, 4601,
7162, 1976, 4034, 3966, 7242,7807,111113, 2697, 10639, 19753, 1451, 5200, 6117, 11559, 2418, 13032,
4676, 7910, 9974, 9730, 6777, 1286, 9499, 12302, 5578, 151,12635, 13932, 4676,
1360,2852,4284, 8351, 1256, 3948, 14046, 9916, 8037, 10694, 7559, 4710, 11349…..dst.
satunggaling ongka pikantuk kauntungan 100 rupiyah,menggah sanesing ongkanbadhe kapratelakaken
benjing Kemis ngajeng punika.

Lelang ageng benjing ing dinten Rebo tanggal kaping 13 wulan April ngajeng punika, wonten ing
dalemipun tuwan dhokter Smit, Surakarta, ing ngandhap punika pratelaning barang ingkang badhe
kawade ing nglelang kadosta: Prabot kapal rakitan kaca, pigura, lampu petroliyun warni lampu grun
dhudhuk tuwin lampu gantung, kursi warni-warni, meja bunder, tuwin meja pasagi, taplak serpis dhahar,
tuwin serpis the, gelas alus warni-warni, punapa malih barang sanesipun akathah sarta warni-warni

Tuwan C. F. Winter, ing Jebres asade kopi sae, pangkat kados ngandhapunika: ingkang nomer satunggal
sadhacin regi 28 rupiyah
Ingkang nomer kalih sadhacin regi 27 rupiyah

Ing sapunika parapriyantun kenging pikantuk tumbas serat wirasanti pun tiyang estri ingkang
kawedalaken kaping 2, punika, menggah regining serat wau katamtokaken kados ing ngandhappunika.
Manawi tumbas 1 iji, karegenan 30 3n
Menawi tumbas 5 iji karegenan 1 rupiyah 25 sen
Menawi tumbas 10 iji karegenan 2 rupiyah
Manawi langkung saking 10 iji, reginingipun ugi badhe kasuda, ing samurwatipun. Ing wasana
parapriyantun ingkang angarsakaken tumbas serat wirasat putnika sami kaaturan angintuni arta kalayan
pos wesel
Katandhan tuwan P.F.Purneman.
================================
Ongka 15, Kemis kaping 14 April 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Tuwan Mister Y.D.Rap kakulawisudha dados Dherdhensup Stititgripppir ring pangadilan Justisi ing
Batawi.
Tuwan Y.F. Asse, Asisten Residhen ing Banjarnagara bawah Banyumas kaelih dhateng ing Pakalang
bawah Tegal.
Tuwan F.L. Baron Fenhekeren Franbransembureh, Kontelir Irsteklas kakulawisudha dados Asisten
Residhen ing Banjarnagara bawah Banyumas.
Tuwan Y.M. Fanflutten Kontelir Irsteklas kakulawisudha dados Asisten Residhen ing Lumajang bawah
Prabalingga.
Tuwan C.T.Umme, Kontelir Irsteklas kakula wisudha dados Asisten Residhening Sedayu bawah
Surabaya.
Tuwan Kraf Uf Insinyir, 2, tuwan Opperdheik sekretaris, 3, tuwan Plur, Ufkumis,4 tuwan Of Amtenar
wahel sami kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi awit saking sakit.
Tuwan Meinsemah, kakulawisudha dados Notaris ing Bajanagara,
Tuwan Bubas kakulawisudha dados Aenmister ing Riyu
Tuwan Senin kakulawisudha dados Afenmister ing Banyuwangi
Tuwan F.Juniyus Fanemeret, 2 tuwan Anti sami kakula wisudha dados Riderrioordhenederlan Senleyo.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

SURABAYA

Cariyos garebeg sambetanipun ingkang sampun kasebut serat Jurumartani ongka 14, wiwit kunthisi
angunjuk kawilujengan kados ing ngandhap punika.
1, Wilujenganipun Sri Maharaja ing nagari Nederlan sagarwa putranipun sadaya.
2, Wilujenganipun Kanjeng tuwan Ingkang wicaksana Guprenur Jendral tuwin para liding Rad Indiya
Nederlan.
3, Wilujenganipun Ingknag Sinuhun Kanjeng Susuhunan ing Surakarta Komandhuring Ordhenederlan
Senleyo.
4, Wilujenganipun Kanjeng tuwan Residhen ing Surakarta, Ridering Ordhe Nederlan Senleyo, sarta
Ordheleiyun panir ing Pankrik.
5, Wilujenganipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom amengkunagara, Sudibya raja putra narendra
Mantaram ing Surakarta.
6, Wilujenganipun Kanjeng Gusti Pangeran Ariya Mangkunagara, Ridering Ordhenederlan Senleyo.
7, Wilujenganipun tuwan Militer Komandhan tuwin Asisten Residhen,
8, Wilujenganipun para Kanjeng Pangeran ing Surkarta
9, Wilujenganipun para santana ing Mangkunagaran tuwin para tuwan tuwan ingkangwonten ing
Pasamuwan.
10, Wilujenganipun Kanjeng Raden Adipati Sasranagara, tuwin para bupati sadaya.
11, Wilujenganipun bada Garebeg Siyam
12, Wilujeng tuwin karaharjaning tanah jawi.

Kanjeng tuwan Residhen sabibaripun dhahar wau, ananweni ngunjuk sabarang, punapa kang dipun
karsakaken, dhumateng sakathahing para ageng tuwin tamu sadaya, sareng sampun sami ngunjuk lajeng
jumeneng, tatalenggahan malih wonten ing Galdri ngajengan, boten antawis dangu kanjeng pangeran
ariya Pringgalaya, lajeng pamit kondur,kanjeng tuwan residhen mangsuli prayogi, lajeng kintunan tabe,
konjuk ingkang sinuhun,konjuk kangjeng ratu, katur kanjeng gusti pangeran adipati anom, dhumateng
putra putri dalem sadaya, lajeng sami bibaran sadaya, wanci jam tiga siyang.
Sakonduripun saking dalem residhenan kanjeng pangeran ariya pringgalaya,lajeng sowan malebet ing
kraton angunjukaken sakathahing tabe wau lajeng kondur.
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, kondur ing dalem, rawuhipun mawi kaurmatan,
ungelipun gongsa monggang, utawi kodhok ngorek, tuwin pelog salendro lajeng pinarak ing pandhapi
sakedhap, wasana dhawuhaken bibaran garebeg, bupati opatih raden tumenggung Jayasarosa, munjuk
sendika, kanjeng gunsti kondur dalem ageng, abdi dalem ageng alit sami bibar sadaya, rampung cariyos
garebeg, kasambetan cariyos lampahipun ujung-ujungan. Manawi bawah Kasunanan, bakda siyam, bakda
besar, sami ngujung, punapa ing kawajibanipun. Manawi bawah Mangkunagaran, ujung-ujungan wau,
namung bakda Garebeg Siyam kimawon, bakda Besar boten mawi, namung sampun katamtokaken,paring
sidhekah kurban, warni lembu, dhateng mas Pangulu Mangkunagaran, kabage punapa kang dados
padatanipun.
TA TA

Panjurung sambetanipun cariyos panganten ing Surakarta.


Para panganten putra dalem sakawan punika, sanadyana sampun langkung ing sapekenipun ewa dene
sami dereng kalilan kondur dhateng ing dalemipun piyambak piyambak taksih sami kawngku wonten ing
lebet karaton sadaya, awit saking yen tumrap pababasaning alit sampeuyan dalem ingkang sinuhun wau
saweg karsa mantu putra sapisan punia, amila dereng marem ingpanggalih dalem anggeniupun angrengga
ing para putra sakawan wau, siyang dalu tansah mamangun sukaning panggalih, karsa sarimpen tuwin
badhayan punapa dene animbali taledhek ingkang mawi badhud saged anjoged ing nginggil tampur,
manawi dalu karsa ringgitan wacucal purwa tuwin gedhog ingkang kapiji andhalang kanjeng pangeran
Sumadilaga, utawi Kanjeng Pangeran Arya Purbanagara, paraputra santana sami sowan aningali wonten
ing pandhapi aeng, utawi para panganten kakung, panganten ingkang putri sami marak wonten ing dalem
Prabasuyasa, sareng ing dinten Rebo Kaliwon tanggal kaping 4 wulan Sura ing taun ongka 1799 kanejg
sampeyan dalem, karsa animbali ingkang raka kanjeng gusti pangeran arya Mangkunagara, saha garwa
putra, dene sowanipun malebet enjing wanci pukul sanga, kapanggiya wonten ing paringgitan ingkang
nunggil ing ngarsa dalem kanjeng pangeran “Arya Pringgalaya, kanjeng pnageran Panji Priyembada,
kanjeng pangeran Arya sonta kusuma, kanjeng pnageran Aryasuryakusuma, dene ingknag sowan ing
pandhapi ageng kanjeng pangeran Ngabei tuwin para pangeran putra santana miwah para riya sami
ngagem kuluk kanigara rasukan sikepan baludru cemeng paningset baran amanggihi para putra santana
ing Mangkunagaran punapa dene kanjeng raden Adipati Sasranagara, saha para wadana, kanjeng
pangeran Arya Purbanagara tuwin para Mayor sami anunggil sowan ing pandhapi, magagem kampuhan
tanpa rasukan wadaya santana ageng alit sami manggen ing pasowananipun piyambak piyambak sareng
sampun lumados paring dalem sugata wedang tuwin miniman tumunten kalangenan dalem badhaya
tuwins arimpi, punapa dene wirang ing kraton tuwin wiraengmangkunagaran sami beksa aganti-ganti,
wonten ing tragtag sangajeng pringgitan, andadosaken kasenenganing panggalihipun ingkang sami sowan
ing ngarsa dalem sareng wanci pukul tiga siyang, kanjeng sampeyan dalem karsa tedhak dhahar dhateng
ing jarambah dalemprabasuyasa, akaliyan ingkang garwa tuwin para ratu ibu punapa dene kanjeng raden
ayu Mangkunagara, tuwin para gusti putri putri sadaya, Kanjeng Raden Ayu Adipati Sasranagara,
panganten kakung putri, kanjeng pangeran Aryamangkunagara saha para pangeran sepuh-sepuh sami
kakarsakaken anunggil dhahar, dene kanjeng pangeran SuryaAtmaja kanjeng Raden Adipati Sasranagara,
utawi ingkang sami sowan ing pandhapi sadaya, kaparingan dhahar wontening pandhapi kidul katata ing
meja andhap ingkang angladosi abdi dalem Oder\henas lurah tuwin abdi kaneman, dene santana panji
kaliwon miwah kaptin upsir, sami kaparingan dhahar wonten ing pandhapi kadipaten ingkag angladosi
abdi dalem urdenas gides ranan ing kadipaten, wondene ingkang anembungaken kunthisi, kanjeng
pnageran SuryaArmaja, rambah a[ing 3, lajen gbibar dhahar sadaya sami wangsul dhateng ing
pasowananipun malih, andugekaken anggenipun sami ningali beksaning wireng tuwin sarimpi bedhaya,
dene tiyang ningali sampun boten saged mical saking kathahipun sareng wanci pukul pitu sonten
kakeneng angeran Arya Mangkunagara, saha garwa putra sami nyuwun pamit kondur, kaliyan lajeng
bibaran sadaya, sampeyan dalem ugi kondur angadhaton namung kagungan dalem gongsa pelog salendro
ingkang taksih mungel wonten ing bangsal kembar sawetan pandhapi, abdi dalem talehdek 4, sami
anyindheni dumugi sadalu pisan.
Katandhan Mardhawa.

SURABAYA

Kala tanggal kaping 30 wulan Maret kang sampun kaoengker, wonten jisimipun tiyang estri, pinanggih
wonten sapinggiring lepen Bibis, sarehning tiyang estri wau dhuda sarta boten wonten tabetipun
kinaniaya, mila sakinten tiyang estri wau adus ing lepenlajeng kabalabak.

KEDHU

Kala tanggal kaping 5 maret kang sampunkapengker, wonten tiyang estri anama Bok Pokol saking
dhusun tosari dhistrik Balak bawah Kedhu, kaesah angupados godhongan wonten sapinggiring jurang,
awit saking aprsing badan bok Pokol wau kaglundhung dumugi ing salebetipun jurang, menggah
lebetipun antawis 32 kaki, bok Pokol wau kaleres dhawahing sela mila ing sanalika lajeng pejah.

Kala tangggal kaping 15 ugi wulan Maret, wonten tilang jaler, 3 estri, 1 sami nyabrang ing lepen
Menoreh, titiyang wauy dereng ngantos dumugi ing pentasan kilap lepen lajeng banjir, titiyang jaler wau
sami wilujeng anglangi dhateng pentasan namung tiyang estri ingkang pejah kabalabak.

RUSLAN

Paprentahan ing nagari Ruslan ing mangke sampun anindakaken pranatan, kajawi tiyang jaler ingkang
kenging dados telegrapphis punika semahipun utawi pawestri sanesipun ingkang kialebet dados akraipun
tiyang jaler wau, utawi boten sami kalilan anglampahi pandaselanipun telegrapis samanten punika
anggeripun para pawestri wau sami mangertos tembung, Rus Dheis tuwin tembung Pranes.

Punika candhaipun pratelanipung ongka, inkgang sami pikantuk kauntungan saking lotrei: ing Makasar,
ingkang sampun kapacak ing Jurumartani ongka 14, kados ing ngandhap punika.
13310, 7283, 11461, 12731, 5155, 12854, 1203, 9964, 1249, 198, 4398, 9431, 6109, 13114, 7129, 7433,
8723, 12296, 14908, 8293, 6814, 1594, 12723, 6190, 2670, 2682, 6261, 11945, 6204, 599, 5455, 5316,
6076, 1404, 13459, 960, 2970, 12438, 3133, 5052, 6093, 9179, 6445, 11904, 8485, 15313, 12043, 1535,
6782, 5910, 65, 3009, 4481, 904, 9932, 11648, 1566, 5248, 9043, 12542, 6391, 5392, 2804, 4105, 5807,
78, 10351, 636, 5955, 115613, 259, 12116, 783, 11548, 5809, 6986, 16495, 5628, 307, 3197, 11612,
11612, 14372, 8986, 803, 4031, 8347, 2811, 14339, 1055, 1611, 1054, 6628, 3583, 2723, 7984,
4658,…,6008, 5767, 12193, 8564, 13770, 4624, 9404, 14779, 7122,4097, 12315, 13426, 14449, 14340,
7865, 721, 5368, 13156, 11008, 2325, 1237, 6766, 14443, 2444, 7107, 7736, 12045, 3254, 5637, 2571,
802, 479, 6788, 4996, 8055, 10766, 11761, 2611, 322, 6397, 1841, …4788, 14748, 9508, 913,7146,
10086,1653,8214, 14947, 11369, satunggaling ongka pikantuk 100 rupiyah, menggah pratelaning
ongkanmai bdhe kapacak ing Kemis ngajeng punika.

Ingkang tabik akthah-kathah, rinenggaklalan sagunging kaurmatan, ingkang mugi kahatur ing
panjenenganipun tuwan ingkang angarang srat Jurumartani, ing nagari Surakarta.
Panyuwun kula ing tuwan anggen kula angaturi panjurung pakabaran punika mugi karsaha amacak
wonten ing srat pakabran,amung nalika wulan Maret, tanggalkaping 19 taun punika ugi,kula kesah
dhateng ing nagari Surakarta, medal ing Geduwang, bidhal kula sangking Sudhung kula ing Panaraga,
wanci pukul 6 enjing, lumampah suku, sareng medal saking Seleko kabupaten Sumarata, punika kula
sampun rumaos sayah utawi awang-awangen, awit dene mergi ing Sumarata, kathah ingkang risak utawi
boten wonten kekajenganipun ingpinggir mergi, anaming asareng kula dhateng ing Surakarta,lajeng kula
gadhah manah kula timbang timbangkaliyanmergi bawah ing mangkunagaran, ing Surakarta,punika
sampun mimpang mergi ing nyah Sumarata, , awit dene mergi ing Sumarata, ing mangke saweg
kadadosan, badhe kapiyara sae, mila kula sak kelangkung gumun sanget angraosaken mergi bawah ingk
kamangkunagaran, anggenipun boten perduli piyantun ing mriku, ingkang sepisan, mergi kathah ingkang
sami jeblos, kaping kalih kerteg kerteg kathahingkang sami boten kenging kamergeni,kaping rtiga, mergi
mergi sadya boten wonten wiwitanipun, mila sanget andadosaken ngreesdulanipun para tiyang ingkang
sami ucal pangupajiwa dagang uwos dhaeng ing surakarta, awit dene kathah ingkang sami kasangsara ing
mergi, pramila sakelangkung gumun ngungunkula, dene kok panjenengan dalem kajeng gusti,boten karsa
paring palimira dhateng kawula dalem dalem sadaya, sakibata binahipun para alit ingkang sami ucal
kauntungan, manawi ing mergi mriku kapiyara ingknag klayan sae sarta ing Surakarta temu lajeng miring
pangaosipun wos, sapinten ta kuntaranipun sarta isuwuripun, panjenengan dalemkanjeng gusti wau, awit
dene sampun paring palimirma dhateng kawula dalem sadaya, manawi panjenengan dalem kanjeng gusti
karsa aparing prentah dhategn sadaya priyantun ingkang bawah aken ing mriku supados mergi, kadamel
priyagi, utawi kerteg, kasaenan, tentu lajeng rampugn sarta sae, mawi sedhum ing mergi mriku, urt
inggihpanjenengan dalem kajeng gusti wau boten mawi medalaken arta, awit panjenengan dalem kanjeng
gusti wahu sampun misuwur dhateng sadaya, inggih punika kanjeng Grupremen alit.
Panaraga kaping 30 Maret 1870, kaandhan Raden Mas Ariya Gusti Lanang, anakipun Wadana Parang.

Kula amirengaken namanipun mas Gendam ngraos susah sanget tiyang nama kimawon mawi wadi pun
Damelan wadi,kaliyan malih kok kathah temen namanipun, punika badhe lan dadosaken,kebakipun ing
papanjuru martani, awit badhe boten wande, saben medal kabar jurumartani santun nama,ingkang sampun
klampahan mawon mawi, pun Gendamlajeng malih nama pun Dhesthi, kawuningan nama Si Gendham
mas Dhesthi,menawi pareng kula atur mecungul sampun dangu dangu, menawi selak gelageban bok
inggih jawi, kados mas Lurah kartasumabaga,punika mawon tur sae kaireng ing kathah, wusana kula atur
tabe dhumateng mas Gendam mas Dhesthi
Sobatipun Kartasumbaga.

Singking panuwun kula, dhateng tuwan Redhaktur, serat tamba punika, mugi kapacaka ing dalem,
Mustaka Jurumartani,Kemis ing ngajeng punika.
Saking kakilingingtyas, pun Patik kantos lumeber, anyariyosaken,satunggaling riya bupati, wasta Raden
Riya, punika raden Riya,purun-purun, kekesahan dhateng nagari Surakarta, boten mawi pamit, klampahan
raden Riya, Sa, wau dhag ing pasaosanipun, wontening kagungan dalem, bangsal pengapit ing tratag ing
pagelaran, sak antukipun saking nagari Surakarta, Raden Riya, wau, saweg katitipriksa ing wadananipun.
Ingkang punika kula nuwun sungmongga, kaserat kaping 5 Sura, Dal Ongka 1789
Katandhan, Sasraturida.

Serat kintunan saking nagari Ngayogyakarta anyariyosaken kala tanggal kaping 5 sak lebetipun ingwulan,
Sura, punika, ing Kampung gampingan, griya sakilen,lepen winanga, kalebetan ing tiyang dursila kecu,
wau durjana, badhelumebet lajeng kapethukaken tongga,kekalih,tyang tekalih punika, sami kandhang
sangsara sadaya, amung boten dugipejah, wondene ingkang gadhah griya sareng mireng yen subawanipun
kecu, lajeng kesah andhelik.

Kinanthi tur tabe ulun ye kang sanitya samugi, kasaswasig kang saudara, tuwan F.L.Winter nagri,
Surakarta redhaktur nya, pustaka Jurumartani. Wahyan kasugyan saharju, ring driya amba ngaturi ,
panjurung remeh samatra,lamun kagalih mantesi,mugikapacak kabenjang, wraspati ngarsa punika.
Ardaning tys kumacelu, dupi myarsa jrumartani, sangyanging para sarjana, samangkya kathah kang sami,
anggelarakenkawigyan mrih dadya wiyata maring. Kanang samya mudha punggung, etu nyamba minta
wredi, dahat saking giyuh ing tyas tur basan wus kanggge lami, kalantur mung cartur lingga, kadya ing
ngandhap puniki. Dalajad ingkang rumuhun kauluhuran kang kaping kalih, kapig tri kang budi
nalar,ping catur buda naluri, mung punika paminta tamba, ring prasarjana sangyanging. Kang samya
putusing kawruh mamrihg mudhari tyas pingging, kadya paran manggenira, artine ing kang sayekti,
babasan kang catur pwaya, jinarwanan kang sidi. Dahat apesing tyas ulun tan wrinlukitaning kawi, saking
alapaning wasita, titi sinerat sura kaping, Sapta taun Dal katandhan Kridhamardhawa sisaswaning.

Manawi pareng karsanipun tuwan ingkang ngarang jurumartani,kula angaturi panjurung ing ngandhap
punika, ingkang mugi kapacaka. //Dhandhanggendhis//. Raras rinenggeng jurumartani, denya aturi
panjurung punika, maas Senggal supadi lantah, pandukwasta sinamun, jinarwakna ring katakedhik,
kumedah kedah tulad, sujana linuhung, mangartyiya prawandawa, warsa tuhu kang sami dereng miyarsi,
daya lamun pantesa. Mung sapele sangking drenging kapti, awit tular tumularing warsa, lir paribasaning
ngakeh, girilusi saestu, datan kena angina jalmi, kathah kakuwajiban, tur pantes angruruh, titiyang tiga
kang minggat, sami jaler kilap kang dadya prakawis, sadaya pra parentah. Dhusun dhusun tuwin ing
nagari, ingkang sami bawah Surakarta, tan kirang ing pamurihe, netepi wajibapipun, prapulisi kang darbe
kardi, meksa tan saget panggyang, wit pawartanipun, jalma tigang ngalih aran, sugan kali kangjeng
panembahan katri, patih Sasrabintara. Amarengi ing begjanireki, denupaya priyantun satunggal, amung
satunggal rencange, tur tiyang dhusun lugu, magang bekel dereng apami, anta raden nyangara, lagyan tuk
nem dalu, wancenjang nuju lumampah, aneng marga celak lan dhusun ingngipig, kapanjen bawah Yoja.
Nulya kairit mring wismeng panji, sami nututya tiga binonda, katur ing tuwan Risidhen, ngayogya
pinriksa wus, pamit laju nulak pinaring, piranti nyang neng marga, twin kaeksanipun, kalasan klathen
sinwenya, praptengsuradijan pukul astha ratri, arisanwus tinampan. Wulan sabab kacepengireki, taksih
tunggil warsa Je punika, sarira trus swareng wonge, kanjeng ingkang sinuhun,langkung trus ta ingkarsa
aglis, angidini turira ring samantri ngayuda, pinantes ingkang ganjaran, dene labet karyaing prja
samangkin, kinawula wing sudha, Maret nunuju ping sadasa kemis, sewu wolungatus pitungdasa, ongka
taun walandine, besar tanggal pipitu tunggil warsa kalantuk kardi, kang putra dyan mas Riya
Natadilageku, raden mas Mangkusedewa, lenggah panji santana pinanci sabin, ing karsa jeng srinata.
Kapatedhan lenggah dadya mantri, jawi konca sewu sinuaran, raden ngabei Samangke, Wongsadilaga
wau, lwnggah sabin sentanan masasih,lesantun saking denya, kaprecaya tuhu, sadaya mangalembana,
nadyan sami wonten kang ginanjar linggih, asli gengalit kathah. Ingkang sampun krep kula serepi, daweg
sapunika wonten ingknag, kaganjar labet karyane, kathah mantri panewu, kaganjar wit wekel taberi
asritinrap ingkabar jurumartaniku, olo sadaya kang samya darbe wajib, sampun rengu ing panggalih,
mring mitran tapun kula. Amung lugu datan memanceni, yen kadiya anggenjengan dika, ngupaya kecu
gragute, datan kengang wong ngantuk, tuwin abrit maripat kalih, kinira yen dursila, supaya glis pangguh,
klintu angangkahpunapa, r prandene mung binonda eng enggih dhig tititondha woren. Kala katur
kinintunaken ing dinten Salasa kaping 26 wulan Besar ing ytaun Je, ongka 1798.
Katandhan Raden Tertasentana
Ing ngayogyakarta.

Tuwan Y.Andriye, ing Samarang, mantes anameni sankelat cemeng alus sarta sae warninipun menggah
kandelipun sami kaliyan wacucual esa, sangkelat punika prayogi kangge ing panggenan kang asrep utawi
kadamel salebrak kapal.

Kula kang anandhani ing ngandhap punika, angaturi uninga dhumateng para priyantun sadaya, manawi
tuwan F.C.Philip ing Ngayogyakarta, karsa amitulungi dhumateng kula, bab panampenipun arta
tumbasipun serat Jurumartani, saking para priyantun ing Ngayogyakarta.
P.F.Purneman.
Kula tuwan Loran tukang gambar sorot ing nagari Surakarta, angaturi uninga dhumateng para priyantun
ing mangke kula sagah damel gambar ing kang sae punapa malih kula sade gambar warni-warni saking
sanesiing nagari, sinten ingkang kresa kula aturi dhaeng ing pragriyan kula Ngloji wetan Surakarta.
Katandhan tuwan Loran.

Para priyantun ingkang ngarsakaken tumbas kapal makasar, ules cemeng,kalih rakit tanpa ciri. Awon
ageng ageng taksih nem sarta sampun sae sampahipun,kenging pikantuk saking tuwan P.F.Purneman
menggah reginipun kapal wau 1200 rupiyah.

Tuwan C.F.Winter. ing Jebres asade kopi sae, pangkata kados ngandhappunika:
Ingkang nomer satunggal sadhacin regi 28 rupiyah
Ingknag nomer kalih sadhacoon regi 27 rupiyah.

Tuwan slirlobato enko, ing sapunika sampun ngadegaken toko ageng kanamakaken, “Basar Surakarta”,
menggah ingkang kawade kadosta: dhahdaran tuwin inuman anggur,bir, sapanunggilanipun warni-warnill
srutu, kaca, pigura, wadhah inuman dadamel warni warni, tuwin dolanan rare.
Barang sanesipun taksih kathah sarta endah-endah
Katandhan tuwan Slolobato enko.

Ing sapunika para priyantun kenging pikantuk tumbas serat wirasatipun tiyang estri ingkang kawedalaken
kaping 2 punika menggah regining serat wau katamtokaken kados ing ngadhappunika.
Manawi tumbas 1 iji, karegenan 30 sen
Manawi tumbas 5 iji karegenan 1 rupiyah 25 sen
Menawi tumbas 10 iji karegenan 2 rupiyah
Manawi langkung saking 10 iji, reginingipun ugi badhe kasuda, ing samurwatipun. Ing wasana
parapriyantun ingkang angarsakaken tumbas serat wirasat putnika sami kaaturan angintuni arta kalayan
pos wesel
Katandhan tuwan P.F.Purneman.

Pratelaning ongka Lotrei Makasar kasebut ing Jurumartani ongka 14, punika wonten ingkang lepat
kadosta: ongka 14441, leresipun 14451
Ongka 7557 leresipun ongka 7547, Ongka 11970 leresipun 11070 Redhaktur F.L.Winter.
Ongka 16 Kemis 31 [evidently an error for 21] April 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Tuwan Budhi, Kontelir Irteklas, ing Palembang kaparingan pamit dhateng nagari Walandi awit saking
sakit
Tuwan C.A.N. Kohen, tilas Juru serat ing kantor Residhensi Canjur awit saking panuwunipun kaundur
saking pandamelanipun kalayan urmat sarta kaparingan pensiyun.
Tuwan Y.A.Plum Onderpakhis mister ing Batawi, awit saking sakit, kaundur saking pandamelanipun
mawi kaparingan wahel.
Tuwan A.P.Wikler sekretaris sarta buk Odhering wis tuwin Budhelkamer, ing Menado kaundur saking
pandamelanipun.
Tuwan A.M. Beenseneidher Juruserat ing kantor Menado, kakulawisudha agentosi tuwa Wikler wau,
dados sekretaris sarta buk Odering wis tuwin budhelkamer.
Tuwan E.C. Panurdhen kakulawisudha dados kontelir irsteklas.
Tuwan W.Y.Dhinger 2 tuwan W.L.H. Arlof sami kakulawisudhan dados kontelir Irsteklas.
Tuwan E.Kecen 2 tuwan T.Pinu, 3 tuwan Kuneman sami kakula wisudha dados Kontelir Twedheklas.
Tuwan H.Waki kakulawisudha dados insinyir Twedheklas.
Tuwan P.A.Keiser, Arsitek ing Surakarta kaelih dhateng ing Ngayogyakarta.
Tuwan E.E. fanhein Opsihter Irteklas, ing Banjarnagara bawah Banyumas kaelih dhateng ing Surakarta.
Tuwan B.T.Dhebrein 2 tuwan Y.E.Altir sami kakula wisudha dados Ufkumis.
Tuwan Y.C.Dhebrein kakulawisudha dados Irrteklas Kumis.
===================================================================

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

SURAKARTA
Kala ing malem Kemis tanggal kaping 7 wulan April punika, tuwan Pangin ing Loji wetan, griyanipun
kalebetan dursila pandung, ingkang kenging barang warni arta pethak utawi kartas kathahipun 500
rupiyah, menggah pratingkahipun dursila, ngebur panggenan kunci kori ageng, ngajengan ingkang celak
pinggir margi aggeng, lajeng malebet griya, angusung pethi tosan, kabekta medal, lajeng wangsul
ambikak lemari kalayan bandrek, isi lemari kabalingkrah, barang boten kabekta, sangking kintena
namung ngupadosi sorog pethi tosan wau, nalika lemari kabalingkrah, tuwan pangin wau mireng suwara
gumaropyak, kaget ngalilir ananging dursila sampun lumajeng, sareng wau ningali kori menga, lajeng
gugah nyonyahipun, taken sinten ingkang ngengakaken kori, nyonyah mangsuli boten sumerep, gadhah
kinten rencangipun piyambak, ingkang bikak kori saben enjing, sabab wanci sampun jam 5 enjing tuwan
Pangin, boten sakeca manahipun aningali kori lemari menga, barang mawut mawut, lajeng alok
kapandungan, nyonyah jelih ngundangi rencang jaler estri, wusana tromelipun nyonyah kang isi yatra
ceakan kapadosan boten kapanggih, namung isi yatra 15 rupiyah, tuwan Pangin, ningali kanan keringl
pethi tosan ageng boten wonten, tuwan angin lajeng medal dhaeng kori jawi sampun kapanggih mengga,
bekta rencang kalih nurut dhateng margi ageng, lajeng manggih arta ingkang sami kecer, warni rupiyah
talen ukon antawis kirang langkung 10 rupiyah, dumugi lepen sangkrah ical lacakipun, sarehning sampun
padhang, katingal gumalundhung, cemeng wonten gisik pinggir lepen ingkang wetan, lajeng dipun urugi,
wusana ingggih punika pethi tosan ingkang kabekta dursila pandung wau, sampun menga kothong telas
isinipun, sanalika rencangipun tuwan pangin satunggal,kapurih repot kalih ngaturi raden tumenggung
Suradirja, wadana pulisi, antawis jam satengah wolu enjing saweg dahateng, panggenan pethi wau,
sareng sampun kapriksa punapa kawontenanipun, pethi lajeng kabekta mantuk dhateng griyanipun tuwan
Pangin, Raden Tumenggung Suradirja, lajeng mariksani dhateng griyanipun tuwan Pangin. Awit saking
pamrasudinipun parentah ageng, kala ing dinten kemis kang sawek kapengker, wonten tiyang durjana, 5
ingkang kacepeng sarta kanggenan arta 1000 rupiyah, elet kalih dinten pulisi ing Bayalali, ugi nyepeng
tiyangl kalih, ingkang sami sabyyantu ngecu, durjana ingkang satunggal kacepeng wonten dhusun ing
Bekonang, antawis 3 pal saking nagari, sampun angakeni manawi piyambakipun angecu ing griyanipun
tuwan Fangin, mawi akanthi tiyang 4 ingkang sampun kapratelakaken namanipun, durjana wau nalika
kacepeng pinuju tilem anyandhing sanjata panganten satunggal ingkang mawi isi mimis, sareng kapraksa
durjana punika amratelakaken manawi piyambakipun ingkang lumebet ing kamar, asumedya amejahi
tuwan Pangin saengga tuwan wau ngantosa kaget saking tilem.

Sareng dinten malem Jumungah, tanggal kaping 8 ing wanci dalu, nunggil wulan punika, griyanipun
tuwan Bremer ing Jurug, kilen Lepen celak pansanggrahan dalem, sakidul margi, punika ingggih
kalebetan dursila pandung, patrapipun ambabah siti bebatur griya, lajeng malebet ing kamar, ingkang
dipun pendhet, sanjata panganten, 2 iji regi 300 rispis, bikak pethi wadhah arta, kapendhet sadaya, kirang
langkung kathahipun 300 rupiyah, utawi barang suwek warni warni sawetawis, anggenipun konangan
sampun enjing, barang ingkang dipun bekta boten wonten ingkang kecer tuwan Bermer, sampun lapur
dhateng pulisi ingkang lajeng amriksa punapa kawontenanipun, wusana saka priki dursila pandung wau,
sami wilujeng dereng kacepeng, mila ing mangke para tuwan ingkang dalem ing loji wetan utawi ingkang
dalem pinggir margi, awit kilen lepen jurug, dumugi ing wande pelem, punika sami titrim, angatos-atos
sanget, awit sami eram sanget, dhateng kapurunanipun para durjana, ingkang sapunika sangsaya ngerda
angombra-ombra.

Kala tanggal kaping 14 wulan punika, Raden Panji Citramijaya, wadana dhistrik ing Wirasari, bawah
Kabupaten Purwadadi Grobogan, pamit kesah dhateng ing nagari Surakarta, angkatipun sangking griya
numpak bendhi 25 pal tebihipun, lajeng numpak kapal 5 pal, sareng dumugi stasiyon ing Geyer, numpak
kareta latu, antawis 1,1/2 jam dumugi ing Surakarta, Raden Panji Citramijaya wau lajeng sowan kanjeng
gusti pangeran adipati Ariya Mangkunagara, anuju dinten Akad legi tingalan dalem, raden panji wau
sakalangkung bingah sampun amirsa sakathahing pakurmatanipun tiyangalan dalem wau, sarta
andadosaken kasenenganipun aninglai bektsanipun kalangenan dalem wireng warni-warni.
===================================================================

ING NAGARI SURAKARTA


Kala ing dinten Ngaat tanggal kaping 1 Suradal 1799 utawi tanggal kaping 3 April 1870.

Raden Retnadiwati, Seliripun Kanjeng Pangeran Ariya Cakranagara, kinawulawisudha, anama Kanjeng
Bendara Rahaden ayu Cakranagara, sasampuning kabyawarakaken waradin sak abdi dalem ing
Cakranagara sadaya, kanjeng Bendara Rahaden Ayu Cakranagara wau, lajeng angarsakaken kikirab,
angubengi ing wawengkon Cakranagaran sadaya, lumampah dharat sarimbit, ing Ngayap para abdi dak
cakranagaran manganggem sinjang samekan tanpa rasukan amung angagem rimong, sarta angagem
canela binaludir, cinongsongang sakaliyan, sareng sampun temu gelang, sarta sampun rampung
anggeniing kmirsani tuwin dhahawah patrapingpara abdi ingkang sami gagriya,lajeng kundur lumebet
dalem. Titi.
Katandhan Raden Cakraandaniswara.
=======================================================

Punika serat panjurung kula, katur dhumateng tuwan redhaktur, mugi karsaha amacak ing Jurumartani.

Sangking pamireng kula, nyonyah K, ing Surakarta, gagadhah rencang pangobeng awasta Bok
Setrawijaya, punika nalika ing wulan Dhesember taun 1867, purun purun minggat mawi ambekta
sambutan kathahipun 90 rupiyah, bok Setrawijaya kaupadosan boten kapanggih, antawis 7 wulan
lamenipun nyonyah K amireng kabar yen pangobengipun ingkang minggat wau, nyambut damel ngobeng
wonten ing griyanipun Raden Ngabei D, priyantun pulisi ing Thithang, bawah Krapyak, sarehning bok
Setrawijaya wau anggenipun kesah tanpa pamit sarta taksih gadhah sambutan nyonyah K, lajeng
anyuwun serat pisait buran sareng sampun pikantuk lajeng utusan dhateng ing griyanipun Ngabei D wau,
angaturi nyepeng bok Setrawijaya, mengggah ingkang dados wangsulanipun Raden Ngabei kados
makaten, iya bener wong wadonkang aran Setrawijaya ngenger aku, ananging wus pitung dina iki
minggat anggawa batjhikan lan dhuwit 10 rupiyah, sarehning raden ngbaei D punika, anyepeng
pandamelan pulisi ingkang saestu kening dipun pitajen gpitembunganipun mila tiyang utusanipun
nyonyah K, lajeng mantuk, Antawis dinten punika wonten tilang dhusun estri dhateng ing nagari,
acariyos dhateng nyonyah K, manawi bok Setrawijaya ing sapunika wonten ing griyanipun Raden Ngabei
D, ing Thithang, anyambut damel ngobeng ing ngriku, nyonyah K, lajeng wicanten sinten ingkang
nyepeng bok Setrawijaya badhe kasukanan ganajaran arta 10 rupiyah, tiyang estri wau saantukipun
dhateng dhusun angupados katrangan malih, sarehning bik Setrawijaya punika sayektos ngenger dados
pangobengipun Raden Ngabei D, tiyang estri wau akanthi tiyang jaler satunggal, lajeng sowan ing
griyanipun Raden Ngabei, asengadi dipun utus nyonyah K, anyuwun wangsulipun bok Setrawijaya,raden
ngabei lajeng angelungaken bok Setrawijaya, menggah wicantenipun makaten, kowe ditembali nyonyah
K yen kowe dikon nyaur utangmu, matura yen aku sing sagah nicil ewa samana saungkur mu iki aku tak
golek dhuwit.

Bok Setrawijaya lajeng kairid dhateng griyanipun nyonyah K, ing Surakarta, sareng dipun takeni, punapa
leres kala rumiyin ngenger raden Ngabei D, lajeng kesah malih elet pitung dinten utusanipun nyonyah K
lajeng dhateng, punika wangsulanipun boten, sabab salaminipun boten nate kesah-kesah, antawis sampun
wonten tiga tengah taun punika, anyambut damel ngobeng kemawon wonten ing griyanipun raden ngabei
D, lo punika kados pundi, wonten priyantun pulisi andhelikaken tiyang ingkang dados buburoning
nagari, punapa malih raden ngabei D sampun sumerep yenbok Setrawijaya gadhah sambutan boten lajeng
kaladosaken dhateng parentah,utawi kawangsulaken dhateng nyonyah K ingkang gadhah rencang wau,
manawi sayektos kabar punika, saestu readen Ngabei D ageng kalepatanipun sabab pulisi langgar
panatan, purun ngumpetaken tiyang minggat, saupami parentah ageng boten nindhakaken titi pariksa
ingkang kenceng kula sampun pitados anggenipun ngerda sakathahing durjana, pulisi madosi boten
kapanggih, tuladha lamahipun kados cariyos wau awit nalika utusanipun nyonyah K, dhateng mawi
ambekta serat pisait buran kangge anguapdosi bok Setrawijaya, punika kaawataken sampun kesah malih,
mongka satemenipun tulus anyambut damel wonten ing griyanipun raden Ngabei wau.

Bok Setrawijaya ing sapunika sampun katur ing pulisi Mangkunagaran menggah ingkang dados
karampunganing prakawisipun bok Setrawijaya wau, kapatrapan paukuman krakal tigang wulan
laminipun, menggah ingknag dados panuwunipun nyonyah K, bilih bok Setrawijaya boten saged bayar
kropyok kadhawahan wangsul anyambut damel ngobeng malih, punika paprentahan pulisi ugi badhe
anglestarekaken punapa ingkang dados panuwunipun nyonyah K, wau.
Katandhan Kondhestu.
===================================================================

SURABAYA
Nalika kaping 7 wulan april punika, wanci jam 9, sonten, wonten tiyang Jawi kakalih, nama paks Saridin,
nama Parmin, sami kakesahan sarengan, sareng sampun sayah asonanggel margi ingkang tebih tiyang
wawadeyan, pak Saridin lajeng kesah piyambak angupados tatedhan dhateng pagriyan, parmin kantun
aso, boten antawis dangu pak Saridin dhateng bekta tatedhan warni-warni, ingkang sapalih kasukakaken
dhatengpun Parmin, kang sapalih katedha piyambak, pun Parmin sareng sampun tuwuk panedhanipun,
badan kraos gumeter, kalih grayahan tanganipun, sareng emut bekta yatra, punika lajeng kapendhet
sangking kandhutan katitipaken dhateng pak Saridin wau, Parmin ngajak mangkat wangsut mantuk
dhateng griyyanipun, sabab badan sampun lesah, pak Saridin sumedya anglajengaken lampahipun, pun
Parmin boten purun kedah ngajak mantuk, awit sampun boten mirsa ing margi,lajeng dipun ajak
lumampah dhateng pak Saridin, saeng dumugi ing margi pegiran ingkang anjog dhateng sabin pulo, pak
Sareidin lajeng ngunus waos, katumbakaken dhateng pamin wau, kenging gulunipun, parmin lajeng
andhahwah kakinten sampun pejah, jisimnipun kalarak lajeng kalebetaken ing kalen enjingipun kathah
tiyang mirsa wonten jisim kabucalo ing kalen wau, katur parentah lajeng kaentas dening pulisi, wusana
parmin taksih gesang, kapriksa terang auripun, dipun kinten sakathahing tatedhan kiang sampun katedha
mawi dipun dekeki kacubung, lajen gdipun kaniaya wau., pun parmin lajeng kaupulasara ing griya
pasakitan, kajampenaa saking dhokter, ing waktu wau wonten tiyang cina dhateng griya, pasakitan sarta
gadhah aturan yen pun parmin punika, dipun aken rencang kuli, ingknag minggat bekta yatra 200
rupiyah, tuwin tromel isi sandhangan warni-warni, kapadosan sampunlami dereng kapanggih, mila yen
sampun saras, sampun ngantos kaluwaran rumiyin, sareng sipeng saalu, parmin wau kalajeng pejah dene
pak Saridin, ingkang nganiaya wau ing sapunika sampun kacepeng sarta kakunjara wonten ing Surabaya.
================================================================

Punika candhakipun pratelaning ongka, ingkang sami pikantuk kauntungan saking lotrei ing Makasar,
ingkang sampun kapacak ing Juru martani. Ongka 15 kados ing ngandhap punika.
9647, 743, 12784, 14874, 9330, 11507, 122277, n5683, 12061, 6730, 6485, 11637, 10055, 1121, 7052,
9798, 764, 13449, 10128, 2909, 9411, 13327, 6579, 4099, 7239, 9230, 4626, 2927, 8984, 11597, 3030,
6264, 12536, 9130, 14700, 561, 14809, 12947, 12792, 1693, 9520, 1508, 12028, 8745, 11262, 4257,
14394, 8370, 4199, 3162, 8377, 2262, 2846, 5643, 13555, 8505, 5192, 7385, 3532, 973, 2217, 9382,
1645, 786, 9769, 4810, 7930, 14316, 381, 12903, 6522, 1080, 85512, 14084, 1061, 13127, 6475, 10208,
12876, 12373, 14155, 5183, 916, 11444, 11111, 4133, 3163, 10249, 5651, 11894, 9915, 12064, 4733,
498, 14384, 11296, 1515, 346, 13725, 2049, 1960, 9578, 441, 7574, 8980, 12067, 9804, 5378, 8910,
110438, 3502, 4052, 6129, 8335, 5458, 4669, 4026, 1900, 2815, 12885, 10476, 838, 120436, 7323, 1384,
3176, 11976, 8357, 7801, 44444, 444533, 10950, 4435, 14266, 11983, 2936, 664, 133247, 8687, 5961,
13648. 8883, 10968, 6681, 804, 9145, 7761, 3887, 6349, 2075, 6384, 1481, 11870, 83690, 11997, 12855,
14023, 6434, 2869, 9896, 9042, 938, 12726, 13259, 13018, 3506, 5336

Satunggaling ongka pikantuk kauntungan 100 rupiyah


==========================================================

Panjurung Jurumartani

Selakaton kaping 26 Maret 1870

Sarehning kula sampunin ningali ing Jurumartani komer 12 dinten Kemis kaping 25 santun punika,
anyariyosaken siti ingkang jugrug, ing Platungan, makaten ugi ing srat kabar salompret Malayu, ugi
nyariyosaken, ananging sadaya ingkang sampun kawartos, dereng wonten ingkang nyebut jisim utawi
taksih kirang cetha, mila kula perlokaken angaturi katrangan,supados andadosna pamirsa.
Nalika malem tanggal 3-4 santun punika, wanci siyang jam 2 ing Plantungan jawah anglangkungi deres
dumugi jam ½ 12 dalu, boten wonten kang mireng suwara punapapunapa, antawis siti, satengah bau
kandelipun, kirang langkung 1 ru, punika siti jurang sanget miringipun, sangking inggilipun wukir
losmangandhap angurugi griya 3 kang satunggal griya dipun nggeni tuwan.

1, Kusen dados Kopral ugi ing Plantungan( griya payon alang-alang


pager gedhek)
2, Tuwan Seuye, kopral ugi ing Plantungan (griya payon alang-alang
pager gedhek)
3, Sinyo Siber (griya payon alang-alang pager gedhek)
4, Nyai Kusen, gundhikipun ingkang nomer 1 wau griya payon alang-
alang pager gedhek)
5, Nyai Seuye, gundhikipun ingknang nomer 2 wau (griya payon alang-
alang pager gedhek)
6, Tiyang Jawi nama Pak Tir, dados tukang kajeng ugi ing Platungan
(1 sak griya)
7, Bok Tir,bojonipun tukang kajeng wau (1 sak griya)
8, lare jaler, anakipun pak Tir wau (1 sak griya)
Dene ingkang 1 griya nuju suweng, kang gadhah griya kesah lek-lekan, makaten ugi 1 griya alit,payon
sirap pager tembok, panggenanipun Sersan punika, saengga boten mawi kakajeng jati, tamtu rubuh, sabab
pageripun sampun botbol, kagundhungan sela-sela, pinuju ingkang sami ngenggeni mireng, sami ngili,
dados wilujeng, dene jembatan taksih sae, palang palangkanipun kang risak, utawi kaurugan siti. Sanalika
punika, ugi tiyang kang sami tutulung kathah, para priyantun tuwin para pengageng, tuwin tuwan
Welandi, sami budi pinanggihipun jisim 8 wau, saengga rinten sadinten, sareng jam ½ 6 sonten dinten
Jumungah punika, ugi jisim sami pinanggih, pinanggihipun teksih sami kukup kemul, jaler estri sadaya
sauga pangggih masih wonten patileman dereng wonten ingkang pisah, raosipun nuju tilemlajeng
kurugan siti, sangking nginggil,payon nangkebi, sangking kandelipun ing siti awor sela ingkang ngageng-
agengipun sela, 2 maesa, utawi 3 maesa, sela kang sami gugur, anindhihi griya, mila dangu
pinanggihipun jisim wau sareng griya katumpangan awrat, sitenipun dherek malorod, mila mingser
saking parnah panggenanipun griya kang wau sadaya barang barangipun ugi sami pinanggih, wondene
kiwatengeniun siti kang lolos, taksih wonten siti kang rembes, kadugi badhe lolos malih, mila nagari
paring arta sampun nandhes 100 ris pis, punika dereng sampun, anyirnakaken siti ingkang dados nutawa
tos wau, kula mongka suka pancen, waktu tanggal ping 4 punika jawah anglangkungi, lepen sami banjir,
sareng anipun kang sami nunggil salebetipun pnika dhistrik, jembatan kang larut 1 jembatan lepen bubuh,
2 jambaran celumprit, ambruk margi saka putung 3 jembatan lepen dhusun langkan langkan, utawi papan
sami rujat, gejawenipun punika sadaya sabin wilujeng, amung kedhik kkang risak kang pinggir lerpen,
utawi dhusun kang pikantuk wangan surakontha, margi wanganipun lolos maksih dereng kendel,
ayemipun tiyang alit, sampun tanem warnenipun sae, taneman kopi wohipun taun punika, kalangkung
kathah katimbang taun kang sampun, kang sampun punika dhistrik antuk 12500 sapunika manawi lujeng
badhe langkung malih sampun sami kalebetaken ing gudhang, regenipun ing nguwos sadhacin kalih
wulan punika ajeg 6,50 ris pis kenceng, manawi kasambut 7 rispis sapulan bauar tiyang wade pantun
maksih kathah,jagung kathah, tiyang alit boten kakirangan, bab dursila prakawis pulisi wilujeng, kajagi
kalayan kenceng.
Kondhestu.
======================================================

Wangsulan dhumateng mas Guna Dhesthi, Sumbaga tuwin Gendam


Boten namung mas Gednam kemawon ingkang remen pados leres wontening Jurumartani, sanadyana
pasakitan ingkang wonten salebeting kunjaran saha sampun boten saged angoncati panarkaning
satrunipun inggih ugi taksih kedahapados leres, kados ta jengandika mas Gendam teka taksih purun
kumecap malih wontening Jurumartani, punika rak namung angaling-alingi balentongi srira sampeyan
ingkang sampun katingal ing ngakathah kalebet ewonipn tiyang kodhen bagoran tuwin ombyokan angeh
sanget angsala panrimah saking satunggaling sanes utawi saking kartasumbaga, awit kasagedan
sampeyan pnika anamntolaken namung angungkuli sakedhik kaliyan kartasumbaga wau, balik panarka
sampeyuan dhumateng kula kaewonaken titiyang kodhen utawi kalebet bagoran punika ingkang
sampeyan damel cihdaning kalepatan kula ingkang pundi, punapa cothoning panyerat tuwin dhoponing
ukara kula, punapa tembung kula awadhag boten alus, pangraos kula koboten kula suthik sanget
sampeyan jak dados ewonipun titiyang kodhen apesipun balebes kasageda kula punika inggih angungkuli
kasagedan sampeyan sanadyana sampeyan sampun adamel tondha saseratan dhumateng kula igkang
langkung sae katimbang ingkang dhateng kartasumbaga, inggih ugi boten wonten ajinipun tumrap ing
ngatasipun kula, awit pancen taksih kathah ingkang lepat kadosta: ana idi leresipun anyadi, angunangun
leresipun Angunangun, Witning ingkang leresipun witnei ingkang, ambeg leresipun ambek, anglengkara
leresipun anglengkara.

Bilih sampeyan taksih paripaksa angaken sami kaliyan kula, punika gampil kemawon anggen kula damel
cihnaning kabodhon sampeyan sumongga sampeyan kula aturi mecah bedaning tembung daya wacaka
tembung karanawacaka ingknag sami amurwa, Ha, utawi Na, kaligabipun ingkang nama gendam badhe
angoncati saking pasamuaning jurumartani, awit boten pisan saged anggayuh ing ngatasipun tembung
wau punika. Wondene anggen kula lajeng analabung ingknag dede kawajhiban kula, punika mugi
andadosaken sumerepipun mas gendam bilih pikajengan kula wau boten badhe angerbaraken
kasagedankula, nanging saking kamiwelasen dhumateng Karta sumbaga ingkang kaesi-esi dene tiyang
gopol utawi gabeng kados sampeyan punika, mongka ujaripun ing paribasan (wong ceko ora wenang
amoyoki wong kawaga). Wasana manawi jengandika taksih karsa anglajengaken gagujengan kaliyan kula
mugi puruita arumiyin dhumaeng para sarjana, supados boten damel kembaning panggalih kula.
Surakarta kaping 12 April 1870
Katandhan Kartasumbaga Tiron.
=================================================================
Serat kintunan ingkang angemutaken bab panduminipun barang tatilaranipun swargi Raden Tumenggung
Ranadirja, punika boten badhe kapacak ing Jurumartani, tan mawi bayar wragad kados kang sampun
katamtokaken.
Redhaktur F.L.Winter
=============================================================

Pabrik Es ing Surakarta.


Tuwan Lingkring, sampu angaedegaken pabrik toya eis, ing sapunika sampun rampung, awit tanggal
kaping 20 wulan April punika, tuwan Lingkring, sampun awit sade toya eis wau, ing dalew sak pun regi
10 sen padnamelipun saking toya ingkang sampun kasaringan tos bening sanget, punika andadosaken
kasaenan ingkang sakalangkung mupangati, mila sakathah ing para priyantun ageng,alit utawi
sakathahing bongsa, saged pikantuk sakarsanipun,kenging tumbas wanci enjing, siyang, sonten, utawi
dalu, dados boten nuwa ing panggalihipun sakathah ingkang sami tumbas, mongka sinten ingkang
sampun ngunjuk toya eis, damelipun tuwan Lingrking wau manawi pangjukipun kalayan
sedhengan,punika andadosaken kuwatipun ingk badan, sae dhateng padharan, nutumaken sakathahing
ngotot balung sungsum, saengga dadosaken nem sakathahig kang sampu sepuh, mila tuwan Lingkring
sanget anggenipun mersudi, sudados prayogi salaminipun, kenginga kaajenga-ajeng wedalipun
kauntungan sangking panggaotan toya eis wau.
R.
=============================================================

Tuwan Y.Andriye, ing Samarang, mantas anampeni sangkelat cemeng alus arta sae warninipun menggah
kandelipun sami kaliyan wacucal maesa, sankelat punika prayogi kangge ing panggenan kang asrep utawi
kadamel salebrak kapal.

Para priyantun ingkang ngarsakaken tumbas kapal makasar, ules cemeng,kalih rakit tanpa ciri. Awon
ageng ageng taksih nem sarta sampun sae sampahipun,kenging pikantuk saking tuwan P.F.Purneman
menggah reginipun kapal wau 1200 rupiyah.
================================================================
Ongka 17, 28 April 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Tuwan Mister, P.Y.Y.C.Faniwenufen Elbah, tilas Ofepsriing pangadilan Justisi ing Surabaya,
kaulawisudha dados Gripiring pangadilan luhur ing Infiya Nederlan.
Tuwan L.H.Fandhistel Uponderweise, (guru pamulangan) ing Banyuwangi, kaelihdhateng ing
Purwakearta bawah Krawang.
Tuwan F.Y.Fandherlindhen, Twedheilep Onderweiser ing Panaklongan kakulawisudha dados
ufonderweiser ing Banyuwangi.
Tuwan Y.B.Pos amstenar wahel tilas opsinder ing pandamelipun sarem ing Paradhesi bawah
Remabg, kakula wisudha dados pos Oder tuwin pakismister ing gudhang areng Walandi kang
winastan Stikulen, ing labuwan dedeh

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

SURABAYA

Ingkang kacariyosaken tatacaranipun garebegan, ing dalem sataun kaping 3 ingknag 1, ing bakda
Garebeg Mulud, ingkang 2, ing Bakda Garebeg Siyam, ingkang 3 ing Bakda Garebeg Besar,
sadaya wau sami kangge dados dinten agengipun bongsa jawi, ingkang anglampahaken, agami
sarengatipun, Kanjeng Nabi Mukammad Rasullulahi, mila dados kadamel pasamuan ageng,
wonten ing karaton dalem menggahkatranganipun kados ing ngandhap punika. Ingkang nomer 1,
bakda Mulud wau, nuju tanggal kaping 12 ing wulan Rabingulawal, inggih punika wulan Mulud,
leres wiyosanipun, kanjeng Nasbi Mukammad. Ingkang nomer 2 Bakda Garebeg Siyam wau,
tanggal kaping 1 wulan Sawal, punika riyadi konduripun Kanjeng Nabi Mukamad mentas siyam
ngalowong sangking guwa 30 dinten lajeng Ariyadi. Ingkang nomer 3, ing bakda garebeg Besar
wau, tanggal kaping 10 punika nalika kanjeng nabi Mukammad, badhe nyuwun tebihipun para
ijajil, , awit tanggal kaping 8 sampun siyam kaji, 2 dinten, dumugi tanggal kaping 9 kaping 10
bakda lajeng sami tawab, punika pratingkahipun minggah kaji. Ingkang nomer 4, ingkang dipun
wastani maleman, ing nuju wulan siyam tanggal kaping 20 Malem tanggal kaping 21, malem
tanggal kaping 23 malem tanggal kaping 25, malem tanggal kaping 27 malem tanggal kaping 29,
malem tanggal kaping 30, lajeng malem tanggal kaping 31, inggih punika dinten bakda siyam
wau, ing nalika kanjeng nabi Mukammad, badhe tindak mangkat dhateng guwa aluwat siyam,
sakathahing para cakabat matur benjing punapa, konduripun, kanjeng nabi mangsuli, awit malem
tanggal kaping 21 salajengipun tanggal ingkang ganjil sami ngajeng-ajeng, manawi saged kondur,
mila sakathahing malem wau, punika ngurmati sudhiyanipun badhe konduripun kanjeng nabi
sangking guwa, wusana boten rawuh, dados wanci subuh, rawuh lajeng kutbah bakda dinten
riyadi,bakda siyam wau. Ingkang nomer 5, manawi nuiju Garebeg wulan Mulud tanggalkaping 12
ing taunipun Dal, punika leres miyosipun,kanjeng nabi Mukamad, mila ingkang sinuhun, Ni Jeng
Susuhunan, tedhak dhateng Masjid ageng, kadherekaken kanjeng tuwan residhen sak
penangkilipun sadaya, perlonipun angujubaken ajat dalem, wilujenganipun kanjengnabi wau
pakurmatanipun sakalangkung ageng sanget. Ingknag nomer 6, ing bakda Siyam ing bakda Besar,
punika mawi salaman, ujung-ujungan, punika manut nalika kanjeng nabi Mukammad bakda
kutbah, lajeng mungel teteg, punika sakathahing para sakabat, lajeng katimbalan salamanb,
dhawuhipun mundhut alalbahalal,mundhut apunten dhateng para sakabat utawi umad, para
sakabat utawi umad, sami nyuwun pangapunten, kangge tanah jawi, 1 salaman, 2 ngujung jengku,
3, ngujung delamakan, 4, wonten patrapipun ing sembah, mawi pangkat pangkat andhap inggil
ageng alit, pangkat utawi aslenipun, inggih punika tatacranipun bongsa jawi, dados kaangge
sadaya. Dene cariyos nginggil wau patraping katranganipun sakathahing pakurmatan utawi
tatingalan, kang dipun cariyosaken rumiyin ing bakda garebeg Mulud, ingkang dede taun Dal,
kados ing ngandhap punika.
Sampun katamtokaken, kurupipun tanggal wulan Mulud wau, kang dipun angge kurup Namsiyah,
supados dhawahipun garebeg, sageda ajeg dinten Senen, manawio taunipun Dal, sampun tamtu
dhawah dinten Senen Pon, tanggal kaping 12, inggih punika miyos kalih map dipun kanjeng nabi
Mukammad, gancaripun kados ingkang sampun Mungel ing sadada sajarah kalimah kalih,
menggah pakurmatan ingkang kagem ing karaton dalem, ingkang sinuhun kanjeng susuhunan ing
nagari Surakarta. Awit wanci jam 4, sonten, alem tanggal kaping 6 wulan Mulud punika awit
nabuh ungelipun kagungan dalem, gongsa sekaten pelog salendro, katabuh wonten ing griya
pagongan inggil, wonten kiwa tengenipun kori gapura masjid ageng, salebet cepuri, sak
ngajengipun suranbi masjid ageng, dumugi malem garebeg, dados lamenipun 6 dinten, 6 dalu,
salebetipun sapeken wau rame sanget sarta kathahipun tatingalan anglangkungi, wonten salebet
sajawenipun gapura balabar dhateng ngalun-alun, kathahipun tiyang wadeyan pepakipun barang
warni-warni, tikel sadsa katimbang kalih peken ageng, riten dalu boten mawi bobar, barang
ingkang tebih pinangkanipun sami dhateng, ingkang salamenipun boten wonten, tiyang ingkang
wekel ngudados tedha, paitan namung tangan, punika saged angsal kauntungan, awit sabarang
ingkang dipun wade, saestu pajeng, sabab sadaya ingkang lumampah ningali sekaten,mesthi
sangu yatra niyat tumbas sabarang punapa kang dipun wade, sadaya tiyang kriya, tiyang dagang,
wektu punika kathah papajeng sarta kauntunganipun, sabab panjenengan dalem ingkang sinuhun,
dalah kawulanipun, ageng alit jaler estri,nem sepuh, nagari miwah ing dhusun, ingkang dados
kula tuwin peker meskin, sami niyat ningali sekaten sadaya, sami nbiyat mengagge sarwa enggal,
ingknag nama priyantun sak penginggil,punika nyengka yasanipun, sabarang agem-ageman,
kedah santun enjing sonten, wancenipun ningali enjing sonten siyang dalu, punika mawi kapantes
piyambak-piyambak, sakathahing prabot tuwin tumpakan dalah ingkang niring-iring. Cariyos
punika taksih wonten candhakipun malih.

SAMARANG

Wonten satunggal Cina ingkang nyambut damel ing griya pangecapan ing Samarang,
kasangsaran putung tanganipun kagiles rol pirantosipun pangecapan.

SURABAYA

Ing Surabaya wonten satunggaling Cina kacepeng dening pulisi, ingkang sumedya badhe ngapusi,
awit cina wau purun purun angewahi ongka lot saking lotrei ing Makasar, angkaning lotipun cina
wau, 4950, punika dipun ewahi kadadosaken ongka 4059, ingkang pikantuk kauntungan 100
rupiyah, menggah ongka ingkang dipun ewahi cina wau , punika ongka 9 kadadosaken ongkan 0
ingkang ongka 0, kadadosaken ongka 9, punika sadaya angatawisi sanget awit panggarapipun
boten sae sarta reged.

BETAWI

Wonten lare anakipun tuwan O, antawis umur 12 taun kinaniaya nyonyah D, dipun gebagi
ngantos pejah, menggah ingkang dados jalaranipun anakipun tuwan O, wau dolan kaliyan
kancanipun lare wonten ing pasar Baru, lajeng kerengan kaliyan anakipun nyonyah D,ingkang
sakinten kawon lajeng adul0-adul dhateng biyungipun, nyonyah D, wau sakalangkung nepsu,
lajeng utusan rencangipun anaimbali anakipun tuwan O, sareng sampun dhateng ing griyanipun
lajeng dipun gebagi, kalampahan rare wau ngantos kalenger, boten antawis dangu, lajeng pejah,
awit saking papriksanipunt uwan dhokter, sanadyan ing badanipun rare wau boten patos katingal
tabetipun dipun gebagi nyonyah D wau, ananging pejahipujhn rare punika awit kenging sasakit
kang winastan kaut pir ingkang anarajang ototing padhaharan sanipun jalaran saking kinaniaya
wau.

NAGARI EROPAH

Ing sawatawis dinten, ing Plisingen, wonten lelampahanipun tiyang pratingkahipun aneh, wonten
tiyang jaler satunggal, karem ing ngunjuk inuman, saben kakesahan antukipun sampun mendhem,
lajeng paben kalih ingknag estri, semahipun kaken manahipun lajeng wicanten, manawi ingkang
jaler boten mantun anggenipun remen mendem, badhe dipun pejahi, dhateng ingkang estri,
satunggilipun dinten, kang jaler wau kesah malih antukipun reka-reka mendem, lampahipun
galoyoran kados mendem sampun sangert, amung badhe yektosaken inkgna dados wicantenipun
ingkang estri wau, sareng kang estri mirsa sakalangkung nepsu lajeng misuh-misuh dhateng
ingkang jaler, ananging ingkang jaler kendel kemawon, namung gela-gelo kalihlumampah gluyar-
gluyur,lajeng malebet ing griya, lenggah celak kahel, inggih punika wadhah bedhiyan, caranipun
nagari Welandi, lajeng reka-reka tilem, ingkang estri sangsaya sanget nepsunipun, lajeng
minggah ing loteng, anjebol balabag satunggal, ingkang leres panggenan anggenipun tilem
ingkang jaler wau, lajeng dipun uluri tangsul mangandhap, kang estri wau lajeng medhun kaliyan
sareh, sareng dumugi ing ngandhap, lajeng nyandyhak tangsul wau, kajiret taken gulunipun
ingkang jaler, tumunten wangsul minggah malih, ingkang jaler sareng ningali kan estri sampun
minggah, anguculi tangsul kang wonten ing gulunipun, lajeng dipun cancangaken kaliyan kahel
wau, ingknag estri sareng dumugi inggil, anarik tangsul kaang dipun angge jiret, sak nalika
wonten suwara gumarobyog, awit saking kahel wau sareng katarik kawalik pangraosipun ingkang
estri,punika solahipun ing kang jaelr, tangsul katarik kenceng, lajeng dipun cancang kalih
dalurung loteng, kang estri wau tumunten medhun sarta lumajeng medal kori ing wingking griya,
lajeng kesah badhe ngaturi uninga ing pulisi, yen ingknag jaler pejah gantung
awakipunpiyambak, saknalika pengagengipun pulisi, dhateng griyanipun badhe anindakaken
papriksan, sareng dipun pariksani, kang dipun wastani kang jaler pejah wau, punika kahel, taksih
gumandhul wonten dalurung loteng, ingkang jaler taksih gesang lajeng lapur dhateng pulisi, katur
ing sasolahipun ingakng estri sadaya, ing wusana pulisi lajeng anyepeng dhateng tiyang estri wau,
kalebetaken ing kunjara, kenging prakawis badhe mehai tiyang, kacihna prartingkah patrap
wujudipun ing bekakas wau. Menggah patrapipun cariyso ing nginggil wau ing wanci dalu,mila
dados kasamaran ing lampahipun.

Sasampuning tabe kula akathah-kathah, kaunjuk ing panjenenganipun tuwan ingkeng ngarang
serat kabar Jurumartani, kula nenuwun kang kalayan sanget, cariyso kaula ing ngandhap
punika,mugi keersa anglebetaken ing serat kabar Jurumartani.
Kang klayan suka renaning manah, ing wektu punika gusti kula kanjeng bupati panagara, tuwin
kanjeng upati ing Magetan, tampi ganjaran saking tiyang ageng nama Kanjeng Rahaden Adipati.
Ananging kula unjuki wuninga, ing salebetipun ing taun 1865, wktu kitha Samarate dereng wonte
bupatenipun, samarte karangkep dados satunggal dhateng Panaraga, dados sanunggal,
bupati,anindakaken kabupaten kalih.

Saking kaengetan kula utawi pendulu kula, cekap cukup ing samudayaning kerajinan, gustikula
kanjeng Adipati akranegara, gening nindakaken kalih kabupaten wau, saha kula purun amestani,
gusti adipati Cakaranegara, Amirul Balat kepala nagari, kang sampurna ing ngatasipun agami
Islam, wah malih boten salisir anggening nindakaken ing kuwajiban, bupati kang klayan lampah
seca tuhu, ingang jeng gupernemen, wah malih dhateng para niyaka, Alus sarta lembut.
1, kula antu memuji kang klayan demikak, supados gusti kula kanjeng dipati Panaraga wau,
angsala sihipun tiyang ageng malih, saha kadamel langkung sangking bupati Magetan.
2, punapa ganjaranipun angge ing sampun anglampahaken kekalih kabupaten wau.
3, Awal mulanipun ing residhensi punika, wonten sanunggal pangkat nami upregen,utawi bupati
wadana, punapa pangkat punika boten prayogi, kagancaraken ing Panaraga.
4, Sangking pamawrat pemandeng kula pantes, awit dening wau kanjeng adipati boten
kakirangan, sangking prakawis kal ing ngatasing kepala agami.
5, Sangking borong kula, punapa boten sampun ngangkat awrat saha bucal payah.
6, Sokur kanjeng tuwan Besar, ingkang wicaksana, aparingsih ing gusti kula kanjeng bupati
Panarga, tondha kapercadosan sanunggal sosngsong praos byur, kadi swargi kanjeng gusti
pangeran buapti Demak kang sampun katrimah ing kanjeng gupernemen. Amin. Titi. Tamat.
Kaserat ing Panagara 15 April 1870
Abdinipun tuwan ingkang Rendhah, Ngabei Sastra Adipraja.

Serat kintunan saking nagari Ngayogyakarta, anyariyosaken manawi saking karsa dalem,ingkang
sinuhun, kanjeng sultan ing Ngayogya, badhe nyupitaken putra dalem kakung
1, Bendara Raden Mas Sim, Kuwari,
2, Bendara Raden Mas Atasaji
3, Bendara Raden Mas Rustamaji.
4, Wayah dalem ingkang miyos saking klangenan putra dalem, gusti Pangeran Litnan Kolonel
ajidan pansetap Angabei, anama, bendara raden mas Sayid.
Gesipun kaangkah, benjing dinten kemis kliwon tanggal kaping 20 sak lebetipun ing wulan sura
taun punika. Wondene anakipun abdi dalem ingkang sami bela,ugi kathah.
=======================

Serat saking Ngayogyakarta, amratelakaken kakulawisudhan tuwin sanesipun kados ing


ngandhap punika:
1 Mas Kajali, kawisudha, dados lurah Suranata, wasta Surawedi.
2, Panewu, Parbongsa, klayan panuwun, kaliyer, dados Rongga ing Redi Kidul bawah
Mangunagaran, Wanagiri.
3, Lurah Mangunwinata, kaliyer dados Panewu, anggentosi Ngabei, Parbongsa,
4, Bekel Murdeya, kawisudha dados mantri gudhang, kopi, reh ing Suranegaran.
5, Wijil, jajar punakawan Urdenas kawisudha dados Mantri Kumetir, reh Kadanurejan.
6 Mangun Wardaya, kawisudha dados bekel Kursi
7, Mantri Jaksa predapaura, sampun ngajal kala tanggal kaping 17 Sura Dal, 1799 Boten tilar
anak jaler.

Anggen kula mangjurung kabar ing Jurumartani, sareng sampun kapacak wontening pustaka
Jurumartani ongka 16, kula lajeng mireng raraosanipun para priyantun sawetawis ingkang sami
maos serat Jurumartani ongka 16 sangking raosanipun para priyantun wau, kula kadalihangerang-
erang kanjeng pangeran Ariya Cakranagara, ananging saestunipun para priyantun ingkang
kagungan pandalih makaten wau, lepat sanet, awit ing kayaktosannipun, kula boten pisan-pisan
yen gadhah amanah pamrih ingkang makaten,mila kabar wau enggal-enggal kula pacakakken ing
Jurumartani, amargi kula mirteng saking raraosaning mitra kula, sarehning sanget agenging sih
dredya kula dhumaeng kanjeng pangeran ariya Cakranagara, saengganipun kukus, bokmanawi
kukus wau wonten latunipun sayaktos, sampun ngantos kalajeng murub angalad-dalad.
Cinitra ring Lek 26 april 1870 katandhan
Raden Cakra Andaniswara.

Kartasumbaga Tiron duka akathah-kathah sarta amastani sakarsa-karsa dhateng ingkula, punapa
dene anyumbaraken kasagedanipun ingkang anglangkungi tiyang kathah punika kula inggih
sampun eram sanget ananging kula boten amangsuli, awit anggen sampeyan dados kodhen
punika, saking katurlaran kula, yen ta samangke kula mangsulana dados gentos tatularan malih,
mila sampeyan terangaken anggen sampeyan maos jurumartani ingkang wonten seratan kula
unapa kula ngaken saged rak boten sampeyankula dhengerakekang moyoki kartasumbaga, punika
kancipun rare gugundhulan rehne sumerep ing jurumartani wau nboten wonten bodho seratanipun
kados kartasumbaga, mila dipun piyo supados mangretosa, naming meksa dereng saged mindhak
punika yen sampeyan badhe sumerep nalaripun dene samangke sampeyan suthik banget diarani
kodhen inggih empun naming sarehne sampeyan kang kumecap rumiyin dados namung abdi
sampeyan pun Gundhul punika ingkangtaksih mastani, naming lajeng kula srengeni ajrih lajeng
kendel, kula cariyosi yen kasagedan sampeyan sampun dede dede angungkuli sasamining
tiyangpunika lajeng gumun sanget ngantos mecucu anggenipun mungel gumun, lo lo arep
ambadhidhig galiye si mas iku. Dupeh aku ora anjawab dununge, daya wacaka, tuwin karana
wacaka, sumongga upami kula serat ing ngriki pamrihipun punapa, ingkang gumun sintenkang
mongka priyantun ing Surakarta samangke sampun kathah ingkang kagungan okarana, sanadyan
sageda rak sae dipunangge piyambak mas sampun kathah kathah kang dipun galih, lo lo arep
mundhut mangsen karo pen sampun ta sampun tiyang kula badhe boten mangsuli damelipun
punapa mindhak dipun panggihing sanes kasagedan sampeyan tur boten kantenan ingkang
narimah.
Katandhan pun Japamontra.

Punika candhaking cariysoipun ingkang sinuhun ing Prajagung Prangkrik.


Sareng dumugi ing nginggil,dipunpethukaken dening wanodya ingkang culika nami Kamilya,
wandanipun acum, meh boten kaconggah anglairaken wilujeng rawuh, sang Mariyanah boten
pisan anolih semunipun asrep nanging ladak anggenipun lumaris, nunten enggal manjing ing
kamar.
Para abdi estri ingkang sami sengkut angladosi ing kamar, lajeng dipun tundhung, nunten dipun
titiprisa, punapa boten wonten ingkang badhe saged amyarsa utawi andingkik.
Sareng kawastgawis sampun boten sumelang, mariyanahlajeng angracut busana, saksat salin
warni, saha aningalaken bibrah budinipun, sang putri anjrit kapati dhawah ing siti, astanipun
kapanthi, kadya anunuwun dhateng gusti kang kawasa, o, gusti dipun banjuta kawula, amaringana
wlas arsa, sampun ngantya kalajeng-lajeng, wasana sareng sampun kapara dangu anggenipun
sambat sambat lwir sun dari, lajeng kengetan purwalan wasana, mariyanah nunten amenyat
malih,andengek saha ladak adegipun, kadya wangsul kakiyataning nepsu sarwi amunadika: o aku
ora gelem lan durung kena mati, sabab kauripan aku, isih duwe kuwajiban atase awakku, karo
dene pakumpulan wadi kang dak lurahi,iku ya uga duwe kuwajiinan malangi, aja kongsi aku
mundur wasana aku ora kaconggah amerjaya sijurupaksa sarana patrem lah saiki sedya ku arep
dak cidra nganggo cocohing ngedom, tegese cocohing ngedom,yaiku sarupaning layanglayang
kang padha dakweradinake, surasane amertak-mertakna, saka bab tiungkah lakune si juru
pengrayud, murih kaloka jutine, mongsa gek ora ana garapan kang wani amacak layang anggitan
mau, mulane arepdak….sanadyan amragadi nganggo dibobot karo mas aksarane.
Sareng gagad ening Marriyanah sampun cancut angagem busana lampah tebih badhe mangkat,
sadalu muput anggenipun adados saha angrakit sabarang kardining dalem, ing mangke sampun
sumeta sadaya,badhe tumrah undhak-undhakan ageng, nunten sang putri angandika dhateng abdi
estri Kamilya, ingang andherekaken. Nonah ing saiki mentara, supaya bisa anganggit layang
pemutan, manawa komdhan Prasman ing kitha wenen, kaconggah amenehi penggaweyan liya,
wus lungaha aja pisan angetok ing kene maeh, tukang wang wus dak dhawuhi ambayar blonja,
saha angundurake awak mu ing dalem sajam. Mariyanah nunten tan anolih dhateng
kamilya,lumaris semu ladak lajeng tumrah undhak-undhakan, nulya anitih kreta mamprung
lampahipun.
Ngayogyakarta ping 27 April 1870
Katandhan C.F.P.
Sobatipun kartasumbaga, angraos susah manahipun jalaran anggen kula ngalih nama, punika
sampeyan sumerepa mas anggenkula anyigetaken nama kula kang temen punika, saking rumaos
kula taksih bodho dhateng patraping sastra tuwin tembung, jumbuh kaliyan sobat sampeyan mas
Lurah Kartasumbaga temen punika, pangangkah kula manawi dipun poyoki dhateng para sujana,
sampun gantos katawis ing wasta kula, tur kula angsal piwulang, mila kula sareng dipun sendhu
mas Kartasumaba tiron bab lepating panyerat kula lajeng kados dipun wulang, samangke radi
wontenindhikipun sawatawis ing saserepan kula dhateng saseratan, namung sobat sampeyan
punika, kula gumun sanget awit kerep kula poyoki saseratanipun ngantos samangke kok taksih
pelo kimawon anjawi yen pancen wiyosan ing bagelen utawi madunten kula sumongga, pangraos
kula sanadyana nyenonyeno ngatingalaken namanipun ingkang temen manawi taksih dados
gagujenganing kathah paedahipun punapa sumonggata: sampeyan galih mas atur kula punika
satemenipun kimawon wasana kula sampeyan kinuni tabe, kula mangsuli taklim kimawon sabab
teksir kula, sampeyan sami kados kula pithen jobin kimawon kados dede garit kula ngalih nama
malih sampun duka, lo mas.
Katandhan pun Lisah Dhuyung.

Kula tuwan P.G.Sekules ingkang anandhani ing ngandhap punika angaturi uninga dhumateng
para priyantun ageng alit tuwin sakathahing bongsa ing Surakarta, manawi kula ing sapunika
angadegaken toko sacelaking grinipun tuwan Weiting, menggah sakathahing barang ingkang kula
wade sadaya mirah reginipun.

Ing sapunika para priyantun kenging pikantuk tumbas serat wirasatipun tiyang estri ingkang
kawedalaken kaping 2 punika menggah regining serat wau katamtokaken kados ing
ngadhappunika.
Manawi tumbas 1 iji, karegenan 30 sen
Manawi tumbas 5 iji karegenan 1 rupiyah 25 sen
Menawi tumbas 10 iji karegenan 2 rupiyah
Manawi langkung saking 10 iji, reginingipun ugi badhe kasuda, ing samurwatipun. Ing wasana
parapriyantun ingkang angarsakaken tumbas serat wirasat putnika sami kaaturan angintuni arta
kalayan pos wesel
Katandhan tuwan P.F.Purneman.

Tuwan Y.Andriye ing Samarang, mantas anampeni sangkelat cemeng alus sarta sae warninipun
menggah kandelipun sami kaliyan wacucal maesa, sangkelat punika pryogi kangge ing
panggenan kang asrep utawi kadamel salebrak kapal.
=======================================
Ongka 18, Kemis kaping 4 [evidently error for 5] Mei 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Tuwan Sehif Dhomeni ing Surabaya, awit saking panuwunipun kaparingan pensiyun
Tuwan Burgemister, tukang wade serat segel ing Surabaya, awit saking panuwunipun kaparingan
pansiyun
Tuwan Gramberreh kakulawisudha dados sakretaris ing Timur
TuwanPansulen kakulawisudha dados dhumeni ing Bogor
Tuwan Radheresmah kakulawisudha dados dhumeni ing Pontianak
Tuwan Braowe kakulawisudha dados dhumeni ing Surabaya
Tuwan Pangber kulawisudha dados dhumeni ing Prabalingga.
Tuwan Prines kakulawisudha dados tukang wade serat segel ing Surabaya
Tuwan A. Y. L. Lempe, Uf Onderweiser ing Bandhong bawah Priyangan awit saking panuwunipun
kaundur saking padamelanipun mawi kaparingan pensiyun.
Tuwan D. Sehreiban afen tuwin pal Ismisster ing Sambas awit saking panuwunipun kaundur saking
pandamelanipun mawi kaparingan pensiyun.
Tuwan K.A. Bures kakula wisudha angentosi tuwan Sehrein wau.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

SURAKARTA
Sambetanipun cariyos garebeg, ingkang sampun kasebut serat Jurumartani ongka 17, kados ing ngandhap
punika.
Saderengipun mungel gongsa sekaten awit tanggal kaping 1 punika, salebetipun nagari, sakathahing
gongsa ageng alit nem sepuh, sugih meskin, solah bawanipun, saengga gabah dipun interi, sami bingung
tumbas badhe prabot ningali sekaten. Sakathahing kriya bingung, ing panggarapanipun gelakah sadaya.
Sakathahing tiyang bathik, gelak garapan sinjang kang sami ngepahaken. Ingkang boten gadhah, bingung
ngupados sambutan prabot utawi sewanipun. Ingkang sugih prabot, bingung anggenipun nyewakaken,
ingkang sampun pepak, bingung anggenipun nyoba mangun mangun, Ingkanng bongsa wewadeyan,
bingung nggenipun kekulak, Ingkang bongsa niyaga, bingung ngupados sangu tugur nabuh sekaten.
Ingkang bongsa santri, bingung pamreran badhe dhikir maulud. Ingkang bongsa gamel, utawi panegar,
bingung anggenipun damel sae gadhuhan reksanipunpara titiyan. Kenek kusir, bingung nggenipun ngisik
kareta bendhi sak pakeyanipun. Dumugi tanggal kaping 5 sakathahing tiyang wewadeyan, sampun sami
awit dhasaraken punapa barang wadeyanipun, sareng wanci Asar kagungan dalem, gongsa sekaten awit
mungell, punika sakathahing tiyang sawenining bongsa, sampun aningali, sakathahing margi kekbak
tiyang lumampah kesah dhateng datan pegat kadi lampahipun semut, tuwin lampahipun kareta bendhi,
kapal, sami dipun tumpaki ningali sekaten wau, para bendara sampun awit sami dandos, jam 4 utawi 5
sonten, sampun awit sami miyos aningali, ngagem agemanipun. Wonten ingkang cara Welandi, cara
militer, utawi cara Mardika, Wonten ingkang ngagem kuluk kanigara rasukan pethak, nitih titiyan ebah-
ebah watangan. Wonten ingkang ngagem dhesdhar sekaran katepirenda, mirib panganten, wonten ingkang
cara jawi, nitih kareta tuwin dharat.

Sareng rawuh ing ngalun-alun, sami kendel sawang-sinawang, kalih ingkang sami ningali, kalih kang
dipun tingali, samben mirengaken gongsa sekaten, wanci Mahgrib, gongsa kendel, kang sami ningali
kathah ingkang bibar, wanci jam 8 dalu, sami rawuh malih, agemageman santun, titiyan santun karteta
bendhi, mawi bekta garwa putra, estri, sami pemeran dalu bekta sangu yatra, lajeng tetumbas sabarnag
kang dipun parengi, jam 12 utawi 1,2, dalu, sami kondur enjing jam 9 sampun sami ningali malih
agemageman santun sadaya, salajengipun inggih makaten ugi, sak mongsa wonten dhawuh dalem kirang
1,2, dinten, ingkang sinuhun badhe miyos, aningali sekaten, punika ramenipun tiyang anglangkungi
nggenipun badhe ningali tedhak dalem wau, tiyang wewadeyan wewah tikel kathah pepakipun, sarta
kathah kauntungan , sabab ingkang sinuhun, sakaliyan kajeng ratu, sak penunggilanipun kang sami
dherek, punika sadaya mesthi tetumbas, saupama dipun kalempakna yatra kang medal kangge tetumbas
sadinten punika, boten kirnag sangking 56000 rupiyah, ing dalem sapeken wau sakalangkung ramenipun,
rinten dalu, boten mawi kendhat tiyang ningali, sareng dumugi, tanggal malem garebeg, punika wewah
rame suwaranipun para ngulami suhada mukmin santri, sami nata masjid ageng tuwin surambi, badhe
kangge dhikir maulud malem Garebeg wau, pasangipun dilah surambi, tuwin gapura padhangipun
saengga siyang, wewah padhangipun ing wulan, sareng awit bagda ngisa, kagungan dalem gongsa sekaten
mungel, lajeng awit bawani Mauludipun,punika para ngulami, langkung tiyang 1000 kajawi para ageng,
sabab para bendara kanjeng pangeran, para riya, para panji, para bupati, kaliwon panewu mantri, kathah
ingkang sami kersa tumut mauludan wau, tembungipun ngap berkah, tingalanipun kanjeng nabi
Mukammad Rasullulahi, bibaripun jam 1 utawi 2 dalu sekaten inggih kendel, kang ningali taksih kathah
perlonipun jajan, ing wanci jam nem enjing kagungan dalem gongsa sekaten kausung dhateng siti inggil,
badhe katabuh, tedhak dalem miyos garebeg, sareng ingkang sinuhun sampun miyos, kang mungel
rumiyin, kagungan dalem, gongsa mogang, kasuwuk, lajeng gongsa kodhok ngorek, kasuwuk, lajeng
gongsa sekaten, angsal sekawan gongsan, gongsa sekaten kabekta dhateng masjid, kangrembat lajeng
lumampah, kalih katabuh sangajengipun gongsa, abdi dalem Canthang Balung, kalih pal jaya, punika
kampuh sindur, mawi sodor joget urut margi dumugi masjid ageng, wingkingipun gongsa sekaten,
lampahipun ajat dalem, kagungan dalem gunungan, dumugi ngajeng surambi, gongsa minggah ing
pagongan, gunungan katata wonten palataran surambi kagungan dalem jas jid ageng.
Cariyos punika taksih wonten candhakipun malih.

Ingkang sampun kasebut serat Jurumartani ongka 16, cariyos kacepengipun tiyang dursila, ingkang
mandung griyanipun tuwan Pangin, kacepengipun boten saking puliisi bayalali, para dursila tiyang 5
punika sami kacepeng awit saking panmarsudi tuwin taberinipun raden tumenggung Suradirja piyambak,
jalaran saking kenceng parentahipun ingkang jeng raden adipati Sasranagara, akanthi pasuwan, mila
nalika tuwan pangin kapandungan namung elet 7 dinten dursila lajeng kacepeng 5 pisan ingkang 1,
kacepeng wonten bekonang, kacinah gelas satunggal, saeng kapriksa lajeng ngakeni, liyanipun kacepeng
wonten salebetipun nagari, kang dados Cina, ingkang warni yarta kirang langkung 1500 rupiyah genipun
mariksani dursila wau, wonten ing padaleman residheni ngantos sadinten, raden tumenggung suradirja,
ngantos kaparingan minuman utawi dhedhaharan, sangking kanjeng tuwan residhen, kang dados
eramipun ing ngakathah, dursila 5 wau kapriksa sampun terang kaliyan cinanipun, sareng dalu malem
dinten Jumungah, leres tanggal kaping 15 ugi wulan Aoril, griya wengkel, inggih gadhah anipun tuwan
Pangin dipun lebeti dursila pandung malih, ingkang dipun bekta, balabag inetkori kakus menggah
prakawis punika sanget dipun parsudi dening pulisi, dursila wau sampun kacepeng saweg satunggal
inggih kacihna balabag kori kakus wau.

ENGGLAN
Wonten tiyang bongsa Sepanye, lumampah dhateng ing kitha Londhen, ambekta bantheng, badhe
kadamel tatingalan ing tiyang kathah, kalayan bayaran, tiyang bongsa Sepanye wau, lajeng angadegaken
griya los ageng, dipun angge ngaben bantheng, dipun mengsahaken kalih tiyang, inggih bongsa Sepanye,
menggah patrapipun ing pangaben, banteng wau sungonipun katugel sapalih, kabucal ingkang pucuk,
sapalih tunggak ingkang kantun wau, loajeng kabuntel ing wacucal, ngantos kacepeng karaos empuk,
menggah tiyangipun, dipun sukani dedamel pedhang suduk, nanging kadamel kethul, lajeng kabuntel
wacucal, pucuk mawi kadekekan pentol, kapurih sadaya sampun ngnatos wonten ingkang nandhang tatu,
punika pengabenipun wonten salebetipun ing krangkeng, dados tatingalan ageng, kathah kauntunganipun,
awit reka caranipun bayaran, saengga kados ningali kumedhi, kadadosanipun tiyang kalih bantheng wau
boten wonten ingkang bilahi, sami wilujeng, kangge salamenipun, dados pangupajiwa.
MANILA
Nalika tanggal kaping 28 utawi 29 wulan maret ing taun punika, ing nagari Manila, wonten griya tuwin
pabrik srutu, kabesmen, kathah pitunanipun, kateksir kirang langkung, kalih tengah yura rupiyah, mila
sami dipun kinten, regenipun srutu, badhe mindhak awisipun.

BATAWI
Serat talegrap saking Batawi, amratelakaken, manawi ing mangke pangadilan luhur, ing Nedrelan Indiya,
sampu anindakaken karampungan, prakawis tiyang ingkang sami damel resah, wonten ing Bekasi,
kathahipun tiyang 49 sami kaukum kisas sadaya.

PURWAREJA
Wonten satunggal tiyang Jawi ing kitha Purwareja, ngalampahi nyolong lare ingang umur saweg 6 taun,
lajeng kasade pajeng 10 rupiyah, kang numbas welandi Aprikan, tiyang kang wade wau sapunika sampun
kapatrapan paukuman kalih taun laminipun.

JAPARA
Serat saking Juwana anyariyosaken, parentah pulisi, sampun nyepeng tiyang wade apyun peteng, awit
tanggal kaping 13 wulan Maret dumugi tanggal kaping 20 wulan April ugi taun punika, ngantos rambah
kaping 8, kadados Cina apyun peteng wau angsalipun, gunggung 421 ¾ kati.

Panjurung kabar kados ing ngandhap punika.


Anuju satunggal dinten wanci pukul 5 sonten kula dolan dhateng ing pagelaran kula lenggah wonten
saelering bangsal palenggahan dalem punika, dereng dangu tumunten wonten tiyang langkung, saking ler
satunggal saking kidul satunggal sasampuning taken tinaken lajeng samilenggah radi celak kaliyan kula,
kula mirengaken anggenipun wicantenan tiyang kalih wau sanget ing pangungun kula, dalah rencang kula
rare alit sami gumujeng amirengaken tembungipun kados ngandhap punika.

Kang mas sampeyan punapa taksih dherek tuwan wonten ing Salah tiga, ingkang satunggal mangsuli, o
adhi kula sampun lami anggen kula kesah saking Salah tiga, saha nala rayat kula sami kula bekta mantuk
dhateng Surakarta mriki, dilalah awit dhaeng anak bojo kula lajeng sami sakit ingkang satunggalipun
amangsulo, o sok makatena kasusahan sanget panggalih sampeyan sakpenika wangsulanipun inggih
makaten adhi,naming kok boten, sabab kula mondhok wonten ing peken kaliwon ngriku kula magang ing
tumenggungan lajeng katrimah damel kula, saanak rayat kula sami dipun abdekaken tur sami dipun
pitados kula kaparingan sabin sajung sanes panangalan saben wulan sedasa rupiyah, bojo kula inggih
makaten sami ayem manahipun. I, I, yen makaten sapunika mayar sanget kalebet manggih bekja,
wangsulanipun inggih makaten adhi pangestu sampeyan, anaming ko boten. Sabab kala wulan ngkang
pejah punika, anak kula ingkang sepuh sakit kalih dinten lajeng ngajal ingkang sesepan punika sakit
namung sak jam lajeng tilar, tumunten biyangipun sakit kula inggih sakit satunggalipun mangsuli malih
oo manawi makaten sampeyan kesusahan sanget sak punika.Em inggih makaten adhi, anaming kok boten,
sabab sareng kula saras anggen kula sakit utawi bakyu jengandika saras kula lajeng dipun inggah-inggahi
tiyang estri ayu tur sugih, wah bojo kula inggih trimah kimawon malah rukun kados sadherek tiyang
ingkang dhateng wau inggih makaten lajeng anyukani sengkang tuwin supa dhateng bojo kula yatra
kadamel paitan 300 rupiyah kula dipun sukani dhuwung slut utawi timang dalah kapal dipun tumbasaken,
200 rupiyah, ingkang dipun cariyosi wicanten malih. E, e, yen makaten manggih bekja sanget sampeyan
sak punika, wangsulanipun e inggih makaten adhi, anaming kok boten, amargi kula pinuju jagong saanak
bojo kula griya kula kunci kimawon sareng dalu kalebetan pandung saisinipun griya telas sadaya kabekta
ing durjana, dados kantun ingkang sami dipun angge kimawon, ingkang dipun cariyosi wicanten, eng eng
yen makatena kasusahan malih sampeyan sakpunika, wangsulanipun o inggih makaten adhi, anaming kok
boten, anggenipun wicantenan makaten punika taksih panjang wangulanipun inggih makaten kimawon
emperipun ingkang dipun cariyosi punika ugmujeng gumujeng anyela manahipun anaming badhe kesah
kesah boten suka meksa dipun nandhani kimawon, sarehning sampun radi dalu wahgrimis kula lajeng
mantuk rumiyin kilap kadadosanipun, tiyang ingkang widantenan wau.
Titi katandhan Mardhawa.
==========================

Panjurung ing Jurumartani

Kula angaturi kabar sakedhik mugi kapacak a ing Jurumartani, ing ngandhap punika.

Kala ing wulan Besar tyaun Je punika, rencangipun Raden Lurah Atmasusastra, ing Surakarta, amraged
menda jaler satunggal, sareng sampun dipun surak kabikak jero anipun, katingal atinipun anglangkungi
ageng katimbang kaliyan menda limrah punika, sarehning ati wau katingal ageng, lajeng diken
andhendheng, sareng dipun irisi salebetipun ati waul, wonten isinipun dom ageng satunggal dhapur tatah
jaro taksih alus boten tinjanen wasana dom wau lajeng dipun pendhet ing raden lurah, boten dangu
rencangipun amragad ayam, ugi makaten rempelaning ayam wau sareng dipun bedhel wonten dom ipun
satunggal sumlepit salebeting kulit ingkang jene ing nglebet punika, saehning dom kakalih wauy kalebet
aneh, lajeng dipun simpeni kimawon, raden /Atmasusastra namung mangajeng-ajeng manawi wonten
kaolipun priyantun sepuh ingkang sumerep menggah kasiyatipun dom ingkang aneh panggenanipun
kados punika wau.
Katandhan pun Kridha.

Manawi pareng karsanipun tuwan ingkang ngarang srat Jurumartani, kula ngaturi panjurung sakedhik
kados ing ngandhap punika.

Kula maos serat Jurumartani ongka 10 tuwin ongka 11, wonten saseratanipun tuwan G.C.T.Pandhorep ing
Samarang, amratelakaken dhateng para priyantun manawi anggenipun ngecap serat waosan cariysipun
nalika pirta ageng ing nagari Batawi, sampun rampung sastranipun jawi mawi sekar macapat ing ngajeng
pangecapipun ongka regi kalintul mungel satunggal buku regi 350 rupiyah, pancenipun naming tigang
rupih, langkung sat3ngah,s areng sampun terang yen satunggal buku regi, 3, 1/2 ruiyah, kula kllajeng
tumbas, 1 iji, dene cariyosipun alangkungi sae, tuwin papanipun kertas ageng wetahing pinggir mawi
sekaran mubeng anglangkungi sae, kathahipun 50 kace seratan gedrig yen kaserata tangan watawis tigel
dene samakipun kerdhus kandel warni biru nem ugi kaserat sekaran mubeng saking panimbang kula
kalebet mirah sanget manawi namung regi samanten kimawon aningali wujuding papan tuwin sae ning
cariyos yen suraosipun ing serat punika anggitanipun priyantun ing Suyrakarta, ingkang nama Raden
Atmadikara, Ordhenas sagedipun terang wau atepang rembag kaliyan raden Suryawijaya ing Batawi,
boten saking punapa anggen kula sumerla anglebetaken ing Jurumartani wau, saking remen cariysoipun
utawi anggitanipun kalebet lemmes tembangipun sarta kathah ingkang damel gumujengipun ingkang
maos punapa dene para ageng ing Surakarta ingkang sami dhateng ing Batawi kasebut sadaya dalah
ingkang andherek. Ing wasana andadosaken sanget pangajeng-ajeng kula atumbas serat katurongga kapal
ingkang sampun kapacak ing Jurumartani, ngantos sapriki dereng kawedalaken pandugi kula boten
namung para priyantun Jawi kimawon ingkang karsa tumbas sakathahing bongsa amesthi kapengin
andarbeni serat katuronggka, awit saking pamanah kula, serat katurongga wau ugi amratelakaken
sawarnining jampi kapal kang saras utawi sakit mila satiyanga ingkang remen kapal saestu lajeng tumbas
serat wau,mongka pangaosipun 3 rupiyah langkung 50 sen punika, kalebet mirah, katimbang kaliyan
kathahing saseratan sarta kathahing paedahipun. Ngayogya 26 April 1870 Katandhan pun Kesdu.
Panjurung Jurumartani, minongka, pangenget ing neting galih, ingkang kasebut kagungan dalem, angger,
sadasa, pratelanya kadi ngandhap punika.

Prakawis kaping 9.
Menawi wonten abdi dalem ageng utawi alit, ing nagari Muwah ing dhusun purun purun angrisak, dhaeng
rerteyanipun, ingkang kasanggi ing pandamelanipun, punika kaptrapan dhendha katikel sak prakawisipun,

Prakawis kaping 10
Menawi wonten abdi dalem, ngaturaken prakawis dhateng wadana kaliwonipun, inggih inggal
karampungana, sampun kantos katur ing parentah ageng, dene yen kantos katur ing parentah ageng,
witipun dedangu, kantos ruwet ing prakawisipun, ingkang dadangu kapatrapan dhendha 5 reyal ingkang
punika kula sumongga, kaatos-atosa.
Katandhan, Malunasuka.

Panjurung pabenipun tiyang keset.


Punapa sampun jamrah ing ngakathahtyang punika manawi tandarbe pakaryan, sami boten nyambut
damel. Wonten ingkang jawab lo, witing pakaryan iku seka penggawe. Inggih senajan anyambuta
gawe,yen ora digawe. Wasana, tanpoa gawe, aleres.

Ngayogyakarta Adiningrat ping 20-29 Januawari.

Rahning tabe kaurmatan, dena tur tuwan redhaktir, lumrah e ing Surakarta, rahsaning jurumartani,
malbeng ngajeng puniki, ngunguning panuwun ingsun, Atmanewaribasan, mamuja ing ngari kemis,
jayaendra saking pamundhi kawula. Pun patik adarbes luka, tinebang sinom prengngrawit, kala jaman
karasulan, miyosipun kajeng nabi, asana kyai Aris, andabe suta jajalu,jajaluk bagus lamrah,ing kanangan
ing nagri, darbe wulang esu tengsun kakilamrah. Ya makana welingira, lamrah sing bisa nglakoni, dadi
wayang ing juwata, wusana ingkang prayogi, dagang klayan ngabdi, enak ngawula sang ratu, dhadheku
srinarentdra, sasat nem bai yang widhi, pratelanya wong kusnun kadya mangkana. Kang dhihin lamun
wis tuwa, iku malih kaya bayi, kadya ne wong wis mlarat, asana pandadya sugih, tri8babodho kepati,
mara bisane kelakung, catur lara sang kira, yak kakirak banjur mari, yen precaya gus lamrah legsanan
nana. Tan antara mrah nyiwta, welingipun kyai Aris, dhadherek jeng rasullulah, egeping jumeneng nabi,
jinujung keng dlajid, lamrah sineka ngaluhur, gancanging dadya lulah, anenenedheng ing yang widi,
sukur bagya yen ing tembe dadya mulya. Titi
Katandhan dyan Malunasuka.

Kula tuwan P.F. Purneman angaturi uninga para priyantun ageng alit sadaya, sinten ingkang kersa tumbas
barang bekakas griya, pratelanipun kados ing ngandhap punika: 2 iji bangku ngangge pir, 2 iji koco kalih,
6 iji pigura, 1 iji meja bunder, 2 iji meja main kajeng sona sadaya, 1 iji, piyano, 2 iji baki, , 1 iji pirantos
wadhah acar sapanunggilanipun, 2 iji dhusin kursi, 8 iji kursi goyang, 5 iji kenap, 3 iji, patileman, 1 iji,
mejha kenging kalempit, 1 iji, basilonjong, 3 iji lampu gantung, 3 iji, kursi males, 3 iji, meja cuci mukak
kajeng sona sadaya, 2 iji, setel serpis dhahar porselin kenging kaangge priyantun kalih welas.
Sadaya sae sarta santosa pandamelipun, barang ingkang kapratrelakaken ing nginggil wau.
P.F.Purneman

Pabrik Eis (ES) ing Surakarta


Tuwan Lingkring, sampun angadegaken pabrik, toya eis,ing sapunika sampung rampung, awit tanggal
kaping 20 wulan

April punika, tuwan Lingkring, sampun awit sade toya eis wau, ing dalewa sak pun regi 10 sen,
pandamelipun saking toya ingkang sampun kasaring ngantos bening sanget, punika andadosaken
kasaenan ingkang sakalangkung mupangati, mila sakathahing para priyantun ageng alit, utawi
sakathahing bongsa, saget pikantuk sakarsanipun,kenging tumbas wanci enjing, siyang, sonten,utawi
dalu, dados boten cuwa ing panggalihipun sakathahing kang sami tumbas, mongka sinten ingkang
sampun ngunjuk toya es damelaniuntuwan lingkring wau manawi pangunjukipun kalayan
sedhengan,punka andadosaken kuwatipun ing badan, sae dhateng padharan, nutumaken sakathaing ngotot
balung sungsum, saengga dadosaken nem sakathing kang sampun sepuh, mila tuwan Lingkring sanget
anggenipun mersudi, sudados prayogi salaminipun, kenginga kaajeng-ajeng wedalipun kauntungan saking
panggaotan toya eis wau.
S.R
Ongka 19, 12 Mei 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun.


Tuwan Meisedbereh, Ufkumis kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi, awit saking sakit.
Kantor Sakretaris
TuwanSekipmaker kakulawisudha dados Ufkumis
Tuwan Ewik kakula wisudha dados Irstekumis
Tuwan Epres kakulawisudha dados Twedhe
Tuwan Uhwingkel kakulawisudha dados Dherdhe
Dhepartemen Justisi
Tuwan Peiperkakulawisudha dados Ufkumis
Tuwan Purdhedhel kakulawisudha dados Dherdhekumis]
Tuwan Akerlin kakulawisudaha dados Kumis ing Cirebon
Tuwan Jansen kakula wisudha dados Magelang

Tuwan Rutering kakula wisudha dados Mesarising Jawabang

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

SURAKARTA

Sambetanipun cariyos garebeg ingkang sampun kasebut serat Jurumartani, ongka 18 kados ing ngandhap
punika.
Menggah sakathaing garebeg kaping 3 sataun, lampah pranatanipun pasamuan sami kimawon, namung
garebeg mulud kaot wewah mawi sakaten, kados ingkang sampun kasebut serat jurumartani, ing ngajeng,
ingkang sampun kalampahan sadaya, ing mangkie nyariyosaken, pranatan pasamuanipun garebeg mulud,
ingkang leres dintenipun Senen Pon, tanggal kaping 12 wulan Mulud taun Dal, inggih punika, miyos
kalih wapadipun,lajeng nabi Muhammad rasullulahi, mila katamtokaken kurupipun …..punika saking
gengipun pakurmatan, awit tanggal kaping 1 wulan Sura, dumugenipun garebeg, ginemipun tiyang,
saengga ngebahaken nagari, kang dipun rebag, sakathahing bongsa, ageng alit, jaler estri, nem sepuh,
boten liya, namung anggenipun badhe pamer pengage sak penunggilanipun, ingkang badhe tumbas,
ingkang badhe pasa, ingkang badhe garap, ingkang badhe nyambut, ingknag badhe …taken, sami
iyegipun,mila para dagang, wonten ingknang ….lak, wonten ingkang dhateng bekta dagangan warni-
warni.
Sareng awit tanggal kapijg 1 wulan Sapar, punika sakathahing …dalem, ingkang sami gadhah kawajiban,
mirantosi badhe…dalem, Garebegan mawi tindak dhateng mesjid, sadya wau sami bidhuhanipun serat
buk adat ingkang sampun kalampahan, pengangipun ingkang sami nyepeng gedhong, lajeng saos unjuk
ing sangandhap sampeyan dalem,nyadhong dhawuh, punapa wonten karsa dalem ing ngindhaki, utawi
nyuda, punapa anetepi saking adat, punika gumantung parengipun ing karsa dalem, lajeng wonten
dhawuh dalem ingkang dados karsa daleml pengageng wau lajeng andhawahi dhateng Jurugedhong yatra,
kalih dhateng juruserat, supados amedalna kagungan dalem yatra, ingkang kangge waragad utawi balonja,
dhatengkang sampun dados adat, juruserat dhawahaken dhateng sakathah ingkang sami gadhah wajib
anggarap sadaya kang sampuyn dados padatan, utawi bongsa mirunggan
1, Balonja, tumbas dom ular-ular, dhateng sakathahing gerji
2, Balonja tumbas sinjang mori, konca balad, tukang langse mirgardhen
3, Balonja dhaeng tukang, ingkag mangun sakathahing bongsa luhur
4,Balonja kundhagi, kang dadosi sakathahing bongsa kajeng
5, Balonja dhateng bongsa ngulami, kang nata resikipun majid ageng tuwin surambi
6, Balonja dhateng konca galadhag, ingkang nata mangun panggenan gongsa sekaten
7, Balonja sdhateng konca galadhag, ingkang nata mangun anggenan gongsa sekaten
8, Balonja dhateng pawon ageng, sajen gongsa, tedha niyaga rinten dalu
9, Balonja dhateng nyai tumenggung, ajat dalem gunungan
10, balonja mas pangulu, tedhanipn para ngulami kang badhe dhikir maulud
11, balonja salawat ara ngulami kang sami sowan dhikir sadaya
12, Balonja tambal sulam pirantosipun abdi dalem prajurit
18, Balonja agem-ageman putra santana abdi dalem sadaya,
14, Balonja dhateng nyai Jebat seturi, sakathahing mara sajen
15, Balonja areng, dhateng kemasan pandhe, kang sami dandos dados
16, balonja tedhanipun sakathahing kriya kang gelak pandamelan
Abdi dalem, gerji,kalih konca baladan, ingkang pasang langse kajeng apu, ing surambi masjid ageng, ing
dalem sadintenipun tiyang, 100 utawi 150 kriya gerji, sabab ing surambi wau kalangse sadaya, sakathaing
saka, kabungkus ing kajeng ngapu, sakathahing sun dukili, kapasangan gardhen sekar sekaran sinjang
pethak, satengahipun karas surambi, kapasangan bangsal alit, payon langse sinjang pethak, kalambu
gardhen, kajeng apu jalaja, badhe pinarakan dalem, panjenengan dalem, ingkang sinuhun kanjeng
susuhunan, kalih kanjeng tuwan residhen, tuwin panggenan, ambengan sekul ajat dalem, mumule kanjeng
nabi wau, mori ingkang kangge mirantosi surambi dalah rarengganipun sekaran wau, boten kirang, 1000
blog kapara langkung, punika mori muslim, nomer 16 uytawi mori kacicap parada, kasawang
sakalangkung endahipun edi anglangkungi. Mila ing wedal punika,lisah sakalangkung awisipun,lisah
pitroliyum kathah kagem ing salebetipun karaton, utawi ing mangkunegaran, sak penunggilanipun para
bendara sadaya. Lisan Kalentik, kathah kangge goreng dhahr dalem utawi para ageng sadaya. Lisah
Kacang, kangge goreng sakathahing wilujengan, utawi wewadeyan, tuwin dilah dilah salebetipun masjid
surambi, panggongan, tiyang wadeyan, padhangipun dalu wau saengga siyang. Lisah Jarak, kangge
lisahan rambut, sadaya wau tiyang niyat kalimis rambutipun,pikantukipun boten jegrig boten marupun.
Lisah Wijen, kangge goreng, kanggge dilah, sakathahing tiyang alit, wewadeyan ingkang remeh.
Miyos lebetipun wulan sapar dumugi wulan mulud tanggal kaping 12 wau sakathahing yatra rawatran
kados kasuntak, waradin dhumateng ingkang sami wajib anampehi, jalaran saking wade barang-barang,
utawi baberah pandamelan warni warni, mila sakathahing manungsa mika sinungan bingah, ing
sapangkatipunpiyambak-piyambak.
Cariyos punika taksih wonten candhakipun malih.

Sambetanipun cariyos panganten ing Surakarta

Ing dinten malem Salasa angrintenaken wulan Sapar sapisan ing taun Dal ongka 1799, para panganten
putra dalem sakawan punika, karsa dipun undhuh ing kang raka kanjeng pangeran angabei dhateng ing
dalem panabeyan kanjeng pangeran wau mawi angaturaturi para ageng ing Surakarta, awit wanci pukul
pitu sonten kanjeng tuwan residhen saha para tuwan tuwan kanjeng gusti pangertan dipati arya
Mangkunagara, saha garwa putra sampun sami rawuh ing dalem pangabeyan, punapa dene kanjeng raden
adipati Sastanagara, sarta para wadana sami ngagem kuluk kanigara, sareng wanci pukul 8 kanjeng
sampeyan dalem ingkang sinuhun saha garwa putra miyos saking kadhaton lajeng anitih rata rinengga,
ginarebeg para putra santana tuwin wadya bala ageng alit utawi para panganten kakung oputri, sowanipun
dfhatne ging pangabeyan ugi andherekak tedhak ipun ingkang rama kanjeng sampeyan dalem wau,
kanjeng sampeyan dalem utawi kanjeng gusti pangeran angadipati anom sami ngagem busana cara
walandi grunteni, para pangeran putra santana sami ngagem kuluk kanigara sadaya, namung kanjeng
pangeran Suryaatmaja, kanjengpangeran Sumadilaga, kanjeng Pangeran Cakranegara, kanjeng pangeran
ngabei,kanejgnpangeran Aryamantaram sami ngagem cara /walandi, sarawuh dalem ing pangabeyan para
tamu sadaya sami urmat amethukaken kanjeng sampeyan dalem tedhakipun saking rata lajeng kanthen
asta kaliyan ingkang garwa, tuwin kanjeng tuwan residhen kanjeng prameswawi lajeng malebet ing dalem
abngirit para panganten puytri sampeyanb dalem kaliyan kanjeng tuwan residhen alenggah ing pringgitan
ingkan gkilen majeng mangetan ingkang wonten ing ngarsa dalem kanjeng pangeran Arya Mangkunagara
saha para tuwan tuwan kanejgn pangeran pringgalaya tuwin para pangeran sepuh-sepuh, dene
rarengganing dalem sarwa pasuganipun anglangkungi semuwa, sareng sampun antawis lenggah dalem
tumunten kalangenan dalem bedhaya beksa ing ngarsa dalem aganti-ganti kaliayn sarimpi, , rambah
kaping 4 kendel tedhak ipun dhahar wanci pukul 1 kunthisi kaping 7 lajeng bibar dhahar sami wnagsul
ing palenggahan malih, kundur dalem utawi para tamu sadaya wanci satengah tiga, namung para
panganten kakung putri taksih kantun wonten ing panganbeyan sareng dalunipun malih malem tanggal
kaping 2 kanj3eng pangeran ngabei ngaturi para pangeran putra santana, sarta para wadana kaliwon utawi
para mayor kaptin upsir, wondene kanjeng sampeyan dalem saha garwa putra, utiwn kanjeng raden
adipati Sasranagara, saderengipun rawuh para tamu ugi tedhak ing pangabeyan antawis tigang jam lajeng
sami kundur, sareng wanci pukul sanga ingkang sami dipun aturi sampun rawuh sadaya,
kalangenanipunbeksan wirong dhadhap utawi lawung gelas ageng gelas alit inkgang sami begsa para
pangeranputra dalem utawi para santana panji, dene para tamu sami kasukan sasenening panggalih, pukul
satunggal dhahar, bibaripun hdhar lajeng sami kasukan malih pukul 4 para tamu sami bibaran kundur
sadaya, sarenng malemipun Kemis para pananten kunkur malebet ing karaton alih, namung onder mayor
raden mas tumenggung Wiyadiningrat sagarwanipun kundur dhateng ing dalem kapatiyan.
Titi Katandhan Mardhawa.

Kanjeng Raden Adipati Paptih ing Surakarta sampun angarsakaken macak serat tembung malayu wonten
ing serat pakabaran walandi kang winastan Dheporstendhandhen menggah suraosing serat wau angaturi
uninga dhumateng para tuwan tuwan srakinten ugi dhateng sawarnining bongsa manawi kala ing dinten
Slasa wanci dalu angrintenaken tanggal kaping 3 wulan Mei punika, priyantun jawi ingkang leres jagi ing
griya patrolan angandheg kapal ulesipun …wonten ing margi ageng sacelakipun kampung ing Mesen
mila sinaosa ingkang darbe kapal wau kaaturan amurugi dhateng ing dalem kapatiyan mawi ambayar
wragad ingkang dados inoning kapal wau …sanesipun., samanten punika kedah mawi angturi katrangan
kapal punika sayaktos tgadhahanipun.
Katandhan Kanjeng RadenADipati, Sasranagara.

Dinten Senen kaping 9, Mei taun 1870 wanci jam 6 eninging bupati ing Kudus 2 bupati ing Demak, sami
dhateng ing Surakarta nunmpak kareta latu, sowan kanjeng gustipangeran adipati ariya Mangkunagara,
lajeng kapondhokaken, griya loji ngilen peken pon, kapirantosan sugata, o pepak saya, perlu sowan
jagong tingalan dalem taunan, ing Mangkunagaran, dinten salasa tanggal kaping 8 wulan Sapar punika.

Babah Limpaga, tiyang kampung pacinan Surakarta, nyariyosaken, sakalangkung kathah kauntungipun
anggenipun wade walirang jene, salebetipun wulan April ingkang sampun kapengker, ngantos pajengan
17 dacin, ingkang tumbas welandi ingkang nyepeng siti ing Munggur, tanah sokawati wetan, perlonipun
dipun angge ngutugi uwit kopi, sabab uwit kopi bawah ing Munggur, godhongipun sami katedha ing uler,
ngantos parigis telas, kantun kaengipun kimawon,mila tuwan ing Munggur sakalangkung susahipun, uler
wau kabucal dhateng kapejahan gesang malih sareng dipun kutugi walirang, kabaripun ragi mendha, mila
tuwan wau ing sapunika awit tumbas malih dados regenipun walirang mangke mindhak tikel tiga, kalih
sabenipun.

Nalika kaping 5 wulan Mei punika, raden Adipati ing Bali ler, ingkang sampun pensiyun, dhateng nagari
Surakarta, sowan ing Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, kapondhokaken tilas
dalemipun raden ayu adipati natadiningrat, ingkang sampun seda.

Ing dinten Salasa tanggalkaping 8 wulan Sapar taun Dal punika, ongka 1799 utawi kap[ing 10 wulan Mei
taun 1870, punika nuju tingalan dalem taunan,kanjeng gusti pangeran adipati Ariya Mangkunagara,
ingkang kaping Sakawan, mawi pasamuan ageng, dhahar pista priyantun 300, nyuedhahi para ageng,
salebetipun nagari Surakarta sadaya, utawi para bupati pasisir moncanagari, sakalangkung sae rame,
pakurmatan dados pasamuan ageng.

Ing dinten Senen kaping 9 wulan Mei taun punika, raden Ngabei Jaganagara, kaliwon galadhag, punika
ngajal jalaran sakit padhahranipun medhot anggenipun nyerat sabab ingkang sinuhun, dhawuhaken
sakalangkung kenceng, sadaya abdi dalem, ageng alit, ingkag boten medhot anggenipun nyeret badhe
kaundur saking kalenggahanipun, ing mangke wonten ingkang nglampahi medhot, wonten ingkang
wilujeng lajeng lema, wonten ingkang sakit lajeng pejah, mila ingkang dereng medhot sami ngapilaken
gendhingan rangu-rangu, badhe medhot ajrih menawi pejah,boten medhot ajrih manawi kapocot.

SURABAYA

Awit saking pawartoosipun, mantri aris anama Jayadiwirya ing Barangnongka, saged anjampeni tiyang
ingkang kacakot dening sawarnining sawe ananging eman sanget jampi wau boten kaserepaken ing
ngakathah.
Ing dhusun Pruwata, dhistrik ing Ngundhakan wonten satunggaling beji kang winastan Grudha, ing Beji
wau wonten sela cemeng ageng, 2 iji, ingknag satunggal prenahipun ing sisih kilen, ingkang satunggal
asisih wetan, sela kakalih ing sapunika dados pupundhening bongsa tiyang jawi, awit kala rumiyin
ingkang yasani damel sae Beji wau, Kanjeng sultan ing Demak, ingkang ngadhaton kalih panggenan,
manawi rendheng, wonten perwata, manawi katiga wonten ing Demak, dados beji wau, kawastanan
Sendhangparang Garudha, sela cemeng wau kangge ancik-ancik, bilih kanjeng sultan mantasiram kagem
ngetus sarira, ing sapunika kathah bongsa jawi sami tirakat dhateng ing Beji wau supados pikantuk
punapa ingkang dipun kajataken.

PRIYANGAN

Ing salebetipun wulan April kang sampun kapengker ing Maryuh distrik Slabuwan Afdheling Cianjur,
wonten angin prahara, akathah wit kopi tuwin dhadhap ingkang dhoyong utawi sami sol punapa malih
who kopi ingkang sami rontok awit katrajang ing prahara wau.

SAMARANG

Papatih ing Samarang ingkang sampun ngabdi ingkang keng Upremen angsal 45 taun laminipun ing
sapunika kaundur saking kaleneggahanipun sarta badhe kaparingan pansiyun ing dalem sawulan 75
rupiyah, sarehning papatih wau kaundur saking kalenggahanipun boten awit panuwunipun mila boten
narimah, ing sapunika sampun mangkat dhaeng Batawi, badhe anyuwun adil saking kanjeng tuwan
ingkang wicaksana guprenur jendral ing wasana andadosaken pangajeng-ajeng papatih wau apikantuka
punapa ingkang dados sedyanipun awit anggenipun rabet dhateng kanjeng gupremen sampun lami
kalayan temen.

CARIYOS ANEH.

Wonten satunggal tiyang jaler rabi angsal tiyang bisu, antawis dereng lami tyang jaler wau angungun
sanget, awit semahipun boten saged wicanten, mila lajeng kesah dhateng griyanipun tuwan dhokter
anyuwun tulung anjampeni8 semahipun, supados saged wicanten, tuwan dhokter anyagahi tiyang estri
wau lajeng dipun jampenbi, kalampahan saged wicanten, ingkang andadosaken sakalangkung bingahipun
ingkang jaler, sawatawis dinten malih tiyang jaler wau wangsul dhateng griyanipun tuwan dhokter,
katingal angredadados sanget, lajeng matur manawi semahipun anglakungi juweh, andadosaken sedhihing
manahipun, mila nyuwun tulung dhaeng tuwan dhokter mugi kaparingana jampi sageda mantun juweh,
manawi boten saged kados kang limrah, suka lila namung sageda wangsul bisu malih, tuwan dhokter
lajeng sanjang tembungipun makaten, wong bisu inku ana tambane amrih bisa calathu, balik wongkang
bisa calathu aku ora saguh ambisokake ananging aku duwe rembug yen kowe barebegen calathune
bojomu, apa kowe gelem tak gawe buwdheg, tiyang jaler wau tumunten kesah lajeng mantuk sarta
rembagipun tuwan dhokter wau sangsaya angindhakaken redadosing manahipun.

Tuwan Lobatu angaturi uninga dhumateng parapriyantun ageng alit sadaya, yen piyambakipun mentas
tami barnag saking nagari walandi warni: Cet pethak, La,pu sae-sae, Sutra setin kandel warni-warni, sarta
sae-sae, ijo blawu cemeng abrit; Bekakas the kacatolet kangge para raden ayu, tuwin para priyantun
sanesipun; Kpca ageng dipun gantung ing dalem sanglangkung prayogi; Punapa malih wacucal perlak
sanglangkung sae; Erloji saklangkung sae, sarta saklangkung mirah reginipun; lonceng kagantung ing
dalem saklangkung prayoginipun; tutup meja saklangkung bagus bagus; karetaingkang saged mlampah
piyambak saklangkung prayogui, kangge rare tuwin tiyang sepuh.
==============================

Kula tuwan P.F.Purneman angaturi wuninga dhumateng para panjenenganipun priyantunjawi,bilih ing
mangke kadugi andhatengaken barnag welingan warni-warni saking tanah Eropah, awit wonten
satunggaling miotra kula ingkang anjabah ing tanah Eropah, punika ingkang asagah angintuni utawi
anumbasaken barang barang welaingan wau, saha badhe kakintunaken dhateng kula tumunten ingkang
punika kula angaturi pratelan dhateng para priyantun ingkang badhe karsa amameling, barang-barang
ingkang saged enggal dhateng wau, kedah kaawrat ing baita asep seng awragadipun ragi awis tinimbang
kalayan bilih kaawrat ing baita layar. Sanajan barnag barang kula piyambak ingkang wedalan saking
tanahERopah sampun kathah, ewadene anglengkara bilih anjangkepana sapa milihiipun tiyang, mila
pangajeng-ajeng kula supados para priyantun samiya karsa amemeling barnag barang ingkang kula boten
gadhah.

Toko buku ing Samarang, tuwan G.C.T.Fandhorep enko, angaturi uninga ing para priyantun,manawi
anggenipun ngecapaken serat waosan cariosipun nalika pasamuwan ageng ing nagari Batawi sampun
rampung, serat wau sastranipun jawi mawi sekar macapat anggitanipun raden Atmnadikara, ing
Surakarta, menggah reginipun satunggal serat 3 rupiyah 50 sen pranko ing ngepos para priyantun ingkang
badhe angartekaken mugi angintunana serat pos wissel dhumateng tuwan fandhorep enko wau.

SURAKARTA

Antawis kirang sadasa dinten malih, panggarap pangeecapipun sakathahing buk, katurongga kapal
sampun rampung sadaya, babonipun serat katurongga wau, yasa dalem ingkag sinuhun kanjeng
susuhunan, pakubuwana ingkang kaping III, ing nagari Surakarta, saderengipun kaecap, serat katurongga
kapal wau, sampun kamupakatanaken, sakathahing para priyantun, sepu anem ingkang sami remen prama
dhateng turongga, sampun sami biyantu mastani leres, utawi wewah utami, sabab mawi kawewahan jampi
pamirsa saking bongsa sabrang, mila awiting titi angsanipun serat Jurumartani punika, dumugi 10 dinten
, sinten ingkang ngersakaken tumbas lajeng angsal, menggah regenipun manawi tumbas 1 iji, regi 3 ½
rupiyah pethak
Menawi tumbas 10 iji 1 buk regi 3 rupiyah, 10 buk regi 30 ruopiyah.
Menawi tumbas 25 iji 1 buk regi 2, ½ rupiyah 25 buk regi 62, ½ rupiyah.
Nunggil kirang 1- dinten wau, sinten ingkang ngersakaken tumbas serat wuwulang kalakuan lampahipun
tiyang estri, sageda kaleresan, anggenipun angladosi dhateng ing lakenipun, babonipun ing buk pawulang
wau, yasanipun priyantun kina ingkang sampun bijaksana, sarehning sampun yakin,lajeng kaecapa
kadadosaken buk kathah,sinten ingkang kersa tumbas, kawaos mirsa suraosipun ingkang kawulang purun
anglampahi,punika badhe mupangati, dhateng tiyangjaler estri sadaya, sinten ignkang ngersakaken
tumbas lajeng angsal, meggah reginipun manawi tumbas 1 iji buk, regi 30 sen, menawi tumbas 10 iji buk
1 iji regi 20 sen, 10 buk regi 2 rupiyah. Menawi tumbas 25 iji buk 1 iji regi 20 sen 25 buk regi 25 buk regi
2, ½ rupiyah.Menggah serat wirasat saking kathahipun ingkang tumbas, ing mangke kantun sakedhik.

Ing sapunika para priyantun kenging pikantuk tumbas serat wirasatipun tiyang estri ingkang kawedalaken
kaping 2 punika menggah regining serat wau katamtokaken kados ing ngadhappunika.
Manawi tumbas 1 iji, karegenan 30 sen
Manawi tumbas 5 iji karegenan 1 rupiyah 25 sen
Menawi tumbas 10 iji karegenan 2 rupiyah
Manawi langkung saking 10 iji, reginingipun ugi badhe kasuda, ing samurwatipun. Ing wasana
parapriyantun ingkang angarsakaken tumbas serat wirasat putnika sami kaaturan angintuni arta kalayan
pos wesel
Katandhan tuwan P.F.Purneman.

Kula angaturi uninga dhumateng para priyantun mitra kula sadaya, manawi bojo kula kala tanggal kaping
9 Mei 1870 renang lare medal jaler.
Serat Smith.
============================
Ongka 20, Kemis kaping 19 Mei 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Ingkang kasebut serat telegram saking Batawi katitimangsan kaping 10 Mei 1870
Tuwan Braower, kaundur saking pandamelanipun kalayan urmat
Tuwan Dheyong,kakulawisudha dados dhomeni ing Banjarmasin
Tuwan Bures kakulawisudha dados Asisten residhen ing Karanganyar
Tuwan Meiyer kakulawisudha dados Asisten residhen ing Juwana
Tuwan Yekel kakulawisudha dados Asisten residhen ing Batawi
Tuwan Wikes kakulawisudha dados Kontelir Irsteklas ing Palembang
Tuwan Stakman kakulawisudha dados kontelir twedheklas ing Lempong
Tuwan Pandheldhen kakulawisudha dados kontelir dherdheklas ing Padhang
Tuwan Munik kakulawisudha dados kontelir Irsteklas ing Banjarmasin
Tuwan Dhananbureh kakula wisudha dados Amtenar Terbeskikeng
Tuwan Grapenores kakulawisudha dados Apen mister ing Surabaya
Tuwan Krunkakula wisudha dados Apen mister ing Samarang.
Tuwan Radheres kakulawisudha dados Apen mister ing Makasar

Awit kang kasebut ing serat kakancinganipun kanjeng raja ing nagari Nederlan, katitimangsan kaping 28
Pebruwari 1870 ongka 15 tuwan Y.C.Plum dhokter ing sindhanglaya bawah Priyangan samun kalilan
anampeni pasusung saking kanjeng raja ing Osterik warni bintang Ordhapranes Jusup.

SIPIL Dhepartemen
Tuwan Y.Y.C. Baron van Leindhen murid telegrapis kaparingan pamit kesah dhateng nagari walandil,
awit saking sakit.
Tuwan Y.Panlingen tilas Pendimister ing Surakarta aparingan pensiyun
Tuwan C.Y.Leidhelweyer, 2 tuwan E.Y.Antingsibereh, onderkumis ing ngatasing pamupuning beya ing
Surabaya, sami kaundur saking pandamelanipun kalayan urmat.
Tuwan C.M. Keting Olipi, kontelir dherdheklas kakulawisudha dados pangagenging kantor Statistik ing
Tegal.
Tuwan D.A. Dheruse, tilas kontelir Twedheklas kakulawisudha dados onder pak ismister ing Batawi.
Tuwan E.L.Sekoles 2 tuwan A Tesing, sami kakulawisudha dados kontelir Irsteklas.
Tuwan L.C.E.Keniperes kakulawisudha dados kontelir Twedheklas.

Ing ngatasing pandamelan Blandhong


Tuwan Y.Beiring, kakulawishdha dados Insepektur
Tuwan W.A.A. Dhestuler kakulawisudha dados aontfester, irsteklas
Tuwan I.B.Lukardhi kakulawisudha dados aontfester, twedheklas
Tuwan Dh.Y.Krol kakulawisudha dados aontfester, twedheklas
Tuwan W.Burman kakulawisudha dados aontfester, twedheklas
Tuwan F.E.Sen Fanbasel kakula wisudha dados aontfester, Dherdheklas.

Cariyos tuwin paswartos warni-warni

SURAKARTA
Cariyosipun dhusun, Pajang, Sokawati sadaya, ing taun punika sawarninipun sabin tadhahan,
sakalangkung kathah wedalipun pantun, salebetipun wulan sapar taun Dal punika ongka 1799, sabin
tadhahan sokawatil dipun wasatani nama Pleseh tegesipun cara dhusun makaten wau, pantun sami sangetr
medalipun, sarta sepuhipun sareng, dados tiyang derep, boten wonten purun, sabab sami perlu ngeneni
pantunipun piyambak-piyambak, dipun suda bawon, dipun berahi boten purun, sami bujeng perlu gemeni
gadhahanipun piyambak, sarehning sami kasep pamethikipun, uwit pantun sami rebah,dhawah ing siti,
punika dados balasah malese, mila dipun wastani Pleseh, ing mangke nagari miwah ing dhusun, uwos
regenipun taksih anget, awit ingkang wade uwos dereng kathah, wah jawah dalu punika, adamel risakipun
ing pantun ingkang pleseh wau, awit sami wiwit kathah ingkang pleseh wau, awit sami wiwit kathah
ingkang thukul, dene sabin gadhu walikan, sami ajeg wedalipun./

Raden Adipati, Ariya Adinagara, bupati nagari Balitar ingkang sampun pensiyun, nalika ing dinten setu
kaping 1 wulan Mei taun punika, 1870 kaparingan ganjaran putra kakung, saking ampeyan saking
panjenengan dalem, kanjeng gusti pangeran adipati ariya Mangkunagara ingkang kaping Sakawan (IV)
punika, nama Raden Mas Ariya Sugonda, kaparingaken rilah kalawan eklas ing panggalih dalem sukci,
raden adipati balitar wau, sarehning boten gadhah putra jalu, kaparingan putra dalem kakung wau,
sakalangkung suka pirena ing panggalih saha sanget panuwun pamundhenipun, prasasat ginajaran raja
brana argi sayuta, sarehning sampun yuswa sepuh, ing mangke angsal putra kakung, saking
Mangkunagaran, tur sampun limpat tembung sastra Jawi Walandi, mila sakalangkung bingahipun, raden
adipati wau taksih lami wonten nagari Surakarta, saking parengging tyas marwata siwi, badhe kersa
ameng-ameng dhateng Semawis, badhe nyoba nitih kareta latu, lami enggalipun dereng tamtu, manawi
sampun dumugi Semawis, lajeng badhe tuwi dhumateng raden mas Tumenggung Kudus, kaliyan ingkang
putra, nama Raden Mas Ariya Sugonda wau, manawi sampun kondur saking Kudus, wangsul dahteng
Semawis lajeng dhateng ing Surakarta, tumunten badhe bidhalan, kondur dhateng nagari Blitar

Ing kampung Purwadiningratan, bawah kabopaten Kaparak Tengen Masbei Sasak, lenggahipun panewu
kaparak,punika gadha anak jaler kakalih 1 nama Mas Nganten Santosa, anak jaler 1 Mas Nganten
Ranamenggala anak mantu, anak kalih wau sami pamit kesah tirakat, dhateng ing redi Lawu akatipun
nalika tanggal kaping 15 wulan surat undal punika ongka 1799 utawi kaping 17 wulan April 1870 tiyang
kalih wau sareng dumugi saking inggilipun kawah Condradimuka, lajeng sami dherodhog, sabab ingkang
kapisan sanget asrepipun, kaping kalih sanget sayahipun, kaping tiga sanget luwenipun lajeng sami
ambruk, lenggah ajeng-ajengan wasana wonten ampuhan, pedhut riris ampak-ampak peteng andhatengi,
Ranamenggala wau lajeng ngrungkebi pangkon, santosa sangrukebi gegeripun Ranamenggala, antawis
satengah jam ampak ampak ampuwan ical padhang, santosa emut padhang paningalipun, tumunten
ranamenggala wau murca sangking pangkon, dipun padosi boten kapanggih icalipun boten sumerep,
santosa wau sarehning sampun leh bedanipun, boten saged lumampah, medhun kalih brangkang, dumugi
sakngandhaping kawah, kapethuk ing sima, sangking ajrihipun samtosa wau lajeng gumulung ing pereang
sima kaget lumajeng, santosa sadumugi ngandhap kalenger awit suku putung kagulungan sela, kang
sareng kalih awakipun, angsal ugel-ugel kang kiwa remuk, ngantos sadinten sadalu, lajeng mirsa wonten
tiyang bekta kareta, katingal badhe methguk piyambakipun, nalika wau enget manawi taksih wonten ing
jurang, batinipun dipun mokalaken, saupami wonten na kaeta, mila badhe kabekta boten purun, sasreng
mogok kareta lajeng ical, santosa sangsaya ajrih lajeng berangkang medhun, dumugi padhusunan
Angkruk bawah pulisi Karangpandhan lajeng katulungan dipun pulasara, sarta dipun lapuraken dhateng
pulisi, ingkang lajeng andhawahaken ngupadosi warisipun, dhateng kampugn Purwadiningratan wau,
sareng mabei sasak dipun sanjangi, tiyanbg sak griya wau nangis sadaya,lajeng mirantos sami methuk,
dumugi griya nalika kapig 5 wulan Mei punika, menggah jalaraning anggenipun tirakat Ranamenggala
kang ical wau, awit dipun uring-uring dhateng bojonipun, lajeng kesah tirakat ical punika.

BATAWI
Sarehning ngantos sapriki taksih kathah kakiranganipun serat waosan ing tembung Jawi, mila kanjeng
gupremen ing mangke angarsakaken amedalaken serat jawi ing tembung kawi 35 warni, menggah tuwan
A.B.Cohen Stuarrt ingkang badhe kapatah anguwasani ing ngatasing pangecapipun sakathah ing serat
wau.

Serat pakabaran Malayu, winastan Bintang Barat, anyariyosaken manawi Presidhen tuwin para Liding
Landrad ing Serang, sami katimbalan sowan ing pangadilan justisi ing Batawi, awit sami kagugat boten
purun anindakaken papriksaning saksi ing ngatasing prakawisipun satunggaling pasakitan.

Kala tanggal kaping 20 April kang sampun kapengker wonten satunggal tiyang edan ingkang kapulasara
wonten ing griya pasakitan ing Batawi angrbat pedhangipun opas ingkang pinuju angresiki ing griya
pasakitan wau, salajengipun tiyang edan wau pejah asuduk sarira kalayan pedhang wau.

KEDHIRI
Kala tanggal kaping 20 April kang sampun kapengker punika priyantun magangan 15 ingkang sami
andarbeni panuwun kadadosna juruserat ing Jabeyan Afdheling Kedhiri, sampun agelaraken
kasagedanipun wonten ing ngarsanipun kanjeng tuwan residhen ing Kedhiri, para priyantun wau namung
3, ingknag kalebet saged ing wasana kapriksa malih ing ngatasing kasagedanipun pryantun 3 wau,
kadadosanipun ingkang 2 sami lantipipun, mila lajeng sami aben begja, kalayan lotrei, sinten ingkang
pikantuk ageng piyambak punika ingkang badhe kadadosaken juru serat ing Jambeyan patrap makaten
punika ing ngatasing pamilihipun para priyantun Jawi sakinten sakalangkung priyogi.

Tatedhakan seratipun tuwan Lingkring, dhumateng tuwan redhaktur serat pakabaran ingkang winastan
dheporstenlandhen.

Surakarta kaping 6 Mei 1870.


Kula kapeksa andabeni panuwun mugi serat kula punika kapacak kawontenan serat pakabaran
dheporstenlandhen, angggen kula mastani bilih kula kapeksa wau, panyerat kula punika aluwung sampun
ngantos lampahan yen boten wonten sababipun ingkang ameksa dhumateng kula. Wonten tiyang atunggil
ingkang taksih kaletet paprenah ant kaliyan kula, leresipun boten purun anglairaken bab ingkang kula
cariyosaken ing ngandhap punika, ananging samanten punika kalampahan ugi, sabab tiyang wau sakawit
amawartosaken yen pandamel kula eis amendhet toya saking lepen Pepe, ingkang caket kaliyan
panggenanipun pabrik kula, ing ngajeng kula ingggih anggadhahi kaniyatan makaten punika, sabab
atoyha lepen bilih sampun kasaring kaenepaken prayogi sanget kaangge toya pangunjukan kados
cariyosipun tiyang kathah ignnakg sami gagriya ing Samarang ing surabaya, ing Batawi, sarta toya wau
anyegeraken dhateng sarira angungkuli toya sumur, nanging sareng kula mireng manawi titiyang ing
nagari Surakarta sami boten anyonthongi yen pandamel kula es saking toya lepen pamanah kula prayogi
bilih kula amituruana ingkang dados pikajenganipun para tiyang wau mila pandael kula es salaminipun
saking toya sumur, boten nate towong, pamendhet kula toya saking sumuripun tuwan Bir, saha sampun
andadosaken parengipun tuwanpunika, kalih dening malih meh sadhengaha tiyang kula lilani malebet ing
pabrik kula, supados sageda ayaktosaken bab kaujudanipun toya sumur wau.

Punika pocapan awon wau lajeng kawleh bilih boten leres. Ingkang salajengipun titang ingkang taksih
kalebet paprenahan kaliyan kula wau, leresipun boten purun anglairaken pangawon-awon nanging malah
angudi nalar siya, sabab angangkah supados kacariyosna ing kathah, yen toya ingkang kula damel es
mawi kula momori kaliyan tawas nanging piyambakipun boten sumerep mawi toya kamomoran tawas
punika dangu sagedipun dados kentheng mila mokal yen kula puruna amomori tawas sabab badhe
andadosaken kathahing pitunan kula piyambak, menggah liya ingknag andadosaken kathahing pitnan kula
piyambak, menggah liya ingkang pawartosaken dora wau tatela anjalimet tuwin anyanye…ni, awit tawas
punika amasthi ngrisakaken sanget dhateng badan, ing mangke tuwan Redhaktur mugi amangrtosa,
panyiya panjalimet tuwin anyanyetani wau angangkah punapa, sanadyana pandamel kula ais saupami
ujudipun langkung sae, langkung atos langkung bening angungkuli damelan ing sanes-sanesipun
panggenan sae ugi badhe boten pejah, jalaran saking kawastosaken bilih kamomoran tawas mongka
satemenipun boten dipun momori, sarehning manungsa punika, sakinten awit saking duraka ing kang
nyrambahi dhateng tureun utawi jalaran saking sabab sanesipun wonten ingknag remen angandel
pakabaran ingkang angawonaken dhateng tiyang, mila kula manah prayogi sanget yen kula amelehna
doranipun tiyang ingkang mawartosaken bab tawas wau, kawrat wonten serat pakabaran
Dheportnlandhen, wondening para tiyang ingkang cecatu u…sami kula aturi karsaha dhateng ing ….
Ang….saken bab patraipun pandamel kula es.
Katandhan tuwan Lingkring.

Panjurung ing Jurumartani


Jurumartani ingkang medal kemis kaping 14 April taun punika wonten saseratanipun Siswaning
Kridhamardhawa, mawi sekar kinanthi, suraosipun anywyun jarwa dhateng para sarjana wredining
babasan 4, bab 1 tembung dalajad 2 kaluhuran 3 budi nalar 4 budi naluri, punika sarehning para sarjana,
dereng wonten ingkang paring jarwa, manawi kepareng ing anggalih, kula anyelani ngaturi panjawab
naming kula boten saged anyekaraken tuwin tembung Kawi, kilap leres lepat saking pamanggih kula
kados ing ngandhap punika. Tembang Dalajad punika saking pamireng kula basa Arab, tegesipun pangkat
kalenggahan dene kaluhuran punika tiyang ingkang sampu angsal pangkat ageng utawi ingkang dipun
luluti ing kulawarga, sanadyana sampun pangkat ageng manawi kedhik kula warganipun inggih dereng
luhur, tegesipun kados ta upami priyantun ingkang pangkat ageng lumampah ing radinan piyambak saestu
ical kaluhuranipun, bab ingknag tumrap ing babasan jumenenging gusti punika saking ananing kawula,
ananing kawula ugi sangking ananing gusti,yen boten wonten malih kalihipun inggih boten jumeneng,
mila saking panimbang kula dalajad kaliyan kaluhuran wau, meh saingga sami grebaning babasan,
sawenah wonten priyantun ingkang anegesi dalajad wau, ucapipun tiyng pangandhap liripun saupami,
priyantun ingkang sampun pangkat ageng sarta boten kirang satunggal punapa, kang mongka taksih karsa
anjaili dhateng melik ipun tiyang ngadhap ingkang sampun dados wajibipun tuwin angelongi tedhaning
kawulanipun ingkang sampun katamtokaken boten katimbang kalayan mupangate ing ngatase dhateng
sariranpun, makaten punika susahing kawula wau dados kawedal ucapipun ingkang boten prayogi,
punapa dene ajrih asih tuwin sukeming pangawula ugi suda, punika kakatembungaken gempal
dalajadipun dene kiang winastan luhur dalajade inggih kosok wangsulipun lampah ingkang kasebut
ngajeng wau.

Dene ingkang dipun wastani tiyang bidi nalar, punika pamanggih kula gampilanipun tiyang alit ingkng
tansah anjangkah dhateng kasugiyan ciptanipun manawi sampun sugih lajeng rumaos luhur awit
saciptanipun kadugen sanadyan kaluhuran kenging kajangkah saking yatra, ugi dados sapriyantun manawi
dereng sugih tasih sumelang manahipun punika pamanggih kula tiyang budi nalar, Wondene budi naluri
punika, tiyang alit ingknag tansah anggayuh dhateng kaluhuran awit saking pamanahipun manawi
sampuun angsal kaluhuran kasugiyan punika inggih anututi kimawon, dados pangetang kula kalih bab
punika ugi sami leresipun namung sesenenganing panggalih ingkang sami karsa mangangem wau, kula
sumongga, wasana atur kula sadaya wau manawi dereng condhong mugi sampun andadosaken rengating
panggalih boten langkung kula namung nyumanggakaken dhateng para sujana.

Sinerat ing dhusun Baki, tanggal kapping 10 wulan Sapar ing taun Dall ongka 1799 Katandhan
Banuradya.

Manawi pareng karsanipun tuwan redhaktur, atur panjurung kula punika mugi kapacaka, kula maos serat
jurumartani ongka 16 wonten saseratanipun Raden Tirta Sentana ng Ngayogyakarta, anyariyosaken nalika
raden mas Panji Mangkusedewa, kinulawisudha dados abdi dalem manteri, mawi kapacak ing sekar
dhandhanggendhis, dene asmanipun ingkang sejatinipun samaraken wonten ing sapada wiwitan anaming
pamasangipun nama taksih kirang nyamleng, sabab etang kula dhandhanggendhis punika namung 10
padalingsa, kang mongka asmanipun 11 wonda, dados langkung sak aksara, yen ta upami karsaha dipun
suda sawanda ingkang mungel ku, punika kados jangkep wasana mugi sampun dados panggalih, namung
pun okarana, sanget pangajeng-ajengipun mugi tumunten kagaliya.
Titi, katandhan Mardhawa.

Serat Katurongga kapal


Ing sapunika para priyantun sampun kenging pikantuk serat katurongga kapal, menggah isinipun
kapratelakaken ing ngandhap punika.

1, Ciri kang sae tuwin kang awon, 133 bab utawi warni
2, Katranganipun ciri ingkang tumrap ing salebetipun cangken kapal
9 bab
3, Bab pethekipun turongga, 24 bab
4, bab dinten kalairanipun kapal 4 bab.
5, Bab dinten ingkang sae, manawi badhe tumbas kapal 4 bab utawi
warni
6, Bab pangleburan sakathahing ciri 7 bab utawi warni
7, Bab Kramas tuwin paguyangipun kapal 6 bab utawi warni
8, Bab Pangurut tuwin jampining lambe kapal 7 bab utawi warni
9, bab jampining kapal saras tuwin sakit 93 bab utawi warni

Serat katurongga punika amratelakaken sakathahing katrangan prenah utawi watekipun satungal
tungggaling ciri, menggah reginipun katamtokaken kados ing ngandhap punika.
Manawi tumbas 1 buk reegi 3 rupiyah 50 sen
Manawi tumbas 10 buk 1 iji, regi 3 rupiyah
Manawi tumbas 25 buk 1 iji regi 2 rupiyah 50 sen.

Sakathahing serat punika kenging pikantuk tumbas bayar kenceng saking:


Raden Tumenggung Kartanagara Surakarta
Raden Atmadikara Surakarta
Tuwan Purneman Surakarta
Tuwan F.L.Winter, ing Ngadipala, Surakarta

Para priyantun ingkang sami ameling serat katurongga, kawrat ing serat kalowongan kula aturi, mugi
karsaha angintuni serat wisel pos dhumateng kula, sumerep panumbasing serat katurongga, tampining
serat wissel wau, kula badhe lajeng angaturaken sakathahing serat kang kinarsakaken.
Tuwan F.L.Winter Surakarta

Kula tuwan P.F.Purneman angaturi uninga para priyantun agengalit sadaya, sinten ingakg kersa tumbas
barang bekakas griya, pratelanipun kados ing ngandhap punika: 2 iji bangku angangge pir, 2 iji kaca
kalih, 6 iji pigura, 1 iji meja bunder, 2 iji meja main kajeng sana sadaya, 1 iji piyano, 2, iji, baki, 1 iji
pirantos wadhah acar sapanunggilanipun, 2 iji dhusin kursi, 8 iji kursi goyang, 5 iji kenap, 3 iji patileman,
1 iji meja kenging kalempit, 1 iji basilonjong, 3 iji lampu gantung, 3 iji kursi malas, 3 iji mea cuci mukak
kajeng sana sadaya, 2 iji setel sepis dhahar porselin kenging kaange priyantun kalih welas.

Barang ingkang kapratelakaken ing nginggil wau sadaya sae sarta santosa pandamelanipun.
P.F.Purneman.

Tuwan Lobatu angaturi uninga dhumateng para priyantun ageng alit sadaya, yen piyambakipun mentas
tami barang saking nagari walandi warni: Cet pethak, La,pu sae-sae, Sutra setin kandel warni-warni, sarta
sae-sae, ijo blawu cemeng abrit; Bekakas the kacatolet kangge para raden ayu, tuwin para priyantun
sanesipun; Kpca ageng dipun gantung ing dalem sanglangkung prayogi; Punapa malih wacucal perlak
sanglangkung sae; Erloji saklangkung sae, sarta saklangkung mirah reginipun; lonceng kagantung ing
dalem saklangkung prayoginipun; tutup meja saklangkung bagus bagus; kareta ingkang saged mlampah
piyambak saklangkung prayogi, kangge rare tuwin tiyang sepuh.

Kula tuwan P.F.Purneman angaturi wuninga dhumateng para panjenenganipun priyantun Jawi, bilih ing
mangke kadugi andhatengaken barang welingan warni-warni saking tanah Eropah, awit wonten
satunggaling miotra kula ingkang anjabah ing tanah Eropah, punika ingkang asagah angintuni utawi
anumbasaken barang barang welaingan wau, saha badhe kakintunaken dhateng kula tumunten ingkang
punika kula angaturi pratelan dhateng para priyantun ingkang badhe karsa amameling, barang-barang
ingkang saged enggal dhateng wau, kedah kaawrat ing baita asep seng awragadipun ragi awis tinimbang
kalayan bilih kaawrat ing baita layar. Sanajan barnag barang kula piyambak ingkang wedalan saking
tanah Eropah sampun kathah, ewadene anglengkara bilih anjangkepana sapa milihiipun tiyang, mila
pangajeng-ajeng kula supados para priyantun samiya karsa amemeling barnag barang ingkang kula boten
gadhah.

Toko buku ing Samarang, tuwan G.C.T.Fandhorep enko, angaturi uninga ing para priyantun, manawi
anggenipun ngecapaken serat waosan cariosipun nalika pasamuwan ageng ing nagari Batawi sampun
rampung, serat wau sastranipun jawi mawi sekar macapat anggitanipun raden Atmnadikara, ing
Surakarta, menggah reginipun satunggal serat 3 rupiyah 50 sen pranko ing ngepos para priyantun ingkang
badhe angartekaken mugi angintunana serat pos wissel dhumateng tuwan fandhorep enko wau.

Tuwan C.F.Winter ing Jebres asade kopi sae pangakt kados ngandhap punika:
Ingkang nomer satunggal sadhacin regi 28 rupiyah
Ingkang nomer kalih sadhacin regi 27 rupiyah
===============================================
Ongka 21 Kemis 26 Mei 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Tuwan A.E.Sekrudher, guru pamulangan ing Gresik 2 tuwan Y.O.A. Bulet telegraphis dherdheklas sami
kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi, awit saking sakit.
Tuwan Y.L.Sruwer tilas ofsinder ireteklas ing ngatasing tataneman tom kaparingan pansiyun
Tuwan Y.H.E. Utaret, apiteger ing Samarang, awit saking panuwunipun kaundur saking pandamelanipun
kalayan urmat
Tuwan P.Fanbuk kakulawisudha dados ufinsinyir irsteklas ing ngatasing pandamelan watersetat ing
Batawi.
Tuwan C.M. Dherusemon kakulawisudha dados sekretaris ing Ciribon
Tuwan Mister, Y.C.Mulokaowe, supstirtitgrapiring justisi ing Batawi, kakula wisudha dados Irstekumis
ing pangadilan luhur ing Indhiya Nederlan
Tuwan A.E.Pelman kakulawisuda dados Apoteker ing Smarang
Tuwan C.N.H.Fanlawikfanpab Notaris ing Surakarta, kaelih dhatenging Ngayogya.

Ing ngadhappunika pasemoning Kramayekti

Munggguh ing para saraja, ora kena kaamangan papanganan kang wolung prakara,kayara tekek bunglon
kodhok ula, uler, laler, celeng, tikus, awit bakal anglarani awak, mongkono uga, wong kang wus winates
ing takdir sui ing ati, ora kena angetrapake sebarang pratingkah kang dudu papancene tuwin anggere.
Kulawelang, ora bisa mandiwisane, yen ora katheni tapa mangkono uga wong ulah ngelmu sabarang, ora
istijap yen ora kanthilaku.
Manuk Garudha, ora bisa drawira ama ama mongsa bathang \nging satosa panunggalane, mangkono uga,
wong pinter kang sentosa ing budi, ora bisa medhar kabisane, yen ora kanthi jinunjung dreajade,
Singabarong, ora bisa perkosa, lan kuwat pamolahe buntute, yen ora manggoning babon dhot, alas kang
singit, amangkono uga, manungsa kang trah bongsa luhur, ora bisa wedhar kabisane, lan ora bisa
angatokake kaprawiran santosaning budine, yen ora kanthi sinungka sukaning ati sarta pinracaya.
Warak, ora bisa lemu, yen ora kelawan mangan erining ngalas kang wus dadi pangane, mengkono uga
para bongsa lurhur ora bisa tahan mengkoni arta kang dudu, kang wetune sarta paekan,luwih maneh
marnag arta kang mula dudu pepancene.
Lading, dhdhasara landhep dikayangapa ora bisa lampir lungide, yen ora kanthi ing ngasah wungkal keras
sarta alus, mengkono uga kang para sumedya wiceksana ora bisa lestari kabijak\gsanane, yen ora
angandthi menungsa kang wus kaog tuhu sedyane jujuring ngati sarta kapinterane.
Omah Gedhe, ora bisa jejeg adege,yen ora sumeta pasanging saka guru, sapanunggalane kang pancen
dadanan anngger, mongkono uga para panggedhe, ora bisa sampurna ing kadibyane, yenora kanthi
manungsa kang wus lengkep pangartine, marang pangulah ing praja, kang sara apik setya tuhune, maring
kang dadi dununging pangawulane.
Geni kang mungguh ing upet ora kena sinandhingan barang empan-empan kang mongka dadi urup
uruping geni mau, krana bakal mramen empane mengkono uga para priyangung,o ra patut gawe
pengareping praja, wong panasten atine.
Dhalang, ing nalikane amayang ora kena anganggo wayang sasukane, kayata, ametokake wayang
subadra, ora kena ing ngunekake kaya swarane erjuna, mengono uga, para panggedhe, sarehning
anjumenengake kasudibyane, ora kena sajatine, yen wong becik ginawe ala, dadi kang jumeneng sudibya
mau, kudu angengon tuwin angente, apa salungguhe wayang dhewe-dhewe.
Manuk cekaklak kang angajab udan, ora bisa kelakon ing pengajabe,yen ora akanthi ing ngawiyat ana
mendhung, senadyan ana mega, yen segara ora ngunggahake ampak-ampak kang bakal dadi menthung,
iya uga ora udan,mangkono uga kawulaning pangeran kang anggungmumuji, pamurihye apa kang dadi
kajate, estu ora bisa kelakon yen ora oleh barkah pangestuning paneran ingkang amurwa ing alam
Katandhan pun Setya ingNgayogyakarta.

Panjurung ing Jurumartani

Salebeting wulan Pebruwari taun 1870 punika padaleman ing Jatikusuman Surakarta kalebetan durjana
pandung amendhet gender utawi rebap ingkang wnten salebeting pandhapi, saking sanget pamarsudinipun
abdi papatih ing Jatikusuman watawis dinten laminipun durjana sampun kacepeng lajeng kaaturaken
gender wau sampun kagantosaken dhateng gunayasa dhalang ing Dlunggu (Dlanggu), Karasura, dene
rebap saweg katitipaken dhateng Capalang Gondhang (Klathen) salajengipun sadaya wau sampun
kakunduraken medal saking Suradirjan mila samangke kanjeng pangeran ariya Jatikusuma karsa paparing
bingah dhumateng abdinipun sadaya sami kadhawahan dolan dhateng Samarang numpak kareta asep
menggah wragading panumpakipun kareta asep tuwin sangu punika kanjeng pangeran ingkang maringi.
2, wedal punika margi ageng ing Baki sakalangkung prayogi katimbang kala taun ingkang kapengker,
awit pangurugipun kapara inggil tuwin sakathahing deling sakiwa tengening margi ageng wau sami
karombakan dados aken mantuning peteng, mila titiyang sami angalembana dhumateng pulisi ingkang
kawajiban anggarap.
3, kula sakalangkung a gantakan tak kanthi pangugngun dene sampun watawis satengah taun laminipun
para priyantun ingknag sampun sinebut sarjananing Jurumartani sanget anggenipun kumet boten pisan
pisan angrentahaken panjurung anggitan ingkang andadosaken papaesing jurumartani.
4, Ing ngupit Jagalan (Klathen) wonten deling apus ing ngelbet dhukul curangipun satunggil menggah
thukulipun wau kawit ing bongkot terus dumugi tigang ros ananging tampa godhong, samangke taksih
karumatan pun Jagasetika.
5, Lepen ing Gondhong (Klathen karetgeipun tosan watawis tumunten dados margi sapunika sampun
pasang dlurung, saiba badhe suka bingahipun titiyang ingkang sami langkung awit ical sumelangipuh
bilih lepen wau banjir langkung santer.
Kaping 24 Mei taun 1870
Katandhan Dipalukita.

Rinompa sakathahing pakurmatan ingkang boten angendhati sumaos ing panjenenganipun tuwan
F.L.Winter Redhakturing Jurumartani, manawi kapareng selaning papan ing jurumartani, serat kula
punika mugi kapacaka.
Panuju satunggaling dinten kula tuwi mitra kula wasta mas Ngabei Suradipkrama ing kampung Telukan
Surakarta, ing ngriku panuju kadhatengan tamu cariyosipun tyang saking dhusun ing Wiraka, ananging
kula boten terang namanipun, kadherekaken tiyang 10, menggah wangunipun tioyang salebeting nagari
Surakarta, danguning lalenggahan ingkang dherek wau satunggal araraosan makaten, ah saiki tak mareni
enggon ku asring manjurungi anggitan ing Jurumartani, sabab tak rasarasa wekasan andadekake
kawirangan awit aku saiki di uleg-uleg nganti bengep raiku marang sigendam, p[unika kual lajeng pitaken
dhateng mas Ngabei Suradikrama sinten namanipun ingkang cariyos wau, wangsulanipun inggih punika
ingkang nama mas lurah Karasumbaga ingkang asring nglebetaken kabar ing Jurumartani, punika kula
lajeng kaget sarta salebeting manah anyipta makaten, iii iki wujude kartasumbaga abdi ing Adisuryan,
layak anggitane nganti di jeli-jeli rake mas Gendam dadi wis mungguh karo wujuding priyayi, lo lo
kmangke duka sampeyan punika mas Baga, sampun tanun, awit pancenipun tyang dhasar leres
anggenipun mas gendam anguleg-uleg wau, ananging kula inggih gumun dhateng mas gendam awit
saweg saged samanten kemawon teka sampun purun anguber-uber dhateng saseratanipun Mas Baga,
wonten makaten punika manawi Sariranipun pyambak leresa panyeratipun tur inggih dereng pisan-pisan
sumandhing ing prenah, namung rekanipun kemawon angayem bisikan kantok tumpuk-tumpuk mirit
arjuna, mila kula ngaturi sumbang tambah ing nama malih mas Bondhet awit lirsah dhuyung punika
wonten ingkang nama bondhet, mila dados leres angggenipun kaoprak-oprak dening mas Karta Sumbaga
Tiron ewadenten kula anggadhahi panginten bilih mas bondhet rumaos ungguling juritg awit mas
Karasusbaga tiron boten amangsuli malah, eee, sampun kakirab akablak girang-girang tanun sampeyan
sumerep \a mas mila nmas Kartasumabag tiron boten tumunten amangsuli punika rak saking ruwaning
panggalihipun awit kagalih bilih sampeyan dareng pisan pisan animbangi ing kasagedanipn mas Tiron
dene ing ngajeng anggenipun enggal amethukaken sampeyan punika saking sangeting welasipun dhateng
mas Baga wau, supados kapok sampeyan sarehning taksih cetho sampun kantos kelajeng remen angeci-
esi. Wasana kula angaturi pamrayogi dhateng sampeyan mas Karta sumbaga tiron anama raden Mas
Drinda, utawi canggeh tiron kados lajeng jebles kemawon.
Katandhan Membasutija.

Serat saking negari Ngayogyakarta, anyariyosaken Mas Demang nglipar, angsal damel amung presasat
boten angsal damel,kala wulan ingkang sampun kapengker punika: mas Demang wau, nyepeng tyang
begta apyun, peteng, kathahipun 30 kati,saking cariyosipun tiyang wau amung dermi begta, kimawon
trangipun ingkang ngaken tyang Cina, kangg bongsa, seli, kekalih apyun sareng sampun kaladosaken ing
negari, tyang wau lajeng kalebetaken ing kunjaran Ngayogya: wonten dene prekawis ugi badhe tumindak.

Kula angaturi kabar dhateng para ahli kula ing Ngamonca-menca ing Sanes nagari kula pacak wonten ing
Jurumartani, kimawon: sampun cukup:
Kala tanggal kaping 19 Sura, taun punika, kajeng raden Adipati, Yudadiningrat kondur dhateng
rahmatollah jalaran grah cekoh layonipun,kanjeng wau, sumare ing Taman Kurtha Madiyun saking
pamundhi kula putra, ingkang sepuh, mugi anggalsih, saking kanjeng guprenemen angentosi tetep nama
raden adipati
Ingkang punika,kula sumongga.
Ngawi, kaping 20 wulan Sapar, taun 1799
Katandhan Dwan, Rama

Rarasing tyas sinawung memanis, den atur ken mrin tuwan kang nyithak,lupe, F.Purneman, rah
Susrengrakartengkung, mamindya awulang sakedhik, ngunguning tyas samba, Atmaningkusnenun,
manedya karyarahraharja, jajanira rimawana sapta wresi,karna lamring sang nata. Lamun sira yen ulah
negari, kadyan iya mapan durung mongsa, rencak akawatese, yen wus yuswa tripuluh, yatna kekinari-
kari, apanji nabakena yen wus patangpuluh,theruk theruk munggeng nglagar: minta nalar kasnendra
wahyu sayeti,dudu wah yuning setan. Yen manungsa tejig kladuk jail,lali marang tingkahing kamulyan,
nmora eling kawitane, yen ngucap nguwar-ngawur, babudinya tipis darengki, sring rubatombok kojah,
ambeging kumingsun, iku wahyu jajal laknat, wong gamuwus den bisa nyaringi wadi, keh wenge
awiggyan. Kadigdayan kabisan kasetin,nora kena yen ngawag gawag westhi yen ana sangkane, senajan
kanjeng rasul, kang wus pesthi soyaning bumi, gaguru misih kena, prentah ingyang agung,pesthi ana
jaman ing mangya wus tinedir gegampang sebarang kardi,aladak dadya rupek. Wong ngawuyla yen tinari
gusti, amung kadingalem unjukpun, ginawe gawe ature, yen kumarahi luput, panagusti angusak yekti, ing
nalar tata wigya kawulane matur, ngaturaken gagaid, yen tinurut aniwasken dhepok lupi, wus sakeh
kalegsanan. Digung kuarang ing angatiyarti, dene kanjeng pangeran panuju, kajodhi wong cilik bae, duk
prang ing ponarageku, panga…adi iwjya nenggih, tur padha putra nata ing pradesanipun, kang anukwong
ngukan, kurang apa seprandene angemasi, dene nora kuwalat, Walat iku manut ing pakarti,lamun ana
sabar ing donya, iku gedhe wilate, aja dumeh wong agung, wana lare datan prayogi mula trahing
mantaram ageng dlajatipun, wigya mantep ngagem nalar, karatone lair batin ati suci, sarila ing donya. Ti
Ti.
Katandhan Dyan Malunasuka.

Wangsulan dhumateng ingkang sinuhun Banuradya, ing dhusun Baki


Sakelangkung andadosaken suka irenaning manah kula, Banuradya anggenipun karsa anegesi, pitaken
kula babasan kawaan bab ingkang upaminipun tansah andadosaken kodhenging manah kula, awit
sadereng angsal katrangan menggah manggenipun ing wredi, dene anggen sampeyan suka panjawab
punika sadaya ugi sampun radi kathah emperipun sawetawis andadosaken padhanging manah kula,
ewadene kula inggih dereng marem pisan taksih mangajeng-ajeng, manawi wonten para sujana ingkang
karsa lumunturing panggalih aparingjarwa ingkang langkung sakingpunika, saestu andadosaken lejaring
manah kula, ananming kula ugi asuka panarimahsanget dhumateng ing sameyan awit ing panjawab
sanmpeyan wau andadosaken kekirihipun manah kula ingkang sendhet, wasana kkula amratelakaken
ingkang dados kadhenging manah kula malih dhumateng ing sampeyan, ugi bebasan remeh sampun
kalantur kaangge lami, naming kula dereng mangretos terangipun sumongga kula aturi anerangkaen
kados ing ngandhap punika, awon nganggur kadamel cagak lenggah.
Kados bebasan amung sajabaning parewana, punika manggenipun kados pundi, punapa tembung kawi
punapa wangsalan, panunggilanipun kados tiyangipun kengken angebunebun enjing anjawah sonten
punika kula salaminipun inggih namung anut grubuyuging kathah kimawon ngantos samangke taksih
dereng terang menggah tegesipun ingkang limrah namung ……kimawon suraosipun sampun sami
angranggoni, awis ingkang karsa anggalih tegesipun anaming inggih boten kla piyambak makaten wau
panyawang kula para anem ing sapunika gelaripun sami aras-arasen pitaken ingknakng dereng
dipunsumerepi, wadosipun amung lingsem manawi dipun wastani busuk tur ingkang makaten wau ugi
kalajeng busukipun boten kagalih yen kasagedan punika saking tetakon tetiron, saking cariyosipun para
sepuh wulangipun priyantun kina punika, sampun ngantos kendel anggenipun anggayuh
indhakingkasaedan wau, kedah teberi atetaken dhateng para sujana, remehipun malih kados tatembung
kawi ingkang sampun kangge ing serat waosan punika, yen wonten kang boten dipunsumerepi tegesipun
inggih dipun sarug kimawon awis ingkang lajeng amrelokaken pitaken namung katungkul anggeningsun
melang-kmelung kimawon suraosipun malih yen kagaliya, atur kula punika kula piyambak kala taksih
rare ugi makaten. Titi.
Sinerat ing Grejen tanggal kaping 21 wulan Saar ing taun Dalongka 1799, utawi Mei kaping XXIII taun
CICICCCCIXX katandhan Siswaning Kridhamardhawa.

Saseratan kula punika, mugi wontenne kasar paduka nyathik ajurumarni.


Wonde ing kne gkula cariyosaken, bab musthikaning …..kados dene ing ngandhap punika.
Sang prabu alOonsus atu ing Naples akaliyan ing Sisili, kasebut ing cariyos misuwut saking dening
welasan ing peganggaliyanipun, wonten abdenipun satunggil matur sang prabu, sabab dening punapa
panjenenganipun asih dhateng sawarnining titiyang, dalasan ingkneg sampun tatela awon ingggih dipun
sihi. Sang prabu mangsuli pangandika, mulane manggkono, awit nutute wong becik iku dening adil,
nutute wong ala iku dening kawelasan, anunten para nayakanipun sami nacad dhaeng sang prabu, amargi
sangking sareh, saha alus ing penggaliyanipuh, boten priyogi ing ngatasipun panjenengan ratu, sang prabu
mangsuli pangandika, e, apa kowe gelem padha di wengku ig macan, lan kowe apa ora sumurup, yen
siyaiku ambeking kewan, welasan iku ambeking manungsa. Ingkneg para nayaka sareng mireng
pangandika dalem kalih kecap ingkneg patitis makaten, lajeng jungkelo sami sujud ing ngarsa dalem,
rumaose suwun para sarjana, keng sudyaptingawikaning kondha kula punika kados pundi, punapa leres
sang ratu, punapa leres panacading keng para nayaka.
Wusana kula nuwun panggalih, kula sumongga.
Kasrat tanggal kaping 27 Dal, ongka 1799.
Katandhan pun Tigengmaba, ing Ardicandhanameru.
Bawah Ngayogyakarta.

Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 6 Juni ing ngajeng punika, badhe wonten lelang, ingkang kasade
barang kados ing ngandhappunika: Kursi warni-warni, meja, patileman, wadhahinuman endah
warninipun, pigura, sakathahing barang punika sadaya sae-sae, sarta santosa pandamelanipun.
Katandhan TuwanLingkring.

Kula kang andhani ing ngadnhap punika, entas anampeni laken alus, pancen sae kadamel sikepanipun
para priyantun jawi, punapa malih kula wade kancing ageng alit mawi aksara K.W. Ing wasana kula
angaturi uninga, manawi kula sagah damel pangagemipuun para priyantun jawi, Gruteni gagrag ing
sapunika.
Katnadhan tuwan Y.Andriye, ing Samarang.

Benjing ing dinten senen tanggal kaping 30 wulan Mei punika wanci pukul wolu sonten badhe wonten
komedhi, mengah lampahanipun ingkang satunggil kanamakaken Patelin utawi akal-akalioppun
Adpokat, lampahan satunggilipun kanamanaken iya apa ora utawi pinanggih ing tiyang jaler kakalih
ingkang kalih kalihipun dados semahipun tiyang etri satunggil, ingn sasaged-saged cartiyosing lampahan
wau badhe kawratdinaken benjing ing dinten Akad ngajeng punika.
=====================================

Tuwan Lobatu angaturi uninga dhumateng parapriyantun ageng alit sadaya, yen piyambakipun mentas
tami barang saking nagari walandi warni: Cet pethak, La,pu sae-sae, Sutra setin kandel warni-warni, sarta
sae-sae, ijo blawu cemeng abrit; Bekakas the kacatolet kangge para raden ayu, tuwin para priyantun
sanesipun; Kaca ageng dipun gantung ing dalem sanglangkung prayogi; Punapa malih wacucal perlak
sanglangkung sae; Erloji saklangkung sae, sarta saklangkung mirah reginipun; lonceng kagantung ing
dalem saklangkung prayoginipun; tutup meja saklangkung bagus bagus; karetaingkang saged mlampah
piyambak saklangkung prayogi, kangge rare tuwin tiyang sepuh.

Serat Katurongga kapal

Ing sapunika para priyantun sampun kenging pikantuk serat katurongga kapal, menggah isinipun
kapratelakaken ing ngandhap punika.
1, Ciri kang sae tuwin kang awon, 133 bab utawi warni
2, Katranganipun ciri ingkang tumrap ing salebetipun cangken kapal 9 bab
3, Bab pethekipun turongga, 24 bab
4, bab dinten kalairanipun kapal 4 bab.
5, Bab dinten ingkang sae, manawi badhe tumbas kapal 4 bab utawi warni
6, Bab pangleburan sakathahing ciri 7 bab utawi warni
7, Bab Kramas tuwin paguyangipun kapal 6 bab utawi warni
8, Bab Pangurut tuwin jampining lambe kapal 7 bab utawi warni
9, bab jampining kapal saras tuwin sakit 93 bab utawi warni

Serat katurongga punika amratelakaken sakathahing katrangan prenah utawi watekipun satungal
tungggaling ciri,menggah reginipun katamtokaken kados ing ngandhap punika.
Manawi tumbas 1 buk reegi 3 rupiyah 50 sen
Manawi tumbas 10 buk 1 iji, regi 3 rupiyah
Manawi tumbas 25 buk 1 iji regi 2 rupiyah 50 sen.
Sakathahing serat punika kenging pikantuk tumbas bayar kenceng saking
Raden Tumenggung Kartanagara Surakarta
Raden Atmadikara Surakarta
Tuwan Purneman Surakarta
Tuwan F.L.Winter, ing Ngadipala, Surakarta

Para priyantun ingkang sami ameling serat katurongga,kawrat ing serat kalowongan kula aturi,mugi
karsaha angintuni serat wissel pos dhumaten gkula, sumerepa numbasing serat katuronga, satampining
serat wisssel wau, kula badhe lajeng angaturaken sakathahing serat kang kinarsakaken.
Tuwan F.L.Winter
Surakarta
Seratipun ingkang nama Muridipun Hyang Jiljalaha,Janeng, sampun katampen ananging dereng kula
pacakaken ing Jurumartani, amargi sastranipun kirang cetha, tuwin tembungipun ugi boten dipun wastani
basanipun tiyang nagari pundi, manawi taksih makaten upami kula pacaka, boten wonten paedahipun,
dene yen taksih adreng karsanipun prayogi kasantunanana malih seratanipun ingknag setha sarta
kagenahna tembung punapa, yen sandi sandi punapa.
Redhaktur F.L. Winter.
====================================
Ongka 23, Kemis kaping 2 Juni 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Tuwan Y. B. Krab, Notaris ing Samarang kapringan pamit kesah dhateng nagari Walandi awit saking
sakit.
Tuwan H. Pandherwulesp, UfOnderweiser (guru pamulangan), ing Cilacap bawah Banyumas, 2 tuwan
H.Y.B.Menu, Twedhekumis, 3 tuwan F.H.Drus Irstekumis, 4 C.C.Smith kumis Onfnger ing ngatasing
pamupunipun Beya barang ing Mentok bawah Bangkah, awit saking panuwunipun sami kaparingan
pensiyun.
Tuwan Y. F. E. Gelenbureh, Kumis Onfanger, ing sibogah bawah Sumatra kaelih dhateng ing Mentok
bawah Bangkah.
Tuwan D. P. Eredbring, kapatah amakili dados notaris ing Samarang, salaminipun tuwan Y.W. Krab ing
nginggil wau, kesahing nagari Walandi.
Tuwan F. L. H. Yussen Ufonderweiser ing Ciribon kaelih dhateng ing Bandhong.
Tuwan O. C. Ansen Ufonderweiser ing Puntianak kaelih dhateng ing Cirebon.
Tuwan E. Dhenamer, Irsteules Onderwiser, ing ambuinah kakulawisudha dados Ufonderweiser
ing…..(bolong-bolong)
Tuwan D. M. Krusman Irsteulesweiser ing Surabaya, kakulawisudha dados Ufonderwesier….(bolong-
bolong)
Tuwan D. Wesof, Irsteules Onderweiser ing Surakarta, kakulawisudha dados Ufonderweiser ing Besuki.
Tuwan H. Y. Seidheruk resteules onderweiser ing Samarang kula wisudha dados Ufonderweiser ing
Cilacap
Tuwan Y. Palek kakulawisudha dados Iresteules onderweiser ing Surakarta.
Tuwan W. Dhenbrudher, kakulawisuda dados ulep Onderweiser ing Surabaya.
Tuwan E. F. R. Potir, kakulawisudha dados Dherdheonderweiser ing pamulanganing cayon guru jawi ing
Surakarta.

SURAKARTA
Dhawuh undhang-undang, tatedhakan.
Kanjeng Raden Adipati Sasranagara, aaring weruh marah sarupaning wong, awit ing sasi Mulud ngarep
iki, nuju Garebeg taun Dal, kang wus kalakon akeh wong songka lua nagara, lan desa ing ngadesa
apadene wong sajroning nagara padha nenonton unine kagungan dalem gamelan sakaten, lan masjid
gedhe apa dene ing ngalun-alun sapanunggalane.

Kang iku amurih srinaning rerusuh sarupaning wong anonton padha kalarangan anyuwara kang luwih
saka mesthi, nganggo anggo kang dudeu anggon-anggone, apa dene solah tingkah kang ora prayoga katon
ing ngakeh, utawa ngombe ombe kanti mendem sapapadhane, amanggon kang ora winenangake.
Kaluwihan maneh, nalika garebeg anuju tedhak dalem marang ing masjid, aja ana kang nganggo patrap
dudu patrape, mituruta adating karaton kang wus lumrah kaanggo salawase, manawa ana wong kang wani
nerak lanrangan mau, bakal kacekel dening pulisi, kaladekake marang parentah.
Dhawuh undhang-undang kaping 22 Mei 1870
Katandhan dening kang ngasta Pangawasa Nagara, Kanjeng Raden Adipati Sasranagara,

Kauningan sarta kaiden dening kanjeng truwan Resdhen ing Surakarta, Y.H.Tobiyas.
Kula ngaturi panjurung wansalan 23 iji, manawi kapareng panggalihipun tuwan mugi kapacaka ing serat
Jurumartani, wedalipun benjing Kemis ngajeng punika.
1, Peksi raja, kucing wanamawagonda, dan taberi, reraseyan ing
prakara.
2, Semong ing tyas, wangunan resik ketilam, awasena, obah osike
nagara
3, Trahing ngarab, dadine bathara Maya, den prayitna, aja kongsi
kasmaran
4, Winisudha, ngrembang pantun kangwismongsa, singgahana, barang
laku kang niaya,
5, Jenanggula, kang arta tindhih edunga, aja lali, marang
kuwajibanira
6, Carang wreksa, dene dhangkeling bengkowang, tegkagampang, yen
mertsudi ing kawigyan.
7, Parisrotan, mugaraha Ogedhdhap, aja mengeng, yen kadhendha
iwicara
8, Sitikresna, gudherambat saupama, ajaoncatyen kapranggul ing
prakara
9, Tlasih seta, sela kamindha rejasa, Pespadakna, yen ing mengkono
salin alam
10, Singa wastra, dene uwite kalapa, aja tuman, gugu atur ngadogna.
11, Pisang wigar, wekresna pinurweng duta, den graita, yen tinitah
mangkukarya,
12, Wektu sore, dene kawining wiwita, yen sarjana, wruh purwa
madyawesana,
13, Girang rambat, jamang wakul saupama, dipuneling, lamun sira
mengku bawah
14, Bajing reta, tumpal sabuk sesampuran,, larangan,wongkang karem
cacendhalan
15, Ngayut jiwa, mulare tenaya dahat,, aja kendhat, yen ambudi ing
kagunan.
16, Jenu tawa, warastra mawa kukila, Ywa katungkul, golek abudi
utama
17, Bakung erta, kesekmina ing ngudaya, aja lanas, kang sareh
barang rerasan
18, Mulya rengka, tembung sutane sewaya, kaya paran, yen bisa
biyantuwa
19, Terong lengka, dene condra wilasita, dena pinter, semurup
marang parentah
20, Sidhat rawa, dene ujunging basahan, lulutana, marang konca
tunggal karya
21, Paser langkab, piranti panimbang ngemas, manahira, kang sr\erju
mring pasewakan
22, Gambang kawat wowohan langkung wedalnya,, mumpung anom,
mursudiya pramasastra
Titi
Katandhan Trusdha Sastra.
Seratipun Ngabei Sastraadiparaja ingkang kapacak ing Jurumartani ongka 17, anglairaken pupuji
edhumateng bupati Panaraga, tuwin bupati Magetan kanthi pangumpak ingkang kantosa dedeg inggilipun
sarehne kula punika dereng patos terang sasebutanipun para bupati monca nagari ing kang mesthi kenging
kaanggep, amila kukedah pitaken dhumateng Ngabei Sastra Adipraja ingkang sampun anjajelehi bupati
kakalih wau, punapa sampun wenang utawi wajibipun kasebut kados serat sampeyan ingkang ungelipun
makaten\\ Gusti kula kanjeng bupati\\ lo punika tanun ingkang adamel kodhengipun manah kula, punapa
serta kakancinganipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral ingkang angulawisudha
dhumateng bupati kalih wau sami anyebutaken gusti, utawi kanjeng bupati, dados beda kaliyan serat
kakancinganipun para bupati ing sanes-sanesipun builih anggen sampeyan nyebut gusti wau namung
katarik saking ajrih, utawi pancen dados karerehanipun gengipun malih pancen darbe pamurih, punika
kula boten andugi, wangsul ingkang dipun jajelehi panggalihipun punapa boten karaos mangkel awit dede
leresipun agadhah sasebutan gusti utawi kanjeng bupati.

Menggah ingkang wajib utawi wenang ngagem sasebutan wau bilih kula boten kalintu ingkang sampun
kasebut ing serat angger-angger karaton punika namung putra dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan
ing Surakarta, tuwin ingkang sinuhun kanjeng Sultan ing Ngayogyakarta, ingkang sami miyos saking
garwa kanjeng ratu, bilih miyos kakung diwasanipun ingkang:
ongka 1, inggih punika Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom
Amengkunagara Sudibya Raja Putra Narendra Mataram.
Ongka 2, Kanjeng Gusti Pangeran Ariya mangkubumi
Ongka 3, Kanjeng Gusti Pangeran Ariya Buminata
Ongka 4, Kanjeng Gusti Pangeran Purabaya
Ongka 5, Kanjeng Gusti Pangeran mataram

Menggah namanipun putra dalemingkang ongka 6, sapiturutipun punika gumantung parengipun karsa
dalem bilih putra dalem wau miyos putri sasampunipun krama ingkang
Ongka 1, anama gusti kanjeng ratu Pambayun
Ongka 2, anama gusti kanjeng ratu Sekartaji
Ongka 3, anama gusti kanjeng ratu bandara
Ongka 4, anama gusti kanjeng ratu Angger
Ongka 5, anama gusti kanjeng ratu Timur

Menggah namanipun putra dalem ingkang ongka 6 sapiturutipun inggih ugi gumantung saka parengipun
karsa dalem aliya punika leresipun pancen boten angagem sasebutan gusti, bilih adhi ngabei meksa
dereng punapa kula kalilan anggelaraken malih ingkang kantos gamblang gamblang.

Priyantun ageng jawi ing pulo jawi punika kajawi ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan tuwiningkang
sinuhun kanjeng sultan punapa dene kanjeng gusti pangeran adipati anom ing Surakarta tuwin ing
Ngayogyakarta, punapa wonten malih ingkang nyameni kanjeng pangeran adipati Ariyamangkunagara,
tuwin kang pangerana Adipati Ariya Suryasasraningrat ewadene pancen boten angagem sasebutan punika,
katondha bilih kanjeng tuwan ingkag wicaksana guprenur jendral tuwinkanjeng tuwan residhen asaseratan
dhumateng kanjeng pangertan adipati kakalih wauy, tembungipun inggih amu \\dhumateng kajeng
pangeran adipati ariya Mangkunagara, tuwin dhumateng kanjeng pangeran adipati Suryasasraningrat.

Kajawi punika wonten malih priyantun….(bolong-bolong) Jawi ingkang wenang angagem sasebutan
kanjeng, inggih punika kados raden adipati ing Surakarta tuwin kanjeng raden adipati ing Ngayogyakarta,
awit priyantun ageng kakalih punika ingkang angasta paprentahan ageng ing nagari dalem kakalih, amila
sampun malih-malih jandika purun angaliraken wonten ing Jurumartanil,pangalem ingkang keclapipun
angerang-erang dhumateng para prayantun ageng sasaminipun awit kula anamtokaken bupati kakalih
punika inggalihipuh boten rena jandika onggrong ingkang kantos atilar marwat adarbe pamurih
angrentahaken galihipun bupati kakalih punika,langkung prayogi jandika amacak kaserataturan utawi atur
ijeman kemawon anyebuta gusti ingkang kantos kaping sajinah amesthi boten wonten pakewedipun bilih
jandika pacakaken ing srat pakabaran saestu kemawon kathah para ageng tuwin para sarjana ingkang sami
angesemi, awit jurumartani punika sumebar ing sapulo jawi utawi ing pulo sanes-sanesipun, pangraos
kula titiyang sampun cekap anyebutnamanipun para bupati wau miturut punapa saungeling serat
kakancinganipun.

Teka dados kapanjang panjang anggen kula cariyos wonten ing Jurumartani, dumadakaken kula
kaengetan dhumateng ingkang nama raden mas Ariya gusti lanang \\kang ugi karan bagus kapaung\\
kasebut ing Jurumartani ongka 14,ngaken anakipun wadana parang, kula eram sanget dene punika taksih
anakipun prayantun tek boten sumerep dhateng tatakrama, punapa ing ngajeng wadana parang boten
angajar bagus lanang anakipun lejemipun wadana punika inggih boten angajar, kados punapa ta bagus
lana g dene anjarag purun ngangge sasebutan anama gusti, …la amratyogakeken babar pisan kemawon
bagus lanang jumeneng nga piyambak anama susuhunan dados panunggilanipun sasakitan susuhunan
Setika II, surasemita ingkang sami jumeneng piyambak anama Susuhunan ingkang sapunika sami
thenguk-thenguk wonten salebeting griya sasa….tan ing Surakarta angentosi karampunganipun saking
pradarta dalem Surakarta, saha angentosi serat kakancinganipun saking kanjeng tuwan ingkang wicaksana
guprenur jendral badhe tamtunipun jumeneng tiyang paranteyan wotnen sajawining pulo jawi sarta
madura inggih makaten bagus lanang, lololo sampun ringas paningal sampeyan, boten botenipun
kadhatengan pulisi, jangji sawedalipun jurumartani punika jandika lajeng kapok boten anama gusti.
Surakarta kaping 8 Mei 1870
Katandhan Kartasumbag Tiron inggih
Raden Mas Grinda.

Bondha lunga bareng nyawa

Nalika ing dinten Senen Legi, tanggal kaping 30 wulan Sura ingkang sampun kapengker, taun punika ugi,
wetawis wanci jam ½ 2 akiripun jam 2 dalu griyanipun Nyonyah Kun Su Wi, ingkang sampun agami
Islam, kalebet tiyang srusila kecu, uda kawis tiyang 10, utawi 15 wondening lebeting kecu, dhodhok
jandhela kuputarung, ingkang ing sabendinten kadamel dhasar wewadeyan, griya kampung ing Beskalan,
tunggil sapemahan kaliyan griyanipun mas Angabei kartawijaya abdi dalem panewu, reh kadanurejan,
wondening katrangan bab raja darbekipun boten wonten ingkang sage nerangaken, awit nyonya wau
rondha boten darbe anak, anaming sarehning nyonyah lajeng dipun perjaya dening kecu, tatu jangganipun
meh pedhot lajeng pejah kapisanan, grobok lajeng dipun pecah dening kecu wau, sak kawontenaning
barang keng wonten ing ngriku inggih lajeng kabekta sadaya, kilap kathah kedhikipun inggih boten trang,
sarta warnining barang satunggal tunggalipun, anamung ing tembe bokmanawi, sarehning para priyayi
sakwantawis kathah, ingkeng darbe barang wonten ing ngriku yen wonten katitik ipun saking para pryayi
kang sami darbeni piyambak-piyambak, wondening unduring dursila, inggih lajeng katungkeban tiyang
tandang tulung rundha ing Jaganaran, anamung futsila meksa boten wigih kapethuk ing para titiyang
tandang wau, awit ing ngradinan kathah dadamel sela krakalan ingkeng gumelar ing margi-margi, dados
sakathahing titiyang keng tandang sami dipun benturi dening sela wau, sanajan kathah tongga tepalih
kang celak celak ing griyanipun nyonyah wau, dursila inggih meksa boten eram, pun dipara tongga kang
celak badhe medal inggih dipun krutug sela dados ajrih medal, tur griyanipun ngungkang radinan ageng
ing Jaganegaran, saha celak karesidhenan tuwin kapatiyan, suprandosipun kok biing kemawon, kula boten
andugi sanget awit pulisi ing Sindunegaran saha rundha dalu ing Jaganegaran, boten wonten
kendhonipun, supradosipun mas kecu, kok boten darbe manah sumlang sakedhik-kedhika.

Wusana lampahipun mas kecu ing waktu dalu wau inggih wilujeng wah abdi dalem konca panewu
ngajeng,lan mantrienipun ingkneg sami pinuju rundha wau salong kapranen kabandhem sela dening mas
kecu, wondening jisimipun nyonyah Kun Su Wi wau sak kalajeng dipun petak dhumateng ing ngastana
Pakuncen cara Jawi.

Ing sapengkeripun kondha kula punika, kaptin Cina, tuwin wadana jaksa wah pulisi raden tumenggung
Sundunagara, inggih lajeng sami ngupaya ingkeng maradursila. Titi. Kasrat ing Ngayugyakarta, kaping 1
Sapar Dal 1799 Katandhan pun Anon Pawarta.

Panuwun kula dhumateng ing panjenenganipun, tuwan ingkang ngarang koran, Jurumartani, manawi
kagalih prayogi kul angaturi panjurung kabar manawi sela ing papan, mugi kula aturi macak, wonten ing
pustaka Jurumartani, minongka panutup kaca. Ing dhusun Pripibawah nagari Ngayugyakarta, wonten 1
lare setri kadugi umur 3 taun, wsta Waginah, anakipun tiuyang alit wasta Naladongsa, lare wau awit
medal saking guwagarbanipun ingkang sepuh, tanganipun ingkang kiwa sampun nutung, sakngandhap
pikut, boten gadhah dariji, utawi epek-epek, wondene jalaranipun, kula pitakeni, nalika lare wau tasih
wonten wawratan awakipun ngethek bajing.

Ing dhusun Saraban ugi wonten ingkang kados makaten, anaming lare wau jaler wasta Waliman umur
dugi dugi inggih 3 taun nami tasih gadhah epek-epek, buntung nipunwau inggih awit sangking guwa
garbanipun ingkang sepuh pisan, wondene lare ing sakpunika tasih wilujeng sadaya.
Kaserat ing padokan kaping 13 1870 pun ngabei Mangundimeja.

Ingkang tabe akathah khatah katur panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani

Kula ngaturi panjurung, kabar sengsambetanipun cariyos bab tiyang ical wonten ing redi Lawu, kasebut
ing serat Jurumartani, ongka 20, nalika pun Mertamenggala, kesah sangking griyanipun, ing dhusun
sabinan tanah salering kilenipun ing Kumplang, punika sareng let 2 utawi 3 dalu, ingkang estri lajeng
madosi jujug pagriyanipun sadherekipun sepuh, nami ngabei Sasak, abdi dalem mantri martalulut kaparak
tengen, sareng wonten ing ngriku sipeng 2 dalu griya greiyanipun kapandungan ngantos telas-telasan,
dalah warni bala pecah tuwin bantal telas sadaya, punika andadosaken tambahing kasusahanipun, sareng
ing dinten kemis tanggal kaping 17 ugi wulan Sapar punika,pun merta emnggala ingkang ical wau,
pinanggih ugi wonten panggenan nalikanipun ambruk wau, ananging sampun pejah jisim sampun risak
sanget, sadayapangangge teksih sami wetah wujudipun, mila kalampahan saged pinanggih, sangking
sanget pambadi, pamungsengipun sadherekipun ipe ingkang nem piyambak namipun Sayit, ing mangke
jisim badhe kabegta mantuk dhateng ing dhusun Sabinan, badhe kapetak nunggil leluwuripun.
Amethukipun nalika dinten Ngaat tanggalkaping 21 ugi wulan Saar punika, wondene ingknag nami
Santosa, ing dinten punika dereng saras, tuwin dereng saget lumampah. Titi.
Katandhan Trusdhasastra.

Kula kang andhani ing ngandhap punika, angaturi ininga dhumateng para priyantun jawi daya, manawi
anggen kula meling laken biru sepuh, ing kang pancen kangge kadamel rasukan sikepan paning para
priyantun Jawi, ing sapunika sampun dhateng, punapa malih kula anampeni kancing ageng tuwin alit
katandhan aksara W mawi Krun,

Ing wasana andadona kauninganing para priyantun jawi sadaya manawi kula sagah damel Gruteni
pangagemipun para Amtenar Jawi, manut ingkang kapratelakaken serat pranatanipun kanjeng gupremen,
katitimangsan kaping 2 April 1870, ongka 9
Katandhan tuwan Y.Andriye,
==================================================================
Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 6 Juni ing ngajeng punika, badhe wonten lelalng ingkang kasade
barang kados ing ngandhap punika: Kursi warni-warni, meja. Patileman, wadhah inuman endah
warninipun, Pigura, Sakathahing barang punika sadaya sae-sae, sarta santosa pandamelanipun.
Katandhan Tuwan langkring.

Kula kang andhani ing ngandhap punika, mentas anampeni laken alus, pancen sae kadamel sikepanipun
para priyantun Jawi, punapa malih kula wade kanving ageng alit mawi aksara K.W.
Ing wasana kula angaturi uninga, manawi kula sagah damel pangagemipun para priyantun Jawi, Gruteni
gagrag ing sapunika
Katandhan tuwan Y.Andriye, ing Samarang.

Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 30 wulan Mei punika wanci pukull wolu sonten badhe wonten
Komedi, menggah lampahanipun ingkang satunggil kanamakaen Patelon utawi akal-akalipun Tdpokat,
lampahan satunggilipun kanamakaken iyaapa ora utawi pinanggih ing tiyang jaler kakalih ingkang kalih-
kalihipun dados semahipun tiyang estri satunggil, ing sasaged saged cariysoing lampahan wau badhe
kawradinaken benjing ing dinten Akad ngajeng punika.

Serat Katurongga kapal

Ing sapunika para priyantun sampun kenging pikantuk serat katurongga kapal, menggah isinipun
kapratelakaken ing ngandhap punika.
1, Ciri kang sae tuwin kang awon, 133 bab utawi warni
2, Katranganipun ciri ingkang tumrap ing salebetipun cangken kapal
9 bab
3, Bab pethekipun turongga, 24 bab
4, bab dinten kalairanipun kapal 4 bab.
5, Bab dinten ingkang sae, manawi badhe tumbas kapal 4 bab utawi
warni
6, Bab pangleburan sakathahing ciri 7 bab utawi warni
7, Bab Kramas tuwin paguyangipun kapal 6 bab utawi warni
8, Bab Pangurut tuwin jampining lambe kapal 7 bab utawi warni
9, bab jampining kapal saras tuwin sakit 93 bab utawi warni

Serat katurongga punika amratelakaken sakathahing katrangan prenah utawi watekipun satungal
tungggaling ciri, menggah reginipun katamtokaken kados ing ngandhap punika.
Manawi tumbas 1 buk reegi 3 rupiyah 50 sen
Manawi tumbas 10 buk 1 iji, regi 3 rupiyah
Manawi tumbas 25 buk 1 iji regi 2 rupiyah 50 sen.
Sakathahing serat punika kenging pikantuk tumbas bayar kenceng saking
Raden Tumenggung Kartanagara Surakarta
Raden Atmadikara Surakarta
Tuwan Purneman Surakarta
Tuwan F.L.Winter, ing Ngadipala, Surakarta

Para priyantun ingkang sami ameling serat katurongga, kawrat ing serat kalowongan kula aturi, mugi
karsaha angintuni serat wisel pos dhumateng kula, sumerep panumbasing serat katurongga, tampining
serat wissel wau,kula badhe lajeng angaturaken sakathahing serat kang kinarsakaken.
Tuwan F.L.Winter Surakarta
Toko buku ing Samarang, tuwan G.C.T.Fandhorep enko, angaturi uninga ing para priyantun,manawi
anggenipun ngecapaken serat waosan cariosipun nalika pasamuwan ageng ing nagari Batawi sampun
rampung, serat wau sastranipun Jawi mawi sekar macapat anggitanipun raden Atmadikara, ing Surakarta,
menggah reginipun satunggal serat 3 rupiyah 50 sen pranko ing ngepos para priyantun ingkang badhe
angartekaken mugi angintunana serat pos wissel dhumateng tuwan fandhorep enko wau.

Kula tuwan p.F.Purneman angaturi wuninga dhuamteng para panjenenganipun priyantun Jawi, bilih ing
mangke kadugi andhatengaken barang welingan warni warni saking tanah Eropa, awit wonten
satunggaling mitra kula ingkang anjajahhi tanah Eropah, punika ingkang sagah angintuni utawi
anumbasaken barnag weilingan wau, saha badhe kakintunaken dhateng kula tumunten inngkang punika
kula angaturi pratelan dhateng para priyantun ingkang badhe karsa ameling, menggah barang barang
ingkang saged enggal dhaeng wau, kesah kaawrat ing batia asep saha wragadipun ragi awis rtinimbang
kalayan bilih kaawrat ing baita layar.

Sanajan barang barang kula piyambak ingkang wedalan sakng tanah Eropah sampun kathah, ewadene
anglengkara bilih anjangkepana sapami pun tiyang, mila pangajeng-ajeng kula supados para priyantun
samiya karsa amemeling barnang-barnang ingkang kula boten gadhah.
Ongka 24 Kemis kaping 9 Juni 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Kanjeng tuwan M.H.W.Niweneis Residhen ing Amboinah, pikantuk pamit kesah dhateng nagari
Walandi
Tuwan Sitof tilas amtenar ing ngatasing pandamelane Telegrap kaundur kalayan urmat
Tuwan Y. E. Kolmis Opsinder Twedheklas ing ngatasing tataneman tom kaundur saking
pandamelanipun kalayan urmat
Tuwan Ras kakulawisudha dados Twedesupstititgrippir ing pangadilan Justisi ing Batawi
==============================================================

Kantore Kenkamer

Tuwan Elmerdham, 2 Kal, 3 Sekeng, 4 Oten, 5 Pik, 6 Opdham, sami kakulawisudha dados
Irstekumis
Tuwan Kurenol 2 Redhheker, 3 Muller, 4 Andheweh, 5 Stinis, 6 sobet, 7 Yahman, 8, Apel, 9 Bein,
10 Isdhorep, 11, Mesersemit, 12 Mepeling, 13, Lok, 14 Eiman sami kakulawishda dados
Twedhekumis.
Tuwan Mesman, 2 Worem, 3 Dhpenaot, 4Wilihen, 5, Karliser, 6 Wanearres, 7 Sorhen, 8 Gronopeis,
9, Aober, 10 Kanterpiser, 11, Werseires, 12 Sekemaker, 13 Blomeret, 14 Sirling, sami kakula
wisudha dados Twedhekumis
Tuwan Kloke, kakulawisuda dados Irstekumis ing Mentok
Tuwan Til kakulawisuda dados Irstekumis ing Padhang
Tuwan Gimbereh kakulawisuda dados Irstekumis ing Lamping

Serat panuwun dhumateng para Pangageng.

Sarehning serat Jurumartani punika, badhe sumebar nagari ing pundi-pundi, saking pamanah kula
saklangkung dening mupangati, bilih para pangageng wau sami karsa ambiyantoni, yen paparinga
tatedhakaning serat pranatan utawi undhang-undhang sapanunggilanipun ingkang magepokan
dhumateng bosa jawi sasaminipun awit ingkang sampun kalampahan sakathahing tiyang kang dereng
mangretos usraosing pranatan tuwinundhang-undang wau, kalih dening para priyantun ingkang sami
ngemin serat jurumartani, bilih wonten cariyos ingkang adamel paedahing tiyang kathah
prayoginipun sami karsa angintuni serat dhumateng kula, supados kenginga kapacak ing serat
jurumartani, ingkang punika saklangkung ing pangajeng-ajeng kula
Katandhan tuwan F.L.winter

Cariyos tuwinpawartos warni-warni

Sambetanipun cariyos panganten ing Surakarta


Nalika ing dinten Jumungah tanggal kaping 25 wulan Sapar ing taun Dal ongka 1799 Kanjeng
Pangeran Arya Suradipura saha ingkang garwa, karsa kondur dhumateng ing dalem Suryadipuran
wedalipun saking lebet karaton siyang wanci pukul 11 wondene para panganten ingkang titiga sami
andherekaken saha garwanipun sami anitih kareta piyambak-piyambak para pangeran sawatawis
utawi para putra santana sami anggarebeg anitih rata tuwin turongga, ingkang dados sasekaripun ing
margi, para bendara ingkangkaleres nak-sanak ing panganten kakung sami anjajari sarta ngapit-tapit
titiuyan panganten busananipun kembar sami nyamping parang rusak rasukan sikepan sankelat
cemeng, mawi srempang sutra abrit kaliyan jene, andadosaken eramipun ingkng sami aningali,
dumugi ing dalem suryadipuran pukul kalih welas, para ageng ing surakarta sami tedhak anjenengi
dhumateng ing Suryadipuran pukul satunggal dhahar bibar dhahar lajeng kasukan nayuban bibaripun
nayup pukul pitu sonten lajeng tataringgitan wacucal dumugi sadalu.

Utawi ing dinten Senen tanggal kaping 28 anunggil wulan Sapar, kangjeng pangeran Arya Adinagara
saha garwanipun kundur dhumateng ing dalem Cakranagaran wedalipun saking lehet karaton wanci
pukul wolu sonten ingkang andherekaken utawi para tamu, boten sanes kaliyan ingkang kasebut ing
Suryadipuran wau. Enjingipun ing dinten Salasa tanggal kaping 29 Ondhermayor Raden Mas
Tumenggung Wiryadiningrtat kaliyan ingkang garwa, saking ing dalem kapatiyan kondur dhumateng
ing dalem Wiryadiningratan angkatipun saking kapatiyan enjing wanci pukul sadasa, panganten
kakung putri anitih rata utawi kanjeng raden adipati kaliyan ingkang garwa, anunggil ing ratnipun
ingkang putra panganten, para wadana kaliwon sapanekaripun sami anggarebeg lampahing rata,
rawuhipun ing dalem Wriyadiningratan pukul satengah kalih welas pukul satunggal dhahar bibaripun
dhahar lajeng nayuban bibaring nayub pukul nem sonten ing nalika punika bawahanipun kadamel
pangkat rambah kaping tiga, ing dinten salasa wau ingkang dipun aturi para pangeran riya mayor
tuwin para wadana kaliwon.

Ing dinten Malem Kemis angrintenaken wulan Saposan Mulut ingkang dipun aturi para tuwan tuwan
Walandi ageng alit.

Ing dinten Jumuwah dalu angrintenaken wulan kaping tiga mulut animbali reh momonganipun abdi
dalem pruikonca Ordhenas lurah sapanunggilan pun utawi para kadang prasobatan sawatawis, dados
awit ing wulan Besar taun Je dumugi wulan Mulut taun Dal punika, salebeting nagari Surakarta,
kenging katembungaken pageblug ageng, naming dede pagebluging manungsa, namung bebek ayam
lembu maesa tuwin menda, sakinjg panginten kula anglangkungi kathah telasipun, amargi
bawahanipun para panganten sakawan punika lumintu datan kendhat dumugi ing dinten punika,
wondene panganten ingkang satunggal samangke taksih wonten ing lenet karaton dereng kondur
dhumateng dalemipun ing Suryakusuman.
Titi katandhan Kridhamardhawa.

NEDERLAN
Awit cariyosipun serat pakabaran Walandi, putranipun Kanjeng Raja ing Nagari Nederlan ingkang
anama Prines Enrug ingkang sampun jumeneng Pangeran Adipati Anom badhe kadhaupaken angsal
putri nagari ing Ngenggland anama Luwise (Louis) ?).

Awit saking parenging panggalih dalem kanjeng raja ing nagari Nederlan tuwan Residhen Oepin
sampun kalilan angangge bintang komandhur saking Sepanye. Punapa dening kanjeng raja amaringi
ganjaran bintang Nederlan Seleyo dhumateng tuwan F.W.A.Kin, Twedhelitnan ing ngatasing
pigunan pandameling sanjata, ing mister Kornelis katrimah anggenipun amarsudi damel sanjata,
kathahipun 5 iji, ingkang sakangkung dening prayogi kaanggekaken ing wadyabalanipun kanjeng
gupremen nalika aprang bali ing wekasan.

PASURUWAN
Serat pakabaran saking Pasuruwan anyariyosaken wonten tiyang 15 kalebet lare, sami nuju adus ing
lepen Gadhing, utawi Senthong, kacakot dening sawe alit saking mandosing ngupas titiyang wau,
boten antawis dangu lajeng sami pejah, anjawi stiyang wonten kewan kaguyang tuwin kaombekaken
wonten ing lepen ngriku, ugi kacakot ing sawer, boten antawis lami lajeng sami pejah, menggah
warnining sawer wau ngantos sapriki dereng kawuningan ing para tiyang, sarta dereng wonten
ingkang kenging kacepeng.

PADHANG
Sampun antawis kalih taun punika, ing dhistrik Limapuluh bawah ing Padhang, wonten sawijining
tiyang anglampahi dosa pejah, kapatrapan ukum kisas katuweg awit tiyang kang dosa wau boten
saged bayar arta dhendhan ingkang winastanan wang bangun kathahipun 800 rupiyah, sabab ingkang
wau sampun wonten tiyang tiga sami dursila raja pejah, boten kaukum kisas awit saged ambauar
wang bangun ingkang kasebut ing nginggil wau.

LONDHON
Serat telegram sakiing nagari Paris katitimangsan kaping 1 wulan Mei taun punika, cariyosipun
manawi wonten satunggiling tiyang nem bongsa Pranes kacepeng kalebetaken ing pakunjaran amargi
sumedya amejahi kanjeng raja putri anama Egeni, samangke tiyang wau kapriksa sampun angakeni
ing kaniyatanipun sarta ing lajeng ipun pulisi anyepeng tiyang kalih, ingkang biyantoni ing
kadursilanipun punapa malih sampun kapanggih cih kapirantosing kaniyatanipun bab dada seling raja
pejah, awarni mimis tuwin patruman.

Mugi katrapna ing kabar


Mgi sampun dados panggalih sampeyan mas Setya, kula boten sumedya punapa, amung kula
sumedya mangsuli sakedhik ing sasratan sampeyan, ing bab pralambang ing jengandika prakawis
kramayekti ing kang punika: ragi wonten kang karatos manah kula, awit sampeyan angujaraken bab
srat panitisastra, saha mawi micantenaken ing bab tata lampahing praja, ingkang punika sajatosipun
kula ragi boten lega, awit radi kramadika kados nyenyemoni praja, wusana menawi jenandika sedya
ngebaraken kasagedan kula ugi tiyang Ngayoja kang nadhahi ing sagendhing sampeyan.
Katandhan Mas Jayaarina.

Wangsulan dhumateng Memba Sutija

Sanadyana kula boten katuju ing sratipun Risang Memba Sutija, inggih ugi anggraita, bilih
kacangking sarta kacangkiwing ing ngasta kiwa, inggih punika ardaparipaksa sampeyan
andumuknama kula ingkang pating talecek karehne kula boten saged angoncati ing panarka, amila
kula namung kedah asuka panarimah dhumateng sampeyan mugi lestantuna kalantipaning panggalih
saged ampethek namanipun para sarjananing jurumartani, Sampun anguyel kula kemawon. Wong
wus padha weruh galibed e sok ngago anyanyamar, kaya dhayoh, dados ing mangke kula
amratelakaken dhumateng sampeyan bilih kula sampun mungup-mungup badhe angatingala kados
dene panjurung kula ing jurumartani katiti masngsan kaping 8 Mei 1870, ingkang sampun sapacak
ing Jurumartani, ongka 23 punika wonten tondha nama kula yamleng kaliyan pethek sampeyan, awit
saking istijabipun puji kula ingkang boten liya saking barkah samepan ing mangke kula kacipratan
sakedhik saged amamethek punapa kula kalilan agenlaraken wonten ing Jurumartani, bilih sampyn
kalilan ingkang badhe kula lairaken inggih boten aliya namung nama sampeyan ingkang sami
tumrap ing Jurumartani, bilih nama punika boten kapareng, punapa kula kalilan namung
angedharaken nama sampeyan ingkang boten kangge pisan-pisan inggih punika nama sampeyan
sajati, //m.Rengut mas Beine// kados pundi kulunun kapareng punapa boten kula nyuwun dhawah
supados tumunten kenginga kula pacakaken ing Jurumartani.

Wasana kula badhe bingah gagujengan kaliyan sampeyan kemawon rumiyin awit kula mireng para
sarjananing jurumartani saweg sami kesah rena dhateng sukawati ingkang sapunika pleseh pantun
dados anetepi anggitanipun thole Gunawan ingkang ungelipun makaten //sarjana boten nedha inggih
luwe//.
28-05-1870 Katandhan Sutijabalaka.

============================================================
Wangsulan dhateng Raden Kridhamardhaa ing nagari Surakarta

//Asmaradana// Saha ingkang tabe tuwin, winantu ing pakurmatan, akathah kathah kature, dhateng
panjenengan tuwan F.L.Winter redhaktya, srat Jurumartaninipun, ing nagari Surakarta. Awiyos
ingkang manawi, pinuju pareng ing karsa, kula tur panjurung dene, jurumartani kang ongka, gangsal
wlas kemis tanggal, kawan welas april Sewu, wolungatus pitungdasa. Rinengga sekar kinanthi,
………………………ingkang suka tondha, kridhamardhaa siswane, minta wedharing pamring sang
gung prasarjana, catur lingga kanggyang tembung, ingkang kapisan. Kaluhuran kaping kalih kaping
tri kang budi nalar, budi jangkepe, punika rahaden Kridha mardhawa yen sambada, kula
…pamangguh, lepat lerese sumongga. Wag-gawagan mati tetes tatelaning kata, tembung darajad
yektene, dumunung ucaping, datan apilih jalma, anom sepuh estri jalu,sugih miskin tan beda. Asli
ageng miwah alit, kang ngindhung myang darbe lenggah, darajatan sae, sanadyan kang dadya lurah,
arjasulih barana, kathah tiyang kang muwus, awon nyudaken darajad. Ing kosok wangsulireki, nguni
tyang kang baran embah,lurah tur tatiyang dhewe,ing tembnung antuk darajad, dene ucaping kathah,
uduk gesang..lampus, wit saking tanpurun priman. Arta wasta,,,,, renatinoning ngakathah, lambang
andhesinepane, ing sonasunyukofap, ingkang buda darajad, yen melik mri…., wadya lit kang
ngangkat karya. Dene kalengghan yekti, kang sami badnara, anyuda blanjaning daseh, tan pacat
binandara, kang den ucap, awon suda tedhanipun, wadya datan pasa…. Tembung kaluhuran kalih,
mangkene ing kalengghan…bekankaliye,opami tyang dadya lurah, ing sayaktine gadhah rahan
sapantesipun,punika lurhing lenggah. Kawasasemeng jalmi, luhur sorireng pambekan, kadya kang
wus darbe ling,,,,,,,,,. Mlaratan darbe pangaji, rima lothung kandhutan, upet manungsa daharen,
kancanya grahitanira, nguwitan tumbas, amung mendhet bondha bau, saben saben cina o…..
Ciptaning tus lurah neki, punika mongka pratondha, pi….lubuktine, tur kancane tan anuipta, amung
lila balaka, pi….semu semunipun., pambekan luhur jajarnya. Budi nalr lan alun …kosok wangsulira,
barang nalar pambudine, pamiwataking ingsun…karem pesem sadeyan, kesthikyeh bathi mathutuk,
manthuk kinanthongan. Sangara kalamun gempil, alinge angemman, rumaksa marang gustine,
nanging batin kathekreran ….kawruh parawan, kuning prembayun gemuh, gutguten kupu ginagap,
gi…dhang gogrok ane, kang gugegeges kang ngabagas, gungunge kang gina,,….angleges bathi nya
agung, neka tying kurte pangadat. Titi pat prakawi, mung punika pamagyanwang, ing maminta
nyarah ade kridhamardhawa sung mongga, kang sanuyata sarjana, manawi dereng …..tur kula mugi
karsaha. Paring wredi kang patitis, sinut kadhi…lasa, rolikur rewarsa dale, kang marga trus
waratunggal, taklikur dyan kridha, mardawa tondha ranulun, dyan panji Padmacipta.

Ingkang manawi pareng ing karsanipun tuwan kang ngarang srat Jurumartani kula aturi panjurung
mugi kapacaka.

//Jurudemung// saha ingkang, tabe kathah, kathah katur dhateng panjenenganipun, ingkang saudara
tuwan F.L.Winter, riredhaktur, jurumartani, pustaka, ing surakarta prajagung. Sampuning, kadya
punika, awiyosma: nawi sarju, ing driyanta: kula atur, panjurngre: repati ngarsa, marmambaha:
dredarbyatur. Dupwingwangmyur: saamangkuya, sarjana kyeh: glarken kawruh, mrih dadyawi:
yatanipun, kanangsamya: mudhadhama,dene ingpa:minta ulun, kang mugi ca:mi kaarsaha, sung
wredika: kalih tembung. Babasan lo:mrah kaangya, ing bongsa Jawi sawegung, mukringm ing
sa:pisanipun, tembung Ahli: kalihira, mung punika: pamintengsun, mring sang gyaning:pra sarjana,
dahat alap:ningtyas ulun. Yanwrin pari: kramengbasa, kapyawara:nmanggenipun, tembung
mukrimah liwau, mila ambahar: damiminta, sangking ape: sing pangawruh, magnkotenwa:tah ing
basa, upami jangngi ing pungkur. Ahli waris andugekna, tembung wari: swasna dulu, sutaota:mkang
jalu, twin kadangsa, yayahrena, saturune: jaleripun, Ahli kang pundi dunungya, menggah tembung
kalih wau. Angampreri:basa ngarab, dene tembung, mukrim wau, mangkoten sa: wantahipun, wonten
ingkang angandika,mijil sabda: ning wong agung, kang ngastapa:nguwaseng praja, mring jalma
ngudyingsanipun. Arsa sinung, karampungan, dereng kari, matya wau, kanjeng inga: andikanipun,
wongiku befik binuwang, rep arta lyan mukrimipun, lo punika ingkang dadya, kodhengipun manah
ulun. Denten koja:luma winastan, ynartalya: namukrimipun, mangkoten kesok kewangsul, punapa
ingggih tatiyang, mukrim mingar sasatuhu, tuwin manawi sameha, acampur wor: tegesipun. Basa
bener: repunika, tunggil teges mukrim wau, gyanambarda:kumacelu, paninggih boten punapa,mung
pirsaha, leresipun,ing tembung kang, wus muopakat, kagempara, gusti sagung. Gwintembung
kaanggyeng serat pratondha ji: mrah meh tamtu, janji ahli: waris wau, nanging satuhu nyaamba,
milweng kakathah: tiru-tiru, anwruh para, srumonggapra:sarjanagung. Titi siner: rat
ribuda:dwidasatriring lek nuju: candrasap warsa dalu wau: sangkala: nawawiwara, swareng ngreto:
ndharanulun, tertasanta: Nangayugya, kampng Ima:trahsang prabu.

Panuwun kula dhateng panjenenganipun, tuwan ingkang ngarang srat Jurumartani, ingkang mugi
serat kla punika kapacaka wonten ing kabar jurumartani..

Kula aningali serat Jurumartani ongka 18 ing ngriku wonten saseratanipun mitra kula pun Kesdu,
amratelakaken, bab serat pasamuwan ing nagari Batawi, ingkang sampun kaecap dhateng tuwan
G/.C,T.Pandhorep ing nagari Samarang. Punika mitra kula pun Kesdu anggenipun marelakaken
pengaosipun serat cap-capan kirang wijang-wijangipun, sabab serat cap-capan wau wonten kalih
wreni, ingkng satunggal, serat cap-capan saking kanjeng gupremen, kalih serat cap-capan sangking
para En ko tono. Dene terangipun kados ta serat Purwalelana, Sastradarma, ing sasamenipun punika,
sangking pangecapanipun kanjeng gupremen, serat pasamuwan Batawi, tuwin panji Jayengtilam,
sasamenipun punika, sangking pangecapanipng kanjeng gupremen, serat pasamuwan Batawi, tuwin
panji Jayengtilam,s asamenipun punika, sangking pangecapanipun para engko menggah pengaosipun
serat dedamelanipun para enko kalih yasanipun kanjeng gupremen, punika saestu kathah kaotippun,
mirah yasanipun kanjeng gupremen, sabab ing pangecapianipun kanjeng gupremen wau, persasat
kaparingaken minonga ganjaran kimawon, paedah sadaya kawulanipun marsudiya kasusastran, dados
regi wau namung kaetang pitumbasipun ing kertas kimawon, sareng para enko kaetang dagang,
ngupados bathi, pramila bilih serat pasamuwan ing Batawi, katimbang kali sertat purwalelana, utawi
serat sastradarma, saestu kathah kaotipun. Saupami para enko angecap serat, kawade kados kajeng
gupreen, saestu badhe kathah tunanipun, sabab angecap punika kathah waragatipun, kados ta serat
purwalelana, utawi sastra darma punika, upami kaecap dhateng para enko, saestu regi 6 nen rupiyah,
utawi 8 rupiyah.
Batawi kaping 22 Mei 1870
========================================

E.A.Pogel tukang gambar ing Surakarta


…..dinten Aadamel gambar wonten dalemipun Kanjeng pnageran Arya Cakranagara, priyantun
ingkang sami karsa kagambar kula aturi dhateng ing Cakranagaran

Tuwan Weting tukang wade jampi ing Surakarta


Kula aturi wuinga dhuamteng para priyantun yen kula benjing tanggal kaping 1 wulan ngajeng
punika badhe ngalih griyanipun tuwan Tessen ajengajenganipun tuwan Purneman tukanccap ing
Surakarta, punapa malih andadosna kauninganipun para priyantun manawi kula wade lisah wangi,
lapender sapanunggilanipun, fet warni-warni salisahipun, sabuntir, sadaya punika kenging pikantuk
kalayan mirah reginipun.

Tuwan P. F. Purneman mentas anampeni pigura ageng ageng sarta sakalangkung endah warninipun
menggah gambaripun angimba nalika bongsa Panes anglurug paprangan.
========================================

Serat Katurongga kapal


Ing sapunika para priyantun sampun kenging pikantuk serat katurongga kapal, menggah isinipun
kapratelakaken ing ngandhap punika.
1, Ciri kang sae tuwin kang awon, 133 bab utawi warni
2, Katranganipun ciri ingkang tumrap ing salebetipun cangken kapal
9 bab
3, Bab pethekipun turongga, 24 bab
4, bab dinten kalairanipun kapal 4 bab.
5, Bab dinten ingkang sae, manawi badhe tumbas kapal 4 bab utawi
warni
6, Bab pangleburan sakathahing ciri 7 bab utawi warni
7, Bab Kramas tuwin paguyangipun kapal 6 bab utawi warni
8, Bab Pangurut tuwin jampining lambe kapal 7 bab utawi warni
9, bab jampining kapal saras tuwin sakit 93 bab utawi warni

Serat katurongga punika amratelakaken sakathahing katrangan prenah utawi watekipun satungal
tungggaling ciri, menggah reginipun katamtokaken kados ing ngandhap punika.
Manawi tumbas 1 buk reegi 3 rupiyah 50 sen
Manawi tumbas 10 buk 1 iji, regi 3 rupiyah
Manawi tumbas 25 buk 1 iji regi 2 rupiyah 50 sen.
Sakathahing serat punika kenging pikantuk tumbas bayar kenceng saking
Raden Tumenggung Kartanagara Surakarta
Raden Atmadikara Surakarta
Tuwan Purneman Surakarta
Tuwan F.L.Winter, ing Ngadipala, Surakarta

Para priyantun ingkang sami ameling serat katurongga, kawrat ing serat kalowongan kula aturi, mugi
karsaha angintuni serat wisel pos dhumateng kula, sumerep panumbasing serat katurongga,
tampining serat wissel wau, kula badhe lajeng angaturaken sakathahing serat kang kinarsakaken.
Tuwan F.L.Winter Surakarta

Para priyantun ingkang sami ameling srat katuronggan,kawrat ing srat kalowongan kjula aturi, mugi
karsaha angintuni serat wissel pos dhumateng kula, sumerepa panumbasing srat katurongga
satampining srat wissel wau, kula badhe lajeng angaturaken sakathahing serat kang kainarsakaken
Tuwan F.L.Winter Surakarta
=============================================================

Toko buku ing Samarang, tuwan G.C.T.Fandhorep enko, angaturi uninga ing para priyantun,manawi
anggenipun ngecapaken serat waosan cariosipun nalika pasamuwan ageng ing nagari Batawi sampun
rampung, serat wau sastranipun jawi mawi sekar macapat anggitanipun raden Atmnadikara, ing
Surakarta, menggah reginipun satunggal serat 3 rupiyah 50 sen pranko ing ngepos para priyantun
ingkang badhe angartekaken mugi angintunana serat pos wissel dhumateng tuwan Fandhorep enko
wau
Ongka 25, Kemis kaping 16 Juni 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Kanjeng Tuwan Dh.Buslutyen Residhen ing Ternate, kaelih dhateng ing Ambuinah
Tuwan Mister, Gip Supstititgraphir ing pangadilan Justisi ing Samarang, kakulawisudha dados
Liding pangadilan Justisi ing Surabaya
Tuwan Gir, Amtenar wahel kakulawisudha dados Kontelir Twedheklas.
Tuwan Sarle, tilas residhen ing sapunika sampun pansiyun kakulawisudha dados Notaris ing
Surakarta
Tuwan Klapir, kakulawisudha dados Jurubasa ing Tembung Pranes
Tuwan Jonghir, W.K.L. Fanuhendhorep tilas Asisten Residhen ing Surakarta, kakula wisudha
dados Asisten Residhen ing Bengkulen.

CARIYOS TUWIN PAWARTOS WARNI-WARNI

SURABAYA

Kala ing dinten Akad tanggal kaping 5 Juni punika, wonten sawatawis tiyang ing kampung
Pangung, sami kasukan angaben sawung mawi taji, ingkang dipun damel taji anugeli dadamel,
sarta katotohan arta sawatawis, satunggaling tiyang jawi awasta Murdin gadhah sawung, ingkang
kaaben, lajeng kapwont kenging taji ngantos pejah, Murdin wau amurugi sawungipun ingkang
kasangsaran, lajeng kacepeng antawis badhe dipun tulungi, ing sanalika sawung sanesipun taksih
ambujeng mengsahipun, lajeng angabruk malih, ananging pangabrukipun angsal ppun Murdin,
kataton taji pupunipun ingkag kiwa, Murdin ing sakal ambruk ing siti, boten antawis dangu lajeng
pejah, awit saking ampuhing taji wau, tuwan Asisten Residhen Pulisi, satampunipun pelapuran
pejahipun Murdin,lajeng tindak dhateng ing kampung Pangung, sarta adhadhawah anyepengi para
tiyang ingkagn sami angaben sawung.

Kala tanggal kaping 7 Jun9I punika, ing Surabaya wonten Jawah awu, ingkang antawis
jalaranipun saking redi kobong.

SINGAPURA

Ing Singapura wonten sawatawis ttiyang ingkang sami kacepeng, awit purun –purun damel arta
gopik saklangkung kathah, ingkang katulad arta Hongkong, ingkang winastan Dollar, arta wau
warni sadholar, satengahan, tuwin saprapatan, ingkang kala rumiyin tuwan Burnum, sampun
anyepeng tiyang damel arta gopok, ing samangke tuwan wau, ingkang darbe pratikel anyepeng
para tiyangingkang kasebut ing nginggil puunika, ing waktu ngriku para tiyang wau, saweg nuju
medal arta gopok, awit saking parpiksan titiyang wau, ingkang kala rumiyin sami dosa pejah,
sampun kapatrapan paukuman kabucal ing salaminipun gesang, ing wasana sami minggat, lajeng
kacepeng paprentahan ing Singapura malih, amargi anggenipun damel arta gopok kados kang
kasebut ing nginggil wau.

Pawartos saking negari Ngayogyakarta, anyariyosaken kados ing ngandhap punika.


Kala tanggal kaping 28 Sura, saklebeting taun punika, pak Blewah kampung Jagalan, gegeriya
kawetan lepen Code, sak jawenipun capuri beting, ing Pakualaman, kalebetan ing Dursila
pandung, kenging barangipun warni-warni pak Blewah sareng tangi, lajeng kasuduk ing
dadamel,pangot kenging andhemanipun gya ambruk kancan dhak ingknag setri kekalih, sarwi
bengok-bengok nedha tulung, dursila lumajeng, kathah tyang ingkang samya tandang, amung
sami wicanten makaten sukur-sukur pak Blewah wis mati. Ilang werine kampung Jagalan. Kajaba
maling, sok gelem anampani kebo peteng.

SAMARANG

Serat akabaran slompret Malayu, anyariyosaken manawi para tuwan ingkang anguwasani
lampahipun kareta latu, sampun anggalih nyuda bayaripun tiyang numpak kareta latu, ingkang
wau sampun katamtokaken tiyang numpak kareta latu ing Staklas saking Samarang, wungsal-
wangsul bayar 13 rupiyah, langkung 10 sen, punika awit tanggal kaping 1 Juli ing ngajeng
punika, kasuda namung bayr 9 rupiyah, langkung 50 sen, punapa malih berahaning pantun kang
kamomotaken ing kareta latu, punika ugi kasuda ingsapunika katamtokaken ing dalem sapal
wawratan 1000 pon Nederlan bayar 7 ½ sen.

Kula nuwun manawi kapareng sangking karsanipun tuwan ingknag ngarang serat Jurumartani,
tuwin pinuju wonten selanipun ing papan, panjurung kula punika mugi kapacaka ing srat
Jurumartani.
Ing nalika satunggal dinten, amarengi kala tegsih mongsa kathah jawah, kulak liyeg kliyeg
dhateng radinan,kapinujon kathah para tiyang ingkang sami nyambut damel garap radinan,
sadangonipun kula lumampah kalyan ningali patrapipun para tiyang ingkang sami nyambut
damel, manawi ingkang risak sakedhik boten patos lebet, lajeng karadin kimawon lajeng
kaurugan brankal sawontenipun tuwin padhas, manawi ingkang punuju lebet lumpuripun punika
asring mawi kadhasaran ran sawatawis, kajeng gengipun mung salengen mung sadriji, punapa
dene carang saka wontenanipun, lajeng kaurug siti tuwin brangkal terkadhang banon, manawi
sampun katingal radin lajeng karambahan krikil, panggarap sumanten punika kadadosanipun
inggih ugi lajeng katingal sae, ananging boten mikantuki, amargi boten tahan lami tumunten
ingggal risak, boten wande badhe andadosaken susah lampahipun ing kareta tuwin bendi.
Wondene panggarapipun ing radinan ingkang prayogi, sasumerep kula kados ing ngandhap
punika katranganipun, manawi risakipun naming sak antawis, punika lumpuripunlajeng kakeruk
kabucal, sasampunipun resik lumpur wau, tumunten kaurug brankal sela ingkang ragi ageng
lajeng katumbuk supados sagedipun ambles sawatawis, manawi sampun wradin panumbukipun,
lajeng krambahan krikil. Manawi ingkang risak wau ragi wonten sangetipun, jeblos utawi
balumbang, punika lajengkadhudhuk pisan kajedhugaken siti ingkang dhaas,, lumpuripun
kabucal, pandhudhukipun saingga kang kulah, lajeng kapasangan glagar kajeng tos kajejer
ngalang radinan panjangipun kedah kasami kaliyan godhagan dhudhukan wau, naming kajeng
ingknag kaangge glagar kedah milih ingkang ragi ageng sakempol dumugenipun sapupu, manawi
sampun kapasangan nglagar lajeng karapet kaliyan siti garing tuwin padhas,namung kaantawis
kandelipun, glagar sampun ngantos katingal, lajeng kaurug brangkal sawatawis lajeng katumbuk,
manawi sampun wradin panumbukipun sawatawis sampunragi ambles punika lajeng kaurug ing
bgrangkal tuwin karambahan karikil, punika sakalangkugn prayogenipun, mangkaten ugi
pamriyogi kados ingkang kula pratelakaken ing nginggil wau, kedah kasantosan kaliyan
taberenipun priyantun ingkang sami kawenangaken ngetrapaken paprentahan bab panamelan
garap radinan, sangking panimbang kula, sami-sami andamelan, bab radinan wau, kedah
kaperlokaken kapersudi saenipun, awit punika kalebet busananipun nagari, ingkang saupami
panggarapipun ing adinan kirang santosanipun, kapinujon radinan wau kaleres siti lincat tuwin
ragi kayoman sawatawis, kula upamekaken suku dipun lut sesakit bubul, saben mongsa kathah
jawah ugi kedah thukul, makaten ugi radinan ugi kedah wonten ingkang risak, anaming kenging
yen kapalangana kaliyan taberenipun priyantun ingkang wajib anggadhahi prapiksan, tuwin
pamedenipun dhateng para ingkag sami gadhah bageyan.
Titi, Katandhan Trusdhakarya
Wangsulan dhumateng Raden Mas Grinda

Kula sampun maos serat Jurumartani ongka 23, amratelakaken sasebutan bab gusti, utawi
kanjeng, ingkang tumrap ing seratipun mas Ngabei Sastra Adipraja, ing ngatasipn palembana
dhumateng bupati Panaraga, tuwin Magetan ingkangprelu kalimrahaken awit bupati Panaraga
wau, nalika taun 1865, angrangkep ngasta paparentahan ing anaraga tuwin ing Samarata, ingkang
kalayan taberi, mila katrimah sarta kagandhar dening kanjeng gupremen kakulawisudha kala lan
sasebutan adipati, dene genipun mas ngabei Sastradiraja amacak serat Jurumartani, angalembana
mawi anyebut gusti kula, kok andadosaken reruing panggalihipun raden mas Grinda, punika kula
kedah anerangaken mas menggah pamaos sampeyan serat ingkang saking mas ngabei
sastradipraja bilih wonten ingnkang kalintu, margi nggenipun kadugi anyebutaken gusti punika
mawi dipun kantheni: kula, saking pamanah kula boten kalepatan bilih ta ing sanesipun boten
purun nyebut gusti mekaten, wonten ing leresipun sarehning mas Ngabei sastraadipraja
nggenipun nyebut gusti kula, punika tegesipun ambendara, amangeran ngidhep saking
pangengeran boten katarik saking ajrih tuwin murih pikantuk pramila kula kedah pitaken dhateng
sampeyan, punapa ta sampeyan boten nate anyebut gusti, dhumateng ing nginggil-inggilan
sampeyan ingkang ngageng mas, ingkang mongka kaprah ing titiyang ingkag sami asuwita prelu
mawi ngangge bababasan dugi prayogi sawatawis kang supados sageda parek ing sanalika ngriku,
ingkang mongka sampeyan teka karsa anyampahi dhateng Angabei Sastaadipraja, kalebet
amunasika tiyang ingkang ngangge dugi prayogi, ing mangke saklangkung idabing manah kula,
ingkang awit kok abdadosaken meng rentenging panggalihipun raden mas Trinda, ing ngatasing
wonten sasebutan kanjeng, ugi leres ing serat kakancinganipun kanjeng gupremen boten mawi
anyebutaken kanjeng, wangsul kula pitaken dhateng sampeyan mas kados dene dhawuh dalem
ingkang sinuhun angulawisudha dhateng ingkang abdi, kakarsakaken dados abdi dalem bab
paring dalem serat partisara saestu boten mawi nmyebutaken kajng,mila wonten sasebutan
kanjeng, kang awit katarik saking pangkat ageng ing sasumerep kula bilih boten kalintu, kanjeng
raden adipati, panindya mantri ing Surakarta, inggihipun dhateng kanjeng tuwan residhen
paparingipun serat kakancingan leres boten mawi yen nyebutaken kanjeng, ananging sampeyan
punapa kadugi boten anyebut kanjeng, yen niyat damel serat aturan utawi sowan saocapan
kapanggih pyak dhumateng pangageng surakarta kakalih wau, ewadene kang sarira kuwagah
tanpa nyebut kanjeng, saking sumedya kula, kula purun dherek angampil lopak-lopan sampeyan.
Ing wasana kula kedah anganjaraken dhateng raden mas Drinda, ingkang nama Raden Mas Gusti
Aryalanang, punika dede namanipun satuhu, namun gtiyang purun sisilih aran, kados ta
sampeyan ingkang rumiyin nama Kartasembaga tiron ing sapunika karsa jujuluk Raden Mas
Grinda, punika sadaya palsu, saupami kang nama Raden M,as Arya gusti lanang bilih boten
kalilan sisilih nama kang maten, ingkang mongka sampeyan ugi silih nama rambah-rambah,
saestuniun sampeyan badhe katarik prakawis griminil sebab kalebet awisanipun ing nahgari.
Katandhan dening Bagus Kandu: Ahliyas bagus Kumacelu.

Panjurung Jurumartani

Serat Kula ing ngandhap punika, cangkriman warni-warni katur ing panjenenganipun tuwan
Redhaktur F.L.Winter, mugi karsaha macak ing pustaka Jurumartani.
“I” //Srengkara// Mung kalih garane sang pekik, kang sawiji putrane wus kathah, sami jaluk
singit kabeh, gungunging pitulikur, yen sinebut sawiji-wiji, ibune milu kocap, winutus karuhun
pawutupe ingkang rama, putra baa pejah ing ngayuda sami, minule ing ngakathah. Kayo agung ae
mung sawiji, darbe nama wolu sadayanya genti-genti ing ngarsgene epangipun winuwus, norta
langkung mung rong las iji, sekarre nigangdasa, salong nyongalikur, amituhu who ing ngepang,
sekar uwoh kang sapalih warni putih, cemeng sapalihira. Sadulur gangsal ingkang winarni,
kaluwiyanira beda-beda, kang siji panguwasane, ajipaganda putus, kalepasan sijine malih, tigane
panguwasanya, pangawasa namung, catur wruh barang lalara, gangsalira amumulang karya neki,
yen pisah dadi cacad. Wonten sadulur kathah winarni, namanira katandhan busana, akeh yen
tinutur kabeh, karyanipun sadarum, solak salin busana asri, mejahi pinejahan, kantun dhur
tinundhur , kang sekta tan kena pejah, keh yun waeruh salining jusanane, lan wekasing dumadya.
Kawarnaha kang guyup ing kardi, wisma tanggeng prenahing gagana, tanpa wilangan lawange,
rukun denya dudunung, gedhong petak pinetak sami, barang anyahan griya, mijil saking ytutuk,
sarta prelu damelira, yen bineda bareng sami anuduki, curiga kantun brana. Prabayeksa sakane
kakalih, lawang sadayanipun sanga, pinantak suji ing nebda, trilawang kupu tarung, lawang
jamban ingkang kakalih, satunggal pamulangan kang kalih linuhung,, panggenan para biyada,
ingkangkalih marganing para mufapeti mirsaning kalepasan.
Katandhan Kyai Mualif…………………………………

Katur panjenenganipun tuwan Redhaktur ingkang angarang serat Jurumartani ing nagari
Surakarta. Kula pun Lanang, anakipun Wedana Parang, ingkang sampun kasebut nama kula
wonten serat Jurumartani, ingkang medal tanggal ping 15 April ongka 15 tuwin ping 3 Juni ongka
23, menggah suraosipun serat Jurumartani 2 iji wau, sami nyebutnama kula ingkang
sekalangkung sanes mesthinipun, sasebutanipun sami angerang-erang dhateng ing kula. Saking
bab punika, kula ngaturi wuninga dhateng sadaya para priyantun ingkang sami kersa maos
jurumartani, Atur kula ingkang kalayan temen temen, boten pisan-pisan, kula nyerat kawonten
jurumartani, nyebutaken nama kula gusti Ariya Lanang, wondene tiyang ingkang
purunnuyebutaken nama kula mekaten wau, sampun kamanah yen tula tiyang seklangkung apes,
sarta sampun kawawrat kula boten saged damel punapa punapa dhateng tiyang ingkang sampun
nyebutaken nama kula wau. Mila ing mangke panuwun kula dhateng sedaya para priyantun
ingkang sampun sami maos serat koran jurumartani, sami anggalihya ingkang satuhu yen mongsa
punika, kathah lalampahanipun tiyang ingkang andamel pitenah, dhateng tiyang ingkang dipun
sengiti. Kayektosanipun salami kula dereng nate pisan pisan kula purun nangletaken saseratan
wonten ing Jurumartani, amergi kula saklangkung bodho sarta apes, sawek saisan punika, kula
kang peksa mangsuli nyerat wonten jurumartani amung supados kawuningana, yen kula boten
nate ngaturaken saseratan wonten ing Jurumartani. Saking panuwun kula, leresipun ingkang
kajengkula nerangaken dhateng tuwan ridhaktur Jurumartani, sinten sayektosipun tiyang ingkang
sampun gnaturi serat ngangge nami gusti arya lanang, punika leresipun boten liya amung mas
grinda, ingkang nerangaken, sabab mas grinda, ingkang lajeng lancang mengucap, amestani yen
pun Lanang anakipun wedana Parang boten kagajar dhateng bapakipun, mongka mas grinda
dereng sumerep yektosipun sinten ingkang sampuun ngaturi saseratan wonten jurumartani
punika. Parang kaping 9 Juni 1870 Lanang.

Kaweningana Raden Lanang, manawi leres ing serat kikintunan kang kapacak ing serat
Jurumartani ongka 15, wonten ingkang nama Raden Mas Ariya Gusti Lanang,punika palwu,
wondening manawi raden lanang rumaos kaerang-erang aken kados kang kasebut ing seratipun
raden mas Grinda, ingkang tumrap ing Jurumartani ongka 23 kang mongka boten manggepi ing
sariranipun, ingkang punika kula sumongga, punapa ingkang dados ing kaniyatan, balemanipun
ingkang ngintunaken serat kakalih wau, kula botenkenging amrasajakaken awit dados wawaleran
ing ngatasing pranatan pangecapipun serat Jurumatani. Katandhan tuwan F.L.Winter.

Kintunan sangking Ngayugyakartta, nuwun mugi kacithaka ing Jurumartani. Awit saking
kencenging pusili ageng, ing Ngayugyakarta,ing salebetipun taun punika,awaslipun wulan Sura,
para titiyang ageng alit ing Ngayugyakarta sadaya, sami birai mamaesi nymbagani, lurung lurung
ing salebetipun kutha sadaya, ing satengahing lurung mawi dipun iseni krakal, sela ingkang
agengipun sakepel-kepel, mawi mawi awon saening llulurung, wondening tepining lurung mawi
dipun gebal minonga plisir, wentawis wiyar auting bebal, sekaki, utawi kalih kaki, ugi mawi
mawi wiyar auting lulurung, sarta ing tei pisan sakjawining gebal salebeting rolak, mawi dipun
besik sarta resik, dinulu angilak ilak, ing tengah sareng sampun rampung panataning krakal mawi
dipun urutgi wedhi krikil, sarta sinapunan, sangking samuwaning lulurung, winon agameng
saingga tirtaning udaya. Anamung cacadipun kedhik, sarehning nemnbe kagarap ing ggal, sadaya
krakal dereng manjing ing siti, ingkanng saklangkung susah sanget bab lampahing reta-reta,
tuwin kapal ingkang katumakan , senajan reta yen kenging kalampahaken urut pinggir saingga
kapal keng katumpakan inggih ugi boten sanget susahipun, wangsul reta rehning boten waget
manut rehing kapal keng katumpakan, gek kados pundi, anamunginggih maksa narajang tengah,
senajana awrat panariking pkapal pangiritea, inggih meksa lumampah ing tengah lurung,
sarehning tiyang kathah awis ingkeng tetepi dhawah ing negari, geng aliting sela inggih warni-
warni, mila nalikka lua pelsir mubeng lurung pasiyaran salebeting kutha saklangkung takaosipun,
awit kapal rakitan kula kore sandhel wut sakawan sami pinang sarta mlecet sukunipun sadaya,
wah piripun reta kula tugel satunggal ingkeng ngajeng tengen,pinujonipun kusir kula rigen, yen ta
sampuna rigen pandugi kula tiwas, uh punika susah sanget ing rembag kula. Anamung kula kok
sumlong boten, awit ing tembe kula darbe dhdhekan, sumongsa para titiyanging ngayugya wau,
sadaya sami amituhu ing parentah, tumemen anggene anggarap mamaesi kuwajibanipun ing
lulurung, dumugi sapanginggilipun sampun ngantos gumampil ing parentah, sarta tledhor,
pandugi kula, kaota boten kathah, kalayan lulurung bawah upermenan. Kados ta lulurung ingkeng
dhateng Maglang, lurung ing kitha Raja, ingkneg dhateng Panjer, sampun tamtu yen sampun atos
lurung ing Ngayugya badhe boten kantun kathah lan lurulurung sanesipun wau, ing pamuhi kula
wauy botenkados,paratitiyang ing Ngayugya wau mugi samiya mungkul anggarap lulurung,
supados gumlindhing lampahing reta sadayanipun, wilujeng sampun ta katungkul kasukan
kemawon sampun, mindhik anydakaken pandaming praja. Wusana mindhak anusahaken ingkeng
marentah. Titi praja ing Ngayugyakarta, nuju tanggal kaping 27 Sura Dal angkaning warsa Guwa
terus giri rupa,Katandhan Darmacarita.

Kareta latu ing Indiya Nederlan, ingkang lumampahsaking Samarang dhateng Surakarta, tuwin
dhateng Ngayogyakarta.

Para tuwan ing ngandhap punika, ingkang anguwasani lampahing kareta latu, sami asuka uninga,
manawi berahaning pantun ingkang kakintunaken kalayan kareta latu, momot jangkep satunggil-
tunggilingkareta,punika ng dalem arta satus rupiyah kasuda salangkung rupiyah, dados amung
bayar 7 ½ sen ing dalem wawratan satunggal ton tuwin satunggal kilo meter, samanten punika
ingkang nguntunaken utawi ingkang nampeni pantun kedah amomotaken sarta angucal piyambak
tuwin boten kenging anjibahaken bab sudaning wawratipun pantun.
Samarang kaping 13 Juni 1870. Katadnhdan tuwan D.marsekalek tuwin tuwan H.L.Janssen.

Kareta latu ing Indiya Nederlan, ingkang lumampahsaking Samarang dhateng Surakarta, tuwin
dhateng Ngayogyakarta.
Para tuwan ing ngandhap punika, ingkang anguwasani lampahing kareta latu, sami asuka uninga,
manawi kareta latu, ingkang pangkat nomer 1 tuwin nomer 2, pancen kangge kamomotan barang
dagangan, punika kenging kasewa basbasan, arta pasewan momotaning satunggal-tunggalipun
kareta, ing dalem satus rupiyah mawi kasuda gangsal rupiyah. Bab prajangjeyan ing ngatasing
panyewanipun kareta basbasan wau, para tiyang kenging pikantuk katranganipun wonten ing
griya stasiun utawi panggenan kendeling lampahipun kareta latu.
Samarang kaping 13 Juni 1870. Katadnhdan tuwan D.marsekalek tuwin tuwan H.L.Janssen.
Serat Katurongga kapal

Ing sapunika para priyantun sampun kenging pikantuk serat katurongga kapal, menggah isinipun
kapratelakaken ing ngandhap punika.
1, Ciri kang sae tuwin kang awon, 133 bab utawi warni
2, Katranganipun ciri ingkang tumrap ing salebetipun cangken kapal 9 bab
3, Bab pethekipun turongga, 24 bab
4, bab dinten kalairanipun kapal 4 bab.
5, Bab dinten ingkang sae, manawi badhe tumbas kapal 4 bab utawi warni
6, Bab pangleburan sakathahing ciri 7 bab utawi warni
7, Bab Kramas tuwin paguyangipun kapal 6 bab utawi warni
8, Bab Pangurut tuwin jampining lambe kapal 7 bab utawi warni
9, bab jampining kapal saras tuwin sakit 93 bab utawi warni

Serat katurongga punika amratelakaken sakathahing katrangan prenah utawi watekipun satungal
tungggaling ciri,menggah reginipun katamtokaken kados ing ngandhap punika.
Manawi tumbas 1 buk reegi 3 rupiyah 50 sen
Manawi tumbas 10 buk 1 iji, regi 3 rupiyah
Manawi tumbas 25 buk 1 iji regi 2 rupiyah 50 sen.
Sakathahing serat punika kenging pikantuk tumbas bayar kenceng saking
Raden Tumenggung Kartanagara Surakarta
Raden Atmadikara Surakarta
Tuwan Purneman Surakarta
Tuwan F.L.Winter, ing Ngadipala, Surakarta

Para priyantun ingkang sami ameling serat katurongga, kawrat ing serat kalowongan kula aturi,
mugi karsaha angintuni serat wisel pos dhumateng kula, sumerep panumbasing serat katurongga,
tampining serat wissel wau,kula badhe lajeng angaturaken sakathahin g serat kang kinarsakaken.
Tuwan F.L.Winter Surakarta
========================================

E.A.Pogel tukang gambar ing Surakarta


…..dinten Aadamel gambar wonten dalemipun Kanjeng pnageran Arya Cakranagara, priyantun
ingkang sami karsa kagambar kula aturi dhateng ing Cakranagaran

Tuwan P.F.Purneman mentas anampeni pigura ageng ageng sartasakalangkung endah warninipun
menggah gambaripun angimba nalika bongsa Panes anglurug paprangan.

==========================================
Kula kang andhani ing ngandhap punika, angaturi ininga dhumateng para priyantun jawi daya,
manawi anggen kula meling laken biru sepuh, ing kang pancen kangge kadamel rasukan sikepan
paning para priyantun jawi, ing sapunika sampun dhateng,punapa malih kula anampenikancing
ageng tuwin alit katandhan aksara W mawi Krun,
Ing wasana andadona kauninganing para priyantun jawi sadaya manawi kula sagah damel
Gruteni pangagemipun para Amtenar jawi, manut ingkang kapratelakakenserat pranatanipun
kangjeng gupremen, katitimangsan kaping 2 April 1870,ongka 9
Katandhan tuwan Y.Andriye,
=====================================================================
=========================
Serat kang katandhan Setyatuhu, sampun katampen ananging boten kapacak ing Jurumartani,
awit boten perlu kalimrahaken bab pamanggih ipun mas Setyatuhu wau ing ngatasipun serat
pasamuwan ing Batawi, 2, serat cariyos sae, punika prayogi katrangan dhateng ingkang pitaken.
F.L.Winter
Ongka 7, 17 Pebruwari 1870Kulawisudhan tuwin sanesipunKanjeng tuwan Lamres van
Turenbureh kakulawisudha dados Residhen ing TegalTuwan Seunmaker, kakulawisudha dados
guru, Up Onderweiser, ing griya pamulangan ing BuntinTuwan Fehman kakulawisudha
dados guru, Up Onderweiser, ing griya pamulangan ing Riyu (Riau)
Tuwan Kumer, kakula wisudha dados guru, Op Onderweiser, ing griya pamulangan ing
BandHung
Tuwan Mister, Mulok AOwer, kakulawisudha dados twedhe sipstititgripir ing BatawiTuwan
Dhumas kakulawisudha dados grippiring Landrad ing Dhemak
Tuwan Y.T.Alnemah, tuwin tuwan Mihilsen sami kakulawisudha dados Kontelir Dherdheklas ing
Padhang.

Tuwan Yukes kakulawisudha dados Amtenar Terbeskikeng ing Banjarmasing

Tuwan Kureman kakulawisudha dados Amtenar Terbeskikeng ing Menadhu

Tuwan Tuwan Pluhers tuwin tuwan Marsefein sami kakulawisudha dados Amtnar
Terbeskikkeng
ing Padhang.

Tuwan Bosep juruserat ing Samarang, kaparingan pensiyun

Tuwan Altisibereh, kakulawisudha dados pak Is Master ing Indramayu bawah Ciribon.

=================

CAriyos tuwin pawartos warni-warni

Surakarta

Cariyos garebeg, candhakipun ingkang sampun kasebut serat Jurumartani, ongka 6 kados ing
ngandhap punika.

Nyariyosaken lampah tatanipun abdi dalem prajurit, ingkang badhe dherek utawi ngurmati miyos
dalem garebegan, saderengipun wonten timbalan dalem, kalempakipun andi dalem prajurit lebet,
wonten kagungan dalem palataran pandhapi prabayasa, kalempakipun abdi dalem prajurit jawi,

wonten kagungan dalem alun-alun pengkeran, inggih punika alun-alun ingang kidul.

Sareng panjenengan dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan sampun dandos miyos tedhak
ing pandhapi, kaurmatan, sakathahipun andi dalem prajurit lebet, utawi kagungan dalem
musikan,
sareng sampun pinarak ing palenggahan dalem, dhampar kancana gadhing rinukmi, lajeng
nimbali nyai tumenggung, dhawahaken, dhumateng Grut kullunel, komendhan prajurit dalem
inggih
punika Kanjeng Pangeran, Ariya Purbanagara, dhawuh ing timbalan dalem kanjeng pangeran
ARiya PUrbanagara, dikakaken medalaken abdi dalem prajurit, katataha kados adat saben, matur
nuwun sendika, lajeng matah sakathahipun ajudan, wonten ingkang dhawahaken lampahipun
prajurit, wonten ingkang dhaahaken pirantosipun patrum, mariyen utawi sanjata, lajeng awit
lumampah kados ing ngandhap punika.

1, lampahipun abdidalem prajurit kaparak kiwatengen, inggih punika dipun wastani saralatu,
etang cacah 200, penganggenipun kampuhan, calana rasukan kuluk, sami sangkelat abrid,
dedamelipun sanjata, mawi gandera kalih, tabuh anipun tambur suling, medal palatran, lajeng
srimenganti, kamandhungan, kori brajanala, meinggah sitinggil, medhun pagelaran, mangaler,
manggen sakidul waringin sengkeran, sapalih kilen margi sapalih wetan margi, lowah waringin
wau, sami majeng ngidul, lampahipun wau lajeng kasambetan,

2, abdidalem prajurit Jayaantaka, kathahipun 100 kasambetan

3, abdidalem prajurit Jayautama, kathahipun 100 kasambetan.

4, Abdidalem prajurit TArunasura, kathahipun 100 kasambetan

5, Abdidalem prajurit jayasura, kathahipun 100 kasambetan

Prajurit ingkang kawanatus wau, penganggenipun cara Welandi Gruteni, dedamelipun sanjata,
tabuhanipun tambur salompret, mayor sakawan, gandera sakawan, musikan kawan setel, lajeng
mangilen, ing ngalun-alun, sakidulipun prajurit Saralatuwa wau, sapalih wetan margi majeng
ngilen, sapalih ilen margi majeng ngetan lajeng kasambetan lampahipun.

6, Abdi dalem prajurit, Namakina, Nirbraja, inggih Dorapati, kathahipun 100 mayor satunggal
gandera satunggal penganggenipun cara Welandi Klinteni, dedamelipun waos tabuhanipun
tambur
sulng, manggen ngalun-alun, sakidulipun ingkang Gruteni wau kilen margi majeng
kasambetan lampahipun.

7, Abdidalem prajurit Baki, kathahipun 100 penggangenipun kuluk biru, rasukan kuthungan
sakelat sami ijem, bebed puluh watu, sami nganggar lameng, tabuhanipun gongsa cara wangsul
manggen ajeng-ajengan kalih prajurit Nirbraja wau, lajeng kasambetan, lampahipun.

8, Abdi dalem prajurit setabelan ingggih punika nama kina talangpati kathahipun 100 pengangge
nipun cara Welandi Gruteni, nganggar sabet ngampil Swanter, dedamelipun mariyem, mawi
gandera satunggal, tindhihipun mayor sakpengandhap manggen taritis pagerlaran, kilen margi
majeng ngetan celak kanggugan dalem waringin ageng-alit lajeng kasambetan lampahipun.

9, Abdi dalem prajurit nama kina Jayeng Warastra, kathahipun 100 penganggenipun kuluk
cemeng, rasukan sakelat cemeng, dhadha abri d bebedan dedamelipun sanjata, nganggar sabed
bengkok gandera satunggal mayoripun satunggal mawi songkok, manggen ing pagelaran, kilen
margi majeng mangetan, kasambetan lampahipun.

10, Abdi dalem prajurit nama kina Carangan, kawestanan tumama wetan, ing mangke kaparingan
nama prawirautama, kalakina prajurit ing kadospaten anem, sami kapalan, kathahipun 100
penganggenipun kuluk cemeng, rasukan sengkelat cemeng, rabadan dhadha abrid, bebedan
dedamelipun sanjata kerbin, mawi nganggar sabed bangkok, gandera satunggal, mayor satunggal
mawi songkok manggen sak ler kori kemadhungan, wetan margi majeng ngilen, tabihipun praju
rit kakalih atus wau sami tambur suling, kasambetan lampahipun.

11, Abdi dalem prajurit Prawiratantumama, kathahipun, 100 penganggenipun kuluk cemeng,
rasukan sangkelat cemeng, rabadan dhadha abrid, bebedan dedamelipun sanjata kerbin, nganggar
sabed bengkok, gandera satunggal, mayor satunggal, tabuhanipun tambur suling, lampahipun
mager timun, mirit cariyos kala Demak, raden Jaka Tingkir nalika tasih dados lurah prajurit
prawiratantumama, manggen sak ler kori srimanganti wetan margi majeng mangilen, kasambetan
lampahipun.

12, Abdi dalem prajurit miji pinilih, kathahipun 100 penganggenipun kuluk cemeng, rasukan
sangkelat cemeng, rabadan dhadha abrid, bebedan dedamelipun sanjata kerbin, nganggar sabed
bengkok, gandera satunggal, mayor satunggal, nganggo songkok, tabuhanipun, musikan saksetel
ageng, kalih salompret, manggen sakler kori Srimanganti, kilen margi, majeng mangetan.

13, Abdi dalem prajurit pusakasangking kadipaten Karpubayan kang sampun labet dherek prang,
brandhalan alam dipanagaran kaparingan nama prajurit Wanengbaya, kathahipun 80 mengangge
sami kados ing ngajeng wau, gandera satunggal tindhihipun kapitan dedamel namung pedhang,
sabab ing ngajeng mawi waos selangsir, sami numpak kapal, ing mangke kaparingan nama abdi
dalem prajurit prawirnom, kaparingaken dhateng kadospaten, punika tabuhanipun namung
salompret kantun ing palataran pandhapi ageng, kalih abdi dalem musikan sak setel.

Cacahipun abdi dalem prajurit sadaya 14 golongan kathahipun 1380 kejawi para tetindhih ing
kang sami pancen kaparingan gadhuhan kapal 380 ingkang dharat 1000 ingkang sami kapalan
wau menganggeni pun warni kalih, menawi cara welandi sami kalih drahgondar, manawi cara
jawi, para tetindhih mawi sekonder kuwasa sdaya, sapangkat-pangkat. Cariyos garebeg punika,
dereng dumugi, taksih kathah sambetanipun malih.
=====================

Surakarta

SArehning panggarapipun margi kareta latu ing sapunika sampun rampung, mila benjing ing
dinten Jumungah tangggal kaping 18 wulan punika, lampahing kareta latu badhe katamtokaken
kaping kalih ing dalem sadinten, menggah pranataning lampahipun badhe kapratelakaken ing
Jurumartani ing ngajeng punika.
===================

Samarang

Kala ing dinten saptu tanggal kapign 22 januwari taun punika wonten rencangipun satunggaling
walandi, kautus ing bendaranipun, sareng dumugi ing margi sakiwatenging griya pasakitan
rencang wau kaandheg dening tiyang kalih, sarta kacepeng lajeng dipun dhdheli, parabotipun
telas sadaya lajeng katilar lumajeng, rencang walandi wau lajeng mantuk lapur dhateng bendara
nipun awit saking aturipun rencang wau, ingkang sami anglampahi kadurjanan punika, katingal
kados suradhadhu Bugis, sanadyan rencangipun walandi wau dipun dhedheli wonten celaking
gerdhu, kaprenah kidul wetanipun ngalun-alun boten wonten titiyang jagi ing ngriku, salah
satunggal ingkang sumerep
==================

Serat kabar kintunan sakng raden Ranudimeja, dhokter jawi, ing Samarang, nalika kaping 28
wulan Dhesember ingkang kapengker punika ing Samarang awit wonten sasakit kolerah dhateng
malih, mila kanjeng gupremen, andhawahaken kalayan kenceng, sawarninipun para Amtenar
dhokter jawi, ingkang sampun katamtokaken, wonten ing Samarang 5 iji, punika sadaya kadha
wahan enggal tutulunga, dhumateng sakathahing titiyang sakit, kalih kadhawahan mariksani
sakathahing kampung-kapung utawi dhusun-dhusun, sampun ngantos wonten tiyang sakit kasep
ing jampenipun, sabab sakit kolerah punika jalaran saking tatedhan, kang sami kecut, utawi
bongsa wowohan, ragi kaduk ing panedhanipun, punika manawi karaos dhatenging sakit, mongka
kasep jampeni,kathah ingkang sami rekaos sakitipun, mila ing pundi ingkang dereng kaambah
sakit wau, sami ngatos-atosa anggenipun nedha, sampun ngantos kekathahen ingkang bongsa
seger, pedhes kecut legi, sanajan panganan ingkang eca, ingkang kalebet ing tembung kaladuken,
inggih badhe boten prayogi kadadosanipun.
===================

Batawi

Wonten pawartos kala ing dinten Saptu kaping 29 wulan Januwari ingkang sampun kapengker,
tiyang ingkang sami numpak kareta winastan Tramwe, kakesahan dhateng ing peken malem
ungugng cacahipun 11304 sapriki saweg punika kareta Tramwe anglampahaken tiyang
cacahipun samanten wau ing dalem sadinten.
===================

Padhang

Kala tanggal kaping 11 ing wanci dalu angrintenaken tanggal kaping 12 wulan Januwari kang
sampung kapengker, ing Padhang wonten angin ribut, satunggil baita keli kabekta ing angin,
ngantos dumugi ing saganten lajeng silem, ingkang numpaki tiyang Bugis 4,. tuwin tiyang
Malayu 3, sami kabalabag, menggah motaning baita warni barang dagangan, tuwin arta 7000
rupiyah, sami ical sadaya.
==================

Sumatra

Litnan Cina anama Go Ha O ing Sumatra, ggadhah gilingan lisah kadamel saking tembagi,
punika pryogi sarta rikat ing panggilingipun angungkuli sasaminipun gilingan ing Sumatra.
===================

Surabaya

Walandi tatu, ingkang kacidra kasuduk ing dhuwung dening rencangipun piyambak ingkang
kacariyosaken wonten ing Jurumartani ongka 6 ing mangke sampun pejah, wondening rencangi
pun walandi wau ing sapunika mnggat kaupadosan ngantos sapriki dereng kapanggih.
==================

Purwareja

Tiyang jawi awasta Gimon tuwin pak Kaimin sakng ing dhistrik Purwareja, sami kakesahan
dhateng ing redi ARjuna, sumedya anbyanjata sangsam, ing wanci dalu tiyang kakalih wau sami
nyipeng ing pondhokan sakiwatengipun ing ngriku, antawis meh bedhug dalu wonten sima
dhateng, lumebet ing panggenan patilemanipun tiyang kalih wau, medal saking bolongan
sanginggil
ing kori, salajengipun pak Kaimin katubruk wah kataton sanget sarta pupunipu ngantos meh
pepeskacakot dening sima, boten antawis dangu pak Gimon kaget saking tilem lajeng atandang
tulung kancanipun sarwi angunus lading kang winastan Kapmes, kalampahan tarung kaliyan
sima, ingkang kapacok ing lading lajeng lumajeng medal ing bolongan sanginggiling kori wau.
Pak Kaimin lajeng pejah, wondening pun Gimon ing sapunika taksih wonten ing griya pasakitan
anandhang tatu kacakot ing sima wau.
================

Kala tanggal kaping 1 Pebruwari punika ing Pagangsan sawingkingipun ing Menteng, selak
griyanipun tuwan Andreyas wonten satunggaling Walandi, anganyut jiwa anyanjata sirahipun
kalayan pestul ingkang kaisenan mawi toya, nama sinten walandi wau, titiyang sami boten
sumerep ngantos sapriki, awit sirahipun pecah babar pisan panganggenipun walandi wau mawi
tondha aksara A.M. Menggah ngakng warni jas topi, tuwin erlosi sami pinanggih sumampir
wonten ing satunggalipun wit sakiwatengipun panggenan pejahipun Walandi wau,. sareng jisim
kawenngan ing kathah, para tiyang jawi sami angungelaken tengara, sarta tuwan Andreyas
tumunten dhateng panggenanipun Walandi pejah wau.
==============

Panggelaripun kagunan kina tuwin kagunan akir.

Para tuwan ingkang dados dhirekti ignpatamanan tanem tuwuh tuwinpadunungan kewan ing
Batawi, sam anggadhahi pikajengan benjig ing wulan mei taun punika badhe anggelaraken
barang
warni-warni, ingkang yasan medal saking kagunan kina tuwin kagunan akhir, kadosta: gambar
sekil drei ingkang kapulas mawi abenan lisah tuwin abenan toya, gambar capcapan tembagi
sapanunggilanipun ingkang sae-sae, barng ingkang inuman bir, tuwin barang sanguban utawi
sanesipun malih. Amurih pikajengan ing nginggil punika saged dipun kalampahan para tuwan
dhireksi wau sampun angersaya pitulunganipun Walandi sawatawis ingkang sami marsudi sarta
karem dhateng kaguna endah, Walandi punika inggih sampun sami sagah ambiyantoni, sarta
lajeng nunggil dados komisi kaliyan tuwan titiga ingkang kalebet ing dhireksi, namaning komisi
kapratelakaken ing ngandhap punika:

Tuwan Mister, H.W. Dhiperon Presidhen,

Tuwan J.Dh. Beinon

Tuwan Mister J.A. Vandherseis

Tuwan J. Vanines Berhen

Tuwan T.Prise

Tuwan R.Van Sloten

Tuwan E.H.G.Foker, Sekretaris,

Sarehning ing Batawi cacahipun tiyang ingkang akarya ing kagunan amung sakedhik mila prelu
yen para tiyang ingkang darbe barang peni-peni sami amitulungana anyambuti barnag punika,
amurih panggelar ingkang sampun kapratelakaken ing ngajeng wau sageda tumindak. Para tuwan
komisi sampun anamtokaken bardhe angsal pitulungan wau, sbab punika badhe mikantukaken
pangangkah sakawit badhe anggelaraken kagunan wonten ing tanah Indiya. Sinten ingkang
ngintuni pratelan warnining barang ingkang badhe kasambutaken dhateng komisi, badhe
katampenan
kalayanpanrimah ingkang manah.

Batawi kaping 28 wulan Januwari taun 1870


Katandhan Sekretaris Tuwan Foker.
=================

Serat kintunan saking negari Ngayogyakarta, anyariyosaken kados ing ngandhap punika.

Kala tanggal kaping 3 Dulkangidah taun Je 1798. rencangipun kapitan Cina, guyang kapal sareng
sampun kaguyang, lajeng kaculaken kados adat inngkang sampun kalampahan, kapal wasta pun
A, sareng sampun kaguyang, lajeng mlajeng mantuk, punika marengi, tanggal kaping 3 wau,
wanci jam 7, injing, lajeng numbug tiyang, wasta Sa,Ma, ing dhusun Ga, Sa, Ma, wau lajeng
ambruk dhekem, pejah saknalika, lajeng katulungan tiyang kathah, kasiraman toya, lajeng saged
gamruget, gesang, Sa, Ma, lajeng kaladosaken, ing pulisi dhateng pasowan mangu, lampah
makaten wau, tantrimanipun punapa, ingkang darbe tuwin ingkang guyang punapa badhe boten
rekaos.
=============

Serat Panjurung isi dongeng 2 iji

1, Wonten Cina singkek satunggal apitaken dhateng tiyang jawi juru pambelah anyewakaken
baita tambangan, sarehning cina punika yen wicanten cara jawi pelo pitembunganipun makaten:
tampiling klayaban opah pila, juru pambelah amangsuli, sapa wonge sing gelem kowe tempiling
nganti klayaban sanadyana nganggo di opahi, yen aku dhewe wis ora pisan arep ngalap opah ing
ngatase padon kang kaya mangkono iku, balik kowe apa gelem dak tempiling nganti kalayaban
iya nganggo dak opahi, cina singkek awicanten malih, tanganipun anudingi baita tambangan sarta
andedahaken babektnipun pao-pao isi arta, olak mangkono kang, ci kakang klilu, olak ngeti
kaleptu, aku takok tampiling klayaban iku opah pila, juru pambelah mangsuli malih sarwi nepsu,
ah wis bah lungaha, aku suthik padonan carane wong edan iku, kaddosanipun tiyang kakalih
punika regejegan meh sami gelutan nanging tumunten kasapih dhateng tiyang jawi sanesipun
ingkang sampun tepangan kaliyan cina wau sarta da,amg pawicantenipun pamisahipun makaten:
lo, aja padha seling surup mangkono ta, si babah bener rehning calthune pelo, dadi si adhi niku
salah tompa, karepe si babah apitaken marang si adhi, wong nunggang prau tambangan saka ing
tambiring tekad ing klayaran niku opahe pira, cina singkek anyelani wicanten: lak iku benet sing
kakang, olak tabok olak apa, aku alep tunggang plau, tampiling klayaban opah pila, juru pambe
lah tumunten gumujeng sarba anyambeti wicanten: mau-maune, bah yen aku ngertiya kang dadi
karepmu, rak ora kongsi regejegan meh padha gelut tujune si kakang iki nuli teka amisah, yen
ora amangkono, kowe rak kalakon dak jojoh kambisatang, ing wekasanipun cina numpak baita
tambangan saking lepen ing Tambiring dumugi ing Klayaran lampahipun wilujeng.
===============
2, Wonten malih cina singkek panuju dhateng wekan langkung ing ngajenganipun tiyang estri
ingkang dhasar sade kembangan dipun taweni punapa ajeng tumbas kambangan wicantenipun
tiyagnestri wau makaten: bah, kowe arep tuku bebek lemu-lemu, cina pitaken: banyak, tiyang
estri mangsuli aku ora tawa banyak aku mung adol bebek, cina wicanten malih: ya benet bakyu,
apa banyak, tiyang estri mangsuli malih ,awo nemtal: wong ora adol banyak sibabah kok pijar
takon banyak, cina ragi napsu sarta wicanten pitembunganipun cina cap cing sukiyale, tiyang
estri gepah amangsuli iya bener, bah, bebek iku pakanane cacing, cina lajeng angesahi boten
saestu tumbas kambangan awit pitakenipun banyak tegesipun ing tembung jawi, akeh, boten
dipun sumerepi dhateng tiyang estri ingkang sade kambangan panampenipun bilih cina wau
badhe
tumbas banyak.
===============

Surakarta

Ing kampung Cempon, sakilen Serpiran ageng, wonten satungga tiyang jawi, nama Setrasemita,
punika kala kaping 20 januwari ingkang kapengker punika, tiyang wau dolan, dhateng griyanipun
pak Badong, ing kampung Krapyak, kilenipun caket, bawahipun Nyonyah Pansanten, lajeng sami
janggongan tiyangkalih, Setra semita pitaken dhateng pak Badhong, punapa kang dipun angge
jampi pathek, murih enggalipun saras, pak Badhong mangsuli namung sapele, ananging dipun
wastani jampi nistha utami, pamungkasing usada pathek, 1 pathek 2, ngeres linu,3 sakit balung,
4, bongsa ingkang mandhokol, punika jampenan, boncok, dipun bakar, 1,2,3, tanpa punapa-
punapa, lajeng katedha, saestu sakit kawan warni wau lajegn saras, panedhanipun
rambah kaping pitu utawi sanga, mila pak Badhong cariyos makaten sabab, sampun nyoba
piyambak, anakipun sami kathah kang nandhang sakit makaten lajeng sami saras, Setrasimita
tiyang sepuh mongka sakit patheken,punika ljeng mantuk ngupados bentok angsal, 2, lajeng
kabakar sadaya, satreng mateng lajeng katedha sak nalika telas, rambah kapoing 3, lajeng awit
gogrog pathekipun, lajeng sars, nanging panedhanipun mawi dipun lokangi,2 utawi 3 dinten,
panedhanipun kalih sekul utawi dipun gadho saksenengipun kenigng, kadadosanipun sae sanget,
ing ngatasipun sakit kawan prakawis ing nginggil wau/.

Kapung Krapyak.

Tiyang jawi wasta Jadikrama, ing kampung bawah Nyonyah Pansenten, nalika kaping 5 ugi
wulan Januwari, pun Jadikrama wau nyambad ngadegaken griya welit alit, sareng wanci jam
sakawan sonten, sampun dados barukut sadaya, sampun kapasangan amben, dipun gelari kalasa,
sami dipun angge lenggah tiyang sambatan wau sami dipun ing ngoni kaping kalihipun, sareng
wanci jam gangsal tiyang sambatan wau sami bibar mantuk, awit sampun rampung sadaya,
ingkang gadhah griya lajeng ngersiki badhe nata kalasa bantal, badhe sipun lihi, greiya wau
lajeng ebah kados dipun oyoh, kang gadhah griya medal kalih jelih-jelih, griya lajeng rabah,
dalah ambenipun sami jempalik, tongga tepalih sami tandang tulung, tiyang sambatan dereng
dugi griya sami wangsul, sareng tiyang kathah ngalempak, sami taken jalaranipun, kang gadhah
griya mangsuli boten mirsa, boten jawah boten angin, katitik dhudukan saka lebet, urugipun
madhet, saka griya kampung alit gurunipun 6, sami kajeng jati, pangerer molo ander kajeng jati,
saka rawa deling kerep enggal panjang tangsul sami duk daya, amben sami jempalik, bala pecah
rabah kang sampun kalebetaken ing griya, sami wetah boten pecah,punika dados eramipun tiyang
kathah.
============
Ing mangke wonten sesakit, ingkang tumrap dhateng kewan, kapal, maesa, lembu, menda,
segawon, dhatengipun sakitan pasangkan, enggalipun 6 dangonipun 12 jam, manawi boten
rujuk
jampenipun, kewan wau lajeng pejah, mila ing kampung Brajasudiran, wonten tiyang gadhah
kapal sae satunggal, kabekta kesah antegar, dipun tawekaken manawi pajeng artanipun badhe
kangge bayar sambutan, angsal kabegjan kathah ingkang ngawis, namung dereng ceceg regini
pun, wonten ingkang sampun rujuk ing regi, lajeng sumados anjingipun aken bekta wangsul
kapal wau, lajeng kabayar yatranipun, lajeng kapal kabekta mantuk, dipun tedhani rumput sae
kathah, awit kaetang regi sampun cukub kadamel bayar sambutanipun, wanci bedhug dalu kapal
wau kraos sakit, garobyagan ing gedhogan, dipun tuweni jerum, gereng bekos-bekos, kang
gadhah angupados jampi, sareng enjingipun, kapal pejah jepupung, ingkang gadhah jaler estri
sami nangis sadaya, gero-gero, sambat kenging cilaka, ngantos kalayat dhateng tongga
tepalihipun.
===========

Tuwan C.E.H.Bir, ingkang gadhah toko ing loji wetan Surakarta, sampun nampeni barang
dagangan ingkang kakintunaken kalayan kareta latu barang wau awarni lampu petro,liyum kados
ta: Lampu gantung, lampu dhuwuk tuwin lampu teplok, kekep utawi bol wah tedheng tuwin
sanesing pirantos lampu petroliyum, kultir, Switsetir, semonportlan gelas tam, angur, puilak
medhok sarta kantenak kemadhok ing Botol alit sarta ageng, permesli...ma ...kerruni, kawadhan
ing pethi, woh anggur, samandhel tuwin keju, inuma tuwin dhadhaharan punika, sadaya eca-eca
sarta murwat reginipun.
Katandhan tuwan C.E.H.Bir.
===============

Kula tuwan A.Vanbiren kang anandhani ing ngandhap punika, angaturi uninga dhumateng para
priyantun sadaya, manawi ing sapunika kula wonten ing Surakarta, amondhok ing griya losemen
sarta kula ambekta barang pangangenipun para tuwan tuwin nyonyah nyonyah, sarta sanesing
barng dagangan warni-warni.
Katandhan tuwan A.Vanbiren.
==================

Kula Tuwan F.H.Jaspres angaturi uninga dhumateng para priyantun ing Surakarta, manawi ing
dinten Senen tanggal kaping 21 wulan punika ing wanci jam 8 dalu ing kamar bolah badhe
wonten lelang, ingkang kasade akathah buk ing tembung Walandi tuwin ing tembung jawi,
menggah serat pratelaning buk wau kenging pikantuk saking kula.
Katandhan tuwan F.H.Jaspres.
=================

Awit ingkang dados partenging panggalihipun ingkang sinuhun kanjeng susuhunan ing Surakarta
Adiningrat tuwan dhokter Semith kaparingan pamit kesah dhateng ing nagari WElandi, laminipun
ing dalem 6 utawi 8 wulan wonten tuwan dhokter Kornelis ingkang kapatah anglampahi panda
melanipun tuwan dhokter Smith wonten salebeting kadhaton punapa malih salaminipun tuwan
dhokter Smith wau kakesahan dhateng nagari Welandi, tuwan Kornelis badhe adalem ing
dalemipun tuwan Smith.
=============

KUla tuwan C.G.A.Bir, ingkang kadhah toko ing loji wetan Surakarta asade barang kados iang
kasebut ing ngandhap punika: Poretwin pethak tuwin abrit, birsawung, ulam am, martega,
panganan walandi warni-warni, ager-ager taksih enggal, kaca warni-warni, topi, kang winastan
elem ud, cucalperlak, sendhok tuwin porok berlin lading dhahar damelan Inggris mawi gagang
cemeng, sadaya barang punika warninipun sae-sae sarta mirah reginipun.
Katandhan tuwan C.G.A.Bir.
============

Serat kintunan katandhan Ardapaminta sampun katampen sarta badhe kapacak benjing Kemis
ngajeng, wondening serat kang katandhan raden mas ARiya darmakarya, badhe boten kapacak
ing saderengipun kula angsal katrangan sinten priyantunipun ingkang akintun serat wau.
Redhaktur F..L.Winter.
========
Ongka 26, Kemis 26 [evidently error for 23] Juni 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Tuwan Torop Opsinder awit saking panuwunipun kaundur saking pandamelanipu mawi kaparingan
pansiyun.
Tuwan Y.W.D. Alikes Twedhekumis ing kantor Algemene Rekenkamer, kaundur saking pandamelanipun
mawi kaparingan wahel.
Tuwan Tuson, Irsteklerek, kakulawisudha dados Dherdhekumis ing kantor Algemenerekenkamer.
Tuwan Pilip,kakulawisudha dados Dherdhekumis, ing Dhepartemen Bireleikeopenbarewah.
Tuwan R.E. Rolef pos kumis ing Psuruwan kakula wisudha dados Dherdhekumising kantor pos ing
Bogor.
Tuwan H.N. Isteren, Dherdhekumi sing Kantor os ing Bogor kakulawisudha dados Pos kumis ing
Pasuruwan.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

KUDUS

Serat kintunan anyariyosaken manawi ingKudus sakathah arta gopok awit saking pamrasudinipun wadana
ing ngriku, ingkang nama Mas Astradiwirya, wonten tiyang kalih ingkang kacepeng awit anggenipun
purun-purun damel arta gopok, menggah cihna ingkang pinanggih warni, kajeng randhu, pirantos
cithakan, sawatawis waja kangge ngejer timah, anglo tuwin areng, punapa malih arta kang sampun dados
warni ukon 4 iji, ingkang dereng dados ugi ukon 176 iji.

Serat pakabaran saking Pasuruwan acariyos manawi ing kantor wang ing Bima, wonten arta ical
kathahipun kirang utawi langkung saking 2600 rupiyah, awit saking papriksan sampun terang manawi
iicaling arta, awit kantor wang wau kabandrek, ing sapunika paprentahan sampun anyepeng satunggaling
tiyang jawi, tilas mandhor tiyang pasakitan, amargi kanggenan koni ingkang kenging kadamel bikak
kantor wang wau, menggah priksan ing ngatasig prakawis punika ing mangke taksih kalajengaken.

BATAWI

Awit saking pawartosipu kanjeng tuwan Fadhenbose, ing salebeting taun punika, anggalih badhe mantuk
jumeneng linding rad ing Indhiya Nederlan salajengipun kondur dhateng nagari walandi.

REMBANG

Ing Nglasem wonten sawatawis tiyang kacepeng, ingkang sam ambekta apyun peteng, aawit saking taberi
tuwin pamrasudinipun priyantun pulisi ing Rembang saestu badhe kathah dursila ingkang sami kacepeng,
awit saking pawartosipunkanjeng tuwan Residhen ing Rembang, kara tindak sajawining kitha ngantos 25
pal, tebihipun, sarta sampun andhawahaken anyepengi para tiyang ingkang damel arta gopok, satunggal
walandi ugi kacepeng lajeng kakintunaken dhateng ing Samarang, spados kapatrapana paukuman dening
pangadilan justisi, ing ngatasing prakawis adamel arta gopok.

Kamerpankup andel ing Batawi, sampun angaturaken sarat panuwun dhumateng Kanjeng Gupremen
mugi karsaha anindakaken pranatan para tiyang cina ingkang sumedya angajawi, sadhatengipun ing
ngriki sampun ngantos amanggih prakewed satunggal punapa, wondening kamar kamerpankup andel
anderbeni panuwun makaten punika, awit sakinten kathah para tuwan ignkang badhe amaosi siti bera,
kagunganipun kanjeng gupermen sarta para tiyang cina wau badhe kadumunungaken ing padhusunan
supados ananem sabarang.

Wangsalan 20 iji sesambetan ingkang sampun tumrap ig Jurumartani, ongka 23 manawi parng tuwin lega
ing papan, mugi kapacaka ing kabar jurumartani, minongka ataur panjurung kula.
Argabelah, Satriya putra nalendra, Aja pegat enuwun marang pangeran Ukur terus, angger-anggering
pradata,, yen kabener aja sira sok suwala Uler kambang, canthang kecik lelumbungan,,barang prentah,
kudu kudu linakonan, Kendhal Jeram, awas pitapang bobaran,, den kadereng, abudi barang kawigyan.
Jangkrik gunung, salira gung ing ngudaya,, aja gingsir, yen katempuh ing Bebaya, Bendha pilis, reyal
kang tinulis kuda,, nadyan luwih, ktona bodho ing ngarsa.
Baleatma, malinjo kang madha rupa,, dipun kangen, ananggil mring lurahira, Rining yayah, potra kang
ggon dapusita,, ngadhangona, sakehing laku sembrana Jalak pita, geramah wijile nyoja,, ngadhangona,
sakehing laku sembrana
Balung pakel sastrawengkasan ukara, perlokena, barang laku titi priksa,Dhukuh raja, Rebut ungguling
bicara,, den waskitha marang laku kang dursila, Pinjung priya, kemit bumine turongga,, karyalabet
nggonira rumegsa praja,Dera darda, wudu nalit ing wedana,, den sumegta, yen melu mikul
nagara,Pinggan patra pangisasaning maesa,, barang pikir anggalalus kawruhana,
Bukudhalang, dhandhangalit netra retna,, densumungkem, setya tuhu ing parentah.
Umpak gondja, wangsulan tampining dona,, mundhak luhur, yen katrima karyanira, Pegsi kendha, ganjur
pulo tanah jawa,, lawanona, barnag karsane parentah
Tugu bumi, nalendra mengku kurawa,, memantesa, suyude tindak santosa.
Panjang kisma, walang kayu ijo, wiswiyahe, wong agung gambuh ing karya Ancur konca, kadang paulu
lelengka,, yen rinasa, tiba legane tyang saamba
Titi,, katandhan Trusdhasastra,

Serat shaingkang tabe kaurmatan akathah-kathah, katur panjenenganipunt uwan ingkang ngarang serat
Jurumartani. Sasampuning kadya sapunika, wiyosipun, menawi tuwan amaengi ing panggalih, mugi serat
kula punika, apacaka ing kabar jurumartani. Panuwun kula dhateng para priyantun sujana putus ing sastra,
ingkagn mugi karsa amaringi berkah saserepan, bab suraosipun ing tembung, ingkang adamel
kodhengipun manah kula, wondene pratelanipun tembunging kang damel kodhengipun manah kula,
kados ing ngandhap punika,
1, Bab Nihan kasidaning lina, 2 Bab Itih, pamasahan raga tengkeng don, 3, kaibon, 4, bab
Basmipadangan, 5, Bab paiban pawungon, 6, bab kalimaosada, 7, bab kaduden, 8, bab kapurusan taya, 9,
bab mahapadma, 10, bab tapa kaningaja, 11, bab sarinign sanghyang darma, 12, karadyan, 13, bab
pasenetan, 14, bab padha dhawuhan, 15 baqb pancabuana, 16, bab Pamunah sing pinaten, 17, bab sarining
kalimaosada, 18, bab darmapasucen, 19, bab pancapurusa, 20, ba paleburan kawah 2, bab pararacutan, 22,
bab tataasthawara, 23, bab kayatnakna, 24, bab Dresana, 25, bab bab astutitaya, 26, bab kusarabuana, 27,
bab sandipatitising samadi, 28, bab kapakikan kalis tuhayon.
Punika taksih wotnen tunggilipun, anaming cangking panuwun kula, ingkang sampun kula aturaken
kasebut ing nginggil punika wau kimawon, mugi kajarwanana, satembugn, satembung, kados pudi
tegesipun, sarta basanipun punapa,kalih dene ing sapa-sapa pasalipun wau, dipun wastani serat punapa.
Sinerat ing Batawi tanggal kaping 9 Juni 1870
Atandhan Ngabei Sajaya.

Manawi pareng karsanipun tuwan ingkang ngarang serat jurumartani apnjurung kula punika mugi
kapacaka. Kula maos jurumartani, ongka 21 Mei wonten ingkang atndha nama Siswaning
kridhamardhawa, dene laraping saseratanipun dhateng ingkang nama Banuradya, ing ngriku
Kridhamardahawa anarimah naming dereng marem pisan sangking panjawabipun banuradya, wusana
kridhamardhaa apitaken kodhenging manahipun manggih, babasan kalih bab 1 sajabaning parenwana 2
angebunebun injing anjawah sotnen , manawi pareng kula angaturi tegesipun pitaken sampeyan punika,
pamireng kula dede parewana, pariwana, tuwin parimana, wondene pariwana, punika angsal denign ,
alang-alang, dados sajawinign papalang, tumrapipun naming sajawining sinjang, dene parimana,2 ing
tengah leres tumrapipun sajawinining premana, dede ngebun-bun injing, tegesipun bun injing punika
namanipun awun-awun udan sore punika namanipun udan rarabi, dados encokipun anyuwun rabi,namung
punika pan jawab kul amanawi sonthong kaliyan panggalih sampeyan dene anggen sampeyan damel
ongka Rum punika ragi kalintu, kilap ingkang ngecap utawi panyerat sampeyan ingkang lepat leresipun
ongka sewu pnika, C. arep-arepan ing tengah I, gangsalatur punika I, kaliyan C majeng mangiwa, sratan
sampeyan punika namung kuwalik patrapipun utawi L kalintu I, kados ingkang ngcap radi smbrana, mila
ing jurumartani kerep kirang langkung aksaranipun emperipun sir sampeyan anggen sameyan damel
ongkag makaten CICIC CCCLXX, manawi boten kuwalik pangecapipun leres 1870. Utawi jurumartani
ongka 24 Juni wonten saseratanipun ingkang nama Tertasentana, Ngayoja, mawi rinengga ing sekar
jurudemung, suraosipun angrasehaken tembung 2 bab mukrim kaliyan ahli, saking pamanggih kula
mukrim wau namung satunggal tegesipun sadherek ingkang boten batalaken wulu, punika mukrim ipun
yen dipun antokaken dhateng sanesipun mukrim punika boten leres, dene ahli, punika gadhah teges
kakalih, kados ta tiyang apil wuku, utawi barang kasagetan ignkang langkung punika kenging
katembugnaken ahli, manggenipun malih ahli punika sanak ingkang pancer jaler ingkang wenang maleni,
punika ahlinipun namung punika saserepan kula kilap leresipun sabab punika emperipun kados tembung
Arab, sumongga kula gentos pitaken ing sampeyan kados babasan rubakaliyan riba, punika manggenipun
kados pundi, tuwin manggenipun batal karam, awon nganggur sami kagaliya priyantun kalih ingkang
nama kridhamardhaa, tuwin tertasantana, Ngayogya, kula nyuwun wangsulan tumunten. Titi.
Katandhan Bismawicara.

Ing Purwadiningratan, nagariSurakarta, wonten satunggalingtiyang, nami Singadrana, ing ngajeng


panggaotanipun wade rumput, ing mangke samunjepo, awit ginanjar sakit mripat, ing sapunika sampun
boten sumereb babar pisan, ing mangke ingkang dados pangupajiwanipun adedamelan ingkang bongsa
delingapus, kadamel besek tumbu kukusan kepang, sapanunggilanipun, punika dedamelnipun kapara sae,
yen katimang kaliyan ingknag kawaade ing tiyang ingknag medal dhateng peken, teksih sae
dameloanipun pun Singadrana wau. Ingkang adnadosaken pangungun kula naming sakedhik, patrapipun
anggenipun nyambut damel, kados tangethok deling, nyigari, ngirat-irat. Salajengipun nganam, punika
naming kawadtonaken saking dugi dugi, utawi dipun gagap, menggah katranganipunpangaota sumanten
wau, anyekapi ingkang katedha ing sadintenipun, kados ta deling satunggil iji, ingkagn regi 15 dhuwit,
punika garap 2 dinten rampungipun saged pajeng 45 dhuwit tuwin langkung sakedhik, apesipun sanget
tikel, sarehning punika bongsa remeh, inggih namung cekap ingkang katedha kados ingkang sampun kula
pratelakaken ing ngajeng wau.
Titi katandhan Trusdhasastra.

Punika serat kairing kaurmatan mugi kaatur ing panjenngan sampeyan tuwan redhaktir ingkang angarang
serat jurumartani ing nagari Surakarta. Wiyosipun manawi kapareng dhangan ungel ungelan ing
ngandhap punika kapacaka serat Jurumartani, sarta kula amrayogekaken saupami panjenngan sampeyan
karsa angintunaken dhateng salompret Malayu ing Samawis sarta Bitnang Timur ing Surabaya, amargi
kula dereng saged tembugn Malajeng, mila boten kula kintunaken piyambak,. Kula sampun ningali serat
Almenak yasanipun tuwan A.B. Cohen Stuart, 3 ing Batawi, kaecap ing samawis taun 1868, 1869, 1870,
sami andadosaken senenging manah kula, ananging ingkang wau kula sakalangkung cuwa ing manah,
dene ingang nganggit cangkriman ingkang kasebut namung nama kemawon taun 1869 raden Ngabei
Sasradiarja, batanganipun medal taun 1879, ingkang batang yen boten lepat kusumasudira, taun 1870
raden ngabei sasrakusuma ing sapunika sanget cumeplonging manah kula, dene sumerep wujudipun
ingkang damel menggah punika lkula cariyosaken ing ngandhap punika. Anuju satunggiling dinten kula
dhateng griyanipun Kemasan Purwadadi, wonten prelunipun boten antawis dangu wonten tiyang neneman
presaja angronje satunggil dhateng ing ngriku kairing rncangipun inggih anggadhah prelu piyambak
inggih punika rahaden Ngabei Sasrakusuma Ondrmister purwadadi ing ang ngarang serat Cangkriman
taun 1870, ananging kula boten sumerep manawi punika raden ngabei Sasrakusuma, wontn ing ngriku
lajeng samilenggah omong-omongan kula inggih anyaut anggentosi ngomong bab serat sarat sareng kula
ngomong serat alemnek jawi, tiyang neneman wau anyaute plaktedlek kemawon mila kula lajeng pitaken
bokmanawi sumerepingkang ngarang serat cangkriman, tiyang neneman lajeng amangsuli makaten
ingkang damel cangkriman tiyang neneman lajeng amangsuli makaten ingkang damel cangkrian taun
1868 sadherek kula nama raden ngabei Sasradiarja, mantri Guru ngriki, dene kang ngarang serat
cangkriman taun 1870 wancan kula, ananging kula boten pitados mila sahantukipun tiyang neneman wau
kula etutaken sareng dumugi pondhokipun kula lajeng wicanten kula nyuwun priksa kupiyanipun yasan
sampeyan cangkriman ingkang medal taun 1870 tiyang neneman lajeng angulungi kupiya pandamelipun
sapisan kaping kalih tuwi katping tiga, punika kula lajeng pitados kula lajeng nedha priksa malih,
kalenggahan sampeyan punapa, tiyang neneman amangsuli, Osdermister mriki, kula lajeng wicanten
malih, yen makaten kula sanget ing panuwun supados sampeyan karsa yasa cangkriman malih kaaturna
tuwan ingkang ngarang serat alemenak, tiyangneneman amangsuli, kula empun gawe, sarta empun kula
caosake teng tuwan kang ngarang serat almenak jawa, liyane cangkriman kula nurun sawijining carita
banjur kula dandani kalawan raka sasaniki enggih empun kula caosake, kehe telugn layang, nanging
dereng tutug ajeng kula tutugake ati kula amendha-mendha, amarga semu semune kaya bakal boten
diagem,kula lajeng wicanen malih makaten kula nyusun priksa kupiyanipun, tiyang neneman lajeng
angulungi, kula sareng aningali sakalangkug wewah remen kula, tikel tina kaliyan cangkriman manawi
tuwan ingkang ngarang serat almenak jawi saestu botn anggalih kanggenipun serat wau, kula ingkang
ningali kemawon amastani eman, menggah kula anggadhahi panjurung rembag amrayogekakenkaselehing
serat almenak jawa, kados manawa rembag punika kadadosan boten angmungaken tiyang jawi kemawon
ingkang tumbas serat almenak wau sanajan cina inggih samit umbas awit sapunika cina kathah ingkang
marsudi sekar maopat saha cariyos ingkang sampun kula priksani boten wonten ingkang nyamiramenipun
kados cariyos ipun rahaden ngabei sasrakusuma ingakng sampun kula tingali wau.
Magetan kaping 20 Juni 1870 Kula murid Sakolahing Pamulangan Gupremen nagari Magetan. Suwigya.

Sareng kulaningali jurumartani ongka 23 kemis kaping 2 Juni 1870


Ingkang pratondha, Kartasumbaga Tiron, inggih raden Mas Grinda, punika seneng kula kathah kodheng
kula sangsaya wewah, dene piyambakipu angesoraken kaluhuraning tiyang, kang piyambak ke boten
patos mathuk, punika nggih raden mas Grinda gampile kemawon panjawaban kula, aliya kanjeng
susuhunan ing Surakarta, miwah ing Ngayogyakarta, punapa wonten priyantun bupati,kang sampun
kadamel saking wragadipun kanjeng gupermen suprandosipun taksih gadhah lelangen mandira,
kinurungan tembok, punapa sampeyan sumerapangger-anggeripun nagari,bab wringin kurung, mila
langkung prayogi andelajaha, ing liya manggenan sampeyan den mas supados umerap para bupati ing
panguwasanipun, lo tiyagn sampunkagungan lelangenan mandira, miwah alun-alun, mekaten malih biilih
wonten pista ageng, miwah pasamuwan, bupati inggh kaaji-aji saengga ratu, tiyang namu namign kanjeng
mawon kok sampeyan olok-olok, tur kang ngaturi nami wau, awit sumeja males ing mamanis, sih tyas
kemawon. Kathah kedhik bilih pun wringin wau boten terang, enggal wonten a atur sampeya dhateng
gupremen anegeora waringin kang wonten alun-alun saben kitha, lo, punika atur kula prayogi ing
sampeyan mongsa nggek kkalintu wadi pun sornatiyagnkathah, punika yen papesthenipun unggul rak
katawis pyambak,punapa inggih tumenggu dipun sebut sampeyan boten kanjeng wewadul dhateng
kanjeng gupremen, yen kang sarira dipun kasar dhateng satunggale sanes, saregn katembugnaken konjuk
ing panjenengan dalem rak lajeng nglapuraken manis pantes yen ta kadamela wadana sasaminipun
sampun den mas Grinda maananacad tiyang ajrih, utawi tiyang kang saweg lapepet, wangsul kang tanpa
sababkang pancen ageng sami ageng, punika gadhah apa nyaru lan pranata, tamtu dados pitulungan
ageng, atiyang saweg minta sih sade kawelasan kok lajeng sampeyan Undhamana, kula wastgani tan
waskitheng semu, sampeyan mangke suthik, sampun ingkang tiyang kang sami minta sih boten
angunggulna para tumenggung, ingkang para ageng sasaminipun taksih baukapini, mikantukaken dhateng
para wadana manginggilipun dhateng para tumenggung, yen ta pikajengan kula tiyang alit mekaten,
inggih nindakna punapa kang dados masthinipun, anamung boten kayektosanipun, bilih ageng sami
ageng, sampun guyup sami mufakatipun, punapa puna alit boten giris utawi maketer ingpanggaliyanipun
manawi tiyang ageng sabyantu putihing endhog, katembungaken kuninging ngendhog, katembungaken
cangkang, punapa pun kwula alit punika sagen\d bangkang andhuparakaken, inggih lajeng mangayubagya
satuhu. Ingkang wenang kagungan pranata, namung para tuwan kang ngasta panguwasa nagari, saab
sadayan punika kang kuwajiban, angajara angunggunga inggih punika kang kagungan panimbangan,
liyanipun priyantun anamung dados gegateling gudhig kemawon, ing saestunipun kula bingah cara
welandi kemawon, manawi sampun dhinesipun inggih angadhahi prei, dados angsal sami sumerep
kuwajibanipun punapa sampun utami, wangsul manawi diru niru kraton punika adamel awrat, awratipun
bab laku bokong boten prigel, unggah-ungguh boten jangkep, tembung tembung kathah kang kithal, solah
muna bedhigasan, toging prana pancen dudu carane, anetepi pitembungan wong gunung dicara kimpul,
banjur pelopongan, o diken ngrembag pramasastra malih cakepa, sak sat sarjana, utawa sapa padhane
wigya namung ingkang sampun wigya sasaminipun punika sampun sami kemba anyaru ingkang kirang
prayogi, kang mathi gadhah wajib saged amrayogekaken. Nanging sampun wontenanyaru tiyang kang
pancen manggen bongsa saru,ingkang pantes kasaru punika, apesipun para wadana sasaminipun, sabab
punika bangsaning pun priyantun agung, wong pances tan enjoh sastra kaya dhewe kok di jawab sastrane,
temtuning thingak-thinguk, yen arep bantah kasusastran, para swapadhasiswa, lo iku ana gunane. O
kartumbaga tiron, alliyas Raden Mas Grinda, pun Ngabei Sastra Adipraja,miwah wadana parang, punapa
dene kang karan bagus kepaung, sampun sampeyan saru, namung kang sami gadhah wajib punika
sampeyan aturi enget, lo sapuluh sampeyan anglangkungi jeleh, tiyang kang kagunan wajib arena tesep
aseneng, kados pundi ta yen ta senenga tyang kang kados jengandika sadaya, lo rak kamokalaken lo tyang
kayektosanipun kathah kemawon keclaping saseratan kang boten sumereppinggiring pager bata putih,
boten sumerep tatakramaning kraton, rak wonten paribasan, sungging wayang sada aren panulisan,
alaming o kakah emas pupulasan, sumerep janaloka ngendraloka, madya pada malih sumerepa, lo punika
sabab sakingpuanpa, sabab saking kathah kuwasa kang tan yekti, inggihpunika pitenah jail muthakil,
wong ngala katon becik, kang becik ya di ala-ala. Pamanggih kula se sampeyan narima kemawon
sampun asanget urina, yen sampeyan kedah amurina, sampeyan damel serat lapuran, konjuk kang
kagungan kuwajhiban punika saged amitulungi, bilih namung wonten kabar jurumartani, kathah kang
boten dhukul, satemah dados omong kosong, ingkang para luhuringgih remen dhateng mamanis.
Artosipun tiyang santri, ya dienaki sarak bae, punika mamanis, paribasan aja kurang kramane, mila
jengandika sampun kirang mamanis, kang kangge jamaning kalimrahan, makna kumandhang inggih
namung mamanis, yen dipun prasajani lajeng adamel prakawis ngikal bebasan apesipun angabenaben,
kang boten boten,punika atur kula saking katrenan dhateng sanes raden mas kanjeng gupremen rak
sampun jumeng maha wicaksana, kaping kalihipun ingkang maha agung, rak sampun anggalih kalayan
sareh patitis, kang maha agung jumeneng boten kenging kasereng, mila sami dipun lampahi tawekal sabar
narima kemawon sampun sami jeleh mawi anenacad yen kulahi sitoya bening, utawi buthek, kebak tuwin
kajog, rak katingaling kathah sadaya sampun winijang kalayan rehreh ririh, bekta papesthening titah
piyambak piyambak. Ti Ti.
Katandhan Mintranipun Politik.

Kareta latu ing Indhiya Nederlan, ingkang lumampah saking Samarang dhateng Surakarta, tuwin dhateng
Ngayogyakarta.
Para tuwan ing ngandhap punika, ingkang anguwasani lampahing kareta latu, sami asuka uninga, manawi
kareta latu, ingkang pangkat nomer 1 tuwin nomer 2 pancen kangge kamomotan barang dagangan,punika
kengin gkasewa bas-basan arta pasewan momotaning satunggil tunggilipun kareta, ing dalem satus
rupiyah mawi kasuda gangsal rupiyah. Bab prajangjeyan ing ngatasing panyawanipun kareta basbasan
wau p-ara tiyang kenging pikantuk katranganipun wonten ing griya stasiyun utawi panggenan kendeling
lampahipun kareta latu.
Samarang kaping 13 Juni 1870. Katandhan tuwan P.Marsekalektuwin tuwan H.L.Jansen.
Kareta latu ing Indhiya Nederlan, ingkang lumampah saking Samarang dhateng Surakarta, tuwin dhateng
Ngayogyakarta
Para tuwan ing ngandhap punika, ingkang nguwasani lampahipun kareta latu, sami asuka uninga, manawi
berahaniping pantun ingkng kaintunaken kalayan kareta latu, momot jangkep satunggil tunggilingkareta,
punika ing dalem arta satus rupiyah kasuda salangkung rupiyah, dados amung bayar 7 ½ sen ing dalem
wawratan satunggal ton tuwin satunggal kilo meter, samanten punika ingkang ngintunaken utawi ingkang
nampeni pantun kedah amomotaken sarta angucal piyambak tuwin boten kenging anjibahaken bab
sudaning wawratipun santun.
Samarang kaping 8 Juni 1870
Katandhan tuwan
R.F.Dhesif tuwin H.L.Jansen

Serat Katurongga kapal

Ing sapunika para priyantun sampun kenging pikantuk serat katurongga kapal, menggah isinipun
kapratelakaken ing ngandhap punika.
1, Ciri kang sae tuwin kang awon, 133 bab utawi warni
2, Katranganipun ciri ingkang tumrap ing salebetipun cangken kapal 9 bab
3, Bab pethekipun turongga, 24 bab
4, bab dinten kalairanipun kapal 4 bab.
5, Bab dinten ingkang sae, manawi badhe tumbas kapal 4 bab utawi warni
6, Bab pangleburan sakathahing ciri 7 bab utawi warni
7, Bab Kramas tuwin paguyangipun kapal 6 bab utawi warni
8, Bab Pangurut tuwin jampining lambe kapal 7 bab utawi warni
9, bab jampining kapal saras tuwin sakit 93 bab utawi warni

Serat katurongga punika amratelakaken sakathahing katrangan prenah utawi watekipun satungal
tungggaling ciri,menggah reginipun katamtokaken kados ing ngandhap punika.
Manawi tumbas 1 buk reegi 3 rupiyah 50 sen
Manawi tumbas 10 buk 1 iji, regi 3 rupiyah
Manawi tumbas 25 buk 1 iji regi 2 rupiyah 50 sen.
Sakathahing serat punika kenging pikantuk tumbas bayar kenceng saking
Raden Tumenggung Kartanagara Surakarta
Raden Atmadikara Surakarta
Tuwan Purneman Surakarta
Tuwan F.L.Winter, ing Ngadipala, Surakarta
Para priyantun ingkang sami ameling serat katurongga, kawrat ing serat kalowongan kula aturi, mugi
karsaha angintuni serat wisel pos dhumateng kula, sumerep panumbasing serat katurongga, tampining
serat wissel wau,kula badhe lajeng angaturaken sakathahin g serat kang kinarsakaken.
Tuwan F.L.Winter Surakarta

Undhamana, kula wastgani tan waskitheng semu, sampeyan mangke suthik, sampun ingkang tiyang kang
sami minta sih boten angunggulna para tumenggung, ingkang para ageng sasaminipun taksih baukapini,
mikantukaken dhateng para wadana manginggilipun dhateng para tumenggung, yen ta pikajengan kula
tiyang alit mekaten, inggih nindakna punapa kang dados masthinipun, anamung boten kayektosanipun,
bilih ageng sami ageng, sampun guyup sami mufakatipun, punapa puna alit boten giris utawi maketer
ingpanggaliyanipun manawi tiyang ageng sabyantu putihing endhog, katembungaken kuninging
ngendhog, katembungaken cangkang, punapa pun kwula alit punika sagen\d bangkang andhuparakaken,
inggih lajeng mangayubagya satuhu. Ingkang wenang kagungan pranata, namung para tuwan kang ngasta
panguwasa nagari, saab sadayan punika kang kuwajiban, angajara angunggunga inggih punika kang
kagungan panimbangan, liyanipun priyantun anamung dados gegateling gudhig kemawon, ing
saestunipun kula bingah cara welandi kemawon, manawi sampun dhinesipun inggih angadhahi prei,
dados angsal sami sumerep kuwajibanipun punapa sampun utami, wangsul manawi diru niru kraton
punika adamel awrat, awratipun bab laku bokong boten prigel, unggah-ungguh boten jangkep, tembung
tembung kathah kang kithal, solah muna bedhigasan, toging prana pancen dudu carane, anetepi
pitembungan wong gunung dicara kimpul, banjur pelopongan, o diken ngrembag pramasastra malih
cakepa, sak sat sarjana, utawa sapa padhane wigya namung ingkang sampun wigya sasaminipun punika
sampun sami kemba anyaru ingkang kirang prayogi, kang mathi gadhah wajib saged amrayogekaken.
Nanging sampun wontenanyaru tiyang kang pancen manggen bongsa saru,ingkang pantes kasaru punika,
apesipun para wadana sasaminipun, sabab punika bangsaning pun priyantun agung, wong pances tan
enjoh sastra kaya dhewe kok di jawab sastrane, temtuning thingak-thinguk, yen arep bantah kasusastran,
para swapadhasiswa, lo iku ana gunane. O kartumbaga tiron, alliyas Raden Mas Grinda, pun Ngabei
Sastra Adipraja,miwah wadana parang, punapa dene kang karan bagus kepaung, sampun sampeyan saru,
namung kang sami gadhah wajib punika sampeyan aturi enget, lo sapuluh sampeyan anglangkungi jeleh,
tiyang kang kagunan wajib arena tesep aseneng, kados pundi ta yen ta senenga tyang kang kados
jengandika sadaya, lo rak kamokalaken lo tyang kayektosanipun kathah kemawon keclaping saseratan
kang boten sumereppinggiring pager bata putih, boten sumerep tatakramaning kraton, rak wonten
paribasan, sungging wayang sada aren panulisan, alaming o kakah emas pupulasan, sumerep janaloka
ngendraloka, madya pada malih sumerepa, lo punika sabab sakingpuanpa, sabab saking kathah kuwasa
kang tan yekti, inggihpunika pitenah jail muthakil, wong ngala katon becik, kang becik ya di ala-ala.
Pamanggih kula se sampeyan narima kemawon sampun asanget urina, yen sampeyan kedah amurina,
sampeyan damel serat lapuran, konjuk kang kagungan kuwajhiban punika saged amitulungi, bilih
namung wonten kabar jurumartani, kathah kang boten dhukul, satemah dados omong kosong, ingkang
para luhuringgih remen dhateng mamanis. Artosipun tiyang santri, ya dienaki sarak bae, punika mamanis,
paribasan aja kurang kramane, mila jengandika sampun kirang mamanis, kang kangge jamaning
kalimrahan, makna kumandhang inggih namung mamanis, yen dipun prasajani lajeng adamel prakawis
ngikal bebasan apesipun angabenaben, kang boten boten,punika atur kula saking katrenan dhateng sanes
raden mas kanjeng gupremen rak sampun jumeng maha wicaksana, kaping kalihipun ingkang maha
agung, rak sampun anggalih kalayan sareh patitis, kang maha agung jumeneng boten kenging kasereng,
mila sami dipun lampahi tawekal sabar narima kemawon sampun sami jeleh mawi anenacad yen kulahi
sitoya bening, utawi buthek, kebak tuwin kajog, rak katingaling kathah sadaya sampun winijang kalayan
rehreh ririh, bekta papesthening titah piyambak piyambak. Ti Ti.
Katandhan Mintranipun Politik.

Kareta latu ing Indhiya Nederlan, ingkang lumampah saking Samarang dhateng Surakarta, tuwin dhateng
Ngayogyakarta.
Para tuwan ing ngandhap punika, ingkang anguwasani lampahing kareta latu, sami asuka uninga, manawi
kareta latu, ingkang pangkat nomer 1 tuwin nomer 2 pancen kangge kamomotan barang dagangan,punika
kengin gkasewa bas-basan arta pasewan momotaning satunggil tunggilipun kareta, ing dalem satus
rupiyah mawi kasuda gangsal rupiyah. Bab prajangjeyan ing ngatasing panyawanipun kareta basbasan
wau p-ara tiyang kenging pikantuk katranganipun wonten ing griya stasiyun utawi panggenan kendeling
lampahipun kareta latu.
Samarang kaping 13 Juni 1870. Katandhan tuwan P.Marsekalektuwin tuwan H.L.Jansen.

Kareta latu ing Indhiya Nederlan, ingkang lumampah saking Samarang dhateng Surakarta, tuwin dhateng
Ngayogyakarta
Para tuwan ing ngandhap punika, ingkang nguwasani lampahipun kareta latu, sami asuka uninga, manawi
berahaniping pantun ingkng kaintunaken kalayan kareta latu, momot jangkep satunggil tunggilingkareta,
punika ing dalem arta satus rupiyah kasuda salangkung rupiyah, dados amung bayar 7 ½ sen ing dalem
wawratan satunggal ton tuwin satunggal kilo meter, samanten punika ingkang ngintunaken utawi ingkang
nampeni pantun kedah amomotaken sarta angucal piyambak tuwin boten kenging anjibahaken bab
sudaning wawratipun santun.
Samarang kaping 8 Juni 1870
Katandhan tuwan R.F.Dhesif tuwin H.L.Jansen

=====================================
Serat Katurongga kapal

Ing sapunika para priyantun sampun kenging pikantuk serat katurongga kapal, menggah isinipun
kapratelakaken ing ngandhap punika.
1, Ciri kang sae tuwin kang awon, 133 bab utawi warni
2, Katranganipun ciri ingkang tumrap ing salebetipun cangken kapal 9 bab
3, Bab pethekipun turongga, 24 bab
4, bab dinten kalairanipun kapal 4 bab.
5, Bab dinten ingkang sae, manawi badhe tumbas kapal 4 bab utawi warni
6, Bab pangleburan sakathahing ciri 7 bab utawi warni
7, Bab Kramas tuwin paguyangipun kapal 6 bab utawi warni
8, Bab Pangurut tuwin jampining lambe kapal 7 bab utawi warni
9, bab jampining kapal saras tuwin sakit 93 bab utawi warni

Serat katurongga punika amratelakaken sakathahing katrangan prenah utawi watekipun satungal
tungggaling ciri,menggah reginipun katamtokaken kados ing ngandhap punika.
Manawi tumbas 1 buk reegi 3 rupiyah 50 sen
Manawi tumbas 10 buk 1 iji, regi 3 rupiyah
Manawi tumbas 25 buk 1 iji regi 2 rupiyah 50 sen.
Sakathahing serat punika kenging pikantuk tumbas bayar kenceng saking
Raden Tumenggung Kartanagara Surakarta
Raden Atmadikara Surakarta
Tuwan Purneman Surakarta
Tuwan F.L.Winter, ing Ngadipala, Surakarta
Para priyantun ingkang sami ameling serat katurongga, kawrat ing serat kalowongan kula aturi, mugi
karsaha angintuni serat wisel pos dhumateng kula, sumerep panumbasing serat katurongga, tampining
serat wissel wau,kula badhe lajeng angaturaken sakathahin g serat kang kinarsakaken.
Tuwan F.L.Winter Surakarta
Ongka 27, Kemis kaping 30 Juni 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Tuwan Ofdham Kumis, kaundur saking pandamelanipun mawi kaparingan pansiyun
Tuwan van Salingen kakulawisudha dados Pos Aodher ing Labuhan
Tuwan Brodhah, kakulawisudha dados kumis Kas Aodher ing Gresik.
Tuwan Van Weli, kakula wisudha dados Twedhekumis
Tuwan Trom kakulawisudha dados Dherdhekumis
Tuwan Van Ketwih, kakulawisudha dados Ufnyir Irsteklas
Tuwan Ban Rosem kakulawisdha dados Uf Insinyur Twedheklas
Tuwan Dhibet kakulawisudha dados insinyir Irsteklas.
Tuwan Tepas kakula wisudha dados Inspektur ing ngatasing pandamelan pananeming cacar.

Para priantun ingang karsa tumbas serat Jurumartani, awit wulan punika dumugi wekasing taun 1870,
kenging ambayar namung 6 rupiyah. Katandhan Tuwan P.F.Purneman

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

Nalika tanggal kaping 23 Juni wanci pukul 11 ing ngalun-alun lering wringin rakit, kadamel angukum
gantung tiyang dosa raja pejah, wasta Wongsadimeja, asli dhusun Gesikan bawah pulisi Klathen jalaran
amejahi bebauning pulisi, kang lagya nglampahi kuwajibanipun dene kang byantoni kaniyataning tiyang
dosa wau 1 wasta kartadimeja griya caket ing pyambake, kadunungaken sangandhaping pagantungan,
supadya uningaha, sarta mawi kajenengan para pangageng ingkang ngasta panguwasa, kinubeng dening
abdi dalem Amtenar utawi militer, lugading pangukum bangke wonten ing gladhag kasuwun dhateng
waris, nagari ugi nglilani.

BATAWI
Awit sampun katamtokaken ing serat kakancinganipun kanjeng raja ing Nederlan katitimasan kaping 22
September 1855, ongka 14 wonten tiyang jawi awasta pun Keran tuwin Enan, kaganjar kaparingan
medhali sanguban, kakanthenan serat pangalembana, katrimah anggenipun amitulungi satunggaling
welandi keli, wonten lepen Jembadan busuk ing Batawi, nalika tanggal kaping 4 Nopember taun
1869………..

JAPARA
Tiyang Jawi wasta Citrasoma, asli saking kalinyamat dhistrik tambak, na;lika tanggal kaping 22 Mei kang
sampun kapengker, kesah dhateng wana kanthi mantunipun Sarta bekta dadamel waos, sumedya masang
pluweng celeng, sareng dumugi wana anakipun mantu, kabujeng ing sima tutul ingkang mentas mihil
saking grumbul, sima lajeng kawaos dhawah kacemplung pluweng, tumunten lajeng dipun pejahi,
menggah panjanging badan saking sirah dumugi buntut 5 kaki.

EROPAH
Dereng antawis lami, wonten satunggaling Welandi tiyang dhusun winastan Bur, dhudhuk brungkat
wiwtwitan ageng ingkang sampu sepuh, damelipun ananggori papendheman gumen jlong kados tosan,
Bur wau gupuhing pandhudhukipun, sareng manggih pethi pesagi katapel tosan, lajeng kabikak isi barang
jene, kataksir pangaos 80000 Prang (France).

AMERIKAH
Wonten sawijining tiyang nem taksihjaka, anyuwun rembag dhateng Apokat bongsa tiyang Amerikah,
supados lepating paukuman, saupami andhustha bathang tiyang estri kang taksih prawan, apokat
amangsuli, lo, iku mesthine ya diukum, nanging kang dadi rembug guyon kowe arep anglakoni, temtune
kang tamnpa prakara sarta luput ing paukuman, mangkene, kang dadi pratingkel ku, wong wadon iku
purihen anunggang jaran, dene kowe angadhanga ana ing dedalan, kowe nuli anggonenga, pratikel kang
mangkono iku, sarasane dudu kowe kang ngiwat marang wong wadon, dadine wong wadon mau kang
gawa sarta kang dhemen ing kowe, sareng enjingipun apokat aloke kecalan anak estri maksihprawan,
dene tiyang nem kang taksih jaka ingnginggil wau, kaupadosan dhateng ing pundi-pundi boten pinanggih,
saestuning angesthi ngangge pratikelipun apokat ingkang prayogi ing nginggil wau,

Punika serat kula, katur tuwan rdhaktur ingkang ngarang Jurumartani, minongka wangsulan dhateng
Suwigya,murit pamulangipun Kanjeng gupremen anyariyosaken anggenipun papangiyan kaliyan Ngabei
Sasrakusuma, wonten ing Kemasan salajengipun sami gineman bab serat Almanak Jawi, yasanipuntuwan
Setiwar ing Betawi, ignkang mawi isi cecangkriman, kang sak langkung dadosaken renaning Suwigya,
nanging semanten unika boten pitados ilihcangkriman ingkang nganggit raden Ngabei Sasrakusuma wau,
mila suwigya santukipun raden ngabei Sasrakusuma kikinthil adreng badhe sumerep kupiyanipun
cangkriman wau, sareng sampun kapriksakaken Suwigya darbeni rembak dhateng Raden Ngabei, karsa
anganggit cangkriman malih, kaaturna dhateng tuwan Setiwar supados kapacaka malih wonten Almenak
Raden Ngabei Sasrakusuma anyagahi, sarta sampun kakintunaken dhateng tuwan Setiwar, klayan serat
cariyos sanesipun nanging sumelanging panggalihipun Raden Bei Sasrakusuma bokmanawi boten
kaanggep dhateng tuwan Setiwar, mila Suwigya anglairaken pamanggihipun sarta purun purun anginten
kawrat ing Jurumartani, bilih almenak wau kakanthen cacangkriman utawi serat cariyos anggitanipun
radne ngabei Sasrakusma, saestu para priyantun jawi tuwin bongsa cina, sami remen tumbas sirat
Almenak wau, lo punika kang andadosaken sujanaing manah kula, bilih suwigya nggenipun kikinthil
ngajeng wau, sarta pun ngaturi rembag wonten ing Jurumartani, punika punapa amrih pikantuk kapresen,
anggene ngalembana byantoni dhateng raden Bei Sasrakusuma, menggah serat kang kasebut saklangkung
rame boten wonten kang nyameni, punika kacariyos bab punapa, wangsul kula pitaken dhateng suwigya,
saengga serat Alemnak boten mawi karengga dening cangkriman punapa ngantos wudhu, bilih raden bei
Sasrakusuma, sampun putus dhateng cacangkriman mugi karsaha amabatang cangkriman kula ing
ngandhap punika. //Sinom// Satriya adabe garwa, ananging ajrih kapati, marga asringpinilara, tanpa dosa
saben ari, marma tan sandhing sandhing, yen tan ingundhang den uwuh, pinrih Mardi asmara, tuhu yen
lanang kemangi, yen ana prang garwane mangsah ing rana. Wonten wanodya yu endah, wisma ing teleng
jeladri, saben saben yen akrama, tansah winayuh tan srenti, ngrabeni padha siji, nora nana ingkang
ngayun, saprandene sang retna, yen pinegad dening laki, sakeh maru ing ngewanan lakinira. Tumenga
tenga ing tawang, sarta andilati driji, angalaya ing ngideran, nunten sang retna kaeksi, ngagem burena
luwih, tinuju kenanan kantu, ni basiti sinandhak pinondhong lan den damoni, ngelus-elus binekta marang
wawreman. Wong kuning lawan ngulatan kareme srama ing beji, kampuh gadhung sririnenda, gandhanira
marbuk minging, kakung enggal merpeki, sang dya cinandhak ing Garut, wentis kengis gumebyar, sang
kakung asrunungkemi, pankinuswa wus lesu sumonggeng karsa. Durjana begal winarna, sarengan sami
lumaris, duk kang ing ngangkah araryan, mendhak mendak lampaneki, kang lima angebyuki, yen kang
binegal kasambut, kancane malih lima, amanggen rada kapering, enggal dhateng nulungi kang ngoleh
karya.. Katandhan pun Kasdu.
Ingkang kalayan samudayaning kaurmatan, ingkang mugi kaatur panjenenganing pun tuwan Redhaktir,
koran Jurumartani ing nagari Surakarta. Saking rumentahipun dahat kawelasan dhateng sesamining
tumitah manungsa, kula ningali ingkang kasebut jurumartani, ongka 23 Nyonyah cina rondha kang
sampun lumebet anggamires lama, gagriya salebeting nagari Nayogya, waktu dalu griya kalebetan dursila
kecu, sarta dursila mejahi dhateng nyonyah kang gadhah griya, sarta malih dursila lajeng amendhet
sarupaning barang-barangipun ingkang kasimpen salebeting grobog, o dene mesakaken temen. Ingkang
punika pamuji kula ing Gusti Allah nagari anggaliya, kadi ta para lurah kampung utawi dhusun, ing pundi
kang caket kamergenan lampahipun dursila wau, nagari paringa pemacak, kapredita kang kalayan sanget,
sami ngupadosan titik katranganipun dursila miwah barang-barang wau, samang padosana titik
katranganipun dursila miwah barang wau, kaangeran 15 dinten laminipun, bilih boten waget aleksanani,
manggihaken titik katranganipun, prayogi nagari matrapan pengadilan dhateng para kepala kampung ,
utawi dhusun wau, sami kalepas saka undur sakig pandamelanipun, dadosaken tuladha ing prikancanipun
para kepala kampung, utawi dhusun, murih sumungkem salaminipun angatos-atos menggah panjagenipun
kapulisen, sabab adat ingkang sampun tumindak, para dursila kecu, menawi boten wonten ingkang
sampun tumindak, para dursila kecu, menawi boten wonten ingkang nama dados utawi jarumanipun
titiyang salebeting kampung utawi dhusun kang kakecu, saestu para dursila ajrih anglampahi ngecu. Kula
nymanggakaken para gusti, ingkang sami ngasta panguwasa nagari, anggaliya ingkang ening, menggah
santosanipu atur kula wau, lulusipun ing karaharjan saha kamulan kartanipunnagari dalem Ngayogyakarta
Adiningrat, pikantuka brkah supangatipu para wali ingkang sumare ing tanah jawi. Panuwun kula
ingkang kalayan urmat, ingkang kasebut serat punika, mugi mugi wontena, lumuntur ing sih
pitulunganipun tuwan redkatir,anglebetaken ing serat kabar Jurumartani, utawi ing serat koran Welandi
supados kaudanenan, ing gusti ageng ingkng jumeneng kalipah,tegesipun wakilipun gusti Allah.

Kaserat nagari Pasisir ler tanggal kaping 11 sasi Juni Warsa 1870. Katandhan, Kyai Sandri, ingkang
sampun nate nindakaken pengadinipun kanjeng Gupremen, Mukamad Betaljemur………..

Manawi pareng karsanipun tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani, kula aturi panjurung kabar, manawi
wonten selaning papan mugi kapacka ing Jurumartani. Anuju ing satunggal dinten kula badhe dolan
dhateng ing Nataningratan Mangkunegaran rencang kula lumampah kalih abdi dalem prikonca
panakawan sentana ing kesunanan wasta den Bagus P. kula sampun dumugi ing Penandhon mireng swara
rame-rame,rehning celak kalih radinean ageng, kula mampir ningali dhateng panggenanipun tiyang
rubung-rubung wau, wasana wonten rare alit dipunpangku biyungipun sarta dipun t.. awit maripatipun
macicil kimawon kula pitangledi wangsulanipun rare punika dipun teluh ing setan sampun dangu dipun
usadani punapa punapa dereng saged mulya, ingkagn punika rencang kula lumampah den bagus P, wau
sanget welasipun aningali rare punika, lan nembungaken badhe atutulung usada, biyungipun rare wau
sakelangkung bingahipun, wasana rare wau lajeng dipun candhak uwangipun kiwa tengen dipun
petelaken manginggil kalayan seru, boten dangu rare lajeng nangis ssaknalika saras ingkang dados eram
kula wau dene anggenipun ngusadani punika boten mawi srana punapa-punapa, utawi kula pitangledi yen
mawi japa montra wangsulanipun oten sampun asring-asring mitulungi rare setanen inggih namung
makaten kimawon , dados kul aboten siyos kekesahan lajeng sami mantuk kimawon sareng dalunipun den
bagus wau tilem ing griya kaliyan embahipun ing wanci tengah dalu embahipun den abgus wau kagum
kagum solahipun kados kakerengan kaliyan tiyang, lajeng dipun gugah sareng sampun enget dipun
itangledi, criyos katingal dipun karoyok rare alit gangsal ami kucir, pangakenipun rare kucir punika
anakipun mas Ngabei, Har abdidalem mantri mantaram an raja niten kaliyan anakipun kaum H, inggih
kaum ing Ngarjasediran griyanipun ing Kmlayan saawetanipun ign Condradiningratan wicantenipun rare
kucir wau dipun kengken mas Bei, Har, wau dipun ken mendhet rayatipun den bagus punika,
kayektosaniun sareng enjing rayatipun den bagus wau ical minggat tanpa prakawis dipun suluh suluh
katitik wonten ing griyanipun mas ngabei, Har, punika, kula sareng mireng makaten sanget ing
pangungun kula, sokmakatena embahipun den bagus wau angggenipun nyupena daradasih, mila para
tiyang jaler ingkang sami darbe rayat ayu taksih nem, sami angatos-atosa, bilih ing tembe wonten
lalampahan ingkang sampun kacariyosaken ing nginggil punika, Surakarta tangal kaping 22 wulan Mulud
taun Dal ongka 1799. Katandhan pun Gumun Ngungun.

Ing serat Jurumartani ongka 25 wonten serat panjurungipun Kyai Mualip isi cangkriman e, warni, ingkang
punika manawi andadosaken parenging panggalihipun tuwan redhaktur,kula auri amacak pambatangipun
cangkriman wau, kados kang kapratelakaken ing ngandhap punika.

Ingkang kasebut ing pada 1 punika pambatangipun, pawukon……….


Ingkang kasebut ing pada 2 punika pambatangipun taun
Ingkang kasebut ing pada 3 punika pambatangipun Angen-angen 5 prakawis
Ingkang kasebut ing pada 4 punika pambatangipun Aksara 20
Ingkang kasebut ing pada 5 punika pambatangipun Tawon
Ingkang kasebut ing pada 6 punika pambatangipun Babahanawasanga
Punika pemanggihipun Kyai Pambatang ing Kadirangu.

Para priyantun ingkang pancen anampeni paoss saking swargi tuwan C.A.Han ingkang kala rumiyin
amaosi siti ing Bangsri, ing sapunika kenging pikantuk saking tuwan C.F.B.Hof ing Logedhe.
Surakarta kaping 24 Juni 1870
Katandhan H.F.E.Han

Kula tuwan C.L.Y.Van Ohendhorep ing Jebres Surakarta, angaturi uninga, manawi para tiyang kenging
tumbas kajeng jati, kadosta, gebingan utawi glondhongan ukuranipun warni-warni, sirap tuwin kajeng
obong, punpa malih kula sagahan dhatengaken sawarni ing kajeng kados wewelingipun ingkang badhe
tumbas.
Katumbas tuwan C.L.Y.Van Ohendhorep.

Kareta latu ing Indhiya Nederlan ingkang lumampah saking Samarang dhateng Surakartatuwindhateng
Ngayogyakarta.

Para tuwan ing ngandhap punika, ingkang nguwasani lampahipun kareta latu, sami asuka uninga, manawi
berahaning pantun ingkang kakintunaken kalayan kareta latu, momot jangkep satunggil tunggiling kareta,
punika ing dalem arta satus rupiyah suda salangkung rupiyah, dados amung bayar 7 ½ sen ing dalem
wawratan satunggal ton tuwin satunggal kilo meter, samanten punika ingknag ngintunaken utawi ingkang
nampeni pantun kedah amomotaken arta angucal piyambak tuwin boten kenging anjibahaken bab
sudaning wawratipun pantun. Samarang kaping 8 Juni 1870
Katandhan tuwan R.F.Dheseif,tuwin tuwan H.L.Jansen.

Kareta latu ing Indhiya Nederlan ingkang lumampah saking Samarang dhateng Surakartatuwindhateng
Ngayogyakarta.
Para tuwan ing ngandhap punika, ingkang nguwasani lampahipun kareta latu, sami asuka uninga, manawi
kareta latu,ignkang pangkat nomer 1 tuwin nomer 2 pancen kangge kamomotan barang dagangan, punika
kenging kasewa basbasan, arta pasewan momotaning satunggil-tunggilipun kareta, ing dalem satus
rupiyah mawi kasuda gangsal rupiyah. Bab prajangyeyan ing ngatasing panyewanipun kareta basbasan
wau, para tiyang kenging pikantuk katranganipun wonten ing griya stasiyun utawi panggenan kendeling
lampahipun kareta latu.
Samarang kaping 8 Juni 1870
Katandhan tuwan R.F.Dheseif,tuwin tuwan H.L.Jansen

Serat Katuranggan Kapal


Ing sapuinika para priyantun sampun kenging pikantuk serat katurongga kapal, menggah isinipun
kapratelakaken ing ngandhap punika:
1 Ciri kang sae tuwin kang ngawon 133 bab utawi warni
2 Katranganipun ciri ingkang tumrap ign salebetipun cangken kapal
9 bab utawi warni-warni
3 Bab pethekipun turongga 24 bab utawi warni-warni
4 Bab dinten lairanipun kapal 4 bab utawi warni-warni
5 Bab dinten ingkang sae, manawi badhe tumbas kapal 4 bab utawi
warni-warni
6 Bab pangleburan sakathahing ciri 7 bab utawi warni-warni
7 Bab kramas tuwin panguyangipun kapal 6 bab
8 Bab pangurug tuwin jampining lambe kapal 7 bab
9, Bab jampining kapal saras tuwin sakit 93 bab

Serat katurongga punika amratelakaken sakathahing katrangan prenah utawi watekipun satunggal-
trenggaling ciri, menggah reginipun katamtokaken kados ing ngandhap punika
Manawi tumbas 1 buk regi 3 rupiyah, 50 sen
Manawi tumbas 10 buk 1 iji, regi 3 rupiyah
Menawi tumbas 25 buk 1 iji regi 2 rupiyah 50 sen.
Sakathahing serat punika kenging pikantuk tumbas bayar kenceng saking raden Atmadikara. Tuwan
Purneman, .L.Winter ing Ngadipala, Surakarta.

Para priyantun ingkang sami ameling serat katurongga, kawrat ing serat kalowongan kula aturi, mugi
karsaha angintuni srat wisel pos dhumatengkula, sumerepana panumbasing srat katurongga satampining
serat wiseel wau, kula badhe lajeng angaturaken sakathahing serat kakinarsakakn, tuwan F.L.Winter
Surakarta.

Tuwan P.F.Purneman mentas anampeni pigura ageng ageng sarta sakalangkugn endah-endah warninipun,
menggah gambaripun angimba nalika bongsa Pranes anglurug paprangan.

Tuwan P.F.Purneman angaturi uninga dhumateng para panjenenganipun priyantun Jawi, bilih ing mangke
kadugi andhatengaken barang welingan warni-warni saking tanah Eropah, awit wonten sa tunggaling
mitra kula ingkang anjajah ing tanah Eropah, punika ingkang sagah angintuni utawi anumbasaken barang
welingan wau, saha badhe kakintunaken dhateng kula tumunten ingkang punika kula angaturi pratelan
dhatengt para priyantun ingkang badhe karsa ameling, enggah barang-barnag ingkang saged enggal
dhateng wau, kedah kaawrat ing baita asep saha wragadipun ragi awis tinimbang kalayan bilih kaawrat
ing baita layar. Sanajan barnag arang kula piyambak ingkang wedalan saking tanah Eropah sampun
kathah, ewadene anglengkara bilih anjangkepana sapa milihipun tiyang, mila pangajeng-ajeng kula
supados para priyantun samiya karsa amemeling barang-barang ingakng kula boten gadhah.

Kula kang anandhani ing ngandhap punika, angaturi uninga dhumaeng para priyantun Jawi sadaya,
manawi anggen kula meling laken biru sepuh, ingkang pancen kangge kadamel rasukan sinjang …para
priuyantun jawi, ing sapunika sampun dhateng, punapa malih kula anampeni kancing ageng tuwin alit,
katandhan aksara W mawi Krun. Ing wasana andadosna kauninganing para priyantun Jawi sadaya,
manawi kula sagah damel Gruteni pangagemipun para Amtenar Jawi, manut ingkang kapratelakaken serat
pranatanipun kanjeng gupremen, katitimangsan kaping 2 April 1870 ongka 9
Katandhan tuwan Y.Andriye.

Tuwan Lobatu angaturi uninga dhumateng para priyantun agengalit sadaya, yen piyambakipun mentas
tampi barang saking nagari walandi warni: cet pethak, lampu sae-sae, sutra setin kandel warni-warni sarta
sae-sae, ijo bladhu cemeng abrit, the kaca tolet pantes kangge apra raden ayu, tuwin para priyantu
sanesipun, kaca ageng dipun gantung ing dalem saklangkung prayogi, wacucal perlak saklangkung sae,
erloji sae, sarta sak kalangkung mirah reginipun, lonceng kagantung ing dalem saklangkung
prayoginipun, tutup meja saklangkung bagus-bagus, kareta ingkang saged mlampah piyambak tanpa
kapal kenigng katumpaki rare tuwin tiyang sepuh.

Punika serat Babad awit Pajajaran dumugi Demak.


//sa// Purwaning reh sarkara kinapti, ingkang serat babat Pajajaran ing malem repati sore, rai
ngulakiripun, tangal kaping nembelas lagi, taun Jimakir ongka, sewu pitungatus, sangangdasa lan
sekawan, windunira sangara ingkang lumaris, mongsa katiga awal. Kawarnaha wau Sribupati, Pajajaran
anjunjung kang putra, linuhuraken linggihe, Arya Bangah pilungguh, paninggaluh ing nagari, Jaka
Susuruh ika, andikaning ratu, badhe agentosi nata, Pajajaran yen sang nata, sampun lalis, undhange
srinarendra. Pan wus lama jenenging narpati, kawarnaha ki Bodho kang putra, wus anelas biraine,
micareng jroning kalbu, duk ataken mring bodho nenggih, kaki endi si bapa, lawan biyangingsun, ki
bodho nauri sabda, dhingin mulatan aduwe yayah bibi, ki Jaka asru duka. Kyai Bodho wau micara ris, iya
angger nggonku nemu sira, ing kali Krawang wijile, nggoningsun abebruwun, den wadhai kancana adi,
kasangsang aneng bara, angger purwanipun, marma ayuwa atetanya, bapa biyang, kibodhpo, osiking
galih, sun karya palacidra. Dhingiin sun duwe sanak wewasi, pan awisma satengah ing wana, sun tatakon
ing ngajale, kesah lampah nyadurlur, wong kakalih samya lumaris, sampun prapta ing wana, kathah kang
kadulu, peksi wurahan mencok pang, lawan malih swaranya kapirseng kuping, ki jaka atetanya. Apa
wurahan mencok kayweki, dene polahe kaya manungsa, aneng ing pang linggih bae, bature padha tunggu,
kaki bodho aris nauri, putu ika wanara, malihna kadulu, aneng kakayon katingal, rara ine pan kadi jamang
mas adi, ireng ulese ika. Roro padha sembadane kaki, aremen kaki insun tumingal, ki bodho alon saure,
iku pan paksi siyung, raden Jaka amuwus aris, yen mengkono manira, kaki araningsun, aran ki
Siyungwanara, lah ingendi wismane si eyang kaki, ingkang bisa petungan. Ki putu mangke sampun
angalih,lah ta ayo lumebu mring kutha, sunduwe sanak wong pandhe, tur celak alun-alun, nulya prapta
sampun alingih, wismane wangsanira, wus tata alungguh, katiga Siyungwanara, nulya nyapa kang sinapa
anauri, mila dhateng pun kakang. Ki tukang pandhe gupuh denya ngling, lah ta adhi paran karsanira, ki
bodho alon saure, gih wonten karyanipun kula titip suta ngong iki, wis sira akariya, kibodho wus mantuk,
kocapa Siyungwanara, sakalangkung kipandhe ingsihireki, ngaken putra priyongga. Nggenira pandhe ing
siyang latri, wus salami sang Siyungwanara, wus remen pakaryan pandhe, nulya mentar mrih lebuh, pan
kijaka kagyat ningali, lah iya apa ika,irng angregunuk, ki empu mesem wawarah, ika gajah kagungane
sribupati, gawog Siyungwanara. Den parani gajah nulya linggih, dyan cinandhak gajah gadhingira, sang
esthi andheku age, ki empu linging kalbu, yen mangkono suta ngong iki, bakal niwasi bapa, aja metu
metu, sampun alami sang nata, akasukan angadu wong aprang tandhing ki Jaka sigra ngucap. Bapa empu
manira apamit, ingsun bapa arsa anontona, maring pabarisan gedhe, ki empu alon mu wus, aja lunga sira
nak mai, ni wasing ring si bapa, ywa metu ing lurung ki Jaka maeksa lunga, pan lumayu wus prapta aneng
sitinggil, anerak kang jajaran. Yen ginepok kadi gong samuni, ki Siyungwanara pan tumingal, ginantung
aneng luhure, sigra wau ginayuh, dipun tabuh kanggio samuni, bendhe munya angangkang, tanpegat
tinabuh, sitiggil pan ing ngubengan, dhandhang gula tinilar wus kariwuri, gumanti sekar durma.
Kinarubut dening sagung wadya bala, Siyungwanara iki, nulya cinekelan, kinirigaken enggal, malesat
mring kanan kering, Siyungwanara katuring sribupati. Angandika srinarendra Pajajaran, anake sapa iki,
aturi punggawa, nuwun paduka nata, anakipun empu gusti, wusing ngandikan, pun empun sampun prapti,
angandika sang nata ing Pajajaran eh empu bocah iki, tuhu anakira, ki empu matur nembah, inggih
angsala pamanggih, nata ngandika, marang sagunging mantri. Timbalana anake si empu ika, nulya
ngandikana aglis, pun siyungwanara, prapta ngarsaning nata, angandika sribupati, lah amundhuta, waosan
dipun aglis.
Punika wonten candhakipun
Ongka 28, 7 Juli 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Tuwan A. Margadhan Telegrapis Dherdheklas kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi, awit
saking sakit.
Tuwan Y. Jipper, kumis kantor ing Prabalingga, awit saking panuwunipun kaundur saking
pandamelanipun mawi kaparingan wahel.
Tuwan P. Munik, tilas kumis ing ngatasing pamupuning beya barang dagangan ing Mentok bawah
Bangkah, kaundur saking pandamelanipun.
Tuwan F. Y. Usen kaundur saking pandamelanipun ing ngatasing pananeming cacar ing Krawang.
Tuwan H.W.Dherus kakula wisudha agentosi tuwan Usen wau.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

Samarang
Kala ing dinten Salasa tanggal kaping 28 wulan Juni, kareta latu samun kenging kamomotan barang,
dumugi panggenan pakendelan ing Purwadadi, saking nagari Surakarta tebihipun 3 pal, bilih panggarapan
ing margi kareta latu, kadamel malih kados ingkang sampun kalampahan, saestu enggal dumugi ing
Delanggu anetepi punang pakang dados prajangjeyanipun para tuwan ing kinguwasani lampahing kareta
latu.

BOGOR
Awit saking pawartos, benjing tanggal kaping 11 tuwin kaping 13 Agustus ing ngajeng punika, ing Bogor
badhe wonten balapan kapal, wondening tanggal kaping 12 Agustus wau, badhe wonten pangelaring
kapal tuwin kewan sasaminipun.

Ngayogyakarta
Wonten tiyang jawi kakalih, awasta Raden bagus Sudarsana tuwin Waidin, ing Ngayogyakarta, sami
tumut anglairaken kasagedanipun, ing ngatasing tembung Welandi, nalika wonten Iksamen, ingkang
winasatan Klein Amtenar Iksamen, punika artosipun kasagedaning para priyantun ali, menggah
kadadosanipun tiyang kakalih wau, sampun kenging kawastanan bangkit, yen anglampahi punapa ing
kuwajibanipun, dene raden bagus Sudarsana tuwin Waidin wau, saged dipun anglampahi mekaten punika,
amargi pikantuk wuwulang, wonten ing pamulanganipun kanjeng gupremen, mila kenging dados tuladha
ing sanesipun, sarta andhadosaken ing pangajeng-ajeng, kanjeng gupremen mugi angggaliya tuwin
ganjaran pangkat samurwatipun dhateng tiyang kakalih wau.

SURABAYA
Ing Surabaya badhe wonten kareta ingakng winastan Tramwei, saking pawartosipun inggih punika kareta
tramewai ing Betawi, ingkang badhe kaelih dhateng ing Surabaya.
Pangadilan ing Surabaya, sampun anindakaken karampungan, ing ngatasing prakawisipun tiyang Arab,
ingkang wasta She Abdullah bin Awul, bin Muhammad, Bupaid, bab prakawis kapal iingkang sangsaran
sammotanipun sarem, tiyang Arab wau kapatrapan dhendhea 61120 rupiyah, langkung 94 sen, ananging
boten narimah ingkang dados karampungan punika, mila piyambakipun kedah nyuwun aapel dhaeng
pangadilan luhur ing Indhiya Nederlan.

Betawi
Kalat anggal kaping 17 Juni kang kapengker, kapal latu ingkang winastan Menadho, sampun dhateng ing
Betawi, ambekta tiyang kathahipun, 340 ingkang sami mentas minggah kaji saking Mekah

Serat saking mister Kornelis, acariyos bili babah Yap Ang, inkang angrehaken siti ing Gendariyah Kidul,
pinuju lenggahing gadri, ngajengaken wanci pukul 8 sonten, pejah kacidra ing sanjata, dursilanipun boten
wontten ingkang sumerep, saking dugi duginipun tiyang ing dhusun Cepet utawi Gendariyah wau, awit
kathah tiyang sadhusun kang sami sengit dhateng ing piyambakipun.

Konstantinopel
Serat telegram saking nagari Welandi, anuyariyosaken ing Konstantinopel, wonten griya
sapanunggilanipun sami kabesmen, menggah kateksir pitunanipun sawidak yuta, rupiyah, punapa malih
tiyang kasangsaran sami tumut kabesmi kathahipun 250 wah malih ing masiko kathah tiyang ingkang
sami pejah, nalika wonten lindhu sakalangkung ageng.

BAGELEN
Parentah ageng sampun anglilani pandamelipun wangan, amrih toya saking lepen ing loh ulu bawah
Bagelen, kawiwit saking Kedhung Samak, saeda anjog ing gunungsari, Afdheling Kabumen, supados
saged dipun angelebi sabin kathahipun 8000 bau, bawah dhistrik ing Soka tuwin Karanganyar.

EROPAH

Benjing ing wulan Agustus taun 1871, ing Segrapenhage, badhe wonten pagelaripun bab taberen, asli
saking Nederlan utawi tanah Jawi, sakathahing barang ingkang badhe kagelaraken, kedah kakintunaken
dening para tiyang kang sami damel, pandamelipun barang wau medala saking pambudenipun piyambak,
sarta mupangat tan ing ngakathah, ingkang sae warninipun sarta kang santosa, menggah wragad
pangintunipun badhe kabayar ing nagari Welandi, barang wau taksih tulus gadhahanipu para tiyang kang
sami angintunaken, ing sarampungipun panggelaring barang wau, badhe kawangsulaken pabayar wragad,
menggah ganjaranipun katamtokaken kados ing ngandhap punika.

Medhali salaka edus jene mawi arta 100 rupiyah, utawi 50 rupiyah
Medahali salaka edus jene mawi arta 50 rupiyah utawi 25 rupiyah
Medhali Sanguban edus jene mawi arta 25 rupiyah, utawi 15 rupiyah
Medhali wau mawi kakanthen serat pangalembana, sarta badhe kapratelakaken sakathahing barang
ingkang pikantuk ganajaran wau
Panjurung kabar ing Jurumartani.
Nalika ing dinten Kemis tanggal kaping 29 wulan Mulut ing taun Dal ongka 1799, mas Ayu Inya dalem
ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan ing Surakarta ingkang jumeneng sapunika, atilar donya mantuk
dhateng ing kalanggengan jalaran gerah sarira sadaya, wondene sedanipun siyang wanci kendel pukul 11
awi gerah dumugining atilar donya wau awit saking karsa dalem kawengku wonten ing lebet karaton
wanci pukul 5 sonten rampung lajeng kaangkataken kapetak ing Kartasura, dene rarenggan paurmatan
utawi ingang andherekaken anglangkungi semuwaka sami kaliyan putra santana dalem saking watawis
yuswanipun mas Ayu Inya wau sampun 65 taun boten saking punapa anggen kula kamipurun
anglebetaken ing koran punika namung supados andadosna pamirengipun para kadang wandawanipun
ingkang asasana ing tanah ngamonca ingkang dereng pikantuk saserepan pawartos. Ti Ti
Katandhan Mardhawa.

Kang iring pakurmatan akathah-kathah katur tuwan ingkang ngarang srat Jurumartani menawi pantes
serat kula punika kapacaka ing Jurumartani.. kala tanggal kaping 7 Juni kula angedel damel dhateng ing
Tegilganda ing ngriku kula sumerep criyosipun tiyang, menawi sakleripun dhusun ing kadipira
bawahipun tuwan Godlip kiliyan ing ngriku wonten sendhang kalih iji, sangking criyosipun para tiyang
dhusun kanamakaken sendhang Matenan ing ngriku sampun kathah tiyang ingkang sami pikantuk jampi,
dane wotnen tiyang sakit balung adus ingngriku dados kamayaranipun, mengggah sarat menawi badhe
adus warni klepon kaliyan srabi abrit pethak punapa malih sekar boreh, kadekekaken wonten sak
kiwatengenipun sendhang wau.. Titi Mesen kaping 29 Juni ongka 1870.
Katandhan Gala Semita..……………………….
================================================================

Wangsulan dhateng Darmacarita


Kula sampun nupiksa seratipun Mas Darma, ingkang tumrap ongka 25 Suraosipun asung pangalembana,
dhateng tyag Ngayogya, witing pangalembana, bab penggarapipun lurung-lurung sadaya, punika
darmacarita, darbe panedha, sampun katungkul main kimawon aluhung garap radinan E, E, Mas,
pangalembana sampeyan punika punapa, sampun mathem, yen yektos mathem kula nedha priksa dhateng
sampeyan, penggaraping radinan wau, sampeyan punapa, tumut nandangi, , macul ngrakal piyambak,
inggih amung utusan. Nandangi utawi boten kula angajeng-ajeng, katrangan sampeyan tumunten.
Katandhan pun Sekinokang.

//Sinom// Ingsun arsa ambatanga cangkriman ingkang tinulis, jurumertani kang ongka pitulikur Juni,
namung gangsal prakawis, punika cangkrimanipun, ugi leres lan lepat sumongga ingkang mriksani,
nomer siji punika pan peksi gemak. Ingkang kali bab punika, kang wisma teleng jeladri saben saben yen
akrama, kedah winayuh ing laki, ngrabeni padha siji, nora nana ingkang ayun, prandene yen tan ana,
sakeh murudene wani, inggih ugi pambatang kawula uyah. Nomer tiga lan sekawan, tuwin gangsalipun
malih, punika satriya ingkang, pan arsa ananulup paksi, nomer sekawane ugi, kembang pandhan
batangipun, kantun kanong nomer gangsal, punika pambatang mami inggih ugi satriya ngincup kendhal.
Katandhan Kyai Camben.

Panuwun kula dhumateng tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani, saha ingkang tabe, kairing
sakathahing urmat, mugi seratan kula, ing ngandhap punika, karsaha macak ing serat Jurumartani. Kula
sampun aninglaai jurumartani, ongka 21 wulan Mei, taun 1870 ing ngriku mungel pralambangipun
Kramayekti, saking klebat suraosipun mirit serat paniti sastra, mawi katandhan nama Mas Setya, ing
Ngayoja, o, kula nuwun mas Setya, asanget pengunggo unggo kula, mugi kula katularana, saget kados
dening sampeyan mekaten, anamung sampeyan sampun ngantos kaluhuran nyeno memper kenong
barang, sumlonong kados pun kula punika, e, e, ;lah dalah dereng ngantos dumugi anggen kula
ngraosaken kramayekti, kaselak kasandhung gembuk, ing Jurumartani, ongka 24 Juni 1870 wonten
mungel tondha namanipun Mas Jaya Arina, ing Ngayoja, ingkang boten lega ing panggalihipun, aningali,
aningali serat Kramayekti, saking lantip ing panggalih, kengis amingis-mingis lur pucuking saratama,
dedamelanipun mas Setya, kawestaan anyanyemoni ing praja, rak inggih mekaten ta: mas Jaya Arina, O,
kula nuwun mas Jaya, mugi kula katularana, separadasan saged lantip kados sameyan punika, boten
botenipun para limangatusan, utawi para pitungatusan inggih lothung nun, mugi mugi sampeyan sampun
katularan gemblung, kados pun kula, kaliyan wonten saseratan sampeyan mas Jaya Arina, suraosipun,
kadugi nadhahi, sagendhingipun mas Setya, ingkang punika nun, boten susah mas Setya, manawi
katantun gendhing bok inggih kula kemawon sampun dados dhasar sampun kathekeran anggen kula
nyedhiyani, anetepaken udheng kula, angulahaken jongga, angobahaken jaja, amapanaken suku, anggen
kula badhe jengklek, anamung nun kauningana, gendhing ngant gong sangajja, ingkang kula remeni,
tigang prekawis, 1: ladrang pitutur, 2 awunawun, 3, sampyong, dhasar badhe gong, srisig srigak netra
ngujiwat, suku griyul ngidak sasampunipun ing ngegong, lah sekecanipun mas lo punika cariyosipun
kang sami saget beksanun, ing wasana boten langkung, kula nyuwun pangaksama kang agung anglimuti,
dhateng ing badan kula, tiyang Ngayoja. Nama Pak Klenik Gemblung Cilik.

Kula tuwan C. L. Y. Van Ohendhorep ing Jebres Surakarta, angaturi uninga, manawi para tiyang kenging
tumbas kajeng jati, kadosta, gebingan utawi glondhongan ukuranipun warni-warni, sirap tuwin kajeng
obong, punpa malih kula sagahan dhatengaken sawarniing kajeng kados wewelingipun ingkang
badhetumbas.
Katumbas tuwan C.L.Y.Van Ohendhorep.

Para priyantun inkang karsa tumbas serat Jurumartani, awit wulan punika dumugi wekasing taun 1870
kenigng ambayar namung 6 rupiyah, Katandhan tuwan P.F.Purneman.

LELANG
Griyanipun tuwan Tesen, benjing ing dinten Kemis tanggal kaping 14 Juli punika lelang awarni kaca,
pigurah, meja bunder, meja pasagi 4 iji,meja dhahr kajeng mauni, kenap, kursi goyang, setrali awarni-
warni, meja cuci mukak mawi marmer, tempat tidhur kumplit, benet wadhah dhaharan, sirpis
dhahar,utawi serpis the, gelas kestelan, lemari tosan wadhah yatra, tuwin lemari sanesipun saking kajeng
maoni mawi sekaran, kreta tuwin kapal kalih iji, pakeyan kreta, sarta barang warni-warni

Punika pratelanipun barang, ingkang sawek dhaeng saking nagri walandi.

Tekenandhus, maberpenmas, jongka, siku, mangsi cina, penuli, potlot, setalpen mawi sela inten, om,
potlot mawi gagang jene, lambaran panyheratan, bekakas panyeratan, wadhah gambar warni-warni, erloji
jene, utawi slaka wadhah mangsi mawi skrup, jidaran ngangge kuningan,keras warni-warni, amplol ageng
utawi alit, gambar ageng praosan, potlot peber, mangsi cemeng utawi ijem. Katandhan tuwan
P.F.Purneman.
Surakarta kaping Juli 1870
Kula ngaturi uninga, dhumateng para priyantun ing nagari Ngayogyakarta sadaya, ingkang sami karsa
ngecapaken serat stat, utawi serat pethuk, tuwin pones kapatiyan, punapa malih kertas awarni-warni,
pirantos panyheratan, buk warni-warni, sami karsa amitungkasa dhumatng tuwan Pilis, ing Ngayogya.
Katandhan tuwan Purneman

Para priyantun ingknag pancen anampeni paos saking swargi tuwan C. A. Han ingkang kala rumiyin
amaosi siti ing Bangsri, ing sapunika pikantuk saking tuwan C.F.B. Off ing Logedhe.
Surakarta kaping 21 Juni 1870
Katandhan H.F.E.Han.

Serat Katuranggan Kapal


Ing sapunika para priyantun sampun kenging pikantuk serat katurongga kapal, menggah isinipun
kapratelakaken ing ngandhap punika
1, Ciri kang sae tuwin kang ngawon 133 bab utawi warni
2, Katranganipun ciri ingkang tumrap ign salebetipun cangken kapal
9 bab utawi warni-warni
3, Bab pethekipun turongga 24 bab utawi warni-warni
4, Bab dinten lairanipunkapal 4 bab utawi warni-warni
5, Bab dinten ingkang sae, manawi badhe tumbas kapal 4 bab utawi
warni-warni
6, Bab pangleburan sakathahing ciri 7 bab utawi warni-warni
7, Bab kramas tuwin panguyangipun kapal 6 bab
8, Bab pangurug tuwin jampining lambe kapal 7 bab
9, Bab jampining kapal saras tuwin sakit 93 bab

Serat katurongga punika amratelakaken sakathahing katrangan prenah utawi watekipun satunggal-
trenggaling ciri, menggah reginipun katamtokaken kados ing ngandhap punika:
Manawi tumbas 1 buk regi 3 rupiyah, 50 sen
Manawi tumbas 10 buk 1 iji, regi 3 rupiyah
Menawi tumbas 25 buk 1 iji regi 2 rupiyah 50 sen.
Sakathahing serat punika kenging pikantuk tumbas bayar kenceng saking raden Atmadikara. Tuwan
Purneman, .L.Winter ing Ngadipala, Surakarta.
Belum ada teksnya (IKLAN)

Para priyantun ingkang sami ameling serat katurongga, kawrat ing serat kalowongan kula aturi, mugi
karsaha angintuni srat wisel pos dhumatengkula, sumerepana panumbasing srat katurongga satampining
serat wiseel wau, kula badhe lajeng angaturaken sakathahing serat kakinarsakakn, tuwan F.L.Winter
Surakarta.

Bawah ing Samarang.


Sakathahing pethuk saking Penglangkung persil ing Sayung, punika sampun kula ecap, manawi
kaparengkula aturi mendhet ingkang tumunten sampun ngantos kadangon, pema-pema.
Tuwan Purneman ing Surakarta.

Kauningana para priyantun ingkang sami ngemim serat Jurumartani, manawi angkaning srat Jurumartani,
wonten ingkang kalangkungan kadosta, awit ongka 21 lajeng bandhak ongka 23 punikalersipun ongka 22,
rumiyin lajeng urutipun, ingkang punika sampun andadosaken congahing panggalih. F.L.Winter.

Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran


Tan antara sang nata ngilo paesan, angandika sang aji, empu sutanira, mengkon sun pundhut iya, pun
empu matur wotsari, gusti sumongga, tanlenggane karsaji. Pan kinumpulaken lawan panakawan,
risampun lami lami, ki Siyungwanara, sampun pinundhut putra, dening wau sribupati, pan kiya patya,
ngundhangi wadya sami. Eh sakehe prapunggawa Pajajaran, padha den ngati-ati, anak putuningwang,
dipadha aprayitna, sagunging kang para mantri, langkung jrihira, marang rekyana patih. Wus warata,
parentahira sang nata, sampun nalami-lami, prabu anom ika, ngndhangi marang bala,ing sataun besuk iki,
ana wawelak, padha den ngati-ati. Para mantri den padha abgawruhana, nanging ingkang rinukti,sandhang
lawan pangan, yen reng kakang nagara, kalangkung susah kanggalih, matur wotsekar, pramilanipun gusti.
Wus mangkana sang nata angasa-arsa, sampuning lami-lami, prabu anom ika, empu dhokas ngandikan,
apan padha sekti sekti,siyung wanara, akarya gedogn wesi. Sampun ddya arnanira langkung pelag, bisa
menga pribadi, mineb tanpa lawang, ebat sagung kangmulat, sagung waday aningali, krig sanagara, wong
gunaung desa prapti. Nulya katur dhumateng srinaranata, putra paduka aji, sang prabu anom iku, inggih
Siyungwanara, pan akarya gedhong wesi, langkung apelag, mengamineb pribadi. Angandika sang prabu
ing Pajajaran, kacaryanning pawarti, nulya tinimbalan dening sang srinarendra sapraptanira wotsari, wus
munggeng ngarsa, prabu anom dipati. Prabu anom ngandika marang utusan, apa karyanireki, prapta
ngarsaningwang, kang ngingutus mojar, paduka ngandikan gusti, mring rama tuwan, sumongga dene
gipih. Dyan kawarna sang nata arsa ngadhatyan, sampun prapteng jropuri, sang nata ngandika, payo kene
linggiya, nulya majeng awotsari, siyungwanara, mangrepa ing narpati. Angandika sang nata ing Pajajaran,
ing sun tanya sayekti, kulup marang sira, ujare kang pawarta, sira karya gedhong pesi, matura nembah,
inggih leres sangaji. Ing sun arsa uninga pakaryanira, kang putra awotsari, wus miyos mring jaba, apa
rentah mring wadya, kinen ngusung gedhogn wesi,lumebeng pura, prenahna ing sitinggil. Raden
siyungwanara sigra anembah, pun gedhong sampun prapti, sang nata tumingal, gedhong wesi apelag,
kacaryan sira sang aji, wau duk mulat, paningsun tembe uning. Ing ngabanan kang gedhong wesi
mengaha, gegetun sribupati, malih ing ngabanan, gedhong kinen mineba, nulya mineb gedhogn wesi, ebat
angmulat, ngandika sribupati. Apa kena ingsun lamun lumebuwa, matur saha wotsari, pangraos kawula,
langkung sangking prayoga, sira abana namaning, kinen mengaha, marang srinarapati. Gedhong menga
wus lumebeng jro sang nata, ngadika sribupati, kulup ingnembena, anulya ing ngineban, wus rapet sigra
kinunci, sang nata mulat, ing jro langkung respati. Angandika sang nata sira engakna, nulya ngabanan
nuli, kanglawang tan menga, saya sanget inebnya, andika sribupati, eh kayaparan, lawang tan menga iki.
Atur sembah Siyungwanara sampean, engeta padukaji, wicantening ajar, Siyungwanara ika, wus miyos
prapta ing jawi, sampun sanega, nulya andikeng patih. Eh apa tih undhanga wong Pajajaran , buwangen
godhong wesi, labuhen sagara, iku dadi usada, wawelak gedha ing benjing, yen tan binuwang, pasthi
welak andadi. Kiyapatih wus budhal sakancanira, lumebu marang puri,kunjara ingangkat, gedhong wesi
binuwang, ing sagara wus lestari, pan kawarnaha, Jakasusuruh nenggih. Dukmiyarsa kang gedhong wesi
binuwang, isine sribupati, kalangkung bramantya, nulya lumebeng pura, kapanggih lan sribupati, dahat
duknya, jaja lir worawari. Nulya ngamuk Jaka susuruh kasoran, mangetan lampahneki, wangsul
srinarendra, wus lumebeng jropura, kocapa ingkang lumaris, kanglolos ngetan, kalangkung kawlas asih.
Selirira kacandhak dening sang nata, nulya tinanyakaris, mring ngnedi si kakang, ponang selir turira,
kawula boten udani, amba tinilar, tanwikan puruneki. Paning dalukesah era kapaduka,ngandika sribupati,
sira anusula, aturana sikakang, baliya maring magari. Tur sembah mentar, wau iongkang tinuding.
Gegancangan kang kesah amurang marga, kalawan punang selir, kocapa semana, jakasuruh neng marga,
amandheng tingale ening, tan kawoworan, dyan pitekur alinggih. Leggah sawi angekep suku rahadyan,
tumungkul mandeng siti, langkung kalasarsa, Jakasuruh semana, watawis satengah sasi, anenging marga
masuh abdan pribadi, Pan kasaru panakawan dhatengira, sakala tan udani, marang gustinira, aneng
luhuring ngarga, nyanane arga sayekti, arsa tetanya, prenahe gustineki. Pinaranan rahaden ngoyog tan
obah, sapisan kaping kalih, kongsi kaping tiga, kaping sekawan kagyat, rahadyan ngandika aris, lah ana
paran, sira gugah ing mami. Datan nyana rahadyan gusti kawula, nangis sarwi nungkemi, rahadyan
ngandika, uwisira menenga, ingsun atanya sireki, pakaryaira, sira nusul mring mami. Atur sembah kang
ngabdi sarwi karuna, pramilanipun gusti, ambanusul tuwan, kinen rayi paduka, sampeyan dipun aturi,
mring rayi tuwan, kondura mring nagari, sumaur rahadyan, sun tan gelem muliya, ywa sereng ujar mu iki,
anglir denawa, pangucapmu mring mami. Pan sakala panakawan dadya buta, saking sabda sang pekik,
sawabing kusuma saksana selirira, nungkemi padaning gusti, sarwi karuna, tangis karya runtik. Punika
taksih wonten candhakipun.
Ongka 29, Kemis 14 Juli 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Tuwan Y.H.Fandhenbruk Dhirwardher landrad ing Bogor, kaundur saking pandamelanipun kalayan
urmat
Tuwan K.E.Pes Juruserat ing kantor Bogor kakula wisudha agentosi tuwan Fandhenbruk dados
Dhirwardher.
Tuwan Y.W.In kakulawisudha dados Irstekumis ing ngatasing pandamelanipun wis tuwin budhel kamer
ing Samarang
Tuwan C.F.Pikhar, tuwin tuwan F.W.Dhowes sami kakulawisudha dados Twedhekumis ing ngatasing
pandamelanipun wis tuwin budhel kamar ing Samarang.
Tuwan Mas Wiryadirawongsa juru serat ing Kabupaten ing Brebes kaundur saking pandamelanipun ing
sapunika dereng wonten ingkang agentosi.
Tuwan Mas Citradiwongsa, juru serat ing asisten resdhenan Pamalang, kakulawisudha dados mantri
gudhang sarem ing Randhudhongkol dhistrik ing Madiraja, bawahing Pamalang, mawi kaparingan
balonja 50 rupiyah ing dalem sawulan.
Tuwan Purwadiwongsa, magang kantor asisten residhenan Pamalang kakulawisudha dados Juru serat ing
Pamalang mawi kaparingan balonja 25 rupiyah ing dalem sawulan.
Tuwan Mas Wryadimulya kakulawisudha dados Juru seratipun tuwanKontelir ing Pamalang mawi
kaparingan balonja 15 rupiyah ing dalem sawulan.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

SURAKARTA

Salebetipun wulan Juni taun punika, ing Surakarta wonten Eksamen, anjawi murid pamulanganipun
kanjeng gupremen, putra dalem kanjeng gusti pangeran Ariya Mangkunagara, ugi karsa amedharaken ing
kasagedanipun wonten ing dalem Mangkunagara, kawuningan tuwan Pandhersis insepktur ing ngatasing
pamulangan calon guru jawi ing Surakarta, tuwin para tuwan sanesipun, sarta sampun tatela bilih putra
dalem utawi para murid wau, samitumindak ing kasagedanipun.

Serat kabar Walandi, ingkang winastan Lokomotif, anyariyosaken manawi kala ing dinten Setu kaping 26
Maret taun punika, ing kitha kap wonten griya pagadhen saisinipun barang-barang kabesmen, griya
saisinipun sadaya, punika ing ngajeng sampun katanggel… dening Asuransi Matschappy, karegenan
240000 rupiyah, mila awit saking panika kedah pikantuk tatempahan.

Pakabaran saking nagari Welandi, anyariyosaken bilih putranipun estri tuwan Mayor Pandri, badhe
kekesahan dhateng nagari Londhon, numpak kareta latuIrsteklas nagkatipun saking Briton wonten mari
celak griya tasiyun Astog, lare estri wau ingkang watawis umur 12 taun, punika lendheyan korining
kareta latu, pinuju boten kakancing ingkang prayogi, ing wasana lajeng menga, lare estri wau dhawah
anemahi pejah, dene tuwan ingkang wajib anginebaken utawi ambikak korining kareta wau, amargi
saking sumeging manahipn lajeng andadosaken ing pejahipun.

BATAWI

Serat pakabaran kang winastan Mataari, anyariyosaken, nalika malem salasa tanggal kaping 18 Juni kang
sampun kapengker, tuwan Kaji Mayor Mukamad Toran, Alimudin, sampun ganjal tuwan Kaji wau
sampun pansiyun, kala rumiyin anglamapahi pandamelan dados Upjaksa, sarta ginanjar bintang jene,
anggenipun katrima lelabet dhateng kanjeng gupremen, ingkang kalayan taberi ing dalem 50 taun
laminipun.

Ing salebetipun wulan Juni ingkang sampunkapengker, wanci siyang wonten sawijining tiyang jawi,
saking kampung ing Jati, kekesahan dhateng Bekasi, sareng wonten ing margi andheg ing durjana, sarta
lajeng kasebrot dhuwungipun, tiyang darbe dhuwung wau, suka panebus arta kathahipun 6 rupiyah
nanging tiyang kang sami nyebrot boten angajengi panedhanipu panebis 10 rupiyah, dene tiyagn kang
kasebrotan lajeng dhateng pakampungan sakiwatengening ngriku, ngupados sambutan yatra badhe
kadamel wewah jangkeping panebus sadasa rupiyah, sareng sampun angsal,tumuntn wangsul dhateng
panggenaning kasebrotan wau, ananging dursila sampun sami boten wonten, wah malih ing Cakung, ugi
wonten kalampahan kang kados mekaten, menggah dursilanipun ngantos sapriki dereng katitik.

Awit saking pawartosipun tuwan Y.Polenupen,tilas asisten Residhen ing Majalenga, ingkag kesah
dahteng nagari Welandi, nalika tanggal kaping 16 April taun punika, pejah wonten ing margi, punapa
dene kapitaning baita kapal anama tuwan Dhainker tuwin Matrus ing saawatawis sami pejah kenging
sasakit warni-warni.

JAPARA

Raden Adipati ing Japara, ignkang sampu dhngkol, asung pakabaran manawi ingkang ibu anama Mas
Ajeng Sumadiwirya, rayinipun Kajeng Pangeran Citrasoma, agagriya ing dhusun purwagonda, bawah
Nyamat, nalika tanggal kaping 15 Juni ingkang sampun kapengker, atilar donya mantuk dhateng
kalanggenan sampun yuswa 120 taun mas Ajeng Sumadirwirya wau lampahipun wungkuk sampun sua
ing kaengetanipun, menggah ing kang dados anggawokaken re,maniun mas ajeng wau tgaksih kathah
ingkang cemeng, sarta wajanipun saweg dhaud satunggal.

SURABAYA

Kala tanggal kaping 29 taun punika, nalika saradhahu batalion 14 sami kaajar lesan, wonten satunggiling
saradhadhu jawi, anjenjata kancanipun, ingkang boten tebih kaliyan piyambakipun, saking awadipun
kadangu boten katemaha.

Awit saking pawartosipun para tuwan ingkang sami amaos siti dhusun ing Pajang, sami sabiyantu
nyambuti yatra, dhateng sepur weh matsekappy, inggih unika para tuwan iingkang sami nguwasani kareta
latu kathahing yatra, 60000 rupiyah, mawi prajangjeyan margining kareta latu, saking Surakarta anjlog
delanggu badhe dumugi ing Ngayogyakarta, badhe karampungaken dalem kalih wulan, menggah
pambayaripun arta wau, badhe kaetang kaliyan wragadipun pamedaling tanah ing ngriku ingkang
kakintunaken dhateng Samarang, tuwin sanesing panggenan………………….

Wangsulan kang kathuwel saking Memba Sutija, dhateng Sutija balaka inggih raden Mas Grinda.
Seratipun Sutija Balaka ingkang kapacak ing Jurumartani ongka 24 amratelakaken kagungan panggraita
bilih kula cangking kacangkiwing ing tangan kiwa, inggih punika arda paripaksa kula
andumuknamanipun ingkang sumebar wonten ing Jurumartani.
Punika wangsulan kula menggah ing ngatasipun panggraita ingkng makaten punika kula anamtokaken
boten soka priyantuna annyipta makaten sestu namung dumunung wonten panglalaring panggalih
sampeyan pyambak awit rumaos andarbeni nama kakalih wau sanadyana para sarjana saged amastani
inggihugi boten katarik saking saseratan kula, anank timbang saking lejem lalageyan solah bawaning
ukaranipun kartasumbaga Tiron akalayan raden mas Grinda, samanten punika bilih kul aboten saged
nimbang lalaguning ukara, awit yektosanipun kula taksih kathah kakirangannipun dhateng bab ing kang
kanggo sasran namung katimbagn kartasumbaga temen punika sumongga. Sampeyan anggalih boten
saged angoncati ing panarka mila kedah suka panrimah sarta manjurungi mugi lestantuna kalantipan kula
saged amamethek namanipun para sarjanaing juru martani, sampun ngantos anguyel sampeyan
kemawon utawi mratelakaken ing panggrundel sampeyan makaten, wong wus padha weruh galibede sok
nganggo anyanyamar kaya dhayoh. Punika kula namung kumamang akarsa sampeyan salajengipun kedah
kula tampani ing tangan kakalih kinunjara ing dalem sanubari dados salalantaran tumindaking panggayuh,
ananging mugi andadosna aunngan ing sampeyan menggah losing pamanah kula inkgang sampun
kapacak ing Jurumartani ongka 21, punika boten saking punapa, namung prelu angaturi pamrayogi
ananma Raden Mas Grinda, tgesipun kul aboten dherek bilih sampeyan namaha Karta Sumabaga tiron
awit wujuding tiron punika ngadat saestu kedah awon ananging bregas ingkang katiru, ing mongsa kabilih
panimbangkula kasagedanipun karta sumbaga temen unika tebih saweg katimbang ing kasagedan
sampeyan. Salajengipun sampeyan amratelakaken bilih sampun karsa mungus-mungus badhe
ngatingalakenkados dene panjurungipun katitimangsan kaping 8 mei 1870 ingkang sampun kapasak ing
Jurumartani onkga 23 ing ngriku wonten tondha nama sampeyan ingkang nyamleng kaliyan pethek kula.
Punika inggih sukur sarta sakalangkung suka bingah kula kanthi pamuhi mugi lestantuna karsa ambucalna
makarta sumbaga tiron. Awit saking istijabing puji sampeyan ingkang boten liya saking barkah kula
amangke sampeyankacipratan saged mamethek mila anantun ing kula punapa nyagahi bilih sampeyan
lairaken nama kula ingkang pating talening wonten ing Jurumartani, tuwin nama kula sajati, punika
gumantung wonten kang jati panggalih sampeyan pyambak. Wasana sampeyan badhe bingah gagujengan
kaliyan kula kemawon rumiyin awit sampeyan mireng para sarjananing jurumartani saweg sami rena
dhateng sukawati ingakng sapunika pleseh pantun. Punika kados kula boten saged awit ingkang kul
aangge wijining gagujengan dhatneg sampeyan boten wonten samanten ugi manawi sampeyan kedah
midih ing kul asaestu sampeyan namung kedah mbalebri kawruh dhumateng kula, inggih punika sarehne
sampeyan mieng bilih para sarjanaing jurumartani saweg sami rena, mila kula anyibahaken ing sampeyan
aparinga saserepan bab pitakenipun ardaaminta, ingkang kapacak ing Jurumartani ongka 9 taun 1870
punika. Samanten kemawon saestu sampeyan anyekapi punika prayogi kagaliha lajeng paringa
katrangan. Surakarta kaping 18 Juni 1870.

Wangsulan dhateng ingkang sisilih nama Bismawicara


Ing sawatawis sampun andadosaken padhanging manah kula, saking panjarwa sampeyan ing pitaken kula
babasan sajabaning parewana, tuwin angebun enjing anjawah sonten, wasana sampeyan gentos apitaken
dhumaeng kula, tembung ruba tuwin riba, utawi batal karam sarehning kula dede santri inggih naming
mireng-mireng kimawon saserepan kula kados ing ngandhap punika. Ingkang katembungaken riba
punika, amal ingkang boten suci kados tatiyang ingkang remen potang anganakaken arta gadhe bratuhut
winebas balonja kang dereng kahana misil amesthekaken ingkang dereng yekti,, punapa dene tiyang urup-
urupan paritinuku ing beras tuwin nebas pariadegan angijo ing sawah, samanten malih tiyanga botohan
punika kalebet misil riba, datan suci binukti,malah malah punika karam wondene kasap ingkang suci
punika, kedah satitah karan allah, kados tetumbas ingkang nuju masa, ng salimrahing regi, punika
tinandho ing ngantimasa, awit ing tembe reregen sampun ambekta piyambak, dados boten adamel regi,
punika ingkang katembungaken sangu pajiwa suci ing ngelminipun dene bab batal karam pamireng kula
anjawi ingkang sampun katawis ingkang radi samar, kados tau lamaesa: 1, punika, 6 ingkang kaloebet
karam, utak,balung, getih, pringsilan telpong, wulu, anjawi punika balung nem iso nem inggih babagan
karam iso punika awit asaling telpong, ingkang wirid sami anyirik dene krupuk rambak punika asring
katutan wulu, punika samaripun kados tiyang siyam ing wulan ramelan kathah ingkang batal datan rusaos
kados susur acukil untu anggugut tuma, punika gatal ingkang samar utaminipun kedah resik mila ingkang
kocap wajibing rasul piunika tigang bab, sidik amanat, tablih, mokalipun inggih samanten ugi, gidib
kiyanat, kitman, dene maknaniun watawis sampun sami anguni-uni, dene parluing wulu punika, 6 niyat
masuh rai, ngumbah tangan kuping karo masuh suku, tatip, dene sunatipun 5 masuh bunbunan ngisep
toya ing grana, masuh githok kekemu, ngumbah urat, bataling wulu 5 gepok urat katibanan najis
medalaken sesukerm anggepok tiyang ingakng dede mukime, turu ingkang lali, parlu ningsalat, 11 niyat
takbiratulikram patekah, rukuk iktidal tumaninah, sujud antaranya sujud roro tumaninah, lungguh sarta
tumaninah, tahyat akhir tumaninah, salam bakda, tatip batalipun, 8 wuda, mendem gumuyu, dhehem
mumukul tumindak angucap karuna. Sampun namung punika saserepan kula manawi dangu tunggilipun
watawis sampun telas, leres lepat kjula sumongga, ingkang para ahli sarak dene bab pandugi sampeyan
anggen kula damel ongka rum ugi leres kalintu,kados teksir sampeyan punika panyerat kula, serat ing
Grejen kaping 28 Juni 1870. Katandhan Kridhamardhawa..…….

Ingkang sinaroja ing kaurmatan kaliyan tabe, akathah kathah, katur ingkang sudara,tuwan Redhaktur,
ingkang ngarang serat Jurumartani. Manawi andadosaken pirenaning panggalih, panjurung kula punika
mugi kapacaka ing Jurumartani. Sarening sampun asring kimawon kula nyerepi para prayantun ingkang
sami mengku bawah, rikalanipun wonten bencanagriya kabesmen, manawi tandang boten saged sareng
kaliyan panekaripun, ingkang gegriya tebih ing sawatawis, sanadyan panekar lajeng sami nusul,ugi awis
ingkang saged pinanggih, margi katawur ing kathah, dados sami ngentosi kunduripun kaliyan nonton,
sareng lurahipun kundur lajeng dherek garubyug, perlonipun naming angsala saksi yen piyambakipun
wau tandang, mangankah sumanten wau ing ngatasipun badhe adamel kodheng, yen dipun trapena
lepatipun, temenipun dhateng ing papan,manawi boten katrapaken, cihnanipun ing tandang boten wonten,
supados icalipuntindak ingkang sumanten, sawatawis kedah dpunpalangi, sangking satnosaning panggalih
ingkang jalaran ing kautamen. Priyantun lurah bekel wau, samaongsa tandang griya kabesmen, rikala
mongsa dalu, anamtokna mawi tatenger,lentera kareta, ingkang mawi kapirantosan sageda inggil, 7 utawi
8 kaki, lentera wau sampun ngantos pisah kaliyan sosongipun, kaitngala sangking katebiyan, dadosa
tetenger para panekaripun ingkang sami nusul sageda inggal pinanggih, makatenugi lentera wau boten
ngamungaken yen dadosa tenger kimawon, yen kangge lumampah saleeting pagriyan tuwin margi rumpil,
inggih mupangati padhangipun. Awit ing wekdal punika, para ageng ingkang sami ngasta panguwasa,
anggenipun karsa nayntosani, langkung kaot kalih ing ngajeng-ngajeng , saha mangangkah
kaindhakanipun raharjaning nagari, tuwin tatatentremipun para ingkang sami gegriya, awit samongsa
wonten griya kabesmen,meh kengign kapesthekaken para ageng wau, sami rawuh amriksani, ngantosa
dumugenipun sirep ing latu. Makaten ugi para priyantun wau, manawi pinuju tandang ;langkung rayogi
yen mangagem marasukan sikepan cekak, tuwin beskat, awit ing waktu punika badhe sarawungankaliyan
para ageng, samanten malih, kanjeng sampeyan dalem ugi asring miyos mariksani. Mila kula kadugi
mrasajakaken ingkang sumanten, supado samiya galih ngatos-atos, sampun gnatos wonten satunggal
priyantun kasluru sangking bab pangangge, sabab kula sampun anyipati piyambak, nalika kula ningali
griya kabesmen salebete beteng, wonten priyantun sami ngangge rasukan kabayak, kalung kacu, iket
inketan cara medura, kapendhowon wiyos dalem, lajeng sami dhodhok mepet bango ngajeng adinagaran,
salangkung dalem wau, tiyang ingkang mangangge boten pantes sareng kula pepaosaken sami aclum
ulatipun, warwi gemeter, sadangonipun kula celaki, dereng ngadeg boten wicanten, wawratipun naming
kapriksa sak lklebatan kimawon mangkaten, sak iba ngantos saka dangu, kados lajeng semaput, tuwin
lajeng boten anggadhahi kaengetan, punika kawujudanipun tiyang alepatan kabingarana boten bingar,
katetegna boten teteg, ulatipun kaabritna malah pethak. Titi, kasrating dhusun Ketaon kaping 28 wulan
Mulut taun Dal ongka 1799. Katandhan Darmapandaya.

Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran

Ngandika sru radyan marang selirira, dene aya raseksi, iya tangisira, ngebeki jroning wana, gya selir
dadya raseksi, sami sakala, saking sabda dyan mantri. Kaya paran nggoning sun baqleni ujar, apa uwis
pinasthi, sapa kang balekna, yen wus pasthine iya, matura seksi kakalih, lampah kawula , andherek
dhateng gusti. Ngandika lon arepa putra mring raseksa, sirarsa atutwuri, maring sun ta aja,, apaning sun
manungsa, wus lunga asira kalih, sun asung prenah, pituduh mring sireki. Gunung kidul angetana dene
tebah. Wus mentar kang raseksi, rahadyan semana, anutugaken karsa, nanedha marang dewadi, pan ana
swara, kapirsa ing sang pekik. Eh ki Jaka Susuruh sira menyanga aywo manggung neng ngriki., sira
angetana ngidul den aprayitna, kampira ing Gunung Wilis, ana wong tapa, guwa Cemara Sekti. Pan wus
gentur tapanira ngragasukma, iku kang angsung benjing, marga kabekckan, miwah lungguh ing dunya,
pandhita tuhu sinekti, pituduhira, tan ana ingkang sisip. Raden Jaka susuruh anulya kesah, ujaring swarta
kesthi, lumampah lon lonan, anut sukuning arga, dingul ngetan lampaneki, ujaring swara, ingkang
kacipteng galih. Tan kawarna lampahe rahaden putra, wus prapta guwa aglis, kocapng carita, nata ing
Pajajaran, undhang misuwur sanagri, sapa sanggupa, Jaka suruh mateni.akathahe dene sapan ing
ngundhangan, miwah punggawa mantri, yata kawarnaha, wau kang darbe guwa, lamine datan kaeksi,
durmatinilar sisinome gumanti….
Warnanen kang tapeng guwa, warna jalma kaki, amanggihi ingkang prapta, sinapa datan nauri, ngandika
sang palinggih, paran sira tan sumaur, kagyat raja pinutra, anjola nulya ngabekti, panwus dangu nggenira
alelenggahan. Ngandika malih sang tapa, para puniku wong pundi, umatura japinutra, mongsa borong
ngasanggyogi, ngandika sang palinggih iya bener saujarmu, asile ing sun tapa, apaning sun wus udani,
sira iku raja putra Pajajaran. Marmane sira lelana, sayekti kasoran jurid, iya lawan narinira, Siyung
Wanara sang aji, sudarman ta sang aji, mateni Ajar Karuhun, pandadya utangpejah, ramanira iku kaki,
wus pinasthi utang pati nyaur pejah. Iku raden marmanira ajar kang pinaten dhingin, anitis mring arinira,
mulane mngko malsi,en sira datan uning, pejahe nuksmeng sang prabu,iku eden alingsira, raja ptra matur
raris,yen makaten kawula wangsul mring praja. Arsa males larawirang, sangpanhita ngandika ris,lah sang
bagus iku aja, an iku uwus pinasthi, balik ta sira kaki, banteren tapanireku, away mengeng ing tingal,
wekasaning wiyat kaki, sira tembe kang ngamuter tanah jawa. Nanging wekasaing sun uga, dipun tawekal
ing galih, amanguna kasutapan, den sabar lila ing batin, dadya osiking galih, kalbune rahaden Bagus, sarj
lan sang palenggah langkung mituhu kang galih, sang pandhita mesem sajroning wardaya. Oya suta kahna
uga, basane tawekal batin, nulya kesah sang pandhita, pan awarni putri adi, wangsul alenggah malih
panggenane duk karuhun, kagyat ki jaka mulat, duk duluwarna sang dewi, lenggah jajar kaliyan raja
pinutra. Tansah asabiling nala, meksa kagiwanging galih, wau sang raja pinutra, mulat warna ayu luwih,
nuya cinandhak waninging gati sang murtiningrum, tankena sinayutan, anulya cinandhak malih, asaktena
arum wijiling wacana. Milane anyekel asta, karsa punapa sang pekik, ngandika raja pinutra, apuranira
sang dewi, rinungrum ngarih-arih, nedha wekasaning pinjung,sinjange uleweran, raden mesem jroning
galih, uculena sampunanyekeli asta. Sirna warnaning wanoda, kantun anggana sang pekik, nulya malih
warni priya, prapta ngarsane sangpekik, manembah atur bekti, angandika sanga wiku, mila sira kusuma,
gonira asanget brangti,raja putra umatur sarwi karuna. Dhuh panembahan kawula,yen tan saestu
papanggih, kalawan wanodyanika, gumujeng angling sang yogi, bisa datan gumingsir, yen ana rencana
agung, ingkang rupa wanodya,ingsun satuhune yayi, raden putra ngandika sajroning nala. Rinangkul raja
pinutra, tur sarwi den bibisiki, aja sira walang driya, paningsun tutur sayekti,iya ingsun puniki, satuhune
sadulurmu., sepuh kang amartapa, marrmaning ngong amartapi, duk ingnguni tinarikrama tan arsa.
Dening jeng rama sang nata, pineksa apa lakrami, wekasan ingsun dinukan, marmane amangunteki, raja
putra tur bekti,milanipun warni kakung, angling raja pandhita, paningsun sinungan sekti, rupa jalu ingsun
raden iya bisa. Bisa anom lawan tuwa, bisa gedhe miwah cilik, umatur raja pinutra, kawuila tumut any
antrik, sang palinggih nauri, milane ta waong a bagus, arsa dadi pandhita, aja keh kang kaya mami,
tutugena gonira umadeg nata. Aja balimring nagara, lajuwa magnetan yayi yens ira wangsul mring praja,
tan lulus jumeneng ngaji, umatur sang apekik, kawularsa males ukum, dhateng Siyungwanara, jeng rama
dipun sedani, sang pandhita arum wijiling wacana. Aja males ukum pejah, pan iya uwis pinasthi, apan
dhingin utang pejah, ajar pandhingin pinatin, benjang nora kaeksi, yen uwis mamales ukum, wawratane
sumekar, miyos jalu lamun lair, iya iku kang aran Siyungwanara. Rahaden matur wotsekar, kadipundi reh
sang yogi, ngandika ris sang pandhita, yen sira nuruting mami, mentar a saking ngriki, ngetan bener den
gupuh, mampira mring ni rondha, kang wisma ing kaligunting, poma-poma

Serat Katurongga kapal


Ing sapunika para priyantun sampun kenging pikantuk serat katurongga kapal, menggah isinipun
kapratelakaken ing ngandhap punika.
1, Ciri kang sae tuwin kang awon, 133 bab utawi warni
2, Katranganipun ciri ingkang tumrap ing salebetipun cangken kapal 9 bab
3, Bab pethekipun turongga, 24 bab
4, bab dinten kalairanipun kapal 4 bab.
5, Bab dinten ingkang sae, manawi badhe tumbas kapal 4 bab utawi warni
6, Bab pangleburan sakathahing ciri 7 bab utawi warni
7, Bab Kramas tuwin paguyangipun kapal 6 bab utawi warni
8, Bab Pangurut tuwin jampining lambe kapal 7 bab utawi warni
9, bab jampining kapal saras tuwin sakit 93 bab utawi warni

Serat katurongga punika amratelakaken sakathahing katrangan prenah utawi watekipun satungal
tungggaling ciri,menggah reginipun katamtokaken kados ing ngandhap punika.
Manawi tumbas 1 buk reegi 3 rupiyah 50 sen
Manawi tumbas 10 buk 1 iji, regi 3 rupiyah
Manawi tumbas 25 buk 1 iji regi 2 rupiyah 50 sen.
Sakathahing serat punika kenging pikantuk tumbas bayar kenceng saking
Raden Tumenggung Kartanagara Surakarta
Raden Atmadikara Surakarta
Tuwan Purneman Surakarta
Tuwan F.L.Winter, ing Ngadipala, Surakarta

Para priyantun ingkang sampun anampeni serat katurongga kapal, kula aturi angintuni arta dhumateng
kula, kathahipun 3 rupiyah, langkung 50 sen kawrata ing serat pos wissel sumerepa tumbasipun serat
katurongga wau.
Tuwan F.L.Winter ing Surakarta.

Benjing dinten Saptu tanggal kaping, 23 wulan Juli punika ing griyanipun tuwan Jurubasa sepuh,
C.F.Winter, ing Jebbres badhe nginglang barang bakakasing gria warni-warni, wah gongsa klenengan
pelok tuwin salendro, sakaliyan sami sae larasipun, mila tuwan Juru basa Winter angilang barang wau,
awit badhe ngalih gagriya wonten ing kitha.

Serat saking raden mas Grinda minongka wangsulan dhateng raden Lanang, kaliyan dhateng pun Kasdu,
tuwindhateng mitranipun polotik, utawi serta wangsulan saking Wigyasucipta, dhateng Raden mas
Grinda, sampun kula tampani sadaya, ananging badhe boten kula pacak ing Jurumartani, awit prakawis
bab sasebutan kanjeng, punika badhe boten telas telas malah madar sangsaya wewah-wewah, ingkang
sumanten punika boten amaedahi pisan-pisan mila kula ngaturi rembag dhateng raden mas Grinda,
sampun kalajengaken anggalih bab sasebutan kanjeng wau, margi kang sampun kalimrahan sawiji wiji
ning nagari, saestu kadunungan tatakrami sanes-sanes, sarta boten kenging kaborong, wondene sasebutan
kanjeng wau, ing salaminippun sampun pantes kagem para priyagung ingkang sami angasta panguwasa
ing nagari, utawi ing sanesipun. Serat saking Mahasonga, mawi tondha iptadarma, ugi sampun katampen
ananging boten badhe kapacak amargi prakawis kulawisudhan utawi ganjaran sapanunggilanipun sadaya
gumantung ing karsanipun kanjeng gupremen. Redhaktur F.L.Winter.
Ongka 30, Kemis kaping 21 Juli 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Tuwan H.C.A.Korneliyus Ufonderwesier ing Ternate, kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi.
Tuwan F.Sekang, Asisten Residhen ing Panaraga, kakulawisudha dados residhen ing Ternate
Tuwan H.W.Bakais tilas kumis kaodher kantor wang ing Salatihga, kakulawisudha dados sekretaris
kantor linglang ing Surabaya.
Tuwan Plasser, Amtenar wahel kakulawisda dados Kumis ing Sampang.
Tuwan Bruhman kakulawisudha dados Kumis ing Panaraga.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Awit saking karsanipun kanjeng gupremen, kawrat ing serat kakancingan, bongsa Wlandi, Cina, tuwin
Sabrang sapanunggilanipun, ingknag sami gagriya bawah ing Kanjeng Gupremen, kajawi para tiyang ing
Priyangan sami kalilan kekesahan dhateng ing Suraarta, Ngayogyakarta, tuwin ing Madura, tanpa
ambekta serat pas, utawi gagriyaha wonten ing ngriku, ugi kalilan kang tanpa pralilah.

BASUKI
Serat pakintunan saking ing Basuki, anyariyosaken, manawi tanggal kaping 30 Juni ingkang sampun
kapengker, wanci jam pitu enjing, wonten sawijining patinggi tuwin sadherekipun satunggal, kaukum
sami kagantung, bab jalaraning dosanipun, awit petinggihremen dhateng satunggiling tiyang estri, dene
ingknag jaler lajengdipun ken amejahi, ingkang dipun ken mejahi sadherekipun, sarta kabyantonan ing
tiyang sanes kalih, menggah pratingkahipun, sareng sampun pejah lajeng kapendhem mawikaurugan wuh
kabesmi, supados sampun ngantos kacihna, saderengipun patinggilan sadherekipun sami kainggahaken
ing pagantungan sarta satelasing pamaosipun serat ponis, sami kadangu katantun, punapa boten gadhah
wawelingan dhateng warisaipun, atur wangsulanipun malah ngaken boten dosa, aturipun kang mekaten
wau, parentah boten karsa nganggep, awit sampun karebahan saksi, sarampunging pangantung tiyang
ingkang biyantoni, sami kadunungaken sangandhaping pagantungan, dangunipun saprapat tanjam,
supados andadosna pangewan-ewan tuwin tutuladan, sarta kapatrapan paukuman kabucal sajawining
tanah Jawi, mawi karante dalem 20 taun.

BATAWI
Salebeting wulan Juni kang sampun kapengker, tanem tuwuh ngudyana ing Batawi kabanjiran,
andadosaken kapitunan sabab patamanan enggal punika risak sadaya,s arta wit-witan kathah kang pejah,
dene kang dadosaken owel, namung wit sekar dhumpal…wiji asli saking Elipte, punika ugi pejah,
mongka boten wonten panunggilanipun.

MAGELANG
Ingkang kacariyosaken, wonten satunggaling tiyang estri umur 70 taun, dipun pejahi dening putunipun
jaler piyambak ingkang dipun pondhoki, menggah jalaranipun, tiyang estri wau wanci bangun
enjing,kesah dhaeng lepen, sarenging waktu ngriku, rabining putu wau, medal amendhet latu, boten dangu
wangsul ambekta obor, lumampah caket nggening dhodhok ninekipun marasepuh, punika tetesan latu,
temah andados nepsuning ninekipun, putu mantu lajeng kajorogaken dhawahing siti,lajeng sanget
anggening jelah-jelih, putunipun piyambak kang jaler, sareng mireng lajeng agya amurugi, sareng dipun
wewaduli dhateng kang estri, sanget nesuipun mantuk mendhet sabet kadamel mejahi ninekipun
piyambak

Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran


Maikusira ampiran. Dene yayi sira benjang, apa nora sunedahi, saturun turun ta benjang, ingsun uingkang
momong sami, nganggo wasruwa putih, yen sirarsa temu mring sun, aneng kayu landheyan, alinggih
tepining tasik, luwih singit kang guwa ing pamancingan. Eca galihnya dyan jaka, miyarsa ing kang
waweling, ngandika malih sang tapa, wus sira mangkata kaki, nora mamekas malih, aja susah wong
bagus, raden putra tur sembah, wus tumutun saking wukir, pan kawuri wau kang guwa semara. Lkatiwang
tiwantg lampanya,ngetan bener tan gumingsir, anusupa angayam alas, wus prapta ing kali gunting, ni
rondha kang den goni, wus lami rahaden bagus, angengger mring nir rondha, watawis wus tigang sasi,
nibok rondha miyarsa undhang sang nata. Undhang-Undhange sang nata, sapa kanggonan dyan mantri,
jinarah raja kayanya, bonoyong tur den pateni, ni rondha anglingaris, kijaka lah anaking sun, kepriye
polahira, raden Jaka anauri, kadi pundi bibi mangke karsadika. Ni rondha alon-angucap, karep manira
mas kaki, kesaha saking kawula, ingsun duwe sanak kaki,lanang titiga sami,rahaden alon amuwus, bibi
sakarsa dika, kawula inggih nuruti, sigra mantera adyan kalih nirondha. Saksana nulya lumampah, wau
kang sinedyeng kapti, kinambi senting kocap a, apan lagya nanem wiji, titiga lanang sami, ki Wirun
ingkang asepuh, kinambi pangulunnya, sembada ing kang sawiji, kawarnaha ni rondha anulya prapta.
Lagya panduman taneman, kasaru ni rondha prapti, kaget Ki Wiron sembada, duk praptaning kaligunting,
ni rondha sigra anglingl ki wirun titip katengsun, iya mring anakingwang, poma sira den gemayti, lah
turutewn sakarepe sutaning wang. Kang wiji warna ne kathah, nanging ta sarwa sathithik, lamun sira sida
lunga, angetan bener ta kaki,nora mawekas malih, ni rondha tumulya mantuk,jaka suruh kawarna, alami
wonten kinambi, wus sataun angene ngekep tan lunga. Kalangkung susah ing manah, naulyua medal tan
asari, paningiring wont titiga, saarane tinut wuri, yata wau kawarni, arerening lampahipun, aneng tengah
ing wana, tanana jalma kaeksi, kidulwetan mulat kayu tumaruna. Raden Jaka aris mojar, wirun kayu apa
iki, aremen ing sun tumingal, aparanekayu iki, Ki Wirun matur ris, kajeng majawastanipun, raden Jaka
ngandika, sira peka wohe siji, pan kiwirun wus angambil who ing Maja. Kang maja tan ana
wohnya,nanging botenkang ngrambti, ki wirun anulya kesah, wohing maja kang pinethik, nulya ngatur
ken gipih, dhinahar pait klangkung,s arta getir rasanya, rahadyan mesem sarya ngling, getir temen paman
wirun rasanira. Ing kene sun wehi aran, iya desa Majapait, wus pinasthi karsaning hyang pratandhane
yekti, sami ambekta wiji,tinaneman sring kayungyun, wiji moncawarna, barang kang tinandhur dadi, wus
misuwur ing monca pat moncalima. Kawarna asamyaprapta,ambekta sadarbekn eki, jalu estri sami prapta,
urup-urup sami estri, saweneh mawi picis, gobog beras miwah sawung, apas sasenengira, wau ingkang
den tukoni kang saweneh ana kang banjur awisma. Watara ana sanambang, padhekah Majapait, sagunge
ingkang awisma, sami karasan tan sipi, yata ngadika aris, wau ta ki Jaka suruh, bapa wirun wong pira,
kang padha wisma ing riki, wirun matur wetawis wonten sanambang. Kiwa tengen pajajaran, akathah
indhah mariki,jaka suruh angandika, ing rupen wong teis wiring, lan kadang waga mami, nagarane
paninggaluh, miwah nagri Pasundhan iku kadang warga mami, samya nusul ngetan temu lawaning wang.
Dyan jaka suruh ngandikam, ki arya Bangah tinuding, kinen ngirupa dedesan,ki watengen Majapait, wus
mentar kang tinuding, sarta wadya bala agung, wus lepas lampahira, wadya bala kang lumaris, kuneng
wau Majapait kang kawuntat. Wus bubar kang wadya bala, angirupi kiwa tengen nagari, wong cilik
angungsi sampun, maranging pajajaran, pan wus katur mring siyung wanara prabu, yata wau angandika,
ing sun amiyarsi, siyung wanara amuwus, patih paran karsata, kyan patih umatur sarwi wosantun, mong
saborong padukendra, kawula darmi nglampahi. Sira angirida bala, den samapta sakepraboning jurit,
mangkupraja awotsantun, inggih nuhun sandika, nulya undhang kyapatih tengara umung, nggongberi
munya sauran, wus pepak gya budhal aglos. Anglurug mring majalengka, wong bagnwetan pan sampun
ngadhang margi, wong pajajaran gumuruh, mulat yen ana mengsah, atengara gong beri surak gumuruh,
wus campuh silih prajaya, kang yuda asilih ukih. Buru binuru kang yuda, sami surak tan ana nguciwani,
wong pajajaran amuwus, wong wetan rahmundura, nora nongga sira amung suh gusti ku sumaur kang
sinung ujar, apa jarmu ing sun wani. Balik iya gustinira, yasisiyungwanara iku anjing, ajok kena ingsun
purun, tan sudi mungsuh sira, sareng myang ta wong pajajaran agregut, umangsah sakancanira, dyan patih
kang anindhihi. Sadaya angamuk rampak, tinadhahan dening wong Majapait, arya Bangah tinindhihipun,
akuwel yuda, selang tumbak selang pedhang selang suduk, aku wel silih praja braja putung ting carekling,
Rame agbang ginebang, akeh mati wadya ing Majapait, wong pajajaran keh gempur, akathah ing kang
pejah kalindhih wong pajajaran wus larut, lumayu asalang tunjang, ngungsi ngoning kutha sami. Smbada
wirun bramantya, pangamuke malah awuru getih jaka suruh sru amuwus, payo angsegen pisan, arya
bangah angaia kang wadya gung, lah payo angsegen pisan, pajajaran kuthaneki.
Punika taksih wonten candhakipun.
Awit pawartosipun, wonten sawijining mester musik, sumedya ngadegaken pamulangan pancen ingkang
badhe kaajar, anakipun tiyangjawi kang saweg umur 8 taun, tanpa bayaran, menggah badhe patuwasipun
mester wau, ing tembe para lare kagelaraken ing ngakathah, saengga tontonan kumidhi mawi bayaran,
wontening sedya ingkang mekatenpunika, saestu badhe maedahi.

MASTRIH
Paprentahan pulisi ing Mastrih, angunjara tiyang, margi wanci sonten andhustha lare umur 9 taun, lajeng
kawasde sakiwa tengening Sitaret, Pajeng 5 prang.

PARIS
Wonten sawatawis welandi buruh sami ginem mawi ngombe inuman, ngantos mendem, satunggiling
welandi angungasaken karosanipun sarta purun totohan, sinten na kang kadugi kajotos saestu pejah,
kancanipun ingkang satunggal amaiben, sarta purun totohan ingkang dados ing pangeram-eraman, sanes
tiyang ugi kancanipun piyambak, wonten kang kadugi dipun jotos, ing wasana lajeng jengkeng wonten
ngajengipun ingkang sami totohan, sareng kajotos kalampahan pejahing ngenggen.

Ri sampuning tabe kaurmatan kula ingkang akathah-kathah, katur panjenenganipun tuwan ingkang
ngarang serat Jurumartani, wiyosipun, menawi tuwan andadosaken kaparengipun ing pwnggalih, kula
ngaturi panjurung isenipun kabar jurumartani, kawedalna dinten Kemis ngajeng punika: Ingggal punika,
kula mentas ningali wujud kalebet aneh saweytawis: pramila kula wastani aneh dene boten mupakat kalih
panunggilanipun ing wujud wau,: menggah katranganipun ing wujud ingkang satunggal bab warni deling
ngapus, wau deling amung satunggal, sareng sampun sapuyuwan inggilipun, tumunten cawang dados
kalih, agengipun cawang kalih wau sami ingkang satunggal ngandhap, wondene agengipun deling,
satutup kirang 4 nyari. 2 bab warni klapa, satunggal iji, wujudipun kalapa, kados irah menda gembel
jaler, ingkang ageng singatipun, wah singatipun kalih wauy sami ageng panjangipun, boten mawi geseh
sakedhik, wau klapa andadosaken gumun kula sanget, sangking panuwun kula menawi wonten priyantun
ingkang sampun manggih pangretos damelipun kalapa ingkang mangkaten wau, ingkang mugi maringana
kabar: Ingkang kaping kalih, kula apitaken dhateng turstha sastra, menawi taksih wonten gunggilipun
angggen sampeyan gnagit wangsalan punika,mugi wontena kersa sampeyan anglebetaken ing kabar
jurumartani malih, amargi sanget kaparengipun manah kula, menawi maos wangsalan ingkang ngemu
raos prelu, kang dede prenesan. Anjawi sangking punika, wangsalan ingkang sampun kalebet jurumartani,
ingka 26 kasebut kados ngandhap punika.

1 putralendra, 2 awas pitapang bobaran, 3, warastra mawa kukila, 4, tembung sutane sewaya, kawan bab
wau, kula nyuwun kateranganipun ing tembung, mugi wontena karsa sampeyan anerangken, dalah
jawabipun, sarta kategesana pisan, asanget pangajeng-ajeng kula. Batawi kaping 10 Juli katandhan
Sajaya.
Sesambetan, bab adamel prayogi radinan, ingknag sampun kasebut ing Jurumartani ongka 25.

Priyantun ingkag sampun kawenangaken nyepeng paprentahan bab pandamelan radinan, kedah
anantokaken saben jawah deres medal dhateng radinan, kaprelokna mariksani ilining toya sampun
ngantos wonten toya mili satengah ing radinant uwin mili ngalang radinan, kapurih amili urut inggir,
lajeng kasidhatna dhateng slokan, utawi sampun ngantos wonten toya ingkang kendel satengahipun
radinan, margi badhe adamel wawinihipun risak ing ngradinan. Priyantun wau kedah nabereni papriksa
dhateng sawarnenipun kekajengan utawi deling, ingknag tumelung angayomi radinan, manawi wonten
ingggal kadhahwahan ngrampas, supados sampun adamel ngember dhateng radinan,utawi manawi
mongsa dalu ugi peteng, adamel mutawatos dhateng para tiyang ingkag sami langkung. Mangkaten ugi
manawi teksih mongsa jawah, sabarenag tthethukulan ingkang wonten salebetipun ing radinan, sampun
ngantos kabesik kalayan pacul, kedah karampas utawi kabedhol, supados sampun ngantos ngadhuk siti,
samongsa kadhawahan jaah mindhak dados lumor, makaten ugi sarehning ing mongsa punika,
karsanipuning parentah ageng sadaya tanggul sampun kasirnakaken, kagalih boten mikantuki, langkung
prayogi sarehning ing mangke sampun mongsa terang, kedah amemanesi nyembagani radinan, kados ta
radinan kawangunan dhwe, inggil tengah kanan kering andhapl, utawi besik, rambahan karikil, langkung
utami yen radinan wau kagaliya mindhak wiyaripun sampun ngnatos kirang 20 kaki, awit ing ngajeng
radinan wau kathah ingkang namung 18 kaki tuwin kirang, margi merlokaken lenggah ing tanggul.
Langkung utami yen pipenipun radinan kapasangan rulak banon ngadeg, katundha kalih,langkangipun
satunggil satengah kaki, kaisenan brangkal sela ingkang ageng-ageng, manawi kaisenan gebalan rumput
tamtonipunboten saget gesang manawi mongsa katiga, wondene rulak banon wau katamtokna mawi
bedhahan margi toya, letipun…kaki. Ingknag manawi radinan wau sampun sae, katamtokna ngrambahi
krikil alus tuwin wedhi grasak sataun sapisan, anjawi mirugan jalaran risak ing ngradinan, sangsaya
prayogi sanget manawi sajawenipun rulak mawi kaperdi, kataneman pethetan wit asem, 25 kaki letipun,
utawi kedah angawisi sawancenipun tiyang gagriya ingkang ngungkang radinan tanpa pager, tuwin tiyang
ingkang adamel pirantos bucalan secuber ingkang ngungkang radinan, punika katranganipun boten
prayogi sanget, adamel saronipun ing praja, saha anyudakaken ing kasenengan. Ingkang saupami pratelan
kula ingkag sampun kula prasajakaken ing ngajeng wau sadaya, ing tembe manawi saget kalampahan,
ingkang awit santosanipun ing paprentahan tuwin suyut sabiyantonipun ingkang nampeni parentah, sak
iba iba bingahipun manah kula, dene karaton dalem mindhak busananipun, kaot kaliyan ing ngajeng-
ajeng, utawi badhe wonten pangalembananipun tiyang ingknag sami lumampah gegramen, jalaran
sangking kanikmatan anggenipun sami lumampah, punapa dene para ingkang gegriya celak radinan, ing
ngatasipun badhe kabrebegen, ocehipun ing bakul ingkang sami lumampah bangun methuk gegramen,
ingkang sinambat boten liya naming pangunggungipun dhateng saesnipun ing radinan, tuwin
angalembana dhumateng ingkang matrapaken parentah. Samanten punika sangking panawang kula, bab
pamriyogi samanten wau, oparentah ageng ugi boten kakilapan, tulenipun sangking ……sembrananipun
ngandhap, mila aseing kathah kimawon abdui dalem pra….pantun panewu mantri, mangandhap
katrapaken saos sowan mirungga, wonten ing pasowan baleajar, ingkang minongka ganjaran anggenipun
sami kadunungan manah talendhor, dhateng pandamelan nagari ingkang samppun dados kawajibanipun
piyambak. Ing mangke sangking pamuji kula, dhumateng para priyantun panewu mantri mangandhap,
sami anggaliya ngantos satos, anggenipun sami nglampahi pandamelan nagari, ingkang sampun dados
kawajibanipun piyambak-piyambak, supados sampun ngantos pikantuk ganjaran saos sowan mirungga,
kados ingkang kasebut ing ngajeng wau, mindhak adamel susahing anak rayat tuwin rencang. Kaserat ing
Surakarta kaping 23 Mulut taun Dal ongka 1799. Katandhan Trusdhakarya.

Sawarnining tiyang, punapa malih tiyang ingkang sampun kasebut sujana punika sok puruna
anggelaraken kasagedan sabaranga kasagedan ingkag kagelaraken wau, saestu wonten ingkang dados
pamrihing kajengipun, ananging ingkang silih nama, dyan malunas suka, anggenipun nganggit wuwulang
tumrap ing Jurumartani ongka 21 tanggal kaping 26 Mei 1870,punika pakewet anggen kula dugi-dugi,
punapa ingknag dados kajengipun dene kok lajeng sumlenggreng, damel wuwulang wonten pasamuwan
ing Jurumartani, upami sedya angatingalaken kawasisanipun dhateng tembang, tembungipun boten pisan-
pisan sumandhing ing leres, saengga sedya angatingalaken kawigyanipun dhateng kasusastran, sastranipu
boten lenggah lan boten paja-paja jangkep, bilih sedya angatingalaken saening nganggitan-anggitanipun
taksih cotho sanget mila pakewet anggen kula ngraosaken, ananging salebetipun kula nyerat punika, kok
gadhah pamanggih, maulnas suka anggene nganggit wuwulang wau, bokmanawi pamrihipun amung
badhe ngatingalaken pangkat tuwin namanipun ingkang sinuka wonten ing serat anggitanipun dumunung
ing padawiwitan punika, nadyan panyerating nama wau kirnag leres, ewadene inggih maksa kagelaraken
wonten pangayunan ing Jurumartani, awit saking bebeging manah, kumedahing ngalem wigya. Mila ing
mangke kula gadhah pamrayogi, yen malunas suka kumecert sanget badhe serep raose, ing ngalem wigya
nganggita cariyos ingkang aneh sarta ingkang sae-sae, mongsa kirang nga kondha sae kangmokantuki,
tinimbang nganggit wulang tanpa paedah, nannging yen jengandika nganggit cariyos, sampun purun
malih, damel sanepa awoning lelabetipu priyantun ageng, ingkang dereng tamtu, kenging winastan awon,
dene bab anggene malati boten punika, rak amung gumantung wonten karsaning gusti kang maha kawasa.
Wangsul jengandika punapa boten sumrerep, yen sadaya manungsa punika, ageng alit sami kadadosan
sangking mani, mila manungsa wau, prelu nganggeya tepa salira awit sami kadadosan mani, mongsa
sanesa, tegesipun inggih sok tiyanga kimawon, luluhuripun kadamel sanepa, kados genjeng ngadika
damel sanepa punika raosing manahipun kados pundi, empun ta semanten mawon ggih den lurah awit
onten prelu kula mulih teng Ciringin kaping 29 Juni 1870.
Katandhan Raden Kusumalalita.

LINGLANG
Tuwan Panoendhorep angaturi uninga, manawi benjing ing dinten rebo tanggal kaping 27 wulan punika,
badhe wonten linglang, ing panggenan sacelakipun griya stasiyon ing Surakarta, menggah ingkang
kawade kajeng gebingan warni-warni, dholek papan sirap tuwin kajeng obong.
Katandhan tuwan Panohendhorep.

Kula angaturi uninga dhumateng para priyantun manawi salebeting wulan Agustus ing ngajeng punika,
kula badhe ngalih ing griya, ingkang sapunika taksih dipun dalemi tuwan Tong Sen. Ing wasana
andadosna kauninganipun para priyantun sadaya, manawi kula asade salep tuwin Pil olewai, sarta kupin
pillen jampi warni-warni, punapa malih strup sabun beter, klonyo tuwin sanesipun lisah wangi, inuman
pulas lisah cet, pulitur tuwin pernis sadaya mirah reginipun.
Katandhan tuwan H.R. Weiting.

Kauningana parapriyantun manawi wonten kapal Makasar sarakit ules dhawuk sae-sae, umur 6 taun tanpa
ciri, badhe kawade, bilih wonten ing kang karsa tumbas lajeng kenging pikantuk katrangan.
Katandhan tuwan Purneman.

Tuwan Slir Loba enko, sade am tuwin kecu eca-eca, taksih enggal sadaya.

Kula tuwan P.F.Purneman angaturi uninga, manawi para priyantun sadaya, kenging amitung kas dhateng
tuwan Pillip ing Ngayogyakarta, bab panumbasipun serat katurongga kapal tuwin sanesipun serat waosan
ing tembung Jawi, punapa malih tuwan Phillip wau, utawi kula ugi sagahan dhateng ngaken berang-
barang saking nagari Walandi, ingkang dados wawelinganipun para priyantun sadaya.
Katandhan Tuwan Purneman.
Gambarring nagari Ngayogyakarta.
Kula kang anandhani ing ngandhap punika, mentas anampeni gambaring nagari Ngayogyakarta, ingkang
amratelakaken sadayanipun, mila sakalangkung mikantu dados cacepenganipun para priyagung, menggah
gambar wau namung regi 13 rupiyah langkung 80 sen. Tuwan Purneman.
=============================================================

Basar Surakarta
Tuwan Slirlobato enko mentas anampeni barang warni-warni kados kang kasebut ing ngandhap punika.
Meja cuci muka ageng alit sairantosipun jangkep sadaya,gelas kestelan, te…ya Walandi, sendhok gerpu,
lading sami kestelan serpis dhahar, jeplakan tikus kaca ageng tuwin sadheng, pigura, serpiteh kadamel
saking plet, klinthingan, baki warni-warni, tutup meja sae-sae, gunting Inggris, warnipwarni dhamas ijem
abrit tuwin cemeng, camethi, pethi wadhah arta, wolledhig, sarung tangan sutra, keker, tesmak kang
manawi anumpak kareta latu, orgel mawi gendhing, 8 warni, panithikan mainan ingkang pancen kang
damel ra…kruntapel, ulam warni-warni, ulam abrit susis, asapunggilanipun dhadhaharan sanesipun tuwin
inuman warni-warni.
Slir Lobato enko.

Kula pun simin agagriya ing kabalen Surakarta kamipurun ngunjuki uninga dhumateng para priyantun
manawi kula sagah adamel sawarnining dhaharan pangan walandi ingkang pantes kage sugata, ing saben
dinten utawi ing pasamuwan ageng.

Kula tuwan Y.Kuni, ing Batawi angaturi uninga, manawi kula sagah anumbasaken sawarnining barang
ingkang dados wawelinganipun para priyantun utawi sanesipun ing ngarawi ….Jawi, sarta kadugi
amadekaken utawi angintunaken barang dhateng nagari Walandi, utawi tanah sabrang sanesipun.
Katandhan Tuwan Y.Kuni.

Tuwan Juru basa sepuh C.F.Winter ing Surakarta, sampun anedhak jawi serat…bab pangagemanipun
pameran para priyantun jawi ing tanah gupermenan, tedhakan punapa badhe tumunten kaecapaken
satunggal serat karegenan 1 rupiyah pethak, para …pati ingkang badhe ngarsakaken tumbas serat wau,
sami kaaturan akintun serat medal ing pos dhumateng tuwan Jurubasa Winter, prabeyaning pos kabayara
piyambak saha mawi amratelakna ….cah ing serat ingkang kakarsakaken kalebet ara priyantun andhap
andhapanipun, makaten amurih tuwan Jurubasa winter sageda sumerep anggenipun badhe angecapaken
pranatan wau kathahipun pinten.

Benjing dinten saptu tanggal kaping 23 wulan Juli punika ing griyanipun tuwan Jurubasa sepuh
C.F.Winter, ing Jebres badhe ngilang barang bakakas ing griya warni-warni, wah gong klonengan palok
tuwin salendro, sakaliyan sami sae larasipun, mila tuwan basa winter angilang barang wau, awit badhe
ngalih gagreiya wonten ing kitha.
Ongka 31, Kemis kaping 28 Juli 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Tuwan Bresler, Kontelir Twedheklas, 2 tuwan Reiporsel Amtenar Tebisjujebgm 3 tuwan Oren kumis
Onfanger, sami kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi.
Tuwan Y. H. E. Klerek Juru serat ing ngatasing pandamelan Watesetat, kaundur saking pandamelanipun
kalayan urmat.
Tuwan L. M. Yusten kakulawisudha dados Twedhekumis
Tuwan F. Fanbrem Moris Amtenar wahel kakulawisudha dados Dherdhekumis.
Tuwan H. T. Dhupeng, Kumis kantor ing Banyumas, kapatah ngrangkep pandamelanipun beiten ewun
grippir landrad ing Banyumas.
Tuwan T. Taparis tilas Juruserat ing kantor Sumenep kaparingan pensiyun.
Tuwan N. H. Kller, Grippir ing Pangadilan Justisi ing Surabaya, awit saking panuwunipun kaundur
saking pandamelanipun kalayan urmat
Tuwan Benes kakulawisudha dados wakil uponderweiser ing Ambon
Tuwan L. Klerek kakulawisudha dados twedekumis ing Samarang
Tuwan Loeman kakulawisudha daos Dherdhekumis
Tuwan Pridhe, kakulawisdha dados amtenar terbiskikeng ing Sumatra
Kulawisudhan ingkang kawrat ing serat kakancinganipun kanjeng tuwan Residhen ing Tegal.
Trunadikrama, murid pamulangan jawi ing Brebes kakulawisudha dados Juru serat ing kabupaten Brebes
kaparingan blonja 30 rupiyah sawulan.
…..skaAtmaja, bos wahter, punika priyantun ingkang angreksa wana, ing kalireja, Afdheling Paplang,
kaundur saking pandamelanipun. Kawrat ing kakancinganipun tuwan insepktur opnames tatisik mas
Mangun wijaya, kaundur saking pandamelanipun dados mantri ing dhistrik Jatibarang bawah Brebes.
Menggah riyantun Bosweahter, tuwin mantri punika, ing sapunika dereng wonten ingkang anggentosi.

Serat kintunan ingkang kapacak ing serat pakabaran kang winastan Dhepostenlandhen mawi tondha L
anyariyosaken manawi dereng lami padhsuunan bawah Pajang, wonten pagebluk dhi….. ayam utawi
peksi sapanunggilanipun ingkang wau taksih saras bilih kambah sasa….., boten antawis dangu klubukan
lajeng pejah, ingkang tondha nama L wau acariyos, nalika piyambakipun bawah aken siti dhusun boten
antawis lami ugi boten bageblug mekaten, menggah kang dados tutumbalipun, ayam banyak kambangan
utawi peksi sapanunggilaning pitik iwen, ing saben dinten ngantosa sirnaning bageblug prelu katedhanan
sekul mawi kauledana bubuk walirang, kamurtwata kathahipun katapsira satunggaling itik iwen sadaya
wau, namung kalebetana bubukan walirnag ing sawatawisipun.
================================================
===================================================

HONGKONG
Awit saking pawartosipun saking Hongkong, wonten cina kakalih ing Kanton, sami kaukum kakethok
gulunipun, amargi sampun terang kacih kadosani anggenipun ambegal jarah rayah tuwin amejah ing
tiyang, wonten ing baita kapal Groston.

BATAWI
Serat pakabaran saking Batawi, katitimangsan kaping 11 Juli punika, wonten sawijining tiyang jawi,
anglalu pejah agantung dhiri, wonten ing wit-witan prenah sawingkinging patamanan tanem tuwuh ing
Batawi.
Tuwan B tukang nyewakaken kareta ing Sawah Besar bawah Betawi, gadhah rencang mandhor jawi
sampun lami, sarta ingkang wau sampun ngenger tuwan ingkang nyawakaken kareta ing ngriku kang
rumiyin tuwan B, punika saklangkung dening pitados dhateng mandhor wau, dipun bektani yatra 600
rupiyah, kapurih nukaraken yatra tembagi, sabab badhe kangge kadamel balanjanipun para tiyang, kenek
kusir sapanunggilanippun tuwin bayar wragad sanesipun mandhor wau salajengipun minggat kaupadosan
ing pundi-pundi dereng kapanggih.

SAMARANG
Wonten tiyang Jawi kakalih sami nama pun Mingun, kang satunggal panggaotanipun dados tukang mas,
satunggalipun tukang grobag, sami ngunda layangan mawi katotohan kalayan ing sanesipun, tiyang kalih
wau kawon sarta tatelasan, punika saking susah tuwin bebeging manahipun, lajeng sami nglalu
anggantung dhiri wonten ing witduren, kang satunggilipun wonten ing wit pete, sareng enjingipun jisim
kawradan tuwin kapetak dening pulisi.

Para tuwan ingkang nguwasani kreta latu, sampun anglilani angusung, pamedaling siti ing gaga dalan
[Selong] kalayan kareta latukang nyambut damel, samanten punika kedah ngaturip wuninga rumiyin
dhumateng tuwan kang nguwasani, sinten ingkang badhe angintunaken ing sabarang wau.

Kala wingi sonten wonten bugis ngamuk ingkang dipun tatoni, wonten sawijining sarsan walandi, tuwin
kopral Jawi, sarsan walandi wau lajeng pejah, Bugis kang ngamuk wau, kabujung dening para militer,
utawi tiyang patrol Jawi boten kacepeng, kaupadosan tuwan sekaot, jaksa wadana tuwin mantri pulisi ugi
boten kapanggih.

MADIYUN
Ingkang kacariyosaken ing serat pakabaran winastan bintang timur, manawi karsanipun kanjeng
Gupremen rden mas Sasradireja, jaksa wahel ing Purwadadi, putranipun Kanjeng Pangeran Litnan
Kolonel, Alibasah Ngabdulmustapa Prawiradireja, kakula wisudha dados Jaksa Landrad ing Afdheling
Majalengka, bawah ing Cirebon.

CIREBON
Tuwan Riring ing Cirebon ingkag sampun antuk pralilahipun Kanjeng Gupremen bab anggenipun
andhudhuk badhe ngupados tuking lisah petroliyun, wontening tanah Jawi, ing sapunika tuwan Riring
sampun mangkat dhateng ing nagari Amerikah, sumedya mriksani pirantos tuwin patrapipun pandameling
lisah petroliyum sarta ngupados tiyang kang sampun bangkit ing ngatasing pandamelan wau, badhe
katandhan dhateng ing tanah Jawi.

CARIYOS ELOK
Ingkang kacariyosaken wonten satunggiling marsekaleg awasta Leperhertoh ing Pansih, kadhatengan
sobatipun nalika taksih sami timur, ing salajengipun mondhok ing ngriku kaboja-boja dahat ngenting,
tetamu wau saklangkung eram anggening angurmati anyutaya: sarta aningali endahing rarenggan
dalemipun saengga suwargan, sarehning piyambakipun boten saged manggih kamulyan, mila lajeng
awicanten mekaten, O, iya talah panjenengan punika dene saklangkung begja sanget, marsekaleg lajeng
mangsuli, panduga ku kowe iku meri kapengin kaya dene aku, yen mengkono aku iya kudu anglilakake
ing sabarang duweku kabeh, samana iku yen kowe gelem anglakoni apa ing sakarepku,, kowe tak tari
menyang ing patamanan, sarta tak bedhil kaping 20 doh emung 30jangkah, yen kowe kaongsi ora kena
lan kaslametan, babar a darbeku kabeh, dadiya duwekmu, tamu wau sareng mireng panantun mekaten, ing
wasana lajeng dhelag-dheleg tuwin boten saged wicanten, ingkang punika marsekaleg boten kakilapan,
lajeng wicanten malih, pandugaku kowe ora pisan niyat anglakoni kaya lelakonku, kang mongka aku
sadurunge kaya mangkene, aku uga anemahi kasusahan kang luwih banget ana paprangan, akbedhil
kaping sewu dohe kurang seka 30 jangkah, mulane ngaurip iku aja sok meri marang kabegjaning liyan.

Wonten sawijining jaka, ingkang watak melikan, imah-imah angsal anakipun tiyang sugih, antawis boten
lami sanget ing susahipun amartgi watakipun kang estri, asring-asring ngundha mona dados paben
kalayan piyambakipun, mila jaka kang mentas rabi wau lajeng wawadul dhateng marasepuhipun,
menggah wangsulaning marasepuh wau mekaten, tuturana bojomu iku, kang samongsa ora mareni
wawatake kang nora pantes, iya bakal daksibratake, awit ing wektu wau lajeng mantun boten purun
pradul malih, sabab jalaran yen saestu kasibrataken ing tembe badhe boten pikantuk warisan brana, ing
punika tetela jaka wau nggening ngimah-imah boten kalayan tresna …dhateng kang estri, amung melik
dhateng kasugiyan.

Nalika dinten Akad Pon ping 28 wulan Mei 1870, ing dhusun Ngagel tanah Redi Kidul, bawah karaton
dalem ing nagari Ngayugyakarta Adiningrat wonten tiyang satunggal nami pun Tijaya, kaleres
rencangipun Raden Demang Mangundikrama, gadhah maesa Setul wawrat, sareng sampun mongsa badhe
lair, anggenipun nyakiti ngantos kalih dinten, gudel …katingal sirahipun kimawon dene wedalipun
sarana dipun tu….ngi ing tiyang, sareng medal gudel wau sampun katingal pejah, namung tiyangiun
taksihlestantun gesang, anamung gudel wau wreninipuh sarana dipun tulungi ing tiyang, sareng medal
gudel wau sampun katingal pejah, namung biyantunipun taksih lestantun gesang, anamung gudel wau
wrenenipun aneh dhapuripun sirah maujud satunggal, kuping sekawan wonten sirah kalih wonten tenggok
kalih, mripatipun tiga, wonte limrahing mripat ing kakalih, ingkag satunggal ageng kaprenah wonten
githok, sareng dumugi weteng awakipun kalih, sukonipun wolu, suku ngajeng sami rerangkulan suku
wingking sami ngajojor, buntut kalih silit kalih, anamung paja tuwin pawestren sami boten wonten, sarta
gudel wau lajeng …kadossaken ing nagari, Ngayogyakarta kaping 13 wulan….Mei 1870 Katandhan
Sulanjana.
=================================================================

Panjurung ing Jurumartani

Manawi andadosaken parenging panggalihipun mitra kula, ingkang sisilih nama Trusdhasastra, sarehning
kula watawis panjenengan sampeyan remen amursudi wawangsalan kula anyuwun barkah saserepan
jarwanipun wangsalan ingkang andadosaken kodhenging manah kula, tur sampun kangge lami, wonten
ing kagungan dalem serat pasindhen badhaya, antawis ampun mawi tegesipun sadaya, ananign kula
dereng angsal katrangan kang patitis wijangipun wangsalan sarta jarwanipun wau, boten kathah ingknag
kula aturaken namung pirung bab kados ing ngandhap punika.
I. Songsong papan embank-emban sumambita: karimangu anganti dhedhemenane mambita.
II. Bal Atmatunjung alitsinaroja: Lamun kangen tumutur pundi paranyakaroja.
III. Pandaming ngrat kusuma dina nurwenda: Amung sira kawistara ing papremane
IV. Srenging karsaa alun-aluning sayana: karepane semune yen lalena.
V. Miyongga lit rondhone sira tilarsa: den ririh sarira sapa darbeya
VI. Kasut kayu pandaya pangruwat Atma,: kaya paran waluyane brang taningwang
VII. Tapas aren la ta kang pindha buntala: Ananira ulih na kaya duk ora.

Namung punika kimawon rumiyin ingkang kula suwunaken jarwa panjuwun kula punika kawijanga
makaten upami kados wangsalan sampeyan ingkang mungel,jenang gula kang arta ttindhih ing donga,
jenang gula iku, glali arti tindhih ing donga, iku wajib,oleh dene aja lali ing kawajibanira, manawi boten
makaten kirang padhangipun ing manah ingkang nampeni, e e wonten malih ingkang kula kodhengi
kados wangsalaniun putri Cina ingkang mungel swara samita rekasa, nora kena jinadha jadha ing kapti
dhuh sang Jayengbawana, swara sasmita rekasa, punika tegesipun punapa, wasana sadaya pun atur kula
punika mugi sampun dados seling serep ing panampining pangggalin sampeyan saestu kula namung
pitaken sayektos yen ta tumrap anunggil dhahar ing kemeja punika, kula inggih bingah kakarsakna
sesodoran dhaharan ingkang wonten ingpasamuwan wau.
Titi katandhan Mardhawa.

Sarkarane asmarawigati, sangking dahad sedya biyantuwa, akathah-kathah kang tabe, katur tuwan
redhaktur F. L. Winter ingkang ngrenggani, saliring serat kabar, ambatur anjurung, cangkriman namung
nempada, sekar sinom yen sembada kulaturi, macak wraspati ngarsa. Wonten warna langkung sura, culika
ngebatebati, anggung denya karyarongga, tans umedya ngarah pati, yen kapregok nguncati, nyalimpet
saenggenipun, kalamun ing ngupaya, sayegti pinrih ngemasi, kuwandane den ejur asring kinuswa.
Pratiwabuja Manggala, warastra sajuga lungit, tankewran karoban lawan, singa kang kaparag tapis, suh
brastha tana dadi, luyut supadi rahayu, senapatine ngran, kumendhir nya ngananngering, sirna gempang
mungsuhe pinrih raharja. Wonten wanodya susila, jetmikanira tan sipi, naming cacade satunggal, sok
nyolah kadi wong baring, nginggel awanti-wanti, malerok ngering mindhuwur, sedhet ambalang
tingal,angon sirammaning genndhing, kadya tanjak ukel asta pancake jongga. Sakalangkung
kawaslasarsa, wong desa padha prihatin, anom tuwa cinekelan, padha anandhang teteali, katur marang
pulisi tan ona awruh dosanipun sepi titiparisa, bebandan gya den uculi, nyandhak kaadgasar winigasi
ingkang jongga, Yata kyai Amongroga, adarbe putra kekasih, langkung deira nglaela, tan kena pisah sak
ari, yen dhahar den aldosi, dinulang saya pinungku, yen kasep denya dhahar,kang roma susah
tansipi,lesulangkrah ngalumpruk tan bisi ebah. Wonten malih ginupita, wonodya nandhang garbini,
sareyan munggeng ing tilam, jinaganan aneng kering, pasangka dya semedi, marengi ing mangsanipun,
waluyaning gerah, sangking usada utami, mijil swara angsuwarta wong saka praja. Titi.
Surakarta kaping 16 Rabingulakir taun Dal ongka warsa 1799, katandhan Trusdhasastra.

Punika wangsulan kula dhateng pun Cekinongka.

Sawedalipun Jurumartani ongkang 28 wonten pitakenanipun mitra kula, pun Cekinongka dhateng ing
kula, apitaken punapa sampu mathem utawi derengipun, lan kula nandhangi piyambak lan botenipun,
dene sangking bab pangalembana kula dhek inggih sampun mathem, anamung bab pitakinenanipun adhek
kula tumut andhangi maculutawi botenipun, la punika kula saestu boten yen ta nyepeng ngapacul
piyambak, anamung inggih prasasat nyepeng pacul piyambak, sabab parentah kula dhateng kalerehan
tuwin ririgen kula, dhateng panggaraping radinan ageng kalawan dhawuh parentah ing nagari boten
sepen, sarta kula boten kejep pisan-pisan, ingkeng kalawan kula lampahi taberi, punika rak inggih
prasasat kula ngembat pacul piyambak ta dhek, wusana kula suka wangsulan kedhik kemawon dhateng
keng slira dhek, ing ngatsipun priyayi sameongsa boten supe wah napekaken dhateng kuwajibanipun
ingkeng kalawan anglampahi punapa sak dhawuh ingparentah, ingkeng sampun winajibaken ing
ngatsipun satunggaling tiyang, rak inggih sampun cukup ta tdhek. Namung kedhik keng slira kok perlu
temen ta dhek, kusung-kusung nyambungi kucir cina, punika mangke rak mindhak babelek kesdipun para
kapala, ingkeng pancen ta lewor klayan keng boten, dhek dhek bok inggih sampun dipun lajeng
lajengaken, aluwung keng slira dumugekna nggen ajeng ngandika ceki kewa wong mangke yen leres
medal ngajeng-ajeng ngandika piyambak saestu labas ngriyung, tiyang tumpukanipun 5 ringgit sawung
ceki, 4 ringgit tur sekawanan nok pengggalih jengandika mrika-mrika, iyak mangke rak mindhak dipu
labas tiyang sanes mas-mas, wekasan keng slira tansah jomblong, kang mongka cekine keng slira, sareng
kabikak malih lajeng medal wonten wingi kingaken ngalabas wau, keng slira teneh bengok, Sami-sami
yen pinuju dhangan ing penggalih jengadika, aluwung cangkriman kula ngandhap punika kemawon
kabatanga.

//Sekar Durma//Amarna ingkeng cangkriman ,namung kawan prakawis, mugi dyan batanga, sampun
kaletnu tampya, yen sisip ambebayani ingkeng jinarwa, sebak ngandhap punika. Estoning tyas sun tanya
jati ing gesang, lawan jatining patinggeng ginawa gesang, lawan ginawa pejah, yen manungswa an
ngawruh ing satemah rusak, sumongga dyan loati.
Katandhan, Darmacarita.

Sunguning dhateng Ngabei Sajaya

Ing ngandhap punika bilih boten kalintu, sarta yena nyondhongi, ing sasaged saged kedah nglaksanani,
pamintanipun ngabei sajaya, tegesipun jarwa ang tumrap ing Jurumartani, kang wahyari wras patilek, 26
Juni kang mungel kadosta:
Ongka Jarwa Ongka Teges
1 Nihan kasidaning lina 1 Tan sigeglepasing pati
2 Itih, pamasahan raga 2 pakarti kang manggon
tekengdon tantelas
3 Kaiton 3 kang ngblegi bok
4 Basmi padangan 4 Rampunging pangupakara,
lan rampunging pangulah
5 paiban pawungon 5 Marganing wungu
6 kalimaosada 6 Kuwating jajampi
7 kadaden 7 Tumama, katrima
8 kapurusan taya 8 Pratikel kaler, solah kang jejeg
9 Maha padma 9 Kembang kang luwih ageng
10 Tapa kaningaja 10 labeting ngajar, lantilasaning
pandhita
11 Sarining Syanghyang Darma 11 Wateking Syanghyang Guru
12 Karadayan 12 kabeh kaluwiyan
13 Pasenetan 13 Nggonkang tretib
14 Padhawuan 14 Samya pinarentahan
15 Pancabuana 15 Keblatpapat Klimapancer
16 Pamunahsing pinaten 16 Pamalesing kang pinaten pupulih
ingkang mati
17 Sarining limaosada 17 Pandawa katitisan jimat
18 Darmapasucen 18 Pasiraman kang sae
19 Pancapurusa 19 Benera budhi
20 Paleburan kawah 20 Pangrusaking murka
21 Pararacutan 21 Kasimpen sadaya
22 Tataasthawara 22 wolu wilangganingkramatuwin basa
23 kayatnan 23 kaengetan
24 Dresana 24 Tutuladan
25 Astutitaya 25 Prigel anyembah
26 Kusarabuana 26 Ebun Wratasajagad
27 Sandipatitising samadi 27 Pujanyata kang tankatawis
28 Kapakikan kalestu ayon 28 Kanggge ing samongsa-mongsa.

Katandhan pun Kasdu.

Para priyantun ingkang sampun anampeni serat katuronggan kapal, kula aturi angintuni arta dhumateng
kula, kathahipun 3 rupiyah, langkung 50 sen kawrata ing srat pos wissel sumerep patumbasanipun serat
katurongga wau.
Tuwan F.L.Winter ing Surakarta.

Kula tuwan F. L. Winter, ing Surakarta, angaturi uninga, bilih wonten sagawon ingkang badhe kawade,
sagawon wau taksih nem sarta ageng, wah panjang badanipun ali saking sabrang, inggilipun 2 kaki, 3
dim, wulu pethak memes, sirah blangkuning, kupingkalih wulu cemeng, buntut panjang anjelebreh
wulunipun, manawi wonten ingkang ngresakaken kenging pikantuk katrangan saking kula.
Katandhan tuwan F.L.Winter.

Andadosna uninganipun para priyantun ageng alit sadaya, manawi ngecapipun serat pasamuwan ageng
ing nagari Surakarta, sampun rampung serat wau sastrajawi mawi sekar macapat, 1 serat tegi 75 sen,
parapriyantun ingkang ngarsakaken kenging pikantuk saking tuwan Purneman ing Surakarta, Tuwan F.
L. Winter ing Surakarta, Tuwan Raden Atmadikara ing Surakarta.

Kula tuwan Brihe ing Kabalen Surakarta, angaturi uninga manawi kula kinuwasakaken dening tuwan C.
W. Winter, amadekaken kapal rakitan cemeng, tanah sandelhut ingkang tutut sarta banter lampahipun,
para priyantun ingkang ngarsakaken tumbas kapal wau, kenging lajeng amriksani wonten ing griya kula.
Tuwan Brihe.

Kula tuwan P. F. Purneman angaturi uninga dhumateng para priyantun sadaya. Manawi kula mentas
anampeni kertas walandi, tuwin kertas pos, warni-warni, loncong gantung mawi tutup gelas, kang
sakalangkung adi, pigura, tuwin gambar lan nonah-nonah ingkang sakalangkung ayu, gambaripun rare
sami numpaki kapal bandhangan sarta main dhadhu, prayogi kangge angenengi rare. Unapa malih kula
ngaturi uninga malih, menawi ing dalem kalih dinten ngriku kula badhe nampeni sastra Jawi enggal
sangking nagari Walandi, ingkang sakalangkung mikantuki kangge ngecap buk waosan serat setat pasa
panyadenipun kewantuwin sakathahingserat dhawuh nagari, kula tuwan P. F. Purnemen.

===============================================================

Punika candhakipun cariyos babad Pajajaran.

Sang nata wau duk mulut, yen mungsuhe wus ngepang ing nagari, wu….ser wau sang prabu, kutha wus
ing ngobongan, pan lumayu sang nata mungah gunung, sedyane banjur atapa, wus pinasthi jawar edi.
Amengger ing kuna, gih puniku siyung wanara yekti ,gantiya ingkang winuwus, sembada arya Bangah,
wirunambi langkung suka ing tyasipun, wau kang papasantena, amboyong sinoming puri.
Binouyong wong Pajajaran, binekta mring Majapait, wus bubar kang wadyabala, samya mantuk kang
prajurit, wus katur mring dyan mantri, yen pajajaran wus gempur, estrine binoyongan, langkung sukane
sang pekik, duksemana rahaden Jumeneng nata. Kinambi jumeneng nata, sembada dadi bupati, wirudya
dyan Kandhuruwan, wanarya Bangah sami, ing ngelih namaeki, arya Panular jujuluk, sampuningla,a-
lama, sang nata sare ing latri, asupena paanggih lan putri Cempa. Pupungun sawungunira, nulya nimbali
kyapatih, eh apatih wruhanira, mau bengi ing sun ngimpi, katemu lawan putri, ing Cempa kongsi salulut,
kya patih matur nembah, sumongga karsa sang aji, pan siarya Panular arsa sundut, Matura mring raja
Cempa, yen putrane ngong rasani, lamun sembada ing karsa, kagawaha ing sireki, lan anggawa apatih,
mantri kang pinter kang sepuh, rongga ngabei demang, wis sira mangkata aglis, sigra lengser arya Panular
tur sembah. Alayar dalu lan siyang, wus prapta ing Cempa nagari, wus katur mring raja Cempa, nulya ing
ngandikana aglis, eh duta sira iki, kinokon apa maringsun, kiarya matur nembah, ambadinuteng putraji,
Majapait wiyosipun angelamar. Raja Cempa angandika, timbala anasira patih, nembrama amring ki Arya
Sang nata lumebeng puri sang putri dyan tinari, sang nata putra detelu, estri kakalih sanak, satunggal jalu
apekik, wus tinari kang putra kinen adandan. Pangandikane sang nata, arya Panular sireki ,matur mring
raja Jawa, nini putri nora krami, anjuru Danarpati, patih aterna gustimu,kuya patih atur sembah, arya
panular gya pamit, sampu prapta pasisir arya Panular. Utusan dinginki Arya, matura marang sang aji, gih
sampeyan amethuka, mringa resik sang narpati, ganang cariyos negnggih, kang ngamethuk sampun
rawuh, sang nata nitih liman, sang retna anitih joli, dyan tumedhak sang nata sareng lan garwa. Nitih joli
sakaliyan, sang nata lan sang retna di, gamelan umyung gumerah, tatabuhan urut margi, awor
kendhangong beri, swaraning janma gumuruh, sumyuk abra asinang, bullubule layu ngarsi, barane
amarapit kering kanan. Sampun prapta ing nagara,.…..tu mameng jro puri, sareng tedhak sakaliyan,
kekanthen nesta luma,….. prapta sareng ngalinggih, sang retna lenggah tumungkul, para rabya sang retna
kusuma retna di wati, nggenya krama sampuna tut sakaliyan,. Kawarnaha raja cempa, prapteng delahan
ngemasi, kang ginenteken nata, nenggih putrane wuragil, ingkang jumeneng aji, saben dina …yanipun,
angguga weguneman, lan sehwali lanang nguni, pan wus lama sira kesah walilanang. Nulya pinanggih
ken lawan, kang raka Sri Narapati, sang nata ing Raja Jawa, wonten raseksi kakalih, jalu kalawan estri,
tatruka aneng wanagung, kakang aturna ing wang, marang ratu Majapahit, ing kang raka sumaur mongsa
arepa. Marga saking warna nira, sipatira lior madedi, aja tha rambutmu gimbal.

Ambumu amis abacin, tumulya nira seksi, dipun usap jajanipun, nulya rupa manungsa, warnanya lir
widadari, lah kariya paningsun menyang priyangga. Sira reksi nulya kesah, atapih wulung mantesi,
kakembene jingga nila, salendhang nyawulung langking, ayunira respati, dadi tontonan gumuruh, samya
tilar pikulan, anoning kang lgya prapti, wong kang dodol padha atinggal dhadhasar. Miruta pasar
Majalengka, anonton wong anyar prapti, sang nata lagya sineba, pepak kang punggawa mantri, angandika
sang ngaji, eh patih anapa iku ing paar geger uymyung, apa kang dentontoni iki, pariksanen kapatih matur
wotsekar, Lengser saking ngarsa nata, miyak wong kang niningali, kang samya ngrubung bok Endhang,
kyapatih tatanya gipih, sira Endhangi ngendi, ana ing pasar rinubung, apa arsa tutumbas, miwah takon
kasdang eki, ni bok Endhang umatur griya kawula, Ing wana gung wismaning wang, boten tatumbas
kiyai, boten nyupadosi sanak kawula sedya angabdi, dhumateng sribupati, suka abdekna katong sun, wus
katur atuyrira, pangandikane sang ajki, timbalan si Endhang mring ngarsaning wang. Linebetaken
semana, ni Endhang mring kenya wuri, anuli cinangkramanan, yata putra Dwarawati, tan sinabeng
narpati, anggung ni Endhang tinunggu, wus lami nyai Endhang, denya wawrat tigang sasi, ni bok
Endhang anangis dalulan siyang. Langkung kasengsem sang nata, ratu Cempa Dwarawati, kinebon
dening sang nata, mung Endhang kang den tunggoni, siyang kalawan latri, tansah anggung pulang lulut,
semana wus salama, ni Endhang denya garbini, risedhenge pasiyan wawrat tigang wulan. Aminta gegecok
mentah, akaruna siyang latri, tinekan nulya dhiniar, Endhang malih rupa uwil, kadhaton geger ajrih,
Endhang denya rupadiyu, mulih kapanganira, merang ing galih sang aji, dadya lami sang nata datan
sinebea. Wonten malih winusita, ajar kang tapa neng arfi, tunjung putih padhepokan, saloka tara
wawangi, wus gentur denya tapi, semana karsanya kaul,Endhang samya lah olah, weneh ana kang anakir,
nyuwun pangot paneratane ki ajar. Pangandikane ki Ajar, iya si Ranggo Anakir, wasirapangku ugi,
selehna bae ing salu, Endhang matur sandika, sawuse akaya takir, Endhang supe pangot sinelehaken
pangkyan. Sigra ni Endhang awawrat, pangot gagarane nenggih, wawadhahe kamanira, ajar yen mijil
kang mani, wus tigang wulan mangkin, ni Endhang wawratanipun, kawuningan ki ajar, Endhang nggenira
gabini, sira iku angliraken wekasing wang. Wus pasthi karsaning dewa, nora kena den singkiri, wus
jangkep semayanira, mijil ingkang jabang bayi, jalu keh cacad neki, weteng bekel banyak bathuk,
maripatira kera, sami ciker tangan kalih, peli kuping dadi bayi kawahira. Pan wanodya ayu endah, kang
jajalu dipun wastani, Jaka Bandang namanira, Suwelawati kang estri, samana sampun akhir,
pinikramakaken sampun angsal ing tingkir sangdyah, ki Bandung agentur tapi, sawarnine tapa linakyan
sadaya. Tumur babad ingkang rama, siyang dalu neng wanadri, ki Bandung matur ring rama, inggih
amba myarsa warti, sang prabu maos pait, darbe putri langkung ayu, bandhang grah kaperyayang,
sakathahe kang jajampi, tinambaken tan ana kang marasena. Brawajaya sayembara, sinten marasna sang
putri, tinarimaning sang retna, ginanjar nagri sapalih, yen rama nyaweni, kawularsa ngawunawun,
nyagahi sayembara. Kang rama ngandika aris, wus birahi samengko ta anakingwang.
Punika taksih wonten candhakipun.
====================================================
[Note: The dates on some items below indicate that notices published on other dates must have been
placed with this issue of the paper in the Indonesian National Library’s bound volumes.]

Punika wewahanipun Serat Jurumartani Ongka 31 Kemis kaping 28 Juli ongka 1870

Tuwan C.E.H.Bir ing Surakarta, angaturi uninga, manawi mentas anampeni barang utawi sanesipun,
kados kang kapratelakaken ing ngandhap punika. Mertega, ulam amkeju, warni-warni, susis eca-eca,
ulam lembu, sirkul tuwin sanesipun sayuran Walandi, ulam peksi, sapanunggilanipun uwoh anggur,
amandhel permeseli, gandum, sarta orcis, bekuwit Samarang tuwin Inggris tuwin panganan walandi
warni-warni, songsong jepun agneg alit dolanan rare sae sarta aneh aneh, maisan jae, kecap jepan
cikak walandi,ulam abrit saking makasar sanjata warni-warni, akathah inuman tuwin dhadhaharan
srutu manila eca-eca, sadaya mirah reginipun. Tuwan C.E.Bir

Tuwan Manuel 2, tuwan Sekoles sami ngaturi uninga, manawi ing sapunika para tiyang kenging
pikantuk tumbas eir es malih wonten ing Mesen tuwining tokonipun cawan sekoles ing loji wetan.
Katandhan tuwan Manuel, 2 tuwan Sekoles.

Kula angaturi uninga dhumateng para priyantun manawi salebeting wulan Agustus ing ngajeng
punika, kula badhe ngalih ing griya, ingkang sapunika taksih dipun dalemi tuwan Tong Sen. Ing
wasana andadosna kauninganipun para priyantun sadaya, manawi kula asade salep tuwin Pil olewai,
sarta kupin pillen jampi warni-warni, punapa malih strup sabun beter, klonyo tuwin sanesipun lisah
wangi, inuman pulas lisah cet, pulitur tuwin pernis sadaya mirah reginipun. Katandhan tuwan H.R.
Weiting.

Kauningana para priyantun manawi wonten kapal Makasar sarakit ules dhawuk sae-sae, umur 6 taun
tanpa ciri, badhe kawade, bilih wonten ing kang karsa tumbas lajeng kenging pikantuk katrangan.
Katandhan tuwan Purneman.

Tuwan Sir Lo bato enko sade am tuwin keju eca-eca, taksih enggal sadaya.

Kula tuwan P.F.Purneman angaturi uninga, manawi para priyantun sadaya, kenging amitung kas
dhateng tuwan Pillip ing Ngayogyakarta, bab panumbasipun serat katurongga kapal tuwin sanesipun
serat waosan ing tembung jawi,punapa malih tuwan Phillip wau, utawi kula ugi sagahan dhateng
ngaken berang-barang saking nagari walandi, ingkang dados wawelinganipun para priyantun sadaya.
Katandhan Tuwan Purneman

Gambarring nagari Ngayogyakarta.


Kula kang anandhani ing ngandhap punika, mentas anampeni gambaring nagari Ngayogyakarta,
ingkang amratelakaken sadayanipun, mila sakalangkung mikantu dados cacepenganipun para
priyagung, menggah gambar wau namung regi 13 rupiyah langkung 80 sen. Tuwan Purneman.

Basar Surakarta
Tuwan Slirlobato enko mentas anampeni barang warni-warni kados kang kasebut ing ngandhap
punika.
Meja cuci muka ageng alit sarantosipun jangkep sadaya,gelas kestelan, te…ya walandi, sendhok
gerpu, lading sami kestelan serpis dhahar, jeplakan tikus kaca ageng tuwin sadheng, pigura, serpiteh
kadamel saking plet, klinthingan, baki warni-warni, tutup meja sae-sae, gunting Inggris, warni-warni
dhamas ijem abrit tuwin cemeng, camethi, pethi wadhah arta, wolledhig, sarung tangan sutra, keker,
tesmak kang manawi anumpak kareta latu, orgel mawi gendhing, 8 warni, panithikan mainan
ingkang pancen kang damel rarengganing kruntapel, ulam warni-warni, ulam abrit susis,
sapanunggilanipun dhadhaharan sanesipun tuwin inuman warni-warni.
Slir Lobato enko.

Kula pun simin agagriya ing kabalen Surakarta kamipurun ngunjuki uninga dhumateng para
priyantun manawi kula sagah adamel sawarnining dhaharan pangan walandi ingkang pantes kage
sugata, ing saben dinten utawi ing pasamuwan ageng.

Kula tuwan Y.Kuni, ing Batawi angaturi uninga, manawi kula sagah anumbasaken sawarnining
barang ingkang dados wawelinganipun para priyantun utawi sanesipun ing ngarawi ….Jawi, sarta
kadugi amadekaken utawi angintunaken barang dhateng nagari Walandi, utawi tanah sabrang
sanesipun. Katandhan Tuwan Y.Kuni.

Tuwan Juru basa sepuh C.F.winter, ing Surakarta, sampun anedhak Jawi serat…bab pangagemanipun
pameran para priyantun Jawi ing tanah gupermenan, tedhakan punapa badhe tumunten kaecapaken
satunggal serat karegenan 1 rupiyah pethak, para …pati ingkang badhe ngarsakaken tumbas serat
wau, sami kaaturan akintun serat medal ing pos dhumateng tuwan Jurubasa Winter, prabeyaning pos
kabayara piyambak saha mawi amratelakna ….cah ing serat ingkang kakarsakaken kalebet ara
priyantun andhap andhapanipun, makaten amurih tuwan Jurubasa winter sageda sumerep anggenipun
badhe angecapaken pranatan wau kathahipun pinten.

Surakarta kaping Juli 1870


Kula ngaturi uninga, dhumateng para priyantun ing nagari Ngayogyakarta sadaya ingkang sami kersa
ngecapaken serat, setat, utawi serat pethuk, tuwin pones kapatiyan punapa malih kertas awarni-warni,
pirantos panyeran, buk warni-warni, sami karsaha mitungkasa dhumateng tuwan Pilip, ing
Ngayogya,
Katandhan tuwan Purneman.

Punika pratelanipun barang, ingkang sawek dhateng saking nagari Welandi


Dhus wadhah pirantos agambar, paber pen kas jongka, siku, mangsi cina, penuli, potlot setalpen
mawi sela inten, om potlot mawi gagang jene, lambaran panyeratan, bekakas panyeratan, wadahh
gambar, warni-warni, erloji jene, utawi slaka, wadhah mangsi mawi sekrup, jidraran ngangge
kuningan, keras warni-warni, amplop ageng utawi alit, gambar ageng praosan, potlot paber, mangsi
cemeng utawi ijem
Katandhan tuwan P.F.Purneman.

Tuwan Lobatu angaturi uninga dhumateng para priyantun ageng alit sadaya, yen piyambakipun
mentas tami barang saking nagari walandi warni: Cet pethak, Lampu sae-sae, Sutra setin kandel
warni-warni, sarta sae-sae, ijo blawu cemeng abrit; Bekakas the kacatolet kangge para raden ayu,
tuwin para priyantun sanesipun; Kaca ageng dipun gantung ing dalem sanglangkung prayogi; Punapa
malih wacucal perlak sanglangkung sae; Erloji saklangkung sae, sarta saklangkung mirah reginipun;
lonceng kagantung ing dalem saklangkung prayoginipun; tutup meja saklangkung bagus bagus;
kareta ingkang saged mlampah piyambak saklangkung prayogi, kangge rare tuwin tiyang sepuh.

Kula tuwan P.F.Purneman angaturi wuninga dhumateng para panjenenganipun priyantun Jawi, bilih
ing mangke kadugi andhatengaken barnag welingan warni-warni saking tanah Eropah, awit wonten
satunggaling miotra kula ingkang anjabah ing tanah Eropah, punika ingkang asagah angintuni utawi
anumbasaken barang barang welingan wau, saha badhe kakintunaken dhateng kula tumunten ingkang
punika kula angaturi pratelan dhateng para priyantun ingkang badhe karsa amameling, barang-barang
ingkang saged enggal dhateng wau, kedah kaawrat ing baita asep seng awragadipun ragi awis
tinimbang kalayan bilih kaawrat ing baita layar. Sanajan barnag barang kula piyambak ingkang
wedalan saking tanah ERopah sampun kathah, ewadene anglengkara bilih anjangkepana sapa
milihiipun tiyang, mila pangajeng-ajeng kula supados para priyantun samiya karsa amemeling barang
barang ingkang kula boten gadhah.

Toko buku ing Samarang, tuwan G.C.T.Fandhorep enko, angaturi uninga ing para priyantun, manawi
anggenipun ngecapaken serat waosan cariosipun nalika pasamuwan ageng ing nagari Batawi sampun
rampung, serat wau sastranipun jawi mawi sekar macapat anggitanipun raden Atmnadikara, ing
Surakarta, menggah reginipun satunggal serat 3 rupiyah 50 sen pranko ing ngepos para priyantun
ingkang badhe angartekaken mugi angintunana serat pos wissel dhumateng tuwan fandhorep enko
wau.

SURAKARTA
Antawis kirang sadasa dinten malih, panggarap pangeecapipun sakathahing buk, katurongga kapal
sampun rampung sadaya, babonipun serat katurongga wau, yasa dalem ingkang Sinuhun Kanjeng
Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping III, ing nagari Surakarta, saderengipun kaecap, serat
katurongga kapal wau, sampun kamupakatanaken, sakathahing para priyantun, sepu anem ingkang
sami remen prama dhateng turongga, sampun sami biyantu mastani leres, utawi wewah utami, sabab
mawi kawewahan jampi pamirsa saking bongsa sabrang, mila awiting titi angsanipun serat
Jurumartani punika, dumugi 10 dinten, sinten ingkang ngersakaken tumbas lajeng angsal, menggah
regenipun manawi tumbas 1 iji, regi 3 ½ rupiyah pethak.

Menawi tumbas 10 iji 1 buk regi 3 rupiyah, 10 buk regi 30 ruopiyah.


Menawi tumbas 25 iji 1 buk regi 2, ½ rupiyah 25 buk regi 62, ½ rupiyah.

Nunggil kirang 1- dinten wau, sinten ingkang ngersakaken tumbas serat wuwulang kalakuan
lampahipun tiyang estri, sageda kaleresan, anggenipun angladosi dhateng ing lakenipun, babonipun
ing buk pawulang wau, yasanipun priyantun kina ingkang sampun bijaksana, sarehning sampun
yakin, lajeng kaecapa kadadosaken buk kathah, sinten ingkang kersa tumbas, kawaos mirsa
suraosipun ingkang kawulang purun anglampahi, punika badhe mupangati, dhateng tiyang jaler estri
sadaya, sinten ignkang ngersakaken tumbas lajeng angsal, menggah reginipun manawi tumbas 1 iji
buk, regi 30 sen, menawi tumbas 10 iji buk 1 iji regi 20 sen, 10 buk regi 2 rupiyah. Menawi tumbas
25 iji buk 1 iji regi 20 sen 25 buk regi 25 buk regi 2, ½ rupiyah. Menggah serat wirasat saking
kathahipun ingkang tumbas, ing mangke kantun sakedhik.
==================================

Ing sapunika para priyantun kenging pikantuk tumbas serat wirasatipun tiyang estri ingkang
kawedalaken kaping 2 punika menggah regining serat wau katamtokaken kados ing ngadhap punika.
Manawi tumbas 1 iji, karegenan 30 sen
Manawi tumbas 5 iji karegenan 1 rupiyah 25 sen
Menawi tumbas 10 iji karegenan 2 rupiyah
Manawi langkung saking 10 iji, reginingipun ugi badhe kasuda, ing samurwatipun. Ing wasana
parapriyantun ing kang angarsakaken tumbas serat wirasat putnika sami kaaturan angintuni arta
kalayan pos wesel
Katandhan tuwan P.F.Purneman.

Serat Katurongga kapal


Ing sapunika para priyantun sampun kenging pikantuk serat katurongga kapal, menggah isinipun
kapratelakaken ing ngandhap punika.
1, Ciri kang sae tuwin kang awon, 133 bab utawi warni
2, Katranganipun ciri ingkang tumrap ing salebetipun cangken kapal
9 bab
3, Bab pethekipun turongga, 24 bab
4, Bab dinten kalairanipun kapal 4 bab.
5, Bab dinten ingkang sae, manawi badhe tumbas kapal 4 bab utawi
warni
6, Bab pangleburan sakathahing ciri 7 bab utawi warni
7, Bab Kramas tuwin paguyangipun kapal 6 bab utawi warni
8, Bab Pangurut tuwin jampining lambe kapal 7 bab utawi warni
9, bab jampining kapal saras tuwin sakit 93 bab utawi warni

Serat katurongga punika amratelakaken sakathahing katrangan prenah utawi watekipun satungal
tungggaling ciri,menggah reginipun katamtokaken kados ing ngandhap punika.
Manawi tumbas 1 buk reegi 3 rupiyah 50 sen
Manawi tumbas 10 buk 1 iji, regi 3 rupiyah
Manawi tumbas 25 buk 1 iji regi 2 rupiyah 50 sen.
Sakathahing serat punika kenging pikantuk tumbas bayar kenceng saking
Raden Tumenggung Kartanagara Surakarta
Raden Atmadikara Surakarta
Tuwan Purneman Surakarta
Tuwan F.L.Winter, ing Ngadipala, Surakarta

Para priyantun ingkang sami ameling serat katurongga, kawrat ing serat kalowongan kula aturi, mugi
karsaha angintuni serat wisel pos dhumateng kula, sumerep panumbasing serat katurongga,
tampining serat wissel wau,kula badhe lajeng angaturaken sakathahin g serat kang kinarsakaken.
Tuwan F.L.Winter Surakarta

Kula tuwan P.F.Purneman angaturi uninga para priyantun agengalit sadaya, sinten ingakg kersa
tumbas barang bekakas griya, pratelanipun kados ing ngandhap punika: 2 iji bangku angangge pir, 2
iji kaca kalih, 6 iji pigura, 1 iji meja bunder, 2 iji meja main kajeng sana sadaya, 1 iji piyano, 2, iji,
baki, 1 iji pirantos wadhah acar sapanunggilanipun, 2 iji dhusin kursi, 8 iji kursi goyang, 5 iji kenap,
3 iji patileman, 1 iji meja kenging kalempit, 1 iji basilonjong, 3 iji lampu gantung, 3 iji kursi malas, 3
iji mea cuci mukak kajeng sana sadaya, 2 iji setel sepis dhahar porselin kenging kaange priyantun
kalih welas.

Barang ingkang kapratelakaken ing nginggil wau sadaya sae sarta santosa pandamelanipun.
P.F.Purneman.

Tuwan C.F.Winter ing Jebres asade kopi sae pangakt kados ngandhap punika:
Ingkang nomer satunggal sadhacin regi 28 rupiyah
Ingkang nomer kalih sadhacin regi 27 rupiyah
===============================================

Tuwan C.F.Winter ing Jebres asade kopi sae pangkat kados ngandhap punika:
Ingkang nomer satunggal sadhacin regi 28 rupiyah
Ingkang nomer kalih sadhacin regi 27 rupiyah
Kula tuwan p.F.Purneman angaturi wuninga dhumateng para panjenenganipun priyantun Jawi, bilih
ing mangke kadugi andhatengaken barang welingan warni-warni saking tanah Eropa, awit wonten
satunggaling mitra kula ingkang anjajahi tanah Eropah, punika ingkang sagah angintuni utawi
anumbasaken barnag weilingan wau, saha badhe kakintunaken dhateng kula tumunten inngkang
punika kula angaturi pratelan dhateng para priyantun ingkang badhe karsa ameling, menggah barang
barang ingkang saged enggal dhaeng wau, kesah kaawrat ing batia asep saha wragadipun ragi awis
tinimbang kalayan bilih kaawrat ing baita layar.

Sanajan barang barang kula piyambak ingkang wedalan sakng tanah Eropah sampun kathah,
ewadene anglengkara bilih anjangkepana sapami pun tiyang, mila pangajeng-ajeng kula supados para
priyantun samiya karsa amemeling barang-barang ingkang kula boten gadhah.
===================================================================

Kula kang andhani ing ngandhap punika, mentas anampeni laken alus, pancen sae kadamel
sikepanipun para priyantun Jawi, punapa malih kula wade kanving ageng alit mawi aksara K.W.

Ing wasana kla angaturi uninga, manawi kula sagah damel pangagemipun para priyantun Jawi,
Gruteni gagrag ing sapunika
Katandhan tuwan Y.Andriye, ing Samarang.

Kula kang andhani ing ngandhap punika, angaturi ininga dhumateng para priyantun Jawi daya,
manawi anggen kula meling laken biru sepuh, ing kang pancen kangge kadamel rasukan sikepan
paning para priyantun Jawi, ing sapunika sampun dhateng, punapa malih kula anampenikancing
ageng tuwin alit katandhan aksara W mawi Krun,

Ing wasana andadona kauninganing para priyantun Jawi sadaya manawi kula sagah damel Gruteni
pangagemipun para Amtenar Jawi, manut ingkang kapratelakaken serat pranatanipun kangjeng
gupremen, katitimangsan kaping 2 April 1870,ongka 9
Katandhan tuwan Y.Andriye,

Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 6 Juni ing ngajeng punika, badhe wonten lelang ingkang
kasade barang kados ing ngandhap punika: Kursi warni-warni, meja. Patileman, wadhah inuman
endah warninipun, Pigura, Sakathahing barang punika sadaya sae-sae, sarta santosa pandamelanipun.
Katandhan Tuwan langkring.

Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 30 wulan Mei punika wanci pukul wolu sonten badhe
wonten Komedi, menggah lampahanipun ingkang satunggil kanamakaen Patelon utawi akal-akalipun
Tdpokat, lampahan satunggilipun kanamakaken iyaapa ora utawi pinanggih ing tiyang jaler kakalih
ingkang kalih-kalihipun dados semahipun tiyang estri satunggil, ing sasaged saged cariysoing
lampahan wau badhe kawradinaken benjing ing dinten Akad ngajeng punika.
===================================================================

Tuwan Weting tukang wade jampi ing Surakarta

Kula aturi wuninga dhumateng para priyantun yen kula benjing tanggal kaping 1 wulan ngajeng
punika badhe ngalih griyanipun tuwan Tessen ajeng-ajenganipun tuwan Purneman tukanccap ing
Surakarta, punapa malih andadosna kauninganipun para priyantun manawi kula wade lisah wangi,
lapender sapanunggilanipun, fet warni-warni salisahipun, sabuntir, sadaya punika kenging pikantuk
kalayan mirah reginipun.

E.A.Pogel tukang gambar ing Surakarta


…..dinten Aadamel gambar wonten dalemipun Kanjeng pnageran Arya Cakranagara, priyantun
ingkang sami karsa kagambar kula aturi dhateng ing Cakranagaran

Tuwan P.F.Purneman mentas anampeni pigura ageng ageng sarta sakalangkung endah warninipun
menggah gambaripun angimba nalika bongsa Panes anglurug paprangan.

Serat kang katandhan Setyatuhu, sampun katampen ananging boten kapacak ing Jurumartani, awit
boten perlu kalimrahaken bab pamanggih ipun mas Setyatuhu wau ing ngatasipun serat pasamuwan
ing Batawi, 2, serat cariyos sae, punika prayogi katrangan dhateng ingkang pitaken.
F.L.Winter

Para tuwan ing ngandhap punika, ingkang anguwasani lampahing kareta latu, sami asuka uninga,
manawi katea latu, ingkang pangkat nomer 1 tuwin nomer 2, pancen kangge kamomotan barang
dagangan, punika kenging kasewa basbasan, arta pasewan momotaning satunggal-tunggalipun
kareta, ing dalem satus rupiyah mawi kasuda gangsal rupiyah. Bab prajangjeyan ing ngatasing
panyewanipun kareta basbasan wau, para tiyang kenging pikantuk katranganipun wonten ing griya
stasiun utawi panggenan kendeling lampahipun kareta latu.

Samarang kaping 13 Juni 1870. Katadnhdan tuwan D.Marsekalek tuwin tuwan H.L.Janssen.

LINGLANG
Tuwan Panoendhorep angaturi uninga, manawi benjing ing dinten rebo tanggal kaping 27 wulan
punika, badhe wonten linglang, ing panggenan sacelakipun griya stasiyon ing Surakarta, menggah
ingkang kawade kajeng gebingan warni-warni, dholek papan sirap tuwin kajeng obong.
Katandhan tuwan Panohendhorep.
Kula angaturi uninga dhumateng para priyantun manawi salebeting wulan Agustus ing ngajeng
punika, kula badhe ngalih ing griya, ingkang sapunika taksih dipun dalemi tuwan Tong Sen. Ing
wasana andadosna kauninganipun para priyantun sadaya, manawi kula asade salep tuwin Pil olewai,
sarta kupin pillen jampi warni-warni, punapa malih strup sabun beter, klonyo tuwin sanesipun lisah
wangi, inuman pulas lisah cet, pulitur tuwin pernis sadaya mirah reginipun. Katandhan tuwan H.R.
Weiting.

Kauningana para priyantun manawi wonten kapal Makasar sarakit ules dhawuk sae-sae, umur 6 taun
tanpa ciri, badhe kawade, bilih wonten ing kang karsa tumbas lajeng kenging pikantuk katrangan.
Katandhan tuwan Purneman.

Tuwan Slir Loba enko, sade am tuwin kecu eca-eca, taksih enggal sadaya.

Kula tuwan P.F.Purneman angaturi uninga, manawi para priyantun sadaya, kenging amitung kas
dhateng tuwan Pillip ing Ngayogyakarta, bab panumbasipun serat katurongga kapal tuwin sanesipun
serat waosan ing tembung Jawi, punapa malih tuwan Phillip wau, utawi kula ugi sagahan dhateng
ngaken berang-barang saking nagari Walandi, ingkang dados wawelinganipun para priyantun sadaya.
Katandhan Tuwan Purneman.

Gambarring nagari Ngayogyakarta.


Kula kang anandhani ing ngandhap punika, mentas anampeni gambaring nagari Ngayogyakarta,
ingkang amratelakaken sadayanipun, mila sakalangkung mikantu dados cacepenganipun para
priyagung, menggah gambar wau namung regi 13 rupiyah langkung 80 sen. Tuwan Purneman.

Basar Surakarta
Tuwan Slirlobato enko mentas anampeni barang warni-warni kados kang kasebut ing ngandhap
punika.

Meja cuci muka ageng alit sarantosipun jangkep sadaya, gelas kestelan, te…ya Walandi, sendhok
gerpu, lading sami kestelan serpis dhahar, jeplakan tikus kaca ageng tuwin sadheng, pigura, serpiteh
kadamel saking plet, klinthingan, baki warni-warni, tutup meja sae-sae, gunting Inggris, warni-warni
dhamas ijem abrit tuwin cemeng, camethi, pethi wadhah arta, wolledhig, sarung tangan sutra, keker,
tesmak kang manawi anumpak kareta latu, orgel mawi gendhing, 8 warni, panithikan mainan
ingkang pancen kang damel rarengganing kruntapel, ulam warni-warni, ulam abrit susis,
sapanunggilanipun dhadhaharan sanesipun tuwin inuman warni-warni.
Slir Lobato enko.

Kula pun Simin agagriya ing kabalen Surakarta kamipurun ngunjuki uninga dhumateng para
priyantun manawi kula sagah adamel sawarnining dhaharan pangan walandi ingkang pantes kage
sugata, ing saben dinten utawi ing pasamuwan ageng.
Kula tuwan Y.Kuni, ing Batawi angaturi uninga, manawi kula sagah anumbasaken sawarnining
barang ingkang dados wawelinganipun para priyantun utawi sanesipun ing ngarawi ….Jawi, sarta
kadugi amadekaken utawi angintunaken barang dhateng nagari Walandi, utawi tanah sabrang
sanesipun. Katandhan Tuwan Y.Kuni.

Tuwan Juru basa sepuh C.F.winter,ing Surakarta, sampun anedhak Jawi serat…bab pangagemanipun
pameran para priyantun jawi ing tanah gupermenan, tedhakan punapa badhe tumunten kaecapaken
satunggal serat karegenan 1 rupiyah pethak, para …pati ingkang badhe ngarsakaken tumbas serat
wau, sami kaaturan akintun serat medal ing pos dhumateng tuwan Jurubasa Winter, prabeyaning pos
kabayara piyambak saha mawi amratelakna ….cah ing serat ingkang kakarsakaken kalebet ara
priyantun andhap andhapanipun, makaten amurih tuwan Jurubasa Winter sageda sumerep
anggenipun badhe angecapaken pranatan wau kathahipun pinten.

Benjing dinten saptu tanggal kaping 23 wulan Juli punika ing griyanipun tuwan Jurubasa sepuh
C.F.Winter, ing Jebres badhe ngilang barang bakakas ing griya warni-warni, wah gong klonengan
palok tuwin salendro, sakaliyan sami sae larasipun, mila tuwan basa winter angilang barang wau,
awit badhe ngalih gagreiya wonten ing kitha.

Surakarta kaping Juli 1870


Kula ngaturi uninga, dhumateng para priyantun ing nagari Ngayogyakarta sadaya ingkang sami kersa
ngecapaken serat, setat, utawi serat pethuk, tuwin pones kapatiyan punapa malih kertas awarni-warni,
pirantos panyeran, buk warni-warni, sami karsaha mitungkasa dhuamteng tuwan Pilip, ing
Ngayogya,
Katandhan tuwan Purneman.

Punika pratelanipun barang, ingkang sawek dhateng saking nagari Welandi


Dhus wadhah pirantos agambar, paber pen kas jongka, siku, mangsi cina, penuli, potlot setalpen
mawi sela inten, om potlot mawi gagang jene, lambaran panyeratan, bekakas panyeratan, wadah
gambar, warni-warni, erloji jene, utawi slaka, wadhah mangsi mawi sekrup, jidraran ngangge
kuningan, keras warni-warni, amplop ageng utawi alit, gambar ageng praosan, potlot paber, mangsi
cemeng utawi ijem
Katandhan tuwan P.F.Purneman.

Tuwan C.E.H. Bir ing Surakarta, angaturi uninga, manawi menas anampeni barang uawi sanesipun,
kados kang kapratelakaken ing ngandhap punika: Mertega, ulam amkeju, warni-warni, susis eca-
eca,ulanm lembu, sirkul tuwin sanesipun sayuran Walandi, ulam peksi, sapanunggilanipun uwoh
anggur amandhel permeseli, gandum sara eercis, beskuwit samarang tuwin inggris tuwin panganan
walandi warni-warni, songsong jepun ageng alit dolanan rare sae sarta aneh-aneh, mannisan jae,
kecap jepan cokak Walandi, ula, abrit saking makasar, sanjata warni-warni, akathah inuman cuwin
dhadhaharan srutu manila eca-eca, sadaya mirah reginipun. Tuwan C.E.H.Bir
Pabrik Es
Tuwan Manuwel 2 tuwan Selkoles, sami ngaturi uninga, manawi ing sapunika para tiyang kenging
pikantuk cumbas es malih wonten ing mesen tuwining tokonipun tuwanSekoles ing Loji wetan
Katandhan tuwan Manwel 2 tuwan Sekoles.

Kula angaturi uninga dhumateng para priyantun manawi salebeting wulan Agustus ing ngajeng
punika, kula badhe ngalih ing griya, ingkang sapunika taksih dipun dalemi tuwan Tong Sen. Ing
wasana andadosna kauninganipun para priyantun sadaya, manawi kula asade salep tuwin Pil olewai,
sarta kupin pillen jampi warni-warni, punapa malih strup sabun beter, klonyo tuwin sanesipun lisah
wangi, inuman pulas lisah cet, pulitur tuwin pernis sadaya mirah reginipun. Katandhan tuwan H.R.
Weiting.

Kauningana para priyantun manawi wonten kapal Makasar sarakit ules dhawuk sae-sae, umur 6 taun
tanpa ciri, badhe kawade, bilih wonten ing kang karsa tumbas lajeng kenging pikantuk katrangan.
Katandhan tuwan Purneman

Tuwan Sir Lobato sade Ham, tuwin kejueca-eca, taksih enggal sada ya.

Kula tuwan P.F.Purneman angaturi uninga, manawi para priyantun sadaya, kenging amitung kas
dhateng tuwan Pillip ing Ngayogyakarta, bab panumbasipun serat katurongga kapal tuwin sanesipun
serat waosan ing tembung Jawi, punapa malih tuwan Phillip wau, utawi kula ugi sagahan dhateng
ngaken berang-barang saking nagari Walandi, ingkang dados wawelinganipun para priyantun sadaya.
Katandhan Tuwan Purneman.

Gambarring nagari Ngayogyakarta.


Kula kang anandhani ing ngandhap punika, mentas anampeni gambaring nagari Ngayogyakarta,
ingkang amratelakaken sadayanipun, mila sakalangkung mikantu dados cacepenganipun para
priyagung, menggah gambar wau namung regi 13 rupiyah langkung 80 sen. Tuwan Purneman.

Basar Surakarta
Tuwan Slirlobato enko mentas anampeni barang warni-warni kados kang kasebut ing ngandhap
punika.

Meja cuci muka ageng alit sairantosipun jangkep sadaya,gelas kestelan, te…ya Walandi, sendhok
gerpu, lading sami kestelan serpis dhahar, jeplakan tikus kaca ageng tuwin sadheng, pigura, serpiteh
kadamel saking plet, klinthingan, baki warni-warni, tutup meja sae-sae, gunting Inggris, warni-warni
dhamas ijem abrit tuwin cemeng, camethi, pethi wadhah arta, wolledhig, sarung tangan sutra, keker,
tesmak kang manawi anumpak kareta latu, orgel mawi gendhing, 8 warni, panithikan mainan
ingkang pancen kang damel rarengganing kruntapel, ulam warni-warni, ulam abrit susis,
sapanunggilanipun dhadhaharan sanesipun tuwin inuman warni-warni.
Slir Lobato enko.
Kula pun simin agagriya ing kabalen Surakarta kamipurun ngunjuki uninga dhumateng para
priyantun manawi kula sagah adamel sawarnining dhaharan pangan walandi ingkang pantes kage
sugata,ing saben dinten utawi ing pasamuwan ageng.

Kula tuwan Y.Kuni, ing Batawi angaturi uninga, manawi kula sagah anumbasaken sawarnining
barang ingkang dados wawelinganipun para priyantun utawi sanesipun ing nagari Jawi, sarta kadugi
amadekaken utawi angintunaken barang dhateng nagari Walandi, utawi tanah sabrang sanesipun.
Katandhan Tuwan Y.Kuni.

Tuwan Juru basa sepuh C.F.winter,ing Surakarta, sampun anedhak Jawi serat…bab pangagemanipun
pameran para priyantun jawi ing tanah gupermenan, tedhakan punapa badhe tumunten kaecapaken
satunggal serat karegenan 1 rupiyah pethak, para …pati ingkang badhe ngarsakaken tumbas serat
wau, sami kaaturan akintun serat medal ing pos dhumateng tuwan Jurubasa Winter, prabeyaning pos
kabayara piyambak saha mawi amratelakna ….cah ing serat ingkang kakarsakaken kalebet ara
priyantun andhap andhapanipun, makaten amurih tuwan Jurubasa Winter sageda sumerep
anggenipun badhe angecapaken pranatan wau kathahipun pinten.

Benjing dinten saptu tanggal kaping 23 wulan Juli punika ing griyanipun tuwan Jurubasa sepuh
C.F.Winter, ing Jebres badhe ngilang barang bakakas ing griya warni-warni, wah gong klonengan
palok tuwin salendro, sakaliyan sami sae larasipun, mila tuwan basa winter angilang barang wau,
awit badhe ngalih gagreiya wonten ing kitha.

Surakarta kaping Juli 1870


Kula ngaturi uninga, dhumateng para priyantun ing nagari Ngayogyakarta sadaya ingkang sami kersa
ngecapaken serat, setat, utawi serat pethuk, tuwin pones kapatiyan punapa malih kertas awarni-warni,
pirantos panyeran, buk warni-warni, sami karsaha mitungkasa dhuamteng tuwan Pilip, ing
Ngayogya,
Katandhan tuwan Purneman.

Punika pratelanipun barang, ingkang sawek dhateng saking nagari Welandi

Dhus wadhah pirantos agambar, paber pen kas jongka, siku, mangsi cina, penuli, potlot setalpen
mawi sela inten, om potlot mawi gagang jene,lambaran panyeratan,bekakas panyeratan, wadahh
gambar, warni-warni, erloji jene, utawi slaka, wadhah mangsi mawi sekrup, jidraran ngangge
kuningan, keras warni-warni, amplop ageng utawi alit, gambar ageng praosan, potlot paber, mangsi
cemeng utawi ijem
Katandhan tuwan P.F.Purneman.

Kula tuwan P.F. Purneman angaturi uninga dhumateng para priyantun sadaya, manawi kula mentas
anampeni kertas Walandi, tuwin kertas pos warni-warni, lonceng gantung mawi tutup gelas, kang
sakalangkung adi, pirgura, tuwin gambaran nonah-nonah ingkang sakalangkung ayu gamabripun rare
sami numpak ki kapal bandhangan sarta main dhadhu, prayogi kangge angenegi rare. Punapa malih
kauningana para priyantun, menawi ing dalem kalih dinten ngriku kul abadhe nampeni sastrajawi
enggal sangkig nagari Walandi ingkang sakalangkung mikantuki kangge ngecap buk waosan serat
setat pas panyadenipun kewan tuwin sakathaing serat dhawuh nagari, Katandhan tuwan
P.F.Purneman

Kula tuwan Brihe ing Kabalen Surakarta, angaturi uninga manawi kula kinuwasakaken dening tuwan
C,W.Winter, amadekaken kapal rakitan cemeng, tanah sandelhut ingkang tutut sarta banter
lampahipun, para priyantun ingkang ngarsakaken tumbas kapal wau, kenging lajeng amriksani
wonten ing griya kula.
Tuwan Brihe.

Andadosna kauninganipun para priyantun ageng alit sadya manawi ngecapipun serat Pasamuwan
taun baru ing nagari Surakarta sampunrampung serat wau sastrajawi mawi sekar macapat, 1 serata
regi 75 sen para priyantun ingkang ngarsakaken kenging pikantuk saking tuwan Purneman,
F.L.Winter, Raden Atmadikara ing Surakarta.

Tuwan Kornelis Skakel


Andarbeni pabrik lampu, tuwin sanesipun ing pandamelan barang tembagi sapanunggilanipun tuwan
Sakakel sampun katrimah anggenipun damel lampu ingkang kapratelakaken ing ngandhap punika:
Bab pagunan wau muhung piyambakipun ingang kenging adamel lampu ingkang kados mekaten,
sarta sampun pikantuk idinipun kanjeng raja ing nagari Nederlan punapa malih kanjeng raja ing
Belgiye, tuwin kanjeng raja ing pangkrik ugi sampun sami karsa angideni, menggah namaning lamo
kasebutaken Lampu Marinus. Sawarnining lampu,punrantosipun boten wonten ingnag anyameni
kados lampu marinus punika, dene padhangipun anglangkungi, tuwin amikantuki, sami kaliyan
lampu gas lampu marinus mau boten anyamari, bilih dhumawah anggliwang utawi kajungkelaken
boten saged wutah lisahipun sarta latuniun lajeng pejah piyambakk dene urubing latu kenging
kaagengaken ing sakajeng-kajeng, semprong utawi sanesipun boten amatosi bilih badhe pecah
kasaladan dening latu. Para priyantun Jawi, punapa dene bongsa ing sanesipun ing nagari jawi,
manawi karsa tumbas lampu marinus wau kedah alantaran tuwan P.F.Purneman piyambak, sarta
gambaring lampu wau kenging kapriksani.

Kauningana para priyantun manawi kula asade gambaring nagari Eropah menggah lalamahaning
paprangan kenging kapriksanan wonten ing ngriku, katandhan tuwan Purneman.

Kula tuwan Panerken angaturi uninga dhumateng para priyantun sadaya manawi tuwan F.L.Winter,
kula kinguwasakaken anampani arta rekening utawi amelingaken barang-barnag, dhumateng kula,
punapa kang dados karsanipun para priyantu ing Surakarta. Katandhan Panerken ing Batawi.

Kauningana para priyantun ingknag sami ngemim serat Bramartani, manawi cariyos Babad Pajajaran
ingkang kasebut ing Bramartani, ing sapunika sampun kaecap enggal badhe kaadamel buk sara ing
tembe badhe kawade satunggal regi 3 rupiyah, Tuwan Purneman
Para priyantun ingkang sampun anampeni serat katurongga kapal kula aturi angintuni ara dhumateng
kula kathahipun 3 rupiyah langkung 50 sen kawrata ing serat paswissel, sumerepa tumbasipun serat
katurongga wau. Katandhan Tuwan F.L.Winter. ing Surakarta

Kula tuwan F.L.Winter ing Surakarta angaturi uninga, bilih wonten sagawon ingkang badhe kawade,
sagawon wau taksih nem sarta ageng, wah panjang badanipun asli saking sabrang, inggilipun 2 kaki,
3 dim, wulu pethak memes, sirah blangkuning, kuping kalih wulu cemeng, buntut panjang
anyuelebreh wulunipun, manawi wonten ingkang ngresakaken kenging pikantuk katrangan saking
kula. Katandhan tuwan F.L.Winter.

Para priyantun ingkang sampun anampeni serat katurongga kapal, kula aturi angintuni arta
dhumateng kula, kathahipun 3 rupiyah, langkung 50 sen kawrata ing serat pos wissel sumerepa
tumbasipun serat katurongga wau.
Tuwan F.L.Winter ing Surakarta.

Benjing dinten Saptu tanggal kaping, 23 wulan Juli punika ing griyanipun tuwan Jurubasa sepuh,
C.F.Winter, ing Jebbres badhe nginglang barang bakakasing gria warni-warni, wah gongsa klenengan
pelok tuwin salendro, sakaliyan sami sae larasipun, mila tuwan Juru basa Winter angilang barang
wau, awit badhe ngalih gagriya wonten ing kitha.

Kula Ronggamangun Prasetya, ing mangkunagaran gagriya ngajeng Brajanatan, angaturi uninga,
manawi kula sadegegdhis pabrik malang jiwan, para priyantun utawi sanesipun kenging tumbas
adhacin, satengah, saprapat utawi sapengandhap, sadhacin, 19 rupiyah bayar kenceng.

Lelang Ageng ing Baron


Sarehning tuwan Ris badhe ngalih dhateng sanes ing nagari, mila benjing ing dinten senen tanggal
kaping 29 wulan Agustus punika, badhe nglelang barang-barang pirantosing griya sadaya, lembu
peresan tuwin sanesing kewan, akathah serat tohnis utawi sanesipun ing tembung Walandi, punapa
malijinontra toya, kang ge pabrik nila alit tuwin pirantos sanesipun warni-warni, Jinontratoya,
sapanunggilanipun ing sapunika wonten ing griyanipun tuwan Pangin ing Ngloji Wetan, sarta
kenging kapriksanan wontening ngriku. Katandhan tuwan Lingkring.

Kula tuwan A.Teisen angunjuki uninga dhumateng ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan utawi
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, sarta kawuningana para Pangeran tuwin para
riyantun Jawi ing Surakarta, manawi salebetipun sawatawis dinten kula badhe anin...nagari Surakarta
ngalih dhateng Pasuruwan sarehning kula boten saged sowaning ngarsa dalem utawi ing ngarsanipun
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, mila sawedalipun serat Jurumartani punika,
kula kamipurun angunjuki wilujeng kantun sarta para pangerans apangandhap sami wilujenga kantun
wonten ing nagari Surakarta, tuwan A,.Teisen
Kula tuwan Panerken angaturi uninga dhumateng para priyantun sadaya manawi tuwan F.L.Winter
kula kinguwasakaken anampeni arta rekening utawi amesen aken barang-barang, dhumateng kula,
punapa kang dados karsanipun para priyantun ing Surakarta. Ktandhan tuwan Panerken ing Batawi

Kauningana priyantun manawi sakathahing serat kasebut ing ngandhap punika, kenging pikantuk
tumbas saking tuwan Purneman tuwin tuwan Fl.L. Winter, ing Surakarta. Kadosta:
Ktu serat katurongga kapalregi 3 rupiyah 50 sen
Ktu, Pasamuwan taun Baru regi 3 rupiyah 75sen
Ktu Rasatipun tiyang estri regi 3 rupiyah 25 sen
Ktu serat wuwulang olah-olah regi 1 rupiyah 75 sen
Serat wuwulangipun tiyang estri, regi 3 rupiyah 25 sen
Serat pranatan bab pangagemanipun para Amtenar Jawi punika sampun rampung.
Pra priyantun ingkag karsa tumbas sami kaaturan angintuni serat pos wesel dhumateng tuwan
Purneman utawi tuwan Winter wau.

Kula tuwan P.F.Purneman angaturi uninga, manawi kula sagah angecap serat pangulem-uleman
manton utawi posta sapanunggilanipun, serat punika badhe kaecap ing kertas warni-warni, mawi
sekaran, menggah wragadipun 100 iji 6 utawi 8 rupiyah, kamurwat regining kertas wau, punapa
malih para priyantun kenging tumbas pisitegarces ingkang mawi tondha asmanipun karengga ing
Krun wondening serat pangulem-ulem wau ugi kenging kaecap mawi Krun punika, Ing wasana
kauningana para priyantun manawi kula sade buk Albim pirantos wdhah gambar Portret
sakalangkung endah. Bilih para priyantun anggalih karsa tumbas utawi ngecapaken serat wau kenign
mitungkas dhumateng kula, utawi tuwan Philip ing Ngayogyakarta. Katandhan tuwan P.F.Purneman.

Benjing dinten Salasa tanggal kaping 20 wulan September taun 1870 wanci sonten jam wolu, tuwan
Ores badhe angatingalaken sekar latu sakalangkung sae wonten ing ngalun-alun Surakarta, mawi
bayaran kados ing ngandhap punika:Ing panggenan nomer 1, 2 rupiyah, 50 sen; Ing panggenan
nomer 2, 1 rupiyah; Ing panggenan nomer 3, ½ rupiyah.

Para priyantun ing salebeting kraton dalem Ngayogyakarta, ingkang sami ngemim serat Bamartani
taun 1870, manawi karsa ambayar wragadipun 12 rupiyah pethak ing dalem sataun sami kaaturi
angintunaken yatra wau dhumateng tuwan Pilip, utawi ingkang dados wakilipun, awit sakathahing
serat pethuk yatra wragad Bramartani taun punika sampun kula pasrahaken dhumateng tuwan Pilip
wau, Surakarta kaping 15 September 1870, Tuwan Purneman

Kula tuwan Weiting, angaturi uninga, manawi kula ing sapunika sampun ngalih ing griya, ingkang
tilas dipun dalmi tuwan Teisen, menggah griya kula wau ngange tatenger ting ageng, mawi gelas
abrit tuwin ijem.

Asapunaka pangecapapipun serat tatedhakakn pranatan pangagemanipun para priyantun, Amtenar


Jawa bawah Gupremen sampun rampung, satunggal bauk regi 1 rupiyah sarta kenging pikantuk
saking. Tuwan C.F.Winter, Tuwan Purneman, tuwan F.L.Winter ing Surakarta. Sinten ingkang karsa
tumbas kaaturan kintun serat medal ing ngepos prangko mawi kakanthenan serat pos wesel.
Gambaring nagari Pangkrik tuwin Prislan ingkang amratelakaken prenah ing panggenan pundi
anggenipun paprangan bongsa kakalih wau, namaning panggenan adaya mawi serat \an tembung
Jawi tuwin Walandi, satunggal regi 2 rupiyah. Para priyantun ingkang ngarsakaken kenging pikantuk
tumbas saking tuwan Purneman ing Surakarta.

Kauningana para priyantun manawi kula mentas anampeni ancur parada sinjang utawi ringgit
wacucal 100 iji, regi 5 rupiyah punapa malih lampit alus panjangipun 10 kaki, wiyaripun 3 kaki, regi
4 rupiyah 50 sen bayar kenceng sakalangkung mirah.
Para priyantun ingkang ngarsakaken tumbas lajeng kenging pikantuk saking kula Tuwan Jonasportir,
ing Kedhungkopi.

Para priyantun utawi sanesipun ingkang sami nyambut utawi amotangaken dhateng swargi tuwan
Y.E.Van Lewen, amstenar pensiyun ing Surakarta, sami kaaturan ambayar sambutanipun utawi asuka
pratelan pitangipun salebetipun tigang wulan wontening kantoripun tuwan Notaris ing Surakarta.
Surakarta kaping 17 September 1870
Katandhan Nyonyah W.Van Lewen.

Para priyantun ing salebeting kraton dalem Ngayogyakarta, ingkang sami ngemim serat Bamartani
taun 1870, manawi karsa ambayar wragadipun 12 rupiyah pethak ing dalem sataun sami kaaturi
angintunaken yatra wau dhumateng tuwan Pilip, utawi ingkang dados wakilipun, awit sakathahing
serat pethuk yatra wragad Bramartani taun punika sampun kula pasrahaken dhumateng tuwan Pilip
wau, Surakarta kaping 15 September 1870, Tuwan Purneman

Kula tuwan Weiting, angaturi uninga, manawi kula ing sapunika sampun ngalih ing griya, ingkang
tilas dipun dalmi tuwan Teisen, menggah griya kula wau ngange tatenger ting ageng, mawi gelas
abrit tuwin ijem.

Kauningana priyantun manawi sakathahing serat kasebut ing ngandhap punika, kenging pikantuk
tumbas saking tuwan Purneman tuwin tuwan Fl.L. Winter, ing Surakarta. Kadosta:
Ktu serat katurongga kapalregi 3 rupiyah 50 sen
Ktu, Pasamuwan taun Baru regi 3 rupiyah 75sen
Ktu Rasatipun tiyang estri regi 3 rupiyah 25 sen
Ktu serat wuwulang olah-olah regi 1 rupiyah 75 sen
Serat wuwulangipun tiyang estri, regi 3 rupiyah 25 sen
Serat pranatan bab pangagemanipun para Amtenar Jawi punika sampun rampung.
Pra priyantun ingakg karsa tumbas sami kaaturan angintuni serat pos wesel dhumateng tuwan
Purneman utawi tuwan Winter wau.

Tuwan Kornelis Skakel


Andarbeni pabrik lampu, tuwin sanesipun ing pandamelan barang tembagi sapanunggilanipun tuwan
Sakakel sampun katrimah anggenipun damel lampu ingkang kapratelakaken ing ngandhap punika:
Bab pagunan wau muhung piyambakipun ingang kenging adamel lampu ingkang kados mekaten,
sarta sampun pikantuk idinipun kanjeng raja ing nagari Nederlan punapa malih kanjeng raja ing
Belgiye, tuwin kanjeng raja ing pangkrik ugi sampun sami karsa angideni, menggah namaning lamo
kasebutaken Lampu Marinus. Sawarnining lampu, pun rantosipun boten wonten ingnag anyameni
kados lampu marinus punika, dene padhangipun anglangkungi, tuwin amikantuki, sami kaliyan
lampu gas lampu marinus mau boten anyamari, bilih dhumawah anggliwang utawi kajungkelaken
boten saged wutah lisahipun sarta latuniun lajeng pejah piyambak dene urubing latu kenging
kaagengaken ing sakajeng-kajeng, semprong utawi sanesipun boten amatosi bilih badhe pecah
kasaladan dening latu. Para priyantun jawi, punapa dene bongsa ing sanesipun ing nagari jawi,
manawi karsa tumbas lampu marinus wau kedah alantaran tuwan P.F.Purneman piyambak, sarta
gambaring lampu wau kenging kapriksani

Punika pratelanipun barang, ingkang sawek dhateng saking nagri Welandi


Punika pratelanipun barang, ingkang sawek dhateng saking nagari Welandi
Dhus wadhah pirantos agambar, paber pen kas jongka, siku, mangsi Cina, penuli, potlot setalpen
mawi sela inten, om potlot mawi gagang jene,lambaran panyeratan,bekakas panyeratan, wadahh
gambar, warni-warni, erloji jene, utawi slaka, wadhah mangsi mawi sekrup, jidraran ngangge
kuningan, keras warni-warni, amplop ageng utawi alit, gambar ageng praosan, potlot paber, mangsi
cemeng utawi ijem
Katandhan tuwan P.F.Purneman.

Kauningana para priyantun ingknag sami ngemim serat Bramartani, manawi cariyos Babad Pajajaran
ingkang kasebut ing Bramartani, ing sapunika sampun kaecap enggal badhe kaadamel buk sara ing
tembe badhe kawade satunggal regi 3 rupiyah, Tuwan Purneman

Kula tuwan P.F.Purneman angaturi uninga, manawi kula sagah angecap serat pangulem-uleman
manton utawi posta sapanunggilanipun, serat punika badhe kaecap ing kertas warni-warni, mawi
sekaran, menggah wragadipun 100 iji 6 utawi 8 rupiyah, kamurwat regining kertas wau, punapa
malih para priyantun kenging tumbas pisitegarces ingkang mawi tondha asmanipun karengga ing
Krun wondening serat pangulem-ulem wau ugi kenging kaecap mawi Krun punika, Ing wasana
kauningana para priyantun manawi kula sade buk Albim pirantos wdhah gambar Portret
sakalangkung endah.

Kula Ronggamangun Prasetya, ing Mangkunagaran gagriya ngajeng Brajanatan, angaturi uninga,
manawi kula sadegegdhis pabrik malang jiwan, para priyantun utawi sanesipun kenging tumbas
adhacin, satengah, saprapat utawi sapengandhap, sadhacin, 19 rupiyah bayar kenceng.
===================================================================

Asapunaka pangecapapipun serat tatedhakakn pranatan pangagemanipun para priyantun, Amtenar


Jawa bawahGupremen sampun rampung, satunggal bauk regi 1 rupiyah sarta kenging pikantuk
saking. Tuwan C.F.Winter, Tuwan Purneman, tuwan F.L.Winter ing Surakarta. Sinten ingkang karsa
tumbas kaaturan kintun serat medal ing ngepos prangko mawi kakanthenan serat pos wesel.

Basar Surakarta
Tuwan Slirlobato enko mentas anampeni barang warni-warni kados kang kasebut ing ngandhap
punika.

Meja cuci muka ageng alit sairantosipun jangkep sadaya,gelas kestelan, te…ya Walandi, sendhok
gerpu, lading sami kestelan serpis dhahar, jeplakan tikus kaca ageng tuwin sadheng, pigura, serpiteh
kadamel saking plet, klinthingan, baki warni-warni, tutup meja sae-sae, gunting Inggris, warni-warni
dhamas ijem abrit tuwin cemeng, camethi, pethi wadhah arta, wolledhig, sarung tangan sutra, keker,
tesmak kang manawi anumpak kareta latu, orgel mawi gendhing, 8 warni, panithikan mainan
ingkang pancen kang damel rarengganing kruntapel, ulam warni-warni, ulam abrit susis,
sapanunggilanipun dhadhaharan sanesipun tuwin inuman warni-warni.
Slir Lobato enko.

Kula tuwan Y.Kuni, ing Batawi angaturi uninga, manawi kula sagah anumbasaken sawarnining
barang ingkang dados wawelinganipun para priyantun utawi sanesipun ing nagari Jawi, sarta kadugi
amadekaken utawi angintunaken barang dhateng nagari Walandi, utawi tanah sabrang sanesipun.
Katandhan Tuwan Y.Kuni.

Kula ngaturi uninga, dhumateng para priyantun ing nagari Ngayogyakarta sadaya ingkang sami kersa
ngecapaken serat, setat, utawi serat pethuk, tuwin pones kapatiyan punapa malih kertas awarni-warni,
pirantos panyeran, buk warni-warni, sami karsaha mitungkasa dhumateng tuwan Pilip, ing
Ngayogya,
Katandhan tuwan Purneman.

Gambaring nagari Pangkrik tuwin Prislan ingkang amratelakaken prenah ing panggenan pundi
anggenipun paprangan bongsa kakalih wau, namaning panggenan adaya mawi seratan tembung jawi
tuwin walandi, satunggal regi 2 rupiyah. Para priyantun ingkang ngarsakaken kenging pikantuk
tumbas saking tuwan Purneman ing Surakarta.

Kareta latu ing Indhiya Nederlan, ingkang lumampah saking Samarang dhateng Surakarta, tuwin
dhateng Ngayogyakarta.

Para tuwan ing ngandhap punika, ingkang anguwasani lampahing kareta latu, sami asuka uninga,
manawi kareta latu, ingkang pangkat nomer 1 tuwin nomer 2 pancen kangge kamomotan barang
dagangan, punika kengin gkasewa bas-basan arta pasewan momotaning satunggil tunggilipun kareta,
ing dalem satus rupiyah mawi kasuda gangsal rupiyah. Bab prajangjeyan ing ngatasing
panyawanipun kareta basbasan wau p-ara tiyang kenging pikantuk katranganipun wonten ing griya
stasiyun utawi panggenan kendeling lampahipun kareta latu.
Samarang kaping 13 Juni 1870. Katandhan tuwan P.Marsekalektuwin tuwan H.L.Jansen.

Kareta latu ing Indhiya Nederlan, ingkang lumampah saking Samarang dhateng Surakarta, tuwin
dhateng Ngayogyakarta.

Para tuwan ing ngandhap punika, ingkang nguwasani lampahipun kareta latu, sami asuka uninga,
manawi berahaniping pantun ingkng kaintunaken kalayan kareta latu, momot jangkep satunggil
tunggiling kareta, punika ing dalem arta satus rupiyah kasuda salangkung rupiyah, dados amung
bayar 7 ½ sen ing dalem wawratan satunggal ton tuwin satunggal kilo meter, samanten punika
ingkang ngintunaken utawi ingkang nampeni pantun kedah amomotaken sarta angucal piyambak
tuwin boten kenging anjibahaken bab sudaning wawratipun santun.
Samarang kaping 8 Juni 1870
Katandhan tuwan
R.F.Dhesif tuwin H.L.Jansen

Kauningana para priyantun tuwin sanes-sanesipun manawi tuwan Sensisnem gadhah kapal jragem
ageng turunan kapal Arab badhe kasade regi 600 ruiyah. Punapa malih tuwan Sensis wau mentas
dhateng saking nagari Pangkrik ambekta barang dagangan namung sakedhik ananging sae-sae
sadaya.

Panjurung kula ing Bramartani katitimangsan kaping 15 wulan September 1870 ongka 38
wontenungel-ungelan Bramantaka, unika lepat menggah leresipun Bramawilaya, boten saking
punapa namung andadosna kuninganipun ingkang sami anguningani ing kabar Bramartani.
Katandhan Arja Prajana.

Kala ing dinten Kemis tanggal kaping 15 wulan September punika, wanci jam satengah wolu sonten,
ing griya kula Gadri Tengah, kalebetan durjana pandung, mawi amendhet satunggaling pethi jepan
cemeng, isi pisisti sagagragan kadosta, warni pethak, kadamel saking balung, 2, kadamel saking
penyu, 3, kawastanan simping, warninipun amirip kados parlemur ethi wau mawi tutup sart wonten
gambaring merak, dus-dusan, ingkang punika bilih wonten tiyang ingkang badhe sade pethi wau,
kula aturi angladosaken dhumateng ing parentah.
Surakarta kaping 17 September 1870
Katandhan tuwan H.K.H.Wilkes
Ongka 32, Kemis kaping 4 Agustus 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Tuwan A. Pogel juru serat ing kantor paresidhenan Surakarta, awit saking panuwunipun kaundur saking
pandamelanipun kalayan urmat.
Tuwan E. F. R. Portir, ingkang mentas kakulawisudha dados guru pamulangan calon guru jawi ing
Surakarta, awit saking panuwunipun kawangsulaken ing pangkatipun lami dados Irsteilep onderweser ing
Surakarta.
Tuwan Y. W. Eisbah, sootpak Ismister inggih punika priyantun ingknag anguwasani gudhang sarem, ing
Ngeretan bawah Cirebon kaundur saking pandamelanipun mawi kaparingan wahel awit pandameling
sarem ing ngriku ing sapunika kasuwak.
Tuwan Mister W. H. Y. Seneiter Anternar terbis kikeng, kapatah angrangkep dados beiken ewun supstitit
gripir pangadilan ing Brebes bawah Tegal tanmawi kaparingan balonja.
Tuwan Baret dhelapalye, kakulaiwduha daos Aisten residhen ing Panaraga.
Tuwan Bloksel kakulawisudha dados aissten residhen ing Pamanukan
Tuwan Roduner, kakulawisudha dados Ufonderweiser.
Tuwan Panweinen kakulawisudha dados Irsteilep Onderweiser ing Samarang.

Serat kintunan ingkang kapacak ing serat pakabaran winastan Slompret malayu, amratelakaken bab
kulawiduadhan kados ing ngandhap punika.

Mas Ngabei Cakramijaya, wadana dhistrik ing Purwareja kaparingan wahel 75 rupiyah awiot saking sakit.
Mas ngabei Cakraamijaya, wadana dhistrik ing Kalialang ledhok kakulawisudah anggentosi dados
wadana dhistrik ing Kalialang, kaparingan balenja 225 rupiyah.
Mas Nitiwijaya, Mantri pulisi ing Sempol sapuran ledhok kakula wisudha agentosi dados wadana dhistrik
ing Kalialang, kaparingan balonja 200 rupiyah.
Mas Cakradipura, mantri kopi ing Kaliwuluh, sapuran kakulawisudha agentosi dados mantri pulisi ing
sempol kaparingan balonja 65 rupiyah
Mas ‘Suraatmaja ya, juru serat ing kabupaten Kutaarja, kakulawisudha agentosi dados mantri kopi ing
Kaliwuluh kaparingan balonja 45 rupiyah.
Raden kartadiwirya, Juru serat ing Kawedanan Wanarata (Ambal) kakulawisudha dados Juru serat ing
Kabuapten Kuathaarja.
Raden Arsejaputra, ruju serat ing Kedhungtawon kakulawisudha dados Juruserat ing Wanarata.
Mas Patmakusuma,. Putranipun raden tumenggung ing Purwareja, mantunipun raden tumenggung ing
Karanganyar, kakulawisudha dados Juru serat ing Kedhungtawon.

Bab pratelaning dinten tedhakipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana litnan Jendral T.Krussen
komandhaning wadyabala dharataning Indiya Nederlan salabeting taun punika.

Angkatipun saking Batawi, nalika tanggal kaping 27 Juli kendel ing Bogor dumugi kaping 19 Julo,
wonten isi sipan ngantos tanggal kaping 21 Julo tindak dhateng ing Canjur, medal ing Cicuruh tuwin ing
Sukabumi, dumugi kaping 2 Juli tindak dhateng Bandhong, kaping 23 Juli dhaeng ing mkelambung
medal ing Ngagreh kaping 24 Juli, dhateng Manonjaya kaping 25 Juli dhateng Gombang kaping 3
Agustus dhateng Purwareja kaping 5 Agustus dhateng magelang kaping 8 Agustus dhateng
Ngayogyakarta kaping 10

“Agustus dhateng Surakarta kaping 16 Agustus dhateng Ngawi 21 Agustus wangsul dhateng Surakarta 23
Agustus dhateng salatiga medal ing Kedhungjati anitih akreta latu kaping 245 Agustus dhateng wasasaba
kaping 30 Agustus saking wanasaba dhateng ing Banjarnagara, anglangkungi ing Diyeng, ing Batur tuwin
ing Karangkobar, dhateng ing Banyumas, kaping 6 September dhateng Bumiayu medal ing Purwakarta
kaping 7 September dhateng Tegal, 8 September dhateng Cirebon kaping 10 September, dhateng
Sumedhang kaping 12 sweptember dhateng bandhung kaping 13 September dhateng Ciyanjur, 4
September dhateng Bogor kaping 15 September kondur wangsul ing Batawi kaping 17 september.

Serat tatedhakan dhawuh ing kapatiyan ingkang kapacak ing serat pakabaran Dheposten Londhen,
kauningana para tuwan tuwan tuwin priyantuhn sadaya manawi kala tangal kaping 23 wulanJuli taun
punika, ing wanci jam 8 sontenwonten sawijining tiyang ing kampung Jayadinigratan anyepeng kapal
jawi jaler satunggal, aules jragem suri bathilan buntut celak. Sinten ingkang andarbeni akapal punika,
sarta saged anerangaken, kapurih dhateng ing kaoatiyan anampeni kapal wau, samanten punika mawi
ambayar arta punapa ingkang dados wragadipun. Surakarta kaping 29 Juli 18760 Katandhan Raden Mas
Ngabei Purwakusuma.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

SURAKARTA
Nalika ing dinten Senen tanggal kaping 1 Agustus taun 1870 wanci ngajengaken jam 1 siyang ing
Sokalagen wonten sawatawis griya alit tuwin pisang salirang sami payon sirap kabesmen ing watawis latu
nggening ngreratengi, nanging latu tumunten sirep boten mremen griya sanes ingkang awit ingkang
sinuhun Kanjeng susuhunan miyos jumeneng wonten latar ing Genthan sara kaebyuk katandangan
santana dalem para pangeran, riya, panji,tuwin abdi dalem militer utawi Amtenar, girya kang kabesmen
wau prenahcaket sakiduling kalayan dalem pawestren Genthan, namung kaalingan pager tembok
sawarnining dalem pawestrening payon utawi wuwung, sami kekeg abdi dalem kang sami tandang
ambekta kopoh.
===================================================

SAMARANG

Kala ing dinten Jumungah tanggal kaping 22 Julikang kapengker, Nyonyahipun Bahbi Ocuwan tilas
mayor cina ing Samarang, kaprenah adhinipun mayor cina, Ton Cong Wai, Nyonyah wau ngajal saking
pawartos benjing salebeting wulan September, ing ngajeng punika badhe kapetak.

Nalika tanggal kaping 29 Juli kang kapengker wanci jam 2 dalu, tuwan S ing Karangbidhara,
kapandungan arta wang kertas kathahipun 1500 rupiyah saking pamarsudinipun para priyantun pulisi,
enjingipun arta kapanggih kirang namung 285 rupiyah, menggah dursilanipun jaler utawi estri dereng
katrangaken ing kang tamtu.

Ing sapunika wonten baita kapal asep alit ingkang kenging dipun tumpaki para tiyang, ingkang sami
kesahan dhateng ing baita kapal tiyang satunggal tambanganipun 2 rupiyah, rare kang ngumur kirang 12
taun bayar tambangan namung 1 rupiyah, bilih wonten kang ngateraken prasobatan tuwins anesipun ugi
kenging numpak baita kapal asep wau, wong salwangsul namung 2 rupiyah bayaranipun.

BATAWI
Raden Saleh ing Batawi, kacariyos ingkang saklangkung pamarsudining panggambar, sampun
angunjukaken satunggal gambar, dhumateng kanjeng raja Napoliun ing nagari Pangkrik, gambar wau
kadamel wonten ing sinjang wiyar, esthenipun bantheng anenggalani sima, kang badhe mongsa ing
pawestrinipun.

Amsterdham
Kala tanggal kaping 29 Mei, kang sampun kapengker, wanci sonten, wonten rare 3 umur 5 utawi 7 taun
sami dolan wontening margi ageng, kasangsaran pejah karebahan pethi tosan, wawrat 700 utawi, 750 pun,
pethi wau pirantos wadhah toya, manggen tumempel ing tembok pinggiring margi.

Serat Telegram saking nagari Walandi, anyariyosaken manawi bongsa Preisen ing sapunika mesah prngan
kaliyan bongsa pranes, bongsa praisen dhateng ing landhau, bawah Beyering ambrukat sakathahing
pirantos lampahing kareta latu, lajeng wangsul malih, alampahanipun badhe kacariyosaken benjing ing
Kemis ngajen gpunika.

SURABAYA
Serat pakabaran saking Surabaya,, katitimangsan kapng 23 taun 1870 anyariyosaken kados ing ngandhap
punika. Kala wingi sonten jam 6 wonten tiyang madura, 2 wasta Saidin tuwin Mail sami kakerengan
wonten kampung ing Cantiyan pun Mail kataton kasuduk lading, ing sanalika saidin wau, kacepeng
dening pulisi lajeng kakunjara, dene pun Mail kapulasara wonten griya pasakitan nanging salajengipun
pejah, amargi sanget anggenipun kataton saking jalaranipun remenan kaliyan tiyang estri.

Ingkang kacariyosaken wonten tiyang Jawi 2 kang sami dhustha rare wonten ing dhistrik Undhahan
(Kudus) sasampuning terang prakawis wau, panimbanging pangadilan titiyang kalih sami katrapan
kabucal namung sataun wonten salebeting tanah jawi tanpa karante, awit rare taksih kapanggih wonten
tiyang kalih wau sarta wonten ing ngriku boten kirang satunggal punapa.

Serat kintunan mawi tondha nama pun Semita, kapacak ing serat pakabaran Bintang Timur, suraosipun
wuwulang kados ing ngadhap punika. Bilih wonten lepating panyerat pambucaling aksara sampun
kakerik kausapan kalayan toya jeram kawoworan tawas, kalantaran kertas kalinting, kausar-usaraken
mulih srinaning aksara kang lepat wau,nunten kausapan dening toya jawi,lajeng kapanggang iing latu
upet supados sampun ngatos wonten tabeting toya jeram wana kakarikna keplak kadamel gosik kalayan
kertas, bilih sampun nunten kenging kasaerta malih.

KRAWANG

Ing sawatawis dinten laminipun wonten sawijining tiyang ing telok Jambi kedsah ambujung dhateng ing
wana, sanjatanipun sampun kaetengan isi mimis kenceng, 2 pangintenipun bilih kasenjatakaken sampun
ngantos tepat boten dangu nunten wonten sangsam kasenjata, dene sanjatanipun ambnaledhosi kenging
wangipun temahan remek tangan tengen ugi kataton ambalewek saking ngugel-ugel dumugi ing sikut.
Awit kabaripun saking nagari Walandi Kanjeng Tuwan N.A.C.Ariyen tilas guprenur ing Sumatra tanah
Wetan, ingkang sampun mangkat dhateng nagari Walandi, awit sakng gera sariranipun nalika tangal
kaping 30 April taun punika, kanejeng tuwan wau sampun seda wonten baita kapal.

Kula sampun nupiksa jurusertani, ongka 29 kemis kaping 14 taun 1870. Ingkang katandhan,
Kridhamardhawa , ing ngriku nyariyosaken, tembung, ruba, lan riba, napidene, batal karam, rehning
jandika, dede santri, jandika amung mirengaken kimawon, eh ya senajan sanes santri, Kridhamardha, kok
nyamleng, nggenira kondha, ngelmu Sarak, lir santri kang sampun kesah dhaeng Arab, nodene kula
pitaken kaji, sayit, toh toya, saget anerangaken kados sampeyan malah mandar ametengken iman, lolo iki
apa kaji, Sarip, tunggale Dulmajidm e lah puji kula, kridhamardhawa, aparinga pitedah, bab toya, kang
kenging kinarya, wulun, suci anucekaken, 2 suci boten anucekekaken 3 maknaning tebiratulikram, mila
makaten kula gliyak-gliyak badhe ngalmpahi, sembahyang, baten langkung kula anenuwun pitedah, sih
sampeyantumunten, tamat, Amin,
Katandhan Lumaris.

Anggitan wangsalan,
sambetanipun ingkang sampun tumrap ing Jurumartani, ongka 26 manawi saudara tuwan redhaktur
anyondhongi, utawi lega ing papan, mugi kapacaka ing Jurumartani, wedalipun benjing Kemis ngajeng
punika, minongka pratondha panjurung kula.

Songsong tundha, puspitarinerineka warna.” sun ges sau, angrengga angigit-anggitan


Walangonda, gunung alit ing Ungaran”dipun wingit, yen wedharaken wicara
Sapu bale, jenitrikaryapetungan” den kalulut, kabeh kula warganira.
Sajak tembang, ampaklawung kang rinengga” ama cingkok, yen kapethuk ing sarjana.
Wohing dami, petis kang cinandurasa” marenona, yen angucap sesungaran
Kendhal toya, telaga munggiing tegilan” Ora teyeng, yen nedya atetimbangan
Jinggaweda, wulu cumbunuingpandhita” aja engu, yen kadumuk nyantrik kira.
Etung laku, jalma anglesbebedhangan” barang tindak., aja tinggallawan pangkat.
Panu biru, dene ujunge giyota: tohna jiwa, yen kapethik karyanira Kamar main, barang nmurca ing
sesona: Istekena, wuwulange gurunira Kridhaningrat, bulus dhartat ing Madura: Srenging karsa, nganggo
adugalanira
Teja bingkok, dene gagang pariwona: Ywa nglegana, dimen wuwuh piyandelnya
Kembar warna, suluh lilin pepulasan: sabarena, aja cugetan ing driya.
Kasang satra, dene pandhan kang pusita: Oleh bathi, yen cedhak kang wicaksana
Bale marga, garwa mlawa patiraja: ngalosoda, ciptaningraden pusetya.
Wohing kamal, bau suku pangngagkatan: aja lingsem, kulina wong pramasastra.
Candu mina, welanjar kang wus susuta: den patitis, aja kongsi tundhabema
Pesobengkuk, tawon gung kang talakisma: Mung semirit anggitan kang katur ngarsa.
Katandhan Trusdhasastra.

Nalika tanggal kaping 2 Agustus punika, ing wanci jam 3 dalu ing griyanipun mas Ngabei Dipadrana, ing
Kedhungkopi, antawis ½ pal tebihipun saking ing kitha Surakarta, kalebet tandur sila tiyang 25 menggah
pratingkahipun sarana ambabah, lajen gamendhet arta, tuwin barng barng pangaos 5000 rupiyah, mas
ngabei Dipadrana ing wanci dalu wau kaleres jagi ing Gudhang kopi, kagunganipun kanjeng Gupremen.
Kula tuwan Fanerken angaturi uninga dhumateng parapriyantun sadaya manawi tuwan F.L.Winter, kula
kinguwasakaken anampeni arta rekening utawi amelingaken barnag-barang, dhumateng kula punapa kang
dados karsanipun para riyantun ing Surakarta.
Katandhan tuwan Fanarken ing Batawi’

Kauningana para priyantun ingkang sami ngemim serat Jurumartani, manawi cariyos babad pajajaran
ingkang kasebut ing Jurumartani, ing sapunika sampun kaecap enggal badhe kadamel buk sarta ing tembe
badhe kawade satunggal regi 3 rupiyah.
Tuwan Purneman.

Para priyantun ingkang sampu nanampeni serat katuronggan kapal, kula aturi angintuni arta dhumateng
kula, kathahipun 3 rupiyah, langkung 50 sen kawratang serat pos wissel sumerep patumbasanipun serat
katuronggan wau.
Tuwan F.L.Winter ing Surakarta.

Andadosna kauninganipun para priyantun ageng alit sadaya, manawi pangecapipun serat pasamuwan
ageng ing nagari Surakarta, sampun rampung serat wau sastra Jawi mawi sekar macapat 1 serat regi 75
sen, para priyantun ingknag ngarsakaken kenging pikantuk saking tuwan Purneman, F.L.Winter, Raden
Atmadikara ing Surakarta.

Kula tuwan Brihe ing Kabalen Surakarta, angaturi uninga manawi kula kinuwasakaken dening tuwan
C.D.Winter, amadekaken kapal rakitan cemeng, tanahsandelhut ingkang tutut sarta banter lampahipun,
para priyantun ingkang ngarsakaken tumbas kapal wau, kenging lajeng amriksani wonten ing griya kula.
Tuwan Brihe.
================================================================

Kula tuwan P.F Purneman angaturi uninga dhumateng para priyantun sadaya

Manawi kula mentas anampeni kertas walandi, tuwin kertas pos warni-warni, loceng gantung mangi tutup
gelas kang sakalangkung adi, pigura, tuwin gambaran nonah nonah ingkang sakalangkung ayu
gambaripun rare sami numpak kapal bandhangan sarta main dhadhu,prayogi kangge angenengi rare.
Punapa malih kula ngaturi uninga malih, menawi ing dalem kalih dinten ngriku kula badhe nampeni
sastra jawi enggal sangking nagari Walandi.

Punika Candhakipun cariyos Babad Pajajaran

Kepalang warnane ala, lah taiya sun lilani, nanging tawa wekasingwang, yen katrima nggonmu ngabdi,
yen warasa sang putri, dhinaupan lan sireku, puniku putri panas, krama ping rongpuluh mati, away age
age atut palakrama. Ameleke aneng dagan, kalamun sare sang putri, yen ana sabarang medal, saking
kawadonan sang dewi, nengena adimen lari, away sira ganggu ganggu, jaka badung tur sembah, sandika
wisata aglis, tan kawarna ing marga lampahe prapta. Nagari ing Majalengka, neng ngalun-alun alinggih,
silane marep mangidul, nuju ing dina soma, sang prabu miyos tinangkil, mulat rare sila soring wringin
kembar. Eh patih sira priksaha, bocah sila sorwaringin, adhepe seba maring wang, ki patih mariksa aglis,
wus kawrat sadayaning, Gajahmada gya wangsul, umatur mring sang nata inggih rare saking ngardi
angladosi sayembaraneng sang nata. Sagah marasna kang gerah, putra nata sang suputri, Brawijaya
angandika, timbalan ngarsa mami, semana sampun kerid bandung neng byantara prabu, gumujeng
srinarendra, alane bandung kang warni, nanging iyua jalma tan kena ing ngina. Witwustita ujaring wang,
cekoh regowa kang warni, kang bisa amarasena, mring putreng sun niki putri, pamine ing sun nambil,
mantu pangggih lan nakingsun, bocah wadon lebokna, iriden si Bandung iki, panggih ena putraningsun
kang ngagerah. Wus kerid Bandung semana, pinanggihken lan sang putri, wus dhikothok kang bunbunan,
sira gya dyah wangsul ping tri, mulya kadya ing nguni, praibu lega tyasipun, ni Bandung nulya seba,
prapta ngarsane sang aji, angandika sang nata eh bandung sira. Aworra lan panakawan, nulya kondur
sribupati, pinaran ngunadi keng tyas, apa arep nini putri, dene ala kapati, warnane si Jaka Bandung, yen
cidraha ing ngujar angrengkakaken nagari, awekasan sang nata aris ngandika. Dhuh anger
atmajaningwang, lara mu apa wis mari, sun trimakaken sira nyawa, mring si Bandung kang jampeni,
nuhun aturing putri, langkung awon warnanipun, tan pantes yen dadosa, kamantu dhateng narpati,
langkung nistha, kang rama alon ngandika. Kapriye wus ujaring wang, angur jajaluk kannini, lamun ora
tinekanan, dadi \ya wurunge panggih, gya sangputri ngabekti, inggih rama sang aprabu, kawula den
demlna, candhi dadosa sawengi, sewu kehe sampun ngantos karahinan. Lega tyasira sang nata,
nulyapinarak pandhapi, bBandung tinimbalan prapta, neng ngarsa saha wotsari, ngandika sribupati, lah
bandung wus ujaring sun, singa kang marasena, ing larane nini putri, banjuring sun ta rimakaken
putrengwang. Ananging samengo iya, mring sira duwe panedhi, candhi seu dadekena, iya padha ing
sawengi, tan kena kurang siji, Bandung apa sira saguh, aturipun sandika, wisata nulya lumaris, wanci asar
wau ta ing ngangkatira. Mring Barabudhur sinedya, mangkana karsaning aji, ki Gajahmada dinuta,
anjangkunga mamanuki, nadyan kongsiya panggih, kawruhan marag si Bandung, sami sakedhap prapta,
Barabudhur prapta nuli, angepeli lemah lembut kang rineka. Kang pradhemit ewon leksan, pangukire cara
jalmi,. Kang reca awarna-warna, kasektene Bandungprapti, candhi sewu kinardi, nengisoring kayu
tanjung, lan mongka panengeran,yen kembang tanjung gregeli, tibeng siti tandhane lamun rahina. Patih
Gajahmada arsa, panjangkunge dursilani, nulya menek tanjung patya, tanjung den rog sami pethil, sekare
saking uwit, balasah neng tengah runtuh, ki Bandung kaget mulat, katiwasaning suniki, karahinan lagya
antuk wolung kopi. Kang candhi sarecanira, ki Bandung anulya mulih, arsa matur ra ma ajar, lagya prapta
kilen kali, panggih kang rama nuli, lamuniya maksih dalu, nulya malih akarya, genepe rongatus candhi
sarecane ki Bandung myarsa wong gentang. Kurna gsiji rongatus, kaselak ki Bandung myarsi, mring
wong gentang pinaranan, dene maksih prawan iki, apa tanwruh amisih, wengi iya teka nutu, aran bok
Rara Jonggrang anulya den supatyani, nutu wengi dadiya parawan tuwa. Gya Rara Jonggrang ginambar,
dinekek reca kang warni, cacandhine sampun dadya, wus janggep sewu kang candhi, ki Bandung mantuk
aglis, prapta nagri Majalangu, lajeng sowan sang nata, wotsekar atur udani, ingkang candhi sanambang
pan sampun dadya. Sang nata ngandika iya, marang pariksanen aglis, caraka lampah nya sigra, wus
oinirsa sadayeki, kang dinuta wus mulih, matur marang sang aprabu, yektos bandung turira, sang nata
malebeng puri, angandika mring putra pundhutanira. Kang candhi sewu wus dadya, iya padha ing
sawengi, sang putri matura nembah,kula rama nedha malih, telaga ingkang ngadi, sekawan sai gengipun,
kulangge pasiraman, dadosa padha sawengi, nulya tedhak Brawijaya angandika. Eh Bandung nggonira
karya, candhi sewu trimakasih, niniputri marang sira, nanging tamu mundhut malih, telaga ingkang mili,
sekawan sami gengipun, kangwening toyanira, kinarya siraman benjing,kari iku pundhutane tekanan. Aja
ngant nginepsira, gunung prambanan den dadi, Bandung tur sembah sandika, wis ta anulya prapti,
prambabab ingkang ngardi, akarya telaga catur, lelembut rowangira, sakedhap telaga dadil, papat sami
warnane bagus apelag.Toya wenig lirap-lirap, ki Bandungngilo telagi, layanganira jro toya, alane kepati-
pati, yen mengkono ngongiki, lingsen tinimapik sangayu, putri ing Majalengka, bener kang nampik
wakmami, kakidewa tulunga sun kudhandhangan..

Jaka Bandung langkung angrudatin, sareng mirsa ala warnanira, nulya neges ing dewane, sidhakep
asaluku, tunggal ngumpulken tingala kalih, wus awot alwan dewa, pejah kadi tugu, kibandung kala
semana, wus katrima ing dewanira kaluwih, gya salin warnanira. Jaka Bandung malih warna sigit,
amberanyak anglir wukir sekart, putra kadhiri warnane, lan sarwa lurus patut, nulya mantuk mring
majapait, tan kawarna ing marga, mangkana sang prabu Brawijaya duk sineba, neng paglaran kagyat
denira ningali, ting bleeber wong sapasar. Lamunana wong ngabagus prapti, ingkang dodol atinggal
dodolan, wanodya kasmaran rame, sawneh atut pungkur, Jaka Bandung lampahe prapti, anenging
pangurakan, sawi mundhuk-mudhuk, mring tengahing pasewakan, sadayane kang sewaka kagyat sami,
ana wong bagus liwat. Lajeng minggah marnging sitinggil, sowan mabukuh ngarseng narendra,
Brawijaya kagyat tyase, kang putra dene bagus, sila aneng ngarsa narpati,sangnata angandika, ingsuniya
tambuh,bocah ing ngendi ta sira, dumarojog seba aneng ngarsa mami, bagus misih taruna. Jaka Bandung
matur awotsari,dhuh patik bragusti pan kawula,punapa pandung abdine, inggih ambapun bandung,
srinarendra kagyat miyarsi, dnee ing bagusira, tan kadirumuhun, bandung bondawasa nembah, nenggih
saking sabda pukulun sangaji, ulun atur uninga. Putra dalem amundhut telagi, ingkang catur kathahe wus
dadya, patut jajar pasagine, Brawijaya anuduh, gandhek ingknag kinen mirsani, wau ignkang talaga, cara
akwus wangsul, umatur mring srinarendra, inggih yektos toyane lumirap wening, legeg sri Brawijaya.
Pangaleme salebeting galih, nyata sekti Bandung Bondawasa, ing mengko liwat baguse, pasthi
putrengsun ayun, nullya kondur srinarepati, nimbali ingkag putra, prapta awotsantun, ngandika lon
srinarendra, wus bejane putraningsun nini putri, Bandung bagus sembada. Ni mas Rara sira sun tuturi, iya
iki Bandung garwanira, esmu isin tingale, kasmaran jroning kalbu, dene Bandung Bagus nglangkungi,
kalamun den wurungna. Katemu lan ingsun, pasthi nemanira pejah,yata wau karsane gsri narapati,
pinanggihaken nulya. Bandung lawan sang retnaning puri, kinaryakaken padalemanira, wus ngenggenan
sakaliye, kalangkung asihipun, wau denyapalakrami,Bandung Kalawan sangdyah, tansah runtung-
runtung, nging dereng sarem ngasmara, saben dalu asare dipun tenggani, ki Bandung aneng dagan. Tanpa
nendra datan sah anglirik, wawekasing kang rama denewas, kang dadya putri panase, tan antara gya
mnuncul, sengkalane sang raja putri, sangking ing kawadonan, warni sarpa Agung, Radne Bandung
sareng Miyat, Sarpamedal saking kwadonan sang putri, agalak arsa mongsa. Radyan Bandung sigra narik
keris, dyan pinancus gulune cinandhak, sinendhal sing kwadonane, kang sawe sampun lampus, kumarane
pan maksih urip, kesahhe amer yayang, raganira wau, tugel anulya cinandhak, marang bandung bineta
mring taman sari, cinampiraken ingpang. Ing ngepang nge kayu nagasari, anglegarang ageng nge
sapucung, dytan bandung wus wangsul maleh, maksih angliga dhuwung, wentisira wau sang putri,
katetesan rah sarpa, ing ngus pan gupuh,nging maksih ngiga curiga, sang retna yu anglilir awas ningali,
Bandung nglkiga curiga. Panerkane yen arsa mejahi, sang retna jrit paninggal lumajar, marak ing rama
sang rajeng, umatur awewadul, nata duka yayah sinipih, enggal bocah kaparak, timbalana bandung,
praptaha ing ngarsaning wang, wus wisata lurah kaparak kakalih, nimbali Bandung prapta, Sri narendra
dukane sinipi, kagunturan tangise sang retna, tan mawi titipriksane, nyandhak rotan sang prabuy, raden
Bandung den jempalani, neng siti kalesedan, sambat ngadhu-adhuh, gusti ambaboten dosa, kaniaya tanpa
pariksa aniti, kendel nata ngandika. Apakarane matura yekti, sira arsa mateni putrengwang, apa kang dadi
sababe, raden bandung wotsantun ngaturaken purwaning uni, panggih ambalan putra tuwan dereng lulut,
saking welingipun bapa,yen kalagyan dhaup an putra sang putri, aywangge tunggil nendra.. Sayektose
putra padukaji, langkung pastan wonten kuwawa, kang daods jatukramane, anulya enggal lampus,
panasipun wonten kang mawi, welingipunbapa, amba kinen tunggu, akemit wontening dagan, milanipun
ari kalanira wengi, kawula aneng dagan. Sareng nuju wanci lingsir wengi, inggihh wonten teksa
kakatingal, medal saking ing pawestren, arsa manaut ulun, geng sapucang panjang nglangkungi,
ambapancas curiga, kang taksa kalampus, wentise putra paduka, kacipratan rah naga ambausapi, nanging
lepat kawula. Dene teksih ngliga dhuwung gusti, sang kusuma kgyat denya nendra, laju anjrit sowan
rajeng, wondene saweipun, ulun sampiraken pangsari, sang nata angandika, pariksanen gupuh, pawongan
nulya mariksa, mringggenipun sumampir pang Nagasari, sawer nulya binekta. Snaosken mring
srinarapati, bathang ula nata kagyat mulat, sakelangkung gegetune, nggenira asru mukul, marang
Bandung gya ngandikaris, lah mengkoanak ingwang, apuranireku, sakehe luput manira, Bandung matur
boten rumaos nerpati, pejah gesang sumoongga. Brawijaya angandika aris, nilawati lah sira muliya, lan
bojonira den angge, ya ingsun ingkang luput,atur sembahkang putra kalih, wus lengser saking ngarsa,
marang wismanipun,semana ing lama-lama, bandung teka telas manahe ngranuhi, adhepae kemba-kemba.
Pan sarimbit sowan mring sang aji, raden Bandung umaturing nata, patik branuwunlilahe, tutuwi dhateng
gunung, kang ngendhateng pun bapa lam, miwah arsa pepangya, nata ngandika rum, lah gawanen arenira,
bandung matur anuwun duk narpati, ambekta tan kuwawa. Amba inggih boten lami lami, mung sawulan
inggih nunten sowan, wus lininlan nulya lengser, tan kawarna ing ngenu, sampun prapta ing tunjung
putih, lajeng swaning rama, angabekti sampun ki ajar salokantora, kagyat wau kang putra denya ningali,
malih suwarnanira.
Punika teksih wonten candhakipun.

Punika Wewahanipun serat Jurumartani ongka 32 Kemis kaping 4 Agustus ongka 1870

Ingkang sakalangkung mikantuki kangge ngecap buk waosan serat stat pas panyadenipun kewan utwin
skathahing srat dhawuh angari kula tuwan P.F.Purneman..

Tuwan C.E.H. Bir ing Surakarta, angaturi uninga, manawi menas anampeni barang uawi sanesipun, kados
kang kapratelakakening ngandhap punika: Mertega, ulam amkeju, warni-warni, susis eca-eca,ulanm
lembu, sirkul tuwin sanesipun sayuran walandi, ulam peksi, sapanunggilanipun uwoh anggur amandhel
permeseli, gandum sara eercis, beskuwit Samarang tuwin inggris tuwin panganan walandi warni-warni,
songsong jepun ageng alit dolanan rare sae sarta aneh-aneh, mannisan jae, kecap jepan cokak walandi,
ula, abrit saking makasar, sanjata warni-warni, akathah inuman cuwin dhadhaharan srutu manila eca-eca,
sadaya mirah reginipun. Tuwan C.E.H.Bir

Pabrik Es
Tuwan Manuwel 2 tuwan Selkoles, sami ngaturi uninga, manawi ing sapunika para tiyang kenging
pikantuk cumbas es malih wonten ing mesen tuwining tokonipun tuwan Sekoles ing Loji wetan
Katandhan tuwan Manwel 2 tuwan Sekoles.

Kula angaturi uninga dhumateng para priyantun manawi salebeting wulan Agustus ing ngajeng punika,
kula badhe ngalih ing griya, ingkang sapunika taksih dipun dalemi tuwan Tong Sen. Ing wasana
andadosna kauninganipun para priyantun sadaya, manawi kula asade salep tuwin Pil olewai, sarta kupin
pillen jampi warni-warni, punapa malih strup sabun beter, klonyo tuwin sanesipun lisah wangi, inuman
pulas lisah cet, pulitur tuwin pernis sadaya mirah reginipun. Katandhan tuwan H.R. Weiting.

Kauningana para priyantun manawi wonten kapal Makasar sarakit ules dhawuk sae-sae, umur 6 taun
tanpa ciri, badhe kawade, bilih wonten ing kang karsa tumbas lajeng kenging pikantuk katrangan.
Katandhan tuwan Purneman

Tuwan Sir Lobato sade Ham, tuwin kejueca-eca, taksih enggal sada ya.

Kula tuwan P.F.Purneman angaturi uninga, manawi para priyantun sadaya, kenging amitung kas dhateng
tuwan Pillip ing Ngayogyakarta, bab panumbasipun serat katurongga kapal tuwin sanesipun serat waosan
ing tembung jawi,punapa malih tuwan Phillip wau, utawi kula ugi sagahan dhateng ngaken berang-barang
saking nagari Walandi, ingkang dados wawelinganipun para priyantun sadaya. Katandhan Tuwan
Purneman.
Gambarring nagari Ngayogyakarta.
Kula kang anandhani ing ngandhap punika, mentas anampeni gambaring nagari Ngayogyakarta, ingkang
amratelakaken sadayanipun, mila sakalangkung mikantu dados cacepenganipun para priyagung, menggah
gambar wau namung regi 13 rupiyah langkung 80 sen. Tuwan Purneman.

Basar Surakarta

Tuwan Slirlobato enko mentas anampeni barang warni-warni kados kang kasebut ing ngandhap punika.

Meja cuci muka ageng alit sairantosipun jangkep sadaya, gelas kestelan, te…ya walandi, sendhok gerpu,
lading sami kestelan serpis dhahar, jeplakan tikus kaca ageng tuwin sadheng, pigura, serpiteh kadamel
saking plet, klinthingan, baki warni-warni, tutuup meja sae-sae, gunting inggris, warni-warni dhamas ijem
abrit tuwin cemeng, camethi, pethi wadhah arta, wolledhig, sarung tangan sutra, keker, tesmak kang
manawi anumpak kareta latu, orgel mawi gendhing, 8 warni, panithikan mainan ingkang pancen kang
damel rarengganing kruntapel, ulam warni-warni, ulam abrit susis, sapanunggilanipun dhadhaharan
sanesipun tuwin inuman warni-warni.
Slir Lobato enko.

Kula pun simin agagriya ing kabalen Surakarta kamipurun ngunjuki uninga dhumateng para priyantun
manawi kula sagah adamel sawarnining dhaharan pangan walandi ingkang pantes kage sugata, ing saben
dinten utawi ing pasamuwan ageng.

Kula tuwan Y.Kuni, ing Batawi angaturi uninga, manawi kula sagah anumbasaken sawarnining barang
ingkang dados wawelinganipun para priyantun utawi sanesipun ing ngarawi ….Jawi, sarta kadugi
amadekaken utawi angintunaken barang dhateng nagari Walandi, utawi tanah sabrang sanesipun.
Katandhan Tuwan Y.Kuni.

Tuwan Juru basa sepuh C.F.winter,ing Surakarta, sampun anedhak jawi serat…bab pangagemanipun
pameran para priyantun Jawi ing tanah gupermenan, tedhakan punapa badhe tumunten kaecapaken
satunggal serat karegenan 1 rupiyah pethak, para …pati ingkang badhe ngarsakaken tumbas serat wau,
sami kaaturan akintun serat medal ing pos dhumateng tuwan Jurubasa Winter, prabeyaning pos kabayara
piyambak saha mawi amratelakna ….cah ing serat ingkang kakarsakaken kalebet ara priyantun andhap
andhapanipun, makaten amurih tuwan Jurubasa winter sageda sumerep anggenipunbadhe angecapaken
pranatan wau kathahipun pinten.

Benjing dinten saptu tanggal kaping 23 wulan Juli punika ing griyanipun tuwan Jurubasa sepuh
C.F.Winter, ing Jebres badhe ngilang barang bakakas ing griya warni-warni, wah gong klonengan palok
tuwin salendro, sakaliyan sami sae larasipun, mila tuwan basa winter angilang barang wau, awit badhe
ngalih gagreiya wonten ing kitha.

Surakarta kaping Juli 1870


Kula ngaturi uninga, dhumateng para priyantun ing nagari Ngayogyakarta sadaya igkang sami kersa
ngecapaken serat, setat, utawi serat pethuk, tuwin pones kapatiyan punapa malih kertas awarni-warni,
pirantos panyeran, buk warni-warni, sami karsaha mitungkasa dhuamteng tuwan Pilip, ing Ngayogya,
Katandhan tuwan Purneman.
Punika pratelanipun barang, ingkang sawek dhateng saking nagari Welandi

Dhus wadhah pirantos agambar, paber pen kas jongka, siku, mangsi cina, penuli, potlot setalpen mawi
sela inten, om potlot mawi gagang jene,lambaran panyeratan,bekakas panyeratan, wadahh gambar, warni-
warni, erloji jene, utawi slaka, wadhah mangsi mawi sekrup, jidraran ngangge kuningan, keras warni-
warni, amplop ageng utawi alit, gambar ageng praosan, potlot paber, mangsi cemeng utawi ijem
Katandhan tuwan P.F.Purneman.
Ongka 33, Kemis kaping 11 Agustus 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Tuwan Tenkate, Ilep Onderweiser ing Batawi, 2 tuwan Bekker, skretaris ing Banywangi, 3 tuwan Bisoff,
sautpak Ismister ing Palembang, sami kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi, awit saking sakit.
Tuwan Lat kakulawisudha anggentosi tuwan Tenkate wau,
Tuwan Midelupen kakulawisudha dados amtenar Terbeskikeng
Tuwan Lindhen Upiyus kakulawisudha dados ufonderweiser ing bandhaneira.
Tuwan Mitlerkam kakulawisudha dados Ufonderweiser ing Pathi.

Kulawisudhan ing ngatsing para priuyantun jawi ing Tegal


Raden Wiradisurya, Onderkolektur ing Brebes kaundur saking pandamelanipun
Mas Citrawiguna, upjaksa ing Tegal kakulawisudha anggentosi dados onder kolektur ing Brebes
kaparingan Balonja 250 rupiyah sawulan
Raden Ngabei Suradikusuma Onderkolektur kakulawisuda anggentosi dados ufjaksa ing Tegal kaparingan
balonja 250 rupiyah
Raenb Ngabei Reksaningrat tilas patih ing Pamalang,kakula wisudha dados Onder kolektur ing tegal
kaparinganbalonja 250 rupiyah sawulan.
Mas Prawirareja, tukang timbang kopi ing gudhang Kalierang, dhjistrik Bumiayu (Hbrebes)
kakulawisydba dados boswahter ing Kalijero, Afdheling Pamalang kaparingan Balonja 15 rupiyah
sawulan.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

Serat pakabran kang kapacak ing Jurumartani, ongka 30 ingkang suraosipunmekaten awit saking
karsanipun kanjeng gupremen karawt ing srat kakancingan, bongsawelandi, cina, tuwin sabrang
sapanunggilanipun ingknag sam gagriya bawah ingkangjeng gupremen kajawi para tiyang ing Prtiyangan
sami kalilan kesah andhatengi ing surakarta,ngayogyakarta, tuwining madura, tanpa ambekta serat pas,
tauwi gagriya awonten ing ngrikuy,ugi kalilan kang tanpa pralilah, punika wonten ingkanglepat, leresipun
para tiyang wau sami kalilan tanpa ambekta serat pas kesah andhaten ing surakarta, ngyogyakarta,
tuwining Madura, kajawi ing rtanahpriyangan, awit pranatan serat pas taksih kalestantunaken.

Mandhoripun tuwan B, ingkang sampun kacariyosaken wonten ing Jurumartani ongka 31 anbgingataken
arta 600 rupiyah sarat kaupadosan boten kapanggih, ing sapunika sampun wangsul saking pikajenganipun
piyambak sarta angesrahaken badanipun dhateng tuwan B. mandhor wau anggenipun minggat sampun
dumugi ing Canjur, wonten ing ngriku lajeng darbe kaajriyan sarta kaengetan dhateng anak rayatipun
mila lajeng wangsul tumunten, bab arta kantun 400 rupiyah ingkang 200 rupiyah, telas kaangge kasukan
main capjikei wontn ing pasar Baru.

Awit saking pawartosipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana litnan Jendral W.Krussen sampun wangsul
kondur dhateng Batawi, awit wonten prelunipun wondene anggenipun badhe tedhakan kedah
kasarehaken.

Ing sapunika wonten tiyang sampun amanggih akal, damel pethi tembagi panjangipun 3 kaki, wiyaripun 1
kaki, inggilipun 1 kaki, langkung 6 dim, pethi wau ing ngadhap kairip kados baita, ing nglebet mawi
kakothak-kothak, wawratan 60 pun pethi punika sak prayogi, bilih wonten baita kapal kasangsaran
kenging kadamel angrimati serat sapanunggilanipun ingkang prelu, lajeng kalabuh supados kaentasena
dening para tiyang baita kaopal sanesipun pethi manawi kalabuh ingkang kambah ing toya namung 4 dim,
tutupipun mawi tondha namaning baita kang kasangsaran, supados sampun ngantos kalintu.

Enggelan (ENGLAND)

Benjing ing taun 1871 ing kitha Londhon badhe wonten pagelararing Taberen Kanjeng Raja putri
Prikturiyah, karsa amanci ganjaran kathahipun 100 punseterling, dhateng para tiyang estri ing sadhengaha
nongsa, ingkang saged damel kepet kang kaukir utawi kapulas ing kalebet sae piyambak katingal ing
ngakathah.

SURABAYA

Ing serat pakabaran Salompret Malayu, wonten serat kintunan ingkag kacariyosaken, manawi parentah
ageng, ing Surabaya sampun anglilani bilih masjid ing Ngampel kawiyaraken sarta kaagengaken tuwin
karengga, tiyang Islam 2 ingkang sugih, sami sagah biyantoni wragad arta kathahipun 100000 rupiyah,
sarta ing masjid wau kadekekan pethi, pirantos wadhah arta panjurung.

RUSLAN

Titiyang Israil ing Sekoleb tuwin ing Moileb, ingkang boten ajrih dhateng paprentahan pulisi ing nagari
Ruslan sami purun-purun matrapaken paukuman sawiyah-wiyah, dhateng bangsanipun piyambak.
Ingkang kacariyosaken wonten tiyang jaler 3estri, kacihna anggenipun jinaremenan kaukum dipun
tangsuli kagandheng, kabekta dhateng ngalun-alun kakepang tiyang Israil 8—salajengipun tiyang kang
sami ngepang wau, wonten ingkang gebag anyawat tuwin nyawuri rareged, angidoni sara amoyokil ing
wanci sonten tiyang estri wau, kabekta dahteng satunggiling griya, karante katilemaken ing siti, dalem
tigang dinten tanpa kasukanan tedha, wondene kang jaler kadunungaken ing kuburan sadalu muput,
kapurih anyuwun pangapunten dhateng luluhuripun, sareng parentah pulisi mireng pratingkah samanten
punika lajeng anglampahaken titipariksa, menggah tiyang esteri sampun piunanggih satengah pejah, ing
kangjalert kaupadosan boten kapanggih, kakinten kaaniaya dipun le…nyep……………………………

Awit saking karsanipun kanjeng raja ing nagari Nederlan wonten tiyang jawi awasta Sarimin umur 15
taun kaganjar kaparingan medhali sanguban kakanthenan serat pangalemabana, katrima anggenipun
amitulungi sawiji neng tiyang jawi estri, ingknag keli kala tanggal kaping 3 Pebruwari 1870, nalika
piyambakipun nyabrang, sareng kaliyan kancanipun tiyagn estri 2 wonten ing lepen Elo, sacelakipun ing
dhusun kalangan dhistrik Prabalingga (Kedhu).

Cariyosipun ing sapunika perang ageng, bongs tiyang ngari ing Prislan mamengsahan kaliyan bongsa
tiyang nagari ing Prangkrik ingkang dados darunanipun ingperang kasebut ing ngandhap punika: Negari
ing Sepanye,s ampun lami boten kajumenengan nata, awit priyagung boten wonten ingkang kadugi
angasta paprentahan wonten ing ngriku, ing samangke kaprabon ing Sepanye lajeng kaaturaken
dhumateng Prines Onensolaren turasipun priyagung Dhitslan utawi kalebet santanaipun kanjeng raja ing
Pislan, mila kanjeng raja ing Pangkrik boten anyondhongi, bilih prines oHensoleren kapiji badhe
kajumenengaken nata, wonten nagari ing Sepanye, saking pawartosipun ing sapunika sampun
tetela,manawi prines Ohensoleren anampik kaprabon ing Sepanye, mil aperang wau kadugi saestu boten
kalampahan, sanajan prines oensoleren boten karsa kajumenengakennata, samanten punika kanjeng raja
ing Pangkrik taksih dereng pitados mil akedah minta prajangjeyanipun kanjeng raja ing Prislan bilih
Prines Ohensoleren boten tartamtu jumeneg nata wonten ing Sepanye, kanjeng raja Prislan boten karsa
anyuwaweni, mila ing samangke sami mamengsahan paprangan, wondene ingkang miwiti tiyang bongsa
prislan sara anglanjak tanah bawah Pangkrik caket ing Landhau, tuwi ambrukat pirantos lampahipun
kareta latu, kaprenahtapel watesipun ing liksembereh, menggah salajengipun ing tembe badhe
kacariyosaken malih.

Tuwan Kornelis Skakel


Andarbeni pabrik lampu, tuwin sanesipun ing pandamelan barang tembagi sapanunggilanipun tuwan
Sakakel sampun katrimah anggenipun damel lampu ingkang kapratelakaken ing ngandhap punika: Bab
pagunan wau muhung piyambakipun ingang kenging adamel lampu ingkang kados mekaten, sarta
sampun pikantuk idinipun kanjeng raja ing nagari Nederlan punapa malih kanjeng raja ing Belgiye, tuwin
kanjeng raja ing pangkrik ugi sampun sami karsa angideni, menggah namaning lamo kasebutaken Lampu
Marinus. Sawarnining lampu,punrantosipun boten wonten ingnag anyameni kados lampu marinus
punika, dene padhangipun anglangkungi, tuwin amikantuki, sami kaliyan lampu gas lampu marinus mau
boten anyamari, bilih dhumawah anggliwang utawi kajungkelaken boten saged wutah lisahipun sarta
latuniun lajeng pejah piyambakk dene urubing latu kenging kaagengaken ing sakajeng-kajeng, semprong
utawi sanesipun boten amatosi bilih badhe pecahkasaladan dening latu. Para priyantun jawi, punapa dene
bongsa ing sanesipun ing nagari jawi, manawi karsa tumbas lampu marinus wau kedah alantaran tuwan
P.F.Purneman piyambak, sarta gambaring lampu wau kenging kapriksani.

Kauningana para priyantun manawi kula asade gambaring nagari Eropah menggah lalamahaning
paprangan kenging kapriksanan wonten ing ngriku, katandhan tuwan Purneman.

Kula tuwanPanerken angaturi uninga dhumateng para priyantun s daya manawi tuwan F.L.Winter, kula
kinguwasakaken anampani arta rekening utawi amelingaken barang-barnag, dhumateng kula, punapa
kang dados karsanipun para priyantu ing Surakarta. Katandhan Panerken ing Batawi.

Kauningana para priyantun ingknag sami ngemim seratJurumartani, manawi cariyos Babad Pajajaran
ingkang kasebut ing Jurumartani, ing sapunika sampun kaecap enggal badhe kaadamel buk sara ing tembe
badhe kawade satunggal regi 3 rupiyah, Tuwan Purneman

Para priyantun ingkang sampun anampeni serat katurongga kapal kula aturi angintuni ara dhumateng kula
kathahipun 3 rupiyah langkung 50 sen kawrata ing serat paswissel,sumerepa tumbasipun serat katurongga
wau. Katandhan Tuwan F.L.Winter. ing Surakarta

Kula tuwan F.L.Winter,ing Surakarta angaturi uninga, bilih wonten sagawon ingkang badhe kawade,
sagawon wau taksih nem sarta ageng, wah panjang badanipun asli saking sabrang, inggilipun 2 kaki, 3
dim , wulu pethak memes, sirah blangkuning, kupingkalih wulu cemeng, buntut panjang anyuelebreh
wulunipun,manawi wonten ingkangngresakaken kenging pikantuk katrangan saking kula. Katandhan
tuwan F.L.Winter.

Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran

Ingkang rama angandika wengis, bagus temen ing suwarnanira, ora nana wong ngambancer, mung sira
wong abagus, angliraken wawekas mami, dene mateni ula, datan sudi ingsun, ngaku anak marang sira,
raden Bandung meksa andhepok ing siti, sang prandhita sru mojar. Eh ta bandung lunga aden aglis, aja
katon kadelenging mata, kang putra dheku ngalesed, kalangkung amlasayun, aturira angasih-asih, rama
nuwuna pura, kalepatan urlun ki ajar asru bramantya, teka kakeyan crewet temen si Belis, datan gelem
mundura.
Saya sanget , ki ajar salokatara, dukane mring kang siwi,kang putra pinala, ginitik jinejegan, dening
lesilesing siti, akalesedan, bandung ywaawor jalmi. Wus lunga abandung maksih kalesedan, anglungsar
gya sumingkir, mlorod marang jurang, bandung apan saksana, nalosor denya lumaris, saparan paran,
tapake daddya kali. Sareng prapta kiduling kendhali sada, arsa sidhekah sami, abebresih desa, arsa
ngupaya ulam, wong sadesa mring wanadro, ambereg sangsam, kidang kalawan kancil. Pan utusan
wonging desa datan angsal, kadiden supatani,prasamya ararywan, alenggah ing prabatang, ana udut ana
bkti, ana angina, jebugira sawiji. Apan arsa sinigaring kudhenira, sinelehaken nuli,linggih nya prabatng,
sinigar kudhiliwat, kayukenarah dresmijil, adeleweran,kagyat keh ing jalmi. Kayu apa ingkang medal
erahira, payotinurut sami, gya nurut sakasana, kapanggih sirahira, mripatipun lkethjip-kethip wong desa
bungah, begja kabrayaniki. Luru iwak awekasanemu ulam,nulya pinurak aglis wong ira atusan, kaduman
wong nyarembag, sadaya sami miluli, daginging ula, binekta mulih sami. Raganirea kang ngula dadaya
apurakan, suksmanira lumaris, warna mindha bocah, sapa ngona gengira, angubengi desa neggih, kang
olah olah, raya lit amarani. Saben wisma pinaranan minta sega, lan nulame sacuwil, angsale ing wana,
rarte alit sinentak, tan aweweh bodhah cilik, munduran sira, nisani kang pinestri. Monta sega saparane
datan aangsal, wangsulanira sami, tan aweh sadaya. Wit arsa bre, monca patmonca limaning, malah
sineiya, raya lit melas asih. Nulya ana wong nini nini kang prapta. Welasira ningali, mring bocah
miminta, ngelih anjaluk sega, anuli dipun sukani, sekul lan ulam raya lit nabda aris. Amung nini iya ta
wawekasingwang, yen ana rame mangkin, dening enggal nyandhaka, ya nini enthongira, nunggganga
lesung den aglis, dene nemu tepoma, wus kesah raya alit. Amarani raya keh angon maesa, gumerah aneng
sabin, kang raya paparab, jakasuksmanglengkara, awor rare akeh nuli, anyekel sada, lan namung sawiji.
Tinanncep kening siti kang sada lanang,nulya wecaa aris, mara opayo konca, kang padha ngon maesa,
payo atotohan sami, sapabedhole, sada tumancep siti.Gya anglumpuk raya ngon angrubung sada, bocah
cilik kumaki,mongsa gondrapira, pira gedhening sada, suksmanglekara ngaturi, payo totohan, yen
kabedhol sireki. Guluning sun ing mengko sira kethoka, yen tan kabedhol endi, ing sun jaluk sega, lawan
iwak kepisan, raya ngon sugal nauri,lah iya iya,nulya binedhol aglis. Sakuwate kang sada panora owah,
genti genti prasami, abedhol kang sada, sampun telas sadaya, tan bisa bedhol siji, sami sosokan, sekul
ulam rasami. Ting pathuthuk tumpukan sekul lan ulam,s emana wus kawarti mring desa kang kang
cedhak, sakathahe wong tuwa, sadaya arsa ngayoni, ambedhol sada, cega iwak anyangking. Pan kinarya
totohan sadaya ngucap,bocah cilik kumaki, yen kabedho iya lah apa etohira, suksmanglengkara nauri, ya
guluning wang, lan patiurip mami. Yen tan bedhol kowe apa etohira, sakehe wong nauri,iya sega iwak,
uws sun tyampuki kathah,wit wong pirang pirang desi, sekul lan ulam, telas dipun gawani. Kinarya toh
tinumpuk aneng pangonan, tumulya bedhola glis, sakehe wong desa, samya agantya gantya,nelasken
tenaga sami, ambedhol sada, meksa panora keni. Sakehe wong desa asru denya ngucap, bedhollen dhewe
ugi, bocah cilik sira, suksmanglengara ngucap, yen kabedhol sada iki, sekul lan ulam, kabeh ingsun
duweni. Dyan binedhol kang sada lanang gumrajag, medal toya nglangkung, kadya banjir bandhang,
wedale ingkang toya, sakedhap kebak wanadri, ngiringing ngarga. Wong akeh samya mati. Kebo sapi
bebek ayam samya pejah, desa kelem tan keksi, nini nini tuwa, enthong cinandhak sigra, nunggang lesung
nini nini, saparanira, kang kinarya melaha. Amung esthonginrta kang kinarya welah kendeling tuntang
kali, dyan suksmanglengkara, marani nini tuwa, lah nini sira puniki, karsaning dewa, tuntang tungguneng
iki, Nulya mentas nini tuwa anyiluman,lesung malanging kali, sakal dadi sela, yata ingkang winarna,
suksmanglengkara lumaris, nulya kapapag, satriya nom apekik. Pan meh kembar
kalawansukmanglengkara, iya kang awewangi, si sukmangumbara, alon denya tatanya, raden dika tiyang
pundi, bagus sudibya, lah sinten kang wawangi. Arsa dhateng ing pundi ingkang sinedya,
sukmanglengkara aling, yen takon maring wang, ingsun sukmanglengkara, sun ninki pan arsa mulih,
mring majalengka, kang estri rabi mami. Nimas ratu nilawati garwaning wang,. Balikan sun takoni, sapa
aranira, yen sun Sukmangumbara, apaning sun arsa mulih, mring Majalengka,kang ngen mring rabi
mami. Nilawati putrane sang Brawijaya, tan numbak tambuh, mami, kang warni teksaka, medal saking
kwadonan, ingknag sira pancas dhingin, mengko kapanggya, neng kaene padha siji. Lah payo prnag rebut
putri Majalengka, singakang jayengjurit, rabi Nilawatya, raden sukmanglengkara, bramantya wus kuwel
kalih, cengkah cinengkah suduk sinuduk genti. Yen sinudduk sukmangumbara malesat, malesit tanpa
kolih, anulya cinandhak, wau sukmangumbara, lagyar rebining siti, asambut kalah, pasrah manut sireki..
Datan purun kawula dhateng andika, sukmanglengkara angling, lah iya nrimaha, ngratoni kang lelembat,
kang ngana ing tuntang iki, salina aran, namaa Baruklinthing. Sarupane lelembut ngrawa ngratuwa,
marangnging sira sami, ature sandika, baruklinthing wusdaya, ratu siluman bahrawi, sukmanglengkara,
enggal denya lumaris, arsa mantuk dhateng nagri Majalengka, tankawarna ing margi semana wus prapta,
nagari Majalengka, lebeting pura anyelib, tanwruh ing kathah, tansowaning sangajai.. Pan ajujug
panggiye lawan kang garwa, kang rayi den pacuhi, lamina nyaosna, marang srinaranata, kang rayi nurut
ing laki, tan nganggo warta dhasar kangen kapati. Lamalama srinarendra myarsa warta, yten putra
anggarbini, ibune dinuta, ngwektekaken kang warta, kang ibu ngandika aris,mring putranira, saparo
wangmu bunting. Sira angger, ngakuwa jembaring jaja, bayu mu katon sami, pasthi sira wawrat, batur
mu wawrat sapa, umatur sang Nilawati mring ibu nira, nggih wawratan palaki,. Nanging wonten tiyang
jalu ingknag prapta, arikalaning wengi,lajeng tumut nendra, bagus maksih taruna, warnane lir laki mami,
datan kantenan pinanggkanipunprapta. Sareng katur brawijaya langkung duka,nimbali kyana patih,
natasru ngandika, eh patih kaatiwasan, kadhatonkalebon maling, sekti aguna, wani lumebeng puri. Iya
patih kepungen sakancanira, sakeh wong majapahit, anyengkela padha,kyapatih tur sandika,angepung
wakul ngemiti,sukmaglengkara, ari kalaning wengi. Sabenira anjujug ing kaputrenan, konangan mring
wong kemit, anulya ing ngoyak, lumebet marang toya, ilang panda datan kaeksi, saben mangkana, putek
srinaraati. Nulya srinarendra karya sayembara, sapa kang nyekel maling, wus punaging ingwang, sun
ganjar nagri sigar, lawan sun trimani putri, patih undhangna, yen ana kang berbudi. Gya sakehe prawadya
wusing ngundhangan, sagung wong Majapait, kang para pratiwa, bupati mantrinira, kang sami sumiweng
westhi, kapengin krama, putri kalawan nagri. Kaya apa rupane maling aguna., dene apeksa wani, saba
jroning pura, pangguh alawaning wang, sun ijen padha siji, ngaduprawira semana prapteng wengi.
Asiyaga sagung wadya Majalengka, prasamya amiranti, sagolongan, lor kidul kulon wetan, prapteng
wanci lingsir wengi, Sukmanglengkara, arsa lumebeng puri. Sareng myarsa saka kemit samya prawira,
anulya den sirei, sakehe kang jaga, lesah nendra sadaya, tana ana kang melek siji, kena prabawa, kadya
babadan pacing. Gagamane kabeh samya pinendhetan,mring Sukmanglengkareki, sareng enjangira, katur
srinarta duka, kyana atih den timbali, ki gajahmada, prapta sahawotsari. Asru duka, jajabang mawi
ngawigna, kapriye iya patih,keh wong majalengka, padha tiwas sadaya, anyekel maling sawiji, temah
brodholan, eh iya sirah patih. Ing sun kongkon, gajahmada ngupayaha, kang yogya nyekel maling, ya
cekoh regoha, gedhe ganjaraning wang, kang dhingin sun ganjar putri, lan nagri sigar, ywas sira mulih-
mulih. Yen tan oleh ingkan gsaguh anyekel, simaling guna sekti, kongsi ciklusira, amoh
sandhanganira,lamuniya durung ngoleh, wong \ing kang saga, sandika turing patih. Awotsekar: lumengser
saking ing ngarsa, tan mampir wismaneki,laju lampahira, datan ambekta rowang, mung badanira pribadi,
anjajah desa, kipatih milang kori. Datan wonten: ingkang sagah anyekela, marang maling sinekti wus
kalunta-lunta, kipatih lampahira, kalangkung susah ing galih, rekyana patya, kadya sata memeti.
Gantya ingkang winursita, ki Bremana kalawaning bremani, saking sabrang angsalipun, ngeja wang-
awang, Ni Bremani wawratanira wus sepuh, kados pundi kang Bremana, wawratan kula meh lair. Eh yayi
payo tumedhak,nadyan duwe bayi aneng ing siti, wus prapta dharatan wau, kang jabang bayi babar, mijil
jalu tinugelan bingbingipun, babayi nulya binuwang, sinelehaken ing siti. Ngisor aren sinasaban, godhong
aren barukut datan keksi, kiang bayi tininggal sampun, sinrahaken neng dewa, aren lagya dineres ing
manggaripun kang deres titiyang desa, wus wayahe ngambil warih. Namane pankaran anak, pak ne
Doplang anake pada mati, , wus menyang anggawa bumbung, sapraptane ing wana, ngisor raren kaget
denira andulu, lamun ana bayi bajang, sinasaban godhong jati. Sinabut nulya binakta,mantuk marang
wisma dipun nedusi, sakelangkung bungahipun, yata ing lama-lama, sampun ageng sapangoning
wayahipun, pakaryane angon menda,jaka bodho namaneki. Sakelangkung busukira, datan lumrah samine
rarte alit, rare keh samya ngon wedhus, jakabodho menjila, ki Bremana anganglang jagad mandhuwur,
tumingal marang mangandhap,Jakabodho den parani. Jaka bodho gya cinandhak, marene ya mengko
ingsun tuturi, ki Jakabodho gya tumut dhumateng ki Bremana, marang lepen Jakabodho cinandhak wus,
pan binedhel wetengira, usus winedalken nuli. Punika taksih wonten candhakipun..……

Kula tuwan P.F. Purneman angaturi uninga dhumateng para priyantun sadaya, manawi kula mentas
anampeni kertas walandi, tuwin kertas pos warni-warni, lonceng gantung mawi tutup gelas, kang
sakalangkung adi, pirgura, tuwin gambaran nonah-nonah ingkang sakalangkung ayu gamabripun rare
sami numpak ki kapal bandhangan sarta main dhadhu, prayogi kangge angenegi rare. Punapa malih
kauningana para priyantun, menawi ing dalem kalih dinten ngriku kul abadhe nampeni sastrajawi enggal
sangkig nagari wlandi ingkang sakalangkung mikantuki kangge ngecap buk waosan serat setat pas
panyadenipun kewan tuwin sakathaing serat dhawuh nagari, Katandhan tuwan P.F.Purneman

Kula tuwan Brihe ing Kabalen Surakarta, angaturi uninga manawi kula kinuwasakaken dening tuwan
C,W.Winter, amadekaken kapal rakitan cemeng, tanah sandelhut ingkang tutut sarta banter lampahipun,
para priyantun ingkang ngarsakaken tumbas kapal wau, kenging lajeng amriksani wonten ing griya kula.
Tuwan Brihe.

Andadosna kauninganipun para priyantun ageng alit sadya manawi ngecapipun serat Pasamuwan taun
baru ing nagari Surakarta sampunrampung serat wau sastrajawi mawi sekar macapat, 1 serata regi 75 sen
para priyantun ingkang ngarsakaken kenging pikantuk saking tuwan Purneman, F.L.Winter, Raden
Atmadikara ing Surakarta.

Tuwan C.E.H. Bir ing Surakarta, angaturi uninga, manawi menas anampeni barang uawi sanesipun, kados
kang kapratelakakening ngandhappunika: Mertega, ulam amkeju, warni-warni, susis eca-eca,ulanm
lembu, sirkul tuwin sanesipun sayuran walandi, ulam peksi, sapanunggilanipun uwoh anggur amandhel
permeseli, gandum sara eercis, beskuwit samarang tuwin inggris tuwin panganan walandi warni-warni,
songsong jepun ageng alit dolanan rare sae sarta aneh-aneh, mannisan jae, kecap jepan cokak walandi,
ula, abrit saking makasar, sanjata warni-warni, akathah inuman cuwin dhadhaharan srutu manila eca-eca,
sadaya mirah reginipun. Tuwan C.E.H.Bir

Kula angaturi uninga dhumateng para priyantun manawi salebeting wulan Agustus ing ngajeng
punika,kula badhe ngalih ing griya, ingkang sapunika taksih dipun dalemi tuwan Tong Sen. Ing wasana
andadosna kauninganipun para priyantun sadaya, manawi kula asade salep tuwin Pil olewai, sarta kupin
pillen jampi warni-warni, punapa malih strup sabun beter, klonyo tuwin sanesipun lisah wangi, inuman
pulas lisah cet, pulitur tuwin pernis sadaya mirah reginipun. Katandhan tuwan H.R. Weiting.

Kauningana parapriyantun manawi wonten kapal Makasar sarakit ules dhawuk sae-sae, umur 6 taun tanpa
ciri, badhe kawade, bilih wonten ing kang karsa tumbas lajeng kenging pikantuk katrangan. Katandhan
tuwan Purneman

Tuwan Sir Lo Bato enko, sade Ham tuwin keju eca-eca, taksih enggal sadaya

Kula tuwan P.F.Purneman angaturi uninga, manawi para priyantun sadaya, kenging amitung kas dhateng
tuwan Pillip ing Ngayogyakarta, bab panumbasipun serat katurongga kapal tuwin sanesipun serat waosan
ing tembung jawi,punapa malih tuwan Phillip wau, utawi kula ugi sagahan dhateng ngaken berang-barang
saking nagari walandi,ingkang dados wawelinganipun parapriyantun sadaya. Katandhan Tuwan
Purneman.

Gambarring nagari Ngayogyakarta.


Kula kang anandhani ing ngandhap punika, mentas anampeni gambaring nagari Ngayogyakarta, ingkang
amratelakaken sadayanipun, mila sakalangkung mikantu dados cacepenganipun para priyagung, menggah
gambar wau namung regi 13 rupiyah langkung 80 sen. Tuwan Purneman.
Ongka 34, kaping 18 Agustus 1870

Pambuka kabar ingkang kaintunaken ing griya pangecapan ing dinten Rebo enjing, badhe kapacaking
serat Bramartani. Pawaosing pamacak wau salarikipun 25 sen kajawi reginin gserat segel.

Serat Bramartani wedalipun saben Kemis reginipun ing dalem sataun 12 rupiyah pethak.

Ater lalumarsudyeng mamanis, tuwan Redhaktur F.L.Winter kang, ngarang Jurumartanine, sedyeng
angasungi wruh, mring sagunging para priyayi, awit ari Respatya, wolulas lekipun, Agustus ingkang
candrama, warsa sewu wolungatus pitung desi, yata tuwan Purneman. Tkapwarsa anya dalem saking,
kang Sinuhun Kanjeng Susuhunan, Pakubuwana ping gawane, kang mandhirik kadhatun, Surakarta
diningrat nagri, thika Jurumartanya, ing samangkya lintu, dumadya nama walgita, Bramartani rehning
kalanguni uni, wonten santana juga. Ingkang sampu angagem bibibik, kanjeng Pangeran apanembahan,
Jurumartani wus samarte, neng Karsa dalem pungkur, yen aganjar makaten nami, mring santana sasika,
Twan Purneman wau, kedah lumirig satiwa, nglastanunken punapa ing saparenging, karsa dalem sang
nata. Kang supadya anggening dumadi, angkatdeya aneng Surakarta, sreda dalem mrih luntureng, myang
twan Purneman wau, klayan teka kambakitta mamrih, andadosna entyarsa, senenging len ssarju, para
priyagung samoa, kaangemim ing walgita Bramartani, punika ngwidadaha.

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Tuwan Y.E.Wolef, kakulawisudha dados Juru serat ing kantor Surbaya.


Tuwan Y.Miller, kontelir twedheklas kapathah angrangkep pandamelanipun Bei ten wun gripiring
Pangadilan Panaraga bawah Madiyun.
Tuwan Jonghir, H.A. Dheir, Kontelir Twedheklas kapatah angrangkep pandamelanipun
Beitenewungrippir ing Demak.
Tuwan W.P. Fandheinen kakulawisudha dados kumis Onfamer ing Tanjung Pandhan bawah Biliton.
Tuwan A.A.A.Lidhermui, kakulawisudha dados kumis Onfanger ing kantor Pabeyan ing Batawi
Tuwan Y.P.E.Inen kakulawisudha dados Juruserart ing Banyumas tuwin kapatah angrangkep
pandamelanipun Grippir Landrat ing ngriku.
Tuwan Mister, Fangih, Grippir alit ing pangadilan Justisi ing Surabaya, kaundur saking pandamelanipun.
Tuwan Mister Klinyet kakulawisudha angentosi dados gripir alit ing pangadilan Justisi ing Surabaya.

Punika candhakipun carios perang, bongsa Prislan mengsahan akaliyan bongsa Pangkrik. Awit saking
pawartosipun nagari Nederlan, Liksembereh, Usterik, Itali, tuwin Engglan boten ilonilonen, anggenipun
perang bongsa Prislan utawi bongsa angkrik, ananging nagari Ruslan dereng tartamtu, wondene nagari
dhitslan tanah kidul abyantoni nagari Prislan. Kanjeng raja Napoliyun, karsa jumeneng pribadya
anynapateni wadya bala Pangkrik Kabaluan Marekalek 3, anama Makmaon 2 Karober 3 Basini, putra
dalem Kanjeng Raja Napoleon ingkang yuswa 14 taun andherekaken ingkang rama wonten ing ngayuda,
ing samangke wadaya bala ing Prangkrik sampu manggen pacak baris wonten ing Tiyongpil caket ing
Met bawah Pangkrik wadayabala ing Prislan sampun angancik bawah ing Pangkrik sakiwa tengening
Gongwi, kaprenah boten tebih saking Lik Sembereh, wah ing ngriku wonten margining kareta latu
dhateng Ti Yong Pil utawi ing Met wau, wadya bala ing Pangkrik kathahipun, 350000 dalem 4 dinten
anggenipun sampun baris wonten tapel watesing nagari, kareteg lepen Rin caket ing Kel sampun
karucat.……
Kanjeng raja Prislan ing salajengipun anjibahaken kajeng raja Napoleyun, punapa kang dados
kapurwaning perang punika, ingkang sara kagalih boten karsa anglastantunanaken tentremipun nagari,
kados dene kala swarginipun ingkang paman kanjeng raja Napoliyun. Kanjeng Pangeran Adipati anom
ajujuluk, Predherrik Willem, putra dalem kanjeng raja Prislan punika ingkang anindhihi jumeneng dados
senopati ning wadya bala ing Dhitslan tanah kidul wau. Candhakipun benjing badhe kacariyosaken malih.

Ingkang kacariyos ing serat Lokomotif, katitimangsan kaping 3 wulan punika, cacahing wadya bala ing
Prangkrik tuwin ing Prislan kang watawis kados ing ngandhap punika.

Wadyabala ing Prangkrik dharatan kathahipun 800 ingkang sapalih kangge reserep(jagen anthungan)
anjawi punika wadya bala gardhenasonal cacahipun 318 bataliyun Infantri sabataliyun 8 kumeni, utawi
tiyang 1600 sabaliyun Ateleri, pontonir 5 kumpeni, cacaipun 538,723 wadyabala ing Prangkrik wau
sadaya gunggung, 1350000 mengggah baita kapal kang kadamel perang warni-warni, cacahipun 439 isi
mariyem 4680 wadyabala ingantri ing sapunika dadamelipun sanjata saspo, lihte kapaleri tuwin
Dragonder, ingkang kathah-kathah taksih angangge sanjata kabin, Ateleri mawi mariyem ingkang
kenging dipun etengi, mimis wawrat 4 tuwin 8 pun dereng antawis lami wonten mariyem enggal
kaanggekaken ing wadyabala Pangkrik. Wadyabala ing Prislan sapanunggilanipun, bilih boten wonten
perang cacahipun 319,476 manawi wonten damel perang, ingkag patah kenging dipun aben perang,
977,262 anjawi saking punika wonten tiyang 446000, ingkang pancen kenging kaangsahaken perang awit
dereng kendel dhinesipun mila wadyabala ing Prislan sasaya gunggung 1093262 menggah kathahing baita
kapal kangge perang 89 isi mariyem 563 wadyabala ingantri dadamelipun sadaya sanjata Sihenal
Dragonder tuwin usar panjat Aterlad menggah Ateleri dadamelipun mariyem Atelad.

========================================

Ingkang kacariyos ing Jurumartani, manawi bongsa Prislan anglanjak tanah bawah Pangkrik cakrt ing
Landhau, punika lepat leresipun bongsa Prislan wau sampun angancik bawah Pangkrik sakiwa tengenipun
Lengwi, wontening lepat samanten punika awit saking ungeling serat telegram ingkag boten leres.

Kasebut ing serat telegram ing wekasan bongsa Prislan kawan mundur prangipun, awit kapethukaken
prang dening prajurit jager ing wonten sakiwa tengening tiyongpil sarta bongsa Prislan wau kathah
ingkang pejah.

Ing Jurumartani ongka 32


Wonten anyariyosaken bilih kala kaping 2 Agustus 1870 ing griyanipun Ngabei Dipadrana abdi dalem
mantri Kambeng, kalebetan dursila cacaing durjana kantos tiyang 25 iji, ingkangpunika bab cacahing
dursila wau radi kakathahen saking santosa prama sudenipun Kanjeng Parentah ageng nagari, kala
kaping 9 ing wulan Agustus punika supiyn ing nagari sampun anyepeng durjana, kanthi cihna barang
sawatawis kathah, dene ingkang dados pangageng durjana wau tiyang ing tanah sokaati ler, bawah
kabupaten Sragen, mila kalhuran sanget kanjeng parentah ageng nagari, kapuji ing ngakathah, karta
waharjanipun nagari Surakarta ing mongsa saunika, awit sampun kenging kawastanan saben wonten
durjana saged kacepeng, mawi cihna terang utawi kathahing kang lajeng angaken, dalah durjana kecu ing
griyanipun bokcadrana ing Nusupan ingkang mawi tiyang patrol tuwin tiyang tandang pejah, titiga
ingkang pada meling durjana wau saklangkung rempit, awit ingknag dipun kecu tiyang rondha tur boten
kawical sugih, punapa dene kalampanipun pangecu boten patos angsal barang kathah, dados katingalan
wonten pangangkah ing sanesipun dhumateng titiyang sakiwatenging kang dipun kecu, ewadene punika
ugi patenah sampun nyepeng durjanaipun saha ngaken angecu mawi amarjaya titiyang…..wau. Kaserat
ing sakidul Jebres surakarta kaping 11 Agustus 1870. Katandhan Arjaprajana.

Dhandhanggula.
Catur wanda araningsun malih, wetahipun dumunung ran praja, delamun wanda kalihe, pinet waukang
ayun, dadya aran salir kawanin, ugi dadya raning wang, napa yektinipunh, dewa nda kalih kang wuntat
pandumadik bangsaning pakewuh sami, yeku inggih raningwang. Nama kula kang ongka 2.
Jateng tirta, etang wulan pendhakwarsa//Ywasumura, yen tan mutusi bebaya
Punika teksih wonten candhakipun malih.// Katandhan Aliyas Sarwadisaripul inukatamat kampugn
Kratonan…………………….

Kula tuwan manawi andadosaken parengipun ing palih, utawi pantes atur panjurung kula punika, mugi
karsaha pacak ing Bramartani, wedalipun ing dinten Kemis ngajeng punika, sumongga tuwan redhaktur.

Kula sampun maos serat Jurumartani ongka 31 kemis kaping 28 Agustus, 1870 wnten tandhanipun ing
nang sisilih na, a Trusdhasastra, amanjurung cangkriman, e, pada, sekarripun sinom sareng sampun
dumugi pamaos kula, ingkang kasebut pada nomer 5 punika wonten ingkang karaos manah kula, yen
dipun sampe ing lambeyan tangan kiwa, dhumateng trudha sastra, tur punika tebih tebih teksih
angggadhahi paprenahan kaliyan kula, ing wusana punika cangkriman kedah kula ngaturi pambatang,
ananging wantahan kimawon awit bongsa anggitan ingkang mawi nak-enik, punika tulenipun kula boten
saged, manawi wonten lepatipun ing pambatang kimawon ingkang mugi sampun andadosaken
rengatipuning panggalih, saha paringamaklum ingkang ageng.

1, Warnalangkungsura, punika tinggi


2, Pratiwa bojamanggala,punika tiyang mlaku…………………………
3, Wonten wanodyasusila, punika tiyang Nganwih
4, Sakalangkung kawlasarsa, punika candhikan serdhah
5, Punika kula ingnag dipun sarumpa anggen kula nedha madad
6, Wonten malih ninupita, punika abdi dalem prayant Muskestahel ingkang badhe nyulet Mariyem.
Amung punika pambatang kula, kula sumongga mengah leres lepatipun.
Ing Ngardi Kendheng kaping 12 Agustus 1870 katandhan Amongraga.

SURAKARTA
Sandyan kalawingi dalu jawah antawis deres ngantos rambah kaping kalih, wanci jam 2 enjing griya
kang dipun enggeni tukang bleg prenah sakilenipun babah matin kabesmen tatelasan panujunipun latu
boten anglanjuk mremen dhateng griya ageng, sarta lajeng tumunten kasirep awit saking cakutipun
ingkang sami tandang.

Kabar saking Ngayogyakarta.


Raden Tumenggung Natayuda, abdi dalem wadana panumping, jawi tengen, nalika ing dinten slasa pon
tanggal kaping 4 wulan Jumadilawal taun Dal punika, wanci jam 9 siyang tilar adunya mantuk ing
kelanggengan jalaran gerah sarira sadaya, yuswa 82, taun layonipun kakubur ngastana Jejeran sakidul
nagari Ngayogyakarta, awit saking panuwunipun piyambak nalika taksih sugengipun kakubura ing jejeran
wau, tunggil ingkang bok Nyai Ranadiwirya, dergan Kyai Jawinata, alam ingkang sinuhun papisan tilar
putra jaler satunggal sangking kangenan.
Ngayogyakarta kaping 9 Jumadilawan Dal 1799.
Darmacarita.
=================================

Ingkang sinaroja ing kaurmatan akathah-kathah, katur panjenengan-ipun tuwan redhaktur, ingkang
angrenggani pustaka Bramartani, manawi andadosaken pirenaning panggalih, utawi sela ing papan,
panjurung kula punika, mugi kapacaka ing kabr Bramartani, wedalipun benjing kemis ngajeng punika,
Kula sampun ngawuningani serat Jurumartani ongka 30 kemis kaping 21 Juli 1870 wonten saseratanipun
ingkang sisilih Sajaya, suraos nedha katrangan, bab anggen kula manjurung anggitan wangsalan, ingkang
tumrab ing Jurumartani ongka 26 kaesebut 4 bab, kula kapurih nerangaken tembung utawi tegesipun, ing
sasaget saged kula inggih ngaturi katrangan, kilab leres utawi lepat kul asumongga, ing ngandhap punika
pratelanipun.

1 Arga belah, tegesipun gunung pegat, satriya putra nalendra, tegesipun pangeran, sangking pamratyogi
kula, kados piantuk dipun tegesi, aja pegat,nenuwun marang pangeran.

2 Jenutawa, tegesipun tunggul, wastra mawa kukila, tegesipun, dedamel inkang mawi peksi,
upamijemparing sarutama, mila pikantuk,ywa katungkul, goleka budi kang utama. Punika tulenipun ing
pangangkah kula, makaten ugi manawi kula damel anggitan wangsalan, sampun kaula tamtokaken
wicalanipun, tembung ing ngajeng, 4 tembung ing wingking 8 dados ing 1 tembung, wicalanipun 12
wondene jawab tegesipun ugi sami wicalanipun 12 kumpulipun ing dalem satunggil tembung,
wicalanipun 24 manawi ngantos kirang utawi langkung, dhateng ukara tamtu yen tingal, kirang wiletipun,
bab kirangipun ing wicalan utawi santunipu ing ngungel lungelan bokmanawi kalintu utawi kecert
anggenipun ngecap, ewadene kasupenipun ing tiyang: boten kengingnmanawi tamtu lepat sangking
panggangkah tuwin panyrat kula, ingkang mugi samun andadosaken renguing panggalih, saha paringa
pangaksama ingkang ngagung, utawi karsaha paring pitedah menggah leresipun, supados dados satuladha,
ing wusana kula ngaturi panglepat wangsalan, saka wontenipun kadi ing ngandhap punika.

Jenang sela, wader kalen sesaundheran, apuranta, yen wonten lepat kawula
Sayuk karya, wulung widomongsa rowang, sayektine, wit saking bodho kawula.
Sah ing ngenggat, petelangkireracikan,, sangking kekedah srawungan para sarjana……

Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran

Pinalirid rinesikan, reregede sadaya wus baresih, lineboken weteng sampun, ing ngusap wus waluya,
Jakabodho wus wangsul marang genirpun, aworlawan rare kathah, anggraita tyas maletik. Weruh
sadurung winarah, pinter dhewe sasamane rarya lit yata wau kang winuwus, ki patih Gajahmada, apitekur
sadhinge rarya kehiku mangkono osiking manah, besuk apaleh ku iki. Ana wong saguh nyekela, maling
guna yen ta oleha mami, tan kalilan mulih ingsun, kongsi cekoh regoha, baya iki margane bilaheningsun,
ki Jakabodho sru mojar, mring kancane angon kambing. Nyalemong genya angucap,eh sakiki nagara
Maapit kalebon pandung dibyanung, tur sekti moncdrtaguna, angremeni marnag putri mJalengu, rowange
alon saunya, apa nyata jarmu iki. Dhek kapanoleh muwruhha, dene sira tan kesah saking ngriki, ki
Jakabodhol lon muwus, yektine dhasar nyata, ing samengko sang prabu ing Majalangu,dhawuhaken
sayembara, sapabisa nyekel maling. Ginanjar nagri sasigar, sarta katrimanan putrining aji, sakehe wong
majalangu, tan bisa anyekela, papatiye ki Gajahmada ing ngutus, angupaya gunabisa, kang bisa anyekel
maling. Ki Patih lamun tanangsal, tan kalilan mulih marang nagari, kongsi yagegroh apikun, yen tan
nyambat ta ing wang, sun geduga anyekela malingipun, iya ingkang saba ura, bature angon nauri.
Angamong kumaki sira, ngakuweruh saguhanyekel maling, rarte keh sami amupus, andorakaken samya,
Jakabodho alon denira amuwus, yen tan ngandel tatakona, wong tuwa iku kang linggih. Rarya ngon
samya angucap, mring wong tuwa kang pitekur alinggih, punapa nyata puniku nagara Majalengka, yen
kalebon maling sinekti dinyanung, ngremeni putrining nata,jeng ratu mas Nilawati. Patih Gajahmada
ngucap, iya nyata tole ing Majhapait,kelebon maling sudinyanung, Jakabodho srumojar dene nyata
prandene tan ngandel mring sun, anyambata marang ingwang, pasthi kacekel kang maling. Baturre
ngonaucap, mandah sira bisa nyekel kang maling sireku luwih kumenthus, ki patih Gajahmada, sareng
myarsa pangucape para rare wau, saguh nyekel maling guna, bokiyaha ingsun nirid. Mring bocah mau
kang ngucap, apa nyata sira ngger anyaguhi, ki Jakabodho lon muwus, ten yektos punapaha, yen tan kena
maling kacekel maring sun, den kethoka guluningwang, den juwing-juwinga mami. Dipun karya abelabar,
ususingngong neng nagri Majapait, suwawi bekta neningsun, kasaosna sang nata, lamuningsun asaguh
nyekel pandung, kang nglanangi ing jropura, kang nyyidra resmi sang putri. Ki patih graitanira, nadyan
bocah titahing dewa luwih, tankena ing ngina iku, wekasan patih mojar, iya mara ing sun caoSKen sang
prabu, sira kang saguh nyekela, lahinggih daweg kiyai. Saksana sami umangkat, wedhusira tinitipaken
wuri, mring kancane ingkangrukun, lestari lampahira, tan winarna prapta nagri majalangu, ki patih pan
sampun prapta, ing wismanira pribadi. Ki patih langkung sukeng tyas, Jakabodho pan datan kena tebih,
sinungga sinugun sugun, byar seba ing narendra candhala tur mring para nyai kang tungguk kyana patih
tinimbalan, wus papta ngabyantaraji. Angukuh pasirlanira, srinarendra nulya ngandika aris salamenta sira
rawuh, apa ta oleh karya, ingkang saguh nyekel maling sudibyanung, kuyanapatih awotsekar, dhuh inggih
kanjeng dewaji. Angsal prasasatan angsal, dene inggih rarte, ingkang nyagahi, dereng pantes wancinipun,
lang katakarya awrat, Brawijaya alon pangandikanipun, iya patih timbalana, rare saguh nyekel maling.
Jakabodho tinimbalan, sampun prapta ngarsaning Sribupati, kagyat sang nata andulu, dene tamaksih
bocah, sanggup nyekel maling guna sudibyanung, joronig tyas angunandika, sanadyanilu rarya lit. Datan
kena den inaha, padha titah ing dewa kang linuwih, wekasan ngandika prabu, eh bocah apasira, ingkang
saguh nyekel maling sudibyanung, julik sekti sabapura, yen kacekel sira ugi. Agedhe ganjaraning wang,
ingsun wehi nagara rabi putri, yen tan kacekel sireku, sun kethok gulunira, Jakabodho matur sandika
wotsantun, lamun angsal sabdeng nata, anyepeng kang punang maling. Sang prabu malih ngandika,
Jakabodho lahiya mengko bengi, sira cekela kapandung, tan antara wayahnya, sampun dalu yata wus dha
praptanipun, rahaden sukmanglengkara, arsa manjing jroning puri. Pukul sanga wancinira, Jakabodho
miranti margi maling, …pata pandung kang lumaku, Jakabodho umiyat, punang wus dhasinapakan
lumayu, binujung sampun kapangya, arame denira jurit. Akuwel candhak-cinandhak, genti dugang cekah
bithibintithi, cinakel maling marucut, lumebeng marang toya, wadya Majapait alok gumuruh kang sami
ngepung sadaya, miwah kang ngampingi margi. Pandung aguna wus musna panguripanira malebeng
warih, wus tata srahinanipun, kendel kang samya nganglang, Jakabodho lajeng sowan ngarsa Prabu
Brawijaya angandika, la priye luput kang maling. Dene guymeder swaranya, Jakabodho matur saha
wotsari, inggih pandung wau dalu, ngantos aponcakara, kula tubruk kacepeng pandung marucut, yektos
sekti mondraguna lajeng lumebet ing warih. Sirna wor lawan toya, amung toya pagesanganing maling,
panuwun namba sang prabu, sakehe kang segaran, blumbang kulah genthong kendhi miwah sumur,
sadaya sami den sata, salebetipun jro pura. Sadina wus singesatan, kawarnaha inganci samun wengi,
miranti kanjaga pandung, sakehlawang jinagan, raden suksmanglengkara, arsa lumebu, malumpat ing
pager bata, prapteng jro kawruhan dening. Kapethuk lawan ki Jaka, gya sinapa maling nulya ngayati,
kaliye lajeng ngacaruk, kuwel narik juriga, gantya nyuduk datan tumama kang dhuwung, Jakabodho pan
angrunjang, kang maling cinekel wani. Marucut dhustha malayuwa, den tutwuri saparan den
cegati,lumayu ngupaya banyu, ngalor ngidul samya sat, pan kewuhan maling guna paranipun, anekat
,umebbeng pura, mring genira sangsuputri. Wus panggih lawan sang retna, raden sukmanglekara
ngandika ris, yayi kajodheraning sun, mongsa bodhowa sira, mati urip sun pasrah marang sireku, ki
Jakabodho kemengan, arsa den esuka ajrih. Umatur marang sang nata, ulun matur dhateng paduka aji,
nyaosken tiwas pukulun, denten pandungneg pura, mring pauytren ulun ajrih mring sang prabu, ngandika
sri Brawijaya, marang kajineman sami. Kaputren kinen angepang, wus kinepang wau kaputren sami,
kajenengan sang aprabu, Raden Sukmanglengkara lan sang putri wus pisah denira lungguh, sanadyana
pejah gesanga kang raka tansah kinanthi.
Sukamanglengkara amuwus dhuh areningsun mas gusti, abdine tur pejah gesang, sumongga karsa sang
putri, ngandika lon sang kusuma sayekti kula nglabuhi. Pejah gesang alaningsun, yen paran tumeeng pati,
kawula maturing rama, kalamun tan dena praduli, dadiya taruwilata, wong ronro sami ngleboni. Semana
wau sang prabu kang putra kinen nimbali, lurah kaparak lumampah dhawahken timbalan aji, paduka
gusti ngadnikan, mring ramanta sribupati. Lurah kaparak andulu, kang linggih lawan sang putri, yen
ketungira kang kesah, raden bandung kang rumuyin, osikin gmanah mangkana, kaniaya kang wawarti.
Teka denarani pandung, karsane sang kusumadi, ingkang raka ing ngaweran, binonda ing cindhe wilis,
binekta sowaning rama, ulya lumampah sang putri. Sarta nyeopeng bestanipun, pribadi kang cindhe wilis,
jajar kapering ing wuntat, dyah neng ngarsa nyepeng tali, sarta dresmijil kang waspa, prapta byantara
narpati. Nglosod neng ngarsa sang prabu, bandung bungkuh denya linggih, sang putri nyngkemi pada,
sarta sambat amlas asih kaniaya kang pawarta, kature marang ramaji. Laki sun dhewe anglangut, kang
saba puri ing wengi, tinarka maling aguna, kalamundi pun pateni, pasthi sun milu palastra, anglabuhi laki
mami. Sareng myarsa sang prabu, sasambatira sang putri, kumembaneng wau kang waspa, dukanira sirna
enting, kang kari welas kewala, wekasan ngandika aris. Gya rawijaya tumurun, anguculi kang tetali,
babestan kang cinehde kembang, wus luwar bandung ngabekti, sumungkem padaning rama, mangusap
lebu kang rai. Sawusira bandung lungguh mepes neng ngarsaning aji, sang nata aris ngandika, meh
kapidhon sira iki, arsanglakoni palastra, matur bandung mring sang aji. Ambapriyongga kang luput,
prapta tan sowan sang aji, sumongga kang pejah gesang katura ing padukaji, gesangipun Bandung darma,
sestu nata kang darbeni. Mangkana wau sangprabu, pan arsa miyos tinangkil, pramonca pepak sewaka.
Bupati lan para mantri, aglar aneng pagelaran, miwah Gajahmada patih. Nulya miyos sangaprabu,
tumedhak saking sitinggil, dyan bandung sukmanglengkara, Jaka bodho atut wuri, ginarebeg ing biyada,
gya nata pinarak kanthil. Kencana sinotya murub, angandika sribupti, patih sakeh wadyaning wang,
srupanewong Majapait, si Bandung sukmanglengkara, ing mangkya sunjunjung linggih. Prabu anom
ajujuk, arya Balitar kang nami, si Bodho sunjunjung lenggah, angliwoni pradipati, arya Banyak widhe
ranya, neng kiwane sira patih. Wadya sadaya jumurung, saha sembah saurpeksi, sang nata guya
angedhatyan, wus bubar kang samya nangkil, gantya ingkang winursita, garewane srinarapati, endhang
kang arupa diyu, wangsul mring panggenan malih, guwa sartengah ing wana, wawratan wus sangangsasi,
babar jalu warna pelag, enggala geng den wastani. Mring uwa reksa sawau, arya Damar kang wawangi,
abagus sampun diwasa, amothah takensudarmi, kang nguwa alon sauya, suwita aputra mami,Mring sang
prabu Majalangu, wruh ramanira kang nami, arya Damar gya pamitan, mring uwa kalawan bibi, arya
Damar gya umangkat, marang nagri Majapait.

Datan kawarna ing ngenu, lampahe pan sampun prpati, nagari ing Majalengka, arya Damar canthel wuli,
wus malebeng panakawan katrima walelaneki. Mangkana wau sang prabu, karsanira acangkrami, marang
wana anggrita sangsam, banteng kidang lawan kancil, arya Damar matur nembah, kalmunata marengi.
Susah-suah mring wanagung, kawula inggih nyaghai, dhateng aken buron wana, wondten ngalun-alun
sami, rat wagung yen mareng wana, paninggih kathah drigami. Sukeng tyas wau sang prabu arya Damar
pamit mundur, kang lilan sampun lumaris sakedhap prapti ing guwa, lawan uwa yeksa panggih, wus
tuturna mulabuka, kang nguwa suka tan sipi. Olih gawe putraningsun dene pinaringan kardi, reksasa
nulya mring wana, angiruburon wanadri, sakathahe buron prapta, kidang manjangan lan kancil. Bantheng
lawan kebo danu kethek lutung lawan genjik miwah kang peksi alasan lir grah kapitus waraning, kang
putra kinen giringa, arya Damar tan aari. Nyereg kang uron wanagung, datan kawarna ing margi, prapta
tepining nagara, kang buron ing ngadhap sami, ing ngideran ing ujaran aja lunga lunga sami, Manira
matur sang prabu yata wau sri bupati, ing dina soma pinaran aneng paglaran siniwi, prameonca dipati
pepak, mantri minonteken sami. Arya Damar sowan ngayun, Brawijaya ngandika ris, arya Damar
dirupanya, sakeh kang buron wanadri, inggih dewaji neng wuntat arya Damar sampun prapti. Punika
taksih wonten candhakipun.
==================================

Punika wewahanipun serat Bramartani ongka 34, Kemis kaping 18 Agustus 1870
Kula tuwan P.F.Purneman angaturi uninga, manawi kula sagah angecap serat pangulem-uleman manton
utawi pista sapanunggilanipun, serat punika badhe kaecap ingkertas warni-warni, mawi sekaran menggah
wragadipun 100 iji, 6 utawi 8 rupiyah, kamurwat regining kertas wau, punapa malih para priyantun
kening tumbas Pisitegarcep ingkang mawi tondha asmanipun karengga ing Krun wondening serat
panguleman wau ugi kenging kaecap mawi krun punika. Ing wasana kauningana para priyantun manawi
kula sade buk albim pirantos wadhah gambar portret, sakalangkung endah. Bilih para priyantun
pangggalih karsa tumbas utawi ngecapaken serat wau kenging mitung kas dhumateng kula, utawi tuwan
Phillip ing Ngayogyakarta.
Katandhan tuwan P.F.Purneman.

Tuwan Dhokter Weli, asli saking Engglan, benjing tanggal kaping 13 wulan punika, badhe dhateng ing
Surakarta, amondhok ing losemen, dhokter Weli wau sakalangkung saged anjampeni tiyang budheg utawi
sakit kuping sanesipun, kawartos sampun kathah tiyang budheg ingkang sami saras kajampenan.
Sarehning dhoker Weli badhe amideri tanah Jawi, mila boten lami anggenipun wonten ingngi\riki,s arta
para tiyang ingkang anandhang sasakit wau kaaturan dhateng ing losemen arembagan kaliyan tuwan wau.

Pabrik Es
Tuwan Manuwel 2 tuwan Sekoles, sami ngaturi uninga, manawi ing sapunika para tiyang kenging
pikantuk tumbas es malih wonten ing mesen tuwining tokonipun tuwan Sekoles ing Loji wetan.
Katandhan tuwan Manuwel 2 tuwan Sekoles.

Basar Surakarta
Tuwan Slirlobato enko mentas anampeni barang warni-warni kados kang kasebut ing ngandhap punika.

Meja cuci muka ageng alit sairantosipun jangkep sadaya,gelas kestelan, te…ya Walandi, sendhok gerpu,
lading sami kestelan serpis dhahar, jeplakan tikus kaca ageng tuwin sadheng, pigura, serpiteh kadamel
saking plet, klinthingan, baki warni-warni,tutuup meja sae-sae, gunting Inggris, warni-warni dhamas ijem
abrit tuwin cemeng, camethi, pethi wadhah arta, wolledhig, sarung tangan sutra, keker, tesmak kang
manawi anumpak kareta latu, orgel mawi gendhing, 8 warni, panithikan mainan ingkang pancen kang
damel rarengganing kruntapel, ulam warni-warni, ulam abrit susis, sapanunggilanipun dhadhaharan
sanesipun tuwin inuman warni-warni.
Slir Lobato enko.

Kula pun simin agagriya ing kabalen Surakarta kamipurun ngunjuki uninga dhumateng para priyantun
manawi kula sagah adamel sawarnining dhaharan pangan walandi ingkang pantes kage sugata,ing saben
dinten utawi ing pasamuwan ageng.

Kula tuwan Y.Kuni, ing Batawi angaturi uninga, manawi kula sagah anumbasaken sawarnining barang
ingkang dados wawelinganipun para priyantun utawi sanesipun ing ngarawi ….Jawi, sarta kadugi
amadekaken utawi angintunaken barang dhateng nagari Walandi, utawi tanah sabrang sanesipun.
Katandhan Tuwan Y.Kuni.
Tuwan Juru basa sepuh C.F. Winter, ing Surakarta, sampun anedhak Jawi serat…bab pangagemanipun
pameran para priyantun jawi ing tanah gupermenan, tedhakan punapa badhe tumunten kaecapaken
satunggal serat karegenan 1 rupiyah pethak, para …pati ingkang badhe ngarsakaken tumbas serat wau,
sami kaaturan akintun serat medal ing pos dhumateng tuwan Jurubasa Winter, prabeyaning pos kabayara
piyambak saha mawi amratelakna ….cah ing serat ingkang kakarsakaken kalebet ara priyantun andhap
andhapanipun, makaten amurih tuwan Jurubasa winter sageda sumerep anggenipunbadhe angecapaken
pranatan wau kathahipun pinten.

Kula ngaturi uninga, dhumateng para priyantun ing nagari Ngayogyakarta sadaya, ingkang sami kersa
ngecapaken serat, “Stat” utawi serat pethuk, tuwin pones, kapatiyan, punapa malih tumbas kertas awarni-
warni, pirnatos panyeratan, buk warni-warni, sami karsa amitungkasa dhumateng tuwan Pilip ing
Ngayogya.

Punika pratelanipun barang ingkang dateng ssaking nagri Welandi.


Wus weadhah pirantos anggambar, paberpen mes, jongka, siku, mangsi cina, penuli, poklat, stelpen mawi
sela inten, om potlot mawi gagang jene, laberan panyeratan. Bekakas panyeratan, wadhah gambar, warni-
warni, erloji jene, utawi slaka, wadhah mangsi mawi sekrup, jidaran ngangge kuningan, kertas warni-
warni, amplop ageng utawi alit, gambar ageng praosan, potlot paber, mangsi cemeng utawi ing jem.
Katandhan Tuwan P.F.Purneman

Kauningana para priyantun manawi kula asade gambaring nagari Eropah menggah lalampahaning
paprangan kenging kapriksanan wonten ing ngriku,
katandhan tuwan Purneman.

Kula tuwan Panerken angaturi uninga dhumateng para priyantun s daya manawi tuwan F.L.Winter, kula
kinguwasakaken anampani arta rekening utawi amelingaken barang-barang, dhumateng kula, punapa
kang dados karsanipun para priyantu ing Surakarta.
Katandhan Panerken ing Batawi.

Kauningana para priyantun ingknag sami ngemim serat Jurumartani, manawi cariyos Babad Pajajaran
ingkang kasebut ing Jurumartani, ing sapunika sampun kaecap enggal badhe kaadamel buk sara ing tembe
badhe kawade satunggal regi 3 rupiyah, Tuwan Purneman

Para priyantun ingkang sampun anampeni serat katurongga kapal kula aturi angintuni ara dhumateng kula
kathahipun 3 rupiyah langkung 50 sen kawrata ing serat paswissel, sumerepa tumbasipun serat
katurongga wau.
Katandhan Tuwan F.L.Winter. ing Surakarta
Kula tuwan F.L.Winter, ing Surakarta angaturi uninga, bilih wonten sagawon ingkang badhe kawade,
sagawon wau taksih nem sarta ageng, wah panjang badanipun asli saking sabrang, inggilipun 2 kaki, 3
dim, wulu pethak memes, sirah blangkuning, kuping kalih wulu cemeng, buntut panjang anyuelebreh
wulunipun, manawi wonten ingkang ngresakaken kenging pikantuk katrangan saking kula. Katandhan
tuwan F.L.Winter.

Tuwan Kornelis Skakel


Andarbeni pabrik lampu, tuwin sanesipun ing pandamelan barang tembagi sapanunggilanipun tuwan
Sakakel sampun katrimah anggenipun damel lampu ingkang kapratelakaken ing ngandhap punika: Bab
pagunan wau muhung piyambakipun ingang kenging adamel lampu ingkang kados mekaten, sarta
sampun pikantuk idinipun kanjeng raja ing nagari Nederlan punapa malih kanjeng raja ing Belgiye, tuwin
kanjeng raja ing pangkrik ugi sampun sami karsa angideni, menggah namaning lamo kasebutaken Lampu
Marinus. Sawarnining lampu, pun rantosipun boten wonten ingkang anyameni kados lampu marinus
punika, dene padhangipun anglangkungi, tuwin amikantuki, sami kaliyan lampu gas lampu marinus mau
boten anyamari, bilih dhumawah anggliwang utawi kajungkelaken boten saged wutah lisahipun sarta
latuniun lajeng pejah piyambak dene urubing latu kenging kaagengaken ing sakajeng-kajeng, semprong
utawi sanesipun boten amatosi bilih badhe pecahkasaladan dening latu. Para priyantun Jawi, punapa dene
bongsa ing sanesipun ing nagari Jawi, manawi karsa tumbas lampu marinus wau kedah alantaran tuwan
P.F.Purneman piyambak, sarta gambaring lampu wau kenging kapriksani.
=========================================================

Agustus punika kula badhe ngalih ing griya, ingkang sapunika taksih dipun dalemi tuwan Tesen. Ing
wasana andadosna kauninganipun para priyantun sadaya, manawi kula asade salep tuwin Pil olewai, sarta
kupin pillen jampi warni-warni, punapa malih strup sabun beter, klonyo tuwin sanesipun lisah wangi,
inuman pulas lisah cet, pulitur tuwin pernis sadaya mirah reginipun. Katandhan tuwan H.R. Weiting.

Kauningana parapriyantun manawi wonten kapal Makasar sarakit ules dhawuk sae-sae, umur 6 taun tanpa
ciri, badhe kawade, bilih wonten ing kang karsa tumbas lajeng kenging pikantuk katrangan.
Katandhan tuwan Purneman.

Tuwan Slir Loba enko, sade am tuwin kecu eca-eca, taksih enggal sadaya.
Ongka 35, 25 Agustus 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Tuwan H.Plantemah, Ufonderweiser ing Batawi, kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi, awit
saking sakit.
Tuwan C.W.H. Kemis Juru serat Kanytor Budhelkamer ing Batawi kakulawisudha dados kumis kantor
Wiskamer ing Surabaya.
Tuwan H.Y.Alletman amtenar Terbiskikeng katetepaken wonten ing Prabalinga.
Tuwan Jonghir, H.A.Dhehir, Kontelir Twedheklas katetpaken wonten ing Samarang.
Tuwan J.F.Potter, amtenar Terbeskikeng ing Prabalingga kaelih dhateng ing Basuki.
Tuwan W.Y.E.Posmer, Amtenar Terbeskikeng ing Cirebon, kaelih dhateng ing Pasuruwan.

Kasebut ing serat Telegram


Tuwan Burlet, Kontelir, kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi awit saking sakit.
Tuwan Katenbireh, kakulawisudha dados residhen ing Bangkah.
Tuwan Beyering, tilas dhirektur Openbarewerken kaparingan pensiyun.
Tuwan pambram Muris, 2 tuwan Benasbah, sami kakulawisudha dados kontelir Irsteklas, ing Celebes.
Tuwan Eileres kakulawisudha dados kontelir Twedheklas.
Tuwan Weidhing, kakulawisudha dados kontelir Dherdheklas.
Tuwan Seerer, kakulawisudha dados Amtenar Terbekikeng.
Tuwan Kasten, kakulawisudha dados kontelir dherdheklas ing Bangkahulu.
Tuwan Naif, kaulawisudha dados Amtenar Terbekikeng ing Palembang.
Tuwan Trom, kakulawisudha dados amtenar
Terbeskikeng ing tanah lampong.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni.

SURAKARTA

Nalika dinten Ngaat tanggal kaping 14 Agustus 1870,ing dhusun Jawi nom, bawah Kabupaten Polisi
Bayalali, wonten satunggal tiyang nami, Kasan Besari, ing wanci dalu bojonipun gadhah anak medal 3
sami estri sadaya, wondene dumugi sapunika wau lare wilujeng

SAMARANG

Nalika ing dinten Saptu kang kapengker,kareta latu ingkang mangkat saking Samarang, dhuamtenging
Surakarta, anggiles tiyang estri sepuh, sanget angggenipun ketaton lajengpejah ing ngenggen, awit
cariyosipun tiyang sepuh estri wau budheg mila boten mireng tengara lampahing kareta latu.

Para tuwan ingkang nguwasani lampahing kareta latu, asuka uninga ing sapunika, kareta latu sampun
kenging dipun momoti barang tuwin sanesipun saking Dalanggu dumugi ing Surakarta, wangsal-wangsul.

SURABAYA

Kala tanggal kaping 11 Juli taun punika, ing Lumajang wonten jawah adhu, kawastawis saking urubing
redi salah satunggil, ing sakiwatengening nagari.
BATAWI

Ing Mesterkunelis wonten saradhadhu 4 ingkang kalih bongsa Pranes ingkang kalih bongsa Prislan,
mengsah kaliyanbongsa Pangkrik, saradhadhu 4 wau boten wonten ingkang purun ngawon, lajeng sami
tantang-tinantang, sarta sanalika badhe angatingalaken sinten ingkang menang bongsa Pranes utawi
bongsa Dhitslan,mila kalampahan sami kakerengan, ing satemahan saradhahu 4 sami nandhang tatu
sadaya, salajengipun kabekta dhateng griya pasakitan ing wekasan aanggenipun kakerengan wau tanpa
damel, amargi ungguling perang bongsa Prislan kaliyan bongsa Prangkrik dereng tartamtu.

PADHANG

Nalika tanggal kaping 21 Juli ingkang sampun kapengker, wonten saradhadhu jawi 2 ingkang sami
kakerengan wonten ing sabin, ingkang satunggil kawon anemahi pejah, mengsahipun lajeng kacepeng,
sarta badhe kapatrapan paukuman ing ngatasing raja pejah.

Ing dinten Setu Legi tanggal kaping 22 wulan Jumadilawal ing taun Dal ongka 1799, ingkang sinuhun
Kanjeng Susuhunan saha garwa putra kakung putri sadaya, karsa ameng-ameng tedhak ing Ngrodan awit
saking panyuwunipun prameswari dalemkanjeng ratu Pakubuwana,badhe karsa amirsani bulus ing lepen
Ngrodan wau, tedhak dalem saking kadhaton enjing wanci pukul 6, ingkang sinuhun karsa anitih titiyan
turongga, wondene garwa dalem kanjeng ratu Pakubuwana, anitih kareta kaliyan ingkng ivu kanjeng ratu
Bendara,kanjeng ratu kadathon para priyantun dalem sepuh anem sami anitih kareta dados tigang rata,
utawi para putra santanapunapa dene ingkang ngampil upacara ugi sami wah ana rata sadaya, para putra
tuwin santana kakung wadyabala prajurit jawi lebet sami wah ana kuda, dene abdi dalem ingknag sami
nyepeng padamelan jaler estri sampun angrumiyini lampah dhaat sadaya ingkang anjajari kareta abdi
dalem Dragonder walandi 12, ing ngarsa puri, kanjeng gusti pangeran adipati Arya aMangkunagara
andherekaken dumugi ing radinan gadhing, saha angaturi urmat wilujeng dalem ing margi, sareng rawuh
ing dhusun daleman sarehning kagungan daler margi ingakng dhatenging Ngordan punika bote kenging
kaambah ing kareta awit pasabinan utawi tegal para kajeng ratu sami tedhak saking rata anitih
turonggga,dene para putra putri utawi para priyantun dalem sami anitih Prastul rinengga ing sekar batu
biru, pinikul ing tiyang 4, sarta dipun songsongi, kaampingan ing kadang warnanipun piyambak
piyambak abdi dalem wadana pulisi ingkang sami ambaoni, sarta sami adamel paurmatan pakuwon ing
saurut margi miranti saosan sugata tuwin gamelan utawi kanjeng pangeran kurnel Aruya Purbanagara,
akarya paanggrahan wontenssamadyaning radinan ing Baki,sarta asaos dhahar dalem minuman tuwin
dhadhaharan dene tiyang padhusunan jaler estri ingkang sami aningali badhe sumerep ing gusti boten
kantenan kathahipun rawuh dalem ing Ngrodan enjing pukul 9 pakurmatan gongsa musik salompret
tambur, sareng munya arame, ingkang sinuhunsaha gatwa utra sami tedhaking pasanggrahan,lajeng
dhawuh amalaning bulus anglangkungi kathah ingkang katingal, utawi karsa kalangenan sinjang warni-
warni inasang ing pucang mawi kagemuk tiyang padhusunan ingkang sami menek andadosaken sukaning
panggalih para garwa dalem kondur dalem wanci pukul tiga siyang pakurmatan utawi ingkang dherek
boten ewah kaliyan tedhakiun rawuh ing kadhaton pukul gangsal sonten.
Katandhan Mardhawa……………….

Kulanuwun, manawi panjenenganipun saudara tuwan Redhaktur anyondhontgi, tuwin sela ingpapan, atur
byantu kula anggitan wangsalan, kasebut kula anggitan wangsalan, kasebut ing ngandhap punika,mugi
kapacaka ing serat kabar Bramartani, wedalipun ing dinten respati ing ngajeng punika.
Peken alit, kawi nagri Pakalongan,, Taman Juru, wngsalan sambetan ngarsa.
Tancur kaca, nendra lenggah tan sinedya,, yen rinasa, tur wonten pikantukira.
Sotyareta, waregsarine kajalma,, Jamak lunmrah ing ngauri pgolkeguna.
Wedhak suku, Panggedhene wong ngajaga,, Kekareman aja ngendhihkaryeng praja.
Mekak karsa, cacah kumpuling petungan,, aja bungah, yen ginunggung solahira.
Lumpang sela, reja sabandhuling saya,, abot entheng ing pakaryan ya gumampang.
Dhendheng maras, kukila pinrih kang seara,, yen kasluru, sapa baya nututona.
Gayuh kadung, layare peksi ngumbara,, ,, tuna dungkap, yen nalar kurangmupakat.
Lamuk seta, wreranajagading wayang,, dipun lega, saliring ingkang kawedal.
Jalidrigung, wilujengan sangkingpura,, Langkung susah, yen sinuda kang derajad,,
Carangmuda, gelang alit ing suwenda,, Budi nalar, aja lali kaprayitnan.
Barat sirat, tawon gung kang jejhodhunan,, den abesus, kalamun nglimbang prakara.
Sekar pucang, satriya parangguntara, kamangyangan, yen bisa karya pirena.
Murwangringgit, buntut pan tun sak upama, aja pijer, katungkul nutugi karsa.
Wong ser tanjung, sembilang tajine kembar,, ora becik, yen leleda ing pakarya.
Sindusastra, sawe dumung ,oncawarna,, ginauwa, gegulang para taruna.
Sumpil karang, tumpak kawatr pangrebaban,, ingkang wingking, tegsih wonten tunggilira
Bingtanging dyah, puter pethak sabawisma,, sampun titi, sumongga ing sudara.
Surakarta kapign 19 Ahgustus 1970, Katandhan Trusdhasastra.

Punika candhakipun cariyos perangipun bongsa Prislan mengsahhan kaliyan bongsa Pangkrik,. Ingk\
sapunika Kanjeng raja Nbapoliyon karsa anamtokaken papan inansi, bawah ing Pangkrik kangge
kukuwuning wadya bala, jendral Lebif, kaparingan pangkat, dados Jendral mayoring wadyabala ing Rin.
Kanjeng raja Napoliyun karsa ambiwarakaken kawrat ingserat dhateng para abdi dalem ing Krik ingkang
suraosbilih kanjeng raja Napoliyun ing salaminipun karsa arurukunan kalih bongsa Prislan ananging karsa
samanten punika boten kaanggep,mongka kanjeng raja ing Pangkrik boten langkung namung anggalih
tentreming para tiyang alit supados sampun ngantos paperangan tuwinkaraharjaning nagari. Kaprabon
Pangkrik ing sapunika kapasrahaken garwa dalem kanjeng raja Napoliyun, wondene putra dalemingkang
yswa 14 andherek igkang rama dhateng ing ngayuda, supados nyamerepana, ing tembe pratikel
lalampahan angasta kaprabon. Campuh ing perang derengkalampahan nanging ing tapel watesing nagari,
sakiwatengening Sarbrih bawah dhitslan saweg wonten ingkang sami perang icir,bongsa Prihslan ingkang
sampun ngancik bawah ingPangkrik sami ambrukati margining kareta latu ing antawisan panggenan,
winastan sari semeng, tuwin aeno panggelari ngayuda wadyabala ing Pangkrik wiwit saking Setratbireh
dumugi ing Tiyongpil. Ing Medherbrin caketan lepen Rin ugi wonten perang icir awit saking
pawartosipun saking Prislan para titindhih ing wadaybala ing Prislan sami angangkah tanah dhitslan pun
ngantos kalampahan kangge ajanging perang. Ing satedhakipun kanjengraja Napoliyun wonten Imet
andhawuhaken serat dhatengpara wadya bala, bilih mengsahan lawan wadyabala ageng, tuwin perang
punika saestu badhe amandar ageng,s arta lami temahanipun, awit papaning perangan sampun kathah
betenipun, samanten punika kanjeng raja napoliyun sampun pitados ing tetega sarta kuwanteraning wadya
bala ing Pangkrik. Perangicir ing Sarbrih kacariyos ing nginggil wau, wadya bala pangkrik sawatawis
kalindhihperang \ipun sarta lajeng anglerek. Awit saking pawartosipun nagari Ruslan ingsapunika badhe
boten ilon-ilonen babperangipun bongsa Prislan tuwinbongsa Pangkrik, smantenpunika bilih tentrem sarta
karaharjaning nagari
Ruslan boten badhe manggepokan ing ngatasing perang wau. Cariyos punika ing tembe taksih wonten
candhakipun malih.

Kula Ronggamangun Prasetya, ing mangkunagaran gagriya ngajeng Brajanatan, angaturi uninga, manawi
kula sadegegdhis pabrik malangjiwan, para priyantun utawi sanesipun kenging tumbas adhacin,satengah,s
aprapat utawi sapengandhap, sadhacin, 19 rupiyah bayar kenceng.…...

Ing sapunika pangecapipun serat tatedhakanin gpranatan pangagemanipun para priyantun, amtenar jawi
bawahh gupremenan sampun rampung, satunggal buk regi 1 rupiyah,s arta kenging pikantuk saking:
tuwan C.F.Winter ing Surakarta, tuwan Purneman ing Surakarta, tuwan F.L.Winter ing Surakarta. Sinten
ingkang karsa tumbas kaauran akintun serat madal ing ngepos Prangko sawika kanthenana serat pos
wissel.

Lelang Ageng ing Baron

Sarehning tuwan Ris badhe ngalih dhateng sanes ing nagari,mila benjing ing dinten senen tanggalkaping
29 wulanAgustus punika, badhe nglelang barang-barnag pirantosing griya sadaya, lembu peresan
tuwinsanesing kewan, akathah serat tohnis utawi sanesipun ing tembung walandi,punapa malijinontra
toya,kangge pabrik nila alit tuwin pirantos sanesipun warni-warni, Jinontratoya,sapanunggilanipun ing
sapunika wonten ing griyanipun tuwanPangin ing ngloji wetan, sarta kenging kapriksanan wontening
ngriku. Katandhan tuwan Lingkring.

Kula tuwan A.Teisen angunjuki uninga dhumateng ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan utawi kanjeng
gusti pangeran AdipatiARiyamangkunagara, sarta kawuningana para Pangeran tuwin para riyantun jawi
ing Surakarta, manawi salebetipun sawatawis dinten kula badhe anin...nagari Surakarta ngalih dhateng
Pasuruwan sarehning kula boten saged sowaning ngarsa dalem utawi ing ngarsanipun kanjeng gusti
pangeran adipati ariyamangkunagara, mila sawedalipun serat Jurumartani punika, kula kamipurun
angunjuki wilujeng kantun sarta para pangerans apangandhap sami wilujenga kantun wonten ing nagari
Surakarta, tuwan A,.Teisen

Kula tuwan Panerken angaturi uninga dhumateng para priyantun sadaya manawi tuwan F.L.Winter kula
kinguwasakaken anampeni arta rekening utawi amesen aken barang-barang, dhumateng kula, punapa
kang dados karsanipun para priyantun ing Surakarta. Ktandhan tuwan Panerken ing Batawi

Kula uningana priyantun manawi sakathahing serat kasebut ing ngandhappunika,kenging pikantuk
tumbas saking tuwan Purneman tuwin tuwan Fl.L. Winter, ing Surakarta. Kadosta:
Ktu serat katurongga kapalregi 3 rupiyah 50 sen
Ktu, Pasamuwan taun Baru regi 3 rupiyah 75sen
Ktu Rasatipun tiyang estri regi 3 rupiyah 25 sen
Ktu serat wuwulang olah-olah regi 1 rupiyah 75 sen
Serat wuwulangipun tiyang estri, regi 3 rupiyah 25 sen
Serat pranatan bab pangagemanipun para Amtenar Jawi punika sampun rampung.
Pra priyantun ingakg karsa tumbas sami kaaturan angintuni serat pos wesel dhumateng tuwan Purneman
utawi tuwan Winter wau.

Kula tuwan P.F.Purneman angaturi uninga, manawi kula sagah angecap serat pangulem-uleman manton
utawi pista sapanunggilanipun, serat punika badhe kaecap ing kertas warni-warni, mawi sekaran,
menggah wragadipun 100 iji 6 utawi 8 rupiyah, kamurwat regining kertas wau, punapa malih para
priyantun kenging tumbas pisitegarces ingkang mawi tondha asmanipun karengga ing Krun wondening
serat pangulem-ulem wau ugi kenging kaecap mawi Krun punika, Ing wasana kauningana para rpiyantun
manawi kula sade buk Albim pirantos wdhah gambar Portret sakalangkung endah. Bilih para priyantun
anggalih karsa tumbas utawi ngecapaken serat wau kenign mitungkas dhumateng kula, utawi tuwan Philip
ing Ngayogyakarta. Katandhan tuwan P.F.Purneman.

Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran


Engyane buron wanagung, nata minggah panggung nuli, pra dipati wus mirantya, sakyeh kori den tetegi
kang menga mung pangurakan, sara jinaganan patih. Arya Damar kang giring wus, buron kang rinantun
sami, bodhol swaranya gumeruh, luru geng denya lumaris, ingkang nganjok pangurakan, wus
malbenglun-alunsami. Sawuse satelas tinutup, galedhegan mring kya atih,kang paksi miber anglayang,
wus anjog lun alun sami,ewon leksan pan awendran, buron wana kang ngebeki. Neng sajronin galun-alun,
kadya udan sinemeni, swarane kang buron wana, nata sukane angenting, miwah sakeh pra prawira,
panggonanira wus mranti. Samya mencok pekesinipun,mring sirahe kang wadya lit, cinep petutut kewala,
miwah parekaning aji, nyepengi manuk kewala sukanira pan kepati. Ngasta sanjata sang prabu, sinipat
kang buron keni, gumlethak sandhinge mlajar, tunjagn tinunjang agenti, sang nata kalangkung suka,
dhawuh timbalan sang aji, Maranging wadya sadarum, sapa ingkang arsa ngambil, ing wake kang buron
wana, padha bedhila apribdi, tumandang kang pra pratiwa, mring buron wana bedhila. Swarane lir gunung
guntur, saking kehe bedhil muni, wus sakeh buroon galethak, kang kari giras mawengis, nata wus dhawuh
ken prentah, mengani gladhak rumuli. Kang buron wana gumrubyuk, wus gusis medal prasami,lummajar
mantuk mring wana, mangkana srinarapati, pinarak ing pagelaran, arya Damar tan atebih. Ing ngaken
putra sang prabu, anulya jinunjung linggih tinanem nagri palembang, sinungan nama dipati, kinben
mantuk mring palembang, sang nata wus malbeng puri. Ginarebeg para arum, wus bubar kang samya
kangkil, tatatitining nagara, panjenengan wus lami, sang aprabu sampun muksa, kang putra gumantya aji.
Brawijaya kang jujuluk, panjenengan kaping kalih, patih maksih Gajahmada, kang ngimpuni Maos pait,
wus tuwak gantya putra,maksih Gajahmada nami. Wus lama ing kartanipun, nagari ing maospait, kpatih
dalu remen kas, arang tan purun sumiwi, yen dinagu awadlara,lami-lami pan katitik. Marang wau sang
aprabu, nulya nata animbali, ingkang wadya kajineman, prapta kalih awotsari, srinaranata ngandika,
cidranen yasi apalih.. Kajineman nembah matur, sandika ulun nglampahi, dewaji kauningana, abdi dalem
kyana patih, sakehing braja tanpa sah, teguh timbule kepati. Sang nata ngandika asru, ana dayaning sun
malih, kang siyung waja pinokah, pinusus wus dadi keris, ing ngaran dhapur sepokal, iki gonen nyidra
patih. Kajineman tampi sampun, taksih liligan kang keris, prapta wismane kipatya, jinejep tanana keksi,
kipatih wus mirsa wata, kajodheran genya sakit. Runtik arsa karya lampus, umpe tan rekyana patih, aneng
ing bakupon dara, sadedeg panggayuh inggil dhuwure bakupon dara, yen sare ngriku ki patih. Kajineman
pan wus dangu, denya ngbrahs tan kapanggih, salebeting wismanira, kakutyus kudaning patih, kang
kinasiyan satunggal, gedhogane wuri mencil. Celak bakupon nggenipun, nulya ing nguculken aglis,
lumajeng saking gedhogan, aneng kebon berak-berik, celuk-celuk kiyapatya, saking bakupon mrentahi.
Gamel cekel en jaranmu, cinekeling kathah keni, linebetaken gedhogan, wus tentrem sami aguling,
kajineman wus uninga, enggone rekyana patih. Pinaranan ngisoripun, sinuduk sinongga ing kris, galar
tatas klasa bedhah, neng ratas gigiringpatih, terus butul kang pranaja,wus pejah rekyana patih. Kajineman
sampun mantuk, mring pura matur sangaji, yen patih sampun palastra,sukeng tyuas srinarapati, dhuwung
katur wus tinampan, sinarungan saput pranti. Ing dina soma sang prabu, pradipati samya nangkil, pepakk
prawadya ngamonca, ngandika srinarapati, sapatine si apatya, sutane gumantya patih. Ya maksiya
aranipun,Gajahmada nunggak semi, pra pungggawa matur nembah sandika dhateng ing gusti, ginanjar
dhuwung kyapatya, dadya anggon-anggon patih. Yen angganggo dhuwungiku,kinajriyaning sasami
kenceng jejeging nagara, sapolal dhapuring keris, wit iku pupujaning wang, sekar sinoe gumanti:

Wonten carita anyebal, saking jejerng narpati, anging dhaup wingkingira,karsaning dewa kangluwih,
karya lampahan nagri, elok lawanmajadipun, desa Pengging kocapa, rarywa lit kang dadya wiwit,
kalumpukan lan angon lembu maesa. Akathah rare atusan, akale ing bocah cilik, akarya ukur-ukuran, sapa
ta ingkang pinanggih, ukur sanga dadyaji,kinarya raratonipun, wonten rarte satunggal ukure sanga
pinanggih, nanging busuk tan purun pinanggih kathah. Saking buyut pengging ika, plesatan sing
Majapahit, morad saking pakumpulan lajeng denya mati ragi, neng sela agelinting,ing ngulat tan wus
kapangguh, rarywa lit klumpuk beras, ingngusung marang wanadri, gadhahaning bapa biyung,
sinolongan. Kenthil kanthi dandang klasa,binekta mring wana sami, kebo kang den ngon pinragat, saben
dina siji-siji,pinenging nora keni, srinrerengan ngalih nglumpuk: royoman oleh oleh, bapakne samya
nabeti, tan mareni malah malah samya dadra. Ing dalu arerembugan , kang badhe kinarya aji, kang
kepanggihukurira,ing ngulatan tan kenepanggih, dadaya rare satunggil,kangbadhe kinarya ratu, anak ke
umbul dibya, wus rembag sadaya sami, lan anake kaume sampun arembag. Semana ing dina soma, wus
samya kumpulan malih, akarya taratag rambat, miwh kang bangsal pingrawit reka-reka wus dadi,tuwin
badhe alun-alun lawan rekaning pura, wismane rakit wus dadi, anak umbul semana wus binusan, ning.
Nulya dadya ratunira, lininggih ken reka kanthil, sineba jurareh kathah, kang mongka patih ngundhangi,
ing mangke sribupati, ing Pengging ki julukipun, Prabu Driyangsengara, rarywa ngon sadaya sami, saur
peksa ngestreni jenanging nata. Nulya ngujung lir karatyan, kumroyok kang rarywa alit, gya kondur
maranging pura, tatngi ring rare estri, trekane ngampil sami,s apraptanireng kadhatun,manahe melang-
melang, tan eca denira guling, pan akathah rina salan kang katingal. Antaranira sawulan,denira jumeneng
aji, sinembah ing rare kathah, manahira mingrang-minggring, semana wus ngemasi, jro pura reka
gumuruh, tangise prawanita, wadya rare nglumpuk sami, ingkang layon apan sampun binecikan. Rare
angon wus kumpulan, rterembagan kang dadya ji, sapayogyane gumantya, rarya ngon semene iki, ubaya
dina kemis, arsa dadekaken ratu, naking ngumbul prawira,s entanane mring kang lalis, wus nyarembag,
raya ngon kang pinituwa. Wus mragad lembu maesa, kinarya bojana sami,s adalu samya laholah, akarya
sajen prasami,sawuse samya dadi, kawarna ha enjangipun, rare jkumpul sadaya,nujoni dinarespati,
sinadhiyan rare kang badhe ing ngangkat. Semana nulya ing ngankat jinenenga kenarpati, sinembah ing
rarte kathah, ing ngundhangan wus ngestreni, anake kaum nuli, dongani amin gumuruh, ambengan pirang
pirang, bojadrawina prasami,lan ratune rarya ngon langkung sukanya. Wun kondur malebeng pura, ing
ngayap parapawestri, kasukan sajroninpura, lan rarestri alit alit,pan amung tigang ratri, sang nata rare gya
lampus tangisira gumerah, oreg rare angon sami, ingkang mongka pituwa ngumpul sadaya. Kang layon
sampun pinetak, anggengut kang rarte sami, rembagan sarowangira, priye sanak sanak iki, dene datan
kuwawi, ing sun junjung dadi ratu, nora kelar sinembah, sapa baya kang kuwawi, angupaya prayogane
kang kuwawa. Anake nujun cinoba, kirane iku kuwawi, wit kenujum sugih japa, kelar dipun kabekteni,
pilih ingkangprayogi, ingkang bagus warnanipun, pasthi kelar sinembah, anak e nujumprasami,s amya
maras yen jinunjung dadya nata. Jriye tan kenging suminggah, apan wus rembug prasami, iyeg denya
karya nata, sapa sapa kang pinilih, ukure kangpinanggih, tankena nyelaki iku, pineksa rare kathah, wus
rembug rare satunggil binusanan arsa jinunjung narendra. Wus mragad lembu maesa, kinarya bujana
sami,rarya ngon kumpul sadaya, arsa ngadege narpati,wus linenggahken kanthil ,sinembah rare sadarunm,
nulya samya bujana, salamet madeg narpati,numinuman sadaya asuka suka. Wus dadya antaranira, sadina
sawengi mati, pan ora kuwat sinembah, rare samya dhih kingkin, denira karya aji, kaping tiga samya
lampus, tan kena sinuwawa, malati karatoniki, pan wus tita tan wonten purun kinarya. Wus samya
apirembagan,tan akarsa angundari, awirang ucapingjalma,kasusrata tongga desi, dene talamun dadi,bocah
angon peksa luhung, dadya rare akathah, samya rembag amres budi, apandhan wau denira tirakat. Ana
ingkang manjing wana, manjing guwa ingkang werit, saweneh minggah ing ngarga, pakunuran anenepi,
asupe manggen guling, denya mrih wangsid dewa gung, rare satus papan dhan, tuwin kang mungguh ing
wukir, denya tilem sadaya sami kakadhar.a turu ngara-ara, nuju wanci lingsir wengi, rarya keh sami yarsa,
yen ana swara dumeling, sakehe rare sami, kapengin aduwe ratu, pa iya uga ana,ingkang bakal ratu neki,
apan dudu anakewong bendaraan. Anake buyut ku uga,ingang sira siya sami,kang rare bali ludhawak,
golek ana den kapanggih, iku gawenen aji, sadaya sami karungu, nulya ngulati samya, rare balilu ing
nguni, pan kepanggih turuneng watu kemlas. Rarya keh sami asila, angubengi sela sami, pramilane apan
samya, abukuh ngadhep kangguling, yata ingkang ngungkuli, kagyat denira aturu, tangi myat rare kathah,
angepung sila prasami, adhreodhog ajrih lamun pinejahan. Lumengser nulya lumayu, raya keh nulya
tutwuri, weneh nggendholi ing wuntat, anak buyut datan napti, meksa dipun cepengi, kang nyepeng
prasamya ambruk, kathah ingkang kuwalat, Jaka Bodho kang kinapti, sigra kesah kapethuk raja Sindhula.
Sumurup marang ing Rarya, nata pandhita lan nunggil,mring Jaka Bodho punika, anulya adarbe osik, bok
sun gelem kinardi, ing rarya keh dadi ratu, semana wus sengangkat, linenegahken reka kanthil, cahyanira
salin kalangkung gumawang. Rarya ngon sabasadaya, gangsalatus winitawis, kang ngalenggah
dhampareken, eh sakehe bocah sami, sira padha den bekti mituhu wau jaringsun, ing sun jumeneng nata,
ana nagari ing Penging, kabeh bocah padha sira ngestokena. Dene ta jujulukingwang, srimakurung aran
mami, rarya ngon ajri sadaya, sandika sami jurungi, lan ab…at aningali, ahane kang dadya ratu, konjem
pasilanira, sadayane ajrih asih, seimakurung osiking tyas apan arsa. Punika taksih wonten candhakipun.
Ongka 36, Kemis kaping 1 September 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun.

Tuwan C. Pandheronet Seher, amtenar Terbeskikeng kapatah angrangkep pandamelanipun


Beitenepungrippir landrad ing Karanganyar, Bagelen.
Tuwan W. F. P. Marten amtenar Terbeskikeng kapatah angrangkep padnamelanipun Beiteniwungrippir
Landrad ing Demak Samarang.
Tuwan Perdhuren Pendimister ing Maksar, kaparingan pensiyun.
Tuwan Pansaneik kakulawisudha angentosi dados pandimister ing Makasar
Tuwan Mut kakulawisudha dados Insinyur Watersetat ing Seklas.
Tuwan Dhipenorres kakula wisudha dados kumis onpanger ing Mentok.

Kula wisudhan ing ngatasing para priyantun Jawi kaesebut ing serat pakabaran Slompret Malayu.

Mas Secatenaya mantri pulisi ing dhistrik Bumiayu, kaundur saking pandamelanipun awit saking sakit,
ing sapunika dereng wonten ingkang anggentosi.
Mas Jayadipura mantri Statistik opname ing Tegal kakula wisudha dados wakil mantri ing dhistrik
jatibarang, Brebes kaparingan balonja 30 rupiyah sawulan wondene igkang kinulawisudha anggentosi
dados mantri opname dereng wonten.
Mas Ngabei Wiryabraja Kliwon ing Ngambal katetepaken dados wadana ing dhistrik tanahan Afdeling
ngambal.
Mas Ngabei Wiryabraja, Kliwon ing Afdeling kutha Ajar kaelih aggentosi dados kliwon ing Ngambal
mas Ngabei Martawieya, dhokter ing Purwareja, ingkang anggetosi dados Kliwon ing Kuthaarja wau,
ingkang kinulawisudha anggetosi dados dhokter ing Purwareja, punika mas Ngabei martaprawira, dhokter
ing Ngambal ing ngambal sapunika dereng wonten ingkang dados dhokter.

Punika candhakipun Cariyos Perang

Kanjeng Raja Prislan ing sapunika sampun rawuh wonten ing Menes bawah Dhitslan boten antawis tebih
kaliyan ing nagari Pangkrik. Pakabaran saking Prislan, anyariyosaken manawi wadyabala Prislan lan
Cacahipun namung sakedhik, wonten ing Sarbrih bawah Dhitslan katempuh wadyabala Pangkrik 3
Dhipisi, mawi dedamel mariyem wadyabala Prislan ingkang katiwasan namung sakedhik, kitha Sarbrih
katilar lajeng angungsi dhateng ing beteng, wondene pakabaran saking Pangkrik amratelakaken manawi
wadyabala Prislan wau cacahipun 1000 utawi 20000 ing sanalika paprangan wadyabala Pangkrik ingkang
pejah namung 11. Wadyabala Prislan kathahipun 7 korep sampun dumunung wonten ngantawis
panggenan kang winastan Sarbrih tuwin Sarluwi, sanesing wadyabala sampun mangsah prang mangkat
saking Trir. Serat Telegram saking Pangkrik acariyos, wadyabala Pangkrik katindhih sanget anggenipun
paprangan, kamengsah dening wadyabala ing --……..katindhihan kanjeng pangeran adipati Anom ing
Prislan, wadyabala ing Pangkrik tebih unduripun tuwin kathahipun 500 ingkang katandhang tanpa
kataton, sarta jendral Dhuwi pejahing ngayuda, ing nalika …..kaprang wau wadyabala Prislan ugi kathah
ingkang sami katiwasana utawi ingkang manggih pejah, para tiyang ingkang kitha Paris bawah Pangkrik,
sareng mireng pakabaran bab katitih ing perangipun wadya bala ng Pangkrik, salangkung kaketa arta
oreg, awit saking dhawuh dalem kanjeng raja Napoliyun bongsa tiyang dhitslan, boten kalilan
anglajengaken agagriya bawah ing Pangkrik, kang tanpa anyuwun tuwin bilih dereng pikantuk pralilah
dalem, punapa malih kitha paris wau sanalika lajeng kineker. Wadya bala Pangkrik bawahipun Marekalek
makmahon, anggenipun paprangan ugi kalindhih, sarta kitha Sarbrih ingkang katilar wau, sampun karebat
wangsul dening wadyabala Prislan. Kanjeng pangeran adipati anon ing Prislan, sampun mangsah perang
wonten ing Woret saleripun Wissenbereh, wadyabala iwahipun marsekaleg makmahon wau kabyantonan
wadya bala kang katindhihan Pilye, tuwin Kanrober, sarta nalika pwerang wadya bala Pangkrik kasor
malih ingang kacepeng 1000 upsir, 100 mariyem, 36 Wadyabala Prislan ugi kathah ingkang sami
katiwasan. Sawetaning Sarbrih wonten perang ngantos langkung serap, wadyabala Pangkrik kathah
ingkanang kacepeng, sanesipun lajeng mudnur, wondene upsit ing Prislan kathah ingkang katiwasan
kajawi wadya bala sanesipun, garwa dalem kanjeng raja Napoliyun, andhawuhaken serat dhateng abdi
dalem ing Pangkrik, suraosipun sampun ngantos wonten ingkang nguwas manahipun, ananging sami
guyupa ambiyantoni paperangan,para tiyang pranes ingkang umur 30 dumugi 40 taunkkadhawuhan sami
dados prajurit ingkang winastan gardhenasnyonal, sarta badhe kapatah anenggalani kitha Paris, tuwin
andadosi beteng pundi ingkang risak. Wadya bala Pangkrik ing sapunika sami anglempak wonten ing Met
ingkang kacariyosaken kawrat ing serat telegram saking Metawit dhawuh dalem kanjeng rraja Napoliyun,
marsekalek makmahon wau, anggenipun kassor perangipun, amargi kabregan mengsah, lajeng anglerek
anananging wadya bala boten sami pencar, punapa malih manah ing wadyabala sanesipun taksih sami
teteg, sarehning mengsah sampun angancik bawah ing Pangkrik, kedah anindakaken Pranata ingkang
kenceng anglawani mengsah wau. Bab perang celak ing kitha Woret ing nginggil wau, wadya bala
Pangkrik ingkang sami kacepeng 6000 ingkang sami katiwasan utawi pejah wonten ing paperangan
kathahipun 5000 wadyabala ingkang dipu tindhihi marsekalek mahon, katitih sarta sami tilar dadamel
tuwin pirantos sapanunggilanipun, ing nalika perang wau wadya bala Pangkrik ewoningkang kacepeng
dening kapaleri PRislan, wondene wadya bala Prislan ingkang katiwasan kathahipun 3500. Setratbereh
sampun kakepang dening wadyabala Prislan, Jendral mayor Pangkrik anama Lebif, ingkang mentas
kinulawisudha, ing mangke kaundur sakin gpangkatipun, para saradhadhu ingkang sampun paspur awit
taun 1858 dumugi taun 1863 tuwin bongsa Pranes, ingkang ngumur 25 dumugi 30 taun jaka tuwin
ingkang sampun imah-imah, ananging ingkang dereng darbe anak, sami katimbalan, supados sami tumuta
anglabuhi. Para Berger bangsa dhitslan, ingkang sami gagriya bawah ing Pangkrik sami katundhung,
kathahipun 1400 somah,lajeng dumunung wonten ing Kulen, wondene pakabaran saking Berlin,
anyariyosaken para Berger bongsa Pranes ingkang sae kalakuhanipun boten badhe katundhung saking
tanah Dhitslan. Kanjeng Raja Prislan sampu nkarsa andhawuhaken kawrat ing serat Suraosipun nagari
Dhitslan, badhe rurukunan kaliyan nagari Pangkrik, ing samangke perang wau namung mamengsahan
kaliyan wadyabala ing Pangkrik, boten magepok para Berger. Awit cariyosipun putra dalemkanjeng raja
Napoliyun dumunung wonten ing kitha Londhon, bawah Engglen, ananging pakabaran saking Angkrik
apratelakaken bilih putra dale taksih wonten ing Met, sarta kanjeng raja Napoliyun anampik ing ngatasing
rurukunan, punapa ingkang dados karsanipun kanjeng raja Prislan. Wadyabala ing Prislan sampu
nmanggen wonten ing nangsi,sata unggul pertangipun malih, wontening Lunepil ing sanalika wadyabala
Pangkrik kedah mundur dhateng ing Met anglangkungi lepen Musel. Wadyabala Prislan ing sapunika,
anggenipun kukuw3u wontening Arni menggah pangajengipun wonginpun tamasun. Serat telegram
Partikelir, ingkang katampen ing Batawi, anyariyosaken, manawi kanjeng raja Napoliyun kataton sarta
lajeng kacepeng wonten ingMet pakabaran punika dereng kenging katamtokaken.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni.

UTREH
Kala ing dinten Kemis tanggal kaping 9 Juli 187, wonten satunggiling rare jaler, anggoncek kareta
lumampah mlajeng wonten ing margi, winastan Bilstrat, ing kitha Utreh, rare wau anggenipun gonceng
sukunipun kemlawe kalebet ing rodha, mila lajeng kasered saantawis rare anjelih, kusir tumunten amekak
rakitan lajeng katulungan ing ngakathah, rare wau kang saestu manggih pejah, yen sampuna kusir boten
nunten mireng anjelihipun sarta ngandheg karetanipun.

Enggelan
Wonten saweijining walandi anama Marsehal, panggaotanipun dados masinis, agagriya ing Dhenham, ing
dinten Setu tuwan Marsehal boten nyambut damel, antawis kalih dinten piyambakipun boten katingal,
sareng ing dinten Senen wonten tiyang kalih, ingkang prelu badhe amanggihi kaliyan tuwan Marsehal,
tiyang kalih wau sami nothokaken boten kaenganan, lajeng kajebol sareng lumebet ing griya tiyang kalih
wau lajeng ningali bilih nonah tiga, anakipun tuwan Marsehal wau wonten ing pojok kamar kasasaban
sinjang tuwin ninekipun kang celak nonah wau sampun sami pejah, den kaniaya, amargi panggenan ing
ngriku wonten rah belabar, sareng kapriksanan nonnah wau tatela dipun kaniaya, tabeti sirah kagandhen
ing tosan, sarta gandhen lajeng pinanggih wonten ing ngriku, celak panggenanipun wau, nyonyah
Marsehal kaliyan ipenipun ugi sami dipun kaniaya,wondene tuwan Mesehal wau pinanggih sampun pejah
kaluruban karung, wonten ing panggenanpanyambutdamel, rai tatu rojah-rojah, kawetawis tuwan
marsehal piyambak ingkang mejahi anaki rayatipun, lajeng nglalu suduk jiwa, ananging tuwan dhokter
ingkag dipun dhatengaken kapurih amriksani lajeng amratelakaken bilih tuwa marsehal yen tahahn
amejahana dhateng anak rayatipun panduginipun boten tiyang namung satunggal kemawon, ingkang
pancen amawa damel ingkang mekaten punika, Ing tembenipun tatela bilih namung tiyang satunggil
ingjkang maca damel amejahi dhateng tuwan Marsehal, nunten lajeng anak rayatipun sarta
panunggilanipun, ingkang sumedya atutulung tuwan Marsehal wau. Paprentahan pulisi sampun anyepeng
satunggilin titiyang enggal , saking sanes nagari ingkang dhateng ing Dhenham, nalika ing dinten setu,
ingkang dipun dakwa nglamapahi nganiaya raja pejah punika, sarta sampun kacihna warni erloji, darbek
kipun tuwan Mrasehal wau, ingkang kagantosaken sartaa durjana ing mangke sampun terang
sarampunging raja pejah lajeng santun angangge pakeyanipun tuwan Marsehal.
============================================================

Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran

Akarya papatihira, andangu mring rarte alit, umbul Logender ta apa, duwe anak lanang ugi, dadiya patiy
mami, raya ngon tur sembah matur, inggih wonten punika, anulya jinunjung patih, aranan patih Logender
kewala. Anake umbuling Pajang, dadiya sosoran patih, ana maha wirapraja, naking umbul kuwelneki, ya
dadiya bupati, Sura digdaya tumengggung, wus sami jinunjungan, sakehing rarya ngonsami, nama Arya
Demang rongga Pandelegan. Ngabei lan ulubalang, pecat tondha ondha moi, Sri Makurung ing
ngujungan, mring wadya kang den junjungi, semana wus miranti, kaprabone dadi ratu, wadya kinen
nelukna, marang wong tuwane sami, aseba amaranging sun sadayanya. Dadya rarya ngon wus bubar,
mantuk mring wismane sami, wong tuwane gagamanya, keirs pedhang tumabak bedhil, bapakne kinen
sami, aseba aratunipun, sripengging mangkurungan, nyentak wong tuwane sami, edan temen cah iki
padha angomyang. Kang ngakon padha sebaha, maranging ratune sami, endi ana ratu setan, liyane ing
Majapahit, anake anauri, anama Prabu Makurung, pinarak ing dhadhapar, bapa seba adena glis, wong
tuwane tan gelem pan ginelandhang. Weneh dadya jeggujegan, wong tuwane den larihi, warata wong
tongga desa, kerengan lan ananeki, ingkang maidos sami, pituturing anakipun, weneh ngandel kewala,
mring anakira tutwuri, sa, myarsa lajeng samya angawula. Prenahe yang sang nata, kang aran buyuting
Pengging, tineluken sampun kalah, cuwita marang sangaji, kang tuwa muilya sami, nelukaken bekeling
Kedhu, Mentaok laju,…., gunung kidul teluk sami, amengalor Sokawati teluk samya. Semana wus karya
kutha, rame wong kang nambnut kardi, nagari Pengging wus wadya, agemah kathah kang jalmi, murah
sarwa binukti,tulus kang sarwa tinandur mangka nageri narendra, ing Pnegging arsa akrami, wus
mangsane marang wadya kasamaran.

Amundhut srinarapati, ting….ana wanodyan dah, kalangkung ayu warnane, wus katur marang nata,
sadaya garwa tuwa, kang mongka garwa nemipun, pawestri saking…. Kirang sae ingkang warni,
mangkana nata sjneba, pepak wadyane, nulya dhawuhken rembagan, yen lami taj sebaha, Majalangu,
yektine pinarep ing prang. Mongsa kuwata amungsuh lan wong sajagad, rat wagung Majapaite, yen
sembada payo padha seba mrig Majalengka, patih Logender jumurung, miwah sakehe ing dipatya. Wus
rembug adandan sami, kalawan upektenira wus kawrat pikulan kabeh, saksana nulya umangkat, rembatan
aneng ngarsa, gya sang nata lan tumenggung, datan kawarna ing marga. Wus prapta ing Majapait,katur
marang Brawijaya, ngalun-alun pondhokanem, yata nagri Majalengka, wonten babatoh kalah, tinagih
la….angamuk tan wonten kang nadhahana. Wong majapait awingwrin, kang nging ngamuk kathah pejah,
prabu Brawijaya miyos, pinarak ing siti bentar, kang botoh ngamuk arsa, minggah marang siti luhur, ratu
Pewngging atrangginas. Bebotoh dipun adhangi, sri Makurung gya pinedhang, waliwali pan malesed,sri
Brawijaya kacaryan,w au denya tumingal, ramene denira tarung, neng kidule wirngin kembar. Botoh
nulya den tempiling, dhasmalapor kaosanan, sukaningali sang rajeng, raja Pengging tinimbalan,
sapraptaning ngayunan, tur sembah silanya bukuh, Sri Brawijaya ngandika. Lah wismanira ing ngendi,
lawaning sun tan umiyat, raja sri Makurung ture, uluning Pengging patikbra, wingi nggen kula prapta,
mondhok wonten ngalun-alun, arsa sowan padukendra. Arsa ngaturaken bekti, pejah gesang ngong
katura, dhumateng padukaji, kawula atur pramedya, didalem anelukna, ing Pengging saurutipun,
mangidul mangalerira. Kedhu pagelen prasmi, Mentaok lawan sembuyan, Sokawati sapengaler,
mangilene Salatiga, Gagatan lan Bahrawa, sami lulut dhateng ulun, anggepe pasami ngawula. Samangke
katura gusti,pramila kawula sowan,kaatura sadayane, saupektine punika, kaatur mring narendra, kalepatan
amba prabu, kawula nuwun apura. Brawijaya ngandika ris, lah Pengging ingsun tarima,sakehe prasetya
kabeh, ing mengko ya karsaningwang sira kang nguyunan, sakuloning gunung lawu, gunung Mrapi,
saubengnya. Ing gunung Sumbing pra tuwin, saubenge milyasira, nulya tinriman putrine, luwih ayu
warnanira, saben mongsa sebaha, lan sun paringi jujuluk, Dipati Andayaningrat. Pan sampun liilan mulih,
lan abekta putri nedah, prapta ing Pengging lampahe, kalangkung pasiyanira, lan putri Majalengka,
garwane roro kapungkur, mangkana sri Majalengka. Wus lama jumeneng aji, Brawijaya ping
kalihnya,muksa kagentos putrane, saking Cempa ibunira,pan taksih apa parab Brawijaya kaping telu,
patih maksih Gajahmada. Sakehe kang pradipati, tan wonten ing ngowahana, asih lulut sadayane, nagari
sangsaya arja, tan wonten kang lumawan, garanira putri agung, gantya ingkang kawursita. Ratu
Pagedhongan ardi, kundhang sawuse angrebat, kunjaran bekta arine, jalubinekta mring ngarga, sareng lan
lampahira, kalawan raden susuruh, mangetane tilar praja. Kandhane kinarya genti, ewet lamun sinarenga,
kiyageng tarub sedane, tilar garwa tan paputra, maksih nom kenpi brongta, sangdyah saben saben asuk,
nyaponi ing makamira. Mring raka kang sampun lalis, saking temene ingpriya, tanpa dhahar tanpa sare,
wus resik kondur mring wisma, ing dalu pan supena, mring raka sinungan sunu, jalu pekik warnnanira.
Dyah kaget anulya tangi, l;ajen gmangkat mring makaman, ikang pinendeng mung impene, wancinira
bedhug tiga, prapta makaman kagyat, ana jabang bayi murub, jalu lir trah ing srinata. Gya jabangbayi ing
ngemban, bok rondha bungah tan sipi, binekta mantuk mring wisma,lipur trisnanireng laki, kalingan sih
ing siwi, sirondha nulya gegebyur, jampi pejah salirnya, lir wong mentas darbe bayi, mangkar-mangkar
pabayunira ni rondha. Wus karsanira ing dewa, wedale susukang wari, putrune pan sinasepan, ni rondha
tarun wus prapti, barang retinig bayi, tetapelan terekipun pilis lan bobokira, papok gedhonge miranti,bai
rodnha wus tan ana kakurangan. Saluku mangkukang putra, anak putu samya prapti,anjenger denira
mulat, nak putu kang tebih tebih, maido samya angling, kapanane sun tan weruh, wetengan datan mantra,
nulya sami den wartani, anak putu samya bekta papanganan, ing tarub liir pakaulan, bbayi sinuson
mantesi, lir putra nggenira yoga, semana sampun alami, nekaken sandhang bukti, beja daulate rawuh,
asugih nyai rondha, tan buh gone dunya neki, nyai rondha langkung suka bungahira. Angkana salokanira,
tinilar dunya nututi,ni rondha sugih kalintang, bejane saking kang siwi,putra den piranteni, sakarsanira
den ugung, pangago pinepekan,wayahe dedelan lagi,nulup kinjeng bandhembo miwah kanthela. Ing
ngiringing rarte kathah, wus lami mepek birahi, sangsaya bagusinawang, pawestri akeh kagimbir,
nginggahi anukoni, rahina wengi gumrumung, para wan lan wulanjar nora na da mulih, ingkang kudhat
parawan sami ngelamar. Nak sudagar sambiwara, nak bakul kang sugih sugih, anake empu landang, nak
prameya agenti prapti, nglamar tan den tampani,miwah anak para buyut, nontoni sami prapta, banjur nora
mulih mulih, ingkang ibu aris denira ngandika. Nyawa sira akramaha, sasenengira mas gusti, paniku
wanodya kathahe, nindak sira senengi, anaking ngempu gusti, miwah anak para buyut, bakul lawan
sudagar, kang nglamar samya yu luwih, anauri biyang sun tan arsa krama. Apik temen apa sira, nganti
rabi widadari, lagya kasengsem waking wang, biyang anunulup peksi,nanging kapalang mami,biyang
datan darbe tulup, nulya nepi mring makam,wonten sumlanggrang neng nginggil, wani tulup gya
cinandhak mring ki jaka. Dadya karem sabengwana, ni rondha tansah mkalangi, tinuturan putranira, aja
kareming wanadri,ing wana langkung weit, tengahna telaganipun, nanging tahanya luman, padusaning
widadari,yen marengi gara kasih mondhasiya. Widadari padha siram, asuka pating jalerit,ki Jaka kagyat
neng wana, miyarsa tengah wanadri, rame swaraning estri, aceciblon samya adus, dyan jaka manjing
wana, karsa nya arsa udani, prapteng beji amulat langkung kagiwang. Satuwuking sun tumingal, wanodya
tan kadi iki, gennya dus sami wuwuda, tan ana tinaeng ngati, dyan dhaka aningali,wentis kuning susu
gemuh,leng-leng sanged kedanan, denya lumampah aririh, kang ngasiram tan nyana yen katekanan. Dyan
Jaka alingan wreksa, sinjang kembelan kulambi, kang denanggkah mring ki Jaka, kalingan kayoman
tambi, sigra den berangkangi, datan kawistara sampun, kemben sinjang rasukan, tulup kang kinarya
nythik, pan wus kena: klambi lurah widadarya. Sinjang lawan kasemekan, Nawangwulan kang darbeni,
kinandhut nulya ginawa,mulih ing ngupetken aglis, dinakek soring pari, nulya age age wangsul, sarwi
ambekta sinjang, kekemben lawan kulambi, sasampun prapta aneng tepining talaga. Nulya wau dhaham-
dhaham, kang siram kagyat prasami, anandhak sinjang rasukan, amumbul marang wiyati, mung
nawangwulan maksih, wangsul angumjoning banyu, sinjang rasukan ilang, nyana karayut kang dhingin,
lir gulamit sosote anyala pita. Kasusu apa si dhungkah, nora angenten-enteni, angrayut sinjang rasukan,
pakarane ing sun kari, kapriye polah mami, ya sidi parag ngantu, sambat sosote nelas, padha dene kang
dhaemi, kaya apa rupane agawe gita. Bayata dhangling wong owah, waong adus dipun parani, tekane
datan saraba, sidi sabering tok ing yik, gawe kepuyuring ati, dipangana buta sewu, dyan jaka meseming
tya, ngatingalnya murnulupi, ingkang peksi apan sarwi bonda tangan. Ngadeg tepining talaga, piya pitan
wruh sang dewi, sinamur nulup kukila, duk tumingal sang dyah angling, baya ika kang baring, ingkang
dhaham dhaham wau, ngeget-ngegeti wong siram, gumagus anulup peksi, sarwi bonda tangan polahe si
dhongkah. Keproiye ing polah ingwang, busana sun krayut dhingin, sidi bendho karantongan, sidi kethok
dikeleti, yaiku ingkang baring, dhami wong lagi adus, tan wruh ing subasita, baguse tan den enggoni, sapa
ingkang duwe putra den tambakna. Jaka meseming driya, priya apa ngong tan duki, babasa karayut baya,
lagi teka den dukani, durung wruh ing prakawis, yen ta kona kang kadyeng sun, lir gulamit sosotya, dyan
jaka ngrah papangriharih, kados pundi ing purwamadya wesana. kang dados duka punapa, pinurwa
angger rumiyin, sang dyah sendhu denya ngucap, ngong iki mulane kari, sira mau dhahami, lungaha apa
gawe mu, atunggu wong kawudan, iya ta ngisin-isini, mamideni dimenbali kancaning wang. Balikana
angger tinanyan, abdine dipun dukani, kula mantuk dhateng wisma, mendhet sinjang kemben klambi,
minta biyung yen oleh kawula ngaturi mupus, kang muksa warinasan, wus mantuk kayangan sami
ingkang wingking pinikira ing katata. Nauri sangdyah anyentak, nora kudu mikar-mikir, saingganing
raganing wang, dene ta kaya wong mati, yen misih ngasepi, atugu wong lagi kungkum, mundhak
mamanasing tyas, dudu kadangira mami, ingggih angger saupami saupama. Wontena kang tulung sinjang,
kasemakan lan kulambi, jangjine kadya punapa, mesakaken nguming wariy, yen ana kang nulungi, iya
banget trimaningsun, tuwa sun aku bapa, nom dadi sadulur mami, yen kaprenah tuwa tunggal yayahrena.
Yen sira tulung maringwang, sun aku sadulur mami, neng marcapada delahan, tulusa dadi ya kanthi, dyan
jaka anari, dereng ngeca rembaganipun, kao bondha sepala, anyukup woda mamiskin, datan wonten malih
malih mungpunika. Yen sembada lan sang retna dadosa tatukon mami, sinjang kemben rasukan, mung
punika duwek mami, yen angger nyuwaweni, jakane patukon ingsun, anggeningsun krama, pun ibu wong
dama miskin, mung punika gadhangan dados tumbasan.
Puniaktaksih wonten candhakipun.

Wangsulan dhumateng ingkang asilih nama Lumaris, kula sampun anupiksani ing saseratan sampeyan,
ingkang tumrap ing Jurumartani ongka 32 suraosipun sampeyan saengga mangalembana dhateng anggen
tula amedharaken tegesipun rba utawi batal karam wasana panjenengan sampeyan karsa andadngu
dhumateng kula, maknanipun tekbir ratulikram kaliyan malih toya ingkang kenging kinarya wuluna suci
anucekaken 2, suci boten anucekaken ingkang punika sarehne kula sampun amreatelakaken manawi dede
santri sata kula sampun prasaja bilih namung ing ki sampun kula aturaken punika ing saserepan kula,
anaming sarehne sampun kalajeng cumandhak kula ing ngajeng kula kumewat anegesi basan riba tuwin
batal karam boten rumaos manawi sampun telas tunggilipun ananming inggih langkung prayogi
panjenengan sampeyan karsa alantaran saserepan ingkang utawi punika katimbang kalayan udur waon
winaon ingkang mawi sereng ing panggalih, aluhung magrebaga ingkang sae, anaming manawi dereng
sumerep prayogi prasaja sampun mawi rikuh yen kawastanan bodho, mindhak mboten angsal bathi,
wondene pandangu sampeyan bab toya ingkang kenging kinarya wulu na suci, punika kula dereng angsal
saserepan ingkang teranganipun dene maknanipun tekbir ratulikram punika saking pamireng kula ingkang
dipun wastani tekbiratulikram wau inggih patekah awit adeging salat punika ingkang pinrih purna
cengenge ing takbir sarta tubadil mikrat munajad ikram lawan tumaninah, inggih namung punika ingkang
dipun ati-ati, manawi dhompo wiwitanipun saestu boten utami ing sembahyange kilap leres lepat namung
punika ing saserepan kula. anjawihi ing sampun kula aturaken punika manawi kaparenging panggalih
kula nyuwun gentos pitaken ing panjenengan sampeyan namung sakedhik ingkang kula aturaken kados ta
kuran punika, manawi tiyang badhe nyepeng kok mawi amendhet toya wulu, punika ingkang dipun urmat
ingkang pundi, upami surat surat punapa,yen rapal rapal ingkang mungel punapa, utawi wulang dalem
ingkang sinuhun Pakubuwana kaping 4 punika anyebutaken rasa satuhu punika wonten sajroning kuran
manawi dereng prayogi kagalih ingkang sareh awit punika apaedahipun dhateng ing sarira. Ti ti.
Katandhan Kridhamardhawa.

Serat kintunan saking Ngayogyakarta.


Awit saking karsanipun kanjeng gupermen Leiyun prajurit ing Pakualaman, ing angke kadadosaken
satengah batalyon Infantri, sarta sakupeni kapaleri, menggah para santana dalem ingkang sami kaangkat
kalenggahanipun kasebut ing ngandhap punika.

1 Paden mas Ariya Suryajanakusuma,dados Kaptin ajudan dalem.


2 Raden Mas panji Ariya Murdaningprang, dados Irse Litnan Kwartir Mister.

Infantri Irstekumpeni.
1 Pangeran Ariya Suryadilaga, dados mayor Komandhan
2 Raden Mas Natatruna dados Irtelitnan ajudan
3 Raden Mas Surya Amijaya dados kaptin
4 Raden Mas Purwadipura dados Irstelitnan
5 Radne Mas Panjilikusumaningprang dados Twedhelitnan
6 Raden Mas Ariya SuryaOdaya dados Ttwede Litnan

TWEDHEKUMPENi
1 Raden Mas Riya Arya Nataningprantg dados Kaptin
2 Raden Panji Jayeng Atma dados Irstelitnan
3 Raden Mas Ariya Sasrasudirja dados Twedelitnan
4 Raden Mas Arjakusuma dados Twede Litnan

DHERDHEKUMPENI
1 RadenRiya Arya Nataningrang dados Kaptin
2 Raden Mas Ruiya Arya Purwasuputra dados Irslelitnan
3 Raden Mas Pani A?rua Cakraningprang dados Twedheyitnan
4 Raden Mas Pani Jayengwita dados Twedhelitnan

KAFALERI
1 Pangeran Ariya Pondhawinata dados Mayor tituler
2 Raden Mas Ariya Nataasmara dados Ridmister
3 Raden Mas Jayeng Arja dados Irslelitnan
4 Raden Riya Jayeng Prawira dados Twedhelitnan
5 Raden Mas Panji Ariya Danuningprang dados Twedhelitnan
Kula sampun amaos serat Bintang Timur asli saking Surabaya, katiti mangsan kaping 20 Agustus 1870,
ingkang rinengga serat panjurung saking buntaran ing Batawi,s raosipun sadaya kula sampun sumerep,
menggah wangsulan kula, bab serat babad Mataram, punika saestu tan kendhat kapacak wonten ing
Bramartani, wekasanipun badhe dumugi serat babad Kartasura. Redhaktur F.L.Winter

Kula tuwan Weiting, angaturi uninga dhumateng para priyantun Jawi, utawi dhateng bongsa sanesipun,
ing Surakarta, manawi kula ing sapunika sampun ngalih ing griya, ingkang tilas dipundalemi tuwan
Weisen ing Ngloji Wetan. Tuwan Weiting.

Kula uningana priyantun manawi sakathahing serat kasebut ing ngandhap punika, kenging pikantuk
tumbas saking tuwan Purneman tuwin tuwan Fl.L. Winter, ing Surakarta.

Kadosta:
Ktu serat katurongga kapalregi 3 rupiyah 50 sen
Ktu, Pasamuwan taun Baru regi 3 rupiyah 75sen
Ktu Rasatipun tiyang estri regi 3 rupiyah 25 sen
Ktu serat wuwulang olah-olah regi 1 rupiyah 75 sen
Serat wuwulangipun tiyang estri, regi 3 rupiyah 25 sen
Serat pranatan bab pangagemanipun para Amtenar Jawi punika sampun rampung.
Pra priyantun ingkang karsa tumbas sami kaaturan angintuni serat pos wesel dhumateng tuwan Purneman
utawi tuwan Winter wau.
Ongka 37, Kemis kaping 8 September 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun.

Tuwan J. A. Odhorrep Kortebran Juru serat ing Magelang, kaparingan pamit kesah dhateng nagari
Walandi, awit saking sakit.
Tuwan E. H. Amatei, kakulawisudha dados Dhordhekumis binalan Sebisir.
Tuwan Y. Waton, kakula wisuda dados Juru serat lelang pangkat satunggal ing Batawi.
Tuwan J. Wollef kalilan dados Dhokter Partikelir ing Pamanukan tuwin ing Ciyasem bawah Krawang.
Tuwan H. A. Terpulen kalilan dados dhokter partilkelir ing Pasuruwan.
Tuwan M. A. Fankerpel, amtenar wahel kakula wisudha dados Opsinder Balandhong Dherdheklas.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

SUMADHANG
Serat pakabaran winastan Lokomotip, anyariyosaken manawi griyanipun wadana ing Tanjungsari,
Sumadhang, sapasanggrahanipun tuwin griya sanes ingkang celak ing ngriku ami kabesmen, menggah
pitunanipun katepsir 8000 rupiyah.

BILITON
Nalika tanggal kaping 1 Agustus punika, wonten baita kapal kasangsaran, boten saged anglajengaken
lampahipun monten sakidulipun biliton caket kalayan karabesi kepulaong, baita kapalo punika saking
Sigon, amomot uwos tuwin sanesipun, pancen badhe katbekta dhateng Maring siyus tuwin ing Burbon.
Kaptin kaliyan matrusing baita kapal wau mkathahipun10 ingkang tumut numpak namung sawijining
nonah, nalika baita kapal wau kasangsaran, para tiyang lajeng sami numpak baita alit 2 iji, laminipun
gang pal dinten anggening sami wonten ing seganten, ing tmahan wilujeng dumugi ing Tanjung Pandhah,
baita kapal salajengipun kerem samomotanipun, wondening para tiyang wau nalika tanggalkaping 16
wulan Agustus kapengker, sampun mangkat dhateng Batawi anumpak baita kapal latu, ingkang winastan
Pis Admiral Pabiyus.

Lisah Petroliyum
Awit saking pamarsudining paprentahan ing nagariPRislan,ing sapunika tatela terang, bilih lisah
petroliyum punika kenging kadamel tumbaling rengat, sapanunggilanipun menggah patrapipun, beneta
pethi tuwin sanesipun ingkang pancen kaangge wadhah pengangge kadekekake suwekan sinjang, ingkang
kacelup ing lisah petroliyum rumiyin, manawi sampun benet kaliyan pethi wau, kedah kadalita ingkang
rapet, pundi ingkang anggronggong.

Bab pangulahing gadhing bilih sampun jene, badhe kadamel pethak, ing ngandhap punika panrekahipun.
Gadhing ingkang sampun jene wau, kacemcem ing toya tawas antawis 1 jam dangunipun salajengipun
kaentas tumunten kagebega ing sinjang panas utawi wol, manawi sampun lajeng kabuntela ing sinjang
pethak kakendelna ngantos garing. Apendhet sawatawis apu, kadhawahana ingkang prayogi, gadhing
kang jhene kacemplungna lajeng kagodhoga, bilih sampun katawis pethak dipun entas sarta kausapan
ingkang garing manawi sampu kagebeg ingkang marecet.
Punika candhakipun cariyos perang.

Ingkang kacariyosaken ing serat pakabaran Welandi, bab perangipun bongsa Prislan mamengsahan
kaliyan bongsa Pangkrik taksih sami bagi nebag, semanten punika kenging kaajengajeng bongsa kakalih
wau tumunten badhe arurukunan malih. Nalika perang wonten ing Met, bongsa Prislan ingkang unggul
juritipun, ananing sapriki taksih mamengsahan mengggahp ejahing wadyabala sami kathahipun
marsekalek Bisini ingkang anindhihi wadyabala Pangkrik, dereng karsa umagut ing perang, saderengipun
lampahing wdya bala Prislan dumugi ing salon, awit saking serat telegram saking marsekalek Basini wau,
ing saantawis panggenanan winastan Dhonkuret, tuwin ing Biyongpil, sami perangan muput sadinten,
ingkang katitih wadya bala Prislan, lajeng mundur sarta kathah ingkang katiwasan, bala Pangrik ugi
kathah ingkang sami nandhang tiwas, sarta wonten satunggiling jendral ingkang kabranan. Ingkang
kacariyosaken malih, ing serat pakabaran kanjeng raja Napoliyun, saputra dalem, miser saking Met tindak
dhateng Predhin. Pakabaran saking Prislan amratelakaen manawi wadyabala Pangkrik, woten sajawining
kitha Met katempuh dening wadyabala Prilslan, lajeng sami lumebet ing kitha Mayih wadyabala Pangkrik
ingkang katiwasan kathahipun 4000. Sakantuning wadyabala ingkang katindhihan marsekalek
makmahon, ing sapunika sampun dumunung wonten ing salon, wondene kitha Sarbrih ingkang kinepang
dening mengsah sareng medal anglawani kalindhih lajeng mundur sarta atilar mariyem 3, nalika perang
ing Graplak, wadyabala Pangkrik sanadyan unggul juritipun, ananging kathah ingkang sami adrawasan,
sareng perang malih wadya bala Pangkrik ingkang kasor prajurit 2000 tuwin mariyem 7 ingkang
kabandhang, wondene wadyabala Prisllan tuwin ing Pangkrikw au, ing sanalika perang kathah ingkang
nandhang brana, jendral Prislan 2 ingkang lalis 2 ingknag kataton, wadyabala bawahipun Marsekalek
makmahon wau, sampun kumpul kaliyan wadyabala ingkang dipun tindhihi marsekalek Basini,
wadyabala Prislan nalika mangsah perang wonten ing Palesbereh kasor ingkang tiwas 1300. Awit
cariyosipun kanjeng raja Napoliyun, pindhah malih dhateng Reim, awit saking bebeging panggalihipun.

Panimbrung kula, dhateng raden kusumalalita, uduripun dhateng dyan Malunasuka.

Salami kula nupiksa koran boten kados sapunika, anggen kula milingi remen sanget anggen kula nupiksa
serat Jurumartani, ongka 30 ingkang katandhan Raden Kusumalalita, anamung wonten ingkang dados
uwanipun ing manah kula, kedhik, kusumalalita, boten remen wulang, sae, utawi sunepa, priyantun
ageng, ingkang boten leres lampahipun, yen makaten Kusumalalita, ingkang dipun rmenei, wulangipun
bajingan, tuwin sunepanipun, kere, yen saking pamanggih kula, kathah leresipun, maluna suka,
nggenyadamel sunepa, priyantun ageng, ingkang sampun kanyina ing ngawonipun, limrah jamrah, den
tiyang anumbak pandung, boten amaladi, tiyang sampun kanyina ing ngawonipun, mongga yen sae
pratingkahipun, kang dnumbak rak lajeng kuwalat kacepeng, denipulisi, konjuk ing kanjeng tuwan
residhen lajeng kainggahaken punis kabucal sajawining pun ing pulo jawi, lanmenipun, 20 taun, ingkang
punika kula sumongga, priyantun kang supe, ing kusumanipun.
Katandhan Dyan Jayarena.

Sisinome prasujana, denya mrih arebat inggil, ambudi kawruh winardhar, munggenging Bramartani, cela
cinela genti, tanana kang ngasor unggul denya arebat nalar, nypekaken pangabekti, tan maksil sayekti
gunapunapa. Aluhung budiya tingkah, wuwulang amangun kardi, miwah rehaning nitipraja, dadya tata
tenremneki, wong cilik kadi pundi, iningale begal dya kecu, tuluse tetanduran, wong gugatan ing
prakawis tumuliya antuk adil lan kang murwat. Aja na wong salah cipta, tegamateni sadarmi, sudarma
mateni weka, putu mateni ing nini, nini lali putning, tondha peteng atinipun pangdhingi tyas punika,
kapriye pambrudineki, apan kathah yen jinarwa reh tan arja. Ing pulo jawa punika, pan taksih kathahkang
siti, dereng dinungungan jalma, pan datan metu kang kasil,upami wong kang silib,dosa marang ratunipun,
binucalaing tanah, away kongsi bisa bali, marang tanah ing lamijalma punika. Karana tutune benjing,
asring metoni ajulig, kadya labuhaning bapa, wani nrang anggering aji, ana tembungan muni, anak
banyak netes blengur, sanadyan kang kuawasa, ingkang ngratoni suwargi, nabi Adam nguni nrajang
kanglarangan. Sinegah lamun dhahara, marang uwoh ekang kaldi, suprandene maksa dhahar, nulya
tinurun ken aglis, marang ngalam donyaki, lan babuka watu murun busananeki nebat, ing maruta kawlas
asih, nabi Adam lan Bubuka wawuwuda. Sarta pisah tibanira, datan sahlara anangis, iku wong durakeng
sukma, mangkono durakeng aji, pan ratu wakileneki, kang maha suci kang ngadhung apan dadiya tladha,
tetep santosaning aji, pawongan laku linasok karya sela. Yen kang binuwang wus ana, pratandhane lamun
becik wajib angsala ngapura, tinelakken becikneki, den mardikakna nuli, luput pangggawe yan dhusun,
miji ngawuleng nata, dene katrima kang kardi, lawan kenging manggen ing sasenengira. Apan ta hyang
maha mulya, siyasate angluwihi, asih lawan murahira, uga tanana nandhingi,raja pirngon ing nguni,
jinurung saciptanipun, pejahe binalaban, ing samodra sayodeki, nora bisa sesambat wit wus asung cap.
Yen prasangunging wong bajag, brandhale cuculik maling, tan binotan kukumira, mring ratu pan kurang
ajrih, kurange stoken batin, iku wakile hyang agung, tan apiwong katrima, yen tan sinung wriya luwih,
apan kurang sih sumungkeme mring nata. Apan hyang kang maha murah denya karya ayatneki, tedhak
turtune utama, tedhaknabi lawan wali, taksih sinung lestari, den aji aji ing pungkur, miwahkang patilasan,
pan taksih linuri luri, sinungangger salawase pinaputya. Apan ing donya punika, tuturunaning
suwargi,barang rekaning suwarga, ing donya datan asei, yen wong wedi hyang widhi,kang ramya mirwah
ing samun, apan padha kewala, miwah wong wedi narpati, aneneg wuri aneng ngarsa sami uga. Aja kaya
wong durjana, yen kalimpe banjur nguti,l, I umukir rong prakara, mring ratu marang hyang widhi, tan
apimring sasami, tan arja ing ciptanipun, adoh ing tepa-tepa, tan telas tan eling luri, yen manusa sami
nglindhung ing hyang suksma. Panggene anyela-nyela nungkulaken ati drengki, apan hyang kang maha
mulya, tan kirang wiccaksaneki, mirsakang gaib-gaib, panggene sira katambuh, amertabat ta setan, tan
eling ing jaman akhir, ana pati lawan ana salin alam. Kapriye ing polahira, yen ngaku wedi king ngaji,
sudagar panggedhenira, anganggo kalung erloji, bebed bathikan adi, parangrusak lan pakursur, daya
kagok utawa, gendlor parang rusak klithik, parang rusak barong karong kilan kilan. Anak putu ning
kusuma, bineda denengis-engis, sumakeyan sugih arta, datan ngajeni naluri, lamun bebeting cilik, tan
rumongsa alitipun, iku turutanira, wong ala angaku beik, susulapan sekalane sugih arta.
Katandhan mitranipun alam wangke.

Panjurung Bramartani

Kula maos serat Bromartani, ongka 30 ingkang medal kemis kaping 21 Juli ng ngriku wonten
saseratanipun ing nama Sajaya ing Batawi, anyariyosaken manawi pyambakipun mentas uninga wujud
aneh, wargi deling kaliyan kalapa, sakingpamurihipun Sajaya, anuwun pitdah dhumateng para priyantun
ingkang sampu sumerep kasiyatipun, ingkang punika manawi amarengaken panggalihipun Sajaya, kula
angaturi kabar sakingpamireng kula bab deling punika paedahipun kadamel wilah kapasama jupat ing
pojok cepuri, utawi kadamel welat kapendhem ing ngajeng kori, dene kalapa wau paedahipun namung
dipun kalentik kimawon lisahipun kadamel jampi gudhig koreng sapanunggilanipun ingkang bongsa tatu,
namung anggen sampeyan anerangaken dhateng Trusthasastra bab wangsalan kawan bab, punika radi
anggumunaken ,sanadyan tembung punika sampun tetela manawi kalintu aksaranipun ingkang mungel
putralendra tuwin awasita, leresipun nalendra, utawi tawas, ewadene kang sajaya, meksa adreng
anggenipun badhe angatingalaken kodhenging manahipun.
Sinerat ing Samartang kaping 29 Agustus 1870
Katandhan Sastramanta.
Panjururng ing Bramartani kados ing ngandhap punika

Kala ing dinten Rebo tanggal kaping 26 wulan Jumadilawal ing taun Dal ongka 1799,Kanjeng Pangeran
Ariya Surya Atmaja, kapatedhan paring dalem griya sapapanipun saking ingkang rama sampeyan dalem
ingkang sinuhun kanjeng susuhunan ingkanng kaping sanga, ing nagari Surakarta, wondene ingkang
dipun paringaken dalemipun kangjeng pangeran Ariya Jayakusuma, dene dalem ing Jayakusuman wau
sampun pepak mirantos, dalem pringgitan pandhapi, gandhok kiwa tengen sarta gedhong gedhong
panggenan abdi jaler estri, utawi malih punapa barang pirantosipun dalem pandhapi, ugi kaparingan
sadaya, saking ingkang sinuhun ingkng punika kanjeng pangeran Suryaatmaja, sakelangkugn langkung
ing panuwun saha pamundhinipun dhumateng sih dalem wau, wondene kanjengpangeran Suryaatmaja,
anggenipun karsa badhe pindhah dhumatenging dalem Jayakusuman kaangkah benjing ing dinten Senen
tanggal kaping 16 wulan Jumadilakir ing taun Dal punika. Kanjeng Pangeran Ariya Jayakusuma iing
mangke sampun pndhahdhumatenging mangkubumen jawi, lajeng amiwiti yasa dalem utawi sampun
kapatedhan waragad saking ingkang sinuhun kanjeng susuhunan.
Sinerat ing Surakarta kaping 9 wulanJumadilakir ing taun Dal ongka 1799. Tatandhan dening Mardhawa.

Kanjeng gusti pangeran Adipati Suryasasraningrat ing Ngayogyakarta, angundhangaken benjing ing
dinten kemis tanggal kaping 15 wulan September punika, wanci jam sanga, badhe anawekaken katingal
ing ngakathah wonten kantoripu Litnan Kwartir Mester ing Leiyun pakualaman,bab pasanggemingkang
kawrat ing serat Badhe angladosi ingkang pancen kangge ing Leiyun Pakualaman, pratelanipun kados ing
ngandhappunika,s arta kapindha tiga, wiwitipun angladosi benjing tangalkaping 1 wulan Oktober taun
1870 dumugi sapejahipun wulan dhesember taun 1871,
Ingkang sapondha warni uwos para
Ingkang kalihpondha warni sarem
Ingkang tigang pondha warni rumput
Menggah kathahipun katamtokaken
Ingkang warni uwos 139800 pun Nederlan
Ingkang warni sarem 7030 pun Nederlan
Ingkang warni rumput 867000 pun Nederlan.
Bab katrangan sanes-sanesipun kenging pikantuk saking litnan Kwartir Mester ingngajeng wau, sarta
sawarniing serat pasanggeman kedah sami kaladosaken dhumateng litnan kwartir mester punika.
Ngayogyakarta tanggal kapng 31 Agustus 1870
Katandhan Kanjeng Gusti pangeran Adipati Sasraningrat
==================================================================

Benjing ing dinten Rebo tanggal kapng 15 September punika, wanci jam 8 sonten. Tuwan T.Ores badhe
angatingalaken kembang latu sakalangkung sae, wonten ing ngalun-alun mawi bayaran.

Gambaring nagari Pangkrik tuwin Prislan ingkang amratelakaken prenahing panggenan pundi
angggenipun paprangan bongsa kakalih wau, namaningpanggenan sadaya mawi seratan tembung jawi
tuwin Walandi, satunggal regi 2 rupiyah. Para priyantun ingkang ngarsakaken kenging pikantuk tumbas
saking tuwan Purneman ing Surakarta.

Lelang
Benjing tanggal kaping 15 September punika, badhe wonten lelang kajeng warni gebingan panjangipun
10, 12 kaki, wiyaripun 5, 6 dim, tuwin kajeng obong, wonten ing griyanipun tuwan Aot ing Kebalen.
Tuwan Lingkring.

Kula tuwan Weiting, angaturi uninga dhumateng para priyantun Jawi,utawi dhateng bongsa sanesipun,
ing Surakarta, manawi kula ing sapunika sampun ngalih ing griya, ingkang tilas dipun dalemi tuwan
Weisen ing Loji Wetan, Tuwan Weiting.

Kauningana para priyantun manawi wonten kapal Makasar sarakit ules dhawuk sae-sae, umur 6 taun
tanpa ciri, badhe kawade, bilih wonten ing kang karsa tumbas lajeng kenging pikantuk katrangan.
Katandhan tuwan Purneman

Tuwan Kornelis Sekal


Andarbeni pabrik lampu, tuwin sanesipun ing pandamelan barang tembagi sapanunggilanipun tuwan
Sakakel sampun katrimah anggenipun damel lampu ingkang kapratelakaken ing ngandhap punika: Bab
pagunan wau muhung piyambakipun ingang kenging adamel lampu ingkang kados mekaten, sarta
sampun pikantuk idinipun kanjeng raja ing nagari Nederlan punapa malih kanjeng raja ing Belgiye, tuwin
kanjeng raja ing pangkrik ugi sampun sami karsa angideni, menggah namaning lamo kasebutaken Lampu
Marinus. Sawarnining lampu, pun rantosipun boten wonten ingkang anyameni kados lampu marinus
punika, dene padhangipun anglangkungi, tuwin amikantuki, sami kaliyan lampu gas lampu marinus mau
boten anyamari, bilih dhumawah anggliwang utawi kajungkelaken boten saged wutah lisahipun sarta
latuniun lajeng pejah piyambak dene urubing latu kenging kaagengaken ing sakajeng-kajeng, semprong
utawi sanesipun boten amatosi bilih badhe pecahkasaladan dening latu. Para priyantun jawi, punapa dene
bongsa ing sanesipun ing nagari jawi, manawi karsa tumbas lampu marinus wau kedah alantaran tuwan
P.F.Purneman piyambak, sarta gambaring lampu wau kenging kapriksani

Punika candhakipun cariyos babad Pajajaran

Yen sembadaha panggiya, Jaka rara sangdyah angling, iku dudu padon dhongkah,yen mengkono sun
tanapti, dyan Jaka anauri,yen tan rembag inggih sampun, pabenan lan wong mlarat, yektine kawula pamit,
wus kantuna kawula mantuk mring wisma. Ki Jaka lunga sindedan, dhepes tepining talagi, kusuma kang
nguming toya, alaralara anangis,niyaya konca mami, sun tinilar padha mabur, sinjangipung abandhang,
kemben lan rasukan mami, temahane sun kari aneng talaga. Yen arsa ngulungi sinjang, rinengkuh kinarya
rabi,lagya sun antep kewala,ithik-ithik mutung mulih, kaniyaya kepati,bok iya adipun tutug, tutulung
wong kawudan, sun rasa rasa ing ati, iya bener si jenat bondha sepala. Sumangkeyan wong abondha,
duweke ginawa mulih, sangdyah karasa kabetah, tan pawekas aneng wariy, dhasar seneng kang ati,
kusuma rara amuwus, celuk-celuk kanglunga, lah jenat baliya maning, lah ta iya ingsun turut ujarira. Ki
Jaka tarub miyarsa, anulya ngatingal malih, kadipundi nimas rara, ingkang kaparenging kapti, tan gadhah
paben malih, amung kang wus katur wau, sinjang lawan rasukan, dados satutukon mami, sang dayah
arum wau wijilig wacana. Lah jenat sakarsanira, ingsun nurut ing sireki, lah apa sakarsanira, tan betah
anguming warih, akesel ingkang ati, ki Jaka tarub amnuwus, lamun sira yayi mas, wus nuruting karsa
mami, nulya sinjang inedhet sangking kandhutan. Lah age sira ulungna, wus sinungsi sinjang kulambi,
kasemekan wus tinampan, sang dyah mentas saking warih, asinjang limar adi, jingga mrutkembenipun,
datan arsa rasukan, sapolahe amanesi, kang rasukan kinen bekta raden jaka. Sang ayu angore rikma,
sangsaya imbuhing warni, dyan Jaka dahut prayanya, tansah asabil inggalih, garwa ing ngajak mulih, ing
ngiring ken runtung-runtung, sampun prapta ing wisma, kang ngibu kaget ningali, suka bungah putra
mulih angsal gawa. Tur widadari yu raras, ingkang mantu dipun kanthi,kang putra sinandhing lenggah,
pungkurane den arasi, bisa temen akrami, putraningsun wong abagus, pan binoja wiwaha, anak putu
samya prapti, anyunyumbang ingkang mantu rinesikan. Dhangira lis inaesan, pinidih kalangkung asri,,
jinamang maskin atipa, sengkang panunggul her bumi , gumrut tinatah asri, kasangsaya wimbuh ayu,
sang dyah agelang kana, sesekaran susun kalih, kalingipun susun tiga pendhing retna. Nayaka nemu rub
mubyar siningsiman kalih sisih, inten erlaut kalihnya, sinjang nge pathol wilis, kemben gadhung
lmalathi,rinenda ing ngemasmurub, pan widadari nyata, rinengga ing busanadi, kang tumingal lengleng
pan kadi matiya. Tanana bisa anyondra, tangeh pinurwa ing kawi, dyan jaka wus rinanrengga, raja putren
rinakit, baguse tanpa tandhing, pantes anurunken ratu, panggih jaja karara, lir Kamajaya lan Ratih, estri
ayu kakunge bagus utama. Rahina wengi tan pisah, runtung-runtung kadi mimi, dadya pepenginan
kathah, kang ibu langkung denya sih, cinatur sampun lami,nyidham kaworan sang ayu, risedheng
papasiyan, kepalang prapta ing pasthi, nyai rondha ing ttarub grah nulya seda. Kari brongta oneng
sangdyah, lo la tinilaring bibi, kaliye sangsaya tresna, dyan jaka sampun gentosi, kabetadesa nabi, wasta
kiyagenging Tarub, sinembahingwngkathah, genya wawrat sang retnadi, sangang wulan lair kang putra
wanodya. Warnane lir ibunira, enyangira kang nuruni, ratu mas ing pagedhongan, nahen sakeh kang
nulungi, prabu anyakrawati, lan garwa samitutulung, kinudang ing kang wayah, putuningsun iki
benjing,nurunakenratu jawa tan kaselan. Tedak pitu iya benjang, ingkang males larapati, mring tedhak
Siyungwanara, satedhak tedhake ngabdi, sampun sinung kakasih, rara nawangsih punikul kang
ngayangnulya musna,kangkari samya prihatin, tanpa rewang karepotan dening putra. Sangdyah pan adang
piyambak, saya rewang jabangbayi, kang raka amendhet wruksa, purtra sinarekaken kanthil, sang ayu
matur raris, nggih tuwan sandika tunggu, geninggen kula adang, kawula arsa mring kali,ngumbah popok
ing ngompolan putra dika. Inggih ing weling kawula, sampun ganggu tengga geni, kang raka sagah
anengga, kang rayi marang ing kali,kyagneg osiking galih, dene iya areningsun, nggoningsun
asesawah,pirang p irang masa iki, lumbunging sun apan ora lukak lukak. Laraningsun durung uninga,
nggonira anutupari, apa iki dipun edang, anulya dipun nungkabi, dandangan den tingali,kukusane isi
pantun, sawuli kathahira, anjenger denya ningali, kasektene ingkang rayi Nawangwulan. Nulya
kinekebaning ggal, tumungkul nyogoken geni, ingkang rayi nulya prapta, ngumbah popok saking kali,
sampuning ngepe nuli, anulya mring pawon gupuh, gentosi ingkang raka, genya dangsinater geni,
sinunggoken kayu pirang-pirang rembat. Tan bisa sumub genya dang, anggrahita kusumadi, baya ta
ganggu ki omah , dandangan dipun ungkabi, bade lans abeneki, sakedhap mateng puniku, mengko liwat
diwayah, nulya den ungkabi malih, upan maksih sawuli kangpantun mentah. Sang retna matur ing raka,
baya ta sampun pinasthi,yen dika pisah laningwang, dene angliraken weling, dandangan den ungkabi,
kiyageng kendel anjetung, ni dewi nawangwulan,kalangkung susah ing galih, saben dinten anutu pantune
telas. Salumbung kantun sadhasar, arsa tinutu kang pari, pinenedhet pantun katingal,kemben tapih lan
kulambi, sigra sinambut aglis, nyata widra somahingsun, nulya rinasuk samya, kang kemben tapih
kulambi, sigra matur wau dhateng ingkang raka. Ki omah atur kawula paninggih sampun pinasthi, mung
samanten dugenira,panggiya apalakrami, kawula nuwun pamit, paninggih waweling ulun,lamun putra
karuna, damela gubug kang inggil, papanggungan lamun nangis putra tuwan, sinelehna papanggungan,
kiyageng angresing galih, yayi mas away mengkana, datan bisa ing sun kari, kang rayi anauri, sampun
karsaning dewagung, yen nangis putra tuwan, ngobara mrangkentan langking, tan adangu kawula anunten
prapta. Kiyageng esmu karuna, arsa angrangkul kang rayi, trengginas sang dyahu mesat, amumbul
marang wiyati, kiyageng duk umaksi, mumbule kang rayi wau, niba sanget kantaka, tan aangu nulya
nglilir, anungkemi dhumateng atmajanira. Adhuh angger putraningwang, tan dremen tinilar bibi, semana
ing lama-lama, sabeningkang putra nangis, dinekek panggung inggil, sarwi kutug merang wulung,
ingknag ibu tumedhak, anesepi ingkang siwi, ing kang rama amengga-menggah tumingal. Mangkana
salamenira, yen wus gya nilar ing siwi, nulya rama ngambil ngemban, tapi sahsiyang lan latri, yen babad
mring wanadri, putraninendhong tan kantun, bleg ivune kang warna, lir jambe nom sigar palih, aprak
atiruruh kadukmanisira.
Saya lami yusweane sang dewi, rumaja utri pan saya endah, kuning kang winarna arjeng, Brawijaya ping
telu, angenggani ing maospait, anyandhang gerah raja, singanen sang prabu, kalangkung susah ing driya,
Brawijaya ing dalu sare naritis, ana swara kapyarsa. Lamun arsa waluya sang aji, nyarenana putri saking
wandhan, nuluya anglilir sang rajeng, kalangkungpungun ungun, ngandika ris marang kang rayi, sang
retna dwarawatya, inggal luwih ayu, cethi wandhan kuning enggal, sawusira inaesan den sareni, sapisan
grahe sirna. Waluyanira lir wingi unin, putri wandhan pan lajeng ngawawrat, wus dhateng ing semayane,
ambabar miyos jalu, pin kinebon kang jabang bayi, lama lama diwaya, ginadhuhken wau, mring ki Bodho
juru sawah, saha genge tumut nyaosaken pari, nanging ngriyini lampah. Pan ajujug maranging sitinggil,
sareng miyat mring gamelan kathah,lajeng tinabuh egonge, tinitir panjumenur, samuya kagyat wong
majapait, rahaden tinakenan, sapa kang susunu, teka wani nabuh gongsa, kyai sekar dalima kagunganji,
rahaden Cinekelan. Astanira kiwatengen aglis, sira wau dyan bondhan kajawan, kang nyepeng kinipatake,
ana ing kang kabentus, weneh bunyak banthuk lan pipi, ceko baune sempal, dyan jaka amuwus, anabuh
gong ing sun dhawak, teka padha adahwen nyekeli mami, wus katur sri narendra. Raden Bondhan
kajawan pinanggil, prapta ngarsanira Naradipa,Brawijaya ngandika lon, nakke sapasireku, sira wani
nabuh gong mami, kyai sekar dalima, dyan jaka wotsantun, anakipunjuru sawah,nulya nusul juru sawah
prapteng ngars, ngemori kang atmaja. Juru sawah langkung denira jrih, rangraos prapta ing bilahinira, sir
naranata delinge, eh juru bocah iku, apa nyata anakireki, gya matur awotsekar, gih yekti pukulun
tanuninga kala angkat, ngrumiyini,ambadherekaken pari, pejah gesang konjuka. Sang aprabu kemutan
yen titip, atmaja jalu mundhut paesan, tinimbang neng pangilone, warnanya lir sang prabuy, lon ngandika
sri narapati,jurusawah nakira, para k kena gupuh, mring ki jebeng tarub srahna, Raden Bondhan pinaring
kris saput pranti, dhapur mlela gendhaga. Prabot sapangadeg denparingi, sarta raden bondhan binisikan,
mring nata wruh anamu meh gempuring Majalangu, sinakraton pan emeh ngalih, sira nutugkenbenjang,
neng nagri Mantarum, run tumurun tedhakira, wis mangkata dyan bondhan wus angabekti mundur
sangking ngayunan. Juru sawah ngiring wus lumaris, sapraptane ing wana binegal, wong sawelas kang
menggawe, ing ngijen raden wau, wong sawelas tan ana kari, ginoco mung nyapisan, kapisanan lampus,
datan amindhoni saya, pan saberas pugut pucuke kang keris, marma tedhak Mataram. Datan arsa
angagema keris, awak-awak waja duk semana, raden bondhan kawitane, lampahe dyan lestantun, wus
angambahi tepisiring, manjing taruba padesan, kiyageng duk lungguh, neneg wisma lawan kang putra, ni
Nawangsih wus aeng ayu kang warni,lir widadari swarga. Wayahira pan rumaja putri, kakangane pan
angusak taman,ki Jurusawah praptage, wus lumebeng iipintu kyageng tarub apa ningali, marang \ing tamu
\nira, anulya tumurun, ngancarani mring kang prapta, pinaraka ingsaluka kang lan mami, sinauran
sumongga. Ginelaran klasa sami linggih,juru sawah lawan raden bondhan, kajawan aneng wurine,
kiyageng tarub muwus, sami lujeng kang juru sabin, sinauran anedha, para kramanipun, kulapunika
dinuta, mring sang nata brawijaya maos pait, maringaken kang putra. Raden Bondhan kajawan kang
nami, mangsi borong ing karsanindakna, srinara pasrahlamine, kangkana kyageng tarunb, wus sanduga
kasaning aji, gih andika matura, anuwun jumurung, sawusira sinebran, sigra pamit ki Juru sawah wus
mulih, Raden Bondhan sinungan paparab, dyan lembu peteng namane, kinanthi siyang dalu,
sinaduluraken tumuli, lawan atmanjanira, naangsih sang ayu, radyan ayuwa taha-taha, iya iku sadulurira
pawestri,ngladeni marang sira. Punika taksih wonten candhakipun.
=========================================
Ongka 38, Kemis kaping 15 September 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Ing ngatasing para Amtenar Walandi, tuwin Amtenar Jawi.
Tuwan Ariyon kontelir Irsteklas 2 tuwan W.Berekam, Ufonderweiser ing ambuinah, 3 tuwan
Y.B.B.Bertel, sekut pulisi ing Riyu, 4 tuwan H.L.Weter, Irste Kumispos ing Waltevreden Batawi, sami
kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi, awit saking sakit.
Tuwan C. Rus kakulawisudha dados Irstekumis pos ing Wltevreden Batawi
Kanjeng TuwanOfAisen residhen ing Palemang pikantuk pansiyun
Tuwan Sekemaker, ufkumis kantor Sekretaris kaundur saking pangkatipun, kalayan urmat.
Tuwan Vandhenbose, Asisten Residhen ing Selebes kakulawisudha dados residhening Palembang.
Tuwan Prangka kula wisudha dados ufkumis sekretari.
Tuwan Pandhedhalem kakulawisudha dados kontelir twedheklas.
Tuwan Panhiret kakulawishda dados pak ismister sarem ing Palembang.

Kasebut ing serat kikintunan ingkang kapacak ing serat pakabaran Slompret Malayu.

SAMARANG

Mas Reksawijaya, Asisten wadana dhistrik Kredhenan Afdheling Grobogan kakula wisudha anggentosi
kang rama dados Onder Kolektur ing Grobogan kapatedhan baleonja 175 rupiyah sawulan.
Raden jayasudira, Asisten wadana ing Samarang, kakulawisudha dados Asisten wadana Kradhenan
kapatdhanbalonja 100 rupiyah sawulan.
Mas Reksasemita, mantri pulisi wetan kitha Samarang, kakula widha dados Asisten wana ing Samarang,
kapaetdhan baleonja 100 rupiyah sawulan
Raden Bei Wongsapraja, Mantri ulu-ulu,kabupaten Saarang, kakulawisudha dados mantri pulisi
wetankaparingan balonja 65 rupiyah sawulan.
Mas Sasrawijaya. Juru serat ing kantor Asisten residhenan Afdheling Grobogan kakulawisuydha dados
mantri ulu-ulu kabupaten Samarang, kaparingan balonja 50 rupiyah, sawulan.
Mas Niti Astra, Juru seratipun tuwan Kontelir ing Grobogan kakulawishda dados Juru serat ing Kantor
Asisten Residhenan Grobogan wondene ingkang anggentosi dados jurus eratipun tuwan Kontelir wau, ing
sapunika dereng wonten.

JAPARA

Raden mas Pani Sasraningrat wadana ing Juwana, kaelih dados wadana ing Mayongk kapatedhan balonja
200 rupiyah, sawulan.
Raden Wongsawinata, kakulawisudha dados wadanaingJuwana kapatedhan balonja 200 rupiyah sawulan
Raden Cakrawinata, mantri kabupaten Japara, kakulawishda dados patih ing Japara.

REMBANG

Mas Sastradikrama, Juru serat wadana dhistrik Jatiraga, bawah Tuban kakulawishda dados mantri
Gambong dhistrik Renggel, bawah Tuban.
Raden ngabei Prawiradiwinata, magangan ing kantor kabupaten Tuban kakulawisudha dados Juru serat
ing Jatiraga………
BAGELEN
Raden Ngabei Prawirayuda, patih ing karanganyar kaparingan pensiyun 62 rupiyah, 50 sen sawulan.
==============================
Cariyos tuwin pawartos warni-warni

SURAKARTA

Raden Mas Arya Nataningprang, kaptin infantri 2 raden mas Arya Pakuningprang, upsir kapaleri, 3 raden
mas Arya Yudaningrpang, kwartir mister sami kaleres ingkang rayi kanjeng gusti pangeran adipati
Sasraningrat ing Ngayogyakarta, sami kapatah wonten ing Surakarta, supados amangarosa ing ngatasing
pigunan militer ing leiyun Mangkunagaran, priyantun titiga wau, karsanipun kanjeng gusti pangeran
adipati Ariyamangkunagara, sami kaprenahaken wontening loji peken pon, caket dalem tuwin bawah ing
Mangkunagaran.

BETAWI

Nalika tanggal kaping 24 Agustus ingkang sampun kapengker, kanjeng parentah ageng, sampu karsa
amatrapaken paukumanipun para durjana raja pejah sapanunggilanipun, ingkang kasebut ing ngandhap
punika. Gung-gung tiyang 42 ingkang sami purun purun adamel raresah, wonten ing Bekasi, kadosta:
tiyang 8 kaukum gantung ngados dumugi ing pejah. Tiyang 13 kkapatrapan pangene wan kadunungaken
wonten sangnadhaping pagantungan, dangunipun saprapatan jam sarta kabucal sajawining pulo jawi,
mawi karante laminipun 20 tatun. Tiyang 12 kapatrapan pangewane-ewan, ugi kadunungaken wonten
sangandhaping pagantungan, dangunipun sapratan jam, sarta kabucal sajawining pulo jawi, mawi karante
laminipun 12 taun. Wasta tuwin dosanipun pasakitan 8 ingknag samikaukum gantung ngantos pejah wau,
kacariyos kados ing ngandhap punika: 1 Drispaknairun, 2 Seran Pakarsan, 3 Mendringpaknirun, 4,
bojodpak seyan, 5 niran paksaderan, sami amejahi dhateng tuwan meyer kala rumiyin dados sekaut, upas
ing Japeng, tiyang cina ing gundhul, tuwin pencelang awasta rasimun ing celaha, 6 sakun pak Sete,
ingkang ambesmi griya, 7 Aleng abdi pulisi, 8 Asimpaktundha, ingkang sami dados kapaning raresah
wau. Jaidin pak Jibah, ingkang mejahi tuwan dhekiper, Asisten residhen ing Mister Kornelis, punika
sampun pejah wonten ing Kunjaran. Sarampungipun amatrapaken paukuman punika, para sesakitan ing
nginggil wau sami kabekta dhateng ing Batawi,lajeng badhe kakintunaken dhatenging Mentok, ing
riyu.,ing Padhang, ing Makasar, tuwin dhateng ing Pulo Mulukes,menggah bangkening pun tiyang 8 wau
boten kalilan kapetak ing Tambun, kedah lajeng kabekta dhateng Batawi, badhe kakubur ing ngriku.

Bandhung

Awit saking pakabran, kanjeng raden Adipati Wiranata, ing Bandhung, ingknag sampun kalilan angagem
bintang pranes jusep saking nagari Usterik, ing sapunika awit sih dalem, kanjeng raja ing Prislan,
kaparingan bintang makutha, ingkang winastan,Krun, Ordhetwedhektas.

BATAWI

Nalika tanggal kaping 3 wulanpunika ing griyaniun tuwan M, ing Tanah Abang, kalebetan ing durjana
pandung, sarana babah tembok menggah ingkang kenging kabekta ing durjana, tormel satunggil, isi arta
kathahipun 2500 rupiyah.

Punika candhakipun cariyos perang.

Kitha Sarbrih ing mangke kinepang dening mengsah, sarta binendrong ing sanjata tuwin
mariyem,kalampahan sanget risakipun, punapa dene ing Met ugi kinepang dening wadya bala Prislan
kathahipun 400000 ingkang kaerehaken kanjeng pangeran adipati anom ing Prislam, sanesing
wadyabalaprislan anglajengaken panglurugipun dhateng karaton ign Paris, Marsekalek basini
titindhihipun wadya bala ing Pangkrik, ingkang dumunung ing salon, ing sapunika dereng karsa
umangsah perang. Ingkang kapratelakaken, kathahing tiyang katiwasan utawi pejah, kala kaperang wau,
wadya bala prislan 40000 dene wdya bala pangkrik 50000 nalika perang caket kitha ing Met, wadyabala
Pangkrik ingkang kabranan 15000 kajawi ingkang sami lalis. Ingkang kacariyosaken, kanjeng raja
napoliyun, boten karsa arurukunan ing salaminipun, bilih satunggal nbongsa Prislan taksih ngancik ing
tanah Pangkrik, kapaleri Prislan sampun wonten ing Biyen, sanesing wadyabala umangsah dhateng ing
Salon, wondene wadyabala ingkang katindhihan kanjeng pangeran adipati anom ing Prislan,s ampun
manggen wonten ing Sindhisiye, marsekalek Basini, a\ingkang kacariyosaken sampun kumpul kaliyan
marsekalek makmahon, ingmangke katempuh dening wadyabala Prislan, lajeng sami piyak malih,
ananging marsekalek makmahon angangkah bdhe kumpul malih kaliyan marsekalek basini wau. Kitha
Palesboreh sampun katempuh dening wadya bala Prislan ngantos rambahkaping kalih, ananging tansah
anenggalani, ingkang kathah kathah wadyabala Prislan dumunung wonten ing Predhin wondene kanjeng
{angeran adipati anom ing Prislan andumugekaken panglurugipun dhateng karaton ing Paris, milaing
sapunika para tiyang ing Paris sami kapirantosan dedamel supados santosa anggenipun anenggalani,s arta
sampun ngantos kalampahan kinepang dening mengsah, Kanjeng raja napoliyun, karsa anjampangi
lampahing wadya bala Pangkrik, ingkang katindhihan dening marsekalek makmahon wonten ing Pusiye,
prenah ler wetanipun ing salon antawis 12 jam tebihipun, wondene pangajenging wadya bala Prislan
sampun anjog sakiwa tengening Salon tuwin ing Eperni.
Babad dameling prang, kacariyos kados ing ngandhap punika.
Ingkang winastan mariyem mitreliyo kawwujudanipun wuluh sanjata buwis kasungsun,mawi balongsong
tosan lomponganipun 37 iji, kaisenan mawi patruman saking wingking, bilih pisasan angedalaken mimis
37 lampahing mimis pencar sarta leres wah taksih kenceng tebihipun 1500 utawi 1700 elo, ing dalem
samenit mariyem punika saged kaungelaken rambah kaping 8 mila kanggening merang sampun kalebet
anglangkungi prayogi piyambak ing ngatasing dadamel sanesipun.

Panjurung serat Bramartani

Awit saking sanget pamuhikula kawujudanipun tata tentremuing nagari daleming Surakarta, mongsa
punika ingkang tatela kula sumerep pikewan kapal maesa lembu maena ingkang ucul kantos nyipeng
sawatawis dalu malah barang ringkes,kados kala ing alunalun wonten tatingalan mongsa dalu agemipun
usap tangan raden mas ariya Brajawinata ing mangkunagaran rentah boten kasumerepan utawi ing sanes
dinten sanesing barang tuwin sanesipun tiyang ingkang gadhahpunika bilih kapanggih ing tiyang punapa
dene ingkang kauningan tiyang pulisi patro tuwin rundha, lajeng kalapurakendhumateng pangagenging
pulisi saha lajeng kaaturaken ingkang kanjeng parentah ageng, tumunten kaundhangaken, samawan
prakawis lampahing dursila pandung celer ngutil apus, sanget sudanipun saengga meh kenging
kawastanan sepen katimbang kaliyan ingkang kala jaman rumiyin, utawi pattrapipun manawi wonten
griya kabesmen boten kantos dangu lajeng saged sirep awisingkang anglanjak ing griya sanes jalaran
saking rikatipun para tandang anetepai undhang-undang wiradating nagari, awit saben wonten ungeling
kenthongan utawi bendhe, kangjeng tuwan resihden akaliyan kanjeng raden adipati, punapa dene para
gusti tuwin paraageng sanesipun, boten saronta enggalipun rawuyh, sarta abdi dalem konca bramantya
kanusul dhateng, ambekta pumpa sapirantosipun timba cucul tuwin mrakas gandhol ait ageng ingkang
anama bramasara. Kalangkungan malih sareng parentah pulisi ageng nagari sampuna anyepengi durjana
ingkang angecu ing wusana puluhan basin ngaden kapatiyan tuwin ing Nusupan, sapriki durjana wau
tentrem boten angambah ing Surakarta, wasana inggalpunika kula amarengi dhateng kantor pulisi nagari
Surakarta anyumerepi serat dhawah ingkang jeng parentah ageng nagari amewahi pranatan malih, amurih
wewah sirnaning ngudur tuwin reresah, saking renan kula kantos kula tedhak menggah tatedhakanipun
kados oing ngadhappunika boten punapa anggen kula kapiadreng anglebetakening serat kabar Bramartani
mugi tulus sakarsa dalem kanjeng parentah ageng wau, sarta jinurung dening kang amurbengngrat.
Kasarat ing sakidul Jebres Surakarta kaping 14 September 1870. Katandhan pun Arjaprajana.
Tatedhakan serat dhawah ongka 95

Penget layang manira parentah kanjeng raden Adipati Sasranagara, dhawuh amarang para bupatilan para
panggedhe ing Surakarta. Lirring parentah, sarehne manira kerep anampani ature tuwan tuwan kang
amajegi bumi desa, sumedya inolan bumi desa ginawe dalan utawa paedah liyane, arurukunan karo
prayayi kang duwe gagadhuhan bumi desa mau, ananging durung sapisan manira anampani layang kang
dadi prajangjiyane. Ing mengko manira anggalih prelu, para priyayi kaduwe gagadhuhan bumi desa
manawa sumedya ngulungake marng para tuwan, utawa padha jawa, jalaran bumine arep kaanggo,kajaba
ijole wus anetepi apa lumrahe ing desa kono, kudu nganggo seksi ora kena kurang saka wong nenem sarta
kasumurupna ing pulisi utawa nganggo prajangjiyyan lawase nggone ngijoli, kayata: manut lawase
nggone amajegi bumi desa, utawa lawase duwe wawenang marang bumi kang diijolake, nganggo
kapratelakna keh sathithike kang di ijolake etungan elo Nederlan lawn wujude kang ginawe wates sarta
jkenenging wongkang anekseni, banjur kapacaka ing layang pratonda prajangjiyan diecapi sarta
kaunggahna king ebuk dene bupati pulisi kang ambawahake bumi desa mau, banjur kauningakna ing
nagara metuwa saka wadanane kang duwe gadhuhan di ijoli, mulane mangkono supaya balining bumi
desa marang kang angijoli sarta kang ing ngikjolan aja kongsi pakewu. Iku banjur pakenira dhawuhna
warata marang karerehan pakenira kabeh, manawa ana kang ora angestokake temahan dadi prakara, iku
bakal kainakake ing parentah. Dhawuhing parentah ing Surakarta kaping 5 September 1870. Katandhan
sarta kacapan dening kang angasta panguwasa ing nagara Kanjeng Raden Adipati Sasranagara.

Tatedhakan serat dhawah ongka 793

Pengetan layang manira parentah kanjeng raden adipati Sasranagara, dhawuh amarang pakenira raden
tumenggung suradirja bupati wadana pulisi ing Surakarta. Liring parentah sarehne tumindak sarta
kencenging patrolan rundha andadekake sudaning rurusuh maling sapanunggilanae amuwuhi tata arjaning
nagara muwah desa ing ngadesa, ing mengko manira anggalih wuwuhe kareksaning raja kaya, sarupane
panggedhening desa kayata: Ngabei Demang Panglawe Bekel sanadyana amung ana kamituwa iya iku
kaaranan pulisining bumi wawengkone, amardiya marang sarupane kang duwe kewan kebo sapi
sapapadhane, manawa angon aja, angamungake ditungggu ing bocah, nanging ditungguwa ing wong tuwa
utawa bocah kang wus sumurup ing weweka, sarta dipangkat-pangkatake sathithiking raja kaya, yen raja
kaya sawatara okeh aja amung diengon ing wong siji, nanging uga diengon ing wong luwih saka siji, lan
agawaha kenthongan supaya aja kongsi anemu tiwas sak ilanging kewane amarga dibradhad ing durjana,
manawa ana kang kabradhadan kenthongan mau ditabuha kang kerep wong ing desa saecedhaking
pangonan mau, utawa wong kang krungu unining kenthongan enggal padha teka akalawan miranti kang
ginawe tutulung wong kang kabradhadan mau, manawa ana sawijining wong kang ora teka, banjur
kalapurna ing parentah bakal kapatrapan paukuman. Kang iku pakenira banjur andhawuhna marang
bupati pulisi Pajang Sukawati kabeh, anglaksanana apa kang wus kasebut ing dhuwur mau,. Sarta para
bupati pulisi aweha layang marang para tuwan kang amajegi bumi desa ing bawahe dhewe-dhewe, supaya
abiyantuwa tumindaking pranatan tumrap ing bumi pamajegane kaya kang wus kasebut ing dhuwur,
amurih wuwuha kareksane darbeke wong cilik poma. Dhawuhing parentah surakarta kaping 2 September
1870. Katandhan Sarkacapan dening kang angasta panguwasa nagara kanjeng Raden Adipati Sasra
Nagara.

Benjing dinten Salasa tanggal kaping 20 wulan September taun 1870 wanci sonten jam wolu, tuwan Ores
badhe angatingalaken sekar latu sakalangkung sae wonten ing ngalun-alun surakarta, mawi bayaran kados
ingngandhappunika:Ing panggenannomer 1, 2 rupiyah, 50 sen; Ing panggenan nomer 2, 1 rupiyah; Ing
panggenan nomer 3, ½ rupiyah.
Para priyantun ing salebeting kraton dalem Ngayogyakarta, ingkang sami ngemim serat Bamartani taun
1870, manawi karsa ambayar wragadipun 12 rupiyah pethak ing dalem sataun sami kaaturi angintunaken
yatra wau dhumateng tuwan Pilip, utawi ingkang dados wakilipun, awit sakathahing serat pethuk yatra
wragad Bramartani taun punika sampun kula pasrahaken dhumateng tuwan Pilip wau, Surakarta kaping
15 September 1870, Tuwan Purneman

Kula tuwan Weiting, angaturi uninga, manawi kula ing sapunika sampun ngalih ing griya, ingkang tilas
dipun dalmi tuwan Teisen menggah griya kula wau ngangge tatenger ting ageng, mawi gelas abrit tuwin
ijem.

Gambaring nagari Pangkrik tuwin Prislan ingkang amratelakaken prenahing panggenan pundi anggenipun
paprangan bongsa kakalih wau, namaning panggenan sadaya mawi seratan tembung jawi tuwin Walandi,
satunggal regi 2 rupiya.
Para priyantun ingknag ngarsakaken kenging pikantuk tumbas saking tuwan Purneman ing Surakarta.

………
Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran.

Lamun arsa dhahar sira gusti, amundhuta marang arinira, sareng ngadhahar arine, mangkana kyageng
Tarub, karyanira marang wanadri, amatun gaganira, rahadyan tan kantun, milwa matun gaganira, lamun
mantuk dyan lembu petenga reni, maksih amatun gaga. Yen lumampah enjing ngariyini, datan mantuk
lamun dereng serap, dadya kyageng saya siye, wus lama raden bagus, wayahira pan sampun akhir, ni
Nawangsih semana, brai sandhangipun, dyan Lembu Peteng karyanya, saben dina ababad maring
wanadri, karya lalahan gaga. N9I Nawangsih sabendina ngirim, cekul sumnbul lawan jangan nedha, sarwi
anyangking kendhine, mantuk kelamun surup, lawaning kang rayi deniring, linirik saking wuntat,
ciptanireng kalbu, dyan lembu peteng kasmaran, sabiling tyas nanging tansah den sandhungi, tungkakira
sang retna. Sangdyah rara aturira aris, dhuh si kakang nyandhung tungkak ingwang, wanti-wanti
panyandhunge, kang raka risgumuyu, yayi enggal kaselak wengi, yen dinu kanjeng rana, den rikat
lumakul sapraptanira ing wisma, ni nawangsih matur mring rama bibisik, kala wau pun kakang. Lembu
peteng mantuk sing wanadri, sikil kula tansah sinandhungan, saking wuri kula toleh, panyandhungira
mambu, kula srengen kakang sengadi, selak kawnegen marga, kiyagenging Tarub, mesem nakingsun
diwasa, lon ngandika wus jamak ke putra mami, sudlur guguyonan. Tata tita pinanggih kennuli, si rara
den lembu peteng lawan, ni Dewi Nawngsih mangke, rina rengga duk dhaup, tan kuciwa kakunge pekik,
anglir hyang kamajaya, estrinira ayu, sorwidadari kaendran, duk semana samya sih siniyan kalih, siyang
dalu tan pisah. Ri mangkana sang srimajapait, garwanira putri sangking Cempa, putra nata Cempa kang
nem, gumantya rama kang wus, muksa ratu idarawati, garwa ingkang taruna, putri cina wau, wus wawrat
ngidham kaworan, sring padudon karya runtiking narpati, tinrimakaken marang. Arya Damar mring
Palembang nuli, timbalaning nata tan kalilan, tinunggila ing resmine, yen wus wawrat tan metu, arya
Damar kalilan nunggil, yenlanang sinungaran, mraden patih iku, sakarsane yen wanodya, kawarnaha
sang pandhita ngatas angin, kang wonten nagri Cempa. Ki Sehwali Lanang ingkang nami, lawan
garwanira putri Cempa, pan kekalihpatutane, pambajeng jalu bagus, raden rahmat ingkang wawangi,
wasis pasang wiweka, ngelminira putus, arine wanodya endah, rimangkana dyan rahmat mring rama
pamit, panarsa angawula. Marang sang aprabu Majapait, lan putrane kang nguwa binekta, sang pandhita
musakime, dyan sangri wastanipun, dyan umangkat rama tutwuri, angateringkangputra, marang
majalangu, sapraptane Majalengka, sang pandhita ngatas angin wus apanggih, lawan sri Brawijaya.
Sawuseira masrahkenkang siwi, kakalih marang srinaranata, sang pandhita sigra lengser, mring nagri
Cempa mantuk, putra kalih tinilar ngabdi, mring nata katarima, saedamelipun, jatmika abetah tapa, neng
jropuri katrangginas sing kardi, kalie kinasiyan. Srinarendra sigra animbali, santana kang saking
pajajaran, dyanb wuilatiktanamane, punika kang susunu, adipati kiarya sidik, sekawan pturanira, ingkang
tunggal ibu, pambaun dyan wilatikta, kangpanggulu ki Ronggalawe ing tubin, pandhadha arya teja.
Wuragile dyan jaran panolih, prapteng ngarsa narpalon ngandika, wilatikta atmajane, kang estri ing sun
pundhut, sun panggih ken lan rahmat ugi, manakawana mring wang, iku tarumuhun, iya uga Wilatikta,
matur nembah sumongga ing karsa aji, kawula tan lenggana. Sadayanya kagungan narpati, wus
sinaosakenputranira gya pinanggih aken age, sawunya samya atut, raden rahamat anuwun pamit,
dhudhukuh wanira, nagri surengkewu, angsal idin amumulang, ing sang nata, taatane agama suci,manut
ing Nabiuollah. Ngandika ris sang gsrimajapait, iya ingsun lilani kang arsa, kang tan arsa dimen makseh,
agamane karuhun, raden rahmat umatur aris, ngabekti ngaras pda, anembah wus mundur, umangkat lawan
kang garwa, tan kawarna, ing marga pan sampun prapti, kang wana dinekahan. Ing ngaranan dhukuh
ngampel gadhing sampun kathah ingknag tumut wisma, winulang kitab kuran, ngadegen masjid agung,
samya salat sakehing santri, wus madeg kangjumungah, dhikiran gumuruh, sabab den e ngaji smya, santri
kathah siyang dalu ngelak ngelik, ngapilaken kitabnya.Arya teja putranira estri, dhaup lawan dyan santri
ing cempa,burereaha tutkramane, aneng Garesik dhudhukuh, amandhita tengah wanadri, ran she
dumadilkubra, garwa wawrat sepuh, gya babar seda konduran, putranira estri ayunira luwih, ing ngemong
mring kang rama. Lami-lami atmajaniraki, saya endah ing suwarnanira, neng tengah wana wismane, adoh
lor kulon kidul, tnpa wonten ingkang ngrasani, lama-lama awawrat, lan sudarmanipun, she ngabdul wau
kalepyan, atirakat pandhita ngideri bumi, kalangkung mesutapa. Sapraptane mantuk aningali, wutranira
putri ngemban putra,jalu abagus warnane, sireku beng tauwus, ngemban putra lakimu endi, sang retna
aturira, punapa sang wiku, supe pduka kang karya, kesah tuwan kawula tinilar bunting, punika dados isra.
Yen mangkeono anak putu mami, dalah mangke pandamel babasan, anak putu wicarane, mangkana sang
ngawiku, langkung wirang marang hyang widi, tobatira nasoka, sakalaha gebyar, bengawan garesing
kesda, jisimipra sewangan tan bisa keli,amancaer aneng tengah. Gya pinedhem marang wong garesik,
pinenedananulya pinetak, sinuranah sidekahe, sabening mangsanipun, sekaul pulen jangan nemenir,
pecele ulam toya, pangepaunge surup, dang cukup sugiye mundhak, kon traksapa wonge ingkang arsa
sugih, muleya sapta jumngah.. marang kiseh kobraNgabdul Kadir, ing sakallah wongkang amelarat,
dening hyang den wehi gawe, sakarsanira ontung, ngabdul kadir kobra tamberkati,marma wong grsik
samya,sadayane cukup, kocap wonten maolana, saking juldahngatas angin kang nagari, ran she wali
lanang kak. Panjumujug masjid ngampel gadhing, wus sapanggih lawansun narahmat, sinugata sakarsane,
tinayarn karsanipun, praptanira mring tanah jawi, saure mung lelana, apan arsa laju mangetan mring
balambangan,pamit mangkat prapta balambangan nagri, sang dipatya blambangan. Putasnira estri nuju
sakit, tinambanan she kang lagi prapta,lajeng mulya, pinanggih aken wau, maolana lawan sang dewi, atut
apal krama, asih kalihipun, adipati balambangan, kinen islam, mring mantu anyentak wani,ingsun tan
gelem eslam.; Ki seh wali Lanang nyentak runtik, mundur palarasan lajeng kesah, tinilar maranginglaki,
siyang dalu karuna. Balambangan pinarag gaering, panerkane wau sang daipatya, dene ing wawetengane,
kang lunga minggat mantuk,monga tenungira nagari, wu lair kang wetengan, jaluwarna bagus, kang bayi
gya tinela, mring dipati balambangan jabangbayi,linabuh ing samodra. Gantya ingkang winursita malih,
patih Gresik namane Kemboja, pejah rondha wong wadone, adagang karyanipun, nyai rondha Kemboja
sugih, dagnage kinen layar, mring Blamabgna wau, neng ngaut manggih tabela, isi bayi,anulya binekta
mulih, sinung kenya irng srondha. Nyai rondha kemboja Gresik, langkung suka wau manahira, antuk bayi
padagane,neng gendhaga sinambut, pan panuwun den gumateni, lama-lama diwasa, sinungan jujuluk,
raden gira namanira, ing ngaturken sunat rahmatkinen aji, pasantren Ngampeldenta. Manah landhep
pangajine reki, sakehing kang aksara wus bisa, rapal maknalan murade, rasane wus kacakup, ngelmu
jatiwus angawruhi, katrimeng gurunira, wus ing ngaken sunu,marang jeng susuhunan rahmat, sirnadulur;
rakenlan putranenenggih, raden bagus pangarsa. Raden Bagus banter kang prihatin, siyang dalu tandha
artane dra, tumandanuk tinggal eninge, angliyek siyang dalu,nulya kebo lanang pinatin, binedhel
jrohanira, winedalken sampun, nulya wau sinarenan,kang talingan grana tinutupan sami, tutukalawan
netra. Sawusira mlebet raden pekik, kulit kebo nulya ing ngedoman, luware nganti gogroge wus lama
raden bagus,kang maesa gogrog wus bbresih, lir emas sinepuhan, warnane dyan bagus, ngelmune
walibinuka, marang rama sunan Ngampel paningelih, nama Sunan Bonang. Witsami kwasa amanjing
wali, atapa neng jroning kebolanang, rembagan lawan arine, dyan giring den jak ngalngut, sampun
mangkat acara druwis, prapta ing nagri sabrang, malaka jinujug, panggih lan Seh Alul-iman, kinurmatan
aneng masjid dipun alit, tinanyan aturira. Amba kalih santri tanah jawi, yen pinareng badhe dhateng
Mekah, Seh Alul-iman delinge, maniratan saeju, marang Mekah ngambil punapi, mung angujudi sela,
kedhik kang pakantuk, suwunge nagara jawa, lah pikiren ramanira wong sawiji, susunan Ngampel denta.
Lamun sira nyelam ken wong jawi, iku agung ing mupangatira, tinarima ing yang manon, panggawenira
iku, wus muliya nakingsun kalih, sigiri wakilira, ing pamulangipun, ramanira saya tuwa, yasibonang
amuruk kapara wali, iki wasiyating wang. Jung kat keskulan kulambi silir, sun juluki anyakrakusuma,
yasigirwasiyate,jubah rasukanipun,timbul toyaraning kulambi, ya sang prabu Satmaka, jujulukanipun
karowis padha mangkata, atur sembah: gya lengsering ngarsa kalih, mantuk mring tanah Jawa. Punika
taksih wonten candhakipun. …..
Ongka 39, Kemis kaping 22 September 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Tuwan E.E.Inse, juruserat ing kantor sekretaris kaparingan pamit kesah dhateng ing nagari Walandi,
awit saking sakit.
Tuwan Ireis Ilep onderweiser, kaundur saking pandamelanipun.
Tuwan Van de Phul kakulawisudha dados Irstekumis ing kantor sakretaris
Tuwan Ipeldhop kakulawisudha dados Twedhekumis ing kantor Sekretaris
Tuwan Aokah, kakulawisudha dados ilep onderweiser ing Batawi.
Tuwan Fas Asisten residhen ing Mister Kornelis kaundur saking pangkatipun kalayan urmat.
Tuwan Dhegrut kakulawisudha dados Asisten Residhen ing Mister Kornelis
Tuwan Elbah Kontelir Twedheklas kaundur saking pangkatipun
Tuwan Kulman kakulawisudha dados Asisten Residhen ing Kuningan
Tuwan Kanterpiser kulawisuda dados Asisten esidhen ing Pandheglang
Tuwan Fis kakulawisudha dados asisten residhen ing Ciringin.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Mimis Aeng
Ingkang kacariyos ing nagari Pangkrik, wonten miis ingkang amutawatosi, mimis wau bilih kaangge
medalaken kukus wisa, sawarnining ngagesang kaambetan sanalika sami pejah mimis punika sampu
kacobi, katamakaken kutu kutu sami pejah, patrapipun kacemplungaken wonten pethi mawi
katutupan, lajeng dipun sanjata sapisan, sakathahing kutu-kutu wau, ing sauwat tanpa taton sami
pejah sadaya, sanajan pethi wau bolong katrajang ing mimis ambeting kukus wisa taksih muleg
salebeting pethi, dangunipun 20 menit mimis punika ing mangke dereng katamakaken bilih antawis
dereng kabutuh.

Mariyem Mitraliyo
Punika ingkang sampun kapratelakaken wonten kabar Bramartani, ongka 38 ing samangke sampun
kacobi ing nagari Pangkrik tuwin kacariyosaken kados ing ngandhap punika. Kapal kathahipun 80
kajejer ngalih dasa rangkep, 4 katumpakan bonekah akirib sarta agengipun kasami kalayan tiyang,
lajeng kaelos tebihipun 2300 jangkah sareng mungel kaping 2, kapal ingkang sami kenging
kathahipun 58 kataton sami repot karisakan.

TEMANGGUNG
Putranipun jaler Kanjeng Raden Adipati ing Temanggung, mijil saking selir umur 8 taun nalika
tangggal kaping 1 Agustus taun punika wanci jam 5 sonten dolan sajawining cepuri antawis jam 7
boten dhateng lajeng kaupadosan boten pinanggih, sareng enjing jam 7 kapanggih sampun pejah
wonten salebeting blumbang.

Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran

Sapraptaning wisma ngapel gadhing, raden Giri pinangih ken lawan, putrane jeng sunan Ngampel,
warnane luwih ayu, arinira rahaden Pekik, kinarya badal wulang, kang para santri agung, kang lapal
sinungan makna, ijmakkiyas mangsud ing Raden Muradi, neng kahwutar bukanya. Yen wus salim
nahwune wong ngaji, datan kewran sakathahing murad, barang kareping rasane, yun tuk
kwaleyanipun, ing pamore kawula gusti, keh ungele kang kitab, ywa kewraning ngumpul, ngelmu
tanpa liyan allah, salat aneng takbiratulikram musthi, aneng eulahuakad. Wonten tedhak rasul
ingkang prapti, ing carebon ingkang darbe darah, Jenal Ngabidin namane, putranira pipitu, patutane
lancem paputri, kakalih ingkang priya, nenggih ingkang sepuh, Molana Mahgribi ranya, kang
panggulu kiseh Akbar awewangi, estrinira titiga. Maolana magribi sisiwi, ki She ajiduta namanira,
She Akbar estri putrane, ki Jatiswara ayu, wonten trah ing jeng rasul maloih, prapta ing
ngampeldneta,nenggih darahipun, She Mamudinilkabiran, wus tinuduh mring sunan ing
Ngampelgadhing, ngimani Crebonira. Saurute Pajajaran sami, ing Barebes prapta banten pisan,
binorongaken islame, sapraptanira ngriku, naklukaken nagara suci, keh arjar kapelajar, botoh keh
kabutuh, rimangkana sampun krama, angsal si rani Jatisuwara kang siwi, She Akbar wus puputra.
Jaluwasta Sunan Gunungjati, wus madeg Carbon jumungahira, genti kang winuwus maleh,
palembang kang dhinapur, putranira jalu kakalih,pambayun raden Patah, wawratan sang prabu,
Majaait sak babarnya, gya sinaren putri Cina wawrat malih, babar usen wastanya. Wuragilira medal
pawestri, raden Patah lawan arenira, rahaden nusening mangke, pamit ing ramanipun, arsa marang
ing Maospati, manakawan sang nata, manawi sareju, linilan rama wus mangkat, jujug ngapel kaliye
sami angaji, rukuning agama Islam. Sawuseira bagkit kehing ngelmi, raden kalih anulya pamitan,
arsa nguwula sang rajeng wus k\kalilaning guru, nulya kesah mring Majapait, sapraptanireng praja,
lajeng candhela atur, katur nulya tinimbalan, Raden Patah lan Raden Usen kairid, mring patih
Gajahmada. Brawijaya angandika aris, marang sira wau kyana patya, bocah ing ngendi wijile kipatih
lon umatur, pun dipati Palembang siwi, abdin arya Damar, dene ingkang sepuh, wawratan sing tanah
jawa,kalanira tinarimakaken kang bibi, dhumateng arya Damar. Sampun awrat saweg tigang sasi,
sak babare gya sinaren wawrat, mijil jalu dyan Usene, dipatya Plembang patut, sareng myarsa wau
sang aji, nulya amundhut kaca, ngilo sang ngaprabu, tinimbalan raden Patah, Yekti sami pasemon
lawan sang aji,miwah pasikonira. Raden Kalih neng jro pura lami, katarima pangawulanira, dyan
Usen jinunjung linggeh, dadya dipati Terung, aran pecatondha dipati, sira radhaden patah, kinen
ngulon wau, punika saadyane maksih kupur, jeng sunan ngandika, dadya mengkono ki bayi, iya apa
alane sudarmanira. Ingsun niki angawula sang aprabu,mungguh ing ngagama, sinakarep tan
nglrangi, pinaringan tanah kinarya pradikan. Tanpa sebangenakenak amumuruk, miwah marang sira,
tumitah mungalam kabir, marganira iya saking ramanira. Apa ingkang sira wales ken sang prabu, ki
nulawisudha, gedhe sinungan nagari, wong saleksa ing Demak nama dipatya. Mardikangra toni
agama sadrum, anganggolinarang, kang ngungkuli sira bayi, iba iba paparinge marang sira. Dene
lagi tanarsa selam sang prabu, karsaning pangeran, Allah durung amarengi, anrimaha
aywagegemongsa sira. Adipati Bintara neng Surengkewuh, sampun tigang dina, lawaning ninggih
tigang latri, pamit mantuk mring mantuk sawadya budhal. Pansinigegen tya ta ingkang winus raden
wilatikta,sasedane tilar siwi,pan sajuga raden Saidnanira. Sakelangkung blundhah ing
pakaryanipun,manggung ngabotohan, keplek-kecek dhadhuposing, yen rahina gurang-gure ngadu
ayam. Lamunkalah sinuwek badaning sawung, yen kalah bebegal, dalune anggung mamaling,
ngadhang dalan kalamunan wong liwat. Wong sapuluh rong puluh binagal purun,ing ngijen kewala,
kang wong rong puluh barindhil,raden Said manggung mateni dadalan. Rimang kana jeng Sunan
Bonang lalaku, neng wana kapapag, arsa binegal an Said, lon ngandika marang karsa begalingwang.
Nora gawa donya sakondrira engsun, mung amundhi allah, keput prakempa puniki, lamun arsa sira
jebeng begal dunnya. Wong nyang pasar nglesem ika akeh elur, gawa dunya kathah sira begal laki
bayi, raden Said, anjomblong tan bisa ngucap. Tanpa krekat lepat lampahe sang wiku, mlebeng
masjid Tuban, mangkana rahaden Said sapa mau liwat aneng ngarsaning wang. Teka salin ing sak
iki manahing sun, ujare wong liwat, kanggginawa amung windhi, angebeki ing sakehing bumi alam.
Nulya susul dyan Said marang, kang langkung, nut labeting gonda, lir mayang jambe wangine, pan
mangkono labet kang wus aoliya. Gandanipun, ical judheg aneng tajug masjid dira tuban, silaneng
ngararing masjid, datan ngaub kapanasen lan kodanan. Rimangkana sunan Bonang arsa wulu,miyos
maring nglatar, aninglai mring kang linggih datan pandung yen Said kang arsa begal. Aneng wana
dedalan gedhe duk pangguh, jeng sunan ngandika, dene sira jebeng Said, apa karyanira sila aneng
ngalatar. Nembah matur kula arsa aguguru, dhumateng aduka, basa Allah kadipundi duk
kapranggulan amba tengah ing wana. Lon ngandika sunan Benang wruh anamu, wong maguru
awrat, tan kena mlepeng ing kapti, kinon malbu gerni gedhe mopo batal. Raden Said trur sembah
sumarah ulun, sanadyan lebura, kapula datan sumingkir, anglabeti ing guru kang pangandika.
Ngandika rum sunan Benang apa sarju, ing sun pendhemsira, wit sirarsa wruh ing windhi, raden
Said ature datan lenggana. Gya pinendhem dyan Said neng kilen tajug, jeng sunan gya kesah, lalana
nuruti kapti, ing saparan lamenira wus sawarsa. Nulya wangsul, mring masjid tuban andhudhuk,
papendhemanira, apa bauya maksih urip, samentase sadyan Said ketek kewala. Tan ngarejet tan
wonten nambekanipun, lor kapuk pusuhan, sinandhing ken mring wong tangi, ing ngiliran tinempuh
ing kukus panas. Guya ngarejet radeyan Said lya lungguh, lajeng ngaras pada. Sira sunan
Mangenjali, gya rinangkul kang jo9ngga mring sunan Benang.
Punika taksih wonten candhakipun. ….

Ing ngandhp punika pratelan enggal bab cacahing wadyabala Pangkrik tuwin Prislan ingkang sam
mengsah paprangan wadyabala dharatan ingkang mangsah prang
Pangkrik Prislan piyambak Prislan tuwin wadya
b bantonipun Dhislan kidul
Infantri 380,000 443,000 526,900
Kapaleri 51,000 47,000 55,000
Mariyem 1,344 1,284 1,590

Wadyabala Reserse pandungan tuwin kang winastan Lanwir, ingkang kenging kaangsahaken prang.

Pangkrik Prislan piyambak Prislan tuwin wadya


b bantonipun Dhislan kidul
Infantri 370,000 470,000 528,900
Kapaleri 16,000 47,000 33,100
Mariyem 125 208 208

Wadyabala Pangkrik Gardhenisonal nalika wiwit prang sadaya dereng jangkep kawonteniun mila
namung korep 3 tuwin 5, ingkang kenging kaangsahaken prang, gunggung 120,000 wondening
wadyabala Prislan kajawi wadyabala bantonipun dhislan kidul kathahipun meh sami kaliyan wadya
bala ing Pangkrik, menggah sanesipun wadyabala dhislan winastan Lanwir, kathahipun meh
satengah yuta, ingkang kenging kadhawahan mangsah prang, ing dalem sawatawis dinten, menggah
wadya bala punika sampun kapirantos an prayogi, sarta anyekapi anenggalani beteng utawi
sanesipun terkadhang kenging kalurugaken ing prang. Wadyabala Pangkrikingkang umangsah prang
sapunika, kedah kawewahan wadyabala saking Algir, tuwin saking sanesing beteng, ing samasa
kalurugaken prang dhateng lautan lautan saestu wadyabala sanesipun malih ingkang badhe
kaangsahaken mila kenging katambtokaken cacahing wadyabala ingkang sapunika wonten
paprangan kathah wadyabala Prislan kalebet bonkonipun kaliyan bala ing Pangkrik.

Kula nuwun manawi panjenenganipun saudara tuwan redhaktur anyondhongi, tuwin wonten
paedahipun panjurung kula punika mugi kapacaka ing serat kabar Bramartani, kawedalna benjing
kemis ngajeng punika, dados sapratondha biyantu kula. Kulanuwun ingkang mugi andadosna
kawuninganipun para mitra kula, sarehnin gkula sampun nyobi, manawi gendhis saren angangsari
bilih kaangge jampi sawanccenipun bongsa akit padhaharan, satuhu yen amitulungi, katranganipun
kados ing ngandhap punika. Manawi sakit padhaaran ingkang mawi angetdalaken rah akalaiyan
umbel punika dipun tim na jambu pethak ingkang keceripun abrit, punika ingkang dipun wastani
jambu bol, kathahipun 4 tuwin 5 iji, sami kasigar-sigar, gendhisipun naren antawis tigan bebek,
katoyanan satuwung pethak ingkang dhara, manawi sakinten jambu sampun mlonyoh, kaentas lajeng
dipun asabi kajeng sintok, ingkang ngantos karaos sepetipun, manawi sampun asrep, toyanipun
lajeng kaombekna dhateng ingkang sakit saben sak jam satengah ing silgelas anggur, ngantos sak
dhanganipun, raosipun dhateng padhaharan sakalangkung asrep tuwin lajeng inggal saras. Makaten
malih bilih sesakit wau karaos mangkel utawi mules, senep lan malilit, punika kadamelna jampi
kados ing ngandhap punika.

Kunir mentah mateng antawis 4 driji gendhis aren sak luwak, asem cemeng sak kemiri, adas pulasari
sawetawis kateoyanana wedang wantah 1 gelas toya, katelasna kaombe sapisan, tuwin katamtokna
ngombe jampi punika ping 3, sadinten, enjing siyang sonten ngantos sarasipunl, tuwin asring adamel
kamaryan dhateng bosa sakit napas utawi ampeg margi riyak saged medal, makaten punika
sarehning punika nawa jampi, ugi boten kenging yen kapesthekena, kedah tumindak kaliyan
jejodhon, anaming kapara yektos ingkang sampun sami mituhu ingkang kula prasajakaken ing
ngajeng wau sadaya, sami andadosaken mulya anggenipun sakit, kula sumongga.
Sukawati kaping 26 Agustus 1870
Katandhan Ngabei Darmakondha.

Ingkang serat, sarta ingkang tabe akathah-kathah, sangking kula Mas Ngabei Surabrata ing kitha
Bajanagara, mugi kaatur ing panjenenganipun ingkang saudara tuwan F.L.Winter, Redhakturing
serat kabar Bramartani ing nagari Surakarta. Sasampuning kadya unika wiyosipun saudara prelu
kula kedah ngaturi panjurung dhateng tuwan C.F.Winter, jurubasa sepuh king Surakarta, sangking
dening nggenipun karsa paring tulungan dhateng sadaya priyantun ing nagari jawi miwah ing
Madura, bab angggenipun anedhak pranatan pangagemanipun pameran prasasat andedahaken margi
ingkang padhang, awit ing saderengipun wonten buk tatedhak ing tembung jawi punika,
panampinipun sadaya para priyantun benceng kajeng pamanggihipun saha taksih kodheng, sareng
wonten buk ing tembang jawi, sadya lajeng dhamang semrawang, ananging wonten sakedhik
ingkang taksih sradi mengeng kadosta:

1, Bab warnining baludiran lunglungan utawi plesiri ingkang wiyar satunggal dim nederlan punapa
ngangge katemtokaken dharca…. warninipun sasembak angger wiyaripun sami kalayan
pasmesthiyan panggenipun satunggal tunggalipun priyantun, awit ing saupami kenging kangge
wangunipun piyambak saestu gampil boten susah ngangge tumbas dhateng Semawis utawi
Surabaya.

2, Bab bludiranipun rerenggan ingkang warni jene sarta selaka dinamel silih asih punika kados
pundi,punapa godhangipun bludiran ngangge kaseling seling godhong jene, sasodhong malih salaka,
punapa saben angipun jene utawi benang salaka sauwor daos satunggal lajeng kabludiraken awit
pamanggih kula taksih kirang terang.

3, Bab panganggenipun para mantri, kasebut ing kaca 5 nalikaan kaping 11 ongka XII sebbutanipun
Pinggiran gulon lan pojokan lengenan nganggo plosor ambane sadim Nederlan mangretosipun
pojokan lengenan punika punapa boten saubengipun pinggir lengen ingkang ngangge kaplisir…..

4, Bab kancingpunapa anggenipun patih,kalayan jaksa tuwin mantri alit alit angger bluderanipun
sami seling jene kalayan salaka kadamel silih asih, kancingipun punapa inggih warnenipun ageng
alitipun punapa inggih sami.
5, Bab kampuhipun para mantri alit alit kasebut kaca, 7 larikanongka tiga mungel para mantri
lanpara priyayi kang kasebut ing aksara B ongka XII:XII lanXIV iku ora kawajibake nganggo dodot
sasebutan kados makaten punika, panganggenipun para manri alit alit tuwin juruserat arak inggih
boten katemtokaken panganggenipun kampuh punapa inggih kenging wonten pasamuwan ageng
boten mawi ngangge kampuyh namung bebedan kemawon, wondening rasukaniun punapa inggih
kenging boten ngangge bludiran.

6, putranipun para bupati kasebut kaca 8 bab kaping 2 kancingipun punapa wonten modhel
warninipun ingknag katamtokaken punapa ingggih kenging kancing sawarni-warninipun kados
pundi, munapa warninipun bundher, punapa nyekar tanjung, pojiokanipun pjnten corakipun nglebet
kados pundi,punapa kenging nganggo angun sapikajenganipun piyambak ager agengipun 2 dim
nederlan mubeng ingkang kaca 9 larikan kaping tiga, mungel saliyane iku para anake bupati mau
padha nganggo anggone mantri dhistrik bedanemantri dhistrik nganggo retengan rupa salaka, anake
bupati mai nganggo reregan rupa emas kabeh, lo punika kakula taksih kemengan sanget punapa
inggih putra bupati wau kenging ngangge rasukan baludiran kados anggonangoning mantri distrik
punapa malih ukup calana kampuh unapa inggih kados apanggenan mantri dhistrik punapa klilan
ngangge manbut panganggenipun ingag rama, ing saupami boten kalilan ngangge basahan dhestar
tuwin nyamping tuwin punapa kenging ngangge seratan sapikajenganipun piyambak, punika bab
panganggenipun putra bupati kula nuwun katranganipun ingkang langkung terang.

7, Wadana sapanginggil saingga bupati punapa kenging menawi basahan boten kakesahan medal
sajawi nagari ngangge kuluk kanigara.

8, Punapa para priyantun menawi boten basahan kenging ngangge rasukanipun bludiran awit para
priyantun nem-neman punika, meh sadaya karem dhateng pangangge, sangking prangraos prelu
mangangge menawi wegca mentoni beksa kalayan basahan.

9, Punapa kancing ingkang ngangge leter W. utawi tudhung baludiran kenging kaangge padintenan

10, Tudhung Baludiran anggening patih, sarta wadana kalayan mantri alit alit wiyaripun karan
punapa inggih sami, yen kaot kadospundi gesehipun.

11, Ukup sangandhuping bupati namung kalilan ngangge pita abrit dadu punka punapa wonten
mesthi yen sasekaranipun pita, puna ngangge sapikajenganipun piyambak, angger warninipun sasi
pita abrit dadu.

Namung punika saudara panuwun kula, mugi wonten a pitulungipun saudara nglebetaken ing
pustaka Bramartani dalah wngsulan katranganipun saudara. Sangking watawis kula buslitipun
kanjeng Gupernemen ingkang sampun temtu ungelipun kaos karanganipun tuwan C.F.Winter wau,
ananging menawi tiyang ingkang kados kula saestu dereng dungkap sadaya, pramila badhenipun
sampun karsa nyetgakaken paring pitedah dahteng kula sadaya, sampun anggalih tanggel mugi
paringa usadaning tiyang ingkang taksih sami kodheng. Kaserat ing kitha Bojanagara 13 September
1870, Tulapan Surabrata.

Sanjata sunahel tuwin sanjata sasepo


Serat pakabaran saking nagari Pangkrik anyariyosaken bab papan dhinganipun sanjata sunahel ng
nagari Prislan kaliyan snjata sasepo ing nagari Pangkrik katranganipun kados ing ngandhap punika:
Sanjata Sunahel bilih kaungelaken tebihipun ing dalem gangsalatus elo lampahing mimisipun boten
saged angengingi dene sanjata sasaepo yen kaelesaken dhateng prajurit ingkang saged nyanjata,
lampahing mimisipun ing dalem sewu elo tebihipun taksih kenceng saged mencok ing eles, ingkang
punika kayaktosana sabab ing salebetipun paprangan ingkang mawi prajurit kathah sami ngangge
dadamel sanjata bilih lampahing mimis ing dalem gangsal atus elo tebihipun boten saged
angengingi, kadadosanipun boten aniwasi dhateng mengsahipun prajurit ingkang wonten ing
ngajeng piyabak awit sakinglepat boten kenging ing mimis mengggah pingunan ingkang prelu
sanget ing ngatasipun mimis ageng ingkang kangge ing sanjata sunahel awit sanjata punika
kaungelaken rikatan anelasaken sandawa kathah, dados karganing prajurit kedah kaisenan patrun
ingkang anyekapi,bobotipun patrunan sandawa kaliyan mimis babektanipun prajurit infantri
satunggal boten kenging langkung saking sadsa pun bongsa prasman bilih ambekta patrun ingkang
wawrat sadasa pun saged angungelaken sanjatanipun rambah kaping kalih langkung saking
sanjatanipun bongsa Prislan, ingkng andadosaken pakewed sanget wonten salebeting paprangan
boten langkung naming pangedumipun amewahing sandawa uwin mimis dhateng para prajurit mila
unduripun prajurit saking satunggiling pangggenan kalampahaipun yen mengsahipun taksih saged
angungelaken sanjata satunggil tunggiling tiyang rambah kaping 20 utawi 30 jedhotan, menggah
ungguling paprangan punika gumantung wontening dadamel ingkang katndukaken saking tatebihan.

Punika candhakipun cariyos perang


Panglurugipun wadya bala Prislan boten saestu dhateng kadhaton ing Paris wangsul anempuh
wadyabala Pangkrik ingkang ura, supados sampun ngantos saged kumpul. Awit ingkang kacariyos
ing serat telegram nalika perang ing Paren, wadyabala Prislan unggul juritipun, marsakalek
Makmahon sabalnipun sami mundur, atilar mariyem 12 tuwin wadyabala ewon ingkang
kabandhang, menggah skathahing baita kapal peranging Pangkrik samangke dereng umagut perang.
Sanesing serat telegram saking nagari Dhitslan amratelaken manawi wadyabala pangkrik ingkang
katitindhihan marsakalek Basini, prenah sacelakipun ing Met, mengsah perang kaliyan wadyabala
Prislan kang kaerehaken kangjeng pangeran Predherik karel,rinten dalu anggenipun sami perang,
sanadyan balanipun marsakalek Basini wauy sami banter ananging ytansah katitih, mariyem 30
tuwin prajurit kathahipun 7000 sami kabandhang. Nalika perang ageng ing Sedhan wadyabala
pangkrik kathahipun 300000, kala kasor perangipun marsakalek Makmahon kabranan kanjeng raja
Napoliyun lajeng angesrahaken sarira dhumateng kang jeng raja ing Prislan, aiwt sakantuning wadya
bala sami nungkul sadya, sanesipun wadya bala pangkrik kathahipun 12,000 samim lajeng dhateng
nagari Belgi lajeng mopo perang, sarta anyelehaken dadamelipun, wondene para tiyang ing paris
boten gimir, sarta sumedya andugekaken perang punika tuwin badhe anenggalani kadhaton paris
ngantos ajur mumur, mila samangke lajeng anglempakaken wadyabala enggal, kala campuh ing
perang wau wadya bala aprislan kathah ingkang katiwasan sarta ingkang sami pejah. Kapikutipun
kanjeng raja Napoliyun wontening Sedhan lajeng kabekta dhateng ing nagari dhitslan medal ing
Belgi, kajagenan satunggaling jendral Prislan sarta ginarebyeg ing wadyabala prislan, ing wasana
ingkang dadosing rembag kaprabonipun kanjeng raja Napoliyun lajeng karucat.

SURAKARTA
Kala ing dinten Salasa tanggal kaping 20 wulan September unika, ing alun-alun daleming Surakarta
wonten tatingalan ingkang sakalangkung sae, saha ambingahaken para tiyang ingkang sami dhateng
aningali, tuwan Ore welandi ing Batawi, ing dinten salasa wau wanci sonten amain kembang api,
ujudipun warni-warni tuwin sakalangkung endah, para tiyang ingkang sami dhateng ningali mawi
bayaran arta utawi lalahanan, cacahipun ewon, saupami benjing ing dinten tingalan panjenengan
saha wiyosan daleming kang sinuhun kanjeng susuhunan, wontena tatingalan malih kados ing
nginggil punika, iba samuanipun, owel sanget bilih botena kalampahan, mumpung tuwan Ores wau
sapunika taksih wontening Surakarta, mongka dhatengipun ing dalem 3 utawi 4 taun sapisan.
Ing Batawi wonten pakempalan utawi matsekapey ingkang kawastanan Osterling, inggih punika
ingkang sagah angrumeksa ingkang pasaraning griya griya awit saking kabesmen, tuwin baita ing
saganten ingkang jalaran saking katiwasan dening toya, wondene para titiyang ingkang griya utawi
baitanipun kareksa ing Osterling, punika kedah ambayar dhateng Osterlingw au, saha bilih griya wa
kabesmen utawi baitanipun katiwasan karisak kandening toya, amasthi pikantuk tatempah
samurwatipun. Ing mangke tuwan C.L.Y.Pan Ohendhorep ing Surakarta, kapitados dening
Matsekapay wau ing pangrumeksanipun griya griya ing salebetipun tanah Surakarta tuwin
Ngayogyakarta. Pratelaning beyakados ing ngandhap punika:

Manawi griya, pabrik utawi gudhang ingkang miyambak sarta katembok mawi payon gedheng,
kenging beya satusipun 3 talen ing dalem sataun, dene manawi sandhing griya kathah, beyanipun 1
rupiyah, atwit wewah mutawatosipun.

Gedhong tembok payon sirap saha amiyambak kenging beya satusipun 1 rupiyah ing dalem sataun
dene manawi sandhing griya sanes 1 ¼ rupiyah ing dalem dene manawi sndhing griya sanes 1 ½
rupiyah.

Menggah beayanipun pamedaling siti, bakakasing griya utawi barang barang ingkang wonten
salebeting gudhang utawi griya, punika sami ugi kaliyan beyanipun griya griya ingkang kadamel
angrimati barang-barang wau. Salajenging katranganipunbab punika kenging pikantuk saking tuwan
C.L.Y.Fanohendhorep. Ing wusana ingkang suka tondha asta ing ngandhap punika kadugi angaturi
katrangan bab prakawis punika. C.L.Y.Fanohendhorep.

Kula sampun anampani saripun abdi dalem panakawan magang gedhongkamar sanjata, ingkang
mawi tondha nama Ja, suraosing srat kula sampun mangertos sadaya, bab jalaran anggenipun boten
saged sowan ing dinten akad enjing, kados dene dhawuh daleming kang sinuhun, anglaras kagungan
dalem gongsa, punika saking pamanah kula boten kedah mawi kapratelakaken ing Bramartani,
andugi kula sampun anyekapi bilih pun Ja wau yen angaturana uninga dhumateng lurahipun.
Redhaktur F.L.Winter.……….

Punika wewahanipun serat Bromartani, ongkag 39 Kemis kaping 22 September 1870

Kauningana para priyantun manawi kula mentas anampeni ancur parada sinjang utawi ringgit
wacucal 100 iji, regi 5 rupiyah punapa malihlampit alus panjangipun 10 kaki,wiyaripun 3 kaki, regi
4 rupiyah 50 sen bayar kenceng sakalangkung mirah.
Para priyantun ingkang ngarsakaken tumbas lajeng kenging pikantuk saking kula Tuwan
Jonasportir, ing Kedhungkopi.

Para priyantun utawi sanesipun ingkang sami nyambut utawi amotangaken dhateng swargi tuwan
Y.E.Van Lewen, amstenar pensiyun ing Surakarta, sami kaaturan ambayar sambutanipun utawi
asuka pratelan pitangipun salebetipun tigang wulan wontening kantoripun tuwan Notaris ing
Surakarta. Surakarta kaping 17 September 1870
Katandhan Nyonyah W.Van Lewen.
Para priyantun ing salebeting kraton dalem Ngayogyakarta, ingkang sami ngemim serat Bamartani
taun 1870, manawi karsa ambayar wragadipun 12 rupiyah pethak ing dalem sataun sami kaaturi
angintunaken yatra wau dhumateng tuwan Pilip, utawi ingkang dados wakilipun, awit sakathahing
serat pethuk yatra wragad Bramartani taun punika sampun kula pasrahaken dhumateng tuwan Pilip
wau, Surakarta kaping 15 September 1870, Tuwan Purneman

Kula tuwan Weiting, angaturi uninga, manawi kula ing sapunika sampun ngalih ing griya, ingkang
tilas dipun dalmi tuwan Teisen, menggah griya kula wau ngange tatenger ting ageng, mawi gelas
abrit tuwin ijem.

Kauningana priyantun manawi sakathahing serat kasebut ing ngandhap punika, kenging pikantuk
tumbas saking tuwan Purneman tuwin tuwan Fl.L. Winter, ing Surakarta. Kadosta:
Ktu serat katurongga kapalregi 3 rupiyah 50 sen
Ktu, Pasamuwan taun Baru regi 3 rupiyah 75sen
Ktu Rasatipun tiyang estri regi 3 rupiyah 25 sen
Ktu serat wuwulang olah-olah regi 1 rupiyah 75 sen
Serat wuwulangipun tiyang estri, regi 3 rupiyah 25 sen
Serat pranatan bab pangagemanipun para Amtenar Jawi punika sampun rampung.
Pra priyantun ingkang karsa tumbas sami kaaturan angintuni serat pos wesel dhumateng tuwan
Purneman utawi tuwan Winter wau.

Tuwan Kornelis Skakel


Andarbeni pabrik lampu, tuwin sanesipun ing pandamelan barang tembagi sapanunggilanipun tuwan
Sakakel sampun katrimah anggenipun damel lampu ingkang kapratelakaken ing ngandhap punika:
Bab pagunan wau muhung piyambakipun ingang kenging adamel lampu ingkang kados mekaten,
sarta sampun pikantuk idinipun kanjeng raja ing nagari Nederlan punapa malih kanjeng raja ing
Belgiye, tuwin kanjeng raja ing pangkrik ugi sampun sami karsa angideni, menggah namaning lamo
kasebutaken Lampu Marinus. Sawarnining lampu, pun rantosipun boten wonten ingnag anyameni
kados lampu marinus punika, dene padhangipun anglangkungi, tuwin amikantuki, sami kaliyan
lampu gas lampu marinus mau boten anyamari, bilih dhumawah anggliwang utawi kajungkelaken
boten saged wutah lisahipun sarta latuniun lajeng pejah piyambakk dene urubing latu kenging
kaagengaken ing sakajeng-kajeng, semprong utawi sanesipun boten amatosi bilih badhe
pecahkasaladan dening latu. Para priyantun jawi, punapa dene bongsa ing sanesipun ing nagari jawi,
manawi karsa tumbas lampu marinus wau kedah alantaran tuwan P.F.Purneman piyambak, sarta
gambaring lampu wau kenging kapriksani

Punika pratelanipun barang, ingkang sawek dhateng saking nagari Welandi


Dhus wadhah pirantos agambar, paber pen kas jongka, siku, mangsi cina, penuli, potlot setalpen
mawi sela inten, om potlot mawi gagang jene, lambaran panyeratan, bekakas panyeratan, wadah
gambar, warni-warni, erloji jene, utawi slaka, wadhah mangsi mawi sekrup, jidraran ngangge
kuningan, keras warni-warni, amplop ageng utawi alit, gambar ageng praosan, potlot paber, mangsi
cemeng utawi ijem
Katandhan tuwan P.F.Purneman.

Kauningana para priyantun ingkang sami ngemim serat Bramartani, manawi cariyos Babad
Pajajaran ingkang kasebut ing Bramartani, ing sapunika sampun kaecap enggal badhe kaadamel buk
sara ing tembe badhe kawade satunggal regi 3 rupiyah, Tuwan Purneman

Kula tuwan P.F.Purneman angaturi uninga, manawi kula sagah angecap serat pangulem-uleman
manton utawi posta sapanunggilanipun, serat punika badhe kaecap ing kertas warni-warni, mawi
sekaran, menggah wragadipun 100 iji 6 utawi 8 rupiyah, kamurwat regining kertas wau, punapa
malih para priyantun kenging tumbas pisitegarces ingkang mawi tondha asmanipun karengga ing
Krun wondening serat pangulem-ulem wau ugi kenging kaecap mawi Krun punika, Ing wasana
kauningana para priyantun manawi kula sade buk Albim pirantos wdhah gambar Portret
sakalangkung endah.

Kula Ronggamangun Prasetya, ing mangkunagaran gagriya ngajeng Brajanatan, angaturi uninga,
manawi kula sadegegdhis pabrik malang jiwan, para priyantun utawi sanesipun kenging tumbas
adhacin, satengah saprapat utawi sapengandhap, sadhacin 19 rupiyah bayar kenceng.

Asapunaka pangecapapipun serat tatedhakakn pranatan pangagemanipun para priyantun, Amtenar


Jawa bawah Gupremen sampun rampung, satunggal bauk regi 1 rupiyah sarta kenging pikantuk
saking. Tuwan C.F.Winter, Tuwan Purneman, tuwan F.L.Winter ing Surakarta. Sinten ingkang karsa
tumbas kaaturan kintun serat medal ing ngepos prangko mawi kakanthenan serat pos wesel.

Basar Surakarta
Tuwan Slirlobato enko mentas anampeni barang warni-warni kados kang kasebut ing ngandhap
punika.
Meja cuci muka ageng alit sairantosipun jangkep sadaya, gelas kestelan, te…ya walandi, sendhok
gerpu, lading sami kestelan serpis dhahar, jeplakan tikus kaca ageng tuwin sadheng, pigura, serpiteh
kadamel saking plet, klinthingan, baki warni-warni,tutuup meja sae-sae, gunting Inggris,
warnipwarni dhamas ijem abrit tuwin cemeng, camethi, pethi wadhah arta, wolledhig, sarung
tangan sutra, keker, tesmak kang manawi anumpak kareta latu, orgel mawi gendhing, 8 warni,
panithikan mainan ingkang pancen kang damel rarengganing kruntapel, ulam warni-warni, ulam
abrit susis, sapanunggilanipun dhadhaharan sanesipun tuwin inuman warni-warni.
Slir Lobato enko.

Kula tuwan Y.Kuni, ing Batawi angaturi uninga, manawi kula sagah anumbasaken sawarnining
barang ingkang dados wawelinganipun para priyantun utawi sanesipun ing nagari Jawi, sarta kadugi
amadekaken utawi angintunaken barang dhateng nagari Walandi, utawi tanah sabrang sanesipun.
Katandhan Tuwan Y.Kuni.

Kula ngaturi uninga, dhumateng para priyantun ing nagari Ngayogyakarta sadaya ingkang sami
kersa ngecapaken serat, setat, utawi serat pethuk, tuwin pones kapatiyan punapa malih kertas
awarni-warni, pirantos panyeran, buk warni-warni, sami karsaha mitungkasa dhumateng tuwan
Pilip, ing Ngayogya,
Katandhan tuwan Purneman.

Gambaring nagari Pangkrik tuwin Prislan ingkang amratelakaken prenah ing panggenan pundi
anggenipun paprangan bongsa kakalih wau, namaning panggenan adaya mawi serat lan tembung
Jawi tuwin walandi, satunggal regi 2 rupiyah. Para priyantun ingkang ngarsakaken kenging pikantuk
tumbas saking tuwan Purneman ing Surakarta.
Ongka 40, Kemis kaping 29 September 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Tuwan B. F. Y. L Van Manen Onsinder Blandhong, kaparingan wahhel.
Tuwan E. W. Luksrdhi amtenar ahel kaparingan pensiyun
Tuwan W. L. Van der Eb juru serat ing kantor bondhaasa kaundur saking pandamelanipun kalayan urmat.
Tuwan Y. C. T. Krusen kontelir Irsteklas kapatah angrangkep pandamelanipun beiten ewun gripir
landrad ing Gobogan (Samarang)
Tuwan Y. W. F. Barnepel tukang lelang ing Prabalingga kakulawisudha dados juru serat nomer 1 tuwin
patah angrangkep padamelanipun beiten ewun gripir landrad ing Krasakan.
Tuwan N. Lasur, guru pamulangan ing Bangkahulu, kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi.
Tuwan Y. C. Pipelenbos kumis kantor ing Cilacap kaparingan pansiyun.
Tuwan Bonemer, juru serat nomer 1 ing kantor Surakarta, kaundur saking pandamelanipun awit saking
sakit menggah tuwan P. Y. W. Kenipsehir, juru serat ing Pacitan, ingkang kakulawisudha angentosi
tuwan Bonemer wau.
Tuwan Kun kakulawisudha dados sakretaris ing Banyumas.
Tuwan Talmannip Kontelir twedheklas ing Selebes, kaparingan wahel
Tuwan Alewein kakulawisudha dados kontelir, irsteklas ing Padhang
Tuwan Palem kakulawisudha dados kontelir Irsteklas ing Ambon
Tuwan Pandewaik kakulawisudha dados kontelir Twedheklas ing Padhang
Tuwan Mensinggah kakulawisudha dados kontelir twedheklas ing Padhang.
Tuwan Meren kakulawisudha dados kontelir twedheklas ing Puntianak
Tuwan Mintendham kakulawisudha dados kontelir twedheklas ing Makasar
Tuwan kaif kakulawisudha dados kontelir Dherdheklas ing Padhang
Tuwan Van Langen kaif kakulawisudha dados kontelir Dherdheklas ing Padhang
Tuwan Van Kutepal kaif kakulawisudha dados kontelir Dherdheklas ing Makasar
Tuwan Wilken kaif kakulawisudha dados kontelir Dherdheklas ing Menadho
Tuwan Yelesma kakulawisudha dados amtenar Terbeskikeng ing ambon
Tuwan Van Nunen kakulawisudha dados amtenar Terbeskikeng ing Palembang
Tuwan Ores kakulawisudha dados amtenar Terbeskikeng ing Makasar
Tuwan Dhegraf kakulawisudha dados amtenar Terbeskikeng ing Makasar
Tuwan Talyor kakulawisudha dados amtenar Terbeskikeng ing Banjarmasin
Tuwan Weber kakulawisudha dados amtenar Terbeskikeng ing Banjarmasin.
=================================================

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

SURAKARTA
Nalika tanggal kaping 23 Agustus taun 1870 wonten pista ageng, angleresi tingalan jumenengan dalem,
ingkang sinuhun kanjeng susuhunan Pakubuwana ingkang kaping sanga ing Surakarta, menggah
rarengganipun anglangkungi saking sae, sakathahing para tamu dahat sami suka bingah, punapa dene
sampeyan dalem ingkang sinuhun kanjenng Susuhunan, ugi katingal seneng panggalih dalem.

Serat pakabaran Salompret Malayu, anyariyosaken ing nalika tanggal kaping 17 September, ingkang
sampun kapengker ing wonten tiyang Jawi 2 sami kapatrapan ukum gantung ngantos dumugi pejah,
wonten ngalun-alun ing Ngayogyakarta, mengga dosanipun tiyang kakalih wau, sami purun-purun angeu
tanah ng redi Kidul, sata mawi amejahi tiyang, ingkang kacariyos dursila ingkang satunggal wau saweg
umur 20 utawi 25 taun, awit saking pangakenipun, piyambakipun sampun nate anglampahi raja pejah
rambah kaping 8 wondene durjana wasta madya krama, ingkang amejahi tuwan P dhom ing
Ngayogyakarta, antawis sampun kalih taun punika laminipun ingkang saestu badhe kapatrapan paukuman
raja pejah, ing ngriku lajeng minggat saking pakunjaran, ananging ngantos sapriki dereng kaepeng malih,
awit saking ariyosipun madya krama wau asrung katingal wonten bawah ing Klathen, utawi sakiwa
tenginipun ing Prambanan samanten punika bilih sayektosa, para abdi dalem pulisi saestu nipun boten
kakilapan lajeng anyepeng dhateng madya krapa wau.

Bab jampinipun tiyang sakit Mengi.

Mas Ngabei Cakraamijaya, wadana distrik ing Purwareja, asuka serat panjurung kawreat ing serat
pakabaran Slompret Malayu bab jampinipun tiyang sakit mengi, kapatelakaken kados ing ngandhap
punika.

Bubukan laos kathahipun sapalih ing kepelanipun ingkang sakit mengi, klapa regi 1 dhuwit bilih
panggenan ingkang mirah, manawi panggenan awis kalapa regi 2 dhuwit, lajeng kaparuta laos bubukan
kaworaken, kaperes mawi toya kawa atawis angala 3 gelas bilih sanget ing sakitipun, manawi madya
sakitipun kaombenana namung 2 gelas ageng, wah mawi kaworan gendhis aren den ngantos legi ing
raosipun, kaombekaken sapisan. Jampi ingkang kapratelakaken punika, jampinipun tiyang mengi ingkang
umur 20 taun ing sapanginggil, dene jampinipun lare, kathahing bubukan laos ugi amung sepalih ing
kepelanipun,purun langkung saking ingknag kasorahaken wau, andadosaken prayogi. Ingkang dados sisiri
kanipun bilih jejampi boten kenging nedha sabarang lalegi, boten kenging mekle langkung sangking
wancinipun tilem saben dalu, punapa malih yen saresmi sampun langkung saking mesthi. Ing
wekasanipun mas Ngabei Cakra amijaya, anyariyosaken, ing nalika dados wadana ing Kalialang, kathah
kedhikipun tiyang 150 ingkang sami katulungan jampi wau, kathah kamayaranipun utawi lajeng saras
babar pisan, kala kaelih dados wadana ing Purwareja, kirang langkung tiyang 30 ingkang sami katulungan
dening jampi punika.

Punika candhakipun Cariyos Perang

Ing nagari pangkriking sapunika, ingkang dadosing rembag bade anglempakaken para kumisi, ingkang
angasta panguwasa paprentahan ing Paris, anggenipun badhe anenggalani ing mengsah, wadya bala
Gardhenasnyonal, badhe kumpul sabiyantu kaliyan titiyang ing Pangkrik sadya, ingkang kacariyos
gungungipun wadyabala tuwin para tiyang ing Paris, kirang langkung pitung yuta, ingkang badhe umagut
ing perang. Panguwasaning saprentahan mau, ingkang jumeneng Presidhen tuwan Troki, sarta
kabyantonan para lid, kadosta, 1 tuwan Paper, 2 tuwan Puringson, 3 tuwan Grimiyu, 4, tuwan Pikar, 5
tuwan Jule Mon, 6 Tuwan Dhuryah, 7 tuwan Mami, 8 tuwan Gambeta. Kanjeng Raja ing Prislan sampun
karsa amrenahaken panggenanipun kangjeng raja Napoleyun wonten ing Willemsoh celak kaliyan Kasel
bawahing dhitslan, garwa putra sampun bidhalan dhateng ing Benlgi, menggah reraosanipun sakah
thahing para tiyang Pangkrik, katamtokaken boten badhe rurukunan, bilih taksih wonten sawijining
mengsah angancik bawah nagari Pangkrik, sarta boten suka lila manawi nagari Pangkrik ngantos kaelong.
Pangajenging wadyabala Prislan, sampun dumunung wonten ing Phisme, tuwin badhe anglajengaken
anglurug dhateng ing Paris. Ingkang kacariyos kawrating serat pakabaran ing Dhitslan, kajawi wadya
bala wonten Jendral ign Pangkrik 50 ingkang sami kabandhang ing mengsah, punapa malih wonten putri
awasta Matildhe, kacepeng ing mengsah wonten sakiwa tengenipun panggenan winastan Dhip,kanjeng
Pangeran Orleyan tedhak ing Paris, tuwin sagah ambyantoni paperangan. Nalika perangipun wadyabala
ingkang katindhihan marsekal Makmahon kathahipun 25000 utawi 30000 kabregan mengsah kathahipun
140000 ing dalem 24 jam, wadya balanipun marsekal Makmahon wau boten pikantuk tedha
sapanunggilanipun kathah ing wadyabala ingkang sami katiwasan sarta upsir 122 ingknag kapupu wonten
ing ngrana, wondene marsekal Makmahon ing sapunika sampun seda margi jalaran saking kabranan.
Kitha Met utawi sanesipun, ingkang kinepang ing prangmuka, ngantos saprika tansah anenggalani ing
Nayuda, wadyabala ing Prisklan angaseg kitha Tingmon widhi, ananging kaseser lajeng mundur,
kalamahan kintha wau risak ingkang sapalih. Kala perang dhapuh ing Sedhan, ingkang sampun
kacariyosaken, wadya bala Pangkrik ingkang sami katawan kathahipun, 87, kalebet para upsir kathahipun
4000 tuwin mariyem 550, dene mariyem mitreliyo kathahipun 70 punapa dene warni kapal kathahipun
10,000 menggah paprangan ing lautan sampun kalampahan wonten sakiwa tengening ruhan, ananging
asor ungguling perang dereng wonten pawartosipun. Ing wasana pangageng tumin sakathahing para
tiyang ing Pangkrik kadugi rukun sarta kendel ing ngayuda, ananging boten lega lila, bilih bawahipun
tanah nagari Pangkrik yen angantosa kaeyong.
JAPHAN

Ing kitha Osakah wonten sawijining tiyang jaler, kapejahan semahipun, atilar anak kalih taksih alit sadya,
boten antawis lami tiyang jaler wau sumedya imah-imah malih, sareng sampun angsal pandengan tiyang
estri ingkang dipun penengi, lajeng kalampahan kapendhet bojo, antawis dereng lami anggenipun imah-
imah, tiyang estri wau katawis awon wawatekipun, awit asring-asring damel siya-siya dhateng anakipun
kuwalon kakalih, sarehning boten sarju dhateng anak kuwalon, ing waktu satunggiling dinten, tiyang estri
katandukan awa napsu angangkah awon sarta niyat anyirnakaken rare kakalih wau, rarte kalih lajeng sami
kalebetaken ing kenceng, ingkang isi toya panas, saengga kados dene kagodhog, kalampahan sami pejah
sadaya. Sanadyan pratingkah punika kedah kasumet, boten antawis lami kauningan ing parentah nagari,
mila tiyang kalih jaler estri lajeng sami katarik sarta kadangu, prakawisipu kapriksa, ingkang
katamtokaken ing srat pranatan nagari ing Japan, tiyang estri wau saestu kapatrapan paukuman pejah,
patrapipun paukuman kalebetaken ing kawah isi lisah, lajeng kalatonan ing sawatawis, nalika kabar
punika kakintunaken, paukuman punika dereng katindakaken, mila kasrantosaken makaten punika,
supados para tiyang estri ing nagari Japan sami sumerepa, sarta kadhawahan suka apanjurung lisah sami
natipun, kaisekna ing kawah ingkang badhe kangge paukumanipun tiyang estri wau. Paukuman ingkang
mekaten punika, kalampahaken unika, kalampahaken ing nagri Japan, supados para tiyang estri ing ngriku
sampun ngantos kadunungan manah awon, utawi anglampahi ingkang kados makaten punika.

Serat Kintunan panjurung ing Bramartani

PASURUWAN
Wonten tiyang ngundha layangan ageng susun tiga, mawi sendaren rehning layangan kawical ageng sarta
kangin pinuju ageng ngantos dipun cepengi tiyang tiga kenuripun, suprandene karaos kawratan sadaya
ingkang anyepengi wau, tumunten wonten tiyang Ngarab ageng inggil anyelaki tiyang nundha layangan
wau sarta wicanten ngendi ana layangan siji nganti dicekeli wong roro payo kedure cancangna gulu ku
bae kaya apa abote, tumunten dipun turut kenur katangsulaken gulunipun tiyang Ngarab sarehning angin
anglangkungi ageng kenur niseti kaweng kang saya kenceng, dangu-dangu tiyang Ngarab wau kalenger
andhawah ing siti, kenur lajeng dipun candhak ing kathah ingkang gadhah layangan gugup aningali
tiyang Ngarab ingkang kalenger wau lajeng dipun pulasara ing kathah sarta dipun usadani dangu-dangu
lajeng emut malih, saking panduginipun tiyang kathah, yen tan samuna tumunten dipun tulungi watawis
pedhot gurungipun.
Kala ing dinten Senen tangal kaping 16 wulan Jumadilakir taun Dal punika, Kanjeng Pangeran Arya
Suryaatmaja, sampun pindhah dhumateng ing dalem Jayakusuman awit ing dinten Akad sonten wanci
pukul 9, Kanjeng Pangeran angrumiyinaken para putra Timur tuwi para priyantun kalangenan sadaya,
wedalipun saking nglebet karaton Kanjeng Pangeran suruya atmaja wau mawi kadherekaken para santana
tuwin para kadang naksanak sedaya, ingkang anjajari abdi dalem prikonca punakawan sentana 60
mangangge kembar sami rasukan sikepan pethak tuwin obor kalih dasa sisih sarta musik mungel ing turut
margi, rawuhing dalem ngajengaken satengah sesada, ing kadherekaken sareng sampun kaparingan
sugata, lajeng aklilan mantuk sadaya, sareng ing dinten Senenipun siyang, wanci satengah kalih welas,
Kanjeng Pangeran Surya Atmaja, pamit ingkang rama, ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan sareng
sampun kalilan lajeng dherekaken para pangeranutra santana utawi Kanjeng Gusti Pangeran Adipati
anem karsa angurmati dhumateng ing dalem Suryaatmajan anggenipun angurmati sugata pukul 2,
bibaripun pukul 4, anaming saking suka pirenaning panggalih Kanjeng Pangeran Suryatmaja, sabibaring
tamu taksih andugekaken bingahing panggalih kaliyan para santana kadang naksanak sadaya ngantos
pukul nem sonten dalunipun lajeng karsa ringgitan gedog ing nalika samanten wilujeng boten kirang
satungal punapa.
Titi kantandhan mardhawa.

Kala ing dinten Senen tangal kaping 16 wulan Jumadilakir taun Dal punika, wonten tiyang estri wasta
Dipadranal, asli dhusun ing Mlinjon bawah Klathen tiyang wau ababerah dhateng nagari Surakarta,
anaming pun Dipadrana, pinuju saweg wawrat sepuh sareng wanci pukul sakawan sonten kendel angaso
wonten ing kagungan dalem sitinggil kidul awit karaos badhe arencang rare kalangkung mamelas tiyang
wau rehning anyakiti wonten ing purug tan pakanthi, tiyang ingkang sasadeyan sakidhuling kori gapit
utawi tiyang ing Nglumbung Wetan kilen sami atutulung, dereng dangu kapinujon wonten priyantun
rongga pulisi prembe langkung badhe sowan dhateng ing Wiryadiningratan, uninga tiyang rubung-rubung
lajeng amurugi sarta andangu tiyang punapa, Raden Reongga pulisi sareng aningali, wujudipun tiyang
anyakiti wau sanget anggenipun welas ing batos sanadyan Raden Rongga wau sampun misuwur manawi
ambarabak sarta sugih guyu sanget ing nalika samanten dados lurah tuwin anteng saking ngungunipun
inggalih lajeng kadangu nama tuwin pagriyanipun sareng sampun terna lajeng dipun purih ming sar
dhateng ing ngemper lumbung salayur, inggalipun lajeng lair medal jaler wilujeng, bayi saha biyungipun
dipun kukup dhateng mas bekel Truna Setama ing Nglumbung wetan ing wasana raden Rongga pulisi
lajen gangunjuki uninga katuripun ingkang jeng parentah ageng, titi katandhan dening Kridamardhawa

Awit saking seratipun mas Ngabei Surabrata ing Bojanagara, kapacak wontening Bramartani ongka 39
ingkang medal kaping 22 wulan September taun punika, kula tuwan C. F. Winter, juru basa sepuh ing
Surakarta kedah-kedah amangsuli ingkang dados pandangon kawrat ing serat wau, sukur sanget manawi
patitis anggen kula angaturi katrangan saupami taksih wonten nalisiripun mugi kula sampun ngantos
kajibahaken.

1, Warnining bordiran kedah lunglungan gatra epang sagodhongipun wit Oranye tuwin wit Aik inggih
punika wit witan ing tanah Eropah, dados ujuding bordiran wau sami kaliyan ingkang dados
panganggenipun pameran para priyantun Walandi, boten kenging warni sanesipun kasebut ing kaca, 18
larikan 10 dumugi 13 warnining plisir bordiranipun nyaringih winastan untu walang, inggih sami ugi
kaliyan panganggenipun pameran para priyantun Walandi, kasebut ing kaca, 14 larikan 6 dumugi 9.

2, Bordiran warni emas tuwin salaka, ingkang sampun kaprah katembungaken utawi winastan silih asih,
punika ujudipun sami kaliyan nganggenipun pameran para priyantun kontelir.

3, Plisir ingkang kasebut ing kaca, 5 larikan 11 sam, angartos kula kedah kapasang wonten saubengipun
pinggiran gulon tuwin saubengipun pojokan lengenan.
4, kancing sikepan tuwin kancing rompi, kasebut ing kaca 6 larikan 3 dumugi 11 bab ageng alitipun boten
kapesthi, dados anggen-anggenipun para priyantun ageng alit sami sadaya, wondening panginten kula
kancing wau ingkang ageng utawi ingkang alit kedah sami kaliyan kancing panganggipun pameran para
priyantun Walandi.

5, Para mantri tuwin para priyantun kang kasebut ing aksara B, ongka XII, XIII, XIV sami kenging ugi
angangge kampu, punika sampun kasebut ing kaca, 6 larikan 18 dumugi 21 nanging panggenipun kampu
wau boten kawajibaken utawi boten kapeksa, dados kenging bebedan kemawon, saking sasebutanipun ing
kaca, 18 larikan 14 dumugi 17 mangartos kula para priyantun kenging mangangge anggen-anggen tuwin
kuluk saha dhesthar ingkan gsampun limrah manut adatipun sapunika.

6, ingkang kasebut ing kaca 8 bab kaping 2 kancing pangggening para putranipun bupati kedah dus-dusan
tanpa aksara W, sarehning warni saha ageng alitipun kancing punika boten kapesthi utawi boten
katamtokaken panginten kula, para putra wau kenging nganggek kancing ing sasenenganipun piyambak-
piyambak. Bintang bordiran kang kapasang wonten ojokanipun gulon sikepan wangun tuwin corakipun
sakinten sami kaliyan panganggenipun priyantun upsir Walandi, wonten ingkang mawi pojokan
nemutawi pitu manut ing sasenengan. Sasebutanipun ing kaca 9 larikan 3 dumugi 6 manawi para
putranipun bupati kenging mangangge anggen-anggenipun mantri dhistrik namung bade ing rerengan
kemawon punika boten susah kula terangaken cekakanipun punapa ingkang dados anggen-anggenipun
mantri dhistrik punika para putranipun bupati kenging maangge sadayanipun, bedanipun namung mantri
dhistrik ngangge rerenggan warni salaka, putranipun bupati ngangge rerenggan warni emas, para putra
wau boten pisan kenging mangangge manut agemipun ingkang rama, yen kenginga amesthi kasebutaken
wonten ing serat pranatan, menggah seratanipun dhesthar tuwin nyamping, pamirit kula saking
sasebutanipun ing kaca, 18 larikan 19 dumugi 21 boten kengin gnyami kaliyan ingkang pancen dados
panganggening ingil-inggilanipun, kedah manut seratanipun kampuh, ingkang sampun katamtokaken ing
kaca 6 larikan 18 dumugi 21 tuwin kaca 10 larikan 4 dumugi 6 punapa malih ing larikan 19

7, patreap panganggenipun kuluk kagigara sampun kasebut ing kaca 9, bab kaping 4, sapangandhapipun,
punika kemawon kaestokna kula ajrih amangsuli pandangon manawi boten mawi pathokan serat pranatan.

8, Rasukan mawi bordiran punika kalebet prabot pameran kanggenipun samasa wonten pasamuwan
ageng, utawi wonten pasamuwan ingkang kalebet padamelan sampun kasebut wonten bab kaping 1
kaliyan bab kaping 4, kula boten anjumurungi, manawi wonten para priyantune nem-neman ing waktu
metoni beksa mawiya basahan saha pangangge rasukan bordiran bokmanawi kasiku.

9, Kancing ingkang ngangge aksara W, utawi tudhung ingkang mawi bordhiran saking pangitnen kula
kenging kaangge padintenan kula pirit saking caranipun priyantun Walandi ing saben dinten kenging
ngange kancing ingkang mawi aksara W, saha topi ingkang mawi renda.

10, Bordiran ingkang tumrap ingajenganipun tudhung, warni aksara W, mawi makutha, boten
katamtokaken angeng alitipun dados boten wonten bedanipun ing ngatsing panganggenipun patih kaliyan
wadana tuwin mantri alit alit.

11, Ukup ingkang warni pita abrit dadu, boten kapesthi mawi sasekarana utawi boten,s aking pamanah
kula ingkang kawajibaken angangge kenging ing sapikajenganiun piyambak anggeripun sampun
anyulayani ing warni tuwin pesthen wiyaripun pita.

Ing wusana pamrayogi kula dhumateng mas Ngabei Surabrata, bab wangsulankula ing nginggil punika
sadaya, lere utawi botenipun mgi katerangna dhumateng ingkang ngasta panguwasa ing Bojanagara.
Surakarta tanggal kaping 28 wulan September taun 1870
C. F. Winter.

Kauningana para priyantun tuwin sanes-sanesipun manawi tuwan Sensisnem gadhah kapal jragem ageng
turunan kapal Arab badhe kasade regi 600 ruiyah. Punapa malih tuwan Sensis wau mentas dhateng saking
nagari Pangkrik ambekta barang dagangan namung sakedhik ananging sae-sae sadaya.

Panjurung kula ing Bramartani katitimangsan kaping 15 wulan September 1870 ongka 38 wonten ungel-
ungelan Bramantaka, unika lepat menggah leresipun Bramawilaya, boten saking punapa namung
andadosna kuninganipun ingkang sami anguningani ing kabar Bramartani.
Katandhan Arja Prajana.

Kala ing dinten Kemis tanggal kaping 15 wulan September punika, wanci jam satengah wolu sonten, ing
griya kula Gadri Tengah, kalebetan durjana pandung, mawi amendhet satunggaling pethi jepan cemeng,
isi pisisti sagagragan kadosta, warni pethak, kadamel saking balung, 2, kadamel saking penyu, 3,
kawastanan simping, warninipun amirip kados parlemur ethi wau mawi tutup sarta wonten gambaring
merak, dus-dusan, ingkang punika bilih wonten tiyang ingkang badhe sade pethi wau,kula aturi
angladosaken dhumateng ing parentah.
Surakarta kaping 17 September 1870
Katandhan tuwan H. K. H. Wilkes

Punika cariyos Babad Pajajaran

Wusnya lenggah winisik ngelmu wus putus, ing ngajak tirakat, mider mider mring wanadri, jeng susunan
Benang aris angandika. Lah tunggunen, jebeng Said teken ingsun, cinebloken nulya, tateken tengah
wanadri, lamuna uwong sira lumayuwa. Atur sembah dhateng sandika pukulun, gya jeng sunan kesah,
tinilar lelana malih, paningiring santri pipitune wuntat. Lamenipun sampun wonten tigang taun, nulya
jeng susunan, wangsul mring gene dyan said, sampun prapta ing tengah wana enggenya. Santri pitu, kinen
ngupadosi wau, marang sira radyan, Said kinen animbali, dyan lumampah santri pitu wunya pedhak.
Radyan Said sareng mulat gya lumayu, lumajeng rumangkang, den bujung wong pitu sami, tan kacandhak
palayune kadya ki dang. Malah rikat plajenge dyan said wau, wong pipitu sayah, anututi mempis-mempis,
wangsul matur marng jeng susunan Benang. Ulun sampun nimbali dyan Said wau, sareng amba pangya,
lumajeng rumangkang ksit, sapuruge ambabujung tan kaandhak. Pan gumujeng Sunan Benang emut
ngandhut, kekepelan sage, ing ngaasta nulya lumaris, ing ngindhikan, dyan Said nulya lumajar. Gya
binalang sega kepelan kacundhuk, nuju mukanira, andhekem Rahaden Said, miyat gurunira wau ingkang
prapta. Gya lumajeng dyan Said mangaras suku, ngusapi dlamakan, Sunan Bonang ngandika ris, wis
luwara ki jebeng sira entara. Mangulona mring Carebon karya adhukuh, lan Eseh Malaya, temuwa lawan
sang yogi, Sunan Gunungjati Carebon kang wisma. Guguruwa, marang jeng susunan Makdum, wis sira
mangkata, manira nutuken kapti, atur sembah anulya ungkur-ungkuran. She Malaya, angampri
garwanipun, aneneg ing Jepara, lampahira tan kawarni, pan samarga, marga lumampah noraga. Indha
pekir, pan wus lepas lampahipun, langkung ing Semarang, neng pasar keh wong ningali, sami ngucap eh
ika daruwis apa. Dene peteng paningalane netraning sun, tyasing ngong lap-lapan dudu wadine wong iki,
aneneg soring wringin uwok ing Trebaya. Wus kawarta dipati Semarang gupuh, lajeng mentar panggya,
lan seh Malaya ingkang prapti, datan samartingale lamun pandhita. Atur sembah, lajeng denya ngaras
suku, Seh Mlaya ngandika, para iki wonging ngedni, ngujung mring sun dudu sanak dudu kadang. Lagi
mengko sun weruh marnag sireku, apa dene sira lagi iki temu mami, sang dipati Semarang, matur tur
sembah. Mongsa borong badan amba mring sang wiku, mong sakilapana, wulu salomba puniki, sakrenteg
ing manah amba pan uninga. Dadya mesem ing galih sang mahawiku, dipati Semarang, praptanira
anglakoni, darma utmat tumindak sakarsaning hyang. Iya jebeng sun trima aturineku, ingsun niki darma
nglakoni prentah ing widhi, ingsun arsa mampir ing Masigidir Wis muliya praptaning wang mengko
surup, marnag wismanira, tur sembah sang nagi pati,lengser saking ngarsa wismane wus prapta.
Binisikan garwanira mengko surup, sun bakal dhayoan, pasrah wisma anak rabi, sarupane dunyeng sun
srahken sadya. Away sira sumimpang ing karsaning sun, tur sembah kang garwa, datan lenggana ing
kapti, mantep marnag priya atur ya sendika. Prapteng surup wus rawuh sang mahawiku, wismaning
dipati, kang rayi kinen ngabekti, mangusapi dalamakan sawusira. Sang dipati tur sembah marang sang
wiku, wisma dunya brana, garwa kalawan siwi, kaaura dhateng sang yogi sadaya. Sun tarima, dipati aturi
reeku, ing sun karya apa, dunya angebot-eboti, ing sun arsa, salat neng masigidira. Wusnya tedhak asalata
neng ing tajug, dherek sadipatya, amakmum maring sang yogi, sawusira salat bakdanira Ngisa. Lon
ngandika, marang sang dipati wau, kabeh dunyanira, wewehna wong pekir miskin, satelase, enggal sira
mangidula. Bumi Jawa miring mangaleor sun dulu, sira awismaha, sasenengira pribadi, dimen timbang
kang bumiywa kongsi jomplang. Para iman akeh neng lor marmanipun, ingkang bumi jonplang, wus
winulang sang dipati, rasaosing ngelmi sadaya wus wikan. Gya umangkat mangilen sang maha wiku,.
Dalu sakeplasan, karigana sang dipati, sakelangkung manahe denya kasmaran.

Yata wau kang lumaris, seh Malaya sampun prapta, ing Carebn marak age, marang nging kanjeng
susunan, Gunungjati duk lagya, inarak neng srambi tajug, tur sembah ki She Malaya. Marasing pada
aglis, sawuse saha nulya lenggah, amepes dhengkul silane, Sunan Makdum ngandika, jebeng slametan
sira, she Malaya matur nuwun, pundhi wonten mastaka. Angsala barkat sang yogi, ing salami amba
gesang, sang pandhita ngandika lon, apa karyanira prapta, marang nging ngarsaniwang, she Malaya
awotsantun, inggih sumongga ing karsa. Badan kawula puniki, kados boten kakilapan, sang padhita
mesem tyase, sirarsa maguru mring wang, rasang sasmiteng hyang duk sira ngluwang setaun, ngelmu
wiladung kang murad. She Malaya wus winisik, tana ana kang kaliwatan, maha suci iradate, weruh
sadurung ana, lenggeng tyas sang She Malaya, tir sembah nuwun angestu, arsa dhadhekah mring wana.
Tepi nglepen kang prayogi, wus kalilan gya tur sembah, angaras suku lumengser, she malaya smpun
prapta, lepe satengah wana, ing pulo upehranipun,, pan womtem galanggangira, Geng panjeng neng
pinggir kali,kinarya sendhen yen rina, kinarya jaga dalune, wira-wiri jaga-jaga, ebyare babat wana, sayah
sendhen nglingga kayu, antuk kawandasa dina. Kang galinggang gesang malih, angrembyang sami sakala,
tondha katrima karsane, kang banjaran sampun dadya masiged wismanira, tatanemanira asung, wowohan
pepak sadaya. Wus akeh santri angaji, paedhekahan srikawuryan, winastan kalijageane, keh ngulama jawa
prapta,meguru She Malaya, saya ngradon dhekahipun,kanan kering milya wisma. Genti ya ingkang
winarni, adipati ing semaran, kang kasmaraning gurune, kang pakon gya linampahan, dunyane binucalan,
mring pekir miskin sadarum, potange ngicalen samya. Amung garwanira ngendhit, kagunganira
priyongga, mas inten linebokake, wuluh gadhing kinebekan,karya teken karsanya, wus watak wanodya
iku, cupet piyandeling manah. Ngandika sang adipati, mring garwa dunya wus telas, ing sunarsa lunga
age, kapi brongta ing pangeran, atilar prajawisma apa pira iya milu, apa ta sira kariya. Aturing garwa
tutwuri,pejah gesang nglebur tapak,lah ta iya wekasaningong, nanging aja gawa dunya,ngandela ing
hayang suksma, garwa inggih aturipun, anulya sami umangkat, namane sampun angalih,aran ki She
Sangubronta, arertendhonan lampahe, labeting lamah wanodya,kang raka aneng ngarsa, rayine wingking
rinangu, teten wuluh gadhingira. Tengah wana srondhol prapti, wonten wongarsa bebegal, kang
singubrongta wuwuse, wong begal sun gagawa, kaesira begala, wong wadon ta tekenipun, wuluh gadhing
isi sotya. Wus lepas ki Sangubrangti, kang garwa sarondhol prapta, ing ngadnheg kang begal age, nyai
dika ing sun begal, teken dika sun tedha, sanjange kang liwat kruhun, isi emaslan sosotya. Nulya ing
nguncallen aglis, tetekene wuluh denta, ni sangubranta ge yase,lampahe agya bandhaka, dhumateng ing
kang raka, mung kari salendhangipun,lampahe kang Singubrongta. Wus prapta ing Ngelopait, wonten
malih wong bebegal, ki Sangubrongta wuwuse, ki sanak kang ngarsa begal,maniratan gegawa, wong
wadon lumakyeng, pungkur, slendhange sira jaluka. Lampahe laju lestari, ki Sangubrongta wus prapta,
ing Salatiga wus reren, Ni Sangubrongta wus prapti, nglopait kandheg nulya,marang kang bebegal wau,
eh nyai salendhang dika. Ujare ingkang lumaris,rumiyin kinen jaluka, salendhang ngunculena ge, ni
sangubronta gya mangkat, rata ing Salatiga, wus pangih lan kakungipun, raten sangundhaing wreksa.
Asanjang marang kang laki, yen babektanira telas, binegalneng dalan gedhe, kang raka lon saurira, teka
sira nrimaha, wus karsanira hyang agung, den mantep ngandeling suksma. Anulya sami lumaris, datan
kawarna ing marga, wus prapta desa wedhine, neng masigid wedhiyan, garwa kinen mondhoka, neng ing
wisma desanipun saksana ki Sangubronta. Manggih ing kauming wedhi,lumebet dadya marbotya,
angiseni padasane, masigid kinarya salat, yen dalu ngambil toya, karanjangkang den gengeangsu, mring
lepen panga,bilira. Kinarya tatomba arip,pan sadalu muput kebak, den nggo wong akeh rinane, karya
wuluwisuh salat, kang toya datan telas, tan ana wruh para kaum, kalamun banyu karamat. Ki Marebot
Sangubranti saben dalu ngambiltoya, rina ngaji mring kaumae, apa ingkang den wurukna, turutan lipa-
alipan,pan deresira athekul,kinarya anamur lampah. Magkana ing lamilami, dados rarasaning kathah, yen
marbot dede wadosea, padasan tan kena telas, de angge wong akathah, awundhu kalawan
wisuh,jumungahe wong atusan. Tan kena telas kang warih, tan wertuh pangansunira, ki marebot salawase,
sakehing wong jrih sadaa mangkana sangubronta, marang rabenira tutur,eh rubiyah kabrabeyan.Payo
lunga marang ngardi, ing jabalat ing kakiwa, away ana wong kang weruh, dhasar luhur kang arga,mubeng
sukuning wana,nuli. Punika taksih wonten candhakipun.
Ongka 41, Kemis kaping 6 Oktober 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun ing ngatasing para amtenar Walandi tuwin para priyantun Jawi.

Tuwan E. S. Panurdhen kontelir Irsteklas, kapatah angrangkep pandamelanipun beitenewun grippir


landrad ing Indramayu.
Tuwan E. W. C. Wrebsler, amtenar wahel kapatah angrangkep pandamelanipun Beitenewun grippir
landrad ing Brebeg.
Tuwan E. L. Miller, Amtenar Tebeskikeng, kapatah angrangkep pandamelanipun beitenweun grippir
Landrad ing Madiyun.
Tuwan Y.H. Klusmeiyer 2 tuwan E Popye 3 tuwan L.Sebreiner 4 tuwan Y.F.H.Bir Opsinder
pataneman Kopi paresidhenan ing Banyumas sami kaparingan wahel.
Tuwan Kenipores kakulawisudha dados kontelir Irsteklas.
Tuwan Kasten kakulawisudha dados kontelir Irstwedheklas
Tuwan Esrusiye kakulawisudha dados kontelir Kumis ing Pangecapanipun kanjeng gupremen.
Tuwan Minster Dhegrut gupremen sekretaris pikantuk pamit kesah dhateng nagari Walandi, awit
saking sakit.

SURAKARTA
Raden Mas Ariya Jayaatmaja, Mayor kapaleri ing Leiyun Mangkunagaran, kaundur saking
pangkatipun awit saking sakit samanten punika kalayan urmat sarta katrimah anggenipun sampun
labet lami.
Kanjeng Pangeran Ariya Pondawijaya, kakulawisuda anggentosi dados mayor kapaleri ing leiyun
Mangkunagaran.

TEGAL
Kawrat ing serat kakancinganipun kanjeng tuwan Residhen ing Tegal
Mas Secatenaya, mantri pulisi ing dhistrik Bumiayu, Brebes kaundur saking pandamelanipun.
Mas Mangun Atmaja, mantri pulisi ing Jatibarang dhistrik ing Brebes ugi kaundur saking
pandamelanipun.
Mas Atmadiwirya, juru serat wadana dhistrik Bumiayu, kakulawisudha dados mantri pulisi ing
dhistrik Bumiayu, kaparingan balonja 65 rupiyah sawulan.
Mas Arjadiwirya, juru serat wadana dhistrik Brebes kakulawisuda dados mantri pulisi ing
Jatibarang, Brebes kaparingan Balonja 65 rupiyah sawulan.
Mas Kramadiwongsa, magang mantri gudhang sarem ing Tanjung, dhistrik Losari, kakulawisudha
dados Juru serat wadana dhistrik ing Bumiayu, Brebes, kaparingan balonja 20 rupiyah, sawulan.
Mas Kertaprawira, magang wadana Brebes kakulawisuda dados juruserat wadana dhistrik ing
Brebes kaparingan balonja 20 rupiyah sawulan
Raden jayaatmaja, magangngipun kanjeng tuwan residhen ing Tegal kakulawisudha dados mantri
gudhang kopi ing Majalangu, Pamalang, anggentosi mas Jayadiwirya, kang sampun ngajal,
kaparingan balonja 50 rupiyah sawulan.

Punika candhakipun cariyos babad Pajajaran

Mangkat kalihipun, sapraptanira Jabalkat. Nulya ngadegaken masjid, kalawan wismaning garwa,
sampun pepak saprantine, nulya anawar maning hyang, padasan ebeh besar, sampun wonten
toyanipun, kinarya wulu asiram mangkanaha lami-lami, jeng susunan kang dhadhekah, lepen jaga
yen sabate, awisma wonten ing ngarga, satelase satumindak, aneng taji ngandika rum, sumakeyan
kang ngatapa. Bok aja neng pucuk wukir, katingal saking tebiyan, mlaku gi9nunggung wong akeh,
kang rinasan sareng myarsa, grundele gurunira, nulya amalorod gupuh, dhelik lor wetaning wisma.
Kiwa tengen lengkeh ardi, gantya ingkang winursita, sang dipati ing Demake, arsa maguru mring
benang, sawadya wus budhalan, wus panggih lawan sinuhun, ing benang lon angandika. Apa
karyane ki bayi, tumedhak mring wismaning wang, tyasing sun luwih genjote, sang dipati atur
sembah, maganras padaning kang, ing sawusira umatur, arsa maguru ing tuwan.

Sun trima sedyanireki, mangulon adipuninggal, ing kalijaga dhepoke, ana pandhita she Mlaya, iku
lah gurunana, bubuhane muruk rtatu, dipati demaki anembah. Wus lengser sawadya aglis, lajeng
marang lepen jaga, tanah carebon praptage, wus panggih lan she Malaya, sang She Malaya mirsa,
yen prentahe gurunipun, praptane sang ngadipatya. Nulya sinugata aglis, mung ngliwet kendhil
satunggal, ing bingokaken wong akeh, godhong gedhang kakinarya, wawadhah ingkang sega, wong
sawiji ngadhep pupus, gedhang nulya ing ngisenan. Sang dipati kinen kriyin, kinedhukaken adhahar,
sawuse nulya wadyakeh, , ngasta solet sang opandita, mider pangedhukira, ulam jangan wus neng
ngriku, jro kendhil pepak sadaya. Wus wrata kang godhong sami, kaisen sekul sadaya, wong sewu
wus kingon kabeh, sami anadhah sadaya, wau wadya ing Demak, aabikut pamulukipun, raos
sakalangkung nikmat. Salaminira angukti, datan nadyan sapunika, seger sumrahe badane, wus tuwuk
maksih kang sega, linorodaken samya, mring sikepa kathikipun, prasamya tuwuk sadaya. Wus
masanggrahan prasamim, kang wadya sewu sadaya, sang dipatya neng ngarsane, sang pandhita she
Malaya, aris ing ngaturira, milamba sowan pukulun, arsa puruiteng tuwan. Kalawan inggih
mondhongi, tuwan wismaha ing Demak, amaba adegaken katong, sakarsa kang dinaleman, paning
demak sumongga, darmi amba dados ratu. Panjenengan nguwasanana. Ngandika sang maha yekti,
iya jebeng sun tarima, sakehe atur mukuwe, iya ingsun mapan darma ngelmu kagunganing hyang,
gya sang dipati winuruk, ngelmu karaton wus bisa. Surasane ngelmu batin, sadalu datan anendra,
sang pandhita lon delinge, jebeng dipati kang ngenjang, kondura marang Demak, away sumelang
dening sun, dhingin ingsun mlaku wuntat. Anusul marang sireki, sandika enjang gya budhal, kondur
sawadya balane, sang dipatya sampun prapta, ing Demak kang nagara, she Malaya dandan pungkur,
bodhol kenak rabinira. Pindhah mring Demak nagari sang pandhita nulya mangkat, tanpa rewang
mlampah dhewe, santrine kinen ngiringna, putralit lawan garwa, datan kawarna ing ngenu,
sangpandhita sampun prapta. Anenging demak nagari, wus apanggih lan sang dipatya, sinarahken
sadayane, siti Demak kang kinarsan, kang dados dalemira, sang pandhita ngandika rum ing
Ngadilangu kewala. Kang wontening tanah jawi, jeng sunan Ngampel kang mongka, para wali
paringide, wit ingkang sepuh piyambak, sarta kang paring prenah, semana pan sampun nglumpuk,
aneng ing Demak sadaya. Sunan Ngampel sunan Giri, Sunan Benang Sunan Murya, sunan Ngudung
lan Kuduse, Sunan Gunungjati prapta, ambekta nak putunya. Kinen ngesreni sadarum, kalamun
kiseh Malaya. Ing mangya jumeneng wali, nama panembahan sunan, Jagamara ki parabe, panutub
wali sadaya, mangkana jeng susunan, Ngampel gadhing gerah sepuh, wus sanguntiring kamuksan.

Seda Sunan Ngampelgadhing, kang para wali sadaya, anyalataken layone,sinarekaken saksana,
aneng ing Ngampeldenta, prawali para makedum, ngiringken layon sadaya. Wus sampurna igkang
lalis, sunan Drajad putranira, kagumantya tengga Ngampel, mangkana nagari Demak, sangsaya
arjanira, kang para wali wus rembug, atandang yuda kanak.

Angadegaken narendra, marang sira wau sang nadipati, kinen kait lan sadulur, kang wontening
Madura, lan Sumeneb Balega dipatinipun, sami putra Brawijaya, miwah kang neng pranagragi. Wus
samya umasuk islam, mangku ibah jumungah wiji-wiji, miwah Aoliyanipun, sunan Ngampel akarya,
duk semana wus rembag sadayanipun, anelukaken kang rama, sang aprabu maospait. Yen tan purun
gama Islam, pan binedhah nagara maospait, susunan giri jinunjung, dadya kang pangedhepan, para
wali kang minongka imanipun, sunan Benang kang minongka, panembahane Prawali. Anekseni ing
agama, sunan ngudung kinarya senaati, ngrehaken islam sadarum kalamun ana aprang, ingkang
bongga agamane kanjeng rasul, sunan Ngudung kang misesa,wong islam lamun ajurit. Angadoni
Jayengyuda, Sunan Gunungjati mongka kemudhi, kang para wali sadarum, yen maju ing paprangan,
sunan giri jurungi donga lumaku, sakancane aliya, sakancane tanah jawi. Susunan Ngudung wus
budhal, saking Demak atata-tata sami, sakehe Islam sadarum, dandan gagamaning rang, sunan
Benang dudum abdhe adegipun, masigid ageng ing Demak, bebah-bebahan prawali. Amendhet kang
pradandanan, sakanira usuk reng sirap sami, wanaler kendheng ginepuk, ingkang prawali kathah,
sami andabeni rerehan wanagung, jeng susunan Kalijaga, rerehane kidul ngadi. Kendheng pepe
watesira, mangulone mangetan kidul kali, sadayane pepak sampun, akyu lajeng binekta, bmarang
Demak prawali sayanipun, mung susunan kalijhaga, sadina-dina ngadhepi. Mring wong madung
tatalira, kinlumpukken anulya den bengkeki, anarong ngorong lumaku, mring sakawinadungan, gya
kuwadung rong-ngorong gulune jabud, pejah pinendhet jeng sunan, lepen tinuntum kenn aglis.
Sinambungan gulunira, tatal jati ing nguculaken urip, orong-ngorong milanipun, dalah mangke
gulunya, yen binethot isi tatal jroning gulu, pejah tinuntumken gesang, puniku purwane nguni,
Mangkana jeng sunan Benang, lawan wau jeng sunan gunungjati, ngandika mring dipatya, ku,
demaki kinen utusan, mring palembang tur uninga ramanipun, yen nagara Majalengka, arsa
pinareping jurit. Yen tan arsa gama Islam, lan weruhanaatmajanira kari, aneng nagri majalangu, ing
terung pecat tondha, badhe dadya senapatining prang pupuh, nanging baitne wus islam, jaluken
lilane ugi, Wantune wong bondayuda, rebut urip singa ingkang ngemasi,lan jaluk kapitulung, apa
kang tinulungna, marang sira amrih menanga prang pupuh, ssangdipati sigra karya,s urat sawusira
dadi. Binektakening utusan, ulu balang sigra layar tumuli, marangnging palembang wau, gantya
ingkang winarna,senapti wau jeng susunan Ngudung, wus akarya surat marang, sang ngaprabu
Maospait. Tembunge kang punang surat, sunan Ngudung titindhih ing ngajurit, Senaatining prang
pupuh, prawira widigdaya, ingkang angreh sakehe islam sadarum paneteg panatagama, mamuji
marang hyang widhi. Ping kalih dhateng ngutusan, kanjeng nabi Mustapa kang sinelir, kaatura ing
pukulun, sang prabu Brawijaya, sampun sepuh wit kawula momong sunu, dipati demak kang daya,
ratune wong Islam sami, Paduka ngarsakna Islam, yen kanarsakaperep ing ngajurit, kawula kinen
amukul, titi tamat kang surat, gya kinancing binakta utusanipun, ulubalang wus umangkat, marang
nagri majapait. Datan kawarna ing marga, lampahira semana sampun prati, kya patih ingkang
jinujug, Gajahmada wus panggya, tembungira ing ngutus susunan Ngudung, asowan dhateng
narendra, utusan nulya ing ngirid. Asowan sri naranata, duk semana sineba neng sitinggil, pepak
pradipatyang ngayun, mantri pramonca aglar, ara putra sentana neng kering ipun, natapinarak
dhampar mas, ing ngayaping para cethi. Asring ingkang upacara, ampilane ingkang para pawestri,
banyak dhalang lawan kacu, emas ardawalika, sawunggaling kinebutan badhak pungkur, nulya Patih
Gajahmada, umarek saha wotsari. Pukulun atur uninga, wonten dutanipun kang ngirid baris, ing
demak susunan ngudung kang daya senapatya, atur surat kaatura ing pukulun, nulya pinundhut kang
surat, kadriya ungeling tulis. Eh apatih Gajahmada, nora becik asih marang wong nisthip, dene tan
maleri ing sun, mring abdiening sun jawa, agamane yen mangsuk islam punku, yen tan mangsuk
denengena, away praduli ing kapti. Sarta wong kang nama Islam, suningone lan tanah sun paringi,
mardika sakarepipun, luput sakeh pakaryan, paningmekote kabisa gawe mungsuh, ngong pasrah
dewa bathara, kang ngakrya patiurip. Sok ingkang sun temen-temena, yen si Islam bisa gawe bilahi,
sawarga ginawe ayu, ngendi gone suminggah, yen wus prapta marang ing papesthenipun yen si
islam prange menang, pasthi ing benjang tinagih. Marang wong buda kang kalah, padha nitis mring
kang kodakang prapti, neng Jakarta enggenipun, dene ing mengko patya, sak ajanging ngajang
tadhahana pupuh, sarupaning wadyaningwang, padha undhangana sami. Mapaga yudane islam, sira
ingkang ngembanana ngajurit, sikulup dipati terung, dadiya senapatuy, angadoni wong Mahapait
prangipun, murba misesa punggawa, panata pangirid baris. Titindhihe putraning wang, ya sigugur
iku gawanen jurit, kongkonane susunan Ngudung,lah iku wangsulana, nora gelem dikoni islam
raganing sun, yen sih Islam mekasa gecak, nagara ing Majapait. Sakarepe sun tumadhah, nulya
kondiur wau srinarapati, Brawijaya angedhatun, gya duta winangsulan marang patih Gajahmada
surat sampun, mundur saking pagelaran, caraka amundhi tulis. Kyana patih Gajahmada, gya
budhalan sawadya Majapait sajawining nagri rawuh, atata pasanggrahan, wus pinanci badhe ning
papaning pupuh, miwah panggonaning mengsah, awiyar tata aradin. Sawisira apepakan, sakathahe
wadya ing Mahapait, titindhih rahaden gugur, ing terung pecat tondha, ingkang mongka dadya
senapatinipun, misesani ing ngayuda, sakehe wong Majapait. Punika taksih wonten candhakipun.….

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

SURAKARTA
Nalika tanggal kaping 2 Oktober taun 1870 ing karaton wonten pista ageng amarengi tingalan dalem
saben taun, menggah sakathahing para tamu sadaya, anglangkungi suka pirenanipun, wondene
sampeyan dalem ingkang sinuhunkanjeng susuhunan katawis andadosaken entyasaning penggalih
dalem.

Cariyosipun tiyang mingggah kaji dhateng Mekah

Satunggiling kapitan Baita kapal ingkang sampu asring kesah dhateng nagari Arab, tuwin dhateng
ing Judhah, ambekta para santri kang minggah dhateng Mekah, asuka kabar kados ing ngandhap
punika.

Ing satuhu prakawis prelu, kedah kaemut-emut para tiyang kang sumedya minggah kaji dhateng
Mekah, supados sampun ngantos kakirangan sarta angreksaha barangipun ingkang prayogi sabab ing
Mekah awis tedha, toyanipun getir sarta onta, ingkang dados susah para tiyang kekesahan minggah
kaji, ingkang dereng sumerep bab prakawis punika.

Titiyang boten iklas tuwin boten darbek kaisinan, ing waktu dhikir sami purun anyolong trumpah,
sap tangan tuwin barang sanesipun, ingkang nguwal saking badal. Para tiyang sami angsal nyambut
dhateng she ingag dados kepala, angateraken titiyang wau, sintena ingkiang nyambut kedah
katanggel ing kancaniun, saupamipejah kang kaji bah bayar sakancanipun ingkang sami ngangge
arta wau, manawi kancanipun boten saged bayar, lajeng sami kabekta dhateng pulo pinang, kadamel
kuli ing tanah ngriku kang kabawah ing para tuwan amurih sageda wangsulipun ing ngarta wau.
Nagari ing Ngarab boten sak tiyang asaged nedha sekul, awit saking awising wos, namung tiyang
kang kalebet sugih ingkang saged pikantuk tumbas wos saking nagari Benggala titiyang kang
minkin sami nedha who kurma, isi kurma katedhakaken ing ngontannipun tinjanipun ing nguta wau
kapendhet lajeng kaepe, kangge kadamel olah-olah utawi sanesipun amargi awis kajeng, mara tiyang
kang sami kesah dhateng Mekah numpak unta lumampah daluh, awit bilih siyang sanget bentering
panasipun, manawi lumebet ing masjid kedah cukur mawi rasasik badan arta ngangge calimut
pethak. Ing nagari Arab wau, boten katingal resik antawis aprentah boten patosa anggalih, awit ing
margi kathah kewan ingkang pejah, utawi ownten sasuker sanesipun, anamung kopi ingkang eca,
anglangkungi wedaling tanah nagari sanes.

Cariyos aeng, tatedhakan serat kapacak ing slompret Malayu.

Ing dhusun Soka dhistrik Kabumen Afdhelling ugi kabumen bawah Bing Bagelen wonten sawijining
tiyang jaler awasta pun J, umur antawis 30 taun, nalika ing Dinten Rebo tanggal kaping 15 wulan
September ingkang sampun kapengker, antawis wanci jam, satengah wolu, utawi jam wolu sonten
tileman wonten ing griya ngajeng angeloni anakipun wonten ing Bale, boten dangu tiyang jaler wau
medal saking griya, dipun pitakeni dhateng kang estri, sanjangipun badhe nguyuh, sareng let dangu
boten wangsul, ingkang ngestri medal saking griya wingking anauwoni anakipun kailar taksih tilem
piyambak ing salajengipun tiyang estri wau medal dhaeng ing latar, sarehning manahipun karaos
boten sakeca, lajeng anyeluk ingkang jaler awit ningali prabot katilar ing bale wau, dados wedalipun
kalampahan wuda kemawon, kang estri wau sangsaya sumelang, kalampahan katakek-takekaken
boten wonten tiyang kang sumerep, sareng sampun tita anggenipun ngupadosi ingkang jaler boten
pinanggih,lajeng wangsul sareng dumugi ing griya, tiyang estri wau ajeleh, sarta ngungelaken
gendhong, lajeng kathah tiyangkang sami dhateng tuwin taken dhateng tiyang estri wau, punapa
ingkang dados sababipun, tiyang estri boten saged amangsuli, amargi saking bebeging manahipun,
elet boten antawis dangu tiyang estri wau, cariyos lalampahanipun ingkang jaler kados ing nginggil
wau, antawis jam sawelas dalu, tiyang jaler wau dhateng jelah-jelih sarta anyebut” O gusti kang
sipat rahman, kula kaparingana ngapunten, sareng sampun nyebut anyambut sinjang dhateng
tangganipun awit piyambakipun wuda, badhe mantuk karaos isin amargi kathah tiyang sarta sami
bekta obor, sareng sampun angsal sinjang ciyut kadamel cawetan lajeng mantuk dumugi griya
sakathahing tiyang kang wonten ing ngriku, sami kaget sara dheleg, lakeng angrubung mawi tetaken
tiyang jaler wau lajeng anyebut malih, O gusti allah ingkang kuwasa, salajengipun cartiyos, anggen
kula medal saking griya, kula ningali tiyang ngintip—intip sarta nyara kang nyalawadi, kula dugi
bilih pandung, lajeng kula celaki, sayektos wonten tiyang jaler kalih, kang satunggil katingal ing
pekula, ingkang satunggalipun kula boten terang, kula lajeng kaajak dhateng griyanipun dhusun
watu gudhig lajeng kula tumut, dumugi margi ageng pamireng kula wicanten dhateng kancanipun
menggah tembungipunmekaten, O, kaliru sing arep tak gawa uwong kang dumah salore wong
ngriki, apa maneh aku wedi sabab wuda bae sarta gawa kenthes mulane becik di uculake maneh,
sareng sampun micanten mekaten, sami kesah boten katingal, saicalipun tiyang kakalih, kula ngraos
bilih kula wuda, sarta kula sumerep wonten satengahing wana ing Slendhung, mila tumunten kula
mantuk enget manawi kula kalap, prenahing wana slendhung wau, kirang langkung tiga tengah pal
saking griya kula. Katandhan Taruna Lelana.

Serat saha tabe kula kaurmatan ingkang akathah-kathah, katura panjenenganipun tuwan F.L.Winter.

Sasampuning kadya punika, menawi kapareng saking panggalihipun saudara, ingkang mugi serat
kula punika, kapacaka wonten kabar bramartani kemis ngajeng punika. Kula sampun mirsani terang,
dhateng saseratanipun mitra kula, sastra manta, ingknag kasebut ing kabar Bramartani, ongka 37,
dene suraosipun serat sastra manta anggumun semu ngerang-erang dhateng pitakenipun sajaya, bab
kodhengipun ing tembung, lendra, 2, awasita. Punika andadosaken eramipun manah kula, dhateng
adhisastra manta, anggenipung umun dhateng pitakenipun sajaya, yen ta sajaya wau wasis dhateng
kaussastran kados sastramanta, saestu boten mawi taken malih, pramila spitaken inggih saking
jugulipun. Ingkang kalih dene malih, saupami tiyang punika wasista dos sastramanta sadaya, sinten
ingkang dipunwastani bodho yen bbodho kados sajaya sadaya, sinten ingkang dipun wastani
gunawasis, mangkaten sasamenipun ngagesang. Surakarta kaping 20 september 1870 Katandhan
Mitrane Sajaya.

Wangsulan dhateng jayasena

Kula boten amangsuli kathah-kathah, dhateng srat wangsulanipun Jayasena, ingkang andakwa boten
cundhuk pisan-pisan kalih suraosing serat kula ingkang dipun wangsuli.

Mila kula boten amangsuli kathah-kathah, awit sangking pandugi kula para priyantun ingkang sami
maos serat Bramartani, saestu sampun sami pirsa, bilih angsulanipun jayasena wau, amung sangking
bebeging manah ilon-ilonen, ananging kepalang cotho ing nalar. Ing wasana, sertipun jayasena,
mawi anyebutaken mekaten, yen saking pamanggih kula, kathah leresipun maluna suka, genya
damel sunepa, priyantun ageng, ingkang sampun kanyina ing ngawonipun, wangsul jayasena gadhah
pitembungan makaten wau pnapa saged andumuki anyinaniing awonipun priyantun ageng, ingkang
kadamel sanepa dhatengpun Malinas suka punika, yen jayasena saged mugi kagelara wonten ing
serat Bramartani, kemis ngajeng punika, yen sampun kelampahan kagelar tamtu jya sena badhe
sumerep dhateng griwanipu npiyambak. Surakarta kaping 15 September 1870. Kusumalalita.

Ingkang srat saha atur tabe ingkang sayogi katur panjenenganipun tuwan redhakturing Bramartani,
ing Surakarta Adiningrat. Bilih andhanganaken ingkang dados penggalihipun saudara, kula nyuwun
papan saha mugi wontena karsanipun saudara amacak ing serat Bramartani, amikantuk sanget
dhateng priyagung kang sami kawenangaken anggarap prakawis ingkang kenging dados tatuladan
atur kula ing ngandhap punika. Wonten tiyang awasta H kalairan ing nagari T griya ning dhistrik B,
nalika taun 18, kanging prakawis jalaranipun tukaran kaliyan mas K anakipun mas Tri Haris ing
dhistrik B, Mas K, anarik kris badhe anyuduk ananging katangkis sanjata ening H, wau, temahan
mas K kataton ing Bathukipun, ing wasana prakawis punika katur ign pulisi, ings alajengipun pulisi
utusan kumisi, 1 mas N, mantri sata 2, Kr lurah dhusun 3, raden T, Jagareksa, ugi sami dhistrik B,
prakawis punika sampun kariksa kumisi 3 wau, sarta tatela trang prakawis tatukaran. Ananging mas
Mantri Aris maur dhateng wadananaipun supados prakawis wau kasebutna nya ngaja amrejaya
sarana dedamel, wadana anuruti ingkang dados panedhanipn mantri Aris dalah sukarembag dhateng
kumisi, 3 wau, sarta tatela trang prakawis tatukaran, ananging mas mantri aris matur dhateng
wadanaipun supados prakawis wau kasebutna nyangaja amrejaya sarana dedamel, wadana anuruti
ingkang dados panedhanipun mantri aris dalah suka rembag dhateng kumisi, 3 wau, prakawis
kaaturna dahteng nagari, awit saking jrihipun kimisi 3 ugi anglampahi pirembagipun waana, mas
mangri aris lajeng matur dhateng raden bei patih miwab dhateng mas bei jaksa, prakawis punika
mugi katur ing landrad sarta ngaturaken pratikel kang dados enthengipun kaewahana supados H
amanggih paukuman, raden bei patih anglestarekaken panuwunipun mantri aris, namung mas bei
jaksa kang boten angrujuki bab aturan punika, sanadyan makaten prakawis kalampahaken kados
panuwunipun mantri aris sabab raden bei patih welas dhateng mantri aris, sarta anakipun ingkang
kataton ilalah I, raden bei patih 2 wadana 3, para pulisi kang kumisi, sami kasupen sumpahipun
nalika katetepaken dados priyantun amtenar, mila kalampahan H, wau kapatrapan paukuman
kabucal kalih taun laminipun H, sakalangkung anggenipun prhatin dene boten kalepatan kedah
kaukum, ananging dereng lami para priyantunkang awon manahipun kang sebut ing nginggil
wpunika, sami manggih bebenduning ngalah, kadosta: 1, Raden Bei Patih boten lami sakit padharan
lajengpejah. 2, Mas wedana B kabikak saking wangkatipun. 3, mantri Aris, kabikak saking
pangkatipun, 4, Mas N, 5, Mas K, pejah sakit kolerah, 6, Lurah Kr. Anakipun kasamber glappejah,
griyanipun regi 1000 rupiyah ibah priyantun nem kang kacariyos ing nginggil wau ingkang wau
sakalangkung sugih, ananging sareng prakawis punika sampun kalampahan lajeng malarat sadaya,
kang taksih wilujeng gesang sami dados bujang, mas Bei jaksa ingkang temen temen anglampahi
kwajibanipun ing sapunika angkat dados patih, wondene H sareng mantuk saking bucalan ginanjar
wilujeng sarta sugih. Katandhan ingkang sudara Raden Mas Panji P.

Punika candhakipun Cariyos perang

Ing nagari Pangkrik ing samangie sampun ambiwarakaken serat undhang-undang, manawi
pangwasan ing paprentahan kaelih jumeneng wonten ing kitha Tur, tuwan Krimiyo, ministrer Justisi
Kabaluan tuwan Belsang, tuwin sanesipun para tuwan ingkang jumeneng minister, sami angasta
pangwasa ageng, saengga kanjeng gupremen, tuwan Krimiyo wau marsudi para tiyang ing Pangkrik
sami anglabuhana ing ngayuda. Bab rurukunan kendeling perang kaantawis badhe boten
linampahan, tuwan Tring ingkang patah kautus anyuwun pitulungan dhatenging nagari Englend
tuwining nagari Ruslan supados ambiyantona ing paprangan amrih anyirnakna mengsah saking
nagari Pangkrik samangke sampun wangsul ananging ingkng dados panuwunipun tuwan Tring wa u
boten kaanggep,wondene kangjen graja Prislan karsaha rurukunan mawi prajangjeyan ingkang
katamtokaken kados karsanipun kanjeng raja Prislan ananging rembag ingkang samanten punika,
dereng wonten ingkang kadadosan sarta kadugi badhe boten saged kalampahan. Sakathahing tiyang
ing kadhaton Paris boten sah anggenipun sami mirantos ing dadamelipun perang, sarta sampun
ambesmi wana ingkang celak ing kitha, wadya bala prislan ing sapunika sampun kukuwu wonten
panggenan winastan Krodha, Gaston, tuwin ing Aklatan, menggah pangajenging wadyabala Prislan
wau sampun dumunung celak sawetanipun kadhaton Paris sanadyan makaten titiyang ing Paris
manahipun taksih sami teteg sadaya, sakiwatengening kadhaton paris sampun wonten kang
kalampahan perang icir. Ingkang kacariyos malih, kanjeng raja Prislan karsa arurukun sarta
kendeling perang, punapa dene kang jeng raja Napoliyun badhe karsa kajumenengaken raja malih
wonten ing nagari pangkrik ingkang mongka kaprabonipun kanjeng raja nnapoliyun wau sampun
karucat, ing wasana rembak kang makaten punika kamokalaken, awit kanjeng raja Prislan boten
pisan anggalih rukunan kang makaten wau, sarta wdyabala Prislan ing sapunika badhe anempuh
kitha Normandhi. Sakathahing lampahipun kareta latu kang anjog dhateng ing Paris ing sapunika
sampun karisak, Ateleri rislan sampun langkung Lepedesen celak panggenan kang winastan Neret
ambekta dadamel mariyem a50 ajeng manggen wonten ing Malusen tuwin ing Arni.

Kauningana para priyantun tuwin sanes-sanesipun manawi tuwan Sensisnem gadhah kapal jragem
ageng turunan kapal Arab badhe kasade regi 600 ruiyah. Punapa malih tuwan Sensis wau mentas
dhateng saking nagari Pangkrik ambekta barang dagangan namung sakedhik ananging sae-sae
sadaya.

Panjurung kula ing Bramartani katitimangsan kaping 15 wulan September 1870 ongka 38 wonten
ungel-ungelan Bramantaka, unika lepat menggah leresipun Bramawilaya, boten saking punapa
namung andadosna kuninganipun ingkang sami anguningani ing kabar Bramartani. Katandhan Arja
Prajana.

Kauningana para priyantun manawi kula mentas anampeni ancur parada sinjang utawi ringgit
wacucul 100 iji regi 5 rupiyah punapa malihlampt alus panjangipun 10 kaki, wiyaripun 3 kaki regi 4
rupiyah 50 sen bayar kenceng, sakalangkung mirah, Para priyantun ingkang ngarsakaken tumbas
lajeng kenging pikantuk saking kula. Tuwan Jonas Portir ing Kedhung kopi

Para priyantun utawi sanesipu ingkang sami nyambut utawi amotangaken dhateng swargi tuwan
Y.E.Vanlewen, Amtenar pensiyun ing Surakarta, sami kaaturan ambayar sambutanipu utawi asuka
pratelan potangipun salebetipun tigang wulan wonten ign kantoripun tuwan Notaris ing Surakarta.
Surakarta kaping 17 September 1870
Katandhan Nyonyah W.VanLewen.

Para priyantun ing salebeting kraton dalem Ngayogyakarta, ingkang sami ngemim serat Bamartani
taun 1870, manawi karsa ambayar wragadipun 12 rupiyah pethak ing dalem sataun sami kaaturi
angintunaken yatra wau dhumateng tuwan Pilip, utawi ingkang dados wakilipun, awit sakathahing
serat pethuk yatra wragad Bramartani taun punika sampun kula pasrahaken dhumateng tuwan Pilip
wau, Surakarta kaping 15 September 1870, Tuwan Purneman

Tuwan Purnemanmentas anampeni bonekah tuwin dolan lare, kathah sarta warni-warni ingkang
sakalangkung sae tuwin aneh, ing Surakarta dereng wonten tiyang sade kang kados makaten.

Bab pratelaning kalepatan kasebut ing Bramartani ongka 40

Ingkang kacariyos wonten putri anama Matildhe kacepeng dening mengsah wonten ing panggenan
winastan Dhip punika lepat, menggah leresipun putri Matildhe kaandheg dening panguwasaning
paprentahan ing Pangkrik wontening Panggenan winastan Dhip nalika putri wau badhe pindhah
dhateng nagari Enggelan, punapa malih ungel-ungelan kadosta, boten kenging makle langkung
saking wancinipun tilem saben dalu, kasebut ing cariyos bab jampinipun tiyang sakit mengi, ugi
wonten ingkang lepat menggah leresipun makaten, boten kenging melek langkung saking
wancinipun tilem saben dalu. Redhaktur F.L.Winter.
Ongka 42, Kemis kaping 13 Oktober 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun ing ngatasing para amtenar Walandi tuwin para Priyantun Jawi.

Kawrating serat Telegram katitimangsan kaping 4 Oktober 1870


Tuwan Kreret Kontelir, 2 tuwan Nek guru pamulangan 3 tuwan manekuk Twedhekumis, 4 tuwan
Graseis amtenar Terbeskikeng, sami kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi, awit saking
sakit.
Tuwan Einpanpetiyus Asisten Residhen kaparingan pensiyun,
Tuwan Meiyer, kakulawisudha dados kontelir Irteklas ing Sumatra tanah Wetan. Tuwan Henkes
kakulawisudha dados kontelir Twedheklas.

Kawrat ing Serat Talegram katitimangsan kaping 7 Oktober 1870


Tuwan Mister F.Altimis, 2 tuwan Mister Dhewall, 3 tuwan Mister Dhupiron sami katrimah
kaparingan bintang Ordhe Nederlan Senleyo
Tuwan Swaping, Asisten Residhen ing Temanggung, 2 tuwan Dheni, kontelir Twedheklas sami
kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi, awit saking sakit.
Tuwan Dheblau, kakulawisudha dados Sekretaris Gupermen
Tuwan W.Meiyer kakulawisudha dados Asisten Residhen ing Temanggung
Tuwan smith kakulawisudha dados guru pamulangan ing Jepara

Katrap ing serat kikintunan Surakarta Leiyun Mangkunagaran


Raden Mas Panji Mangunkusuma, Irstelitnan Infantri, kaundur saking pangkatipun kalayan
kaurmatan, sarta katrimah anggenipun labet sampun lami.
Raden Mas Yuda Asmara, kakulawisudha dados Irstelitnan Infantri
Raden Panji Suradarsana kakulawisdjha dados Twedhe Litnan Infantri
Raden Mas Ariya Suryadarmaja kakulawisudha dados Rid Mister kapaleri
Raden Mas Panji Malaya Armaja, kakulawisudha dados Irstelitnan Kapaleri
Raden Mas Panji Partaningrat kakulawisudha dados Twedhelitnan kapaleri.

Kudus
Raden Mertaatmaja, mantri pabrik tebu ing Rendhang, kasantunan pangkatipun dados mantri
gudhang kopi.
Mas Rana Wijaya, mantri gudhang kopi, ing Cewapa, kasantunan pangkatipun dados mantri tebu.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


SURAKARTA
Serat pakabaran winastan Dheportenlandhen anyariyosaken, tiyang Jawi anama kaki Gudher umur
72 taun gagriya ing dhusun Kemadu, dhistrik Malangjiwan bawah ing Mangkunagaran, nalika
tanggal kaping 1 wulan Ojtober punika, kaki Gudher pinuju wonten ing Pakopen sarta sumerep yen
wonten sangsam lumajeng amurugi dhateng panggenanipun sarehning kaki Gudher boten saged
anyingkiri lajeng anjelih nedha tulung, ananging saderengipun wonten tiyang ingkang dhateng , kaki
Gudher sampun kasudhang dening sangsam ing padharanipun wasana kaundha dhawah langkun
ging pager, kalampahan kaki gudher pejah ing ngenggen, wondene sangsam wau salajengipun
karampog sarta kapejahan dening titiyang ing dhusun Kemadu ingkang sami dhateng tandang
tulung.

Ingkang kacariyos ign serat pakabaran winastan Lokomotif kanjeng Sri maharaja ing nagari
Nederlan anggalih badhe karsa angewahi pangangggenipun para upsir ing indhiya nederlan sarta
polet lami badhe kangge malih……….

Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran

Kuneng duta sampun pranta, kawarnaha ing kang samya abaris, balane suSunan Ngudung,
tumamenging ngayunan, awotsekar ngatturaken serat wawangsul, sang dipati Gajahmada, bubukane
punang tulis. Serate ngudung sianak, sampun katur sang rabu maospait, tan arsa yen kinen anut,
marang tabiyat Islam, dene arsa mukuling prasanga prabu, kang wadya kinen tumadhah, sakarsanira
ing jurit. Titi tamat ingkang serat, nulya Sunan Ngudung ngangsekken baris, mrepak nagri
Majalangu, saksana yun-ayunnan, sampun tata pasanggrahannya sadarum, wadya Demak pranaraa,
dipati Islam pasisir. Saturute sampun ngelmpak, miwah wadya Madura sampun prapti, Sumenep
Balega sampun, sampang urut Semarang, manut mring suSunan Ngudung, wadya lit sadina-dina,
wus campuh rame kang jurit. Pan gantya longlinongan, kawarnaha wau kang para wali, genya karya
masjid agung, abah anyawus pepak, amung kantun satunggal kang saka guru, lor wetan buguhanira,
suSunan Johar maraki. Tan wonten ujuding saka, amung tatal kinalumpuken aglis, marang suSunan
Kaliwatu, mangkana Sunan Benang, mariksani abahan masjid sadarum, anulya wau tumedhak,
marang gene Sunan Kali. Jebeng dibubuanira, saka guru lorwetan kang sawiji, masjid sun adegakene
sesuk, mung nganti praptanira, ingkang nganeng pabarisan jebeng Ngudung, pasthine yen sesuk
prapta, jenengi adeging Majid. Barise apantinilar, yen wis ngadeg masigid bali maning, Sunan Kali
awotsantun, gampil saka satungal, mangke, mangke dalu kawula warnekne sampun, gumujeng
susunan Benang, mangkana praptanilatri. Susunaning Kalijaga, ingknag tatal sawuse den bengkeki,
sinamilan saka guru, ageng lan panjangiira, gya ing ngurut ngasta tatal tungtum sampun, awor rapet
samya wreksa, lawan sakaguru sami. Nulya kang wreksa sinabda, sira saka tatal gya rusak nuli,yen
durung rusak kang telu, warnanira apelag, tatahane purusan kadya kang telu, enjange dyan wali
pepak, kagyat denira ningali. Kang sakawus jangkep papat, kapanane olehe saka prapti, dene apik
warnanipun, pan sami tiningalan, lamun ta tatal kang kinarya sakaguru, tandhane antup-antupan,
marmane rupane apik. Lah ta iki basakena, tan kangelan bature mring wanadri, anjuputi tatal ingsun,
ing besuk wuri uga, wong kiduling kendheng kali pepe besuk, amek wreksa lor dadiya, panase
ingkang ngenggoni. Kalawan soka akobaran, marmanipun nenggih dalasan mangkin, tan kena
ginawa ngidul, mangkana sunan Benang. Wus mriksani abahan pepak sadarum, susunan Ngudung
wus prapta, tinilar wau kang baris. Prawali samya anyandhak, abahanabne masigid wiji-wiji,
bebahahane pyambak wau, ing ngadegaken nulya, swaraning wong akeh gumeder gumuruh, wus
ngadeg guru sekawan, sunduk kiline wus manjing. Sakarawa sampun tumrap, usuk ereng sirap
pinasang sami, wuwung mastakane sampun, mung keblat maksih diya, kang prawali sadaya
pamawasipun, samya waon-winaon, benere kalawan masjid. Ing Mekah lan Kakbatullah, ana
ingkang kurang ngalor ngarani, ana kang kurang mangidul, dadya yoging–ngoyogan, jinawilaning
driji siji panuduh, swaranira agerotan, marang ingkang para wali, upama tinarik tampar, pan wong
sangangatus ingkang nyekeli, punika sesamenipun, masigid kadya jomplang, sunan Benang alon
pangandikanipun, kang para wali kendela, asowa ing mengko bengi. Nedha ing ngalah winawas, ing
benere lawan kak betullahi, kang pra wali leren sampun, prapta ing wenginirta, salat kajat kang para
ali sadaru, sakbadane sigra mawas, masigit kang para wali.
Maksih diya keblatira, tengah dalu wayahe ingkang wengi, sing wetan amawasipun, mangilen
adhepira, katingalan ing ngenceng kakabah puniku, wonten kang ngarani kirang, mangaler mangidul
kedhik. Nulya sunan Kalijaga, nembah minggah mergagah aneng nginggil, anyandhak
mustakanipun, nenggih masigid Demak, asta kanan anyandhak pupucukipun , sumongga sanak
sadaya, menggah keblat kados pundi. Kang parawali amawas, sampun leres keblate kangmasigid,
kalawan kakbah puniku, sunan Kali gya lenggah, duk semana wektunira manjing subuh, sunan
Kalijaga adan, sunan Benang kang ngimani. Sabakdanira asalat, maan wonten gumandhul neng
masigid, sira gada enggenipun, ing nguthik sampun tiba, tiningalan lamun wonten suratipun, unining
surat rasukan,lorodane kang neng nabi.

Salalahu ngaleya salam, dhumawu amarang prawali jawi, wruh anira klambin ingsun, aran
ontakusuma, she Malaya ingkang sun paringi iku, ulese sabadinaning wang, Takwa arane si
Gondhil. Saa saa ingkang dadya, babekele nagara tanah jawi, sigodhil nggon-anggonipun, jeng
sunan benang nabda, iya sira jebeng kang pinaring rasul,lorodan kulambi aran, kyai ontakusumadi.
Ulese sambrindhil kang warna, badinane jeng nabi kang pinaring, tanah Jawa bekelipun, jeng sunan
kali nembah marang guru tinampan kulambi sampun, sarwi sujud nekem sirah, kaping tiga nulya
tangi.

Kalangkung sokuring suksma, kaping kalih marang ing kanjeng nabi, wus daya kang masjid ta gung,
Demak langkung kawuryan, sunan Ngudung nembung kulambi sinambut, ontakusuma ngagem
prang, antuk kasupangat nabi. Nulya denulunken ninggal, marang sira wau jeng sunan kali,wus
tinampen sunan Ngudung, saksana grya umangkat, mring barisan wong Islam kasor prangipun, keh
kang pejah nandhang brana, unggul prang wong Majapait. Sunan ngudung esmu merang, dewong
islam, kalah lawan wong kapir, risaksana dandan gupuh, ngagem kang prajuritan, kyai onta kusuma
uwus rinasuk, anulya nitih turongga, tan sedya munduring jurit.

Sunan Ngudung wus nengahi rananggana, ngembat watang kumitir, wonging majalengka, payo sun
kemblulan, den padha sudireng westhi, kya dipatya, ing terungkang ngabani. Mring prajurit majapait
kinen mengsah, ngudung paksa lanang, prange mongsa pelaga, wong santri karyane ngemis, prajurit
mangsah, angrubut ing ajurit. Marang Sunan Ngudung ana sakig ngarsa, ana kang saking kering,
abendrong sanjata, prajurit sarwi surak,mimis tan ana ngeneni, maring susunan padha batur kang
keni. Prajurit ing Majapait ing jalempah, saking rowange pribadi, lor kidul kena, kunarpa susun
tindhih, Sampun sirep unine ingkang sanjata, prajurit Majapait, anunbak gya mangsah, plarihi
sangking kanan, kang saweneh sangkang kering, sing wuri ngarsa, prasamya anglarihi. Mring
susunan Ngudung wus datan tumama, binedhak kang prajurit, lawunge malesat, tumbak manjing
roweangnya, keh mati wong Majapait prasamaya rowang, tumbak ke angeneni. Sampun sirna
prajurit kang maju ing prang, sunan ngudung sisirig, sarwi sumbar sumbar, endhi ingkang minongka
senapatining ngajurit, metuwa ing prang, atandhing lawan mami. Lir sinebit dipati Terung karnane,
pecat tondha nulya glis, ngarsuk prajuritan, nulya nitih turongga, angagem waos kumitir, ing
ngembat-embat, sak sana wus sang panggih. Yunayunan, Sunan Ngudung lan dipatya, lawungira
wus uthik, pan gebang ginebang, datan pan bisa numpak, sami prawirane kalih, sadangunira tan bisa
anglantari. Kuciwane susunan ngudung wus sayah, denya prang wus sakenjing, ngantos prapteng
Ngasar, karosanira suda, lawungira wus katitih, gya pecat tondha, lawungira mranani. Jajanira sunan
Ngudung kaprajaya, anerus maring gigir, kang rah sumamburat, niba lajeng palastra, kyai
Ontakusuma glis, kon nus umesat, mantuk mring demak nagri. Layonnira Sunan Ngudung wus
rinebat, marang wong islam keni, nulya sinucenan, tinrapaken bandhosa, nulya ing nguli kenaglis,
barising islam, maksih pajen nadhahi. Perang ngira prajuriting Maualengkia, gantya ingkang
ingkang winarni, kiontakusum, mantuk kekuthaherah, kagyat jeng susunan keli, nulya cinandhak,
rasukan gya ing ngisis. Sunan Kalijaga nulya mring wismanya, sunan Ngudung kang rabi,lajeng
awawarta, bok ayu dika wruha, sika kang kados ngemasi, neng adilaga, kang bok au nauri. Sinten
adhi ingkang pawartaing dika, sunan kalingling malih, ki Onta kusuma, mantuk kekuthaherah,
rineksa jawining pasthi, yen sajronira, sinten kuwasa samambengi. Rabinira sunan Ngudung jrit
karuna, tan adangu gya prapti, wau layonira, sunan Ngudung nging Demak, jinujugaken ing masjid,
prawali samya,anyalataken sami. Sinareakaken lor kunloning masjid wus purna, mangkana kang
winarni, caraka wus prapta, kang marnag ingPalembang, ki Arya Damar ngintuni,marang kang
putra, babantu ing ngajurit. Warni pethine paprangan den bukaka,pethi wus den tampani, mring
dipatya Demak, ing ngaturaken sunan, benang angandika aris,mring kaponakan, atmajane kang rayi.
Sunan Kudus, daya pangunguluning Demak, Kudus kang den lenggahi, babo putraningwang, patine
ramanira, apan sira kang prayogi, agentyanana, sumilih senapati. Angrehena sakehe prajurit Islam,
nuli banjura jurit, marang Majalengka, ing sun gawani sarat, ramanira sunan Giri, sarta agawaha,
sakehe para wali. Jurangana ing yudane lahunggula, sunan Gunungjati, anambungi sabda, jebeng iya
manira, maringi rowang sireki, babadhonging wang, ginawa kaumi. Punika taksih wonten
candhakipun.…………

NGAYOGYAKARTA
Serat kikintunan saking Ngayogyakarta anyariyosaken tedhakipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati
Sasraningrat, dhatenging Ngardi Kidul, kaliyan tuwan Jurubasa, tuwin para tuwan ing Sawatawis,
karsa amriksani panggenan sarang burung utawi patilasan ing Jaman kina, Kanjeng Fusti medal ing
Margi pos bunder mawi kauratan ing sawatawis, lajeng dhateng Wanasari nyare sedalu, tindak ing
Semanu lajeng dhateng ing Ngrongkob, inggiih punika panggenanipun sarang burung, salajengipun
tindak ing Balong aningali seganten, tumedhak dhateng gisik, marginipun saklangkung rumpil,
bupati ingkang dherekaken namung raden Riya Prawirasentika, boten dangu wonten ing ngriku
lajeng kondur, mampir griyanipun raden Tumenggung mangun Nagara, ing Balong, tumunten lajeng
dhateng ing Senmanu malih, wonten ing ngriku kasugata ing tayub, salajengipun tindak dhateng
Wanasari, nunten kendor dhateng ing Pakualaman

ROTERDHAM.
Ing kitha Roterdham, wonten satunggiling gudhang ageng kabesmen saisinipun warni teoh kopi
tuwin gendhis utawi warni dagangan sanesipun, barang ingkang kathah-kathah ingkang wonten ing
gudhang wau, katanggel sarta kedah pikantuk tempah, ingkang mongka pitunanipun katapsir kalih
utawi tiga tengah yuta rupiyah.

Serat pakintunan saking Kadhiri, anyariyosaken kados ing ngandhap punika. Nalika tanggal kaping
15 wulan September ingkang sampun kapengker, antawis wanci jam pitu sonten, wonten sawijining
tiyang Jawi, saking kekesahan badhe mantuk sareng kaliyan ingkang ngestri, sareng dumugi ing
peken caket ing ngalun-alun, kacidra dening bangsanipun piyambak kasuduk ing keris, kenging
lempengipun ingkang kanan, ananging tatunipun boten mutawatosi, amargi tatu boten lebet
katanggor ing balung iga, panjelih panedhanipun tulung, kamirengan satunggaling walandi, ingkang
tumunten tandang tulung, ananging durjana ingkang anatoni wau, sampun lumajeng, tuwan wau
lajeng dhateng ing kawedanan, saking pamarsudinipun wadana tuwin tuwan wau ugi sadalu wau,
durjana tumunten kacepeng kaletaken ing kunjaran, menggah ingkang dados jalaranipun ing
panyidra wau ngantos sapriki dereng tetela.

Punika candhakipun cariyos perang

Ingkang kacariyos wadyabala Pangkrik iunggul perangipun wonten Pisiya, tuwining Lohne,
ananging pakabaran punika kadorakaken dening wadyabala Prislan, sanesing perang icir ugi sampun
kalamapahan, kitha Stratbereh, ingkang kinepang dening mengsah sarta binendrong ing senjata,
tuwin mariyem ing sapunika sawatawis sampun karisakan, pundi panggenan ingkang santosa,
ananging wadyabala Prislan , ingkang tindhihan Kanjeng Pangeran Adipati Anom, anggnipun
kukuwu wonten panggenan ingkang winastan Parselye tuwan Paper kautus sowan ingkang jeng raja
Prislan angunjukaken pirembag rurukunan, saderengipun kadhaton paris karisakan sanajan
kendeling ngayuda, ing sawatawis kenging kaajeng-ajeng, para tiyang ing kadhaton Paris, boten sah
amirantos ing dadamelipun menggah cariyosipun nagari Pangkrik agah ambayar pituwas waragating
perang, sarta baita kapal perang Pangkrik ing sawatawis badhe kaesrahaken dhumateng Kanjeng
Raja Prislan sanadyan wonten pirembag ingkang mekaten, dereng wonten leresbing perang. Ingkang
kapratelakaken ing serat kikintunan saking Orleyan, wadyabala Prislan kathahipun 15000 kasaser
perangipun mamengsahan wadyabala Pangkrik kathahipun 250000, wonten ing Semplenobisur,
pakabaran sanesipun anyariyosaken manawi wadyabala Pangkrik kathahipun tigang dhipisi,
gumantya kalindhih yudanipun kalampahan mundur malet ing kadhaton Paris, menggah wadyabala
Pangkrik ingkang kabandhang kathahipun 2000 utawi 3000 ing sapunika wadyabala Prislan sampun
manggen wonten ing Melun sanesing wadyabala sampun anglangkungi lepen dhesene celak
panggenan winastan Triel, salajengipun badhe umangsah dhateng ruwah panggenan ingkang
winastan Tul sampun karebat dening mengsah, satunggiling jendral awasta Wipen, anglepataken
kanjeng raja Napoliyun nalika kasor perang wonten ing Sedhan, Wangsul ingkang kacariyos, tuwan
Paper ingkang dinuta, tansah rasambeagan kaliyan tuwan Bimareg, priyagung nagari ing Prislan, bab
rakawis kendeling perang, menggah kadadosanipun dereng tartamtu.

//Srinata//
Satriya Parang garudha, peken alit megat margi atur pakurmatan amba, amanjurung bramartaii,
lancengung mawa cundrik, wangsalan sawontenipun, ari cegah inglampah, bilih tuwan
anyondhongi, pinacaka ing benjang wraspati ngarsa.
Jantiwiring, kantaka jronelumamah: angaturi, wangsalan sambetan ngarsa
Ongka pitu, lara setu ron kagonda: atur kula, angger re boten kasesa.
Cengkal bandan, jalma sepuh repot karya: yen ginelak manawi dhomo tembung nya
Tambang kawat kapindhung kang isi lenga: Panganggite, sinambi dhangane karsa
Gagang marga, wreksa kamal ing karesna: lamundangu, ywa dadi pangggalihira
Lapal jampi, panjites tato sembawa: memitroha, aja nganggo maro karsa.
Tamban karsa, kang gebang pangules sata: sabarang reh, ni ruwa kang wus sarjana
Kawisemi, palwa karoban wawratan: dipun mantep, sarate ngupaya guna
Natadewa, lempuyang who balimbingan: cegah nednra aja sah pamintanira.
Sarungpada, pijet tan who rerentingan: den keraos, mamrih resep kang tumingal.
Wiji kapas, bibis retapakarangan: kena siku, yen nempik reh kang utama
Cengkir wungu, semedi nendra ing latar: Yen uwal, badhar barang sedyanira
Pandhe dandang, tata rukune wong desa: sayang saya, yen tan guna lan micara
Karobantoh, rumatan dinekek liyan,: andhap asor, lan tiba barang pranggraita
Lampes wungu, who kamal ingkang taruna: yen sihiku, jinaluk pesthi tan kena
Kuda sabrang, dodolan asri gumelar: mrih lunture, dhasarana tuhu setya
Kaduk sarem, malbeng wana murang marga,: aja isin, sumusupa para sujana
Andum karya, pancadan unggahing bangsal: sokur bage, bisa mundhak karyanira
Baju panjang, wana gung caket gedhangkrang: gliyak-gliyak, wangsalan megsih ngupaya
Lembujamus, lar badhak asririneka: kalih dasa, kasebut nginggil punika.
Surakarta kaping 1 Oktober 1870, Katandhan Trusdhasastra.

Cariyos Cekakan bab tiyang Turko Gagolonganipun wadyabala pangkrik.


Sakathah-kathahing tiyang turko kenging kasamekaken kaliyan tiyang Wanan, watekanipun boten
darbe kaisinan sarta resah pratingkahipun, sampun kathah ingkang dipun ukum, awit boten maut
paprenbtag, tuwin asruing niyat amejahi tiyang, ing paprangan tiyang turko punika kaprenahaken
dados pangajenging barisan menggah pratingkling perasaa sami ambrangkang anelosor singidan
bilih celak sanget kaliyan mengsahipun,lajeng ngadeg sarta surak angedrel, tumuten anglosir malih,
tiyang Turko ingkang katiwasan tuwin kacepeng dening wadyabala Prislan, kathahipun 2009 nalika
perang Woret, kathah bangke sami kacumlak matanipun sarta kairis ilatipun, punapa malih wotnen,
prajurit Prislan kathahipun 14 kinepang dening tiyan gTurko, sanadyan sampun teluk, kinaniayaya
katigas gurungipun, wonten sawijining tiyang Turko wau lajeng anjejak senjatanipun tiyang Prislan
kacakot tanganipun kala ngelungi tatedhanipun roti, punapa malih anggur igkagn pancen badhe
kasukakaken bongsa Dhitslan, dipun idoni, dene tiyang Turko ingkang kataton, sami kapulasara ing
griya pasakitan, wonten ing ngriku adamel raresah, ngantos kacepeng kabonda ing ngakathah.

Pangkrik
Ingkang kacariyos wonten sawijining tiyang Pangkrik taksih neneman tedhak turunipu priyagng
kaukum pejah kaobong, awit kadakwa kadunungan anunggil wanah kaliyan bongsa Prislan.

Serat pakintunan saking Paresidhenan M, anyariyosaken wonten penganten kaandheg tuwin


kadukanan ing bupati, awit boten kalilan anumpak kareta, antawis ngantod dangu sarta lajeng
kajawahan kebes, wasana kauningan sarta kadhawahan dening tuwan Asisten Residdhen manawi
penganten boten amung kalilan numpak kareta ugi kenging numpak gajah

Kauningana priyantun manawi pangecapipun Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 1 ing
sapunika sampun rampung, saha para priyantun kenging pikantuk tumbas saking tuwan Purneman
tuwin tuwan F.L.Winter, ing Surakarta. Kadosta:
Serat babad Pajajaran regi 2 rupiyah 50 sen
Pasamuwan taun Baru regi 2 rupiyah 50sen
Wirasatipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulangipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulang olah-olah regi 1 rupiyah 75 sen
Serat katurongga kapal regi 3 rupiyah, 50 sen
Pra priyantun ingang ngersakaken tumbas sami kaaturan angintuni serat pos wesel sarta sakathahing
serat tedah kakintunaken prangko sadaya.

Tuwan C.F.winter ing Surakarta,kaliyan tuwan Wit ing dhusun Lawang sami sade kopi kawadhahan
ing karungan isi 12 ½ katos, reginipun kabayar kenceng kados ngandhap punika.
Kopi nomer 1 regi 3 rupiyah 75 sen
Kopi nomer 2 regi 3 rupiyah
Kopi nomer 3 regi 2 rupiyah 75 sen
Kopi nomer 4 regi 2 rupiyah 50 sen
Kopi nomer 5 regi 1 rupiyah 75 sen
Para pangageng ingkang sampun kakintunan buk pranatan pangagemanipun pameran para priyantun
ing tanah gupermen saha ingkang dereng ambayar pangaosipun buk wau, sami kaaturan angintuni
arta pambayar dhumateng tuwan C.F.Winter, ing Surakarta.

Tuwan Purneman mentas anampeni barang warni-warni, kados kapratelakaken ing ngandhap punika.
Buk pirantos wadhah cathetan,mawi kothakan sarta kunci
Buk pirantos arta wangkertas mawi kothakan sarta konci
Buk pirantos panyeratan kangge kakesahan
Buk Notisi sae-sae, sarta warni-warni
Jidharan tembagi, pasagi tuwin gepeng, mawi tapel tembagi
Wadhah mangsi warni-warni, ageng tuwin alit damelan Inggris
Mangsi pancen kangge anerngeri barang utawi sanesipun
Gambaran kangge dolanan rare
Buk a,b,c, tuwin sanesipun ingkang sakalangkung prayogi kadamel mulang dhateng rarre.
Lei, Kangge mulang anggambar
Buk notisi kangge para tuwan ingkang maosi siti dhusun utawi para tuwan Opsinder
Buk gambar an warni-warni
Kertas warni-warni lak kalam utawi sanesipun pirantos panyeratan.
Barang punika sadaya mirah reginipun menggah sanesing barang kekathahen bilih kapratelakna
sadaya.

Kula Tuwan Sir Lo Ba To enko, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni barang warni-warni:
klambu, kurungan peksi, wadhah eis, dolanan rare,lisah wangi warni-warni,ulam Ham mertega
semen poretan paku, timah, tuwin inuman warni-warni,punapa malih ulam blek utawi sayuran eca-
eca. Katandhan tuwan Sir Lo Ba To enko.

Kauningana para priyantun tuwin sanes-sanesipun manawi tuwan Sensisnem gadhah kapal jragem
ageng turunan kapal Arab badhe kasade regi 600 ruiyah. Punapa malih tuwan Sensis wau mentas
dhateng saking nagari Pangkrik ambekta barang dagangan namung sakedhik ananging sae-sae
sadaya.

Kauningana para priyantun manawi kula mentas anampeni ancur parada sinjang utawi ringgit
wacucul 100 iji regi 5 rupiyah punapa malih lampu alus panjangipun 10 kaki, wiyaripun 3 kaki regi
4 rupiyah 50 sen bayar kenceng, sakalangkung mirah, Para priyantun ingkang ngarsakaken tumbas
lajeng kenging pikantuk saking kula. Tuwan Jonas Portir ing Kedhung kopi

Para priyantun utawi sanesipu ingkang sami nyambut utawi amotangaken dhateng swargi tuwan
Y.E. Vanlewen, Amtenar pensiyun ing Surakarta, sami kaaturan ambayar sambutanipu utawi asuka
pratelan potangipun salebetipun tigang wulan wonten ign kantoripun tuwan Notaris ing Surakarta.
Surakarta kaping 17 September 1870
Katandhan Nyonyah W.Van Lewen.
Para priyantun ing salebeting kraton dalem Ngayogyakarta, ingkang sami ngemim serat Bamartani
taun 1870, manawi karsa ambayar wragadipun 12 rupiyah pethak ing dalem sataun sami kaaturi
angintunaken yatra wau dhumateng tuwan Pilip, utawi ingkang dados wakilipun, awit sakathahing
serat pethuk yatra wragad Bramartani taun punika sampun kula pasrahaken dhumateng tuwan Pilip
wau, Surakarta kaping 15 September 1870, Tuwan Purneman
Ongka 43, Kemis kaping 20 Oktober 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun, ing ngatasing para amtenar Walandi tuwin para Priyantun Jawi

Tuwan P.E.Mirop wakil guru pamulanganing Japara, kaundur saking pandamelanipun kalayan urmat
Tuwan Y.Y.Sekunenbereh Kihel tilas juru serat nomer 1 ing kantor Weltevreden kakulawisudha
dados Pos Kimis ing Makasar.
Tuwan E.L. dhorel tuwin Tuwan Y.Y.Meiyer, Asisten Residhen ing amuntai, sami katrimah
kaparingan bintang Ordhenederlan Senleyo
Tuwan Elan pos kumis ing Palembang, kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi.
Tuwan Klinyet, Irstekumis 2 tuwan Tenhel Twedhekumis ing Bangkuhulu, 3 tuwan Sablon
dherdhekunmis ing Mentok sami kaundur saking pandamelanipun kalayan urmat.
Tuwan Seilen Pos kumis ing Ngawi, kaundur saking pandamelanipun
Tuwan Dhebreinpelnam kakula wisudha angentosi dados pos kumis ing Ngawi

Kawrat ing serat kikintunan

“Bagelen”
Raden Tumenggung Pringgaatmaja, Bupati ing Kuthaarja, awit saking sakit sarta panuwunipun
piyambak kaundur saking pangkatipun mawi kapatedhan pensiyun 250 rupiyah ing dalem sawulan.
Mas Ngabei Mangunatmaja, Kliwon ing Afdheling Karanganyar kaundur saking pangkatipun awit
saking sakit tuwin sampuh sepuh.
Mas Ngabei Tirta Prawira mantri pulisi ing Sruweng, Afdeling Karanganyar, ugi kaundur saking
angkatipun awit sampun sepuh.
Mas Ngabei Jayaatmaja, mantri kabupaten Karanganyar kakula wisudha angentosi dados kaliwon
mawi kapatedhan balonja 70 rupiyah sawulan.
Raden Mas Kusumaarmaja,mantri Kabupaten Purwareja, putranipun bupati ing Purwareja,
kakulawisudha anggentosi dados mantri pulisi ing Sruweng.
Menggah angkat mantri kabupaten ing Uprwareja, tuwin ing Karanganyar, ing sapunika taksih
lowong, awit saking pawartosipun badhe kasuwak.

KEDHU
Mas Mangun Sentika, demang Mendhut dhistrik ing Purbalingga, Magelang, kaundur saking
pandamelanipun, wondening raden Mertasudirja, Demang Kedhu, kabupaten ing Temanggung,
ingkang kakulawisudha agentosi dados demang mendhut wau, mawi kapatedhan balonja 100
rupiyah sawulan.

Paprentahan ageng ingkang jumeneng kitha Tur, ambiwarakaken manawi rurukunan bab kendeling
perang, punika ingkang dados rembagipun tuwan Bismarek minister ing Prislan, karajaan Pangkrik
kalorod kadadosaken Pangkat nomer 2, sarta ing nagari Pangkrik kaelong, awit saking wates tanah
Elsas tuwin tanah Lotarengen dumugi ing kitha Met, punapa malih kajibahan bayar wragading
prang, bilih lereb ing prang kemawon, ingkang dados pamintanipun tuwan Bismarek wau, kitha Tul
kaliyan kitha Setratbereh, tuwin beteng kapaleri, kaesrahena dhumateng kanjeng raja Prislan, para
tiyang ing kadhaton Paris, boten pisan sumedya rurukunaningkang kados makaten, sakathahing kitha
boten ngantos kalampahan kaesrahaken, aluhung katunuwa sadaya, miya perang punika boten badhe
kendel, ing sasaged saged saestu kalajengaken, tanah Elsas sarta lotarengen sampun kabrokan
bongsa Prislan, kajumenengan pangagenging militer tuwin Berger, menggah ingkang dados
amardusinipun tuwan bismarek, kitha ing Met tuwin Setratbereh kaesrahena dhumateng Kanjeng
Raja Prislan, sarta tapel watesing nagari Pangkrik kedah kaelong, punika ing tembe sampun ngantos
Pangkrik saged mengsah perangan kaliyan Prislan malih, punapa dene kanjeng raja Prislan boten
ngauningani prakawis utawi panguwasaning nagari Pangkrik, tuwan gambeta amratelakaken bilih
sakathahing tiyang kadhaton Paris, sampun sami sae kapraya badhe anenggalani ing Paprangan,
punapa malih kadhaton Paris sampun amirantos ing sabarang, bilih kinepang dening mengsah, ing
mongsa asrep ngajeng punika, ingkang pinastan mongsa winter laminipun ing dalem gangsal
sawulan, wadyabala Prislan kathahipun 300000, ingkang dumunung ing panggenan winastan
Lingyon, ing mangke badhe umangsah dhateng ing kadhaton Paris.……

Wonten satunggiling sudagar saking Perfiyer ingkang anggadhahi prelu kesah andhateng kitha ing
Met boten sumedya aningali perangipun bongsa Pranes, kaliyan bongsa Prislan wonten ing ngriku,
lampahing sudagar wau kandheg boten dumugi ing kitha Met, awit ing margi pepet wadyabala
ingkang paprangan sarehning sudagar boten saged wangsul, lajeng andhelik, wontening grumbul
sarta saged aningali paparangan wau, sarehning dhawahing mimis sanjata utawi mimis mariyem
wonten sakiwatengenin gpanggenanipun, sakalangkung kathah saengga jawah, mila sudagar wau
sakedhap kedhap kedah aliyan pandhelikipun, sabibaring perang sudagar anglajengaken lampahipun,
dhatenging kitha Met, anglangkungi tilas papan ing laga, ing ngriku anggelasah titiyang kabranan
tuwin ingkang sami pejah, ing sawatawis panggenan, bangkening wadyabala Prislan tumpuk-
tinumpuk, akathah bangke ajur utawi remek agigilani, amargi kagiles ing rodha mariyem, aktrajang
wadyabala Arteleri, ingkan gbaris wonten ing ngriku, parara upsir utawi wadya bala sami ngangge
kacuka tutupaken ing rainipun, mawi sarat ingkang anulak ambeting bangke ingkang saklangkung
arus, sanajan mekatena paaupsir utawi kathah wadyabala, sami dhawah kalenger awit boten tahan
ambeting bangke, kalampahan kagotong ing ngakathah, awit cariyosipun sudagar wau nalika
paprangan kathah wadyabala Prislan kaliyan wadyabala Pangkrik ingkang sami kataton utawi pejah.
Panjurung Bramartani.

Ing nalika tanggal kaping 10 ing wulan September 1870 wanci jam 3 siyang wonten tiyang wasta
Resadrana, ugi karan Simbah, griya ing dhusun Kiritan, bawah kkabpaten Polisi Bayalali
(Surakarta), sampun amragat kalayan dadamel arit ageng dhumateng bok ayunipun piyambak,
anama bok Legi kantos nemahi pejah kapisanan, sanalika bojonipun resadrana wau sareng sumerep
anjelih, jelih, tyang tongga tepalih sarta polisi pangagenging dhusun nriku sami dhateng atulung
lajeng nyepeng pun Resadrana wau, kaaturaken ing parentah kapriksa katuripun anggening gadhah
padamelan makaten wau awit kala rumiyin, bok aunipun punika sampun anyuwara, saupai resadrana
nandhang sangsara, kantos sadummugi pejah, bok Legi boten mawi getun, amalah sokur lega lila,
punapa dene, sampun salaminipun boten patos cocog mila nalika sumanten, pun Resadrana mantuk
saking lendhat kajeng, lajeng nedha kaliyan bojonipun, aninglai bok legi nuju angonceki beton
nongka, sabibaring nedha manah saya mempeng karaosa panas, malebet griya sawatawis uga manah
saya adreng sumukipun dhateng bok Legi wau, sanalika lajeng dipun paragat, ing mangke prakawis
wau sampun kainggahaken dhumateng pangadilan pradata dalem ing Surakarta, katranganipun
angantosi karampunganipun ing tembe.
Bayalali kaping 30 September 1870
Katandhan Setyawitana.

Panjurung sangking rumaos karaos.


Ing serat Bramartani nomer 38 ingkang tekenipun nami Arjaprajana, nyariyosaken tata tentremipun
nagari dalem ing Salakarta Adiningrat, sarehning kula ageng alit dherek nyepeng polisi dados sanget
kiapingin kula dipun tularana makaten kula lajeng kengkenan anitik punapa ingkang dados, ing
saratipun, sareng panitik kula terang, panten sanget makatena, karana pranatanipun nagari sapunika
wiwit kadamel prayogi, kaewahan kalayan ingkang sampun kalampahan rumiyin, pundit-pundi
prayantun ingkang damelipun rajin inggih lajeng dipun angkat kadhudhukanipun senajan ingkang
sampun dipun loerehaken jalaran salah sakedhik, manawi purun magang saha katingal
karajinanipun inggih kapitulungan dhateng pangkat kadhudhukan malih, katimbang sapatutipun
bedanipun kalayan kanjeng gupermen priyantun wau saben rajin wonten ingkang boten minggah ing
sawatawis taun ing salakarta rajina punika, inggih ragi lami anggenipun kaangkat minggah
kadhudhukanipun, dene anggenipun pendhak-pendhak angsal katrangan prakawis kajurjanan punika,
sinten sinten ingkang saged angsal katrangan mawi kaangkat kadhudhukan kados ta kang angsal
katrangan kampak ing janglot, kaangkat kadhudhukan dados mantri ing bawah sokawati bawah
Sragen.
2, kang anerangaken kampak ing kampung kapatiyan, tuwin ing Nusupan kaangkat mantri ing
kapatiyan.
3, wonten Bandara Raden Mas Panji, kang anyepeng tiyang keng dipun caritakaken angaken Sunan
Kalijaga, sarta angaken badhe dados ratu adil angadhatpn ing Wanatara, punika kaangkat
kadhudhukan dados mantri ing kabupaten sewu, kenging turun tumurn, dados aanak setri inggih
dados mawi dipun embani, inggih punika ingkang ingkang narik sak warnining tiyang sami mrasudi
kenceng sanget, saking caritanipun ingkang suka omong dhumateng kula amung priyantun rong
kasupen naminipun, ingkang saged nerangaken sarta anyepengi kampak dhusun puluhan, dhusun
ngerden, samawana dhusun bacin, punika dereng kaangkat pangkat kadhudhukanipun bokmanawi
ngantos siwek rumangsanipun, kapirit ingkang sampun sami kalampahan mila ing mangke kula
jurung pamujinipun arjaprajana, mugi gunting rabil ngalamin, angijabahana, sarta mustajabaken
pamuhinipun arjaprajana sadaya.
Ing Kuwuarja kaping 11 Oktober 1870. Katandhan pun Abdul Puji.

Panuwun kula dhateng panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat Bramartani, ingkang mugi
mugi serat kula punika kapacak kawonten kabar Bramartani ingkang badhe medal kemis ngajeng
punika. Kula sampun amirsani, anggitanipun wangsalan mitra kula trustha sastra, ingkang kasebut
wonten serat kabar Bramartani ongka 34 utawi nomer 35. Ingkang punika, andadosaken suka
pirenanipun manah kula, ing sarehning kula ityang balilu ing sastra basa, manah kula inggih sampun
bingah sarta narimah, mas tani sae, ing wusana, wonten satunggal sadherek ingkang nyampahi,
amastani kirang edi, wangsalanipun sarta temnbungipun kathah ingkang lepat utawi kalintu, dene
pratelanipun ingkang sami dipun lampahi, kados ingkang mungel ngandhap punika,
1, bab sayuk karya, punika angsal saking punapa
2, bab wulung wido,mongsa rowang punika angsal saking punapa
3, bab sahing ngenggat punika angsal saking punapa
4, bab Gendhali cara walanda punika angsal saking punapa
5, Bab babasan uguling lampah punika angsal saking punapa
6, Tekak karsa, punapa kapekak punapa amekak, punapa mekak
kajengipun piyambak
7, bab gayuh kadung
8, bab wilujengan sangking pura, wilujengan punapa
9, Bab warang madu
10, bab sumpil karang
11, bab tumpak kawat pangrababan
Ingkang sampun kasebut nginggil punika sadaya, punapa inggih sampun leres mangkaten
suraosipun, menawi sampun leres mangkaten tembungipun, sangking panuwun kula, mugi wontena
karsa sampeyan nerangaken ingkang terang, anaming sangking panuwun kula, ingkang mugi-mugi
sampun andadosaken seling serepipun pengggalih sampeyan, temen saking cupetipun pamanggih
kula. Ingkang kalih dene, sakelangkung pangajeng-ajeng kula babaripun wangsayan Baleatma,
sapanungilanipun, ingkang saking mardhawa dipun aturaken sampeyan anuwunaken wirdinika, kula
andherek kapingin pirsa babaripun. Titi.

Anjawi saking punika, salebetipun kabar Bramartani ongka 34, wonten cangkriman mawi
kasekaraken dhandhang gendhis katandhan Saripul Ibnu Katamat, Kampung kraton nagari
Surakarta, anaming ingkang kasebut wonten salebetipun sapada kawitan, nama Raden Ngabei
Sasradiarja, ingkang punika, kula nyuwun miteges sayektosipun ing nami sinten pramila kula ngudi
nyuwun pirsa sayektosipun ing nami, sabab kula, kaecalan sadherek, wasta Sasradiarja, kataksih
nunggil kula, damel cangkriman kathah, kaaturaken panjurung minongka isenipun serat pananggalan
yasan Semawis, samanten lajeng kesah, cangkrimanipun nyamleng kados ingkang kasebut ing kabar
Bramartani ongka 34 punika, amung geseh sakedhik ingkang mungel pangundanging astamama,
ingkang mungel ing serat pananggalan panundanging ngasta upama. Wangsul kula nyuwun
saserepan ingkang mungel, pangundanging astamama, punika tegesipun kados pundi, menawi
pangundanging ngasta upama, angsal ngawe-awe, dados sandhang lawe, no, er 2, Surabaya sangking
panuwun kula, mgi wontena paring sampeyan kabar katerangan, sangking bodho balilu kula, dene
anggen kula purun ngaturi panjurung ing senipun kabar Bramartani wau, namung wontena ingkang
dipun damel gagujengan utawi kadamel isin-isinan para sarjana lantip ing kasusastran, yen dadosa
bujangga sadaya, sinten ingkang dipun bujanggani, kalih kula badhe boten eram menawi dipun
isinisini utawi dipun awon-awon para surawasis, sampun saestu, badhe boten kula wangsuli, ingkang
mawi suraos awon, ingkang sae estu kula ngaturi pawalkes sae. Sinerat tanggal kaping 3 Oktober
1870, katandhan Sajaya.

Punika candhakipun cariyos babad Pajajaran

Yen wus sira prapta aneng barisan, kiraben badhong mami, nulya sunan Benang, allon denya
ngandika, lan yen wus prapta ing jurit, lah kirabena, saking Palembang pethi. Atur sembah Sunan
Kudus tur sandika, dremi ambanglamahi, mali angandika, eh adhi giri sira, ing Madura sidipati,
Sumenep blega, padha undangen sami. Marang Giri padha sira klumpukena, banjela ing ngajurit,
padha putranata, Majapait kang islam, miwah kang neng Pranaragi, padha maguta, angremuk
Majapait. Sunan Giri ature inggih sandika, wus pradandanan sami, bodhol saking Demak, prapta ing
Pabarisan, wus kumpul sami miranti, lan baris lawan, susunan Giri mangkin. Dipati ing Madura lan
Pamekaan, sumenep adipati, balega wus prapta, anennging pabarisan, dipati ing Pranaragi, sampun
nglempak lan baris islam sami. Badhongira sunan Gunungjati nula, kinirab amedali, kang tikus
awndran, marang pakuwon mengsah, anacah angerikiti, marang dandanan, kira wong Majapait.
Lebur kabeh dandanane wong ngayuda, panganggoning prajurit, praboting gurongga, ambenapus lan
larap, miwah sarungan kendhali, lebur sadaya, geger wong Majapait. Dene tikus iki baya tikus apa,
rinebut nora keni, tekane awendran, playune jerandhelan, nyaut landheyan sirnanting, pan kadya
ranggas, ngarenges saben wengi. Sangunira kang pinangan sampun telas rinengges tikus prapti,
nulya enjangira, sunan kudus tengara, amedali ing ngajusit, barise aglar, ayun-ayunan jurit. Lan
barise sawadya bala majalengka, senapatining jurit, terung pecat tondha, ngrehaken pradipatya,
raden gugur kang nindhihi, Ki Gajahmada, ingkang ngamong prajurit. Sunan Kudus parendtah pethi
kinirab, sangking Plembang wus mijil, tawon dhs awndran, gumludhug ing ngawiyati, mendhung
dhedhet aworiris, meses kang barat, muleg lesus nampeki. Sindhung riwut siwat siwut awor barat,
tawon ambyuk ngebyuki, angentupi ika, tan kena sinawawa, samya buh sakehing jalmi, bengeb
rainya, bingung wong Majapait. Ting balesar kesahe \n wruh ing papad, pati-pati gagapi, sampun
sirna gemang, baris ing Majalengka, kocapa wau narpati, ?Sri Brawijaya, miyat lamun kang ngabdi.
Sirnanira pinarag dening ngampuan, mempen Sri Narapati, sarupaning lawang, prasamya
kinuncenan, nulya muja sribupati, marang ing dewa, kang wangkingan sawiji. Kyai kalamunyeng
medal sangking wadhah, mubeng jabaning kori, mangkiana wong Islam, sareng mungsuhe dhadhal,
kadhaton kinepung kikis, prasamya merpak, lawang sami kinunci. Kang prajurit prasamya
angrangsang bata, ki kalamunyeng ngaglis, nrajang mungsuh sura, kang samya ngrangsang bata,
tingga debug den sundepi, ewon kang pejah, tan wruh kasangkaning pati. Sampun katur marang
senapatinira, sunan Kudus prihatin, angaturi nulya, Sunan Giri gya prapta, lan sakehe para wali,
sumongga karsa, kawula tan kadugi. Kang prajurit islam samya kathah pejah, tatune sami keris, tan
papinarjaya, samya tatu sadaya, ngandika susunan Giri, jebeng manira, iku kang duwe kardi.
Sakathahe prawali lan pra ngulama, padha meluwa mami, marang pinggir bata, capurining
kadhatyan, wus dherek kang para wali, prapta susunan, angadeg adan sami. Ing nalika adan
kalamunyeng nrajang, maju maju kabalik, ngleprehi berira, satengahe ing ngadan, kang prawali
aningali, keris kang prapta, cumlorot kadya thathit. Pan liligan kang dhuwung kebat acukat,
mendarang dhapur neki, wruh yen kamangnunggsan, kang dhuwung nulya kesah, wangsul mring
genira lami, sang brawijaya, denya muja semadi. Datan kena jinaluk mustikanira, islam ingkang
gumanti, alam kang linagyan, putra wus gama islam, anulya metkrat sangaji, lan wadya kang prak,
garwa tinilar puri.. Ingknag nama ratu dwarawati Cempa, nulya kang para wali, lunebeting pura,
nagnata tan ana, sawadyane sirna enting, estri lan priya, mung kari nini-nini. Sampun katur
tinakonan saurira, lan ratu Dwarawati, samya ajrih nyelak, dunya brana gumelar, tan ingopen para
wali, amung kendhaga, ingkang dipun ungkabi. Isi dhuwung liligan akuthah erah, sarunganira
sandhing,wus tur susunan,kang dhuwung gya cinandhak, sinarungaken tumuli, malih ambukak,
gledheg nginggil pribadi. Isi dhuwung kakalih ing wastanira, ki sangkelat satunggil,lan kimesa
nular, wus winangking jeng sunan, giri dhuwung tiga sami, ing ngagem samuya, gya sunan
amanggihi. Marang ratu Dwarawati para karsa, nyai ratu nauri, dhuh Giri wayahwang, manira pan
wus tuwa., parakna mring ngampel gadhing, sigra jineolang, prajurit Islam
ngiring.……………………….Sunan Kudus tinimbalan sampun prapta,jebeng sira kang dadi,
senapatining prang, srah isining kadhatyan, dunya brana gumlasar sami, wajibe sira, barana kang
duweni. Ingsun mundur lan para wali sadaya, amasanggrahan sami, risaksana budhal, prawali
masanggrahan, sunan Kudus prapta aglis, kang wadya islam angrarayahi sami. Sawusira resikanya
jroning pura, sunan Kudus gya mijil, marang pasanggrahan, wong Islam wus bubaran, sirna ilang
karteng bumi, sengkalanira, duk bedhah Majapait. Dalunira jeng Sunan Giri tumedhak, mring
pasanggrahan siswi, Sunan Kudus ingkang minongka renapatya, sunan Giri ngandika ris, jebeng
ngaturna iki dhuwung kakalih. Ki Sangkelat kalawan kimesanular, waris kraton darbeni, mring
dipati Demak, ki kalanyenyeng iya, surawatane neng Giri, pan keris setan, dimene maridhingin.
Ingsun mulih mring giri sakancaning wang, sakehe para wali,yen wus karyanira, neluken
pecatondha, kang mempen sarya bibiting, samangsanira,mulih ing sun barengi. Matur nembah sunan
kudus mring kang rama, sakarsa anjurungi,nulya siyangira, sunan, Sunan Giri budhalan, sakancane
para wali, ing dalem prapta, sekar gambu gumanti.

Kocapa Sunan Kudus, angandika mring pradipatya gung, kang wus Islam padha nelukena sami,
mring sakeh dipatinipun, ing Majapait kang lolos. Lumayuweng kalah pupuh, kalumpukna kang tan
gelem teluk, patenana boyongen rabinireki, jarahen sadonyanipun, aywana wedi pakewoh. Dene
dipati Terung, kang ngamempen neng bibitingipun, suni jene tandhing padha senapati, dipatine
Surengkewuh, mangetan nelukna kang wong. Tandhes Blambanganipun, adipati Madura puniku, lan
Sumenep Balega iya dipati,urut pasisir sadarum, den telukna sapangulon. Padha metuwa ngalaut,
adipati Poranaraga iku, nelukena madiyun lan jagaragi, Jepang ing saurutipun,garobogan
sapangulon. Pengging dipaninipun, dayaninggrat sasat kadyaratu,apan akeh rereyanira dipati, Kedhu
Bagelen Mataun, Banyumas Ngledhok lan Gowong. Pra dipatya wotsantun, nulya sami bodholan
sadarum, rebut paran wau kang para dipati, ana mangetan magnidul, mangulon lawan mangalor.
Kang dherek sunan Kudus, kang kari islam tuban sidayu, sapa ngilen andhege carebon tegil, telukan
anyar sadarum, wong Majapait kumroyok. Sakiwa tengenipun, srengat Blitar kadhiri lan Nganjuk,
maksih gabag pasanggrahanira sami, mangkana susunan kudus, lan santri pipitu miyos. Nyelaki
betengipun, wau sira dipati ing TErung, Pengrasane kang jagi plataran sami, wong kethen yutan
angepung, balabarlir samodra rob. Nuli ngaturan weruh, marang wau sang dipati Terung, lamun
beteng ing Mangkya kinepyung kikis, saubengipun akemput, saking kathah poonangwong. Sigra
dipati Terung, iminggah beteng pan lajeng andulu, sareng miyat sumingeb panonireki, sangking
kehira kang ngepung, anulya tumurun gupoh.
Punika taksih wonten candhakipun.

Wonten satunggal sagawon jaler ical, turrunan kang geru, tulesipun kuning, sukunipun pancal
pethak sakawan pisan, bututipun colok pethak sakedhik, kanamakaken pun Tiras, sinten ingkang
sumerep tuwin manggih sagawonpunika, kaaturan amangsulaken utawi asukaha katrangan
dhumateng tuwan Purneman ing Surakarta

Komedi, winastan Opera Italiyan


Tuwan Y.Pompi, sampun pikantuk pralilahipun Kanjeng Tuwan Residhen ing Surakarta, badhe
amain komedhi, Omera, rambah kaping tiga, kadosta:
Benjing ing dinten Rebo kaping 26 wulan punika
Benjing ing dinten Kemis 27 wulan punika
Benjing ing dinten Jumungah 28 wulanpunika
Awit wanci jam 8 sonten.

Sakathahing bayaran panotonipun komedhi wau, saking para priyantun utawi sanesipun, ingkang
sami ambayar bas-basan utawi boten punika lestantunaken kados kangkasebut ing serat pakabaran
Walandi saking Samarang, utawi ingkang kapratelakaken ing serat sirkuler, katandhan dening tuwan
H.K.H.Wilkes: ingkang sampun kaideraken. Awit ing sapunika dumugi ing dinten Senen kaping24
wulan punika, para tiyang taksih kenging rerembagan bab panebasing bayaran wau, punika malih
awit ing dinten salasa kaping 25 ugi wulan punika para tiyang kenging anyewa panggenan pundi
ingkang kinarsakaken bab sadaya punika kedah arerenbagan kaliyan tuwan H.A.A. Wilken wau,
Surakarta kaping 18 Oktober 1870 Katandhan E.Pompi, ingkang dados Dhirektuur Opera Italiyan.

Kula Tuwan Sir Lo Ba To enko, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni barang warni-warni:
klambu, kurungan peksi, wadhah eis, dolanan rare, lisah wangi warni-warni, ulam Ham mertega
semen poretan paku, timah, tuwin inuman warni-warni,punapa malih ulam blek utawi sayuran eca-
eca. Katandhan tuwan Sir Lo Ba To enko

Sarehning kula badhe inggal pindhah dhateng nagari Surakarta, mongka boten saged wraddin
anggen kula aapanggiyan pamit kaliyan para mitra kula ingkang sami dedaleming sak lebetipun
kraton dalem Ngayogyakarta mila ing sak punika, kula alelantaran serat Bramartani, panuwun kula
mugi sami ginanjara wilujeng sak panginggilipun Ngayogyakarta, katandhan C.F.Philip

Tuwan Purneman mentas anampeni barang warni-warni, kados kapratelakaken ing ngandhap punika.
Buk pirantos wadhah cathetan, mawi kothakan sarta kunci
Buk pirantos arta wangkertas mawi kothakan sarta konci
Buk pirantos panyeratan kangge kakesahan
Buk Notisi sae-sae, sarta warni-warni
Jidharan tembagi, pasagi tuwin gepeng, mawi tapel tembagi
Wadhah mangsi warni-warni, ageng tuwin alit damelan Inggris
Mangsi pancen kangge anerngeri barang utawi sanesipun
Gambaran kangge dolanan rare
Buk a,b,c, tuwin sanesipun ingkang sakalangkung prayogi kadamel mulang dhateng rarre.
Lei, Kangge mulang anggambar
Buk notisi kangge para tuwan ingkang maosi siti dhusun utawi para tuwan Opsinder
Buk gambar an warni-warni
Kertas warni-warni lak kalam utawi sanesipun pirantos panyeratan.
Barang punika sadaya mirah reginipun menggah sanesing barang kekathahen bilih kapratelakna
sadaya.

Tuwan C.F.winter ing Surakarta, kaliyan tuwan Wit ing dhusun Lawang sami sade kopi kawadhahan
ing karungan isi 12 ½ katos, reginipun kabayar kenceng kados ngandhap punika.
Kopi nomer 1 regi 3 rupiyah 75 sen
Kopi nomer 2 regi 3 rupiyah
Kopi nomer 3 regi 2 rupiyah 75 sen
Kopi nomer 4 regi 2 rupiuyah 50 sen
Kopi nomer 5 regi 1 rupiyah 75 sen

Para pangageng ingkang sampun kakintunan buk pranatan pangagemanipun pameran para
poriyantun ing tanah gupermen saha ingkang dereng ambayar pangaosipun buk wau, sami kaaturan
angintuni arta pambayar dhumateng tuwan C.F.Winter, ing Surakarta.
Ongka 44, Kemis kaping 27 Oktober 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Tuwan T. Dheporte, 2 tuwan F. W. Raparet, sakaliyan telegrapis dherdheklas sami kaparingan pamit
kesah dhateng nagari walandi. Awot salong salot.
Tuwan Y. C. E. Papondre, awit saking panuwunipun kaundur anggenipun dados Beitenewung
rippiring landrad ing Tulungagung.
Tuwan N. W. Ilatman kakulawisudha dados Irtekumis ing kantor Sekretari
Tuwan Y. C. Thomson guru pamulangan ing Pakalongan kaelih dhateng Ambuinah
Tuwan N. Pol tilas guru pamulangan Isnatik Willem III kakulawisudha dados guru pamulangan ing
Padhang
Tuwan G. A. Bros guru pamulangan ing Gresik kaelih dhateng ing Pakalongan
Tuwan H. Seposof Irste elep Onderweiser inh Batawi kakulawisudha dados guru pamulangan ing
Bengkulen.
Tuwan A. Bommel elep Onderweiser ing Banjarmasing, kakulawisudha dados Erste elep
onderweiser ing Surabaya.
Tuwan W. A. P. Kok partikelir, kakulawisudha dados Irteelep onderweiser ing Batawi.

Ing ngatasing pandamelan gedhong gedhong yasanipun kanjeng gupremen

Tuwan A. Rehensebereh, kakulawisudha dados Irstekumis


Tuwan P. A. E. Ilebran kakulawisudha dados Twedhe kumis
Tuwan H. W. F. Purman kakulawisudha dados Dherdhekumis
Tuwan P.W. Akpandherhus kakulawisudha dados Arsitek Irsteklas
Tuwan Y. H. Beiten kakulawisudha dados Opsih Ter irsteklas
Tuwan Y. E. W. Dhonseler, pos kumis ing Kupang (Timor) awit saking panuwunipun kaundur
saking pandamelanipun
Tuwan W. H. Panengel kakulawisuhda dados pos kumis ing Tmur
Tuwan L. Y. Berlin kakulawishda dados Pos kumis ing Palembang
Tuwan Y. Solelkiler kakulawisudha dados Pos kumis ing Cilacap

Punika candhakipun cariyos perang

Kitha Setratbereh ingkang kinepang ing prang muka, ing sapunika sampun kaesrahaken, sarta
wadyabala kathahipun 17000 tuwin upsir 451 ingkang sami kabandhang, ewadene tiyang kadhaton
paris taksih sami teteg sadaya. Pakabaran saking Piriyer, anyariyosaken manawi ing Margi sakiwa
tengening kadhaton Paris, kamirengan ungeling sanjata tuwin mariyem, menggah ingkang sami
perang wadyabala boten kacariyosaken Awit saking wartosipun, kitha Tul ugi sampun taesrahaken,
punapa dene kanjeng raja Napoliyun ingkang katunungaken wontening Welemsoh, ing mangke
badhe karsa andhawuhaken serat dhateng sakathahing tiyang bongsa Pangkrik. Pakabaran ingkang
katampen saking Paris amratelakaken bilih wadyabala Pangkrik ing sawatawis rambah-rambah
unggul juritipun paprentahan ingang jumeneng ing kitha Tur, ing sapunika amirantos badhe mingser
mangidul sarta sakathahing tiyang nagari Pangkrik kapirantosan dadamel sadaya, tuwan Paber
ingkang dinuta abedha kaliyana tuwan Minister Bismarek bab rurukunan perang punika, ingkang
dados pamintanipun tuwan Bisma [unika, kitha Setratbereh, Tul palesbereh, tuwinMangiriyeng
kaesrahaken dhumateng kanjeng raja Prislan menggah prang jangjeyan makaten punika tuwan Paber
boten anyondhongi, sarta sakathahing wadyabala Pangkrik badhe anenggalani ing ayuda ngantos
satelasing dadamel para tiyang ing kadhaton Paris sami amurih dhateng bangsanipun, sakathahing
titiyang Pangkrik sadaya, sampun ngantos angakeni paprentahan ageng ingkang winastan Ministeri,
bilih para tuwanigkang ngasta panguwasa wau, dereng kasumpah angenipun amarsudi anglabuhi
perangipun nagari Pangkrik dumugi ing pungkasan. Wadyabala Prislan ing sapunika sampun
mirantos, badhe angepang kitha ing Mesiyer, tuwin sakathahing …mariyem, ingkang wau kangge
ambrondong kitha Setratbereh, ing mangke kausung dhateng kadhaton Paris, ingkang badhe
kinepang kikis, wadya bala Pangkrik ingkang katindhih an marsekalek Basini, ingkang dumunung
ing kitha Met, sarta kinepang denign mengsah, ing mangke medali ing ngrana, sarta unggul
juritipun, wondening wadyabala Pangkrik nalika anempuh wadyabala Prislan, ingkang kukuwu
wonten ing panggenan winastan Periyer gumanatya kajodhi sartamundur perangipun, wangsul
dumugi ing beteng menggah anggening paperangan dangunipun 2 jam, wadyabala Pangkrik kathah
ingkang pejah tuwan Kabandhang, dene wadyabala Prislan, ingkang kacariyos boten kathah ingkang
katiwasan sarta kanjeng Pangeran Adipati Anom ing Prislan anjenengi wonten ing ngriku.
Panguwasa ingkang jumeneng ing kitha Tur, sampun adhadhawah dhateng para tiyang ing Pangkrik,
ingkang sampun umur 21 dumugi 40 taun, dados saprajurit winastan Gardhenasipnal, kabawah
minister paprangan sarta kapiji badhe kaangsahaken ing ngayuda, bilih wonten prelunipun.
Marsekalek Mamahon wau, kabranan lajeng kapikut ing mengsah, ing mangke dunungaken ing
kitha Wisbadhen bawah Dhitslan, wadyabala Pangkrik ingkang kabandhang sadaya gunggung
150,000.

Serat Bramartani ongka 4 anyariyosaken wawa tekanipun tiyang Tur ko ingkang boten prayogi,
punika sadaya kenging winastanan Boten Laren, awit saking serat pakabaran walandi, ing satuhu
nipun tiyang Turko wau sami wanter ing paprangan, sarta boten darbe ambekta anan anganiaya
sasamining ngagesang, ingkang kacariyos nalika perangipun wadyabala Pangkrik telas babektanipun
patruman, tiyang Turko lajeng sami angangseng kalayan sangkuh kemawon ananging sami
katiwasan amargi karoban ing mengsah, cacahipun sadaya tiyang turko wau 1 bataliyon ingkang
kantun wilujeng namung 32 kala waktu perang wau wonten satunggiling tiyang Turko aningali
bangsanipun tiyang 2 tuwin kancanipun tiyang 4 gogolongan wadyabala ing Pangkrik, sami pejahing
ngenggen agentos-gentos, selaking piyambakipun, amargi kenging kasenjata dening satunggaling
tiyang Prislan, kang umpetan wonten ing kakajengan tiyang Turko lajeng jengkeng angajengaken
bangke nem iji wau, dariji nyepeng sentiling sanjatanipun, sarta ing batos adreng badhe males, tuwin
amawas tiyang Prislan ingkang medal saking pandhelikipun, boten antawis dangu kasenjata kenging
sirahipun lajeng dipun sangkuhi. Ing wasana ingkang kacariyos tiyang Turko wau, boten darbe
watek drengki amejahi tiyang ing sawiyah-wiyah.

Cariyos Mingseripun Kanjeng Raja Napoliyun, saking kitha Met dhateng ing kitha Predhin.

Antawis sajam, saderngipun awit perangan, ing pase nalika tanggal kaping 10 Agustus ngkang
sampun kapengker kanjeng raja Napoliyun, tumedhak kadherekaken prajurit Grinadhir, satunggal
bataliyun, tuwin Jager Aprikah kalih risimen, ing sanalika kabujung dening wadya bala Prislan
kathahipun 1 dhipisi, elet sawatawis jam tebihipun, ing dalem 6 jam, tindakipun kanjeng raja
Napoliyun, dumugi kitha Prdhin, sarawuhipun wonten ing ngriku, kanjeng raja Napoliyun lajeng
karsa tindak dhateng griya stasiyun, kadherekaken putra dalem ingkang melas arsa, sarta katawis
sayah kera tuwin gerah sariranipun, wonten ing ngriku kanjeng raja napoliyun, amundhut anggur
kaladosan sagelas, sarehning waktu wau namung kareta latu nomer 3, kang wonten ing griya
stasiyun wau,kanejgnraja Napoliyun lawan putra dalem, sami anitih kareta wau, lajeng bidhal
sawadyanipun ingkang dherekaken sami numpak kareta kewan, kanjeng raja Napoliyun kawistara
bilih bebeging panggalih dalem

Ing ngandhap punika cariyos tedhakipun kanjeng raja Napoliyun, nalika kaprenahaken ing kitha
Wellemsoh.

Jendral Plonseki tuwin para upsir setap, sami magagem pameran, sarta asung kurmat amethukaken
rawu dalem, kanjeng raja Napoliyun, sakendelipun kareta latu, kanjeng raja Napoliyun tumedhal
lajeng tindak ngajengipun para opsir, ingkang sami wonten ing griya stasiyos, sarta aparing tabe,
lajeng anitih karetanipun jendral Ponseki, ingkang kasudhiyakaken methuk badhe kagem ingkang
jeng raja Napoliyun, tindakipun dhateng ing kitha wellemsoh wau, sarawuhipun Kanjeng raja
Napoliyun tedhak saking rata lajeng anyaketi wadyabala ingkang sami baris andher, wonten ing
ngriku, ingknang sisih kanan, angurmat ing Presentirepir, kanjeng raja Napoliyun anggenipun
mangsulan pakurmatan wau, ambikak topi, malebitipun ing kitha Kadherekaken Jendral Plonseki
wau, tuwin guprenur ing kitha Kasel utawi pangageng ing sanesipun.

Awit pakabaranipun wadyabala Prislan, nalika perang angangge wacucal kandel atos tumrap ing
dhadha, wonten salebeting kameja, wiyaripun 10 dim pasagi, manawi dadamel tumanduk boten
tumama bilih kenging mimis manyarempet, boten ngantos saged anatoni.

Serat panjurung saking ing Babumas, mawi katandhan darmakondha, anyariyosaken, nalika ing
dinten salasa tangal kaping 18 wulan Oktober 1870, ing peken ngalun-alun Peguwon, bawah
Afdheling Purwakerta Paresidhenan Banyumas, wonten satunggiling tiyang estri kasangsaran,
kagiles ing grobag, menggah grobag wau kamomotan kopi saking anemer, mawi kapasangan rakitan
kapal kados dene pedhati dagang, tiyang tukang grobag ragi sembrana sarta dereng mangretos ing
Yudanagri, lampahing grobag rindhik, sareng dumugi satengah ing peken ngriku, kapal lajeng
kagebag ing sapurun-purunipun, rakitan anggiwar tuwin anunjang tiyang estri wasta Bok B,
semahipun guru ing dhusun lepen Bogor, bawah Purwakreta, tiyang dhawahipun malumah, kagiles
saking pawestren dumugi ing sirah, tukang grobag sareng sumerep, bilih grobagipun anggiles tiyang
ngantos pejah, tumunten lumajeng sumedya miruda, ananging saking tasdikipun priyantun pulisi,
tukang grobag lajeng kacepeng kaladosaken ing nagari ananging prakawisipun dereng kapriksa.

Panjurung Bramartani

Sakelangkung andadosaken pangajeng-ajenging manah kula, dumateng wangsulanipun mitra kula


ingkang asisilih nama lumaris awit sampun saawetawis lami angggen kula angaturi wangsulan ing
pandangu sampeyan dhumateng kula bab maknanipun tkbiratulikram utawi kula ngajeng-ajeng
panjawab sampeyan panyuwun kula pitangled punika, manawi kepareng adhangan ing panggalih
bok inggiya tumunten aparing wangsulan ing Bramartani, wondene pandangu sampeyan dab toya
ingkang suci boten anucekaken kadamel wulu punika, mila kula dereng anyaosi wangsulan awit
sayaktosipun kula dereng patos terang, wondene manawi panjenengan sampeyan mekisa mardi
dhumateng kula, kilapleres lepat kula inggih anglegani ing panggalih sampeyan pamireng kula
kados ing ngandhap punika.

Toya ingkang suci boten anucekaken kadamel wulu, punika toya kalapa tuwin deresan utawi wohan
sasaminipun saking godhongan utawi uwoh punapa dene turas sanadyan toya sae manawi toya
pengaron jembangan utawi kathahipun kirang saking kawan kolahinggih boten anucekaken
sanadyan sakedhik manawi toya ing kendhi certet sasapanunggilanipun ingkang mancur ugi sah
kadamel wulu dene toya ingkang boten suci anucekaken punika, kados ta toya ing bali umbang
ageng bengawan tuwin kali sanadyana kathah sasukeripun punika suci kadamel wulu, namung
punika saking saserepan kula, anaming panuwun kula leres tepat mugi aparinga wangsulan sakedhik
sampun andangu kasambi lumaris kimawon mindhak andadosaken cuwanipun ingkang kadangu,
utawi malih anggen kula nyuwun pitanglet dhateng mitra kula Trusdhasastra bab jarjwanipun
wangsulan punika ugi ngantos sapriki dereng angsal wangsulan ingkang punika manawi adhangan
ing panggalih mugih wontena karsa sampeyan apring wangsulan sakedhik kadamel sasameben
lengah ngiras anayogyani regengipun ing pasamuwan Bramartani. Sinerat ing Ngantapuri, kaping 8
Oktober 1870.

Wangsulan dhumateng mitrane Sajaya


Kula sampun anguningani serat sampeyan ingkang tumrap ing Bramartani, ongka 31 Oktober
suraosipun sampeyan asuka wangsulan dhumateng sastramanta, sarta asemu rengat ing panggalih
awit seratanipun sastramanta kagalih angerang-erang dhumateng kodhengipun kakang Sajaya,
ingkang punika mugi sampun andadosaken seling serepipun ing panggalih sampeyan sabab kula
raos wangsulanipun pun Sastramanta punika namung anerusi kimawon dhateng saseratanipun
kakang Sajaya, ing larapipun anggene pitangled dhateng Trusdhasastra ugi namung badhe angerang-
erang lepating panyerat utawi kauning tembung anggenipun damel wangsulan amargi
pangangkahipun Trusthasastra wau nggenipun damel wangsalan saged a angsal dhateng raosing
wuwulang sae, samila tembung tuwin sastranipun kathah ingkang kirang prayogi, witne yen ta
kagaliya pramasastranipun sangsaya dereng paja amiriba dhateng para sarjana, ugi sampun katingal
saseratanipun Trusdhasastra utawi kakang Sajaya punapa dene saseratan kula punika sampun sapriki
mawon anggenipun dereng sumerep patrapipun anyerat mila saking panimbang kula koran
Bramartani punika sawentawis andadosaken pangasahipun manah kethul ingkang kados gkula
punika, pamuhi kula ing badtos pun kakang Sajaya wau mugi sampun kagungan panggalih kagetan
manawi tampi wawalesanipun ing sanes manawi kula piyambak ledipun sendhu tuwin dipun waonhi
ing lapt utawi bodho kula saestu malah andadosaken dhangan ing manah kula, awit kaindhakaning
manah punika saking dipun poyoki ing sanes aupami badhe ya serik manahipun manawi pancen
dereng sumerep malih saya katimpah analaripun atur kula samanten wau pamanggihipun manah kula
piyambak wasana kula inggih sumongga ing karsa. Titi katandhan mitrane Sastra Manta ……

Punika candhakipun cariyos babad Pajajaran


Sadayane wus ngusung, nulya mangkat jeng susunan Kudus, adipati ing Terung pan datan kari,
babektan bongkokanipun, sunan Giri myarsa bodhol. Saking ing dalemipun, sakancane prawali
sadarum, wus kapethukan baris agenging margi, panggih lan susunan Kudus, ing Demak anulya
rawoh. Panggih lawan sinuhun, Benang lan Dipati Demak sampun, apa dene lan sunaning
Gunungjati, Sunan Kalijaga nengguh, duk lungguh apan patemon. Susunan giri sampun, sasalaman
lawan kang sinuhun, Benang lawan Sunaning Gunungjati, sunan Kali kapatipun, dipati Demak
agupuh. M<Ring Sunan Giri ngujung, sawusira prawali sadarumn, sasalaman nulya susunan Kudus
aglis,mangaras suku angujung, mring susunan Benang bukoh. Gya mring susunan gunung jati lawan
sunan Kali sampun, wus satata sadayane sami linggih, umatur susunan Kudus, dhumateng sang
maha yektos. Ing Benang kang sinuhun, badan kawula inggih ing ngutus, kakanthenan sakathahe
para wali, ambedhah ing Majalangu, sabedhahipun sang katong. Brawijaya tan pangguh, mekrat
kalaninra ambakepung, yen mijila tan wonten ingkang manggihi, musnanipun neng kadhatun,
kawula ubres tan panggoh. Nulya ngaturken dhuwung, sunan Kudus marnag sang awiku, ki
sangkelat lawan ki Mesa nulari, ampeyanira pan agung, miwah ingkang waos wao. Kala munyeng
pukulun, rinawatan neng Giri pukulun, dimen mantun kang dhuwung ngudu bilahi,, dhuwung tanpa
katon ngamuk, wong Islam kathah macethot. Wus ginancar sadarum wiwit dumugi wekasanipun,
panungkule dipati Terung puniki, sumongga karsa pukulun, sunan Benang ngandika lon. Mring
sang dipatya wau, ing Demak kinen nampani dhuwung, ki sangkelat kalawan mesa nulari, sak
ampehane sadarum, kang dhuwung kalawan waos. Lan jarahan sadarum, sira kang wajib darbe
puniku, lan arinta si pecat tondha puniki, karyanen santana ngayun, terung paring-paring na kang
lunggoh. Wismakna Deak iku, tetepa kaya neng Majalangu, besuk soma jebeng miyos satinangkil,
ing sun adegaken ratu, den samekta sami katong. Ana caraning ngratu, panganggo lan upacaranipun,
tilarane ramanira Majapait, Kasaru wau kangrawuh, kang neluken ngetan gnulon. Tinimbalan sarum,
dipati Mandura sureng kewuh, ing mekasan sumenep lan pranaragi, balega aneng ing ngayun,
ngaturken telukan kang wong. Nulya bubaran wau, sami mondhok ing sadayanipun, prapteng dina
soma miyos ing dipati, wus karya paglaran gatu, sitinggil wus pepak kang wong, Prawali kanan
lungguh, atarapan pinarekanipun, angandika kanjeng sunan Benang malih, sakeh kang seba
sadarum, pirsakena ujaring nogong. Dipya Demak iku mangkya ingsun junjung dadya ratu,
ngestrenan sakehe kang samya nangkil, Sultan Senapati Jimbun, panembahan Blambang katong.
Dene papatihipun, wong teka Ngatas Angin ranipun, kyanapatih mangkurat ingkang sis siwi,, king
wana ala wus mungguh, sumbaga prawira tanggon. Pra wali donga sampun, nurbuwat kang ngamini
gumuruh, wus sira min adhadhaharan prasami, sawuse sabubar sadarum, sribupati angadaton.
Mangkana kang winuwus, karsanira jeng susunan Kudus,ngambil krammaputrnira sang dipati, pecat
tondha estri ayu, paningaucap kang patemon. Ginawanan bendha wus, mila ran kimacan yen
tinabuh, kadya macan angombang brangengeng muni, prawali sadaya mantuk, mring tanah sawiyos
wiyos. Wonten sempalan catur, kang dhinapur nanging dadya catur, bubukane kilemah bang dadya
wali,maksih buda tapa gentur, sakarsanira pandaos. Molah maleh kang wujud, mindha barang kang
rurupan putus, dak semana anyantrei mring sunan Giri, wus lawas tan oleh wuruk, maksih siningkur
yen temon. Sunan Giri lan kaum, ki Lemahbang graita ing kalbu, nora talah slawase saguguru mami,
angsal lakon awak ingsun, kendel tan ana miraos. Ngrudatin sakelangkung, nulya anaosike kang
muncul, sakal ilang ki Lemahbang datan keksi, arsa wruh jenenging ngelmu, ngrumiyini denya
manggon. Neng pamulanganipun, anyelumantanana kang weruh, sapraptane prawali lan para
mukmin, tan ana kang aruh-aruh tan weruh sakehing nguwong. Jeng Sunan Giri rawuh, ningali
lemah bang dadya lembut, neng wurine ngandhaping prawali mukmin, lemah bang pangrasanipun,
tan wruh sunan Jurudemong.

Jeng sunan Giri Pinarak, manggih ingkiang samya rawuh, tan ngandika gepok ngelmu, kang edi
kang kakyanira, sarta liriking pandulu, tansah maing kan nyeluman, Lemahbang graiteng kalbu.
Baya weruh jeng susunan, iya maring raganing sun, atur sembah nulya mundur ki Lemahbang
palarasan, ajrih isin mring sinuhun, nyiluman yen kabrabehan, kapriye ing ngakalingsun. Susunan
Giri ngandika akeh-sakehe sanak ingsun, reksikana mandi ragung, kang nganeng tengah ing wana,
besuk senen padha nglumpuk, ngrasaken ngelmu kang ekak neng wisma keh driga mengsun. Ature
sami sandika, wus bubaran samya mantuk, prapteng dina somanipun, ki Lemahbang sareng myarsa,
ngrumiyini neng jro kamu, tambining ngoyot jro lemah, salin rupa cacing kalung. Tan wujud wong
ki Lemahbang, nulya Sunan Giri rawuh, ing ngisoring mandira gung, prawali wus samya pepak, gya
susun ngandika arum. Amulangken ngelmu ekak, dunung ngesipat rong puluh. Sinurupen aneng
badan, lo gate lan muradipun, gya pinisah pandhanipun, napsiyah lawan salbiyah, mangani makna
wiyahu, miwah istitnaistikar, mula jamahe winuwus. Manganilan makna wiyah, wore lan martabat
pitu, dunung neng kakikenipun, tumrap minongka pratondha, empane neng badan wujud, dudu iki
dudu ikah, iya iki iya iku. Panganggone kang walikas, saestu napsiwah diu, sori kalilailanwu, lo
atolah rasakena, lan murat yen wis katemu,lumuh krana dunyanira, doyan bungah karemungkur. Yen
maksihywa nganggo sira,muta awilahasadu, mutaasita cinatur, itangan lan pusina, wawasaba
angindanu, laila hailauwa, lo atmurade katemu. Kang nganggo mukmin kang ngekas wirangi ing
pangranipun, yen tan mangkono ywa muncu, anganggo muta asitah, mutaskirah dhinapur,
waasadulailaha, ilalah lawan asadu. Ana Mukamad ragullah, lo ateya den katemu,kang nganggo
mukmin ngamiku, murat rinasaken dadya, katelune iya dhauyp, tunggal nengsun lawan allah,
tunggal osik sun lan rasul. Nulya prawali bubaran, lemah bang awor lan lebu, wus lega tyase
angrungu, malih uwong kadya saban, pan tansah amuntir ngelmu, walkiyamulo atira, jumeneng
allah kang agung. Iya lawan dhewekira, ijab kiyase ginangsur, wus padha suraosipun Lemahbang
kajaba riyah, nggonira nglakoni ngelmu, sapraptane wismanira ngadeging pamulangipun.

Wong buda kang masuk islam samya winuruk ing ngelmu,jumeneng lan dhewekipun, sabedhahe
majalengka, bresotan sentana rawuh, anyambat marang Lemahbang, kang ngadoh sapasar rawuh.
Kang celak tan ana mirsa, yen Lemahbang dadya guru, lami lami kawentar wus, mring susunan Giri
pura, parentah putusan gupuh, animbali Seh Lemahbang, yen tan lawan allahipun, deninggal sira
matura, utusan mantuk umatur. Datan purun pun lemahbang, Sunan Giri ngandika rum, ki allah ya
timbalana, kang utusan nulya wangsul, panggih Ki Allah ngandikan, andika maring Sinuwun. Ki
Lemahbang saurira, Ki Allah tan bisa mlaku, yen ki Lemahbang tantumut, deneng galdika matura,
dutra cangkelak wus mantuk, aturipun she Lemahbang, Ki Allah tan bisa mlaku. Yen tan lawan ki
Lemahbang, angandika jeng Sinuhun, iya timbalan gupuh, ki Lemahbang sarta Allah, caraka
wangsul wus tundhuk, kilemahbang sarta allah dika ngandikan sinuhun.
Punika taksih wonten candhakipun.

Wonten satunggal sagawon jaler ical, turunan kang geru, tulesipun kuning, sukunipun pancal pethak
sakawan pisan, bututipun colok pethahk sakedhik, kanamakaken pun Tiras, sinten ingkang sumerep
tuwin manggih sagawon punika, kaaturan amangsulaken utawi asukaha katrangan dhumateng tuwan
Purneman ing Surakarta

Komedi, winastan Opera Italiyan

Tuwan Y.Pompi, sampun pikantuk pralilahipun Kanjeng Tuwan Residhen ing Surakarta, badhe
amain komedhi, Omera, rambah kaping tiga, kadosta:
Benjing ing dinten Rebo kaping 26 wulan punika
Benjing ing dinten Kemis 27 wulan punika
Benjing ing dinten Jumungah 28 wulanpunika
Awit wanci jam 8 sonten.

Sakathahing bayaran panotonipun komedhi wau, saking para priyantun utawi sanesipun, ingkang
sami ambayar bas-basan utawi boten punika lestantunaken kados kang kasebut ing serat pakabaran
Walandi saking Samarang, utawi ingkang kapratelakaken ing serat sirkuler, katandhan dening tuwan
H. K. H. Wilkes ingkang sampun kaideraken. Awit ing sapunika dumugi ing dinten Senen kaping 24
wulan punika, para tiyang taksih kenging rerembagan bab panebasing bayaran wau, punika malih
awit ing dinten Salasa kaping 25 ugi wulan punika para tiyang kenging anyewa panggenan pundi
ingkang kinarsakaken bab sadaya punika kedah arerenbagan kaliyan tuwan H. A. A. Wilken wau,
Surakarta kaping 18 Oktober 1870
Katandhan E.Pompi, ingkang dados Dhirektuur Opera Italiyan.

Kula Tuwan Sir Lo Ba To enko, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni barang warni-warni:
klambu, kurungan peksi, wadhah eis, dolanan rare, lisah wangi warni-warni, ulam Ham mertega
semen poretan paku, timah, tuwin inuman warni-warni, punapa malih ulam blek utawi sayuran eca-
eca.
Katandhan tuwan Sir Lo Ba To enko.

Sarehning kula badhe inggal pindhah dhateng nagari Surakarta, mongka boten saged wraddin
anggen kula sapanggiyan pamit kaliyan para mitra kula ingkang sami dedaleming sak lebetipun
kraton dalem Ngayogyakarta mila ing sak punika, kula alelantaran serat Bramartani, panuwun kula
mugi sami ginanjara wilujeng sak panginggilipun.
Ngayogyakarta katandhan C.F.Philip

Tuwan Purneman mentas anampeni barang warni-warni, kados kapratelakaken ing ngandhap punika.
Buk pirantos wadhah cathetan, mawi kothakan sarta kunci
Buk pirantos arta wangkertas mawi kothakan sarta konci
Buk pirantos panyeratan kangge kakesahan
Buk Notisi sae-sae, sarta warni-warni
Jidharan tembagi, pasagi tuwin gepeng, mawi tapel tembagi
Wadhah mangsi warni-warni, ageng tuwin alit damelan Inggris
Mangsi pancen kangge anerngeri barang utawi sanesipun
Gambaran kangge dolanan rare
Buk a,b,c, tuwin sanesipun ingkang sakalangkung prayogi kadamel mulang dhateng rarre.
Lei, Kangge mulang anggambar
Buk notisi kangge para tuwan ingkang maosi siti dhusun utawi para tuwan Opsinder
Buk gambar ang warni-warni
Kertas warni-warni lak kalam utawi sanesipun pirantos panyeratan.
Barang punika sadaya mirah reginipun menggah sanesing barang kekathahen bilih kapratelakna
sadaya.

Tuwan C.F.winter ing Surakarta, kaliyan tuwan Wit ing dhusun Lawang sami sade kopi kawadhahan
ing karungan isi 12 ½ katos, reginipun kabayar kenceng kados ngandhap punika.
Kopi nomer 1 regi 3 rupiyah 75 sen
Kopi nomer 2 regi 3 rupiyah
Kopi nomer 3 regi 2 rupiyah 75 sen
Kopi nomer 4 regi 2 rupiuyah 50 sen
Kopi nomer 5 regi 1 rupiyah 75 sen

Para pangageng ingkang sampun kakintunan buk pranatan pangagemanipun pameran para
poriyantun ing tanah gupermen saha ingkang dereng ambayar pangaosipun buk wau, sami kaaturan
angintuni arta pambayar dhumateng tuwan C.F.Winter, ing Surakarta.

Kauningana priyantun manawi pangecapipun Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 1 ing
sapunika sampun rampung, saha para priyantun kenging pikantuk tumbas saking tuwan Purneman
tuwin tuwan F. L. Winter, ing Surakarta. Kadosta:
Serat babad Pajajaran regi 2 rupiyah 50 sen
Pasamuwan taun Baru regi 2 rupiyah 50sen
Wirasatipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulangipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulang olah-olah regi 1 rupiyah 75 sen
Serat katurongga kapal regi 3 rupiyah, 50 sen
Pra priyantun ingang ngersakaken tumbas sami kaaturan angintuni serat pos wesel sarta sakathahing
serat tedah kakintunaken prangko sadaya.
==================================================================
Ongka 45, Kemis kaping 3 Nopember 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Tuwan Y. E. Pandherheik, guru pamulangan ing Purwadadi (Bagelen) kaparingan pamit kesah
dhateng nagari Walandi, awit saking sakit.
Tuwan Mister T. A. Klingmaker, ingkang pikantuk pamit ing sapunika taksih wonten ing nagari
Walandi, lara rumiyin dados Notaris ing Surabaya, ing mangke kaundur saking pandamelanipun.
Tuwan Peteman, Amtenar Wahel, tilas Irtekumis Pos ing Weltervreden (Batawi) kaparingan
pensiyun.
Tuwan H.Y. Seolten kakulawisudha dados Telegrapis Irstekklas.
Tuwan A.E.Ondheret. kakulawisudha dados Telegrapis Irstekklas.
Tuwan Tuwan L.R.Prister kakulawisudha dados Telegrapis Irstekklas.
Tuwan H.Y.E.Arres kakulawisudha dados Telegrapis Irstekklas.
Tuwan H.Simon kakulawisudha dados Telegrapis Irstekklas.
Tuwan D.W.Pirmer kakulawisudha dados Telegrapis Irstekklas.
Tuwan A.F.A.Seidhel kakulawisudha dados Telegrapis Twedheklas.
Tuwan Y.H.Beiten kakulawisudha dados Telegrapis Twedheklas.
Tuwan D.N.Tenges kakulawisudha dados Telegrapis Twedheklas.
Tuwan F.Y.H.Panweling kakulawisudha dados Telegrapis Twedheklas.
Tuwan W.M.Leidher kakulawisudha dados Telegrapis Twedheklas.
Tuwan a.Seneidher kakulawisudha dados Telegrapis Twedheklas.

Kasebut ing serat Telegram


Tuwan Dhelafelte, kakulawisudha dados Opsihterwatersetat
Tuwan Sikman kakulawisudha dados Asisten Residhen ing Selebes tanah Kidul
Tuwan Ohkamer kakulawisudha dados Kontelir Dherdheklas ing Sumatra tanah wetan
Tuwan Afis kakulawisudha dados Amtenar Terbeskikeng
Tuwan Sibran kakulawisudha dados Kumis ing kantor ing Asisten Residhening Cilacap
Tuwan Glapan Abel kakulawisudha dados Opsih Ter Irsteklas.
Tuwan Limker kakulawisudha dados Asisten Opsihter
Tuwan Bos Juru serat ing Purwakarta, kaundur saking pandamelanipun.

Punika candhakipun cariyos Perang

Awit pakabaran saking para tiyang ing Prislan, nalika sacelaking kiytha Met wonten perang brubuh,
wadyabala Pangkrik keser sarta kathah ingkang kapracondhang, wondene kala aprang wonten
panggenan winastan Eperna, ingkang unggul juritipun tuwin ingkang kasor dereng wonten
pakabaranipun punapa malih saantawising panggenan ing Ponteneble, tuwin ing Orleyan ugi wonten
sawatawis perang icir.

Awit saking pawartosipun Jendral Ageng, titindhihipun wadyabala Prislan, ingkang jujuluk Moletke,
ing mangke sampun surud, kalih dening kanjeng raja Napoliyun, ingkang dumunung wonten kitha
Wellemsoh, akarsa kintun serat dhumateng Kanjeng Raja Prislan, saking suraosipun, Kanjeng Raja
Naoliyun sampun anarimah, karucat kaprabonipun dumugi ing waris, ananging semanten punika,
bilih nagari Pangkrik unggul yudanipun, sarta saged anyirnakaken isatru mungsuh, utawi malih
Kanjeng Raja Napoliyun boten sanggem kajibah ing ngatasing prakawis paprangan, ingkang awit
jalaraing wonten perang wau, saking sedyanipun para tiyang alit, kanjeng raja Napoliyun dados
namung anuruti ing kaniyatan wau, nagari Pangkrik badhe nistha biliha nyanggemi sakathahing
prajanjeyanipun nagari Prislan, bab prakawis lepat ing perang, amargi prajanjeyan wau katimbang
boten pantes, ing wasana Kanjeng Raja Napoliyun angudi wontenipun prajanjeyan rukun kalayan
nagari Dhitslan. Wadyabala Prislan sampun dumunung ing Pitipiyer, sarta sakathahing dadamel
sampun mirantos badhe kangge ambendrong kadhaton ing Paris, ingkang kacariyos, wadyabala
Prislan unggul perangipun malih, ing salajengipun awejegi panggenan winastan Epernon, wondene
bala Prislan agentos kaseser mundur perangipun, wonten wana Pontineble, kukuwuning wadyabala
Prislan ingkang wau wonten ing Periyer, ing mangke mingser dhateng Perselye. Nalika perang ing
Turi, wadyabala Prislan kalindhih malih, kalih dening pangajengipun sanmpun makuwon wonten
driye, menggah para tiyang ing kadhaton Paris taksih padeg, sarta teteg manahipun kalawan
wadyabala Prislan angangseg yudanipun wontening Kenti, katenggalan sanget kalampahan
wadyabala Prislan lajeng kengser mundur, gantya wadyabala Pangkrik katitih kala prang caket ing
panggenanipun tan remi, tuwin prajurit kathahipun 600 sarta upsir 60 ingkang sami
kabandhang………Nalika wadyabala Prislan, acampuh kaliyan wadyabala Pangkrik, ingkang
wonten beteng Eluwi, ungeling mariyem sakalangkung gumaludhug, kalampahan wadyabala ing
nagari Belgi, umagut dhateng tapel watesing nagari, sumedya badhe anjageni panggenan winastan
Esiyer. Ingkang kacariyos tuwanGambeta, kapatah maenata badhe anenggalani mengsah,menggah
tindakipun tuwan Gambeta wau, saking kadhaton Paris, anitih lih Balon ngambahing agana,
wondene tuwan Garibaldhi ingkang sinebut senapati ing paparangan, ing sapunika sampun dhateng
ing Paris, sarta lajeng kapatah anindhihi para tiyang arahan ing nagari Pangkrik, punapa mali kang
kawartosaken, nagari Amerikah ming mangke ambiyantoni, ananging pakabaran punika dereng
tartamtu

Lih Talon punika tembung Walandi, menggah lampahipun kados dene Eting kaulukaken.

Ingkang kacariyos serat pakabaran walandi, para tiyang somahan utawi sanesipun ingkang gagriya
25 utawi 30 jam tebihipun, sami angungsi dhateng ing kadhaton Paris, tuwin panggenan sakiwa
tengening ngriku, sakathahing griya stasiyon karetalatu, keteg barang warni warni ingkang kabekta
ngungsi, punapa malih kathah kewan ingkang lumebet ing nagari, kadosta, menda, babi, lembu,
sapanunggilanipun sakalangkung kathah, para tiyang andali derma lebeting kitha, sami ambekta
sawarnining tatedhan, ingkang boten kenging kabekta, sami kadhahwan angobong kimawon,
salaminipun wonten prang nagari Pangkrik kenging tumbas tatedhan utawi sanesipun, saking nagari
Belgi, kabekta kalayan kareta latu, mawi prajangjeyan semanten punika boten kaestokaken,
kalampahan nagari Belgi kakirangan kareta latu, amargi ingkang wonten nagari Pangkrik dereng
wangsul, kathahipun 2500.

Bab kuwanteraning wadyabala Prislan ingkang boten ajrih ing pejah.

Ingkang kacariyos perang ageng ing Sedhan, nalika kanjeng raja Napoliyun kengser sarta lajeng
asrah sarira dalem, dhumateng kanjeng raja Prislan, wadyabala Prislan lampahipun kedah
anglangkungi ngambah kareteg ciyut panjang, ingkang wonten ing lepen Mas, wadyabala Pangkrik
anggenipun anjageni mengsah saking katebihan, tuwin lajeng anjanjat kalawana mariyem, manawi
wdyabala infantri angancik kareteg wau, wadyabala Prislan inggih animbangi anyanjata sarta
amariyem, supados kancanipun sageda ngambah anglangkungi kareteg dumugi ing sabrangan,
ananging sareng wadyabala infantri kathahipun 1 dhetasemen, angancik kareteg, lajeng kasenjata,
kathahi ingkang sami pejah dhawah ing lepen, satunggilipun dhetasemen, biten saronta sami majeng
sumedya atutulung, kasenjata malih ugi kathahing kang katiwasan, sanesipun wadyabala lajeng
kadhawuhan anganggseg lumampah ing kreteg wau sareng dumugi ing tengah nunten kasenjata,
atemahan sami pejah sadaya, kados ingkang sampun kacariyos, mila boten wonten sawijining
prajurit Prislan, ingkang nguwastantun wilujeng dumugi ing sabrangan, lampahaning para prajurit
ingkang mekaten punika, kaambal-ambalan ngantos rambah kaping pitu, ananging tanpa damel,
semanten punika wadyabala Prislan, boten wonten ingkang gereh, sarta tansah angesthi punapa
ingkang dados parentahing komandhanipun, wondening sareng sampun antawis, boten saged
anglangkungi kareteg ngantos dumugi ing Sabrangan, mongka wadyabala ingkang pejah sami susun
atimbun, mila lajeng mundur, menggah lepen wau toyanipun katingal abrit dening rahipun tiyang
kabranan utawi sami palastra ing ngriku, tuwin kathah bangke ingkang sami kelut. Punapa malih
ingkang kacariyos dadamelipun wadyabala Pangkrik kadosta sanjata sasaepo, kalayan mariyem
mitreliyo, punika sakalangkung prayogi, awit kasenjatakaken, teihipun kurang utawi langkung
saking 1000 jangkah, lampahing mimis taksih sae sarta kenceng, tuwin saged tumama, wondening
sanjatanipun wadyabala Prislan, ingkang winastan Sunagelewir, punika ungelaken tebihipun 500
jangkah sampun ewah lampahipun, sanadyana mekatening ngalaga wadyabala Prislan sami
anganseg, kalampahan kathah ingkang pejah, semanten wau wdyabala Prislan saumagut, menggah
tandhangipun mawi analosor ing siti rambah kaping 2 utawi kaping 3 bilih kaantawis sampun celak
ing mengsah, lajeng wiwit anyanjata.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni’


Bok Cakradikrama, semahipun Bnekel ing Klegen (Ngasinan) ingkang wau sakit panastis, ananging
sampun lami anggenipun saras nalika tanggal kaping 22 wulan September ingkang sampun
kapengker, punuju ingkang jaler dhateng sabin, bok Cakradikrama kambuh sakitipun, lajeng sanjang
dhateng tangganipun, ambekta anakipun 2 ingkang sami katitipaken ing ngriku, awit sumedya kesah
wonten prelunipun sarta badhe tumunten wangsul, bok Cakradikrama wau lajeng mantuk malih,
sarehning dumugi sonten antawis jam 6 boten wangsul, ingkang katitipan lare 2 wau lajeng murugi
dhateng griyanipun bok Cakradikrama, dumugi ing ngriku boten wonten swaraning tiyang, sareng
malebet ing griya, bok Cakradikrama gumantung sampun kapanggih pejah.

Nalika tanggal kaping 26 ugi wulan September, ing griyanipun Mulyadrana, ing Gunung Kalung,
(Sramawan) kalebetan durjana kecu, mulyadrana wau kinaniaya dipun pejahi, semah tuwin
mantunipun sami kataton, menggah barang ingkang bekta ing durjana, pangaos 458 rupiyah,
wondene katitikipun barnag wau, ngantos sapriki dereng wonten katranganipun, ingkang kacariyos,
padhukuhan ing Gunung Kalung, ingkang dipun griyanii Mulyadrana wau, kaprenah pinggiripun
lepen Praga, tebih kalayan padhusunan sanesipun tuwin rumpil marginipun. Antawis dereng lami
wonten sawijining tiyang Ngarab ing amboinah darbe damel mantu, akathah ityang sami dhateng
ing ngriku, andadosaken suka bingahipun kadarbe damel wau, sareng enjingipun ing griya katingal
kababah ing dursila, ing wektu dalu nalika kasukan wau, menggah barang mas inten ingkang
kabekta durjana, pangaos kirang langkung 2000 rupiyah, dene pandungipun sampun kacepeng sarta
kakunjara ing Parentah, awit saking pangakenipun barang wau sampun sami kagantosaken, ananging
boten mawi serat gantosan, ingakng gantos sareng kapriksa, boten angakeni ing pandakwanipun
durjana pandung wau, mila kaugi bilih sawarnininng barang wau badhe boten kapanggih.

Kinanthi sambetanipun wangsalan kang katur arsa, yen sareng karsaning tuwan, mugi pinacaka
benjing wrraspati ngarsa punika, ing wingking taksih marsudi.
Sastradara,pandhan dhepok tanpa gonda, dipun ajeg, dekung nya mrih kautaman.
Lunging kacang, toya kebak ing jembangan, den kayungyun, mring wong agungkang sudibya.
Ngunkad basa, tulung begti mingser panggenan, aja kendhat, ajegan mara seba.
Lampit toya, rumantan mingser panggenan, pirabara, ing benjang oloeh nugraha.
Rantri gunung, cacah saban kalih karya, aja rungeh, yen nuju neng panangilan.
Gagat enjang satriya kang mati raga, bangun turut, sabarang reh dadi tapa.
Asli braja, kecak miring rakitira, dipun tangguh, ywakagiwang manahira,
Langking wiyat satriya lalis granya, ywa kasandhung, ing godha lawan rencana.
Kethek jamus, waringin kang padha rupa, aja egung, wang nyuprih ing kasujanan.
Tan dhisiring, wader bang ingkang secula, pengkakena, aja kurang pujanira.
Berkutut gung, begawaning Majarata, iya iku, ingkang wenang linasahan.
Dudukwuluh, palwa mugdi kliru papan deling wena, lelajone prasujana
Kasoring prang, pedhang cinalinan dheyan, barang polah, yen kibir nora prayoga.
Jeranm gonda, tawon gung kang tala kisma, Ingkang turut lamun karya cecaturan.
Dhandhang alit, buron wong pangeju rigma,cekak budi, dadi nyuda kang derajad.
Lurah desa, ronkentar dene maruta, nyekel gawe, aja dhemen ngarah apa.
Bibis ta sik rambon atung pananggalan,undurana, yen pikir durung apenak.
Pran wicara, roncabe kinarya muncang, duga-duga yen wus weruh lulungitan.
Cuwa gumbak,kadang tunggaling sesepan, sampun jangkep kathahipun kalih dasa.

Kaping 7 oktober 1870, katandhan Trusdhasastra.


===================================================================

Panuwun kula dhumateng panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat Bramartani, manawi
kapareng utawi sela ing papan, serat kula punika mugi kapacaka wontening kabar Bramartani,
kawedalna benjing kemis ngajeng punika.

Kula sampun maos serat Bromartani ongka 43 kemis kaping 20 Oktober 1870 ingkang wonten
tandhanipun mitra kula ingkang sisilih Sajaya, ingkang suraos mangalembana dhateng anggen kula
manjurung wangsalan dene pangalembananipun mtra kula wau ugi sakalangkung panuwun kula,
saha andadosaken kasenengan sanget. Ananging wonten satunggil ing priyantun ingkang anggalih
karsa anyambpahi, bilih anggitan kula wangsalan kirang edi, wangsalanipun, sarta tembungipun
kathah ingkang lepat utawi kirang, saha kalintu, menggah ingkang sami dipun campahi wau sampun
sami kanomeran, awit ongkag 1 ngantos dumugi ongka 11 kula kapurih anerangaken menggah leres
utawi lepatipun ing sasaged-saged kula inggih ngaturi katerangan kados ingkang kasebut ing
ngandhap punika, menggah leresi lepatipun kula sumongga.

1, Sayukarya, punika upamenipun tiyang garap padamelan, ingkang


sami cakipun, punapa kenging kawestanan iyeg panyambutipun
damel.
2, Wulung wido mongsa rowang, punika pancen lepat saking pangangkah
kula, leresipun mongsa sarpa, dados pikantuk peksi bidho
3, sahing egad, punika idah, tembungipun prayantun ngulami, manawi
wonten titiyang pamegatan, manawi dereng pikantuk 100 dinten
lamenipun, punika ingang estri dereng kenging laki, teksih
ngentosi idah.
4, Kendhali cara Welonda, punika pikantuk tris.
5, Bebasan ungguling lampah, punika petanganipun botoh ingkang
remen ngaben sawung, anggenipun mastani jarak, ingkang saupami
nglurug ngaben sawung, jarakipun angsal mengsah kaliyan ingkang
boten angsal jarakipuun tembungipun menang lampah utawi unggul
jayanipun.
6, Mekak karsa, punika upamenipun kula gadhah anak jaler, sanjang
dhateng kula manawi badhe gadhah kajeng ingkang pancen kula
boten nyondhongi, tamtonipun kula pekak, aja bab iku aku ora
ngrajuki.
7, Gayuh kadung, upami tiyang badhe mamendhet ingkang mawa
ngranggeh, ing ngatasipun pangranggeh wau cupet sakedhik, naming
kategsakaken, punika asring tuna tungkab pangangkahipun, kalintu
ingkang pancen booten dipun angkah.
8, Wilujengan sangking pura, sadaya wilujengan ingkang sangking
kraton, kaparingaken medal, inggih kaebut nama ajad
9, Carang madu, punika wiwitan ingkang mindha carang, gadhah araos
kados madu. Anjawi nami tebu,
10, Sumpil karang sumpil ingkang yektos pangggenanipun wonten toya,
sareng ingkang wonten pakarangan nama Bekiking.
11, Tumpal, punika lepat, leresipun umpak kawat pangrebaban, punika
pikantuk dene santen.

Sadaya ingkang kasebut 11 bab naming ingkang dumunung wonten ongka 2, kasebut mongsa
rowang, punika tulen manawi lepat saking anggen kula nyerat, dene ingknag mungel tumpak, punika
tegsih amer, kilap lepat saking pangecap, kilap lepat saking panrerat kula, sumanten punika
sarehning awit wontenipun panjurung wangsalan wau sangking kula, dados kula wau botenpisan yen
sumedyaha angijati dhateng kalepatan kula, ing wusana mugi mitra kula aparinga pangaksama
ingkang ngagung, sampun ngantos kagalih panjang.

Wondene bab pitaken ing kaliyanipun, kula nyuwun surehing sawatawis dinten kula ngatura
katangan margi saweg kula presudi ingkang kalayan temen ingkang mugi sampu andadosaken
panggalih. Surakarta kaping 28 Oktober 1870 katandhan mitra panduku Trusdhasastra.

Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran

Ngucap yekku kabeneran ninimbali tembungipun, nulya mangkat kalihipun, cara kalawan
Lemahbang, sapraptanira ing ngayun, ngandika lon jeng sinuhun, Lemahbang pan ora tuhu.
Saujarira sun undang, bolabali kaping telu, She Lemahbang aturipun, yen amba boten temena,
pindho damel eklasipun, yen waswas sadados tiwas, sunan Giri ngandika rum. Parentah ing Ywang
Maringwang, sira pan kinen angukum, She Lemahbang gya umatur, sakarsa dhateng sumongga, gya
Susuhunan narik dhuwung, dyan ginoco jajanira, trus gigirah kuning nyembur. Niba pejah She
Lemahbang, arsa sinambnut sumebut,muna sareng raganipun, sarwi nywara ing benjang, yen ana
jenenging ratu, sunan mangkurat abala, bacingah sun malesukum. Nak putu giri sun rusak, sunan
Giri asru muwus, kang embuh-embuh cinatur, kabeh kabeh karsaning ywang, gadebog sanabda
sampun, dadya jimiming Lemahbang, ing ngadhep wali sadarum. Sabatira kaandasa, prapta samya
nuwun labuh, pejah marang gurunipun, She Lemahbang gilang-gilang, Sunan Giri ngandika rum,
layon pendhemen awasna, sabat kang padharsa labuh. Yen ngragasukma belaha, gya pinendhem wus
ing ngurug, esuke maneh dhinudhuk, kang jisim bosok sadaya, gandanira amis arus, nulya malih ing
ngurugan, pasabat marak ing ngayun. Sunan Giri lon ngandika, muliya wong patang puluh, mung
gurunira kang kokum, sabat patangpuluh bubar, ana mampir wismanipun, pawarta garwa
Lemahbang, lan saanak putunipun. Ni Lemahbang jrit karuna, sekala lajeng lumayu, wetwegan
prapta ing ngayun, prawali pan maksih pepak, neng pinaragnya wau, prasamya apa guneman, Ni
Lemahbang awotsantun. Mila mba mareking tuwan, mila lakya mba lampus, inggih parandosanipun,
kawula tan suka lila, sakehe kang para wiku, nuwun adil paukuman, sunan Giri ngandika rum. Ni
Lemahbang wruh anira, pan ora mateni ingsun, marang lakinira iku, karepe dhewe pan arsa
amunggah marang swarta gung, manira kinenjonghon, lah delengen kae dhuwur. Ni Lemahbang gya
tumengga, kang langit bedhah kadulu, pan katingal lakenipun, aneng kasuwargan kencana, ing
Ngayap widadaryw agung, neng dampar sosotya mubyar, ni Lemah Bang gya tumungkul. Atur
sembah mring Susunan, inggih ambalangkung nuwun, sampun miyat laki ulun aneng kaswargan
kancana, kula dhusti nuwun mantuk wus linilan gya bubaran, sang para wali sadarum. Gantya
ingkang winursita, sakawone den mas gugur, lajeng marta pan neng gunung, rawuhing
ngargadumilah, langkung denira ginentur, mraya yang datan katingal, jujuluk Susunan Lawu. Bisa
ngambag ing gagana, ngratoni lelembut gunung, salekerira sadarum, kang darah sri Brawijaya, keh
kabrasatan winuwus, ana mring Giri dhepoknya, kocap Juru taninipun. Ngadegen tajuk kawuryan,
ngajengaken lepen agung, mangka ingkang winuwus, baya putih lami tapa, sawangan jladri genipun,
anungsung nurut bengawan, sareng dumugi ing butuh. Nulya mentas malih warna, manungsa
kalangkung bagus, bajul sengara ranipun, wira-wiri pingir toya, nulya kawanodya ayu, anake kiya ki
Betah, pan sareng dulu dinulu. Kaliye samya kasmaran, anulya pinondhong gapyuk, binekta ing
wismanipun gya sare apulang raras, sawusira pulang lulut, wewekese yayi poma, ywa dokok abaha
dhuwur. Estri nyudakaken leksana, angungkuli marang kakung, oma yayi dena emut, bok rara
umatur sagah,, angaras nulya umantuk, bajul sengara nyiluman, kayangan bengawan gebyur.
Nenggih saben dalu prapta,lan sangyah cumbaneng lulut,kami lami wawrat sampun, yata kiyai ing
Betah, tatanya mring putranipun, saparo wangira wawrat, tan wonten karsa hyang agung. Ki Butuh
waspa deng tingallo, wawratan yen benjangipun, badhe nurunaken ratu, kaatmaja gya tinilar, maring
pratapan gunung duk, wus sepuh wawratan medal, miyos jalu warna bagus. Yongga teparone
myarsa, yen bok rara darbe sunu samya jagongan yen dalu, tengah wengi abubaran, mung wong siji
ingkang katun, sapraptane puputira, saben dalu maksih tungggu. Mangkana wusing sapasar, bok rara
pan ala nganggur, ngantih amusoni kapuk, sawusnya bethut sinelap, nenginggil panggenanipun kang
jagong tiyang satunggal, sareng dalune winuwus. Prapta kang jagong satunggal, sayah lungguh
nulya turu, kungkulan likasan bethut, anulya amalih baya, sarwi angandika arum, eh yayi sira racuta,
likasanira lan bethut. Ilang kasekten manira, den wus sun warah karuhun, ywa dokok dandanipun,
neng nginggil ngungkuli priya, sun titip nakira jalu, ran ana jayasengara, ingsun mring sawangan
mantuk. Wus gebyur ngeli bengawan, sangdyah kalangkung gegetun,datan nyana lainipun, sangsaya
ing lama-lama, jakasengara akir puws, takenpundi sudarmengwang, anulya mangsit kang ibu Jaka
Sengara duk myarsa, pamisike ibunipun, amerang kesahmring gunung marapi agentur tapa,
Condrageni dhepokipun, kiwa tengen babing jurang, murweng asmara manekung.

Kuneng gantya kang winarni, sabedhahe Majalengka, katawur sasentanane, waune anaking ajar,
salokatara ingkang, Tujungputih dhepokipun, Jalu kamantu narendra. Sukma lengkara kang nami,
anglabeti sayabara, marma kamatu sang katong, Brawijaya ping kalihnya, ran Prabu NomPanular
Brawijaya kaping telu, pan manjing dadyaa sentana. Marang tanah sokawati, dyan Bandung
suksmalengkara, nempeli Kedhung Srengenge, padhepokan ngungkang toya, nama kebosah asah,
tapanira langkung gentur, manjinga jurajer wigya. Bisa amancal putri, bisa amancala putra,
kalangkung sekti gunane, gnukmeng ngagal kalit bisa, barang tapa linakyan, amarentah keh
lelembut, dharat miwah jroing toya, Pakaremanireng warih, sira dyan Kebo sah asah, nulya dadya
bajul puteh, ngadhaton dhasaring toya, Kedhung Srengenge ingkang, minongka paglaranipun, yen
tinangkil wadyanira. Semanana rahaden Pekik, dyan wau Kebo sah-asah, kasmaraning pawartane,
putri penggging liwh endah, ayune tanpa sama, aseor widadari nurun, nedheng birahi sang retna.
Kebo sah-asah winarni, langkung kagiwanging manah, arsamring Pengging sirage, lampahe awor
maruta, tan kawarna ing marga, prapta ing Pengging sang Bagus, lajeng manjing jroning pura. Tan
ana ingkang ngudani, denira alampah dhustha, sampu isiilih namane, rahaden Sukmalengkara, wus
panggih lan sang retna, tyasira ang retna kenyut, pan sampu among asmara. Saben saben dalu prapti,
yen siyang musneng kayangan, langkung nyenyongah menahe, estri priya samya brongta, wauretna
juwita, supe ing rama myng ibu, labete among turida. Semama sang nateng Pengging, sri Makurung
dayaningrat, pinarak anenng daleme, alenggah lan garwanira prameswari semana, animbali
putranipun, sang retna pans ampun prapta. Dhasar putri ayu luwih, kasembuha semu brongta, cahya
ijo anglalentreh. Mepeging kang pasariran, jaja mlr mangkar mangkar, kang rama graiteng kalbu,
umiyat cahyaning putra. kaDingaren putra mami, cahya beda lawan saban, anglayung ijo warnane,
pan memper anganten anyar, sedheng pinurweng priya, kaya kaya pandugeng sun, tinanyan mongsa
ngakura. Angandika sang dipati, babon nini putraningwang, mandhan rawasira angger, owah sanis
karanira, nin9I sira jarwaha, sang putri tyasnya kumepyur, myarsa sabdane kang rama. Punapa
marma ramji, ngandika ingkang mangkana,kang manahlangkung kumejot, kawula datan rumongsa,
darbe yamanah cidra, kang ibu nambungi wuwus, adhuh nini putraningwang. Away sira kaduk
tampi, ramanira iku uga, liwat sumelang galiye, aningali marnag sira, ing solah neetyanira, tan eca
aosing kalbu, manawa lara kasandhang. Sang retna jerit anangis, myasa sabdane bunira, mundur
mantuk mring daleme, sang dyah alara kanura, kagagas ing wardaya, denya nandhang bronta
wuyung, kacina ing ngibunira. Angandika sang dipati, marang prameswa rinira,ni mas ririyan
putrane, ni putri datan prasaja, dadya ribet tyasing wang, prameswari wus tumanduk,kangputra ing
ngimur raras. Sang utri pan maksih kumbi, yata wau kawarnaha, pan sampun dalu wayahe, rahaden
Suksma lengkara, prapta malebeng pura, malimpat ing banon agung, tan ana tinaha ing tyas.
Punika taksih wonten candhakipun.

Wonten satunggal sagawon jaler ical, turrunan kang geru, tulesipun kuning, sukunipun pancal
pethak sakawan pisan, bututipun colok pethak sakedhik, kanamakaken pun Tiras, sinten ingkang
sumerep tuwin manggih sagawon punika, kaaturan amangsulaken utawi asukaha katrangan
dhumateng tuwan Purneman ing Surakarta

Tuwan E.C.T.vandhorep enko


Kang anandhani ing ngandhap punika, angaturi uninga, bilih anggenipun angecap serat jawi,
winastan Gondawredaya, anyariyosaken lalalampahan ringit tiyang, ing sapunika sampun rampung,
serat wau anggitan dalemkanjeng Sultan Amengkubuwana kaping 1 ingkang mangke kaewahan
kanjeng Sultan Amengkubuwana kaping V.

Ringgit tiyang punika namung ing karaton dalem ing Ngayogyakarta, ingkang wonten sarta titiyang
ingkang sami main, kedah 150 utawi 200 kathahipun.

Serat punika satunggal regi 8 rupiyah


Prangko medal ing pos 10 rupiyah bayar kenceng
Sakathahing serat sarta arta pangaosipun serat wau, inggih mesthi kakintunaken prangko
Katandhan Tuwan E.C.T.Vandhorep.

Tuwan G.C.T.Vandhorep eno ing Samarang, mesta Srampung angecap serat Tugu, anyariyoaken
lalampahanipun kaki Bandhang saputranipun sakawan, ngantos dumugi Jumenengipun Pandhati ing
nagari Sarubrana, kadamel denign tuwan A.B.Karli, menggah satunggaling serat regi 1 rupiyah 50
sen.

Para priyantun ingkang karsa tumbas, kaaturan kintun serat prangko dhumateng tuwan Vandhorep
wau. Kula Tuwan Sir Lo Ba To enko, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni barang warni-
warni: klambu, kurungan peksi, wadhah eis, dolanan rare, lisah wangi warni-warni, ulam Ham
mertega semen poretan paku, timah, tuwin inuman warni-warni, punapa malih ulam blek utawi
sayuran eca-eca. Katandhan tuwan Sir Lo Ba To enko.
Sarehning kula badhe inggal pindhah dhateng nagari Surakarta, mongka boten saged wraddin
anggen kula apanggiyan pamit kaliyan para mitra kula ingkang sami dedaleming sak lebetipun
kraton dalem Ngayogyakarta mila ing sak punika, kula alelantaran serat Bramartani, panuwun kula
mugi sami ginanjara wilujeng sak panginggilipun
Ngayogyakarta katandhan C.F.Philip.

Tuwan Purneman mentas anampeni barang warni-warni, kados kapratelakaken ing ngandhap punika.
Buk pirantos wadhah cathetan, mawi kothakan sarta kunci
Buk pirantos arta wangkertas mawi kothakan sarta konci
Buk pirantos panyeratan kangge kakesahan
Buk Notisi sae-sae, sarta warni-warni
Jidharan tembagi, pasagi tuwin gepeng, mawi tapel tembagi
Wadhah mangsi warni-warni, ageng tuwin alit damelan Inggris
Mangsi pancen kangge anerngeri barang utawi sanesipun
Gambaran kangge dolanan rare
Buk a,b,c, tuwin sanesipun ingkang sakalangkung prayogi kadamel mulang dhateng rarre.
Lei, Kangge mulang anggambar
Buk notisi kangge para tuwan ingkang maosi siti dhusun utawi para tuwan Opsinder
Buk gambar an warni-warni
Kertas warni-warni lak kalam utawi sanesipun pirantos panyeratan.
Barang punika sadaya mirah reginipun menggah sanesing barang kekathahen bilih kapratelakna
sadaya.

Tuwan C.F.winter ing Surakarta, kaliyan tuwan Wit ing dhusun Lawang sami sade kopi kawadhahan
ing karungan isi 12 ½ katos, reginipun kabayar kenceng kados ngandhap punika.
Kopi nomer 1 regi 3 rupiyah 75 sen
Kopi nomer 2 regi 3 rupiyah
Kopi nomer 3 regi 2 rupiyah 75 sen
Kopi nomer 4 regi 2 rupiuyah 50 sen
Kopi nomer 5 regi 1 rupiyah 75 sen

Para pangageng ingkang sampun kakintunan buk pranatan pangagemanipun pameran para
poriyantun ing tanah gupermen saha ingkang dereng ambayar pangaosipun buk wau, sami kaaturan
angintuni arta pambayar dhumateng tuwan C.F.Winter, ing Surakarta.

Kauningana priyantun manawi pangecapipun Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 1 ing
sapunika sampun rampung, saha para priyantun kenging pikantuk tumbas saking tuwan Purneman
tuwin tuwan F.L.Winter, ing Surakarta.
Kadosta:
Serat babad Pajajaran regi 2 rupiyah 50 sen
Pasamuwan taun Baru regi 2 rupiyah 50sen
Wirasatipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulangipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulang olah-olah regi 1 rupiyah 75 sen
Serat katurongga kapal regi 3 rupiyah, 50 sen
Pra priyantun ingang ngersakaken tumbas sami kaaturan angintuni serat pos wesel sarta sakathahing
serat tedah kakintunaken prangko sadaya
Ongka 46, Kemis kaping 10 Nopember 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Tuwan Dhuperon Van Bregel kakulawisudha dados Kolektur serat Segel ing Batawi
Tuwan H.C. Budhak kakulawisudha dados Onderkumis Twedheklas ing kantor Pabeyan ing
Samarang
Tuwan W.F.Pandham kakulawisudha dados Onder Kumis Twedheklas ing Kantor Pabeyan ing
Padhang
Tuwan A.H. Seiker kakulawisudha dads Ofsinder Twedheklas
Tuwan C.E.Y.F.Sepit kakulawisudha dados Ofsinder dherdheklas
Tuwan Van der Plit juru serat ing Kantor Purwakarta kaundur saking pandamelanipun
Tuwan De Yong kakulawisudha dados guru pamulangan ing Purwareja
Tuwan Palek kakulawisudha dados guru pamulangan ing Majakarta
Tuwan Bartol kakulawisudha dados Kumis Kantor ing Remabg
Tuwan Wihkeres Pankersem kakulawisudha dados kumis buk ondher ing kantor Wiskamer ing
Batawi
Tuwan dhomeres kakula wisudha dados Kumis ing Mentok.

BAGELEN
Kawrat ing serat kakancinganipun kanjeng tuwan Residhen
Mas Suradrana mantri Bendhung ing Kedhungupit dhistrik Pituruh Kithaarja) kaundur saking
pandamelanipun ingkang anggentosi Raden Madyareja, mantri Bendhung ing lepen Semawis
dhistrik Cangkrep Purwareja).
Raden Kertadiwirya, Juru serat kabupaten Kithaarja, kakulawisudha dados mantri Bendhung ing
Lepen Sema.
Raden Wijaya Kusuma, Juru serat kawadanan Jenar, kakulawisudha dados Juru serat kabupaten
Kithaarja.
Mas Purwaatmaja, juru serat Grippir ing Purwareja, kakulawisudha dados Juru serat kawadanan ing
Jenar, dede ing sapunika dereng wonten ingkang angentosi juru serat Grippir Purwareja.

KEDHU
Mas Prawira Taruna, mantri gudhang ing Ngandhong, dhistrik ing Ngasinan kakulawisuda dados
Demang ing Kedhu, kaparingan patedhan balonja 100 rupiyah sawulan.
Mas Jayaarja, penatu ing dhusun Pijahan dhistrik ing Ngasinan, kakulawisudha dados mantri
gudhang ing Ngandhong kapatedhan balonja 45 rupiyah sawulan.

SURAKARTA
Nalika tanggal kaping 8 wulan Nopember punika, ing Mangkunagaran wonten pista ageng,
pakurmatanipung supitanipun Raden Mas Suyitna, putra dalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipati
Ariya Mangkunagara, ingkang jumeneng sapunika, saking garwa padmi, ing wanci satengah sanga
sonten ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan karsa tedhak amangagem cara Walandi, ginarebeg ing
para santana, para tamu sakalangkung kathah tuwan tuwan utawi priyantun Jawi saking monca
nagari ingkang sami dhateng martamu pasamuwan punika katingal endah sanget ing dalem
Mangkunagara sinung rarenggan lampu petroleyun ingkang mubyar padhang sanget saengga raina,
sarta ing kori ngajeng kapasangan dilah sewu, ing tengah mawi tondha namanipun Raden Mas
Suyitna, boten antawis dangu sarawuh dalem ingkang sinuhun Kanjeng
Susuhunan lajeng tindak dhateng emper pandhapi ngajeng, sarta angarsakaken anjenadhi
panyuledipun sekar api ingkang warni peksi anyalorod wongsal-wangsul lajeng ambesmi sanesipun
ing wasana para tuwan tuwin nyonyah-nyonyah sami kasukan dhansah, bibaripun satengah sakawan
enjing.

Nalika ing dinten Malem Salasa ngintenaken wulan Kaping pitu Ruwah punika ing kampung
Dheputan wonten satunggal tiyang nami Wirayuda, karan anak pak Kendhil dados gebayan Juru
Silem rehipun mas Bei dhiwut ing wanci bangun enjing griyanipun kalebetan durjana pandung,
ingkang lajeng angungkil pethi wonten isinipun arta, mas Kendhil wau sareng mireng gumludheg
arta banenipun tiyang mendhet arta, wirayuda, lajeng tangi sumerep yen pandung badhe ambekta
pethi, lajeng karebat adangu garejegan ingkang estri tangi lajeng tumut angrebat pethi wau,
Wirayuda jaler estri saking sangeting nepsu boten saged alok nedha tulung seru, punapa dene dhasar
radi tebih tongga ewadene durjana sumelang manahipun manawi selak katungkeban ing kathah,
ingkang gadhah griya lajeng dipun suduk kenging dhadha sanginggil susu lajeng pejah ing ngenggen
ingkang estri lajeng jerit-jerit nedha tulung, dados dhateng ipun ingkang tanda durjana sampun tebih
boten kantenanpurugipun.……

//Sarkara// Tabe urmat kang mawanti-wanti, kaatura ing tuwan Redhaktur, kang ngarang
Bramartanine, Surakarta prajagung, dahad ulun sedya ngaturi, wasalan sesambetan kang wus katur
ngayun, yen pareng sela ing papan, ingkang mugi minacaka Bramartani, ari Kemis ing ngarsa:
Sandu onggok gung alit ing wewayangan, oleh bathi yen kumpul para sarjana
Bayem arda,pasiraman kang binata, dipun anting, kalamun ulah wicara
Patrawisa, kadang wedaning sudarma, aja gidhuh yen kabarung swara liya
Jejeg tanggung, pataranganing kukila, golek ayad aja sah amasuh raga
Tulang janur, pasisir gung susungapan, aja arda, sabarang ora prayoga
Wedhak jenar picaya pamurih nendra, dipun sareh kekarepan ywa kasesa
Bango tulak wanodya endah kang warna, tanpa gawe, geguyu wong kaluputan
Beras ruwah kothak dawa mara seba, para padu, aja dhemen gagepokan
Buntut jarum lung gadhung kang pulilitan, mundhak nular, badane during wiyana
Palang krendha, wastra pine ing ngayuban, dereng montra, yen mirip siswa taruna
Pentil sekar, tigal wisma tanpa sedya, tana wuruk kaya paragone bias Jeram cina, bebukane wong
meminta, yen tan bangkit kang presaja tembung ngira
Teki rawa, carema luhuring tara, angalingi, ywa kalikab bodhonira
Kukum gunung, kambangan rinaja putra, kapak ena, wong bodho mongsa mariya
Mamong estrhi, kapindhung kang who blimbingan, srantekena, yen ana dayaning wuntat
Sambut aran petungan netraning kowah, nadyan silih wigya aja karya umbag
Lampu baru kemar gung mindha turongga, nigas karsa, sdya budi kautaman
Punukjongga, gandruwo pangawakenya, ngondhok ondhok lamun odi sarweya
Sindu tutuk upet gandhek jaman kua, kudu ritu, ing pakarti kang utama
Rama nini, siti luhur pasewakan,, bokmanawi, saged anggit tunggilira.
Surakarta kaping 7 Nopember 1870, Katandhan Trusdhasastra

Punika candhakipun cariyos perang


Ingkang cariyos sajawinipun kitha Orleyan, datan wonten kendelipun prang, punapa malih
panggenan ingkang winastan Dhiyo, inggih wonten ingkang sami paperangan, ananging tan
pawekasan, akathah griya padhukuhan ingkang sami kaesmi ing wadyabala Prislan, sasampunipun
angangseg kitha Orleyan, wadyabala Prislan lajeng angejegi, ing mangke wadyabala Pangkrik
adumunung wongten caketing lepen winastan Lowar ingkang sisih kanan. Awit saking
pakabaranipun, pangan segipun wadyabala Prislan badhe kawiwitan saking beteng sakiwa tengen
kadhaton Paris, lajeng anempuh ambendrong kadhaton wau, sanesing wadyabala Prislan,
lampahipun sampun anyelaki panggenan winastan amiyen, wondene para tiyang kadhaton Patis,
taksih teteg tuwin angajeng-ajeng pambrondongipun kadhaton Paris, sakathahing wadya bala
Pangkrik kadhawahan umagut dhateng Prenahipun kitha Orleyan. Wadyabala Prislan anggenipun
angepang kitha Tiyongpil kaantosan, ing kitha Met kathah tiyang sarta kewan sami pejah dening
sakit ambah-ambahan, wadyabala Pangkrik ingkang kukuwu wonten caketing lepen Kowar ing
nginggil wau, kaemuh kaliyan wadyabala Prislan, dene anggenipun campuh perang dangunipun 9
jam wadyabala Pangkrik katitih sarta lajeng mundur anglangkungi lepen wau, prajurit ingkang
kabandhang kathahipun 1000. Pakabaran sanesipun anyariyosaken manawi gelaripun wadyabala
Prislan anggenipun angepang kadhaton Paris, sami anglereg, sarta sanesipun sami kongser atilar
pabarisan, wondene wadyabala Pangkrik anggenipun kalindhih perangipun wonten tanah Orleyan,
awit saking kagunanipun wadyabala Arteleri Prislan. Wadyabala Pangkrik ing kang wonten ing
Garnisun Monmedhi, sami medal tuwin unggul juritipun, wadyabala Prislan ingkang wonten ing
garnisun Seteya, sami kapitkut punapa malih nalika perang celak kitha Met wau, wdyabala Pangkrik
tuwin wadyabala Prislan kathah ingkang sami pejah, utawi usar Prislan ingkang wonten tanah Elsas
wanci dalu sami katukup dening para tiyang ing ngriku, mila ingkang dados pamalesipun griya
padhusunan ing ngriku sami kabesmi. Menggah ingkang kawartos kadhaton Partis badhe kakirangan
tehda, amargi sakiwa tengening ngriku sampun boten wonten sabarang tatedhan, wondene serat
pakabaran saking Dhitslan amrayogekaken bab lerebing ngayuda, komandhanipun wadyabala
Pangkrik akintun serat telegrap dhateng Arteni, bilih anggenipun nempuh wdyabala Prislan
dangunipun 5 jam ananging kaseser malebet ing wana, ing ngriku badhe anenggalani, bilih dipun
kintuni babantu bala infantri 4 bataliyun tuwin arteleri sabatarei. Awit pakabaran saking Dhitslan
amratelakaken manawi wadyabala Pangkrik sanget kalindhih juritipun wonten te Arteni kalampahan
mawut mundur dhateng tanah Orleyan, menggah prajurit ingkang kabandhang 10000 tuwin anilar
dadamel kathah. Ing angke kitha Suwason tuwin ing Predhin, kapipintan kinepang dening mengsah,
para tiyang arahan ing pangkrik, amakewedi lampahipun wadyabala Prislan ingkang wonten ing
wingking, punapa malih wadyabala Pangkrik anggenipun medali ngrana, lan ajuritpun wonten
panggenan winastan Satilyon, dene wadyabala Prislan kathah ingkang kapracondhang, ing kitha
Suwason wau anggening sami prang dangunipun 4 jam, salajengipun kaesrahaken, jendral
Garibaldhi ingkang aninndhihi para tiyang arahan, ing sapunika sampun makuwon wonten redi
Pohesen..

Wangsulan dhateng pun Ngabdul uja ing kuwuarja, kaserat ping 17 Oktober, 1870 kawedalaken ing
Bramartani ongkag 43 kaping 20 kados ngandhap punika.

Wiyosipun ing jengandika sampun anjurung Bramartani saking rumaos karaos, kamumuji tata
tentremipun nagari dalem ing Salakarta, saha ambedakaken kalayan kanjeng gupremen, sarta ing
jengandika ngaken ngasta pulisi, bekipun jengandika kapengin mingggah ing pangkat. Ing mangke
kawula ngaturi pamrayogi dhateng lurah wedana kang bawahaken ing jengandika, lo kadi pundi
tuwan Redhaktur anggen kula ngatturi pamrayogi, yen pun ngandul puji, tumunten kaingahna
pangkatipun saruyen amiya, babasan tembungipun tiyang kaji, utawi tiyang, ing masjid,inggih
punika panggenane kaum. Ingkang kaping kalih kados pundi ta ing jengandika ngangken pulisi
konataksih cotho kados jengandika purun purun bedakaken nagari dalem Surakarta klayan kangjeng
gupremen, punapa ing jengandika ypena, menawi sampun tamtu samben-samben nagari gadhah adat
tatakrama piyambak piyambak, sanadyan kanjeng gupermen sami sak gupermen ugi kaot kaot,
namung pengadilan punika ingkang sami kemawon. Punapa ing jengandika boten anggalih kyai puji,
tembung sampeyan ingkang mungel anak estri kenging anggentosi kalenggahan kantos turun
tumurun, punika lajeng jengandika timbang, kanjeng parentah kang wonten kitha kitha sampun
angrudat sawarnining kalengghan, kados ta amocot sabab sakit amocot sabab sepuh anak putu boten
saged agentosi. Mekaten ki Puji, sanadyan enggal a mrih kyang boten turun tumurun sasatipun
inggih lami boten minggah mingah, aluwung engandika basakaken ugi beda kalayan tiyang kang
beja, sami sami gadhah umur suwidak taun upami ngaken umur salikur taun kok dipun andel
kemawon dados saged nulak anggene badhe kapocot, larak mekaten punika kang nami beda, yen
jengandika kepengin minggah dereng dumugi janji, punapa saged mingggah, malah mudhuna utawi
pocot, mongga ta kagaliha sami sami tyang turunipun lelabet nagari, utawi samun jagi temen-temen
salaminipun tekadang kawon kalayan ingkang bektja, e la kasupen tuwan redhatur, pandugi kula
kitang terang dhateng sorah lahlahan, kang pancen, boten mawi waton cariyos bongsa kaji, kula pirit
saking puna nami wau, Ngabdul Puji, sumongga nalika Nabi Brahim krama punika rak lumebeng
sayambara sinten ingkang dipun balang kacu dhateng sang putri wau ingggih punika garwanipun,
kalampahan Nabi Brahim dados jatuk ramanipun, sareng putri bekta mantuk, kabegal wusana kang
begal lajeng asrah setabot, lo punika tak tembung bekja, nalika taksih timur nuthuki brahala, saeng
badhe kaprawasa….papuindhen dipun wangsuli kalayan tembung nglengkara kimawon,kang gadhah
brahala inggihlajeng narimah, sampun ta sampun ing jengandika wau narimaha, sabab boten
sampeyan piyambak kang sami gadhah temen-temen tuwin karajinan, sadasa kaos pundi
pamensthenipun dereng kenging, utawi santun adhah wahyu, yen jengandika meri, satemah tan
narima, tumunten angetingi, dhateng lurah wedana jengandika, ameling mawi kaserat wonten
bramartani, tur mongsa wontena tiyang nacat dhatneg kang inggil, inggih kapenet aken dhateng kang
asor kemawon. Punika liding dongeng tembungan, ora nana wong amek kabudi gawe godhonga
wedang anegori parbatang, luwih becik anyokleki rerentekan pang cilik clik kang awit garing
sanadyan di arep-arep semine ora pinikir, angger katutugan kaniyatane kang amek kayu mau,
samanten punika kyai kula boten anacat pamuhi sameyan, malah dherek jumurung sanget nanging
sampeyan narima asabar sampun angawon-awon lelurah, yen kantos angedalaken pitenah temah
ngertakaken ing eninging cipta rahayu.
Katandhan Pun Kasidan.

Punika candhaipun cariyos Babad Pajajaran

Wus dangu anenging Jawi, sang putri lagya pinarak, kalawan para cethine, kalangkunging ngarsa
arsa, jenat nora na prapta, dene kaongsi tengah dalu, bisa gawe laras mara. Lara pati suin andhemi,
labet ku trisna si jenat, dene cidra ing jangjine, kang ngemas Suksma lengkara, bisa agawe brongta,
sidi sambera ing kuwu, diparaggarara kenya. Dyan suksmalengkara angling, aneng jawi latah latah,
dhuh mas Mirahing sun angger, papagen pun kakakng prapta, umaeking kusuma, tan betah ana \hen
wuyung, mung gusti kang aneng netra. Mung esemira mas gusti, kang suntuku tatu jaja, pun kakang
tur pralayane, wus jumeneng sang kusuma, raden suksmalengkara, sang retna ing ngemban sampun,
binengkat marang papreman. Rinungrum kidung kakawin, palugon lan kuswaraga, sinom kenya
kadhirine, sinelan gonda kusuma, dhuh mirah jiwaning wang, kang ngasih ing dasih ipun, intene
suksmalengkara. Sang Retna pinongah pangih, pan sampun pulang asmara, naen brongta sakaliye,
angucap suksmalengkara, yayi mas mirah ingkang, aja sumelanging kalbu, sun labuh ing lara pejah.
Nadyan kawentara gusti, paningsun mongsa susaha, sapa bisa nyekel mring ngong, sun bisa
angragasukma, ajura jer tan kewran semana pan sampun nutug, denya samya sish siniyan. Nengena
kang pulang resmi, warnanen sang adipatya, animbali kawulane, kakalih andeling karya, rahaden
pangalasan, lan rahaden Suronggeku, kinenjejep jroning pura. Sira sang prawira kalih, maripit
pinggiring bata, prasamya prayitnengkewoh, gagaman tamsir lanpedhang, prawira kalihira,
pangalasan wus tumanduk, tan pisah lan dyan surongga. Sinamberaning kokolik, tutuhu kalawan
tekak, ganter ganter pan ambere, graita dyan pangalasan, lawan raden Surongga, prasamya
prayitneng kewuh, wus kekeran jroning pura. Ing kaputren den jejepi, tan ana swaraning jalma, ing
daleme sang lir sinom, swarane lir wong carita, araras kapiyarsa, swara myang gonda mrik arum,
wusnyakra kalebon dhustha. Winarno kang andon resmi, myarsa kalesik ing jaba, ing lingsir dalu
wayahe, rahaden Suksmalengkara, lengser sangking papreman, suksmalengkara pan sampun, medal
kori bubutulan. Dyan Surongga wus miranti, kapethuk lan duratmaka, sigra denya atetakon, eh jalma
ing ngendi sira, dalu aneneg jro pura, suksmalengkara amuwus, lah iya wong kemit ingwang. Pan
arsa angambil geni manira kapaten damar, raden Surongga angucap malih, kaya sewarane adimas,
Ronggasuwonda swarane, ya ingsun Ronggasuwonda, surongga sru angucap, kaya si Surongga iku:
ya ingsun raen surongga. Sireku jatiing maling, suksmalengkara angucap, ya ingsun maling
piyanggon, raden surongga narajang, duratmaka malumpat, wus alok kalebon pandung,
suksmalengkara karajang. Pangalasan anadhahi, pinedhang kang duratmaka, antiwanti maleset,
aramya candhak-cinandhak, lan raden Pangalasan, agenti suduk sinuduk, tan ana pasah ing braja.
Dyan Surongga anulungi, rengginas suksmalengkara, lan surongga genti goco, ingkang pandung
kinaliyan, rame abonda yuda, pedhang tangkis salin suduk, tan ana samya mundura. Pangalasan asru
denira angucap, den longgon sira maling arsa ngayonanana, prajurit Pengging iya, sira tan atuku
warti, yen Pengalasan elas sowanging Pengging. anarajang suksmalengkara cinandhak, sgira
binuwang aglis, sigra males nyandhak, pangalasan binuwang, surongga narajang aglis, buwang
binuwang, sayah keh jalma prapti, Pan gumuruh obore kadya raina, wus katur sang dipati, Pengging
langkung duka, pandung kinen nyekela mring pangalasan lan malih, raden Surongga, den kacekel
kang maling. Pangalasan kalawan kang duratmaka, rame banting binanting, pandugang-dinugang,
rosa sendhal sinendhal, wadya kathah angebyaki, suksmalengkara, wus musna tan kaeksi,
Skalangkung cuwa raden pangalasan, ilange ponang maling, wus kaku semana, marang sang adipati,
andayaningrat sinipi, ing dukanira, kinon angepung puri. Saben dalu kadhaton panti nuguran, miwah
sajroning puri, lor kidul lok samya, amburu duratmaka, wus musna kang wetan nuli, lok duratmaka,
kulon pan alok maling. Pan sadalu alok buru duratmaka, wekasan tan ayekti, wigya warni papat,
wau sukmalengkara, kewran sagunging kang kemit, para prawira, manahe samya wiwrin. Saben dalu
kang kemit kadya mangkana, saweneh wadya kemit, ana linerongan, angus lan aapuika, ana cinukur
kang alis, babrengosira pan cinukur sasisih. Kang saweneh ana cinukur marapat sareng samya
papanggih, pan sareng kumpulnya, guyu ginuyu samya, tan ngrasa warnin ing riki, ingkang ginyyun,
semana tan winarni. Langkung duka dipati andayaningrat, sagung wadya ing Pengging, samya ing
ngudhangan kinen amardiguna, anyekela maling sekti, kang sabapura, agung ganajaranekki, Kiya
patih logender sampun dinuta, kinen ngupaya jalmi, ingkang sumanggupa, bekel maling aguna, sun
ganjara buiya utri, lawan nagara, sasigar nagri Pengging. Lan sun karya Prabu anom tur kuwasa,
angreh nagara Pengging, wis patih mentara, ja mulih mulih sira, cekoh rogoh anyakethi, yen tan
angsala, kang saguh nyekel maling. Kiyapatih logender sigra tur sembah, lengser saking ngarsaji, tan
mampiring wisma, lampahe tan parowang, jajah desa milangkori, jalak paningal, ngebola tu sireki.
Manjing wana jurang weit ing ngancala, tekaping wau dadi, sumengkeng ngaldaka, manggih ing
ajar-ajar, puthut manguyu lan cantrik, miwah jajanggan, sami pinardeng budi. Enengena ki patih ing
lampahira, gantya ing kang winarni, ingkang maratapa, wau Jaka Sengara, kang dhepok ing
Condrageni, kapit ing jurang, ayom kang terbis rtrebis. Langkung simpar tan ana jalma uninga,
nutug denya martapi, sakehing ngatapa pan sampun linampahan, geni araden lampahi, ambanyu ara
gentur denya atapi. Duk samana ki Jaka lagya mumuja, ana swara kapyarsi, yen sirarsa mulya, eh ta
sira sengara, sira turunana kaki, marnag nging praja, sak iki anakardi. Ratu Pengging dipati
andayaningrat, lagya mangun wiayadi, ana ingjro pura, kalebon duratmaka, kalangkung sekti kang
maling, pangendrajala, kartisampe kawegig. Wonging Pengging tan ana kang sumanggupa, anyekel
ponang maling, agampang kewala, lah sira sanggupana, iku kang minonga margi, kamulyanira,
semana wus winang sit. Wus winejang wau ki Jaka Sengara saprattingkahe sami, akwitan tengahan,
dumugi ing wekasan aja sumelanging ati, wus tinarima, panedhanireng widi. Ingkang swara wus
musna tan kapiyarsa, ki Jaka wus patitis, akari angana lelenging tyas ki Jaka, pupungun raosing
kapti, esthining manah, kagegem ngasta ugi. Anengena ki Jaka kang winarsita, lampahe kiya patih
Logender semana,saparane kalunta, dilalah ngideri ardi, mrapi wus prapta, dhepok ing Condrageni.
Lir tinedhah keni hyang rekyanapatya, semana wusa panggih, kalawan ki Jakahsengara wus
ngancaran, binagekaken kang prapti, tigaskawuryan, ing wingking saking pundi. Inggh ngajeng ing
pundi ingkang sinedya, sinten sinembating sih, ki patih Risnabda, wingking angger kawula, patihe
sang ratu Pengging, Andayaningrat, Logender wasta mami. Sang atapa jaka sengara lingira, mila
maring ki patih, tiya awibawa, temahan marang sunya, bapa luwe wong neng wukir, prekyana patya,
lingira rum mamanis. Sedyaningwang ing ngutus sri naranata, adipati ing Pengging, angulati Jalma,
kang saged ngulapana, kalilip penateng Pengging, kalebon dhustha kalangkung dening sekti.
Salamine ulun anjajah pradesan, tan wonten mrayogeni, mung angger prayoga, kencenge ing
wardayaki Jaka aras nauri, wagedpunapa, tiyang wirangrong wukit. Kiyapatih logender muwus
ngrarepa, tan wonten yogya malih, liyane andika, angger attulunga, wus kaesthi ing yas mami, ngger
kuningana, patembayan ing Pengging, sinten-sinten ingkang saged anyepenga, pandung ingkang
sinekti, andhustheng ngasma, wonten sajroning pura, agung ganjaraning aji, pankataniman, putri
dadya dipati. Kang sepalih ing Pengging dadya ganajaran, ye sembada ing kapti, leheng tulungana,
nata kalangkung tikbra, ki Jaka meneng tan angling, tigang pandurat, nyeluman tan kaeksi. Sawusira
mangkana aris angucap, inggih pamanah patih, manira lumampah, nanging begjaning nata, kawula
darmi nglampahi, pan samya titah ingkang sinedyeng kapti. Kiya patih kalangkung suka tyasira,
rumaos antuk kardi, ing salampira, Kya patih gya wisata, lan dyanjaka kang martawi, sampun
binekta, sami tumurun ngardi, Tan kawarna lampahe Jakasengara, kalawan kiya patih ing Pengging
wus prata, lajeng malebeng pura, sowan marang sang dipati, patih tur sembah, amba sampun
tinuding. JajaH desa ngupadosi ingkang sagah, anyepeng punang maling, kang asaba pura, kang
sekti mondraguna, inggih kawula amanggih, begja paduka, punika katur gusti. Pandhita nom ana
Maja kasengara, tanpa yayah lan bibi,nistha damalola, Sagah dereng kantenan, kiawula ngantun
neng jawi nata ngandika, timbalan mring ngarsi. Kaeja kasemmana wus tinimbalan, rapteng ngarsa
dipati, abukuh silanya, muka konjem pratala, ngandika sang ngadipati, dhuh putraning wang,
badgeya sira prapti. Matur nuwun manembah Jaka sengara, neng mastaka kapindhi, sang dipati
nabda, nakingsun kae jaka, ilangna kalilip mami, cabarpun bapa, dene nyandhi wiyadi. Lah Cekelen
maling kang saba pura, ki Jaka atur bekti, pukulun sandika, inggih darmi kawula, nglampahi
sabdaning gusti, sapolah tingkah, jeng gusti kang darbeni, Wus ta kulup sira age tumandaka,
kalawan sira patih, sira ngaterena, apa rehe si Jaka, sira ingkang angladeni kalih tur sembah, anulya
mentara glis.
Punika taksih wonten candhakipun.

Kantor Bank ing Surakarta


Para tiyang kenging tumbas arta jene Inggris, punapa malih agliyeraken serat Aseptasi lelang, ing
Surakarta, kaetang ing dalem sataun bayar persen 4 rupiyah, langkung 50 sen ing dalem satusipun,
dene manawi serat Aseptasi punika saking panggenan sanesipun pambayaring persen wau,
kaindhakaken ¼., ¾ dumugi 1 rupiyah.
Sanesing katrangan kenging pikantuk ing kantor Bank

Wonten satunggal sagawon jaler ical, turrunan kang geru, tulesipun kuning, sukunipun pancal
pethak sakawan pisan, bututipun colok pethak sakedhik, kanamakaken pun Tiras, sinten ingkang
sumerep tuwin manggih sagawon punika, kaaturan amangsulaken utawi asukaha katrangan
dhumateng tuwan Purneman ing Surakarta
Tuwan E.C.T.vandhorep enko
Kang anandhani ing ngandhappunika, angaturi uninga, bilih anggenipun angecap serat jawi,
winastan Gonda wredaya, anyariyosaken lalampahan ringit tiyang, ing sapunika sampun rampung,
serat wau anggitan dalem kanjeng Sultan Amengkubuwana kaping 1 ingkang mangke kaewahan
kanjeng Sultan Amengkubuwana kaping V.

Ringgit tiyang punika namung ing karaton dalem ing Ngayogyakarta, ingkang wonten sarta titiyang
ingkang sami main, kedah 150 utawi 200 kathahipun.

Serat punika satunggal regi 8 rupiyah


Prangko medal ing pos 10 rupiyah bayar kenceng
Sakathahing serat sarta arta pangaosipun serat wau, inggih mesthi kakintunaken prangko
Katandhan Tuwan E.C.T.Vandhorep
==========================================================

Tuwan G.C.T.Vandhorep eno ing Samarang, mesta Srampung angecap serat Tugu, anyariyoaken
lalampahanipun kaki Bandhang saputranipun sakawan, ngantos dumugi Jumenengipun Pandhati ing
nagari Sarubrana, kadamel denign tuwan A.B.Karli, menggah satunggaling serat regi 1 rupiyah 50
sen.
Para priyantun ingkang karsa tumbas, kaaturan kintun serat prangko dhumateng tuwan Vandhorep
wau.Kula

Kula Tuwan Sir Lo Ba To enko, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni barang warni-warni:
klambu, kurungan peksi, wadhah eis, dolanan rare,lisah wangi warni-warni, ulam Ham mertega
semen poretan paku, timah, tuwin inuman warni-warni, punapa malih ulam blek utawi sayuran eca-
eca. Katandhan tuwan Sir Lo Ba To enko.

Sarehning kula badhe inggal pindhah dhateng nagari Surakarta, mongka boten saged wraddin
anggen kula aapanggiyan pamit kaliyan para mitra kula ingkang sami dedaleming sak lebetipun
kraton dalem Ngayogyakarta mila ing sak punika, kula alelantaran serat Bramartani, panuwun kula
mugi sami ginanjara wilujeng sak panginggilipun
Ngayogyakarta katandhan C.F.Philip

Tuwan Purneman mentas anampeni barang warni-warni, kados kapratelakaken ing ngandhappunika.
Buk pirantos wadhah cathetan,mawi kothakan sarta kunci
Buk pirantos arta wangkertas mawi kothakan sarta konci
Buk pirantos panyeratan kangge kakesahan
Buk Notisi sae-sae, sarta warni-warni
Jidharan tembagi, pasagi tuwin gepeng, mawi tapel tembagi
Wadhah mangsi warni-warni, ageng tuwin alit damelanInggris
Mangsi pancen kangge anerngeri barang utawi sanesipun
Gambaran kangge dolanan rare
Buk a,b,c, tuwin sanesipun ingkang sakalangkung prayogi kadamel mulang dhateng rarre.
Lei, Kangge mulang anggambar
Buk notisi kangge para tuwan ingkang maosi siti dhusun utawi para tuwan Opsinder
Buk gambar an warni-warni
Kertas warni-warni lak kalam utawi sanesipun pirantos panyeratan.
Barang punika sadaya mirah reginipun menggah sanesing barang kekathahen bilih kapratelakna
sadaya.

Tuwan C.F.winter ing Surakarta,kaliyan tuwan Wit ing dhusun Lawang sami sade kopi kawadhahan
ing karungan isi 12 ½ katos, reginipun kabayar kenceng kados ngandhap punika.
Kopi nomer 1 regi 3 rupiyah 75 sen
Kopi nomer 2 regi 3 rupiyah
Kopi nomer 3 regi 2 rupiyah 75 sen
Kopi nomer 4 regi 2 rupiuyah 50 sen
Kopi nomer 5 regi 1 rupiyah 75 sen

Para pangageng ingkang sampun kakintunan buk pranatan pangagemanipun pameran para
poriyantun ing tanah gupermen saha ingkang dereng ambayar pangaosipun buk wau, sami kaaturan
angintuni arta pambayar dhumateng tuwan C.F.Winter, ing Surakarta.

Kauningana priyantun manawi pangecapipun Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 1 ing
sapunika sampun rampung, saha para priyantun kenging pikantuk tumbas saking tuwan Purneman
tuwin tuwan F.L.Winter, ing Surakarta. Kadosta:
Serat babad Pajajaran regi 2 rupiyah 50 sen
Pasamuwan taun Baru regi 2 rupiyah 50sen
Wirasatipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulangipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulang olah-olah regi 1 rupiyah 75 sen
Serat katurongga kapal regi 3 rupiyah, 50 sen
Para priyantun ingang ngersakaken tumbas sami kaaturan angintuni serat pos wesel sarta
sakathahing serat tedah kakintunaken prangko sadaya.
Ongka 47,Kemis kaping 17 Nopember 1870

Kulawisudhan tuwins anesipun ing ngatasing para amtenar Walandi tuwin para priyantun Jawi
kasebut ing serat Telegram.

Kanjeng Tuwan Tidke, Residhen ing Borneyo kaundur saking kalenggahanipun dene tuwan C. C.
Trom ingkang kinulawisudha anggentosi jumeneng Residhen ing Borneyo,
Tuwan Finlir, Asisten Residhen ing Linga, pikantuk pamit kesah dhateng nagari Walandi awit
saking sakit
Tuwan Infel kakulawisudha dados Asisten Residhen ing Priyangan
Tuwan Kramer kakulawisudha dados Asisten Residhen ing Anyer Bangis.

Kawrat ing serat kikintunan

Samarang
Mas Mangunkusuma, mantri Pulisi ing Bojong, kakulawisudha dados kaliwon Kabupaten ing
Samarang, kapatedhan balonja, 75 rupiyah sawulan.
Mas Abdulkahir, Mantri Kabupaten ing Samarang, kakulawisudha dados mantri Pulisi ing Bajong,
kapatedhan balonja 65 rupiyah sawulan.
Raden Mas Suryadiputra, juru serat kantor kabupaten ing Samarang, kakulawisudha dados mantri
Kabupaten ing Samarang, kapatedhan balonja 50 rupiyah, dene ingkang agentosi Raden Mas
Suryadiputra wau dereng tartamtu.

Punika candhakipun cariyos perang

Wadyabala Prislan anilar panggenan winastan Kenting tuwin sakiwa tengening Amiyen, punapa
malih boten estu anggenipun badhe adhepang beteng laper, wadyabala Prislan wau sami anglempak
ing Laon, ingkang kawartos Kanjeng Pangeran Pfederik Karel, tindak dhateng ing kitha Met,
kadherekaken abdinipun, wadyabala Pangkrik kala medaling ing ngayuda, wonten sacelakipun
tiyongpil sami katitih lajeng mundur, jendral Pangkrik ingkang jujuluk Murbaki, amrenata sarta
anyantosani anggenipun badhe anenggalani mring Muka wonten ing kitha Lil, Tuwan Trer, ingkang
jumeneng paresidhenan ing paprentahan ing Pangkrik asanggem badhe karsa rarembagan kaliyan
tuwan Bimarek, bab lerebing perang, tumanten punika mawi rarembagan kaliyan paprentahan
gupremen kadhaton Paris awit saking pakabaranipun ingang badhe karembag garwa dalem kangjeng
raja Napoliyun, ingkang sampun pindhah wonten nagari Engglean, kinuwasakna malih angasta
paprentahan ing nagari pangkrik amrih sageda rurukunan kendelipun ing Perang, wondene ingkang
kacariyos garwa dalem wau boten karsa angestokaken. Kitha Sehestat ingkang kinepang ing
satramungsuh, sampun kaesrahaken sarta prajurit kathahipun 2400 sami teluk tuwin mariyem 120
sami kabandhang dening mengsah, caket ing Pesul ugi wonten perang campuh, ananging ingkang
unggul utawi ingkang kasor dereng wonten ing pakabaranipun, kalih dening panggenan winastan Ir,
boten kendhat anggenipun paperangan wadyabala Prislan kandheg anggenipun angejegi tanah ing
Orleyan sarta kawatawis boten badhe anilar ing ngriku tutungguling wadyabala Pangkrik ajujuluk
Jendral Burbaki, amakuwon ing sanggenan winastan Lil ingkang kaprenah ler sarta ing Leman
kaprenah kilen pakuwon tebah ingkang nindhih ing barondhepoles, ingkang kaprenah wetan wonten
panggenan besangseng dipun tindhihi tuwan Gambril, tuwan Buyeka utus dhateng nagari Enggelan
sowan garwa dalem Kanjeng Raja Napoliyun. Ajudanipun Marsekal Basini, kautus sarta sampun
dhateng ing kitha Preselye, kapatah ararembagan bab badhe amasrahaken kitha met, wadyabala
pangkrik kajodhi malih wonten ing Niyubrisag, nalika medal Lingrna, wadyabala Prislan ingkang
angepang kadhaton Paris ing mangke tansah kasantosan, kala kitha Suwason kaesrahaken
kathahipun prajurit 5000 tuwin mariyem 130. Ingkang kabandang punapa dene margining kareta
latu,ing kalih panggenan ingkang sami anjog dhateng kadhaton Paris sampun kenging karebat ing
mengsah, tuwin kareteg lampahing kareta latu ing Boso, sampun karucat kala wadyabala Prislan
sampun anglangkungi ing lepen Lowar, punapa malih kitha Monemadhi tuwin Pesul wau, sampun
kacakup ing sekaliyan. Kanjeng Raja Prislan karsa namtokaken prajanjeyan, bab rurukunan
kendeling ngalaga, kasebut kados ing ngandhap punika.

80 yuta, Ponstirling minongka patuwasing yuda, dene tabag Eksas twin Lotarengen kapisahna
saking nagari pangkrik amlegi ya piyambak manawi sampun kalampahan dalem 3 taun sadaya
prajangjeyan badhe katartamtokaken wonten ig kadhaton Paris.

Rurukunan ingkang mekaten punika taksih katampik, ananging tuwan Bir ingkang jumeneng lid
Panguwasaning nagari Pangkrik anyondongi sarta angggalih sadaya prajangjeyan ingakng kasebut
ing nginggil wau smpun kenging kaanggep. Ing sapunika wadyabala Prislan kathahipun 650000
ingkang sampun angancik laladan nagari Pangkrik, ingkang kawartos pambendrongipun beteng
sajawining kadhaton Paris, badhe tumunten kawiwitan, kitha ing Sa tuwin sampun karebat ing
mengsah, sarta kitha Met sampun kaesrahaken mila kawatawis bilih Prajangjeyan rurukunan,
kenging kaajeng-ajeng badhe tumunten kalampahan. Kitha Normandhi kasantosan anggenipun
badhe anenggalani mengsah, sarta para titiyang nagari Pangkrik boten kadugi amiturut aluhung
anglabuhana ing ngayuda, wadyabala Pangkrik ingkang dumunung saket lepen Lowar, sami
taksihajeg manahipun, sarta tansah kakintunan babantu. Nagari Enggelan Osterik, Itali, tuwin nagari
Ruslan, sami amrayogekaken leibing perang, supados sami sageda angrembug prajangjeyan
rurukunan ingkang temtu, kanjeng raja Prislan karsaha nglastantunaken prajangjeyan wau, semanten
punika bilih siti ing Pangkrik kaesrahaken ig sawatawis, kitha Satre katempuh ing mengsah lajeng
kaesrahaken. Ingknag kacariyos nagari ing Sepanye, ing mangke samun wonten ingkang jumeneng
nata, priyagung saking nagari Itali, abibisiki kanjeng pangeran Samadhiye, punapa dene kawatawis
badhe perang malih, nagari Ruslan mamengsahan akaliyan nagari Turki, ingknag awit jalaran nagari
Ruslan badhe amengku laut winastan Swartese.

Cariyosipun Kanjeng Raja Napoliyun salaminipun wonten kitha ing Welemsoh.

Kanjeng raja Napoliyun ingkang kaprenahakening kitha Welemsoh, kenging tindakan tebih ipun
ngantos lampahan 8 jam, saking padalemanipun, kanjeng raja asring amengameng pribadya utawi
kanthi abdi dalem, dhumateng sakiwa tengening kitha wau, sinten ingkang kapethuk sami
angurmati, semanten wau kanjeng raja Napoliyun amangsuli paring tabe, manawi kapranggul para
lare sami dipun pangadikani, kanjeng raja Napoliyun amangagem cara mardika, sarta kawistara
lerjja ingpanggalih dalem, terkadhangan semu rihatos, bilih makaten lajeng karsa tindak ing margi
ingkang sampun supados samun karibedan.

Bab pindhaipun putra dalem kanjeng raja Napoliyun

Putra dalem Kanjeng raja Napoliyun ingang pindhah wonten nagari ing Belgi, dereng amiyarsa bilih
ingkang rama kasor yudanipun, lajeng kapikut, tuwin kita ing Swan ing sapunika sampun
kasrahaken dhumateng kanjeng raja Prislan, para abdi dami ajrih angunjuki uninga, ananging
pawartos punika boten kenging kasumpet lami-lami, priyagung praf ajujuluk Balye, ingkang
jumeneng guprenur kitha ing Namen, kaaturan amratelakaken pawartos punika, dhumateng putra
dalem kanjeng raja Naoliyun putra dalem, sarta anyorahaken bab kasoripun ingkang rama, putra
dalem wau sareng amyrsakaken sasorah ingkang mekaten, katawis semu kagyat rawat was pakusut
cahayanipun tumunten tumungkul boten saged amangandika, sareng tumenga lajeng angandika, iku
ora dadi ngapa, jangjine nagara Pangkrik misih golong dadi siji, ing wasana putra dalem
adhadhawah, katilara priyongga, sareng para pratiwas sapun sepen, putra dalem wau amular, ing
wanci dhahar saweg miyos saking kamar, kawistareng taksih ngemu was pakusem netyanipun sarta
anapek kalaken punapa ingkang dados sotaning prana, boten antawis dangu, putra dalem karsa
pindhah malih, sarta asuka tarima kasih dhumateng guprenur Balye, tuwin andangu punapa
pantanipun guprenur, bab anggenipun ambojana,atur wangsulanipun guprenur, namung nyuwun
saseratantapak asmanipun putra dalem tumunten kaasungan, ingkang suraos kados ing ngandhap
punika kaki pratondha panarimah kula.

Namen tanggal kaping 5 September 1870


Ing wanci jam 3 ¼ siyang putra dalem tindak dhateng griya stasiyun, awahana kareta angagem
sarwa langking, tuwin topi kaasta, sarawuhipun ing griya stasiyun aparing abe dhateng sakathahing
para tiyang ingkang wontening ngriku, putra dalem katawis pangungunipun, para nyonyah ingkang
umiyat sami abdarbeni kawelasan dahat, boten antawis dangu kareta latu lajeng mangkat wanci jam
5 sontenputra dalem rawuh ingkang ngaos tedha, benjangipun anitih baita kapal Setombut dhateng
ing Dhuper, menggah ingkang andherekaken 1 tuwan H Seproh, tilas minister 2 tuwan Leyonseporh
tilas dhirektur Jendral 3 tuwan Supere, 4 tuwan Klari, sami bajudan dalem, sareng dumugi nagari
Enggelan tumunten tindakan dhateng Asti, alereb ing lesmen ingkang kawastanan marine Hotel,
kaprenah caket panggenan winastan Pelhamkatas, ingkang wau sampun kadaleman ingkang rama
Kanjeng raja Napoliyun.

Serat pakabaran saking nagari Dhitslan acariyos manawi kanjeng raja Napoliyun, badhe lestantun
kadhunungaken ing kitha Welemsoh, salaminipun kadhaton Paris, dereng kaesrahaken dhumateng
Kanjeng raja Prislan bilih sampun kalampahan kanjeng raja napoliyun badhe kajumenengaken nata
malih wonten nagari ing Pangkrik utawi kaprabonipun kagentosaken ingkang putra. Pakabaran
punika sampun kalimrah ing ngakathah, salebtipun kitha ing Kasel dereng antawis lami ing sarawuh
dalem kanjeng raja Napoliyun nalika kaprenahaken kitha ing Wellemsoh, sanajan para tiyang ing
kitha Kasel wau, tuwin sanesing panggenan sami anganggep pakabaran punika, semanten wau
dereng kenging katamtokaken anjawi punika wonten pawartos malih bilih kanjeng raja Prislan
badhe karsa mongsulaken kaprabonipun kanjeng raja Napoliyun manawi tanah Elsas tuwin
Lotratengen kaesrahaken, punapa dene ingkang dados pangintenipun para tiyang, kanjeng raja
Prislan adreng karsa anetepaken jumenengipun kanjeng raja Napoliyun sanadyan boten anggepil
tanah ing Pangkrik ingkang kasebut ing nginggil wau, supados tiyang ing Pangkrti sami anarimah
ajuenengipun kanjeng raja Napoliyun, mila kadhaton Paris kalampahan boten karurah, namung
badhe kinepang kikis kemawon, amrih para tiyang ing kadhaton wau, sami takluk a jalaran
angenipun boten anedha.

Cariyosipun kitha Met nalika kinepang ing mengsah.


Sasampunipun Kanjeng raja Napoliyun kapikut kanjeng raja Prislan amundhut pasrahipun ing kitha
Met, ananging marsekalek Basini senapatining wadyabala Pangkrik, ingkang wonten ing ngriku,
boten amarengi,s arta ingkang dados wewangsulanipun mekaten, aku ora praduli, kanjeng raja
Napoliyun kutha ing kene ora nana uwong liyan, kang anguwsani, amung aku dhewe, sareng
marsekal Basini amangsuli ingkang mekaten wadyabala Prislan lajeng sami amirantos, smedya
angrurah bendrong kitha wau, kalayan mariyem ageng 60 iji, ananging boten saestu, awit saking
wawuh dalem kanjeng raja Prislan, kitha wau boten kalilan yen ngantos karisakan, sarta sampun
ngantos kathah tiyang lalis ing rana, amargi sampun kinepang kemput tuwin para tiyang ing ngriku
boten saged sami medal.

Ke….hal.3

Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran

Duk samana sampun surup sanghyang ngarka, kawarnaha inglatri, ki Jabangsengara, sampun
midering pura, kalawan rekyana patih, wadya sadaya, kinen ngampingi Jawi. Wus angrakit anjejep
jakasngara, ing aleme sang putri, yata kaarnaha, raden Suksmalengkara, kang nandon sajroning puri,
lagya kaliyan lenggah lawan sang putri. Sang retnayu alon wijiling wacana, kang masparan kang
kapti, anggung makatena, tansah duka jeng rama, tan wande yen ing sun mati, sukmalengkara,
mesem denira angling. Dhuh kusuma masmirah nggen sun mumuja, sun labuh larapati, aworta lan
kisma, gusti kuwandaning wang, tan sedya gingsir ing jangji, kawulanira, angger tumekeng akhir.
Sang dyah angling kang mas punapa karanya, duk kacekeling nguni, ilang tanpa krana, lahingsun
jarwanana, enake tyas ingsun ugi, sukmanglengkara, gumujeng sarwi angling, Dhuh masmirah aja
sira walangdriya, nadyan matiya mami, ping pitu sadina, lamun tibeng bantala, lawan katetesan
warih, amesthi gesang, dene nget sira gusti. Amung iya masmirah wawekasa ing wang nyandhinga
toya kendhi, gendhong lawa kulah, aja nakongsi kurang, iku kadigdayan mami, sira weruha,
pangurip ngong yen mati. Lan maninge dandanane wong wanita, away na angungkuli, marang ing
wong priya, angapesana jaya, den rawatana kang tebih, aja sumelap, aneng luhuran sami.
Kawarnaha wau ki Jakasengara, wus dangu tintip-intip, wus malebeng wisma, tana ana kang uninga,
ki Jaka nulya mrepeki, suksmalengkara, kupingira jiniwir. Kaget jola rahaden suksmanglengkara,
sapa anjiwir kuping, kaliwat degsura, mojar Jakasengara, eh iya degsura mami, ingsun wong ngarga,
anumbak tambuh maling. Gelem nora gelema sun cekel sira,ngong bonda sira mangkin, dyan
suksmalengkara, sigra narik curiga, nulya anarajang wani, Jaka Sengara, prayitna anadhahi. Wanti-
wanti anyuduk sukmalengkara, nanging tan naedhasi, asalin curiga, saksana tan tumama, sayah
denira nyuduk, ukiran pecah, astabang ngemu getih. Lah malesa anyuduk Jaka Sengara, payo
ingsun tadhahi, agantya nyuriga, padha wong sekti guna, Jaka Sengara nauri, lah tutugena, budinira
den enting. Yen wus entek budi mus usun cekel sira, pasthi ingsun taleni, katur mring sang nata,
bangsa sirta nututa, sang gusti tinubruk aglis, Suksmalengkara, trangginas angoncati. Wus lumajeng
binujung saparanira, sayah akempis-kempis meh thithik kacandhak, malebeng ing balumbang, wus
munsna datan kaeksi, Jaka Sengara, wau kecalan lari. Kiya patih karsa atututlung sigra, ki Kaja wus
panggih, kalawan ki patya, moar malig wus ilang, malebeng sajroning wari, ing ggal matura, ki patih
mring sang aji, Sakahthae segaran tuwin balumbang, sumur kulah lan kali, kabeh den esata, lalaren
kang mring pura,miwah gendhong lawan kendhi, kothong na samya, sun cekele si maling. Kiya
patih sampun undhang-undhang wadya, sarupane kang warih, kinen ngesatana, ing sadalu punika,
sigra ing Ngesatan sami, sakehing toya, jakasengara aglis. Wus waspada enggene kang duratmaka,
manjing sengkang sang putri, wus katur sang nata, pan sampun linilanana, Jakasengara Mrak aglis,
aminta sengkang, sang putri sru anangis. Duratmaka wus medal sangking ing Sengkang,nulya
lumayu aglis, wus binujung sigra saparanti nunutan, sayah angucali warih, sat saayanya, puratan ana
warih.….(ke-hal.2)….

Serat kintunan saking Banyumas mawi tondha ama Sumarta, anyariyosaken kados ing ngandhap
punika
Ing salebetipun wulan Oktober ingkang sampun kapengker, wonten Banjir ing wanci sonten antawis
lebetipun namng 4 kaki sareng pukul 12 mindhak ageng banjiripun, kampung ing Pekundhen tuwin
saketeng jita ing Banyumas wonten lare estri umur 13 taun badhe kaimah-imahaken kaniyatanipun
sumedya ngili, katungka ageng sarta santering toya, lajeng kasangsara kasilep temahan apejah,
sareng pukul 4 enjing kadengagan para ahlinipun, sarta kauningan ing pulisi, wau jisim kasaenan
lajeng kakubur, punapa malih bawah Purwakerta, sareng sami sadalu kabanjiran ingkang katiwasan
2 brug lepen Logawa 1 utawi 2 plong ing tengah ical larut dhusun inglepen racut wonten griya kalih
panggenan damel awu, karebahan redi gamping, punapa dene sadhusun panuwupan bawah
Purwakerta, kakelem dening banjiripun lepen Tengulu, griya ingknag ngical keli kathahipun 27
kadhistrikan ing Jambu ugi bawah Purwakerta, sadaya griya ingkang karisakan sanget cacahipun 30
iji.

Manawi pareng karsanipun saudara tuwan Redhaktur, panjurung kula punika,mugi kapacaka ing
Koran Bramartani, kawedalna kemis ngajeng punika: Ing nalika dinten kemis wanci jam ½ 7 sonten,
ing ngrinakaken tanggal kaping 17 wulan ruwah taun Dal ongka 1799 Raden Tumenggung Sasra
sudira, tilar ing donya mantuk ing jaman kalanggengan jalaran gerah saliraniun sampun lami,
menggah layonipun kapetak wonten ngastana ing Tinawas, sampun yuswa 63 taun langkung 21
dinten.
Kaserat ing nagari Surakarta kaping 11 Nopember 1870,
Katandhan Raden Ngabei Sasraandaga.

Ingkang tabe kaurmatan aktahah-kathah, katur panjenenganipun tuwan F.L.Winter, redhaktur kabar
Bramartani ing Surakarta, Panuwun kula ingkang mugi serat kula punika kalebetna ing kabar
Bramartani. Inggal punika, ing nagari Bogor, wonten priyantun kakalih kadherekaken punakawan
kalih, sami sowan dhateng Raden Saleh. Punakawan kakalih punika, kula mirengaken anggeniun
sami wicantenan, bette nilar tembung kalih prakawis kadosta: KOmperen tuwin Krul awicantena
awon sae, inggih mawi dipun wastani Krul kalih KOmperen. Ing sadangunipun kula mirengaken
anggenipun sami wicantenan makaten wau, pakewed anggen kula nampani, dene kaawon sae, dipun
watani Krul utawi KOmperen. Kula lajeng apitaken makaten: mas kula nyuwun pitaken dhateng
sampeyan, angen sampeyan ngandika Krul, kalih KOmperen punika tegesipun kadospundi.
Wangsulanipun makaten, menawi sampeyan pitaken tegesipun Krul kalih KOmperen, kula
piyambak inggih dereng pirsa genahipun dene anggen kula wicantenan kakatenpunika, amung tiru-
tiru wicantenipun tiyang kathah kimawon. Samanten kula sakelangkung gumun sanget, dene
kawonten tiyang wicanten boten pirsa genanipun ingknag dipun wicantenaken. Ingkang punika,
sarehning kula sampun arambah-rambah maos serat Bramartani, amrangguli priyantun anyuwun
saserepan dhateng ingkang sisilih nami Kridhamardhawa, ugi sami angsal pitedah, ingkang
madhangaken manah dados kula kamipurun anyuwun pitedah dhateng Mardhawa, mugi aparinga
jarwanipun KOmperen, kalih Krul punika. Ingkang kaping kalih, kula nyuwun saserepan ingkang
dipun wastani Serat Weda, pnika ingkang dipun cariyosaken bab punapa. Ingkang kaping tiga, kula
dipun pitakeni sadherek bab babasan anak rabil utawi anak rayat, punika awitipun wonten babasan
makaten saking punapa, kula wangsuli sangking anak kalih sangking bojo, ingkang pitaken dhateng
kula dereng narimah, malah amestai lare alit dhateng kula ingkang kalih dene, awit taken
dudungipun Kantor sastra, 16 bab, kados ing ngandhap punika: 1, Sastrawilapa, 2, Thik, 3,
Pralampita, 4, Pralmpitana, 5, Tandragopita, 6 Gurat, 7, aka, 8, Papan, 9, Tapel, 10, Kittab, 11
Supatra, 12, rondhon, 13 paripih, 14, Dudusan, 15 Sakubuwana, 16 Prakawis. Ingknag sampun
kasebut nginggil wau, menggah paperanganipun ing ngetrap, wonten punapa, kadosta wilapa
punika: sastra tumrap wonten punapa makaten sapanunggilanipun, punika mugi kapapingana jarwa,
angsala sanget-sanget panuwun kula. Sinerat kampung Empang nagari Bogor kaping 8 Nopember
1870. Katandhan Kartasudama.

Awit saking panyuwun kula, dhumateng panjenenganipun tuwan F.L.Winter ing nagari Surakarta,
menawi kagalih pantes saseratan kula ing ngandhap punika, mugi kapacaka ing Bramartani.

Sangking dening cumandhak kula adreng badhe sumerep bab pranataning karsa dalem ing nagari
Ngayogyakarta, bab sih dalem maris kalengggahan ingkang dhateng putra santana dalem, utawi
dhateng para abdi dalem sasamenipun. Wondene panuwun kula saserapan wau, dhateng kadang
karuh kula ing nagari dalem Ngayogyakarta sadaya, sintea ingkang sumudi paring saserepan dhateng
panuwun kula wau, kados ing ngandhapp unika pratelanipun.

1, bab putranipun kakung, bendra pnageran Putra, nem sangking garwa Padmi, sepuh sangking
ampeyan, punika pundi ingkang wajib agentosi sasurudipun ingkang rama, sumaweona boten
kagungan puta kakung saking garwapadmi, kagungan sangking ampeyan, saupami wonten sih dalem
agentosi ing waris lengggah, punapa boten wonten kaotipun klayan waris putra ingkang sangking
padmi, mekaten malih sasamenipun para pangeran santana.

2, bab anak ipun jaler abdi dalem bupati wadana sasamenipun gadhah anak jaler sangking bojo,
namung bojo wau tiyang alit, nem ugi sangking bojo, namung bojo wau darah dalem punika pundi
ingkang wajib angentosi, mekaten malih sasamenipun.

3, bab abdi dalem bupati wadana sapengandhap gadhah anak jaler namung sangking selir, punika
menawi wonten karsa dalem kagentosaken tampenipun ing waris punapa boten wonten kaotipun
klayan anak ingkang sangking bojo wau, mekaten malih sasamenipun.

4, bab sumawona anakipun abdi dalem ingkang nate badlela ing ratunipun utawi ingkang boten
bulela, punika menawi wonten sih dalem paring pangkat kalenggahan sangking waris ig bapa,
punapa boten wonten kaotipun menggah isih dalem wau, sumawona dhawah ing paukuman. Sabab
sangking punika ki sanak saupam botena wonten kaotipun gek kados pundi ing ngatasipun
panjenengan dalem ratu wau wenang sanajan mekatena ugi. Ingkang punika boten na mung punapa,
panuwun kula dhumaeng kadang karuh kula ing nagari Ngayogyakarta sadaya wau, pundi ingkang
sumerep ingleresipun mugi aparinga pitedah katamtuwanipun wonten ing Bramartani, sakamantyan
pangesthining dalem manah, saha kasinggihan titi.
Sabab tanggal kaping 8 taun Dal Angkaning warsa 1799
Katandhan Kumasura.

Kawuningana para priyantun manawi serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 1, ing sapunika
sampun dados sarta satunggal regi 2 rupiyah langkung 50 sen, dene serat Babad ingkang ongka 2
pungkasanipun Jaka Tingkir jumeneng nata ing Pajang, antawis sawulan malih tumunten rampung
ing Mangecapipun. Para priyantun ingkang angarsakaken tumbas kaaturan kintun serat prangko
akanthi pos wessel dhumateng tuwan Purneman utawi tuwan F.L.Winter ing Surakarta

Kula tuwan Purneman angaturiuninga dhumateng para priyantuning ngari Ngayogyakarta, manawi
mas ngabei Atmajawirya ing Ngayogyakarta kla pitados anampeni yatra panumbasipun serat
Bramartanipun, pamalih para priyantun benjing salebetipun wulan Dhesember ngajeng punika
kenging pikantuk tumbas serat pananggalan taun 1871
Katandhan tuwan Purneman

Bank ing Surakarta


Para tiyang kenging tumbas arta jene Inggris, punapa malih agliyeraken serat Aseptasi lelang, ing
Surakarta, kaetang ing dalem sataun bayar persen 4 rupiyah, langkung 50 sen ing dalem satusipun,
dene manawi serat Aseptasi punika saking panggenan sanesipun pambayaring persen wau,
kaindhakaken ¼., ¾ dumugi 1 rupiyah.
Sanesing katrangan kenging pikantuk ing kantor Bank

Wonten satunggal sagawon jaler ical, turunan kang geru, tulesipun kuning, sukunipun pancal pethak
sakawan pisan, bututipun colok pethak sakedhik, kanamakaken pun Tiras, sinten ingkang sumerep
tuwin manggih sagawon punika, kaaturan amangsulaken utawi asukaha katrangan dhumateng tuwan
Purneman ingSurakarta

Tuwan E.C.T.vandhorep enko


Kang anandhani ing ngandhap punika, angaturi uninga, bilih anggenipun angecap serat jawi,
winastan Gondawredaya, anyariyosaken lalalampahan ringit tiyang, ing sapunika sampun rampung,
serat wau anggitan dalemkanjeng Sultan Amengkubuwana kaping 1 ingkang mangke kaewahan
kanjeng Sultan Amengkubuwana kaping V.

Ringgit tiyang punika namung ing karaton dalem ing Ngayogyakarta, ingkang wonten sarta titiyang
ingkang sami main, kedah 150 utawi 200 kathahipun.

Serat punika satunggal regi 8 rupiyah


Prangko medal ing pos 10 rupiyah bayar kenceng
Sakathahing serat sarta arta pangaosipun serat wau, inggih mesthi kakintunaken prangko
Katandhan Tuwan E.C.T.Vandhorep

Tuwan G.C.T.Vandhorep enko ing Samarang, mesta Srampung angecap serat Tugu, anyariyoaken
lalampahanipun kaki Bandhang saputranipun sakawan, ngantos dumugi Jumenengipun Pandhati ing
nagari Sarubrana, kadamel denign tuwan A.B.Karli, menggah satunggaling serat regi 1 rupiyah 50
sen.

Para priyantun ingkang karsa tumbas, kaaturan kintun serat prangko dhumateng tuwan Vandhorep
wau.Kula

Kula Tuwan Sir Lo Ba To enko, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni barang warni-warni:
klambu, kurungan peksi, wadhah eis, dolanan rare, lisah wangi warni-warni, ulam Ham mertega
semen poretan paku, timah, tuwin inuman warni-warni, punapa malih ulam blek utawi sayuran eca-
eca. Katandhan tuwanSir Lo Ba To enko.

Sarehning kula badhe inggal pindhah dhateng nagari Surakarta, mongka boten saged wraddin
anggen kula kapanggiyan pamit kaliyan para mitra kula ingkang sami dedaleming sak lebetipun
kraton dalem Ngayogyakarta mila ing sak punika, kula alelantaran serat Bramartani, panuwun kula
mugi sami ginanjara wilujeng sak panginggilipun
Ngayogyakarta katandhan C.F.Philip

Tuwan Purneman mentas anampeni barang warni-warni, kados kapratelakaken ing ngandhap punika.
Buk pirantos wadhah cathetan,mawi kothakan sarta kunci
Buk pirantos arta wangkertas mawi kothakan sarta konci
Buk pirantos panyeratan kangge kakesahan
Buk Notisi sae-sae, sarta warni-warni
Jidharan tembagi, pasagi tuwin gepeng, mawi tapel tembagi
Wadhah mangsi warni-warni, ageng tuwin alit damelan Inggris
Mangsi pancen kangge anerngeri barang utawi sanesipun
Gambaran kangge dolanan lare
Buk a,b,c, tuwin sanesipun ingkang sakalangkung prayogi kadamel mulang dhateng rarre.
Lei, Kangge mulang anggambar
Buk notisi kangge para tuwan ingkang maosi siti dhusun utawi para tuwan Opsinder
Buk gambar an warni-warni
Kertas warni-warni lak kalam utawi sanesipun pirantos panyeratan.
Barang punika sadaya mirah reginipun menggah sanesing barang kekathahen bilih kapratelakna
sadaya.

Tuwan C.F.winter ing Surakarta, kaliyan tuwan Wit ing dhusun Lawang sami sade kopi kawadhahan
ing karungan isi 12 ½ katos, reginipun kabayar kenceng kados ngandhap punika.
Kopi nomer 1 regi 3 rupiyah 75 sen
Kopi nomer 2 regi 3 rupiyah
Kopi nomer 3 regi 2 rupiyah 75 sen
Kopi nomer 4 regi 2 rupiuyah 50 sen
Kopi nomer 5 regi 1 rupiyah 75 sen

Para pangageng ingkang sampun kakintunan buk pranatan pangagemanipun pameran para priyantun
ing tanah gupermen saha ingkang dereng ambayar pangaosipun buk wau, sami kaaturan angintuni
arta pambayar dhumateng tuwan C.F.Winter, ing Surakarta.

Kauningana priyantun manawi pangecapipun Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 1 ing
sapunika sampun rampung, saha para priyantun kenging pikantuk tumbas saking tuwan Purneman
tuwin tuwan F.L.Winter, ing Surakarta. Kadosta:
Serat babad Pajajaran regi 2 rupiyah 50 sen
Pasamuwan taun Baru regi 2 rupiyah 50sen
Wirasatipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulangipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulang olah-olah regi 1 rupiyah 75 sen
Serat katurongga kapal regi 3 rupiyah, 50 sen
Pra priyantun ingang ngersakaken tumbas sami kaaturan angintuni serat pos wesel sarta sakathahing
serat tedah kakintunaken prangko sadaya.
Ongka 48, Kemis kaping 24 Nopember 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun ing ngatasing para amtenar Walandi tuwin para priyantun Jawi.

Tuwan T. Ebaling, Kumis Dherdheklas ing Kantor Rekenkamer, kaundur saking pandamelanipun
awit saking panuwunipun piyambak
Tuwan Y. P. Sinek kumis ing ngatasing pamudhuning beya ing Samarang, kaparingan wahel.
Tuwan W. L. H. A. Arlop Kontelir, Irsteklas kapatah angrangkep pandamelanipun Beiten ing
Wungripir Landrad ing Demak.
Tuwan Udared kakulawisudha dados Ilep Onderwesiser, ireteklas ing Batawi
Tuwan Sepper kakulawisudha dados Ilep Onderwesiser, ireteklas ing Pasuruwan
Tuwan Uh kakulawisudha dados Ilep Onderwesiser, ireteklas ing batawi
Tuwan Supdhelaba kakulawisudha dados Ilep Onderwesiser, ing Padhang
Tuwan Bos kakulawisudha dados Ilep Onderwesiser ing Batawi
Tuwan Klerek Kurselyes kakulawisudha dados Ilep Onderwesiser, ing Surabaya
Tuwan Sreikeres kakulawisudha dados Ilep Onderwesiser, ing Menterkornelis
Tuwan Baker kakulawisudha dados Ilep Onderwesiser, ing Cerbon
Tuwan van aken kakulawisudha dados Ilep Amtenar Terbeskikeng.
Tuwan Panberhen sipir (punika tukang angreksa kunjara) ing Martapura, kaparingan pamit kesah
dhateng nagari Walandi, awit saking sakit.
Tuwan Van Eke, Pak asmister Kopi ing Bayalali kaparingan Pansiyun
Tuwan Buiye, kakulawisudha dados Asisten Residhen ing Lingga
Tuwan Dhehir 2 tuwan Lihput, 3 tuwan netsehir, sami kakulawisudha dados Kontelir Irteklas
Tuwan allewein 2 tuwan Vanbureh, 3 tuwan Mister sami kakulawisudha dados Kontelir
Twedheklas.

Ing ngatasing para priyantun Jawi:

TEGAL
Mas Suradiwirya, Boswater, (ingggih punika priyantun ingkang angreksa wana ing Margasari,
Bumiayu, sampun ngajal, ingkang kakulawisudha angentosi Mas Ranadiwirya, mawi kaparingan
balonja 15 rupiyah sawulan
Raden marpangat, 2 Mas Reksadirja, sami kakulawisudha dados Juruseratipun tuwan H.Otvanter,
(punika priyantun ingkang darbe wengkon wana) ing Tegal.

REMBANG
Raden Ngabei Natawijaya, Manri wates ing dhistrik Tinawon Afdheling Bajanagara, kakulawisudha
dados Manri Aris ing dhistrik Binangun bawah Rembang……ke hal 2
=========================================

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

Nalika tanggal kaping 13 September taun punika, wonten mariyem mitralyo ingkang sampun kacobi,
mariyem mitralyo punika, mawi stomasine, karosanipun anyameni kapal satunggal inggih punika
pirantos pambucaling mimis mila mariyem mitrelyo ingkang makaten wau, tanpa kaisenan sendawa,
sarta boten mungel tosan wuluh mariyem boten saged panas tuwin sadinten muput kenging kaangge
boten kendel kendel sanesing mariyem mitrelyo, ingkang mawi setomsine, karosanipun saenggga
kapal tiga, saged amedalaken mimis 200 iji,ing sarambahan mariyem wau boten mawi kaisenan
mimis marambah-rambah, amargi mimisipun kalebetaken ing kothakan ing saestunipun mimis mikil
saking sawabing setomasine, dereng antawis lami gambar ing mariyem punika, kapriksanan jendral
ing Pangkrik ajujuluk Trosi, ingkang tumunten adhadhawah anamakaen mariyem wau sarta
kayektosanipun pinanggih sakalangkung prayogi, menggah kenceng tuwin lampahing mimis sami
kaliyan miis ing sanjata sasepo.

Anjawi mariyem punika para pandhe ing nagari Pangkrik sami angunjuki uninga, dhumateng
ingkang ngasta paprentahan ing nagari, bilih sami sagah ing dalem 10 dinten adamel mariyem
mitrelyo kathahipun 1000 iji, ingkang sae tuwin mimisipun ingkng taksih kenceng lampahipun ing
dalem 2500 elo.

Awit cariyosipun sawijining upsir Pangkrik nalika perang ageng ingkitha Sedhan wiwit andumugi
wekasan boten wonten sanesing jendral titindhihipun wadyabala Pangkrik ingkang tingal namung
Marsekal Makmahon tuwin Jendral Wolep ingkang boten miket sajangkah wonten ing ngrana, ing
dalem 4 dinten boten pikantuk dhedhaharan wotnen sawijining tiyang anyuwun katrangan dhumateng
marsekalek Makmahon menggah aturipun wau tiyangmekaten punapa ing pakabaranipun komandhan
wangsulanipun Marsekalk Makmahon kabaring perang durung ana, kajaba mung aku ora amangan
kongsi ing dalem 3 dina, tiyang wau angraos welas lajeng angaturi roti sairis.

Wonten satunggiling tiyang estri, ing kitha Berlin bawah Dhitslan sampun anglampahi imah-imah
rambah kaping 3 ingkang jaler sadaya ami pejah wontening paprangan ingkang rumiyin anggenipun
imah-imah kala ing taun 1864 nalika taun 1864 pejah wonten ing paprangan ing Dhuwel antawis 1
taunimah-imah malih, ugi lajeng pejah ing perang wonten Sadhowa kala ing taun 1866 menggah
ingkang jaler wekasan pejahipun wonten paprangan ing sapunika wonten Besongpil bawah Pangkrik
mila andadosaken ing Pangajeng-ajeng bilih perang ing Pangkrik sampun saged lereb wontena
rurukunan ingkang andadosaken sakalangkung dening tentrem, sarta tiyagn estri wau manawi saged
lalampahan simah kaping sakawan lulusa ing panginggil.
Ing kitha nangsi bawah Pangkrik wonten sawatawis tiyang estri aglampahi dosa raja pejah amargi
wonten prajurit Prislan, 5 sami kataton kapulasara ing satunggiling griya, ingkagn jagi wanci dalu
kesahan, sareng wangsul wanci jam 1 dalu, sumerep panggenanipun tiyang ingkang tatu, kebeg
awani kelendham (ing tembung Walandi winastan Kolendham inggih punika ambet ingkang
bangendemi) salajengipun amriksani tiyang ingkang ketaton sami anggaloso sangajengipun konten
ingkang sanget dipun kaniaya, mrajurit ingang 2 sami tatu sukunipun punika pejah dipun tangsuli
gulunipun, ingkang satunggal malih kataton gulunipun, punika dipun plathok sigar sirahipun ignkang
2 sanesipun kinaniyaya dipun suduki kalayan ladingan tosan pejah sadaya, Sareng kamar
panggenaning tiyang kataton wau, kapriksanan wonten sawijining nonah, kapanggih mendem
wontening ngriku, sareng sampun emut kadangu, sarta kagiri-giri badhe kaanjata, bilih piyambakipun
boten amratelakaken prakawis wau ingkang sayektos, nonah lajeng anyariyosaken manawi tiyang
estri 8 ingkang gadhah praingkah anganiyaya amejahi prajurit wau, inggih punika Nyonyah ingkang
darbe griya, satunggil dalah saanakipun kalih pisan tuwin kanthi sanesipun tiyang estri 5, ingkang
sami males ukum mekaten, ingkang sakawit prajurit wau sami dipun endemi dening Kolendham
salajengipun sami dipun pejahi, ing mangke para nyonyahg ingakng anglampahi dosa raja pejah,
sami kapatrapan paukuman gantung.

CAREBON
Wonten satunggiling tiyang bongsa Pranes taksih nem pikantuk pitulunganipun Kongsul ageng (ing
ngatasing dadatangan) inggih punika priyantun ingkang dados pitadosipun paprentahan) ing nagari
Pangkrik ingkang jumeneng wonten ing Betawi, tiyang nem wau, kalilan mantuk dhateng ing nagari
Pangkrik sumedya badhe anglabuhi sadherekipun 6 ingkang sami paprangan wonten ing ngriku.

MENADHU
Kanjeng tuwan Residhen ing Menadu, sampun anampeni serat palapuranipun raja Tagulandhang
(Pulasangi) ingkang suraosipun nalika tanggal kaping 24 Agustus ingkang sampun kapengker, ing
Puluruwan utawi Puwang , wonten redi Latu ambaledhos sarta mijil ladhu sakalangkung kathah,
ingkang angrisakaken kitri wit kalapa 23000 iji, punapa dene tataneman ing sanesipun tuwin griya
ingkang rebah kaurugan ladhu 40 kewan ingkang pejah namung babi 200 menda 250 katuju unipun
para tiyang ing ngriku tumunten sami angusi dhateng ing sapurug-purug ingkang awit medal ing
ladhu saking kawah ng redi wau, saengga badhe angurugi ing sadalem dunya, dangunipun sadinten
sedalu.
=======================================================

Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran

Kasayahen wau ki maling aguna, majing kendhiting putri, aneng pasareyan, kewran Jakasengara,
arembag lawan ni patih, angumpulena, sakeh dandanan estri. Bethut kisi jontra kalawan likasan.
Sinep lapena sami, saluhuring lanang, lan luhur pasareyan, saksana para westri, kinen tumandang,
anyelapena sami. Wus kawratan daleme dyah kaselapan, bebethut laan ni si, tanapi likasan, aneng
luhur papreman, dyan sukma lengkara nenggih sampun nongkulan, bebethut lawan kisi. Duratmaka
wus ilang kasektenira, pan dadya bauya putih, aneng pasaeyan, kagyat retna juwita, yen kang raka
malih warni, sigra lumajar, sarwi atawan tangis. Dyan sumungkem ing padanira kang rama, lara lara
anangis, kang ibu tumulya, anglut milu karuna, sasambate melas asih, amegap-megap, prameswarilan
siwi. Sang dipati Pengging langkung dukanira, tanetang putra siji, arsa pinejahan, dene akarya
wirang, gawe letuh ing nagari, dhuh-adhuh iya, tan kaya anak mami, Dangu dangu lilih dukane sang
nata, enget putra satunggal, tanana tunggilnya, mla dinama dama, mangke karya wirang isin,
ciptaning driya, wus karsaninghyang widhi. Baya putih wus kinen ngrampog ing kathah, sigra
punggawa mantri, samya manjing pura, lawan sawadyanir, angagem tumbak lan bedhil, prajurit
sigra, tumandang angbyuki. Tinumbakan tibane datan tumama, mung wirangira keksi, sira bajul
pethak, wus medal binedhilan, akudhung kampuh ireki, jingga prinrada, saparan den bedhili. Kang
kamargan samya anglut milya ngoyak, anumbak ambedhili, tananatumama, bajul tan nedya bongga,
saking wirange tan sipi, mulati jalma, lamoahira wus prapti. Ambyur Kedhung Srengenge sang bajul
pethak, umyung swarning tangis, sadhasar toya, ombaknya kedhung molah, wus mundur wadya ing
Pengging, kang kawarnaha, sang adipati Pengging. Tinetepan janji lan Jaka Sengara, wus tinrimanan
putri ginajar sasigar, Pengging nama dipatya, saklangkung asih ireki, ginadhang gadhang,
gumantinagri Pengging, Pansinigeg gentiya ingkang kocapa, putra ing Majapait, kang tapaneng
pilang, kalih atmajanira, pambajeng jalu kang nami, ki Pregiwongsa, marang ing Demak ngabdi.
Wuragile estri sampun palakrama, pagedhongan kang siwi, ki buyut paparab, wisma pinggir
bengawan, dhekahe kawuryan kkeksi, alul atapa, nglampahken gamasuci. Gantya malih Dayaningrat
Pengging seda, kang mantu anggenteni, adipati mayang, nama andayaningrat, sumiweng Demak
nagari, pan saben warsa, ngaturken bulubekti. Lama-lama Andayaningrat puputra, samya jalu
kakalih, kang sepuh angaran dyan Kebokanigara, arine bagus repati, ngelmine limpat, Kebokenonga
nami. Putra kalih pan samya benceng karsanya dene ingkang ngagami, Kebokanigara, ngurebi
ngelmu buda, Kebokenanga ngantepi, agami islam, mantep agama suci. Kebokanigara wus kesah
martapa, aneng Rebabu ardi, nenggih ing pantaran, dipatyeng Pengging kocap, andaya ningrat wus
lalis, sasedaniri, putranira gumanti. Raden Kebokenonga kangangsal wenang, saking Demak nagari,
mantep agamanya, angsal keblatingsuksma, anututa biyating nabi, sawadyanira, jalma ing Pengging,
sami. Wadyabala samya ajrih asih sadaya, tan asuwaleng kapti, saking arjanira, ing Pengging duk
semana, beranah kang kebo sami, aglar pangonan, kadya sinom pengrawit.
Nadyan kathah pradipatya, tan wotnen kadya ing Pengging, paparentah ing ngamonca, nagari kareh
ing Pengging, sangsay alami-lami, kiyageng Pengging kramantuk, saking betah wanodya, warnane
ayu repati, langkung atut denira apalakrama. Kiyageng Kebokenonga, ngelmune kang den sungkemi,
wuwuruke she Lemahbang, sareng lan kiyageng Tingkir, maguru Seh Siti brit, anggepe samya
arukun, lir tunggil yayahrena, rujuking tyas golong ikir, sakaliyan tanana rasa rumasa. Lair batinira
tresna, ing ngawal tumekeng ngakir, seneng pareng saduluran, datan salaya ingkapti, dhasar gurune
nunggil, sasarengan genya mangsuk, mring pangran Sitijenar mila sungkemira sami, tan sumelanging
dunya prapteng ngakerat. Padhukuhan ngardi purwa, dhepoke kiyageng Tingkir, kiyageng
kalangkung ekas, ngibadahe rinawengi, tapa mateni ragi, tan pangangge ngrasani iku, kanugrahan
kamulyan, sokur rena mring hyang Widhi, panekunge tan ana sumelangira. Kuneng ingkang
winarsita, jeng sultan Bintara aji. Sampun amiyarsa warta, solehe kiyageng Pengging, sultanwaspa
deng gaib, sakarsane Pengging iku, kacakup marang sultan, ratu agung prasasat wali, graitane
ngenggani ing Pengging benjang. Mring nata gya tinimbalan, mantri kakalih tinuding, kang
kinonembah saksana, wus mesat mantri kakalih, sawadyanira ngiri, datan kawarna ing ngenu,
lampahe murang marga, kapungkur Demak nagari, gagancangan siyang dalu pan lumampah. Datan
kaarna ing marga, duta wus prapta ing Pengging, wus wudhuk ponang caraka, kalaan kiyageng
Pengging, caraka matur raris, uluning ngutus sangprabu, andika tinimbalan, dhatenging Demak
nagari, kairida sareng salampah kawula. Kiyageng Pengging lingira, wong punapa awak mami,
tinimbalan mring sang nata, pelag punapa wong santri, nganlikaning narpati, mongsa wruh
abasanipun, eh caraka ing Demak, matura marang sang aji, sakalangkung nuwun duka para marta.
Wus mundur caraka Demak, tan antuk denya nimbali, wau ta ingkang winarna, Pengging kyai ageng
Tingkir, sampun miyarsa warti, yen kang rayi Penging iku, tinimbalan mring Demak kiyageng
Tingkir mring Pengging, sampun panggih lawan kiyageng Kenonga.

Punika candhakipun cariyos perang

Ingkang cariyos wadyabala Pangkrik ingkang panggen sisih wetan katitih perangipun sarta mundur
dumugi ing Besangkon tuwan Tirking kang jumeneng Presidhen ing Pnagkrik tindakan saking kitha
Tul dhateng kadhaton Paris salajengipun dhateng kitha Perselye, punapa malih paprentahan
gupremen nagari Pangkrik boten pisan anggalih lerebing perang, ingkang mawi prajangjeyan bilih
siti Pangkrik kaelong. Kitha Met sampun kaesrahaken tan mawi prajangjeyan arurukunan para tiyang
ing ngriku kathahipun 173,000 mariyem 2000 tuwin arta, 40 yuta prang kapicondhang ing mengsah,
para tiyang wau boten narimah sarta nepsu sanget, punapa dening wadya bala ing sekawit boten
purun angesrahaken dadamel marsekak Basini ingkang ngasta panguwasa kitha Met pindhah dhateng
kitha Wellemsoh, bawah Dhitslan anitih kareta wonten ing margi Marsekalek basini wau, kaawon-
awon ing ngakathah sarta karetanipun kasikara, bab kitha met kaesrahaken ing mengsah, paprenthan
gupremen ing Pangkrik sampu ambuwarakaken anggalih manawi marsekalek Basini, ingkang
angloropaken. Wadyabala Prislan kathahipun 6000 umagut dhateng kitha Longwi, badhe angepang
ing ngriku, serat pakabaran saking kitha Berlin bawah Dhitslan anyariyosaken manawi
pamanggihipun awit pagunan militer, kitha Met sampun ngantos karisak, supados kengina
kaanggenan wadyabala Prislan arumeksa tapel wawesing nagari dhitslan. Ing panggenan winastan
Asmiyen ing Ruwan ing Bluwa, tuwining Buseni, wonten perang icir, ing Gapilet ugi kamirengan
ungeling meriyem tuwin sanjata ingkang gumerah, celak kaliyan kitha Besakon ugi paperangan
wadyabala Prislan kalindhih sarta lajeng mundur, ingkang pejah kathahipun 1200 ingkang sami
lumajeng dhateng tanah Suwitserlan kathahipun 300 lajeng kadhawahan aseleh dadamel. Kanjeng
raja Prislan sampun angarsakaken angulawisudha, kanjeng pangeran Adipati Anom tuwin kanjeng
Pangeran Frederik Karel sami kadadosaken marsekalek Jendral Prislan ajujuluk yen Moletke,
kaangkat dados Graf punapa dene kanjeng raja Ruslan, aganjar Bintang Militer ingkang inggil
piyambak, winastan Ceyorseodhe, dhumateng Jendral Ponmoletke wau. Wadyabala pangkrik anepuh
pangajenging wadyabala Prislan wonten panggenan winastan Sindhini kalampahan wadyabala
Prislan gigang saking pacak pabarisanipun ananging ing wekasan wadyabala Pangkrik katitih upsir
30 tuwin prajurit 1200 sami kapracondhang anjawi sakingpunika wadyabala Prislan tuwin wdyabala
pangkrik kathahingkang sami pejah.

Ngayugyakarta, kaping 26 Oktober 1870


Ing ngriku winayang nglingira, dyan kusuma lalita, kang tumrap, ongka 41, bab panimbrung kula,
dhateng raden Malunasuka, kang boten sumeja punapa punapa. Kusumalalita, api boten genya jawab
dhateng kula, amung mempeng ing batos, tondha jandika aken mertelakaken satunggaling priyantun
ingkang sampun kanyina, ing lepatipun wangsul kusuma lalita, aken makaten wau pamrihipun
punapa. Ewa semanten kula sumonga yen ing jengandika kersa mratelakaken piyambak, srana
ingkang boten mawi ongkosing kemanten.
Katandhan Jayasena

Pratingkah Utami
Antawis wulan punika, wonten satunggiling pangobeng wasta Trunasuwarna, ingang jaler dados
kusiripun Raden Mas Riya a, priyagung santana ing M, ing Surakarta, pangobeng wau anggenipun
kesah tanpa pamit kaupadosan boten pinanggih, giryanipun prenah salebeting capuri bawah Raden
mas Riya wau, antawis gangsal dinten, wontenutusanipun Raden Mas Riya, asuka uninga dhateng
Nyonyah L, ingkang darbe pangobeng bilih kusiripun ing sapunika sampun pegatan, sarta boten
purun anyumerepi, dhateng ingkang estri, sabab sampun minggat saking griyanipun, lo, punika
ingkang anggawoaken, dene raden Mas Riya kaprelon mawi asuka sumerep ingkang mekaten, ing
ngatasipun prakawising kusiripun, punapaha pun kusir boten kadhawahan amsrahaken bojonipun
dhateng nyonyah L awit ingkang wau sampun gadhah sir badhe pegatan, sarehning pangobeng
nandhang sambutan mawi katanggel ingang jaler, mila nyonyah animbali kusir, kalampahan dhateng
kairid dening kaum.
Pandangon, endi I bojomu

Kusir amangsuli, kula sampun pegatan sarta bojo ku sampun kesah boten sumerep purugipun
Pandangon, kapan enggon mu papegatan
Kusir amangsuli, caweg gangsal dinten punika
Padangon, sababe apa ora kopasarahake marene
Kusir amangsuli, nalika kula pegatan bojo kula boten wonten
Pandangon, apa wis lumrah kena pegatan ingkang kaya mangkono, tanpa ana bojone
Kaum amangsuli, kula punika tiyang alit dremi anglampahi ing sadhawahipun bendara.
================================================================

Prakawis punika sampun katur parentah ing M menggah ingkang dados dhawahing karampungan
kusir wajib bayar sambutanipun ingkang estri, anincil 2 rupiyah ing dalems awulan,punika pantes
sarta mayar kemawon, ananging dereng kalampahan nicil, pangobeng sampun mantun griyanipun
ingkang jaler, amargi panuwunipun nyonyah L, pangobeng kacepeng lajeng kairid ing ngarsanipun
raden tumenggung Dj, sareng kadangu aturipun angakeni kesah dipun ken ing knag jaler, sareng
sampun rampung prakawisipun lajeng mantuk kalih. Prakawis ing nginggil punika, ing mangke
sampun karampungan, pangobeng kapatrapan ukum krakal, 2 wulan, punika sakalangkung prayogi,
awit anggenipun minggat, kaum pikantuk paukuman kakunjara 8 dinten, punka pantes, ing ngatasing
prakawis pagegatan ingkang boten limrah, sarta anerak pranatan ing nagari, wondene kusir eman
temen boten kenging ing paukuman awit ingkang damel prakawis angumpetaken tuwin ngrojongi
inggatipun ingkang estri, ingkang mongka dados buburon ing nagari.

Serat saha ingkang tabe kaurmatan akathah-kathah, saking Sajaya, ing nagari batawi, ingkang sayogi
katur panjenenganipun tuwan F.L.Winter, Redhaktur kabar Bramartani ing nagari Surakarta diingrat.
Ri sampuning kadya sapunika, wiyosipun, kula angaturi panjurung isenipun kabar Bramartani,
angiras wangsalan dhateng mitra kula Trusthasastra. Kula sampun amirtsani, panjurung sampeyan
serat wangsalan ingkang kawrat wonten kabar Bramartani, ongka 42. Ingkang punika, asanget-sanget
panuwun kula dhateng ing sampeyan, dene mitra kula sampun adamel suka bingahipun ing manah
kula. Ingkang kaping kalih, andadosna kawuningan sampeyan, bab anggen kula remen dhateng
wangsalan punika, saking bodho balilu kula dhateng kasusastran utawi tembung, anaming kedah
uninga ing semu, kawujudanipun wawarnen utawi nami, ingkang kenging kadamel andhe sanepa,
dados sakin gpengangkah kula, samongsa kula maos serat wangsalankalih manah anggathuk-
gathukaken punapa ingkang kasebut ing wangsalan wau sadaya, ananing saking sangetipun ceguk
balilu kula, inggih asring dangu pinanggihipun, malah asring wonten ingkang boten saged
anggathukaken pakangsalipun saking punapa punapa, punapa dene menawi mawi tembung kawi,
kula lboten mangertos babar pindhah, kados ta ingkang basebut makaten:
Kawi semi, palwa karoban wawratan
Dipun mantep, sarate ngupaya guna,
Ingkang punika bab kawi semi wau, kula nyuwun saserepan ing sampeyan, ingkang mungel
kawisemi punika dados pakangsal saking punapa, asanget sanget ingpanuwun kula, dene palwa
karoban wawratan, menawi boten kalintu kula pakangsalaken kasaratan, 2 bab ingkang mungel
wanagung, caket gedhangkrang, punika kula nyuwun mugi katerangna, dados pakangsalan saking
punapa, amargi badhe kula pakangsalaken saking kaduwang, kirang sakecanipun.
Sinerat batawi kaping 21 Oktober taun 1870
Katandhan Sajaya.

Kula Nyonyah Tressel agagriya iing kampung Limalasan (Surakarta) sampun kaiden ing Kanjeng
Gupremen anglampahi pandamelanipun dhokter estri wonten ing nagari Surakarta, mila kula
kamipurun angaturi uninga, manawi kula kadugi anulungi tiyang rencang lare, mawi ajajampi cara
walandi utawi sanesipun ingkang sampun kalimrah ing nagari jawi, punapa malih kula sagah
anuweni tuwin amulasara tiyang ingkang darbe lare sabayinipun ing saben dinten laminipun 20
utawi dumugi 40 dinten ing sakarsanipun.
Katandhan Nyonyah Tressel

Kawuningana para priyantun manawi serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 1, ing sapunika
sampun dados sarta satunggal regi 2 rupiyah langkung 50 sen, dene serat Babad ingkang ongka 2
pungkasanipun Jaka Tingkir jumeneng nata ing Pajang, antawis sawulan malih tumunten rampung
ing Mangecapipun. Para priyantun ingkang angarsakaken tumbas kaaturan kintun serat prangko
akanthi poswessel dhumateng tuwan Purneman utawi tuwan F. L. Winter ing Surakarta

Kula tuwan Purneman angaturi uninga dhumateng para priyantun ing nagari Ngayogyakarta, manawi
mas ngabei Atmajawirya ing Ngayogyakarta kala pitados anampeni yatra panumbasipun serat
Bramartanipun, pamalih para priyantun benjing salebetipun wulan Dhesember ngajeng punika
kenging pikantuk tumbas serat pananggalan taun 1871
Katandhan tuwan Purneman

Tuwan Purneman mentas anampeni barang warni-warni, kados kapratelakaken ing ngandhap punika.
Buk pirantos wadhah cathetan,mawi kothakan sarta kunci
Buk pirantos arta wangkertas mawi kothakan sarta konci
Buk pirantos panyeratan kangge kakesahan
Buk Notisi sae-sae, sarta warni-warni
Jidharan tembagi, pasagi tuwin gepeng, mawi tapel tembagi
Wadhah mangsi warni-warni, ageng tuwin alit damelan Inggris
Mangsi pancen kangge anerngeri barang utawi sanesipun
Gambaran kangge dolanan rare
Buk a,b,c, tuwin sanesipun ingkang sakalangkung prayogi kadamel mulang dhateng lare.
Lei, Kangge mulang anggambar
Buk notisi kangge para tuwan ingkang maosi siti dhusun utawi para tuwan Opsinder
Buk gambar an warni-warni
Kertas warni-warni lak kalam utawi sanesipun pirantos panyeratan.
Barang punika sadaya mirah reginipun menggah sanesing barang kekathahen bilih kapratelakna
sadaya.

Kantor Bank ing Surakarta


Para tiyang kenging tumbas arta jene Inggris, punapa malih agliyeraken serat Aseptasi lelang, ing
Surakarta, kaetang ing dalem sataun bayar persen 4 rupiyah, langkung 50 sen ing dalem satusipun,
dene manawi serat Aseptasi punika saking panggenan sanesipun pambayaring persen wau,
kaindhakaken ¼., ¾ dumugi 1 rupiyah.
Sanesing katrangan kenging pikantuk ing kantor Bank

Kula Tuwan Sir Lo Ba To enko, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni barang warni-warni:
klambu, kurungan peksi, wadhah eis, dolanan rare,lisah wangi warni-warni,ulam Ham mertega
semen poretan paku, timah, tuwin inuman warni-warni, punapa malih ulam blek utawi sayuran eca-
eca.
Katandhan tuwan Sir Lo Ba To enko.
===============================================

Kauningana priyantun manawi pangecapipun Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 1 ing
sapunika sampun rampung, saha para priyantun kenging pikantuk tumbas saking tuwan Purneman
tuwin tuwan F. L. Winter, ing Surakarta. Sakathahing serat kasebut ing ngandhap punika, bayar
kenceng, kadosta:
Serat babad Pajajaran regi 2 rupiyah 50 sen
Pasamuwan taun Baru regi 2 rupiyah 50sen
Wirasatipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulangipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulang olah-olah regi 1 rupiyah 75 sen
Serat katurongga kapal regi 3 rupiyah, 50 sen
Para priyantun ingkang ngersakaken tumbas sami kaaturan angintuni serat pos wesel sarta
sakathahing serat tedah kakintunaken prangko sadaya.
Ongka 49, Kemis kaping 1 Dhesember 1870

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

Tiyang Cina awasta Lau Sen Cong umur 32 taun agagriya ing Tanjungan (Bekasi) kasangsaran
katubruk sima salebeting wana, menggah cariyosipun kados ing ngandhap punika, Ing wanci enjing
wonten tiyang jawi kalih, kekesahan dateng wana Tanjungan sumedya mendhet panjalin, Lau Se
Cong adreng anggenipun badhe tumut, sanadyan tiyang sepuhipun boten suka, sareng mugi ing
wawa, tiyang Jawi kakalih wau samilumebet satengahing wana panggenanipun panjalin lau Se Cong
kaajak boten urun kantun wonten sapinggiring wana kemawon sarta amecok panjalin antawis angsal
kalih utawi tigang lonjor, tiyang kalih wau dereng dumugi lampahipun sami mireng swaraning sima,
sareng wangsul dumugi pinggiring wana, Lau Se Cong sampun boten wonten sareng kaupadosan
pinanggih sampun pejah, jisim lajeng kabekta mantuk dhateng ing griyanipun, ing wanci dalu
sanajan kathah ingkang ngeleki, sima wau anglinteri sajawining griyanipun sakathahing tiyang
ingkang wonten ing ngriku, sami ajrih tilem anglampahi rondha, supados sima wau sampun ngantos
lumebet griya, enjingipun mayid kakubur, dene ingakng anggawokaken sima wau asring taksih
dhateng ing ngriku saben dalu tuwin tilem wonten sanginggiling pakuburan.

Ingkang kasebut ing serat kancinganipun sri maharaja, ing nagari Nederlan katiten tanggal kaping 23
wulan Mei, taun 1870 ongka 33 tiyang Jawi anama Radin panggaotanipun dados Matrus baita kapal
latu winastan jambi, kagungan dalem Kanjeng Raja ing Nederlan punika ginanjar medhali prunggu,
sarta akanthi serat pangalembana, katrimah anggenipun anulungi wlandi awasta B.L.C.Marsan
dados masinis baita kapal wau, kacegur ing laut Plabuhan Surabaya, nalika tanggal kaping 11
Pebruwari taun punika.

Nalika tanggal kaping 5 wulan Nopember ingkang mentas kapengker, ing wanci jam 7 enjing
kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur Jendral saputranipun anitih baita kapal latu, kanaman
Ciliwung, tindak dhaten gbaita kapal Inggris winastan Iberniyah, Kanjeng Tuwan ingkang
wicaksana guprenur Jendral kadherekaken para ajudan, jendral W.E.Krussen Jendral Laut J.Andre
tuwan Pise Presidhen (Vice Presiden) tuwin pata Lidingrat indiya Nederlan, pata tuwan
pangagenging kantor paprentahan Vice Konsul Inggris pata tuwan prsidhen ing ngatasing
dadagangan Taberen sapanunggilanipun, tuwin para tuwan sanesipun. Kanjeng Tuwan Ingkang
wicaksana guprenur Jendral anggenipun tindakan dhateng Lot kaaturan amriksani baita kapal Inggris
ingkang winastan Iberniyah wau salajengipun abojana wonten ing ngriku. Baita kapal Ciliwung wau
rinengga sakalangkung endah, tindakipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana Guprenur Jendral
dumugi sacelaking beteng sapinggiring laut lajeng kaurmatan ungeling mariyem ing plabuhan
sakalangkung adi kapriksanan dene sakathahing baita kapal kang wonten ing ngriul, sami asung
urmat amanjar bandera, pjapa malih ing baita kapal perang ugi ngurmati sareng dumugi celakipun
baita kapal Inggris Iberniyah wau, tedhakipun kanjeng tuwan ingkang wicakasna guprenur jendral
kaurmatan ungeling musikan. Sasampunipun tata lenggah pakurmatan kanjeng tuwan ingkang
wicaksana Guprenur Jendral tuwin para tuwan sanesipun sami amriksani rarengganing baita kapal
wau sarta kawat telegrap ingkang badhe kapasang saking Betawi dhateng Singapura, para tuwan
insinyir kompanyi Inggris sami anyariyosaken pamaangipun kawat wau. Sareng sampun
dhadhaharan kasudhiyakaken mawi tengara bilih kaaturan bojana, sadangunipun dhahar sami
angunjuk sepanye, sarta kanjegn tuwan ingkang wicaksana guprenur Jendral karsa dalem Kundhisi,
kaping kalih ingkang 1 kawilujenganipun sang raja putri Pikturiyah, ing nagari Enggelan, sanesipun
pamuhi pamasanging kawat nmugi wilujenga tumunten enggala rampung, kapitan Baita kapal
Inggris wau,amunjuk sakalangkung tarima kasihipun dhumateng Kanjeng Gupremen ing ngatasing
pandamelan punika, ingkag awit saking pitulunganipun tuwan Jonghir, W.Van Radres pangagenging
kantor Dhepartemen punapa malih para tiyang pangajeng-ajengipun pandamelan sae amanggiya
raharja ing wekasanipun sakathahing kawilujengan tuwij pamuji wau, sami andadosaken suka
pirenanipun para tuwan ingkang wonten ing pasamuwan boten antawis dangu sabibaring dhahar,
kanjeng tuan ingkang wicaksana guprenur jendral karsa kondur sarta para tuwan ingkang
andherekaken sami asuka tarimakasih, dhumateng kapitan baita kapal Enggris wau, awit
sakalangkugn prayogi anggenipun anyugata Awit pawartosipun nalika ing dinten Senen baita kapal
Inggris Iberniyah wau nalika dinten Senen sampun mangkat dhateng singapura, kapal perang
winastan Sumatra, kagungan dalem Kanjeng Raja ing Nederlan, kapatah ambiyantoni kalampah ing
baita kapal Iberniyah, sarta andedahena panggenan pamasangipun kawat ing kang prayogi..

Ing mangke pamasangipun kawat telegraf sampun rampung, sarta wragatipun serat telegram isi 20
tembung, saking Singapura, dhateng panggenan kasebut ing ngandhappunika, utawi kosok wangsul
kapratelakaken kados.

Saking Banyuwangi, Basuki, Brabalingga, Pasuruwan, Surabaya, Rembang, Pathi, Majakerta,


Kadhiri, Madiyun, Surakarta, Salatiga, punika wragadipun 15 rupiyah, langkung 75 sen. Saking
Samarang Bahrawa, Pakalongan, Tegal, Carebon Indramayu, Purwakerta, Subang, Ngayogyakarta,
magelang, Purwareja, Banyumas, Cilacap, Ciamis, Bandhung, Canjur, Bogor, punika wragadipun 14
rupiyah, langkung 50 sen.

Saking batawi, Weltevredhen, punika wragadipun 13 rupiyah langkung 75 sen. Menggah serat
Telegram ingkang ngisi tembung langkung saking 20 wragatipun kaindhakaken sapalihipun ingkang
sampun katartamtokaken ing nginggil punika, sakathahing serat telegram ingkang kakintunaken
dhateng Singapura, kenging kaserataning tembung Inggris, Pranes tuwin Tembung Dhit.

Kulawisudhan tuwin sanesipun, ing ngatasing para amtenar Walandi tuwin para priyantun Jawi.

Tuwan P.Meiyer, Asisten Residhen ing Temanggung (Kedhu)


2, Tuwan K.L.Orweh, kumis ing kantor Rekenkamer, sami pikantuk pamit kesah dhateng nagari
Walandi, awit saking sakit.
Tuwan W.H.Boswater ing Bandhah, awit saking panuwunipun kaundur saking padamelanipun.
Tuwan Y. Van der van kakulawisudha dados Dupeni ing Ambuinah
Tuwan Wo.N.F.Kil kakulawisudha dados Kontelir Twedheklas ing Selebes
Tuwan W.W.C.baron Upel amtenar Terbeskikeng ing Selebes kakulawisudha dados Kontelir
Dherdheklas ing ambuinah
Tuwan M.H.witboles Fuhen kakulawisudha dados amtenar Terbeskikeng ing Selebes.
Tuwan Leklus kakulawisudha dados Twedhe ing Lep Onderweiser ing Surabaya
Tuwan M.H.Epres kakulawisudha dados Twedhe IlepOnderweiser ing Ngayogyakarta
Tuwan L.W.A.Eprep kakulawisudha dados Twedhe Ilep Onderwiser ing Girah (Bandhah).

Raden Tumenggung Danukusuma, Bupati ing Bantul kakulawisudha dados bupati Niyaka Jawi
Tengen Panumping, anggentosi Raden Yumenggung Natayuda, ingkang sampun ngajal.
Raden Riya Mertadipura, Bupati ing nanggulan kakulawisudha dados bupati ing Bantul mawi
kaparingan santun nama Raden Tumenggung Jayadipura, menggah ingkang agentosi dados bupati
ing nanggulan dereng tartamtu, taksih gumantung ing karsaning kanjeng parentah ageng, dene
ingkang amakili ing sapunika Raden Ngabei Selawinata, panewu ing Nanggulan.

Putranipun “Raden Tumenggung Natayuda, boten kinarsakaken agentosi dados Bupati ing Bantul
awit ingkang rama kala rumiyin priyantun pasarahan saking sanesipun, mila putranipun namung
ginanjar pangkat panewu kaparingan nama Raden Panewu Sindudimeja, kabawah Raden
Tumengung Sindunagara Murgan.

Mas Tumenggung wiranagara, ingkang sampun pansiyun ingkang wau dados bupati ing Gunung
Kidul ing sapunika kaganjar pangkat panewu parentah reh kori, mawi kaparingan siti 5 jung, tuwin
kapatedhan balonja 17 rupiyah sawulan.
Raden Riya Mangkuwinata, ingkang wau kabawah ing kapatiyan ing wekasan kabawah reh ing
Sindunagaran ing sapunika kaundur saking padamelanipun.

BAGELEN
Kasebut ing serat kakancinganipun kanjeng tuwan Residhen Raden Mas Purbaatmaja, mantri
Bendung ing bara dhistrik Jenar, kakulawisudha dados bupati ing Kuthaarja, angentosi kang nama
ingkang rampun pikantuk pansiyun.

Punika candhakipun cariyos perang.


Ingkang kacariyos garwa dalem kanjeng raja Napoliyun ingkang pindhah wonten nagari Enggelan
ing mangke sampun rawuh ing adalemanipun ingkang raka, wonten kitha Wellemsoh, punapa malih
serat saking kadhaton paris amratelakaken manawi para tiyang ingkang sumedya anglabuhi ing
yuda, taksih pajeg kimawon boten gigrig sarta ing sapunika sampun sami amirantos anggenipun
badhe anenggalan satru mungsuh wonten ing kitha Tur. Tuwan Gambeta ambiwarakaken serat
ingkang suraosipun wadyabala Pangkrik, kaprasudi sampun ngantos gingmir sarta lajega
kuwanteranipun kados ingkang sampun kalampahan miwah anglawana sarta sageda anyirnakaken
ing prangmuka, tuwan Trir ingkang sampun tindakan dhateng Perselye tuwin kadhaton Paris ing
sapunika samun rawuh wangsul dhateng ing Perselye malih, menggah tindakipun tuwan Trir wau,
boten wonten pakabaranipun ing ngatasing prakawis lerebing perang. Serat saking Markalek basini,
amratelakaken bab jalaranipun kitha Met kaesrahaken dhumateng Kanjeng Raja Prislan awit kateksa
para tiyang ing ngriku, sanget anggenipun kikirangan tedha. Wadyabala Prislan ingkang winastan,
Lanwir, ingkang ngirid para tiyang Pangkrik saking kitha Met ingkang sami kapikut kabekta
dhateng nagari Dhitslan punika kadhawahan boten kedah mawi wangsul dhateng nagari Pangkrilk
awit kadugi bilih para tiyang lanwir wau, boten wonten prelunipun wonten nagari ing Pangkrik.
Marsekalek Kanrober tuwan Lebip ing smangke tindakan sarta sampun rawuh ing kitha Kasel
bawah Dhitslan, tuwan Trir anggenipun rarembagan kaliyan tuwan Bismarek, minister ingPrislan
ing asadinten kalampahan rambah kaping kalih, tuwan Bismarek wau akintun serat dhumateng Grap
abibisik tuwan Beren Setop ingkang suraos para tiyang Prislan sami kadugi angudi rurukunan
ananging boten purun miwit rarembagan prakawi rerebingpngayuda, punapa malih ingkang
kacariyos tuwan Trir kinuwasakaken ararembagan bab kegleling perang, supados para tuwan
ingkang ngasta paprentahan sageda amlempak sarta anggagih prakawis ingkang prelu, wondene
prakawis pangelongipun siti ing Pangkrik ngantos sapriki boten pisan kagalih. Jendral Prislan
ajujuluk Mantupel kakula wisudha dados Titinbih ing wadyabala, ingkang dumunung ing kitha
Normandhi, tuwin panggenan winastan Pikardhi, sarta Britanye, sanesing wadyabala ingkang
katindhihan kanjeng pangeran Pedregkarel katamtokaken badhe pacak baris wonten satengahing
nagari Pangkrik. Ing kadhaton Paris wonten raresah, sarta kacariyos wonten serat pakabaran para
tuwan Liding panguwasa gupremen nagari Pangkrik sami kapikutk ananging boten ngantos lami
nunten kaluwaran dening wadyabala Gadhenasonal, sarta ing mangke kadhaton Paris sampun tetrem
malih kalih dening prajangjeyan lerebing perang sampun katartamtokaken ing dalem 25 dinten
tuwin kadhaton Paris salaminipun sirebiing ngayuda wau, kalilan amirantos bab tapedhan. Para
tuwan ingkang angasta paprentahaning Pangkrik nalika tanggal kaping 15 wulan Nopember ingkang
sampun kapengke, sami kaaturan akumpul rarembagan, pakabaran saking kadhaton Paris,
anyariyosaken manawi paprentahan ing Pangkrik amersudi supados para tiyang kadhaton Paris
kadugi angestokaken paprentahan gupremen ing sapunika punapa boten menggah kadadosanipun
kathah ingkang sami prun amituhu, tuwan Paber amratelakaken bilih paprentahan gupremen badhe
boten amarengi, manawi siti ing Pangkrik ngantos elong, sanadyana namung sadim wiyaripun,
ingkang kacariyos garwa dalem kanjeng raja napoliyun sampun kondur saking kitha Wellemsoh,
wangsul dhateng nagari Enggelan, miwah ing sapunika wadyabala Ruslan tuwin ing Turki, ingkang
sami mamengsahan, ing mangke sampun umagu sami anmethukaken ing ngrana.

Serat telegram katitimangsan kaping 25 wulan Nopember ingkang sampun kapengker,


anyariyosaken manawi tanah Orleyan ing mangke sampun katilar ing mengsah, prajurit Prislan
kathahipun 1000 sami kabandhang denign wadyabala Pangkrik, ing sakinten para tiyang ing
kadhaton Paris, namung agadhahi tatdhan kangge 21 dinten mila pambendrongipun kadhaton wau
kasandekaken, wondening pambendrongipun kitha Tiyongpil ing sapunika sampun kawiwitan.
Panguwasaning nagari Ruslan andarbenio rembag saganten winastan Swatese, kapligekna kados ing
kala rumiyin (bilih boten kalampahan makaten) ing mangke saestu badhe prang amengsahan kaliyan
Bongsa Turki.

Serat saha ingkang tabe kaurmatan akathah-kathah, saking Sajaya ing Nagari Batawi, ingkang
sayogi katur panjenenganipun tuwan F. L. Winter, ridhakturipun kabar Bramartani ing nagari
Surakarta. Sasampunipun ingknag kadya sapunika, wiyosipun, kula angaturi panjurung isenipun
kabar Bramartani, wangsulan dhateng mitra kula, ingkang ssisilih nami Trusdhasastra. Kula sampun
maos serat Bramartani nomer 45 ingkang medal Kemis tanggal kaping 3 wulan Nopember 1870. Ing
ngriku mitra kula Trusdhasastra angaturi panjurung wangsalan, 20 bab,sarta asuka katrangan
wangsalan ingkang kula terangaken ngajeng, kathahipun 11 prakawis, ingkang punika, kula angaturi
tarima kasih akthah-kathah, medal saking manah suci, pamuhi kula, ingkang mugi-mugi, gusti allah
amaringana wawales suka bingah sarta katurutana sasedyanipun mitra kula Trusdhasastra. Anaming
panuwun kula, ing wingking menawi wonten ingkang kula keodhengi anuwun saserepan sampun
andadosaken seling serepipun ing penggalih, kados pamanggihipun Sastramanta kula kadalih
angerang-erang, tebih saking kaniyatan kula. Dene anggen kula anerangaken gesehipun tembung
sawtawis wau, sayektos sakig supetipun pamanggih kula, dados ajrih ngewahi ungelipun sastra, kula
temah nyuwun pitaken, sampun dipun wastani tiyang gagah boten prenah, kadalih bodho, gasar
sayektoripun tiyang jugul cupeting budi. Ingkang kalih dene, bab wangsalan punika, kula wastani
gampil angel, menawi ingkang sampun sarwa wasis lan tip ing penggalih, inggih mastani gampil
sarta remeh. Wangsul tiyang jugul cupet ing budi kados pun kula mangkaten, inggih mastani angel
saha peni, sabab kula dereng pirsa sadaya, nama tuwan kawujudanipun barang wawarnen ingkang
gumelar ing dunya punika. Pramila saking panuwun kula menawi andadosaken parengipun ing karsa
sampeyan ing wingking menawi mitra kula maringi wangsalan malih, mugi kaparingana jarwa kados
ing ngandhap punika.
Jatiwiring, kantaka jroning lumpah, angaturi wangsalan sambetan ngarsa turi, kasambet.
Mangkatenaing salajengipun, dados kula boten susah nyuwun pitaken malih, amung punika
panuwun kula.
Sinerat batawi kaping 10 Npember 1870.
Katandhan Sajaya.

Anjawi saking titimongsa, kula sampun maos Bramartani ingkang mawi wangsalan 20 prakawis,
punika andadosaken suka pirenanipun manah kula, anaming wonten ingkang kula kodhengi, kang
mungel kados ing ngandhap punika.

3 putrawisa, kadang wedaning sudarma, ajanidhuh, yen kabarung swara liya, kadang werdaning
sudarma, punka dados angsal saking punapa, 10, palang krendha wastra pine ing ngayuban dereng
mentra, yen mirip siswa taruna. Punika punapa walangkrendha kalih walang krendha punika
angsalaken saking punapa, utawi bilih walangkrendha.
19. Sindututuk, upet gandhek jaman kuna, kudu tiru, ing pakarti kang utama. Upet gandhek jaman
kuna punika, dados angsal saking punapa, kalih gandhek punika punapa, ing nagari Batawi,kula
pitaken kang nama gandhek boten wonten pirsa, kados ta ingkang nama carang madu punika,
sampuna sampeyan babaraken inggih saestu boten saged manggih.
Ingkang kasebut nginggil 3 bab wau mugi kababarna kados pun Carang madu
Batawi kaping 18 Nopember 1870
Katandhan Sajaya Jugus.

Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran


Wus tata samya lenggah, ngandika ki Gedhe Tingkir, yayi sira tinimbalan, marang sang Prabu
Ngawanti, apa dene ta yayi, pagenan nora lumaku, ingkang rayi anembah, punapa dameleugi, wong
malarat tinimbalan mring narendra. Kyai Gedhe Ngardi Purwa, pangandikanira aris, yayi pagenane
ta sira, mopo timbalaning aji, iya apa sireki, nora kabawahing ratu, lemah kang sira ambah, saisine
tanah Jawi, apan iya duweke kang dadi nata. Kang rayi alon turira, allah kang ngadarbe bumi,
kadarta ngangkah punapa, wong dhudhukuh den timbali, angling Kiyageng Tingkir, aja wangkot ing
pakewuh, ywa tatampani lomba, away agegampang pikir, pakewuhe para yayi ulatana. Yayi
mungguh kaya sira,lir kalenthing mangsin, ambune pan maksih ana, sira buyuting narpati, ratu ing
Pajang Pengging, pantabete durung ngalum, ratu agung prakosa, katutuh ramanireki, kidipati, pinet
mantu Brawijaya. Lah ta yayi kaya ngapa, sira angrikes prakawis, tinimbalan marang nata, manawa
silih udani, yen pamanira yekti, arine ibunireku, manawa parimarma, iku wong dadi narpati, duwe
plunan aneng desa ing ngadesa. Becik sira lumakuwa, ingsun ingkang atut wuri, mongsa tega amring
sira, pakewuhe sun calangi,kang rayi matur raris,. Kados boten sapuniku, kakang bara tan bara,
mendah wong dadi narpati, emut marang ing sanak lambung kasiyan. Yayi yen pinindho sira,
tinimbalan mring narpati, kaya ngapa akalira,kang rayi umatur raris, inggih wonten punapa, ameksa
wong boten purun, kang raka sru ngandika, yayi apan wong ngaurip, yen amogok tinimbalan mring
sang nata. Apan iya wong punapa, sisan angadegna baris, aja tanggung ing pratingkah, away sira
mungal-mungil, manawa olih jail temah katail sireku, wong jawal alabegal, ngakali melik sathithik,
ingkang pinrih pakandelan wong ngawula. Kang rayi gumujeng suka, kakang tuwan pindho kardi,
paduka merangi tatal, bilahi lara lan pati, sinten ingkang darbeni, apan kagungan hyang agung,
saderenge wonten badan, papasthen ginawe dhingin, awon pened ing loking makpul punika. Kang
raka alon ngandika, iya yayi apa malih, yen wis manjing tekadira, pun kakang teka ngamini, sadina
mituturi, semana pan sampun dalu, prasamya salat nglanggar, bagdane salat prasami, ingkang raka
kalangkung sinungga-sungga. Yen dalu ariringgitan, sira kiyagenging Pengging, anyugat mring kang
raka, pan ringgit bebar kinardi, pan samya anujoni, garwanira wawrat sepuyh sareng lair punika, ing
sasi Jumadilakir, tanggal kaping wolu anuju taun Dal. Marengi mongsa kalima, nuju dina Rebo
Legi, ing wanci bangun rahina, miyos jalu langkung pekik, nuju kiyageng Pengging. Amedal ken
bingbingipun, Kyai Gedhe Kenonga, langkung sukanireng galih, wong kang nonton wayang beber
kagegeran. Ana kukuwung geng prapta, titiga anyerot kali, garimis samya sakala, ngandika kiyageng
tingkir, yayi putranireki, ingsun parini jujuluk Ki Mas Karebet ika, dene yayi amarengi, ing laire ana
wayang beber ika. Kang rayi alon turira, anuwun langkung prayogi, angsala pandonga tuwan, mugi
kalisa ing sakit, kawula inggih darmi, paduka kang darbe sunu, mugi panjangena, yuswane kang
jabang bayi, mugi mugi tulus anugrahaning hyang. Cinarita tigang dina, kiyageng Tingkir neng
Pengging, kuneng ingkang kawarnaha, dutane srinarapati, ing Demak sampun prapti, ponang caraka
tumaduk, ing ngabyantara nata, wus katur saha turneki, pamopone, kiyai Gedhe Kenonga.
Panembahaning Bintara, sigra denya animbali, mring kigedhe wanapala, kang rama kiyai Patih, tan
dangu nulya prapti, ing ngarsane sang aprabu, apan tinuwa tuwa, putra kangkinarya patih,
angandika srinara nateng Bintara. Kakang ana panggaweyan, patut para kang nindaki, anggowo
abantah ing wang, sira dadi wakil mami, marang ki Jebeng Penggging, rong prakara bantahingsun,
eh kakang wruyhanira, ana karasa ing ngati, bokmanawa ing tembe dadi wisuna. Iya sapungkur
manira, mulane sun ihtiyari, iya iki tulis ingwang, antepen ki Jebeng Penggging, endi kang den
labuhi,salah sawiji ta iku, sakehe karsaningwang, wusana ing sira kaki, sigra lengser kyai Gedhe
Wanapala. Bekta sabate sakawan, ki gedhe wanapala glis, datan kawarna ing marga, pan sampun
prapta ing Pengging, wus panggih munggeng panti ki gedhe Kenonga muwus, kiyai pakenira, inggih
wong agunging pundi, lawan sinten ingkang pinuji ing kaathah. Ki Gedhe ing Wanapala alon denira
nauri, kiyai Manira Demak, dutane srinarapati, maring sira ta yayi anggawa timbalanipun, sinuhun
ing Bintara, ing marak saing sireki, dene sira kapiyarsa alul tapa. Apa ingkang sira sedya, timbalane
sribupati, jawaben dipun pratela, ya ingkang kaliprakawis, away nyimpanging kardi, asikara
dadinipun, maring ing badanira, away kangrangkepi budi, nora enak kasmarane ing ngagesang.

Lah ta sira pilih endi, ana luwih saking ngora, kang suwung luwih suwunge, lawan aturu sapisan, lan
melek salawasnya, miwah turu saben dalu, lan amangan saben dina. Amangan sapisaniki, wasana
sajege tumitah, lawan mangan saben sore, pangeliye saben dina, payo sira piliya, timbalane sang
aprabu,yen sira milih nang ngana. Lan amangan saben ari, alapen nagara Demak, mupung maksih
sang akatong, kiyageng Pengging lingira, punapa ta sang nata, salah karya ing pamuwus, ing ngriki
wonten punapa.

Kula Nyonyah Godlip Kiliyan ing Surakarta, angaturi uninga dhumateng para priyantun jawi tuwin
bongsa sanesipun manawi ing sapunika kula damel ratus sakalangkung arum menggah reginipun
kapratelakaken ing ngadhap punika: Ingkang kawadhahan botol ageng regi 3 rupiyah; Ingkang
kawadhahan botol alit regi 2 rupiyah. Punapa malih kauningana para priyantun wau, nalika wonten
pagelaring taberen ing batawi, kula pikantuk ganjaran saking Kanjeng Gupremen warni Medhali,
ing ngatasing Babaran kula sinjang sapanunggilanipun, mila sapunika sawarnining sinjang utawi
sanesipun ingkang kula wade, mawi katengeran ap medhali kula punika, sumados sampun ngantos
wonten tiyang sade sinjang kawat laken babaran kula, menggh reginipun kadosta:
Sinjang latar pethak utawi Cemeng 1 regi 25 rupiyah
Sarung latar pethak utawi Cemeng 1 regi 20 rupiyah
Iket latar pethak utawi Cemeng 1 regi 12 rupiyah
Kemben latar pethak utawi Cemeng 1 regi 15 rupiyah
Brukbathik latar pethak utawi Cemeng 1 regi 15 rupiyah
Katandhan Nyonyah Godlip Kiliyan

Kula tuwan Purneman angaturi uninga,manawi kula mentas anampeni barang warni-warni, saking
nagari Walandi, kadosta: Wadhah dalancang pirantos panyeratan, Wadhah sandhangan kangge ing
kakesahan, Gunting Enggris warni-warni, Wadhah gambar ageng tuwin alit kaprada utawi boten,
Pulas gambar sae-sae, kertas sakalangkung kathah, pethi pangarasan pepak pirantosipun tuwin
sanesing barang, taksih kathah ingkang endah endah sartamirah reginipun sadaya. Katandhan tuwan
Purneman.
Kula Nyonyah Tressel agagriya ing kampung Limalasan (Surakarta) sampun kaiden ing Kanjeng
Gupremen anglampahi pandamelanipun dhokter estri wonten ing nagari Surakarta, mila kula
kamipurun angaturi uninga, manawi kula kadugi anulungi tiyang rencang lare, mawi ajajampi cara
walandi utawi sanesipun ingkang sampun kalimrah ing nagari jawi, punapa malih kula sagah
anuweni tuwin amulasara tiyang ingkang darbe lare sabayinipun ing saben dinten laminipun 20
utawi dumugi 40 dinten ing sakarsanipun.
Katandhan Nyonyah Tressel.

Kawuningana para priyantun manawi pangecapipun Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 1,
ing sapunika sampun dados sarta satunggal regi 2 rupiyah langkung 50 sen, dene serat Babad
ingkang ongka 2 pungkasanipun Jaka Tingkir jumeneng nata ing Pajang, antawis sawulan malih
tumunten rampung ing Mangecapipun. Para priyantun ingkang angarsakaken tumbas kaaturan
kintun serat prangko akanthi pos wessel dhumateng tuwan Purneman utawi tuwan F.L.Winter ing
Surakarta

Kula tuwan Purneman angaturi uninga dhumateng parap riyantun ing nagari Ngayogyakarta,
manawi mas ngabei Atmajawirya ing Ngayogyakarta kala pitados anampeni yatra panumbasipun
serat Bramartanipun, pamalih para priyantun benjing salebetipun wulan Dhesember ngajeng punika
kenging pikantuk tumbas serat pananggalan taun 1871
Katandhan tuwan Purneman

Tuwan Purneman mentas anampeni barang warni-warni, kados kapratelakaken ing ngandhap punika.
Buk pirantos wadhah cathetan,mawi kothakan sarta kunci
Buk pirantos arta wangkertas mawi kothakan sarta konci
Buk pirantos panyeratan kangge kakesahan
Buk Notisi sae-sae, sarta warni-warni
Jidharan tembagi, pasagi tuwin gepeng, mawi tapel tembagi
Wadhah mangsi warni-warni, ageng tuwin alit damelanInggris
Mangsi pancen kangge anerngeri barang utawi sanesipun
Gambaran kangge dolanan rare
Buk a,b,c, tuwin sanesipun ingkang sakalangkung prayogi kadamel mulang dhateng rarre.
Lei, Kangge mulang anggambar
Buk notisi kangge para tuwan ingkang maosi siti dhusun utawi para tuwan Opsinder
Buk gambar an warni-warni
Kertas warni-warni lak kalam utawi sanesipun pirantos panyeratan.
Barang punika sadaya mirah reginipun menggah sanesing barang kekathahen bilih kapratelakna
sadaya.

Kantor Bank ing Surakarta


Para tiyang kenging tumbas arta jene Inggris, punapa malih agliyeraken serat Aseptasi lelang, ing
Surakarta, kaetang ing dalem sataun bayar persen 4 rupiyah, langkung 50 sen ing dalem satusipun,
dene manawi serat Aseptasi punika saking panggenan sanesipun pambayaring persen wau,
kaindhakaken ¼., ¾ dumugi 1 rupiyah.
Sanesing katrangan kenging pikantuk ing kantor Bank
Kula Tuwan Sir Lo Ba To enko, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni barang warni-warni:
klambu, kurungan peksi, wadhah eis, dolanan rare,lisah wangi warni-warni,ulam Ham mertega
semen poretan paku, timah, tuwin inuman warni-warni,punapa malih ulam blek utawi sayuran eca-
eca. Katandhan tuwan Sir Lo Ba To enko.

Kauningana priyantun manawi pangecapipun Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 1 ing
sapunika sampun rampung, saha para priyantun kenging pikantuk tumbas saking tuwan Purneman
tuwin tuwan F.L.Winter, ing Surakarta. Sakathahing serat kasebut ing ngandhap punika,bayar
kenceng, kadosta:
Serat babad Pajajaran regi 2 rupiyah 50 sen
Pasamuwan taun Baru regi 2 rupiyah 50sen
Wirasatipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulangipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulang olah-olah regi 1 rupiyah 75 sen
Serat katurongga kapal regi 3 rupiyah, 50 sen
Para priyantun ingkang ngersakaken tumbas sami kaaturan angintuni serat pos wesel sarta
sakathahing serat tedah kakintunaken prangko sadaya.
Ongka 50, Kemis kaping 8 Dhesember 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun ing ngatasing para amtenar Walandi tuwin para priyantun Jawi

Tuwan Y.B.Buren tilas Tapsinder panyeapan arta ing Surabaya, kaparingan pansiyun
Tuwan Predrek Jurubasa ing Samarang, kaundur saking pandamelanipun
Tuwan winter, ingkang kapatah anyambut damel ing kantor Rekenkamer kaparingan Wahel
Tuwan Samuel Irstekumis sami kaparingan wahel
Tuwan Goter, Twedhekumis sami kaparingan wahel
Tuwan Nuredoren sami kaparingan wahel
Tuwan Muter sami kaparingan wahel
Tuwan Rayendong, dherdhekumis sami kaparingan wahel
Tuwan Pisel Dherdhekumis sami kaparingan wahel
Tuwan Dhinger Dherdheklas sami kaparingan wahel
Tuwan Tatfanamerongen kakulawisudha dados asisten Residhen Pulisi ing Batawi
Tuwan Metman kakulawisudha dados Asisten Residhen ing Tangkeras
Tuwan Wusof kakulawisudha dados Asisten Residhen ing Temanggung
Tuwan alewein kakulawisudha dados Kontelir Irsteklas ing Selebes
Tuwan Marbus kakulawisudha dados Kontelir Twedheklas ing Riyu
Tuwan Sekoles kakulawisudha dados Kontelir Dherdheklas ing Banghahulu
Tuwan Kuning kakulawisudha dados Aspiranhin Sibir Watersetat
Tuwan Autsaher kakulawisudha dados Merinyo alit ing Samarang

`KEDHU
Mas Jaya Semitra Demang ing Kaliabu, awit saking sakit sampun lami kaundur saking
padamelanipun.
Mas Samareja, mantri Gudhang Sarem ing Grobog kakulawisudha dados Demang ing Kaliabu
dhistrik Manoreh, mawi kapatedhan balonja 100 rupiyah sawulan.
Mas Mangun Semita, tilas demang ing Mendhut ingkang kaundur nalika ing wulan Oktober 1870
ing mangke kakulawisudha anggentosi dados mantri gudhang sarem ing Grobog.

Cariyos tuwin pawartos warni-wani

Puwan ingkang boten prayogi kaombe


Awit saking titi pariksanipun tuwan dhokter Toren, kasebut ing serat palapuran tuwan Simpn
anggadhai pamanggih bilih puwan Lembu m ingkang nandhang sakit ing suku utawi cangkemipun,
punika boten prayogi yen kaombe, awit nalika wonten amba-ambahan sakit kewan mekaten punika,
para tiyang ingkang sami angombe puwan punika ing badanipun asring katawis kados wonten
wisanipun, ananging dereng kenging katamtokaken, manawi puwan lembu ingkang sakit wau,
angemu wisa.

TEGAL
Andadosaken kasenenganipun ing ngakathah, para priyantun Amtenar Jawi ing Tegal, ing sapunika
anulad tata kraminipun Walandi, adamel pasamuwan ingkang winastan Resepsi ingkang amiwiti
rumiyin bupati tumunten patih, lajeng wedana upjaksa, tuwin Onderkolektur sapangandhap kapirid
saking pangkatipun tuwin laminipun anggening lumampah damel pasamuan punika ing dalem 14
dinten sapisan, mari ringgit wacucal wiwitipun wanci jam 8 sonten sarta para priyantun ingkang
sami dhateng karenan sadaya.

KUDUS
Nalika tanggal kaping 5 Nopember taun punika, ing wanci jam 8 sonten, tiyang Jawi awasta
Kertajaya kampung ing Gayam Grobog bawah Kudus, pinuju ajejagongan kaliyan ingkang estri
anama Salipah wonten ing ngamben kadhatengan tangganipun tiyang jaler boten antawis dangu
lajeng bingung, awit kacengsem dhateng semahipun Kertajaya, lajeng badhe angambung, ananging
boten kadugen Kertajaya tumunten amurih kesahipun tiyang jaler wau, sareng sampun kesah
Kertajaya kaliyan ingkang estri lajeng sami tilem, antawis elet sajam tiyang jaler wau wangsul
lajeng anyuduk Kertajaya kalawan keris, kataton ing dhadhanipun, celaking pulung manah, ingkang
estri Salipah ugi kataton gegeripun, tiyang ingkang anyuduk tumunten lumajeng, antawis, e denten
Kertajaya lajeng pejah, ingkang estri tatunipun sapunika badhe saras

Punika candhakipun cariyos Perang


Wadyabala Prislan tansah angepung kadhaton Paris ananging dereng kawiwitan pambendrongipun
awit saking pakabaranipun tatedhan kadhaton paris namung kantun sakedhik mila kanjeng raja
Prislan boten karsa anglilani pambendrongipun ingang awit anyarantosaken para tiyang wau sami
kakirangan tedha lajeng sumuyuda sadaya, ananging wonten pakabaran sanesipun saking kadhaton
Paris bilih tatedhanipun para tiyang taksih kathah sarta anyekapi, mila para tiyang taksih mempeng
manahipun, tuwin boten kadugi angesrahaken. Ingkang sampu kacariyos badhe wonten lerebipun
perang punika ing sawatawis dinten ananging ing mangke tuwan Trir, ingkang kapatah adamel
prajangjeyan lerebing perang, asowan dhumateng Kanjeng raja Prislan ing sapunika kaaturan
wangsul awit boten entuk damel prajangjeyan wau, ing salebeting kadhaton Paris tuwin sanesing
kitha, kathah para tiyag ingkang angajeng-ajeng kendeling ngayuda, ananging jendral Trossi,
ingkang angasta paprentahan kadhaton Paris angunggar-unggar sakathahing para tiyang ing ngriku,
mila boten kenging kaajeng-ajeng tumunten lerebing perang, sangsaya dereng antawis lami
wadyabala Pangkrik ingkang katindhihan Jendral Garibaldhi unggul perngipun wonten Satilyon
sarta pikantuk babadhangan wadyabala Prislan kathahipun 750 punapa malih wadyabala Prislan
kalitih perangipun wonten tanah Orleyan, ingang lajeng anilar tanah ing ngriku, sarta prajurit kathah
kang kandhang brana, semanten punika, wadyabala Prislan boten gigrig amargi unggul perangipun
wonten sanes panggenansarta wonten kitha 1 utawi 2 ingkang kapasrahaken dhumateng kanjeng raja
Prislan. Sarehning paprenthan ing kadhaton Paris boten anyanggemi lerebing perna, mila kanjeng
raja Prislan boten karsa anglironi bilih sawarni ing tatedhan ngantos malebet kadhaton Paris, beteng
winastan Mortiye, prenah caket kaliyan kitha Niyobrisah sampun kaesrahaken, paprentahan
gupremen ing kitha Tur, andhawahaken parentah anyepeng Marsekalek Bosini, bilih dhateng ing
nagari Pangkrik ingkang awit masekalek wau kadakwa angloropaken perangipun wadyabala
Pangkrik. Wadyabala Prislan ing Hang sami angepang kadhaton Paris saestu badhe paprangan
sakalangkung rame, amargi salebting kadhaton wau, wadya bala cacahipun 400 000 sanesing
wadyabala cacahipun 200000 anjawi para matrus kathahipun 80000. Wadyabala Prislan anggenipun
pacak baris tebihipun boten dumugi kasenjata utawi kamiryem saking beteng ingngriku, wadyabala
Prislan wau saestu anggenipun badhe angepang kikis kadhaton Paris, manawi mariyem ageng ageng
sampun dhateng ingkang badhe kangge ambendrong ing mangke wadyabala Prislan kathahipun
100000 umangsah dhateng ing Liyon sumedya amakewed adegipun wdyabala Pangkrik ingkang
enggal wonten panggenan celak lepen ing Lowar. Ing wasana ingkang kacariyos kanjeng rja ing
nagari Ruslan amratelakaken dhumateng para kanjeng raja ing nagari Eropah, manawi
panjenenganipun kanjeng raja Ruslan karsa ambatalaken prajangjeyan nalika kasor yudanipun
wonten kitha Sebastophol kala ing taun 1856 para kanjeng raja ingkang saweneh boten anyondhongi
mila dereng tartamtu punapa ingkang dados wekasanipun awit ingkang punika badhe wonten perang
ageng, ing wasana prakawis punika saan kawis kenging karukunan kemawon.

Beteng ageng ingkang winastan Stratbereh ingkang kinepang ing mengsah, ing mangke sampun
kaesrahaken dhumatneg kanjeng raja Prislan, nalika binendrong kathahi karisakanipun, tuwan Olih
ing skomendhanipun ing ngriku, boten kapikut awit boten badhe anenggalani perang, mila laimdir
salong [amglato[im sarta omg sa[imola sa,[im la;o;am lelesajam djatemg lamg dadps magaro
Switserlan, nalika katanggal kaping 30 wulan September ingkang sampun kapengker, wadyabala
Prislan sami lumeet ing Beteng wau, lajeng sami dhateng ing grija amuja sokuring Gusti Allah upsir
ing pangkrik kathahipun 500 sami anandhani serat prajangjeyan, manawi saupaminipun wonten
perang punika,badhe boten anglabuhi ing ngayuda, mila ing mangke kalilan kekesahan dhateng
nagari Switserlan tuwining Dhitslan, wdyabala utawi para tiyang sanesipun, ingkag sami kapikut
dereng kaserepan pinten kathahipun menggah mariyem cacahipun 1070 tuwin pirantosipun perang
utawi barang sanesipun sakalangkung kathah ingkang kabandhang ing mengsah. Wadyabala ing
Prislan katindhihan Jendral Ponwerder, ingkang angepang beteng Stratbereh wau, sami kadhawahan
umangsah dhateng kadhaton paris, sawatawis dhateng panggenan winastan Liyon, dene sakathahing
ariyem ingkang kangge wonten ing kitha Tul badhe kausung dhateng ing ngrika. Ingkang kacariyos
boten ngantos lami, sakathahing mariyem kapaang sangajenging kadhaton Paris sarta kukuwuning
wadyabala Prislan wonten ing panggenan winastan Poriye, badhe kaelih sanesing panggenan,
manawi sampun kalampahan, saestu kadhaton Paris badhe kabendrong dumugi sapriki perang icir
caket ing kadhaton paris, boten kenigng winastanan ingkang ugul utawi kang asor, anjawi
wadyabala Prislan kala unggul juritipun kalampahan angrebat beteng, tuwin sanes panggenan
ingkang dipun nenggalani.

Panjurung ing Bramartani, minongka wangsulan dhumateng mitra kula ingkang sisilih nami
Kartasudama, ing nagari Bogor, kula sampun anguni-uni saseratan sampeyan ingkang tumrap ing
Bramartani, ongka 47 suraosipun panjenengan sampeyan mundhut jarwanipun babasan krul kalih
koperen cariyosipun serat Weda, utawi awitipun wonten babasan anak rayat lan anak rabi, punapa
dene dunungipun astra 16 bab peperanganipun ing ngetrap sastra wilapa, sapatunggilanipun ingkang
punika mugi sampun andadosaken rengating penggalih, ugi leres panjenengan sampeyan ngendika
manawi kula asring angaturi jarwa pandangunipun para mitra wonten ing koran Bramartani,
samanten wau manawi ingkang pinuju kula sumerep tegesipun ingkang dipun pitang ledaken punika,
manawi dereng sumerep inggih tumunten amrasajakaken ing kakirangan kula, ing mangke saking
pandangu sampeyan sadaya punika, kula dereng saged angaturi katranganipun, ugi sawatawis inggih
wonten ingkang kula sumerepi naming boten terang tanpa damel yen kula aturna, utawi tembung
Krul punika kula dereng natemireng, manawi komperen ing Surakarta, kala rumiyin inggih kathah
tiyang wicanten makaten ugi sami boten sumerep tegesipun ngantos kula tangledaken sadaya
bongsa, ingkang wonten nagari Surakarta, inggih sami boten anggadhahi tembung Komperen
punika, wonten ingkang negesi cara jawi kimawon, kaangsalaken tiyang ingkang sanget kesedipun
dhateng barang damel namung nedha kalih tilem karemenanipun yen tumrap para rare ing kang
sampun radi ageng dereng saged lumampah punika katembungaken lemper, naming saking
panimbang kula tiyang pribasan punika tanpa wawaton ugi sami tiru-tiru tiyang wicanten ingkang
sasenengipun piyambak, kula inggih asring mireng tiyang wicanten paribasan ugi boten sumerep
tegesipun sumongga sampeyan galih kadosta, wicanten songkro, tuwin jintelmen utawi paethe,
blento menyonyong, kathah kimawon santunipun paribasan punika, kanaming yen sameyan galih
tiyang wicanten ingkang boten sumerep tegesipun punika kados kathah sanet kula inggih mentas
mireng tiyang dipun itangledi makaten, kowe mangan saben dina iku sing kok pangan apa jenenge,
lan sing mangan iku apa jejenge, ingknag dipun tangledi boten saged amangsuli, lajeng dipun
pitangledi malih, karo dene kowe iku jenengmu dhewe sapa, dipun sanjangaken namanipun alit
utawi namanipun sepuh, ingkang pitangled wau, derne narimah malah dipun gagujeng dados
sangsaya ura wangsulanipun kaula piyambak inggih dereng patos terang saking bab punika,
ingkang manawi panjenengan sampeyan sampun angsal saserepan munggging ambarkahana
dhumateng kula. Sinerat ing Lebet Beteng nagari Surakarta kaping 22 Nopember 1870.
Katandhan Gridhamardhawa.

Ingkang tumrap ing Bramartani ongka 46 suraosing panjawab dhateng ngabdul Puji, ing Kuwuarja,
kraosing anah mamuhi tata tentreming nagari dalem Salakarta, saha ambedakaken kalayan ignkang
jeng gupremen sarta ngaken sampun anyepeng pulisi, seging kalbu, kapengin minggah ing pangkat
kula inggih maratyogiaken Ngabdul Puji enggala angsal pangkat ageng, pramila sapunika sinten ta
tiyangipun ingkang boten kapengin jinujung ing drajat sinengkak ing ngaluhur, nggih kumecer, ing
sairib wanudya nyidham kaworan, boten manawi Ngabdul Puji, yen boten kadugen ing Artmaja,
bahde ngiler, uwsana andadosaken kusuting tyang sepuhipun piyambak,lah kados pundi, dhek boten
leres atur kula, inggih leres ing jengandika, dene Ngabdul Puji, kagalih dereng cekap ing ngatasing
kapulisen, awit sampun lepat purun purun ambedakaken ing nagari dalem salakarta kalayan
kangjeng gupremen saking pangraosipun ing manah kula, kasengitan lepatipun boten andadosaken
punapa wondene wuh kabrukaken kula sumongga Abdul Puji, wahib jawab saleresipun sarta purun
kaben, e, abdul Puji lajeng damel wangsulan nyuwun pangapunten ingkang kathah-kathah,
mongkaboten angsal pangapunten punapa dene boten kawisudha, yangyang, tan jumeneng, sipat
rahman nirakim tegesipun ingkang murah ingkang asih.
Ingkang pratondha Sanyatane.,………….

Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran

Kagyat kawula tan sipi, timbalane srinarendra, ngangge karsa walangatos, kyai Panyana kawula, ratu
kalipah inghyang, yekti budi luwih luhur wekas wekasing ngutama. Kawula datan amilih sadayane
apaarsa, yen miliya suwung bae, pan suwung amengku gelar punapa siya-siya, mring anak putu ing
pungkur, yen miliya ingkang ana. Piten lamine wong urip pira rasaning wibawa, pan dereng wonten
adate, wong kang umur sewu warsa, liyane nabi Adam, ingkang umur sewu taun, liyane iku tan ana.
Kamukten sajroning pati, pan sirik ing ngaran pejah, asalin panggonan bae, taune yutan awendran,
datan ngangge etungan, pan boten kening dene tung, puniku atur kawula. Apanjenenge wong urip,
kinen manjangena titah, siya-siya mring turune, punapa boten duraka, marma sampun kainan, dene
karsaning jyang agung, ing wuri sinten uninga. Kyageng Wanapala angling, kalangkung emeng
tyasira, dene kewuhan saure, abener kang salah cipta, wong iki wus katara, nora marem
adhudhukuh, sandi bae nandur kenthang. Yen mengkono sira kaki, wiku kuninga tigan, tan putih
jabajerone, maksih angandhut pauman, ciptane kawoworan, sir wong apa tumuwuh, kabeh denira
karsakna. Kiyageng Kenonga angling, sampun kang menggah kawula, yen kena suminggah dene,
nadyan gusti rasulullah, tanpa wates ing karsa, nenggih wonten tedhakipun, sultan Seh Nagri
Bagedat, Ngabdul Kadir Jaleani, pan boten tilar luamah, puniku langkung pareke, pan saking hyang
maha mulya, tur trah ing rasulullah, ngelmune wali linuhur, lawan nalika atapa. Pinakanan kadya
kucing yen sampun nuluya den untal, sampun menggah awaking ong, sageda pisah luamah, lamun
maksih neng dunya, kuwata bedhah puniku, atapa saking luamah. Kyageng Wanapala angling,
lamun mengkono ta sira iya nora ngimanake, marang karatoning Demak, saking pitung madahab,
boten niyat angrempelu, amba mring karaton Demak. Sinten kan guninga benjing, langkung gaibing
pangeran, ki gedhe pala sru jare, lah payo sira sebaha, marang nagara Demak, kyai ageng Pengging
matur, inggih samongsa mongsa. Yen allah sampun marengi, pinten dangune lumampah, samangke
nuwun dukane, gampil masalahe benjang, ki Wanapala mojar, sun alimi sira iku, ing telung taun
kewala. Paningsun ingsun anggoni, iya dukane sang nata, sun maklumi sira mengko, bok durung
katemu iya, ing pikir pakenira, kiwanapala wus kondur, wus prapteng nagri Bintara, Lajeng
tumameng jro puri, tinimbalan mring narendra, sigra marek ngarseng katong, gupuh-gupuh atur
salam, wus katur solahira, buka wekasaning ngutus, dhawuhken timbalan nata. Jawabe ki Jebeng
Pengging, Sual kakalih prakara, dipun pilih sadayane, aleres panypta tuwan, ing watawis sembada,
ki Jebeng Pengging puniku, saestu ngrangkep pakarya. Yen pinengko anyidrani, dene lamuning
ngomberan melet tur tega patine, nanging ta atur kawula, paduka den segara, wawaates amba
pukulun, anenggih ing tigang warsa. Apan dabek ing narpati, samodranira awiyar, ing makluk
kalawan momot, yen tn prapta tigang warsal puniku langkung karsa, yata wau sang aprabu, nurut titi
gedhe pala. Cinarita lami-lami, tigang warsa nora prapta, andhatengaken ing rutike, Susunan Kudus
ngandikan, prapta byantara nata, angandika sang aprabu ki Jebeng paran karsanya. Prakara ki Jebeng
Pengging, Mardyeng ing karatonning wang, sira lumakuwa dhewe, luwih aprayoganira, pan sira wus
waweha, amrih leganing tuyasing sun sunan kudus tur sandika. Wus lumampah caraka santri, papat
sabat kang binekta, kang satunggil gendhong bendhe, kiyai macan punika, warisaking Bintara,
kuneng ta ingkang winuwus, kyai gedhe Tingkir seda. Nulya siniraman nuli, laone nganti punika, ki
gedhe Pengging praptane, duk semana ing ngutusan, ki Gedhe Pengging prapta angrungkebi
layonipun, karuna kadya wanodya. Kakang antenana mami, alayar sagara rahmat, away kari
naganingong, tan bisa ingsun neng wuntat, posah paduka kakang, tangi angrungkebi suku, ki Gedhe
maca istigpar. Amaca subnanawahlahi, nulya wau siriman, sineleh sinarekake, nenggih wonten
ngardi purwa, kiyageng Pengging ika, cinarita tigang dalu, semana neng ngardi purwa. Pamit mring
kang raka estri, nyai geng Tingkir ngandika, yayi ing Pitng dinane, kakangira antenana, kang rayi
aturira, kawula nuwun mit mantuk, manah kula melang-meling. Kiyageng Tingkir lingira ris,
tilarane raka para, yayi pariksanen age, manawa nakarsanira, yayi paragowoha, kang rayi alon
umatur, kakang sampun pindho karya. Wus malih kiyageng Pengging, wus prapata ing wismanira
wuwusen wau lampahe, jeng sunan Kudus wus prapta, salor kali emara, nuju Hyang ngarga
tumurun, kendel satengahing wana. Tarataban pinggir kali, kanan keringira desa, susunan Kudus
karsane, tan arsa sipenging desa, pinggir kali cemara, marmane kendel pupundhung mrih kiwa
aywana wikan. Ing dalu arsa yektosi, karsane bendhe punika, lan arsa mirsa swarane, yem bengkak
bendhe punika, tiwasing lampahira, mangkana ciptaning dalu, bendhe tinabuh semana. Tinabuh
anulya muni, an kadya macan angonbang, lir sima satus swarane, kagyat sagunging wong desa,
sakanan keringira, macan angombang sadalu, enjing samya pinariksa. Tan ana macan kaeksi amung
wong pitu kang ana, wong desa samya tetakon, pundi sarane kang sima, sadalu denya ngombang,
nauri susunan Kudus, ing kene tan ana macan.

//Kinanthi// wonten putri luwih ayu tan ana ingakng tumandhing, sariranira sang retna, owah-owah
sabenari, yen rinakucem guwayanya, mung dalu mancur nelahi. Wonten tingalan winuwus, akathah
ingkang ningali, jalu estri pan uyelan nanging tan rena ing galih, pinurih enggal bubara, ywa ongsi
nusahken gyaning. Duk praptanira mratamu, tan pabebed tuwin tapih, ingkang katamuwan bingah,
ibu dennya gumateni, dupi mulih sininjangan, ingkang sarta den tangisi. Wonten kocap ing sadulur,
kalih welas pekik pekik, kang nem-neman remenira, akekeceh siyang latri, kang neneman ajrih ing
toya, gurune Suryabathari. Duk timur prapta ing sepuh, akampuh kembagn kacipir, rema
kuncungipun abang, sarira wruh amrateani, yen lukar kampuh kinarya, tutulaking tiyang agring.
Ginodhi badan sakojur, anulis kinanting, dangu kekejek sang retna cinandhak ngumbulken inggil,
tinadhahan tibanira, tibane syang dyah ngemasi. Germa lilima winuwus, sami bebedhag wanadri,
kalih kang talusupana, tiga amung atut wingking, yen antuk pinadhem sigra, ing panti sasat benukti.
//i//

Kauningana parapriyantun jawi utawi saneispun manawi serat pananggalan jawi kangge ing taun
1871 ing sapunika sampun rampung pangecapipun ugi mawi serat pustaka raja, candhakipun ingka
sampun kapacak ing serat pananggalan sanesipun, bilih para priyantu wau angarsakaken tumbas
sami kaaturan angintunaken serat pos wesel menggah reginipun kados ing ngandhap punika.
Serat pananggalan mawi sekartan kaprada, regi 1 rupiay 75 sen
1 serat pananggalan mawi sekaran lugas regi 1 rupiyah 75 sen
katandhan tuwan P.F.Purneman

Kula Nyonyah Godlip Kiliyan ing Surakarta, angaturi uninga dhumateng para priyantun jawi tuwin
bongsa sanesipun manawi ing sapunika kula damel ratus sakalangkung arum menggah reginipun
kapratelakaken ing ngadhap punika: Ingkang kawadhahan botol ageng regi 3 rupiyah; Ingkang
kawadhahan botol alit regi 2 rupiyah. Punapa malih kauningana para priyantun wau, nalika wonten
pagelaring taberen ing batawi, kula pikantuk ganjaran saking Kanjeng Gupremen warni Medhali,
ing ngatasing Babaran kula sinjang sapanunggilanipun, mila sapunika sawarnining sinjang utawi
sanesipun ingkang kula wade, mawi katengeran ap medhali kula punika, sumados sampun ngantos
wonten tiyang sade sinjang kawat laken babaran kula, menggah reginipun kadosta: Sinjang latar
pethak utawi Cemeng 1 regi 25 rupiyah
Sarung latar pethak utawi Cemeng 1 regi 20 rupiyah
Iket latar pethak utawi Cemeng 1 regi 12 rupiyah
Kemben latar pethak utawi Cemeng 1 regi 15 rupiyah
Brukbathik latar pethak utawi Cemeng 1 regi 15 rupiyah
Katandhan Nyonyah Godlip Kiliyan

Kula tuwan Purneman angaturi uninga, manawi kula mentas anampeni barang warni-warni, saking
nagari Walandi, kadosta: Wadhah dalancangpirantos panyeratan, Wadhah sandhangan kangge ing
kakesahan, Gunting Enggris warni-warni, Wadhah gambar ageng tuwin alit kaprada utawi boten,
Pulas gambar sae-sae, kertas sakalangkung kathah, pethi pangarasan pepak pirantosipun tuwin
sanesing barang, taksih kathah ingkang endah endah sartamirah reginipun sadaya.
Katandhan tuwanPurneman

Kawuningana para priyantun manawi pangecapipun Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 1,
ing sapunika sampun dados sarta satunggal regi 2 rupiyah langkung 50 sen, dene serat Babad
ingkang ongka 2 pungkasanipun Jaka Tingkir jumeneng nata ing Pajang, antawis sawulan malih
tumunten rampung ing Mangecapipun. Para priyantun ingkang angarsakaken tumbas kaaturan
kintun serat prangko akanthi pos wessel dhumateng tuwan Purneman utawi tuwan F.L.Winter ing
Surakarta

Kula tuwan Purneman angaturi uninga dhumateng para priyantun ing nagari Ngayogyakarta,
manawi mas ngabei Atmajawirya ing Ngayogyakarta kala pitados anampeni yatra panumbasipun
serat Bramartanipun, pamalih para priyantun benjing salebetipun wulan Dhesember ngajeng punika
kenging pikantuk tumbas serat pananggalan taun 1871
Katandhan tuwan Purneman

Tuwan Purneman mentas anampeni barang warni-warni, kados kapratelakaken ing ngandhappunika.
Buk pirantos wadhah cathetan,mawi kothakan sarta kunci
Buk pirantos arta wangkertas mawi kothakan sarta konci
Buk pirantos panyeratan kangge kakesahan
Buk Notisi sae-sae, sarta warni-warni
Jidharan tembagi, pasagi tuwin gepeng, mawi tapel tembagi
Wadhah mangsi warni-warni, ageng tuwin alit damelan Inggris
Mangsi pancen kangge anerngeri barang utawi sanesipun
Gambaran kangge dolanan rare
Buk a,b,c, tuwin sanesipun ingkang sakalangkung prayogi kadamel mulang dhateng rarre.
Lei, Kangge mulang anggambar
Buk notisi kangge para tuwan ingkang maosi siti dhusun utawi para tuwan Opsinder
Buk gambaran warni-warni
Kertas warni-warni lak kalam utawi sanesipun pirantos panyeratan.
Barang punika sadaya mirah reginipun menggah sanesing barang kekathahen bilih kapratelakna
sadaya.

Kula Tuwan Sir Lo Ba To enko, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni barang warni-warni:
klambu, kurungan peksi, wadhah eis, dolanan rare, lisah wangi warni-warni, ulam Ham mertega
semen poretan paku, timah, tuwin inuman warni-warni, punapa malih ulam blek utawi sayuran eca-
eca. Katandhan tuwan Sir Lo Ba To enko.

Kauningana priyantun manawi pangecapipun Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 1 ing
sapunika sampun rampung, saha para priyantun kenging pikantuk tumbas saking tuwan Purneman
tuwin tuwan F.L.Winter, ing Surakarta. Sakathahing serat kasebut ing ngandhap punika, bayar
kenceng, kadosta:
Serat babad Pajajaran regi 2 rupiyah 50 sen
Pasamuwan taun Baru regi 2 rupiyah 50sen
Wirasatipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulangipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulang olah-olah regi 1 rupiyah 75 sen
Serat katurongga kapal regi 3 rupiyah, 50 sen
Para priyantun ingkang ngersakaken tumbas sami kaaturan angintuni serat pos wesel sarta
sakathahing serat tedah kakintunaken prangko sadaya.
Ongka 51, Kemis kaping 15 Dhesember 1870

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Tuwan A.Y.Fluring, Opsinder Tambang, kaparingan pansiyun


Tuwan Y.F.L.Lerowah, tilas Juru Serat Nomer…, ing ngatasing pandamelan pinansi, kaparingan
pamit kesah dahteng nagari Welandi, awit saking sakit
Tuwan E.Van Meteren kalilan dados tukang jampi ing Residhensi Prabalingga
Tuwan Y.W.Brinner, Juru serat kantor ing Temanggung, kapatah dados Grippir alit Landrad ing
Temanggung.
Tuwan A.Marterus Amtenar wahel, kapatah dados grippir alit Landrad ing Blitar.
Tuwan Y.Van Pib Juru serat ing ngatasing pandamelan Pinansi, awit saking panuwunipun kaundur
saking pandamelanipun.
Tuwan A.M. Parkepisser, kakulawisudha dados Dherdhekumis ing kantor Algemine Rekenkamer.
Tuwan Evanmil Ilep Onderweiser, ing Bogor, kaparingan pamit kesah dhateng nagari Walandi.
Tuwan Keiner, Opsinder, kaparingan wahel awit saking sakit,
Tuwan Paner, Onvanger ing ngatasing pamupuning beya lautan ing Telokbetong kaparingan
pansiyun.
Tuwan Swaret Amtenar wahel kakulawisudha aggentosi dados Onvanger ing Lokbetong.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

Nalika ing dinten Rebo dalu angrintenaken tanggal kapng 15 wulan Siyam ing taun Dal punika,
griyanipun abdi dalem prajurit panambur jayatana, ingkang gagriya ing kampung Martawijayan
wanci pukul sanga sonten griyanipun kalebetan durjana pandung, dene pandungipun tiyang kakalih,
ingkang satunggal malebet ing griya ambekta paidon kuningan konangan ingkang gadhah griya,
pandung lumajeng kabujeng kalayan tongga tepalih, ingkang bekta paidon wau rikat palajengipun
dene durjana ingkang satunggalipun dereng angsal punapa-punapa anaming kasompok rindhik
palajengipun wasana kacandhak lajeng dipun besta, kabetkta dhateng griyanipun ingkang gadhah
bubujengan wau, sareng antawis satengah jam sakiwng wetawis tangsilipun babestan wau radi
kendho, durjana wicanten badhe atetoyan medal ing jawi lajeng anggeblas lumajeng, kabujeng ing
kathah boten kacandhak ocapa durjana ingkang bekta paidon wau taksih lumampah ing adinan
asarengan kaliyan londhek kalih, arehning awakipun rumaos manawi durjana sareng sumeprep
tiyang alok-alok pandung, lajeng inggal angenipun lumajeng, para ingkang tandang wau uninga
tiyang lumajeng lajeng dipun tutui ing kathah kacandhak lajeng dipun besta kalayan kekah,
salajengipun kaladosaken ing arentah kaliyan cihnanipun paidon kuningan wau.

MADIYUN
Ingkang kacariyos kala kaping 9 Nopember ingkang sampun kapengker, ing Madiyun wonten
karamen angrampog sima 4 iji, sima ingkang wekasan karampog boten pejah ing ngenggen
lumajeng babal saking pabarisan lajeng lumebet dhateng griyanipun pangulu. Ingkang sawek saras
sakitipun sarta ing waktu wau marengi tatileman ing Rembang kajagi tiyang jaler 2 sampun jemmpo,
boten saged atutulung, tiyang wau ingkang satunggal wasta Abidin umur 60 taun taksih awas sarta
rosa lampahipun ananging suda ing kamirengan, sanesipun nama Kyai Purwa, umur antawis 75 taun
ugi taksih kuwat lampahipun ananging lamur ing paningal, ing wasana sima wau katumbak ing
tiyang sanes sarta kapejahan wonten ing ngenggen.
KADHIRI
Serat kikintunan saking Kadhiri, ingkang apacak ing serat pakabaran ing Betawi, anyariyosaken
nalika tanggal kaping 17 nunggil wulan Nopember ing taun punika, ing wancijam 11 dalu
griyanipun lurah dhusun ing Senjayan kalebetan durjana kecu, tiyang 20 dhusun senjayan punika,
tebihipun 8 pal saking Lengko sarta prenah sapinggiring lepen ing ngriku, ingkang sisih kidul wetan,
durjana kecu ambekta sanjata 4 lurah dhusun wau diipun pejahi, sarta barangipun sami kapendhetan
sadaya sangaos kirang langkung 1200 rupiyah mawi ambesmi griya tumunten lumajeng ing margi
ingkang anjog ing Bojanagara. Ing dalem satengah taun ing Afdheling Kartasana, wonten tiyang 3
ingkang kinaniyaya dipun pejahi ananging ngantos sapriki dursilanipun dereng wonten ingkang
kacepeng.

PANGKRIK
Awit ingkang kasebut palapuranipun minister paprangan kathahipun wadyabala ing kadhaton paris
ingkang winastan Gardhe nasonal 230000 mobil gardhe 90000 tiyang arahan 20000 ingkang sampun
sami kaparingan dadamel sanjata sadaya, anjawi wadyabala punika, wonten sanesipun prajurit
balega cacahipun 150000. Ingkang kawrat ing srat dhawah paprentahan ing nagari Pangkrik kala
tanggal kaping 15 wulan Nopember ingkang mentas kapengker, regining ulam ing kadhaton Paris,
katamtokaken 2 France sa pon.

Sawijining serat saking karaton Paris, ingkang kakintunaken kalayan lih balon, anyariyosaken
manawi barang tatedhan sakalangkung awis, salebeting kadhaton Paris, para tiyang boten saged
pikantuk martega, sanajan badhe katumbasa pinten kemawon punapa malih ulam emoh boten saged
pikantuk, pamadenipun ulam ing dalem 7 dinten namung kaping kalih, kathah tiyang ingkang sami
badhe tumbas ing wanci enjing, sampun anjageni pambikakipun griya wade ulam, awit sumelang
bilih boten angsal griya enggen pamadenipun ulam ing wanci jam wonlu enjing sampun kukut
katutup malih manawi ing dalem 14 dinten boten wonten ewahipun saestu badhe wontten
llelampahan awon akathah tiyang boten lumampah nyambut damel awit griya toko tuwin sanesipun
kathah ingkang sami katutup anjawi saking punika sampun celak ing mongsa asrep ingkang
winastan Kinter, sahantawis para tiyang ing kadhaton Paris boten saged anglampahana ingkang
mekaten punika ngantos lami, mila andadosaken pangajeng-ajeng, bilih lalampahan punika
tumunten saged kendel. Tuwan Adhar, anyanggemi dhateng paprentahan gupremen ing Pangkrik
badhe angladosi silih balon satunggal ing dalem pitung dinten sarta badhe kaulukaken bilih prayogi
angiinipun.

Cariyos lampahan nalika kitha Setrabereh kinepang ing mengsah.


Salaminipun perang ageng, punika kathah lalampahan ingkang kawlas arsa, ingkang kacariyos
wonten sawijining tiyang kabilahen, nalika kitha Setratbereh binendrong ing mengsah, singa
ingkang mireng pakabaran punika, saestu dahat andarbeni kawelasan saupami sampun wonten
tiyang ewon kasangsaran langkung saking punika, menggah cariyosipun tiyang ingkang katiwasan
wau, kados ing ngandhap punika. Anggen kula ggriya wonten kitha Setratbereh, sampun antawis
lami, dene salaminipun anggen kula dedagangan boten lestantun kawilujengan, kados nalika wonten
perang punika, ingkang lmrah kasugiyanipun banija krami, kados dene kula punika awarni
gagramen, mila ing ngajengaken perang wau, semah tuwin anak kula tiga, sami kula purih dhateng
nagari Dhitslan ambekta arta sakwontenipun, kula piyambak boten pisan sumedya anilar griya kula,
ingkng awit barang gagramen kula, saestu kabaut dening wadyabala Prislan, bilih kitha Setratbereh
kenging karebat ing mengsah, punika prasasat ical raja kaya kula, anggen kula anglempakaken ing
dalem 10 taun. Sakawit ing dalem pitung dinten wilujeng sadaya, sareng dumugi sangang dinten,
wonten mimis ageng winastan Bom dhawah wonten sangajenging griya kula, sareng mungel ambyar
angsal ram gelas jandhela griya kula lotengan, sami pecah sadaya ing sanalika kula manah bilih
prayogi andhelik ing Helder. Punika tembung Walandi, tegesipun panggenan sangandhaping griya,
kangge angrimati tetedhan sapanunggilanipun, ing ngriku wonten tetedhan sawatawis, mila awis
anggen kula medal saking pandhelik kula, kula jenaos ten ing ngriku, sarta amatawis lepating bilahi,
dumugi sadasa dinten wanci jam 12 siyangpinareng kula saweg nedha, kula mireng swara ingkang
sora, kula lajeng medal minggah ing ngundhak-undhakan, badhe angyektosaken, punapa ingkang
dados darunanipun dreng ngantos dumugi ing lampah kula, sakalangkung kaget aningali margining
kelder sampun pepet butuk jugrugan ing tembek, amargi griya kula ambyuk, prasasat kula
kapendhem gesang-gesangan, dangu angggen kula sumaput sarengkula kemutan bilih enjingipun
kula ambekta lampu petroleyum saking griya ageng dhatengi kelder kula lajeng anggagapi aku,
kaprenah anggen kula dekekaken lampu wau, sasampuning pinanggih tumunten kula sulet sanalika
skula sumerep bilih kula katiwasan mekaten undhak-undhakan panggenan pandhilika kala sampun
risak, griya kula ambruk, mila kelsder ingkang kula dheliki wau, saestu badhe dados kubur kula,
ingkang dados pangajeng-ajeng kula sageda luwar saking bilahi, namung sumedya ambungkar
banon tembok jugrugan ingkang wonten sisih undhak-undhakan, ing sanalika ugi kula lampahi
tumandang, angsala satunggil baon ….lajeng anutupi malih, sakedhap kedhap tembok sami jrugug,
dene panyana kula bilih badhe kaurugan sangsaya anggen kula kasusahan, lampu petroleyum wau
pejah, awit nandhesi lisahipun ing ngriku sanget petengipun, sarta sumpeg manah kula, ing waktu
wau kula kemutan dhateng semah tuwin anak kula,mila sampelah manah, kula lajeng anangis kula
lajeng boten andarbeni karkat, yen ambungkar ngupados margi malih, awit tanpa damel parta
sampun pinasthi ing pejah kula, semanten punika kula cobi tap ambrongkal malih, antawis kalih
dinten laminipun anggen kula ngungkil, loteng sanginggil kula nunten ambruk, sawatawis banon
andhawahi sirah, kula lajeng kalemer, sapinten dangunipun kula boten sumerep sareng kula enget
sarta tumenga aningali lintang, sakalangkung anggen kula karaos sakit, ingkang punika kula ajrih
ebah bokmanawi wonten ingkang ambruk alih, sarehning dalu sanget anggen kula angajeng-ajeng
byar enjingipun, ing wekasan kula numpak banon kange ancik-ancik, salajengipun kula anggandhul
kajeng gebingan loteng, saged midal saking kelder, tumunten kula linggih sanginggiling banon
jugrugan griya kula sarta dangu anangis. Anggen kula wonten salebeting kelder wau, laminipun
kawan dinten, umur kula prasasat mindhak 20 taun sepuhipun, sabarang darbe kula kabesmi sadaya,
anggen kula akaklempak ing dalem 10 taun ingkang supados andadosna kamulyaning semah utawi
anak kula, anangisa punika anemahi kados mekaten, anjawi kula ing sanesipun tiyang ewon,
ingkang samya anandang sangsara jalaran saking perang ageng punika. ….

Punika candhakipun cariyos perang.


Ing mangke kadhaton Paris dereng katitig tan binendrong akathah mariyem ageng ageng, sami
kapasang wonten sangajengipun kadhaton Paris, sakathahing pakabaran kakintunaken kalayan Lih
Balon, punapa malih tuwan Gambeta ingkang anitih Lih Balon sampun rawuh ing kitha Tur, sarta
salajengipun ambiwarakaken serat ingkang prayogi dhateng para tiyang ing nagari pangkrik tanah
Orleyan samun karebat malih dening wadyabala Prislan sasampunipun perang campuh dangunipun 9
jam wadyabala Prislan wau salajengipun umangsah dhateng ing kitha Amiye tuwin ing kitha Tur,
padhusunan ingkang winastan Abli tuwin Eranyi, sami kabesmi sarta wadyabala Pangkrik ingkang
dumunung sakiwa tengening lepen Lowar, katempuh lajeng piyak, jendral Garibaldhi saputranipun
kakalih sami sagah ambiyantoni nagari Pangkrik, jendral Garibaldhi wau sampun rawuh wonten ing
kitha Tur, utawi sampun kinuwasakaken anindhihi sakathahing tiyang arahan sapanunggilanipun.
Kitha Luwasong sasampunipun kabendrong laminipun ing dalem kawan dinten, lajeng kaesrahaken
dhumateng Kanjeng Raja Prislan sarta prajurit kathahipun 4000 tuwin mariyem 132 sami
kabandhang ing mengsah, kitha Kiyubrisah, tuwin kitha Sletstat asareng kinepang dene wadyabala
Prislan ananging taksih sami bongga, para tiyang ingkang sami los saking kitha Met anyariyosaken
manawi kitha Met sabawahipun sami karepotan sarta ing ngriku awis tatedhan sawarnining
wadyabala kalampahan anedha ulam kapal ing dalem sawatawis dinten tuwan Gambeta arsa
tindakan dhateng redi ingkang aran Pohesen amrenata pabarisan ingkang badhe anenggalani
mengsah, supados sampun ngantos kalanjak malih, sarta kathahing wadyabala tuwin para tiyang ing
nagari Pangkrik taksih sami tata manahipun saka amirantos dadamel tuwin sawarnining tagedhan
ing saben dinten wonten lih balon kalampahaken ambekta seratipun para tiyang ing kadahton Paris
ingkang kaintunaken sanesing panggenan lih balon wau ngembah gegana bilih katingal saking
panggenan kuwuning wadyabala Prislan lajeng kasenjata ananging boten wonten ingkang
kasangsaran lestantun dumugi purugipun.

LISAH PETROLIYUM
Kaentosanipun lisah petroliyun asring adamel bilahi, manawi mboten angatos-atos menggah ingkang
kacariyos wonten satunggiling rondha, agagriya ing Krambangan bawah Surabaya, anyepeng ples isi
lisah petroliyun kaisekaken ing lampu iwak tuwa ureb cangipun dhateng anyoloki, supados sampun
ngantos wutah, dumadakan lisah petroliyun lajeng mual lampu kaliyan ples lajeng sumyur anatoni
rondha tuwin rencangipun.

DHITSLAN
Kanjeng raja ing nagari Sakesen, karsa yasa tintang militer ageng, ingkang pinastan Grutkris
Inrihordhe punika naming pancen kasaosaken kanjeng raja Prislan Jendral ajudan jujuluk Pantilu,
kautus angladosaken dhumateng kanjeng raja Prislan ingkang dados wangsulanipun kanjeng raja
Prislan dhumateng kanjeng raja ing Saksen kawrat ing serat telegram ingkang suraos, jendral
Pantilu, ingkang dados duta jengandika, sampun anyukakaken bintang dhateng kula sabusananipun
ingkang punika sanget ing panarimah kula, bintang wau badhe kula suhun-suhun sarta badhe
andadosaken pangemut-emut, ungguling jurit kula, kabyantonan dening para pangagenging nagari
Saksen sawadyabalanipun.

BASUKI
Serat telegram pakintunan saking Basuki, anyariyosaken nalika tanggal kaping 5 wulan Dhesember
punika, ing ngrika wonten jawah awu, cemeng warnenipun antawis aking pambaledhosipun redi
Lembung.

BAB JAMPINIPUN TIYANG SAKIT MENGI


Serat ingkang katandhan raden marsiti, abdi dalem panakawan kapilih, agagriya kampung ing
Gedhongkiwa, kapacak ing pakabaran Salompret Malayu, anyariyosaken kayektosanipun jampi
mengi, ingkang kapratelakaken mas Ngabei Cakraamijaya, wadana dhistrik ing Purwareja,sarta
ingkang sampun kasorahaken ing Bramartani, Raden Marsiti anandhang sakit mengi sawatawis,
sareng maos pakabaran jampi wau, lajeng angleksanani ngombe jampi kalih gelas ageng,
kalampahan andadosaken kamayaranipun, ingkang mongka saderengipun pikantuk jampi punika,
manawi dalu boten tilem amargi watuk kimawon tuwin bilih angot boten saged lumampah kang
tebih, sareng sampun jejampi, sapunika antawis kalih tengah wulan boten gantos kumat malih,
saengga saras babar pisan ingkang punika Raden Marsiti wau angaturi ing panarimahipun dhateng
Mas Ngabei Cakraamijaya.
BANJARMASIN
Serat saking Banjarmasin anyariyosaken manawi wonten tiyang anama mas Wangkang adamel
raresah, menggah ganjaripun badhe kapacak ing Bramartani, ingkang medal ing dinten kemis
ngajeng punika.

Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran

Sangsaya kathah kang prapti, ing wong kanan keringira, kabeh samya atetakon, mokal lamun tan
anaha, sadaya samya mursa, gumujeng susunan Kudus, yen mengkono desanira. Aranana sima iki,
dene nnora nanamacan, teka ana suwarane, nulya ngastoken sadaya, desa araning sima, wus lajeng
susunan Kudus, kang arsa anatas nyawa.

Wus mangidul lanmpahe susunan Kudus, sabat pipitu tan nari, lepasing nginggil sadhawuh,
anglangkungi lepen alit, sabat siji matur alon. Luwung kendel sakedhap kula arsa nginum, sang wiku
mudha ngling baris, eh ta sabar na sireku, tan antara nulya prapti, ana kalibuthak katon. Yata kendel
ngandika susunan Kudus, nyempal pepe sarw linggih, samya ngombe sabat pitu,ngandika sang maha
yekti, iku kali pepe ayom. Nulya kendel wont4en sangandhaping pucung, katingal dhukujh ing
Pengging, babancaran pring kadulu, ageng geng kakayon asri, tuhu tilasing kadhaton. Arsa taken
mila kendel ngandhp pucung, linuding maruta ngidit, samya yem denira lungguh, sabat munggeng
kanan kering, rinubung ing rare angon. Arsa taken rare samya rubung-rubung, angadeg samya
nakeni, apa sira gendhongiku, agumriwis rare alit dadya tan antuk tatakon. Pijer dening rare atetakon
iku, apa ika apa iki, badhe binadhe puniku, samya rewange pribadi, sun badhe nei kugembol. Kang
saweneh sumatur ambadhe dudu, ana badhe layah iki, kang saweneh badhe kempul, nulya ingkang
nauri, ya gene kempul ginendhong. Kaya kekep ketara kucune nemencu, ting calemong bocah cilik,
satunggil ana sumaur, sun badhe nei kut wai, anyentak sabat kang gendhiong. Bocah iki tiing
calebung padha besu, bok dileng uwong sathithik, ing ngarahan ora mundur, malah samya
garayangi, kang anggendhong mengkot-mengkot. Yata mesem ngandika susunan Kudus, sakarepe
bocah cilik, aja na angaru-aruh, sabat siji anauri, jer rarene samya bancol. Tinakonan teka tanpa pijer
sumau, teka iker anakoni, naracak saya dalurung, karang kabancolan iki, nulya wong tuwa takon.
Sarei mikul pasangan nyangkelit pecut, cawetanira mathithing, jebobog ikete sabuk, upete merang
cinangking, rinangkep lawan sarotong. Saking kilen ningali rare arubung, samya ngrubung wong
anglinggih, jeleh-jeleh celuk-celuk, bocahe padha penyakit, jamak padhaha andhodhok. Ana uwong
alinggih padha ting jlanggrung, apa sira deleng iki, kaya saranduning mungsuh, wong linggih tan
den keringi, tak gebuka beslan mengko. Padha mire kathah samya lare guyu, susunan mesem ling
baris, paman sanya ngaru-aruh, wus jaake rare cilik, jer kakasih ing hyang manon. Nulya linggiha
seleh pasanganipun, upete merang sinandhing, ngukabi kandhutanipun, tembako aneng salepi, pak
Gondhong nyogok sarotong. Lah ta wegni besan paduka udut, susunan Kudus ling nyaris, tarima
wong sanakingsun, rika ududa pribadi, away sira walangatos. Lah ta sanak manira takon satuhu,
nggih langgare kang kaesi, punapa ggih dalemipun, kiyai agenging Pengging, kang tinaken matura
lon. Apaninggih padalemane puniku, gusti kiyageng ing Pengging, pan sampun sadasa dalu, jeng
gusti sanget prihatin, ing siyang daluneng kobong. Sadhatenge ing Tingkir denya angunggung, kang
raka kiyageng Tingkir, kadange tunggil saguru, punika mangke ngemasi, duk kala Jumungah epon.
Ngantos mangke inggih dereng metu metu, kiyageng maksih prihatin, kawula wau katemu, badhe
sabat pakne Kadim, akaten denya cariyos. Alon denya ngandika susunan Dudus, eh banget tarima
mami, ing patuturia iku, ngendi rane desa iki, kang tinanya matura lon. Inggih dhusun ing Kenayan
wastanipun, susunan lingira aris, sira liyen ngaru-aru, ingsun ingkang anyalini, gipened saure kang
wong. Nulya lajeng lampahe susunan Kudus, prapta ngandhaping kuweni, sajawining banon agung,
salering dalem puniki, kuweni wetan sakebon. Pinggir pager ler waringin naub-baud, enggoning
wong nini-nini, susunan kendeli ngriku, sabat samya nganan ngeri, samya den wangsit ingkang
wong. Lamun ana wong gumeder wekasan ingsun, bendhe tabuhen den aglis, ya ingsun arsa
lumebu, nora gawa batur siji, nini ingsun titip kang wong. Ingsun niki nini pan arsa lumebu, panggih
lan kiyageng Pengging, wong nini lon matur, kiyai saking ing Tingkir, dika medal saking kulon.
Lumastantun amendha wong anjajaluk, dumrojog ing dalem prapti, dhodhok sangandhaping batur,
para nyaine udani, sawiji mara tatakon. Lah ing ngendi omah pekenira bagus, sumaur kang den
takoni, manira hi hi ing Kudus, matura marang kiyai, pan arsa panggih wakingong. Ni Bok Cethi
nauri ing wuwusipun, kiyai lagya prihatin, tan manggihi mring tatamu, Sunan Kudus angling aris,
teka matur raden alon. Lamun ingsun caranira hyang agung, ingsun wong teka ing nglangit, bok
cethi sigra lumebu, umatur saha wotsari, saking jawining kokobong. Inggih gusti ing jawi wonten
tatamu, ngaken dutaning hyang widhi, nenggih sakng mega biru, ki gedhe lingira aris, undangen ing
ngarsaning wong. Cethi medal angawe sigra tumanduk, praptane jro dalem aglis, anguluki salami
pun, kyai ageng anglingkap samir, ing ngriki samya neng kobong. Wus sajawab tangan prasamya
alungguh, kyai geng ngandikeng rabi, rubiyah saos sagupuh, den samekta kang prayogi, kang rayi
sigra mring pawon. Sunan Kudus adhawuhaken pamuwus, eh ta kiyageng Pengging, timbalane sang
aprabu, apa kang sira karepi, ana ing jaba lan ing jro. Ana ngisor kalawan ana ing luhur, kyai ageng
lingira ris, jaba jero ngisor dhuwur, kabeh iku ngong karsani, tan bisa amilih enggon.
//Dhandhangmunya//.…../..

Lelang Ageng
Benjang tanggal kaping 16 tuwin 17 wulan Dhesember punika, ing griyanipun swargi tuwan
vandher Lindhe ing Loji wetan Surakarta.

Ingkang badhe kasade baang warni-warni,kadosta: lampu, kursi, meja, rembang, patileman, rana,
barang pecahan serpis dhahar kangge priyantun 36 sespis the, baki, basi sapanunggilanipun kadamel
saking nyerlin silaper, kareta, bendhi, kapal rakitan, saprabotipun, lapak Inggris lembu benggala,
sapedhetipun tuwin sanesing barang taksih kathah panunggilanipun.
Katandhan tuwan Linggring.

Para priyantun jawi ing tanah Gupermenan, ingkang sapriki dereng amaringi bayar pangaosipun
serat pranatan pangageman pameran, sami kula aturi angintunaken arta pambayaripun warni pos
wesel utawi amangsulaken sakathahipun serat ingkang sampun dipun tampani, medal ing pos
prangko.
Juru basa sepuh C.F.Winter ing Surakarta]

Kauningana para priyantun Jawi utawi sanesipun manawi serat pananggalan Jawi kangge ing taun
1871 ing sapunika sampun rampung pangecapipun ugi mawi serat pustaka raja, candhakipun ingka
sampun kapacak ing serat pananggalan sanesipun, bilih para priyantu wau angarsakaken tumbas
sami kaaturan angintunaken serat pos wesel menggah reginipun kados ing ngandhap punika.
Serat pananggalan mawi sekartan kaprada, regi 1 rupiay 75 sen
1 serat pananggalan mawi sekaran lugas regi 1 rupiyah 75 sen
katandhan tuwan P.F.Purneman

Kula tuwan Purneman angaturi uninga, manawi kula mentas anampeni barang warni-warni, saking
nagari Walandi, kadosta: Wadhah dalancang pirantos panyeratan, Wadhah sandhangan kangge ing
kakesahan, Gunting Enggris warni-warni, Wadhah gambar ageng tuwin alit kaprada utawi boten,
Pulas gambar sae-sae, kertas sakalangkung kathah, pethi pangarasan pepak pirantosipun tuwin
sanesing barang, taksih kathah ingkang endah-endah sarta mirah reginipun sadaya.
Katandhan tuwan Purneman

Kawuningana para priyantun manawi pangecapipun Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 1,
ing sapunika sampun dados sarta satunggal regi 2 rupiyah langkung 50 sen, dene serat Babad
ingkang ongka 2 pungkasanipun Jaka Tingkir jumeneng nata ing Pajang, antawis sawulan malih
tumunten rampung ing Mangecapipun. Para priyantun ingkang angarsakaken tumbas kaaturan
kintun serat prangko akanthi poswessel dhumateng tuwan Purneman utawi tuwan F.L.Winter ing
Surakarta

Kula tuwan Purneman angaturi uninga dhumateng para priyantun ing nagari Ngayogyakarta,
manawi mas Ngabei Atmajawirya ing Ngayogyakarta kla pitados anampeni yatra panumbasipun
serat Bramartanipun, pamalih para priyantun benjing salebetipun wulan Dhesember ngajeng punika
kenging pikantuk tumbas serat pananggalan taun 1871
Katandhan tuwan Purneman

Tuwan Purneman mentas anampeni barang warni-warni, kados kapratelakaken ing ngandhappunika.
Buk pirantos wadhah cathetan,mawi kothakan sarta kunci
Buk pirantos arta wangkertas mawi kothakan sarta konci
Buk pirantos panyeratan kangge kakesahan
Buk Notisi sae-sae, sarta warni-warni
Jidharan tembagi, pasagi tuwin gepeng, mawi tapel tembagi
Wadhah mangsi warni-warni, ageng tuwin alit damelan Inggris
Mangsi pancen kangge anerngeri barang utawi sanesipun
Gambaran kangge dolanan rare
Buk a,b,c, tuwin sanesipun ingkang sakalangkung prayogi kadamel mulang dhateng rarre.
Lei, Kangge mulang anggambar
Buk notisi kangge para tuwan ingkang maosi siti dhusun utawi para tuwan Opsinder
Buk gambar an warni-warni
Kertas warni-warni lak kalam utawi sanesipun pirantos panyeratan.
Barang punika sadaya mirah reginipun menggah sanesing barang kekathahen bilih kapratelakna
sadaya.

Kula Tuwan Sir Lo Ba To enko, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni barang warni-warni:
klambu, kurungan peksi, wadhah eis, dolanan rare, lisah wangi warni-warni, ulam Ham mertega
semen poretan paku, timah, tuwin inuman warni-warni, punapa malih ulam blek utawi sayuran eca-
eca. Katandhan tuwanSir Lo Ba To enko.

Kauningana priyantun manawi pangecapipun Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 1 ing
sapunika sampun rampung, saha para priyantun kenging pikantuk tumbas saking tuwan Purneman
tuwin tuwan F.L.Winter, ing Surakarta. Sakathahing serat kasebut ing ngandhap punika, bayar
kenceng, kadosta:
Serat babad Pajajaran regi 2 rupiyah 50 sen
Pasamuwan taun Baru regi 2 rupiyah 50sen
Wirasatipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulangipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulang olah-olah regi 1 rupiyah 75 sen
Serat katurongga kapal regi 3 rupiyah, 50 sen
Para priyantun ingkang ngersakaken tumbas sami kaaturan angintuni serat pos wesel sarta
sakathahing serat tedah kakintunaken prangko sadaya.
Ongka 53, Kemis kaping 29 dhesember 1870

Kulawisudhan tuwin Sanesipun ing ngatasing para Amtenar Walandi tuwin para priyantun Jawi.

Tuwan Y. W. Panlo, Pak Ismister Gudhang Sarem ing Kadhiri, awit saking panuwunipun kaundur
saking pandamelanipun, mawi kaparingan pensiyun.
Tuwan Y.Marterus kumis kantor ing Pakalongan awit saking sakit kaparingan wahel.
Tuwan H.Gapron tilas Asisten Residhen ing Biliton, kakulawisudha dados Algemene Pak Ismister
ing Batawi.
Tuwan P.Limser, Onderkumis Irsteklas ing Batawi, kaelih ddos Onderkumis pamupuning beya ing
Surabaya.
Tuwan Y.C.Fepperkoren Onderkumis ing Surabaya kaelih dados Pnderkumis pamupuning beya ing
Batawi
Tuwan Y.E.F.karolis kakulawisudha dados Twedhekumis Openbarewerken
Tuwan Altir, kakulawisudha dados Dherdhekumis.

NGAYOGYAKARTA
Raden Panji Jaya Permadi, Panji Prajurit Ketanggung, kakula wisudha dados Wadono Reh
Ngabeyan, menggah ingkang anggetosi dados panji Prajurit Ketangung, Raden Lurah
Mangunatmaja,
Raden Tumenggung Wirya Kusuma, Buapti anom Jawi tengen Bumiju, kakulawisudha dados Bupati
ing Nanggulan.
Mas Ngabei sonta Lesana, Mantri Kebayan Kadnaurejan kakulawisudha dados Deamng ing Dhusun
Karangmaja, tanah Gunung Kidul mawi kaparingan nama Demang Wirya Sentana.
Mas Partareja, tukang Buk ing Kantor kakulawisudha anggentosi mantri Kabayan Kadanurejan
kaparingan nama Mas Ngabei sontalesana.
Raden Sastraatmaja, magangan ing Kantor kakulawisudha dados tukang Buk.

BAGELEN
Raden Arjaseputra, Juru Serat Wadono ing Wanarata, Afdeling ambal kaundur saking
pandamelanipun dene ingkang angentosi dados juru serat raden mas Cakrawinata, putranipun Bupati
Wanasaba kaleres mantunipun bupati ing Purwareja.

SURABAYA
Mas Ngabei Sasra Adikusuma, sampun katetepaken dados Wadono kitha Surabaya, kapatedhan
balonja 250 rupiyah.
Raden Panji Natapura, Wadono dhistrik ing Gunung Kendheng, katetepaken dados Wadono kitha
Surabaya, menggah pangkatipun Wadono dhistrik ing Gunung Kendheng ing mangke taksih
lowong.

Punika candhakipun cariyos perang

PANGKRIK
Kanjeng Pangeran Federik Karel amratelakaken manawi kathah wadyabala Pangkrik anempuh
wdyabala Prislan ingkang wonten antawising panggenani winastan Montarsi tuwin ing
Pingtipingyer, wadyabala Prislan tumunten akumpul sarta santosa anggenipun anenggalani punapa
mlaih wadyabala Pangkrik kathah ingkang sami kapikut, menggah wadyabala Prislan ingkang
katiwasan 1000 wondene pakabaran saking nagari pangkrik anyartisaken manawi wadyabala Prislan
wau kalindhih mundur perangipun sarta kathah ingkang katiwasan, panembahipun wadyabala
Pangkrik punika angangkah angsala margi medal saking pontinabel anjong dhateng ing Kadhaton
Paris, Jendral Bursaki kinuwasakaken anindhihi wadyabala Pangkrik bageyan Korep Sangalas.
Wadyabala Pangkrik ingkang wonten salebeting kadhaton Paris sampun rambah-rambah amedali
rana, ananging sami katitih lajeng wangsul malih prajurit ignkang kabandhang kathahipun 1600
dene wadyabala Prislan namung 200 ignkang anandhang sangsara. Wadyabala Pangkrik ingkang
sisih ler, anggenipun pacak baris ing mangke anglerek dhateng ing Aras, menggah ingkang
dumunung ing sacelakipun lepen Lowar, kasor perangipun lajeng mundur, kathah ingkang pejah,
sarta prajurit, 1700 ingang sami kabranan, punapa malih wadyabala ing kadhaton Paris sami
anempuh saking sisih ler tuwin wetan, ananging kedah katitih sarta mundur malih, sanadyan
makaten wadyabala Pangkrik wau tansah amedali perang lajeng angejegi panggenan winastan Suwa
tuwin Eperni, sarta jendral Dhukro ing mangke sampun anglangkungi lepen Maren
sawadyabalanipun, linampahan perang brubuh wonten ing panggenan winastan Sampinyi, ing Briye,
tuwining Pilpiler Surmaren, wadyabala Pangkrik boten mingset saking pabarisanipun sartas santoa
anggenipun anenggalani, enjingipun malih perang punika taksih kadugekaken.

Serat pakabaran saking nagari Prislan amratelakaken kathahing wadyabala Prislan ingkang
katiwasan utawi ingkang sami pejah, kadosta: Ingkang pejah, para Opsir 522 kalebet jendral 2
prajurit 7675: Ingkang kabranan para Opsir 1553 kalebet jendral 7 prajurit 32945: Ingkang ical
boten pinanggih opsir 13 prajurit 5860: sadaya ingkang kasangsaran gunggung opsir 2088 prajurit
46480. Wadyabala Pangkrik ingkang kapikut sami kaprenahaken salebeting beteng 21 ing nagari
dhitslan kapratelakaken kados ing ngandhap unika: Ing Konengberhen 1210, ing Grandheri 330, ing
Toren 1300, ing Dhansih, 1030, ing Setetin 11950, ing Kuntrin 890 ing sepandhu 3310, ing
Mahdhenbureh 11170, ing Enpuret 6800, ing Witenbereh 4730, ing Torhu 4000 ing Glogu 8000, ing
Posen 5800 9ing Kosel 2000 ing Nise, 5600 ing Glat, 500 ing Koblen 11400, ing Kulen 10000 ing
Mindhen 5000, ing Wesel, 5000 gungungg sadaya 110.020.

Pakabaran saking kitha Met, anyariysoaken manawi wonten sasakit bageblug tiyang, utawi sasakit
ambah-ambahan kekawan sangsaya wewah, ingsacaketipun panggenan kukuwuning wadyabala,
wonten kewan pejah kathahipun langkung saking 200 menggah pejah ing kewan akaliyan
pametakipun, enggal anggenipun pejah, margi kenging sasakit wau.

Punika candhakipun cariyos Babad Pajajaran.

Sunan Kudus pan lajeng tumuli, kuneng kyai ageng sinarita, layone sampun sinare, lor wetan
dalemipun ingkang garwa langkung prihatin, ilar putra satunggal, wayahe cumucut, sasampuning
pitung dina, ingkang garwa kiyageng nusul ngemasi, tinunggilen kang raka. Mas Karebet pan
ginanti- ganti, ingkang gadhuh sadaya santana, pinrih eca ing manahe, yata susunan Kudus, kang
pinarna ing Demaki prapti, katur sasolahira, pratingkahing ngutus, suka sang nateng Bintara, tata tita
sawuse alami-lami, susunaning Bintara. Apuputra nenem kathah neki, estri satunggal kang jalu
gangsal pangeran ing Sarbrang Eler, punika ingkang sepuh, krama antuk ing Prata naragi, Bathara
katong ika, ingkang ngambil mantu, panenggak den mas Trenggana, ingkang rai Pangeran Seda ing
kali, lan pangran kandhuruwan. Raden Pamekas kang rayi estri, wusa krama lan Carebon ika,
panembahan bisikane, sinuhun Bintareku, cinarita pans ampun lalis, ingkang gumantya nata, putra
ingknag sepuh, pangeran Sabrang ler ika, tan alami gumantya nulya ngemasi, sinare tunggil rama.
Raden Trenggana jumeneng aji, ing ngestrenan prawali sadaya, sultan Demak bisikane, pangulu
sunan Kudus, papatiye pan milya salin, patih Mangkurat pejah, anake jujuluk, kyna patih
Wanasalam, Kuneng Demak ing Pengging winuwus malih, mas Karebet punika. Wanci umur ing
sadasa warsi, langkung pekik ing suwarnanira, wingit asedheng dedege, bagus sarira lurus, jaja
wijang turut aramping, cahya lir ondakara, mangsane katelu, emane wagu ing solah, mas Karebet
karem marang wong angringgit, asring ngenger dhahalang. Sentanane pan angres sami, mas Karebet
pinrih ecanira, kinendelan sapolahe, wayah wus bisa macul, kang winus nyai geng Tingkir, marang
Pengging semana, sedyane puniku, mring putrane arinira, denira wus rama ibu angemasi, nyai ing
Pengging prapta. Mas Karebet anulya pinanggih, tinagisan marng ingkang uwa, sanak sanak
sadayane, samya anglut amuwun, kathah-kathah karatong galih, nyai geng Tingkir mojar, adhuh
sanakingsun, sun jaluk sukaning padha, anakira iya sun gawa mring Tingkir, sadaya tur sumongga.
Wus binekta ki Jakamring Tingkir, prapteng Tingkir pan dinama-dama, den unggul paripolahe, nyai
geng Tingkir iku, pan keringaning kanan kering, tilase ingkang raka, pan sinuhun suhun, pinundhi-
pundhi macapat, mas karebet angalih ki Jaka Tingkir, wontening Ngardipurwa. Nanging akarem
saba ing sepi, jurang-jurang pereng pagunungan, yen dalu nginepe pereng, aremen turu gubug, tegal
tegal ingknag ngasepi, pan amrih kadigdayan, wekasing tumuwuh, kagunan kaprawiran, amrih
dibya ing wijaya wijayanti, aneh lan rare kathah. Ingkang ibu langkung aprihatin, lama-lama putrane
diwasa, agung sabawana bae, asipeng siyang dalu, malah kongsi ing pitung ratri, kang ibu langkung
susah, semana duk rawuh, ingkang putra tinangisan, sira kulup apa ta sedyanireki, anggung
sipenging wana. Away sipeng aneng wana maalih, kulup kuwe rasaning tyas ing wang, tan ana sun
dulu angger, balik ta sira kulup, apa ingkang sira karsani, gusti amumundhuta, ing sapantesipun,
wong dama meskin sarwana, tilarane iku wakira duk swargi, away gung turu wana. Lamun sira
remen dhewe gusti, nora remen sira sabawisma, aran anpa panangger, iya miluwa macul, marang
baturira tan gusti, wong roro tunggu gaga, iya anenungkul, lan ana sun arsa-arsa, ingkang putra sigra
denya mundhut wangkil, anusul mring pagagan. Pagagane sawetaning kali, nusul marang rencange
buira, kakalih juru sawahe, sadina nora mantuk, santri kalih mantuk abukti, wanci sawuse sangarsa,
ririse atedhuh, jeng sinuhun Kalijaga, saking kidul lalampahe ambekta ecis, saking nging
Pamancingan. Nguwuh-uwuh saking jaban gagi, lah ta kulup sira marenana, Ki Jaka anoleh age, pan
sira bakal ratu, kang amengku ing tanah jawi,ngur sira, suwitaha, maranf Demak kulup, ing kono
dadya jalaran, sigra wau alajeng sinuhun kali,angaler sampun lepas. Pan ki Jaka wau aningali, dupi
sampu let kaligya musna, ki Jaka anulya muleh, matur mring ibunipun, ibu wonten wong langkung
gagi, sarwi nguwuh mring kula, eh muliya kulup, away karem neng papagan, suwita amarang ing
Demak nagari, pan sira bakal nata. Ingkang ibu alon tata nyaris, iya kulup dedege kayapa, ingkang
nguwuh-uwuh kuwe, kangputra lon umatur, ragi inggil dedegereki, wulung rasukanira, kulukipun
wulung, kang ibu alon ngandika, yen mengkono iku ja susunan Kali, nyawa sira turuta. Olih
sabdaning pandhita yekti, sira kulup kinen suwitaha, iya marang Demak age ana pamanireku,
asuwita prabu ngawanti, luluh rah suranata, arane ki Ganjurya iku sundhulaning wang, jujuluke
kang putra panden tuturi, sawengi kongsi telas. Duk lagya arsa amangkat sang pekik,pan kapalang
ingkang ibu gerah, dadya kendel ing karsane, nulya nyai geng lampus, kyai Jaka langkung prihatin,
sedane ibunira, siniraman gupuh, sinare tunggil kang raka, yata wau ki Jaka Tingkir gung kingkin,
tansah angroning kamal.

Dene tan tutuga wuknya, kaselak kang ibu lalis, genya ing ngemong ibunya, tinilaring yayah bibi, ki
Jaka langkung kingkin, sasedanira kang ibu, dene dereng akrama, mila sanget agring kingkin, dadya
sira ki Jaka amati raga.
Serat Pakabaran saking nagari Inggris, amratelaken pitunanipun kadhaton Paris, bilih kalampahan
risak binendrong kawatawis kathahipun 311.700.000, Ponsterling, utawi 8740.400.000,- rupiyah,
menggah pitunan punika kaetangrisaking para griya 1852.200.000 rupiyah, warni barang bekakas
utawi sanesipun, 926.100.000, warni barang gagramen sapanunggilanipun 926.100.000 rupiyah.

Pambendrongipun kitha Setratbereh, laminipun tigangdasa dinten, wadyabala Prislan anggenipun


angungelaken mariyem langkung kaping 200.000 menggah regining sadawa tuwin mimis, kairid
saking alit utawi agenging mariyem, katapsir langkung 12 yuta prang, sa rang punika 47 sen, dene
pitunanipun ing ngatasing raregening griya kaliyan barang warni-warni, awit saking karisakan,
saantawis 50 yuta prang, para tiyang ingkang pejah tuwin kabranan 2500. Nalika kitha Setratbereh
wau kabendrong, wonten sawijining prajurit Arteleri, angatingalaken saenin glampahipun mariyem
Prislan, mariyem punika kalesaken ing mustakanipun gareja, tebihipun 2000 elo, ing kasapisan
angsal sangganipun mustaka warni bal, kang kaping kalih angengingi mustakaning gareja wau.

BANJARMASIN
Nalika tanggal kaping 3 wulan Dhesember punika, baita kapal latu winastan Willbut, sampun
mangkat dhateng nagari Jawi, wondene baita kapal latu anama Kinenbrehen, kalampahaken dhateng
Alalag, tuwin baita latu Sinranah, amebkta sawatawis militer mudhik ing lepen Barita, kautus anitik
panggenan ing ngriku, ananging baita kapal latu kalih wau sampun wangsul tanpa damel. Kala
tanggal kaping 7 taksih nunggil wulan punika, baita kapal tatu kanamanan Onrus kapatah dhateng
Marabahan angulari baita ingkangasring ambebegal wonten sawijining baita amomot tetedhan
warni-warni, darbekipun satunggiling Cina, kabajag tatelasan sadaya, punapa malih sanesing baita
sawatawis amanggih kasangsaran ingkang mekaten punika. Ing wanci sonten angrinakaken tanggal
kaping 9 ugi wulanpunika, para militer ing sedalu muput amirantos sadaya, awit wonten
pawartosipun mas Wangkang, badhe anglantak dhateng ing Banjarmasin malih, ananging boten
kalampahan, antawisipun mas Wangkang, sampun andugi bilih badhe kapethukaken wadya dharatan
tuwin lautan.

Satengah Bataliyun bageyan 13 nalika tanggal kaping 11 wulan punika sampun dhateng ing
Banjarmasin, andadosaken suka bingahing para tiyan ging ngriku, amargi saestu badhe ambyantoni
sarta anyirnakaken mengsah, ing sakawit kawatewis namung kalih kumpeni ingkang dhaeng mila
ngantos kirang panggenan ingkang satunggil kumpeni kaprenahaken griya pamulangan walandi,
sanesipun kadunungaken griya los, sadinten wau wanci jam 4 sonten baita kapal serang anama
Bangkah, amudhik ing lepen Barita, salajengipun badhe umagut dhateng Marabahan, ambyantoni
paperangan ingkang kawtawis kalampahan, awit para brandhal manggen wonten sakiwa tengening
marabahan kumpeni ingkang mentas dhateng wau pancen badhe kaangsahaken, ing panggenan
ngriku, tuwan Opeste, sekoles ingang nindhihi kumpeni wau, menggah cariyosipun ing lalampahan,
ing tembe badhe kapratelakaken. Sawarnining brandhal kalereyanipun mas Wangkang antawis
kathahipun 600 menggah balaning anakipun Surapati cacahipun 1000 pakabaran sanesipun saking
para tiyang, ingkang sami numpang baita Milbut, anyariyosaken bilih lurahipun ing marabahan,
kaprenah ipenipun Mas Wangkang, kapundhut lumadosa ing parentah, manawi boten kalampahan
mekaten sakathahing griya marabahan badhe katunu sadaya.

SUTAANA
Selaminipun ing Banjarmasin wonten raresah, Sutaana wau ingkang dados lulurahing Sihong
amratelakaken tatemenanipung lelabetipun dhumateng Kanjeng Gupremen, mila kalebet prelu bilih
anyarytisaken bab lalampahanipun Sutaana, ingkang anglurahi para tiyang Dhayak ing Sihong, ing
Pate, ing Telang, ing Maratawa, ing Klara, ing Balawa, ing Dhayu, tuwin ing Paku, Sutana wau kala
rumiyin sampun katrimah anglabeti kumpeni, nalika mundur medal ing lepen Ayu, Sutaana
sabawahipun sami damel gethek, ingkang katumpakan para kumpeni, nalika wonten lepen Sayu wau
badhe katukup ing brandhal, ingkang katindhihan dening antasari, tuwin Surapati, Sutaana
sabawahipun sami angayomi sarta lalabeting pejah, sakeh rehipun Sutaana watawis langkung 200
ing nalika semanten sami kinayiyaya dipun pejahi ing mengsah, para kumpeni wilujeng dumugi ing
Mengkatib, ele sawatawis dinten gethek tumpakaniing tiyang bawahipun sutaana katingal
Kuthahrah, keli sakiwa tengening panggenan wau, sutaana nuju sendhen saiwjining wit-witan caket
ing ngriku, sarta amawas ilining toya lepen Barita, saengga angajeng-ajeng banggening
kalereyanipun, ingkang sami pejah Sutaana boten kendhak manahipun, anamung ingkang dados
sumlangipun bilih mantuk dumugi ing griya, amiyarsakaken sesambating anak rayatipun para tiyang
ingkang sami lina.

Saunduripun para kumpeni ing nginggil wau Antasari tuwin Surapati sami sumpah, badhe amales
ukum dhateng Sutaana kanggenipun purun-purun labuh ing kumpeni, sarta anglanjat ing bawahipun
Sutaana, sumedya anumpes turunipun, bilih bilih Antasari tuwin Surapati saestu anglaksanani
pamalesipun dhateng Sutaana, tetela ing tembe nbalika kaperang wonten ing Pager, tuwin ing
Ramoniyah, muila militer 30 mawi dadamel sanjata utawi mariyem 1 kapatah anjageni sabawahipun
Sutaana, supados sampun ngantos katemapuh ing mengsah. Kala samanten para kumpeni sumerep
kala kuanipun Sutaana, nalika taun 1861 piyambakipun umur kirang langkung 30 taun, menggah
dedegipun pideksa katingal rosa, sanadyanna Sutaana angangge ubed-ubed kulikaning kakajengan
saengga cawet, kados sabesinn tiyang Dhayak, inggih katawis piyambakipun yen ingknag dados
lurah, awit kacihna saking semu polatipun, Sutaana terampil wicanten tembung malajeng, sarta
sampun tebela bilih terang budinipun, manawi panuju wonten para padu, sami anglampahi ing
pamancasipun Sutaana, sarta sampun misuwur ing pundi-pundi, punapa malih sutaana kineringan
ing sabawahipun sadaya, sanadyan tiyang Dhayak kathah ingkang samipejah, nalika prang wonten
ing lepen Ayu wau, kalereyanipun Sutaana, sami anglampahi punapa ing saparentahipun, Sutaana
nalikanipun badhea angsahaken perang mengsah Antasari malih, tuwin wonten panggenan winastan
Tongka, kathah tiyang dhayak ingkang sami kadugi anglabuhi, kalampahan ngantos wonteningkang
kawangsulaken, supados sampun kikirangan ingkang badhe anenggalani wonten ing bawahipun.
Salaminipun mudhik lepen Montalab, Sutaana sakrehipun wonten ing ngajegnan, manawi wonten
mengsah dhelik sangandhaping wit-witan, bilih tumandang angedrel Sutaana lajeng mengsah.

Lelabetipun Sutaana ingkang sampun kacariyos ing nginggil wau sadaya, katrima ingkanjeng
gupremenh, sarta kaganjar warni Urlosi tuwin medhali sami salaka, tuwin Sersepek, ingkang wau
ngasta paprentahan ing Banjarmasin, anggalih badhe anganjar dhateng Sutaana, awarni dadamel
wionastan Madhu, mawi binalongsong jene, tuwin prabot sapangadeg, ananging Sutaana boten
kadugi anameni, menggah wangsulanipun mekaten (kadamel punapa kula angangge prabot ingkang
pelag, ingkang boten kaprah ing panganggenipun bongsa kula, ingkang mongka kula ngangge
ingkang mekaten kemawon para ereh kula sampun sami trang nyumerepi dhaen ging kula, mila kula
boten kadugi tampi sarta lintu pangangge), anjawi manawi perang angrasuk kamsul kadekekan
kancing balung ing sak langkung kathah, prelu ingkang kangge anulak pasering mengsah ingkang
mandos, rasukan kamsul wau kadamel saking kulikaning kekajengan, manawi tiyang dhayak
angrenggep tameng kajeng ing tanganipun kering, ingkang kanan nyepeng dadael mandhu, punika
sampun katingal amumpuni kaangsahaken ing perang, para tiyang dhayak namung sawatawis
ingkang darbe sanjata ingkang awon, sarta awis ingkang bangkit anyenjata.

Sareng wonten pawartosipun mas Wangkang abalila ing kanjeng gupremen, sarta milir dhateng
marabahan, Sutaana sabawahipun ugi lajeng umagut abyantoni tuwin anyirnakaken mengsah.
Raden Lurah Mangun Atmaja, abdi dalem lurah punakawan Bedaya Purwaretna, ing nagari
Ngayogyakarta, samangke anampeni kanugrahan ingkang sampun kalebet tekdiripun sarira
piyambak alantaran saking sih dalem ingkang sinuhun Kanjeng Sultan ingkang jumeneng sak
punika, karsa dalem raden lurah Mangun Atmaja wau kinulawisudha dados abdi dalem lurah prajurit
katanggung, kaparingan nama Raden Panji Jaya wilaya, mawi kapatedhan lenggah sabin 2 jung,
bayar 10 ruiyah ing saben wulan denten anggenipun tampi sih dalem punika,jalaran saking
angggenipun wekel sarta mungkul wonten ing ngarsa dalem nalika dados abdi dalem lurah
punakawan bedhaya purwaretna, ing dalem sakawan taun boten kirang satunggal punapa, wondene
nalika wiyosipun sih dhawuh dalem wau, kala ing wulan Siyam tanggal kaping 10 ing taun Dal
angkaning warsa 1799. Katandhan dening Kridhamardhawa

Serat sakig Mas Sajaya, sampun katampen, ananging boten badhe kapacak ing Bramartani, awit
pamancasipun bablepating dinten kalairanipun Jaka Tingkir, punika dereng mesthi kenging
kaanggep, dene mas Sajaya kagungan babad Pajajaran ingkang kagalih leres utawi cecek
cariyosipun kula aturi angagem piyambak, manawikula bogen pisan sumedya anulad babad sameyan
mas Sajaya, ingkang punika sampun dadosaken rengating panggalih. Redhaktur F.L.Winter.

Kula tuwan Ferdinan Pohel ing Balaban Surakarta, sagah ajampeni kapal sakit menggah wragadipun
kamurwat punapa ingkang dados sakiting kapal wau
Tuwan Ferdhinan Pohel

Kula tuwan Loran tukang gambar sorot ingSurakarta, angaturi uninga, manawi kula ing saben dinten
sagah agambar, menggah wragadipun katamtokaken kados ing ngandhap punika
12 iji gambar regi 10 rupiyah
6 iji gambar regi 5 rupiyah

Para priyantun jawi ing tanah Gupermenan, ingang sapriki dereng amaringi bayar pangaosipun serat
pranatan pangageman pameran, sami kula aturi angintunaken arta pambayaripun warni pos wesel
utawi amangsulaken sakathahipun serat ingkang sampun dipun tampani, medal ing pos prangko.
Juru basa sepuh C.F.Winter ign Surakarta]

Kauningana para priyantun Jawi utawi sanesipun manawi serat pananggalan Jawi kangge ing taun
1871 ing sapunika sampun rampung pangecapipun ugi mawi serat pustaka raja, candhakipun
ingkang sampun kapacak ing serat pananggalan sanesipun, bilih para priyantu wau angarsakaken
tumbas sami kaaturan angintunaken serat pos wesel menggah reginipun kados ing ngandhap punika.
Serat pananggalan mawi sekartan kaprada, regi 1 rupiyah 75 sen
1 serat pananggalan mawi sekaran lugas regi 1 rupiyah 75 sen
katandhan tuwan P.F.Purneman
Kawuningana para priyantun manawi pangecapipun Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka
1,ing sapunika sampun dados sarta satunggal regi 2 rupiyah langkung 50 sen, dene serat Babad
ingkang ongka 2 pungkasanipun Jaka Tingkir jumeneng nata ing Pajang, antawis sawulan malih
tumunten rampung ing Mangecapipun. Para priyantun ingkang angarsakaken tumbas kaaturan
kintun serat prangko akanthi pos wessel dhumateng tuwan Purneman utawi tuwan F.L.Winter ing
Surakarta

Kula tuwan Purneman angaturi uninga dhumateng para priyantun ing nagari Ngayogyakarta,
manawi mas ngabei Atmajawirya ing Ngayogyakarta kula pitados anampeni yatra panumbasipun
serat Bramartanipun, pamalih para priyantun benjing salebetipun wulan Dhesember ngajeng punika
kenging pikantuk tumbas serat pananggalan taun 1871
Katandhan tuwan Purneman

Tuwan Purneman mentas anampeni barang warni-warni, kados kapratelakaken ing ngandhap punika.
Buk pirantos wadhah cathetan,mawi kothakan sarta kunci
Buk pirantos arta wangkertas mawi kothakan sarta konci
Buk pirantos panyeratan kangge kakesahan
Buk Notisi sae-sae, sarta warni-warni
Jidharan tembagi, pasagi tuwin gepeng, mawi tapel tembagi
Wadhah mangsi warni-warni, ageng tuwin alit damelan Inggris
Mangsi pancen kangge anerngeri barang utawi sanesipun
Gambaran kangge dolanan rare
Buk a,b,c, tuwin sanesipun ingkang sakalangkung prayogi kadamel mulang dhateng rarre.
Lei, Kangge mulang anggambar
Buk notisi kangge para tuwan ingkang maosi siti dhusun utawi para tuwan Opsinder
Buk gambar an warni-warni
Kertas warni-warni lak kalam utawi sanesipun pirantos panyeratan.
Barang punika sadaya mirah reginipun menggah sanesing barang kekathahen bilih kapratelakna
sadaya.

Kula Tuwan Sir Lo Ba To enko, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni barang warni-warni:
klambu, kurungan peksi, wadhah eis, dolanan lare, lisah wangi warni-warni ,ulam Ham mertega
semen poretan paku, timah, tuwin inuman warni-warni, punapa malih ulam blek utawi sayuran eca-
eca. Katandhan tuwan Sir Lo Ba To enko.

Kauningana priyantun manawi pangecapipun Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 1 ing
sapunika sampun rampung, saha para priyantun kenging pikantuk tumbas saking tuwan Purneman
tuwin tuwan F. L. Winter, ing Surakarta. Sakathahing serat kasebut ing ngandhap punika, bayar
kenceng, kadosta:
Serat babad Pajajaran regi 2 rupiyah 50 sen
Pasamuwan taun Baru regi 2 rupiyah 50sen
Wuwulangipun tiyang estri regi 2 rupiyah 25 sen
Wuwulang olah-olah regi 1 rupiyah 75 sen
Serat katurongga kapal regi 3 rupiyah, 50 sen
Para priyantun ingkang ngersakaken tumbas sami kaaturan angintuni serat pos wesel sarta
sakathahing serat tedah kakintunaken prangko sadaya.

You might also like