Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 361

Angka 1, 3 Januari 1867

Kathah tiyang andarbeni panuwun kekah dhumateng kanjeng Guperne-


men, supados kagungan karsaanamtokaken timbangan dhacinansabab
par Cina anggenipun anyadeni gendhis tuwin barang sanesipun
dhateng titiyang ingkang sami tumbas, panimbangipun kaliyan
dhacinan ingkang boten leres ing dalem sadacin apesipun kiranging
sakawan katos.
=======================================

Wonten pawartos saking Samarang, bilih benjing ing salebetipun


wulan April taun ngajeng punika, margining kareta asepingkang
badhe anjog ing nagari Surakarta tuwin Ngayogyakarta, wonten
sawatawis ingkang badhe sampun kenging kangge ing lampahipun para
tiyang ingkang kakesahan anumpak kareta asep wau, samanten punika
namung saweg dumugi ing Tanggung, tebihipun saking Samarang 25
pal mil.
=======================================

Wonten tiyang estri satunggil asli ing tanah Armeni, griyanipun


ing dhusun caket kaliyan pasiten anama Ismid tanah Nikomedhin
punika nalika nalika laki umuripun, 30 taun salajengipun angsal
anak pitu, lami-lamigadhah putu cacahipun 66 putu samanten punika
ingkang sampun emah-emah, 21 dumugi sapriki angsal anak, 12
ingkang jaler satunggil kala taun ingkang kapengker punika inggih
sampun darbe anak jaler satunggal dados tiyang estri ing nginggil
wau sauiunika sampun umur satus taun ameningi canggah satunggil
inggih punika putuning putunipun jaler salah stunggal wondening
tiyang sadaya wau ing mangke sami tatunggilan sagriya.
==================================

Ing ngandhap punika cariyos bab setyaning kapal,


Ing panggenan pakendelan tanah ing Breslo kadhatengan angkatan
pasakitan sami bongsa Osterik ingkang badhe kaantukaken dhateng
nagarinipun, boten dangu lajeng kadhatengan angkatan Dragonder
sami bongsa Litau, wonten Dragonder satunggil malih ingkang
nunggil kaliyan bongsa Osterik wau, nalika prang wonten sacaketi-
pun tanah Nako; awit saking kataton sanget adhawah saking kapal,
kapalipun lajeng kenging kabandhang dhateng tiyang bongsa Prusen
ulesing kapal dhawuk arta warninipun sakalangkung sae, panuju
kapal punika tatunggilan kaliyan kapalipun Dragonder bongsaLitau
ing nginggil wau, Dragonder bongsa Osterik boten pandung dhateng
tilas kapalipun, sareng anyeluk namining kapal Dhariyus kapal
lajeng anjepiping kupingipun tuwin ambengingeh saking bingahipun,
sanalika Dragonder Osterik amireng bengingehipun kapal lajeng
amurugi sarta angrangkul dhateng kapal punika, wondening kapal
inggih tumunten andilati tangan tuwin rainipun Dragonder, meng-
gah Dragonder wau sagedipun pisah saking kapal awit kapeksa ing
kathah, sareng ngajengaken pisahan Dragonder angambungi gulu
tuwin bathukipun kapal mawi ambrebes mili, wondening kapal ken-
gingipun kasarehaken dangonipun ngantos sajam.
=========================================

Wangsulanipun wigya panitisastra dhateng Danasatata.


Kula sampun maos seratipun Danasatata, suraosipun suka leleresan

ing prakawis udur.........................


Ing mangke kula angaturaken panrima sanget dhateng Dana Satata,
pamuji kula, mugi-mugi lestantuna ing salami-laminipun anglampa-
haken leres, boten ilon-ilonaken saben kula kaliyan Abdulatip.
Dana Satata murih kendelipun anggen kula angraosi bab kasagedani-
pun Raden Panji Puspa Wilaga tuwin Raden Ngabei Ranggawarsita,
dene manawi kula tuwin Abdulatip boten purun kendel, badhe salin
mengsah.Punika wangsulan kula pitembungan ingkang kados punika,
sayektosipun kabentaren, ewadenten kula tansah amumuji in g
lestantuning wontenipun leres, awit leres punika ingkang kula
upadosi. Tiyang angraosi bab kasagedanipun tiyang, punika pangra-
os kula, boten wonten awonipun, anjawi manawiangraosi bab bodhon-
ing tiyang, lah punika kenging kawastanan awon, leres ing ngajeng
kula ragi maiben dhateng asagedanipun raden Ngabei Ronggawarsita,
ananging wonten sababipun kados ingkang sampun kula pratelakaken
kala rumiyin, ingkang anyariyosaken bab kasagedan wau, punika
dedebongsa kasusastran, mila kalampahan kula amacak serat wonten
ing Jurumartani, amargi saking boten pitados kula dhateng cariy-
osing kaji.
Kula punika inggih remen dhateng leres, dados condhong kaliyan
sampeyan, manawi kula lepat, inggih badhe anarimah sapeyan lepa-
taken amboten pisan-pisan sakita ing manah.
Sampeyan ngandika, bilih sampun asring-asring apitaken utawi
anedha leres bab maknanipun tembung jawi sarta kawi dhateng Raden
Panji Puspawilaga tuwin raden Ngabei Ronggawarsita, lajeng ka-
serepaken patitis tuwin kanthi renaning manah, punika kula boten
maiben, awit bok manawi pitaken sampeyan sampeyan bab samukawis-
ingkang sampundipun serepi, mila prayogi manawi sampeyan apita-
kena samukawis ingkang sampun dipun serepi wau, pujongga punika
rak boten sumerep dhteng kasagedan sadaya, manawi sampeyan api-
taken samukawis ingkang dereng dipun sumerepi, amesthi badhe ical
patitisipun.
Menggah pangandika sampeyan punapa Abdulatip kaliyan wigya pani-
tisastrabadhe anjajagi kasagedanipun Raden Angabehi Ronggawarsita
tuwin Raden Panji Puspa Wilaga, wangsulan kula bilih Puspawilaga
sampun jajag, ingkang sapisan jajagipun wau awit saking repooting
pandamelipun pitembungan ingkang taksih anelakaken remenipun
dhateng panggunggung tuwin gegenthungan dados boten timbang
kaliyan kasagedanipun, tiyang sampun kula aturi bedhami saha
panrima kok lajeng mongkok, saha amedalaken pitembungan ingkang
boten kenging katumrapaken dhateng sariranipun, kula samongga ing
sampeyan Mas Dana Satata, punapa kula lepat punapa leres.
Raden Ronggawarsita pangraos kula sampun unggul, katitik saking
dadamelanipun serat ingkang kalebet ing seratpananggalan 1866
tuwin 1867 sanadyan serat punika dereng kalebet ing dadamelanipun
pujongga, ewadenten ukaranipun sae saha urut, sanes sangetkaliyan
dadamelanipun serat Raden Panji Puspa Wilaga, taksih malenceng-
malenceng, bok manawi awit saking sampun sepuh, dados kathah
kasupenipun.
Wasana kula rumaos badhe angsal bathi, manawi Raden Ngabei Rong-
gawarsitalestantun karsanipun, anglimrahaken dadamelanipun serat
anggitan, kados ingkang sampun kapacak wontn ing serat panangga-
lan wau, dene raden Panji Puspawilaga inggih makaten ugi, kula
badhe angsal bathi awit saking anggenipun anglimrahaken kojah.
Katandhan Wigya Panitisastra

==========================================
Wangulan cekak dhateng anpa wigya
masih ada sambungannya...................................
Sambetipun wangsulan kula dhateng Danasatata
Mila kula boten eram dene Danasatata taksih kodheng bab panjar-
waning pitembunganipun eyang kula, sabab eyang kula amung sumeja
jajagi kalantipaning budi, dene wonten ungel-ungelan malih ing-
kang nyameni, kados ta ingkang kasebut ing ngndhap punika:
Wong Samarang pada goroh, aku kalebu wong Samarang, mulane aku
iya goroh, ananging awit aku goroh, dadi wong Samarang ora goroh,
yen wong Samarang ora goroh aku iya melu ora goroh, amarga aku
kalebu wong Samarang.
Punapa mas Dana Satatasampun dhameng pitembungan kula punika,.
Mas Dana Satata gadhah paribasan malih, ujaripun makaten: Sagawon
ingkang anjegugi rembulan mawi apitaken punapa kula sampun sumer-
ep tegesipun, wangsulan kula inggih sampun mas, wondene maknani-
pun paribasan wau, tiyang ingkang anglampahi padamelan ingkang
tanpa paedah, kadosta pangancem-anceming mas Danasatatadhateng
kula, sampeyan amastani, bilih kula boten sumerep tegesing
paribasan wau, dados kasagedan kula kathahipun utawi agengipun
namung beras saelas, wangsul rereng kula sampun dhamang, kasage-
dan kula inggih taksih beras saelasananging katumpa-tumpa, rak
inggih makaten ta mas, ing wusana kula badhe pitaken sababipun
dene kula sampeyan tunggilaken akaliyan wigya panitisastra,
punapa dede kula ingkang anjawabaken raden panji Puspa wilaga,
tuwin Raden Ngabei Ronggawarsita, ngantos kawastanan cathok
gawel punapa dene kula ingkang nganggep pujongga dhateng priyan-
tun kalih wau, ngantos kawastanan agahan, punapa dede kula ing-
kang rumaos leres anggen kula angrabat suwala akaliyan wigya
panitisastra, ngnatos kawastanan Jurumaos leres, ing wusana kula
katarka dhateng Danasatata, angina priyantun kakalih punika wau.
Wondene bab pitembungan kula yen Raden Panji Puspawilaga mentas
ing pulo Nopasembelah, tuwin sampun nate tindak dhateng tanah
Prangkrik Dhitslan sapanunggilanipun punika rak saking pamireng
kula kemawon, kados ingkang sampun kula aturaken, wondene anggen
kula papanggiyan kaliyan raden Panji Puspa /wilaga wongten ing
puspanagaran punika leres, mila kula lebetaken ing serat Jurumar-
tani, boten manawi raden Panji Puspa wilagalajeng sumerep sinten
ingkang gadhah tondha asta;
Abdullatip, Juru Rumaos leres.
=========================================

Panuwun kula ing Panjenenganipun wadana ingkang mangarang srat


Jurumartani, serat kula ingknag kasebut ngandhap punika, mugi
kersa amacak minongka atur panjurung kula.
Kula aningali seratanipun Danasatata: ing Surakarta, ing serat
Jurumartani; Kemis kaping 20 Dhesember 1866, ongka 51 tembung
pamisah, pasulayanipun priyantun kekalih, wigya panitisastra,
kaliyan Abdulatib, suraosing serat pamisah, langsung sedhep wilet
kathah prasajanipun, ing mangke kula saya awas, yen priyantun
Surakarta punika ; estu sami waged-waged, katawis anggenipun
ngetrap ukara, sanes kaliyan karaning nagari kang amonca, boten
langkung kula namung amumuji ing Subkanaula, mugi-mugi karatn
dalem Surakarta, lestantunkanggenan para abdi kang tinitah lan-
tip-lantip ulah kasusastran, punika andadosaken luhuring karaton-

dalem gusti kula ingkang sinuhun, lajeng ssusuhunan ing Surakar-


ta, nyata teksih wonten tandhanipun tilasing ratu binathara, ing
jawa, dene Danasatata ing Surakarta, pepantesipun kala tembung
anak utawi putu, emperipunsami pikantukipun ing kalih-kalihipun,
kula dongakaken anak kula Danasatata ing Surakarta, mugi-mugi
gusti Allah amantuwa; lepasing galihipun.
Ing dhusun Banggala: tanah Mataram Akad kaping 15 ruwah Alip
ongka 1795.
Katandhan urut saking nini, canggah Raden Tumenggung Purwawinata,
ing dhusun Banggala, tanah Mataram, Pawaga
=================================================

Mugi kapacaka ing serat Jurumartani


Awit saking karsa dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan, andha-
wahaken pamrayogi namaning serat Jurumartani ing mangke kawang-
sulna nama serat Bramartani malih, amargi Jurumartani punika ing
tembe badhe wonten para Bendera pangeran ignkang anama makaten.
Ing Surakarta kaping 23 Dhesember 1866
Katandhan Raden Angabei Ronggawarsita.
==========================================
Sarehning aksaranipun ageng ingkang mungel: Bramartani punika
kedah kadamel rumiyin, mila ing mangke kedah badhe angentosi ing
sarampungipun.
Tuwan ingkang ngarang Jurumartani
katandhan F.W.Winter.
=====================================

Para tiyang ingkang taksih gadhah sambutan dhateng kantor lelang


ing Surakarta kala ing wulan September 1866 ing mangke sami
kaemutaken mugi ambayara sambutanipun wau saderengipun utawi
satelasing wulan Januwari punika, manawi boten angleksanani ing
pambayaripun, para tiyang wau badhe katagih medal saking pangadi-
lan.
Surakarta kaping 1 Januwari 1867.
Wakil ingkang nguwasani kantor lelang, katandhan tuwan
H.N.H.Wilkes.
=========================================

Serat pananggalanipun Dhegrootkolep en ko ing taun 1867, sapuni-


ka sampun rampung ing pandamelipun, samangke panedhanipun tuwan
Dhegrootkolep en ko dhateng para rpiyantun ingkang sami karsa
atumbas serat pananggalan punika, mugi angintuna ingkang tumunten
pratelanipun serat pananggalan wau
Menggah serat pananggalan wau anyekapi ing pikantukipun, saha
punapa ingkang kasebut wonten ing serat Nambuk meh sadaya kalebet
ing serat pananggalan wau, dene reginipun satunggil amung sarupi-
yah.
===========================================

Ing tokonipun tuwan Dhegrootkolep en ko ing Surakarta, tiyang


saged pikantuk atumbas: Kitab Kur'an, tetdhakan saking tembung
Arab kajawekaken regi Rp,. 20,--
Serat Tapel Adam mawi kasekaraken macapat regi Rp. 8,--
Serat Panji Jayengtilam mawi kasekaraken macapat babonipun saking
nagari ing Surakarta regi Rp. 6,--

===============================================

Loterei arta kathahipun 210.000 rupiyah, minongka untunganipun


asitit, amisitiyah ing Samarang, sampun kaiden dening kanjeng
tuwan ingkang wicaksana Guprenur Jendrl, kawrat ing serat kakan-
cinganipun ingkang katitimangsan kaping 21 Oktober 1866, ongka
13.
Loteri punika badhe kamain kadamel tigang pangkat, pratelanipun
kados ing ngandhap punika;
Pangkat ingkang satunggil
Lot 10.000, salotipun Rp.10,-....rp. 100.000,--
Kathahing kauntungan
kauntungan satunggil Rp. 20.000,--
Kauntungan satunggil Rp. 10.000,--
kauntungan gansal
satunggil-tungilipun
Rp. 1000,-------------Rp. 5.000,--
Kauntungan satus
santunggil-tunggilipun
100 eupiyah ----------Rp. 10.000,-
--------------
Lot 1000 kalebetaken
ing pangkat kalihgunggungRp. 45.000 Rp. 45.000,--
-------------------------------------------------------
kantunan ingkang kalebet ing pangkat
kalih................................Rp. 55.000,--

Pangkat ingkang kaping kalih


Lot 11.000 salotipun Rp. 10,--.......Rp. 110.000,--
Lot 1.000 ingkang kalebetaken ing
pangkat kalih-------------------------------------------
Lot 12.000...........................Rp. 165.000,--

Kathahing kauntungan
Kauntungan satunggil Rp. 20.000,-
kauntungan satunggil Rp. 15.000,-
Kauntungan Satunggil Rp. 10.000,-
kauntungan gangsal sa-
tunggil-tunggilipun
Rp. 1.000,-- ....... Rp. 5.000,--
Lot 500 ingkang boten kawedalaken ing
pangkat kalih, dados gunggung sadaya...Rp. 60.000,--
------------------------------------------------------
Kantun..................................Rp.105.000,-

Pangkat ingkang kaping tiga


Lot 500................................. Rp.105.000,--
Kathahing kauntungan
kauntungan satunggil .....Rp. 40.000,--
Kauntungan satus satunggil-
tunggilipun Rp.100,-- Rp. 10.000,--
Ganjaran kalih satunggil-
tunggilipun Rp.1000,-.....Rp. 2.000,--...Rp. 52.000,--

Yatra ingkang kadamel ambayar prabeya


konjuk ing kangjeng Gupremen, saha
wragading loterei, punapa malih
ingkang minongka kauntunganipun ositit
Amisitiyah gunggung sadaya................Rp. 53.000,--

Menggah dinten pamainipun loterei ing tembe badhe katamtokaken


pamainipun wonten ing Samarang, katingalan ing ngakathah, dene
pamainipun loterei ingkang pangkat kaping tiga punika sasampuning
rampung anggenipun mainaken loterei pangkat kaping kalih elet
kawanwelas dinten.
Keuntungan loterei kenging katampenan sampunipun loterei sapang-
kat-pangkatipunkamain elet kawanwelas dinten, boten mawi kacowok,
dados atampi resik, dene ingkang badhe ambayar kauntungan tuwin
ganjaran, punika tesaurriring sositit: Amisitiyah.
Sinten ingkang badhe tumbas lot, punika saged pikantuk abayar
kenceng saking para tuwan ingkang kasebut ing ngandhap punika:
Ing Batawi, Tuwan Winserdhelange en ko
Ing Batawi, Tuwan Klein Notaris
Ing Batawi, Tuwan Simon
Ing Surabaya, Tuwan E. Tinbering en ko
Ing Ngayogyakarta, Tuwan C, Panlenep
Ing Ngayogyakarta, Tuwan A.Begeman
Ing Surakarta, Tuwan H.Wilken Nem
Ing Sujrakarta, Tuwan P.W.G. Gaut
Ing Samarang Tuwan Wermut en ko
Ing Samarang Tuwan W.Bos Nem
Ing Samarang Tuwan D,Grunepel
Ing Samarang Tuwan C.L.Dhangmeiyer
Ing Samarang Tuwan Y.P.Krabe
Ing Samarang Tuwan Repeliye en ko
Ing Samarang Tuwan G.C.T.Pandhorep
Ing Samarang Tuwan Dhegroot Kolep en ko
Ing Samarang Tuwan Susman en ko
Ing Samarang Tuwan Tuf en ko
Ing Samarang Tuwan B.P.Aotisen
Ing Samarang Tuwan H.L. Dheliyon
Ing Samarang Tuwan Y.A.Brumsetedhe

Awit saking Asmanipun Dhireksi


katandhan tuwan Brumsetedhe, sekretaris.
Angka 2, 10 Januwari 1867
Pawarts warni-warni
Ing dinten punika tanggal kaping 27 wulan Dhesember taun 1866,
wanci enjing Kanjeng Tuwan Mister P.Meyer, ingkang kakula wisudha
dening kanjeng maharaja ing nagari Walandi dados gupernur Eneral
sampun rawuh wonten ing Betawi, mawi kaurmatan dados adat kang
sampunkalampahan.
Benjing-enjing kanjeng tuwan ingkang wicaksana gupernur Eneral
bahde wiwit angasta panguwasa ing ngatasipun tanah Indiya Neder-
lan mila paprentahan ageng amedalaken serat undhang kang kasebut
ing ngandhap punika.
Undhang-Undhang.
Sakehe kang padha nyekel paprentahan apa manah para priyayi lan
sarupaning wong padha kaparingan weruh, yen besuk ing dina Jumun-
gah tanggal ping 26 sasi Dhesember taun 1866, wayah esuk jam
sapuluh, panguwasa ing ngatase tanah Indiya Nederlan bakal kapas-
rahaken marng kanjeng tuwan ingkang wicaksana Mister, P.Meyer,
kang kakula wisudha dening kanjeng maharaja dadi gupernur Eneral,
swuse kalakon pasrahan panguwasa mau, wayah jam satengah sawelas
kanjeng tuwan gupernur Eneral karsa anampani ana kadhaton ong
Bogor sakehing panyuwune wong, kang bakal kaaturake ing sakawit
kanjeng tuwan gupernur Eneralangasta panguwasa mau.
Betawi ping 26 sasi Dhesember tahun 1866.
Katandhan Algemen Sekretaris Tuwan Watendhoref.
====================================================

Kala kaping 29 wulan Dhesember taun 1866 ing Samarang angadegaken


peken kewan kathahing kewan ingkang sami kabekta dhateng peken
wau warni:
Kapal.................66
Menda Jawi............97
Lembu tuwin pedhet....59
Menda gembel..........4

Kewan semanten punika ingkang pajeng kasade warni lembu tuwin


pedhet cacah 17 sanesipun punika boten kasumerepan. Adegipun
peken kewan wau sanadyan saweg tapak sapisan sampunkenging kawas-
tanan prayogi, nanging para tiyang dereng mangartos leres bab
bedanipun asade kewan mawi katingal ing kathah kaliyan asade
kewan ing sabibaring peken. Bab adegipun peken kewan punika
sakinten ing saben tigang wulan sapisan badhe ajeg kalampahan
sarta badhe andugeni ingkang dados pangajeng-ajeng langkung
saking kala adegipun sakawit.
==========================================

Kala tanggal kaping 10 wulan Dhesember taun 1866 kanjeng tuwan


Hertoh Fanpentiye Frelalana dhateng ing tanah jawi, mawi tedhak
dhateng Kedhu, wonten ing ngriku eraming galih aningali candhi
warni-warni, tuwin candhi ing Barbudur, kanjeng tuwan Hertoh
amaringi gambar sorot satunggil dhateng bupati ing Magelang.
=========================================

Kala tanggal kaping 20 Dhesember, kanjeng Tuwan Hertoh van Pen-


tiyepre rawuh wonten Samarang, wanci sonten lajeng tedhak dhateng
dalem paresidhenan ing Bojong, anjenengi pasowanipun para Welan-

di, ingkang sami ngalempak wonten ing dalem paresidhenan wau


angurmati rawuhipun kanjeng tuwan Hertoh, sareng tanggal kaping
22 Dhesember kanjeng tuwan Hertoh amriksani sawarnining padamelan
ingkang kangge lampahipun kareta asep.
=========================================

Pawartos saking Samarang anyariyosaken kados ing ngandhap punika:


Ing nalika tanggal kaping 19 wulan dhesember ingkang kapengker
punika, watawis pukul kalih siyang, kapitanipun baita kapal asep
ingknag nama: Minister Pansetatrohinsen mentas dhateng saking
Surabaya, sanadyana ing dharat anginggahaken bandhera biru,
minongka tondha bilih sapinggiring saganten prenah celak ing
sawanganing lepen angumawatosi, kapitan punika purun angedhunaken
sakeci saking baita kapal katumpakan ing mtrus kathah tuwin
tiyang estri saha rare satunggil badhe dhateng ing darat, sareng
dumugi ing panggenan ingkang nguwatosi wau, baita sakecinipun
lajeng kuwalik amangkureb, kapitan tuwin para matrusipun wulujeng
saged mentas ing dharat amargi saking sami saged anglangi, saha
toyaning panggenan ing ngriku lebetipun amung 6 kaki.
Sasampunipun para tiyang wau dumugi ing dharatan boten aningali
tiyang estri kaliyan anakipun, tumunten kapitan aken malik baita
sekoci ingkang mangkureb wau, sareng baita sekeci dipun walik
para tiyang ing waktu punika sami sakalangkung gumunipun, dene
tiyang estri kaliyan rare wau sami medal saking sangandhapig
baita, kadasosanipun sami wilujeng.
===========================================

Pasindhen lagu Winner lan Seblut

Marwata suta tyas amba, Myarsa wartosipun, Paduka kang wicaksana,


Kanjeng tuwan sampun, tedhak ing nagri Betawi, Nampani panguwasa,
wisesa grinarapati, Nederlan nagrinya.

Kami purun amba atur, sugeng myang panyuba, mring pada paduka
sang luhur, kang sapindhahira, sugenging rawuh paduka, kaping
kalihipun, ing taun baru punika, gantos taun sampun.

O, Gusti Allah kang mmugi, paringa kamulyan, mring susulih ing


sang aji, tuwin karaharjan, ing pangastaning parentah, laladan
indiya, angayomana sakathah, ing kawulanira.

Adiling kang wicaksana, sung bungah sadarum, wadya lit entheng


kartyanya, resep pra priyantun,, cacalonmantri bupti, kapatrapan-
ing wajib, baut ing tembung walandi, jawi tanpa sisip.

Angathahna pamulangan, pamerdining budi, daya mring pra neneman,


ing satanah jawi, benjang yen kundur paduka, mring nagri pribadi,
sampuna ganjar mring amba, labed kang utami,

iba nusa jawi genya, rumongsa atampi, supangad myang nugrahan-


nya, kang tanpa upami, saking paduka kajeng tuwan, benjing asma-
nipun, pinuji tanpegad klawan, prakawulanipun.
===============================================

Ing serat Jurumartani angka 52, kula nyumerepi wangsulan sampeyan

mas Abdulatib kula sampeyanwastani sumber badhe tumandang ing


jurit lawanan kaliyan sampeyan tuwin wigya panitisastra. Punika
sampeyan ragi seli serep dereng wameng ingkang dados pikajengan
kula, yektosipun kula naumung gadhah pamrih angandelaken udur
sampeyan kaliyan wigya panitisastra, ingkang bubukanipun meal
sking patrap sampeyan sakaliyan, angraosi bab kasagedanipun
pujongga raden Panji Puspa Wilaga, 2, Raden Ngabei Rongga Warsi-
ta, mawikapacak wonten serat Jurumartani akanthi asembranan
pangerang,erang, sanesipun kula amesthi kathah ingkang badhe
murinani, sabab kasagednipun pujongga kakalih wau boten sok
tiyanga ingkang gadhahi wila kula purun amestani mekaten sasumer-
ep kula ing nagari Surakarta kathah ingkang sami sudi ameguru
utawi pitaken bab tegesing tembung dhateng pujongga kakalih
punika. Wondening kula piyambak sanget lumuh ing paben ingkang
boten wonten paedahipun ananging yen kula kameksa tumandang ing
jurit nuhun saking pangestu sampeyan Mas Ngabdul inggih kadugi
anglampahi, awit saking sebut sampeyan i, i, i, iya jagad dewa
bathara, kula anyuwun sumerep rumiyin sampeyan punapa trahipun
tiyang bongsa Hindu, utawi punapa sampun nate anggauta dados
dhalang, dene kok saged angandika i, i, i, iya jadat dewa batha-
ra, manawi sampeyan tedhak bongsa hindu mugi wontena karsa sam-
peyan ambelakaken dhateng kula, amesthi kula sakalangkung ajrih
apaben kaliyan sampeyan bok manawi sampeyan ing ngajeng sampun
anglampahi dados pandhita, juru nujum tuwin juru tenung ingkang
smi sugih mantra, saged adamel cilakaning ngagesang.
Bilih sampeyan taksih kekah ing karsa andugeni pikareman sampeyan
anglajengaken anggen sampeyan pangen boten seja mundur sajangkah,
lah bok inggih sampeyan lampahi, ananging lami-lamining dinten
yen sampun boten wonten tiyang ingkang purun angladosi pikareman
sampeyan wau, sampeyan mugi sampun rumaos manawsi unggul ing
jurit nanging rumaosa yen sampeyan dipun ewani ing kathah.
Bab pamundhut sampeyan kula anyaosana pitembungan ingkang sae-
sae, sasaminipun ingkang sampun kauningan ing sampeyan mila
medkaten sameyan ngaken remen sanget ing pitembungan wau, sarta
sampeyan ngaken boten sumerep dhateng tatakrama, nuhun sewu
duduka sampeyan kula mopo, sabab kula punika dede guru, sarta
sampun anyipta, anggen sampeyan ngaken boten gadhah ingon-ingon
pitembungan sae punika, rak namung sengadi kemawon mung kayak-
tosipun pitembungan sae ingkang saking kula, sampun dumunung
wonten sarira sampeyan sadaya, boten saged sirna salaminipun
bilih sampeyan dereng dhumawah ing babaya.
Pangandika sampeyan rumaos ginanjar begja kamayangan awit sampey-
an sampun manggih sarat amurih kendelipun mengsah sampeyan wigya
paniti sastra, rumaos sampeyan mekaten punika sapa mireng kula
julig ing pangen kathah paitanipun kng minongka dedamel wahland-
hep kalamipun sadaya kang kinarya boten nyambat ing liyan yen
dados sasawung abenan sae olah gebagipunyen dadosa jangkrik meh
kenging kawastanan caleleng, ewadenten kula kedah -kedah, anga-
turi pamrayogi dhateng sampeyan Abdul, saderengipun sampeyan
anglegani pikareman sampeyan paben kaliyan tiyang kathah, mugi
karsaha emut rumiyin dhateng pitembunganipun utawi ungel-ungelan
ngandhap punika, 1. sing sapa mung makolehake awake dhewe, mung
sathithik bungahe, dene bungah sathithik iku kalebu kang luwih
remeh, 2. sing sapa agawe guguyon marang wong wicaksana lan
marang wong becik iku wong ambabayani, malah anyayela marang

kautaman, 3. sing sapa duwe karepan akanthi duga lan watara ,


sathithike etunge kang ora katekan dene kang ngongsa-ongsa,
ngadat ora katekan kekarepane.
Kula sampeyan wastani kalebet wiwicaling tiyang ingkang dereng
nate dipun alem ing kathah, kula inggih narimah, anggeripun boten
dipun sengiti agengipun kaewanan ing kathhah, kados calon ing
ngatasing sarira sampeyan, kauningana ing sampeyan Abdul kula
punika namung anetepi wuolang ingkang ungelipun mekaten: Manari-
ma iku rasa kang aqbungahake ati, wong kang weruh ing panarima,
iku anglakoni wajibe, lan sinihan ing akeh.
Kula temen boten gahah pamurih, supados sampeyan angalem aku
kucing, segawon wah kuldi kula, sababkang sapisan kula boten
gadhah ingon-ingonwawerni tiga punika, kang kaping kalih mindhak
kula nyuda pangalem sampeyan dhateng sarira sampeyan piyambak,
wondening manawi medal saking karsa sampeyannpiyambak badhe sudi
angalem dhateng kewan kang dados ingon-ingon kula ing waktu
sapunika, sumongga linampahana, kula inggih jumurung sanget
nanging kula kalilana matur rumiyin ingon-ingon kula namung
warni babi sajodho, sampun sami jemagar wah lema-lema, menggah
rerepen keng badhe sampeyan pangandikakaken lah punika masa
boronga ing sampeyan iba bingah kula yen kalampahana, wah iba
lila kula, yen sampeyan krasaha angedhapi ulamipun babi wau,
amesthi salah satunggil lajeng kula pragat sakal.
Wulang sampeyan dhateng pun thole Dana Satata, bab angulur,
angulir pikir sapanunggilanipun kula alem sae, alus muratipun
boten sok tiyanga jawi ingkang mangartos leres awit punika saking
panglaras kula papethikan utawitatedhakanipun wulang ingkang
kasebut wonten ing buk Welandi, sanadyan kula inggih mangartos
ugi muruting wulang wau, nanging kula boten purun anglairaken
dhateng sampeyan pun bah Abdulatib amargi sampeyan sampun kadu-
nungan cacad amemaoni, tuwin kagungan bendana utawi meda angalem
saeira wah kasagedan sampeyan piyambak wondening tandanipun yen
kula mangartos ungeling wulang sampeyan kasebut ing salajengipun
serat punika. Sarehningpun embah Abdul saged paparing wulang, bok
inggih engeta dhateng wulang ingkang dipun lampahikang wayah pun
thole Dana Satata, ungelipun makaten: 1.aja ngambah marganing
wong ala, balik ngambaha marganing wong adil awit marganing wong
ala anuntun marang karusakan nanging marganing wong ngadil anun-
tun marang kabungahan, 2.Aja kukumpulan tuwin padon karo wong
lonyot lan ngambah margane, di becik pangrengkuhmu marang saru-
paning wong, amesthi kowe bakal disihi ing ngakeh.
Anggen kula ngaturi cangkriman kewalan wah malih paribasan boten
tayen kula bahde angabaraken kasagedan kados pangandika sampeyan
yektosipun namung sembranan kemawon tiru-tiru ing sampeyan dene
karsa amundhut jarwanipun kucing bututipun tiga, sarta amaringi
paribasan, segawon ingkang anjegugi kumandanging jegugipun,
sarehning cangkriman kula kang sapele sampun sampeyan uled kados
gulali, sumongga kula ngaturi calon uled-uledan malih, 1, wonten
reca nedha kajeng, 2, wonten kacang doyan lo, wondening manawi
sampeyan karsa ngulur, ngulir pikir, angrakit pamimikir, amleter
karosan kang ngantos angrengkakaken rodha, saha angrentengaken
ambenan, lah cangkriman kula kakalih ing ngandhap punika mugi
sampeyan batang, yen sampeyanboten angrasaya ing liyan agengipun
dhateng embah jengandika kyai kereta, ingkang sampun katawis
saged ananging taksih karem ing bebanyolan pangrakitipun adamel

gumujenging tiyang, bok ngantosa notog angen-angen sampeyan tuwin


kulit sampeyan pisah saking ing daging, amesthi sampeyan badhe
boten saged anjarwani cangkriman kula wau, ungelipun makaten:
"Sinom"
Panunggalaning tuwuhan asring kinarya usadi, catur lingga wasta-
nira, ingkang kakalih ing ngapti, yen pisah andarbeni, teges
rangkep miwah putung, dene kang kalih lingga, sakantuninira ing
wuri, wastanipun tos-tosanjroning sarira.
"Sarkara"
Wastanira kori geng myang gendhing, lan wastaning wastra adiwar-
na, catur lingga aksarane, yen pisah kalih ngayun raning palaka
mendhem tuwin warnining gogodhongan dene iongkang kantun kakalih
lingga ing wuntat, wastanipun sekar setagonda miwing, kangge ing
ngestri priya, pun Abdulatib sasampunipun maos cangkriman kakalih
punika, amesthi lajeng lenger-lengermawi anyebut i, i, i, iya
jagaddewa bathara.
Menggah pandangu sampeyan punapa sababipun sampeyan kula tunggi-
laken kaliyan wigya panitisastra, nuhun kula kalilana matur, mila
makaten awit anggen sampeyan anjawabaken Raden Panji Puspawilaga,
2, Raden Ngabei Ronggawarsita, suraosipun mawi kanthi sembranan
saemper nunggil wanah kaliyan wigya panitisastra, anggenipun sami
amacak seratw onten ing jurumartani, kang manggepoken pujongga
kakalih wau, sarehning den Panji Puspawilaga anggenipun anyukani
panjurung cariyos wontening serat jurumartani, boten medal saking
pikajenganipun piyambak amung amiruti pamrih ing prasobatipun
mongka saupami cariyosipun wau dipun anggendora utawi dipun sume
langing ing liyan leresipun ingkang dereng pitados punika, bilih
sumerep temen dhateng tatakrama jawi, amesthi kedah miterang
lanteran serat iber dhateng ingkang medalaken cariyos masata
lajeng angundhat-undhat kalawan pitembungan saru, wahkanthi
sembranan sadaya sami kalebetaken wonten serat Jurumartani,
ingkang kawaos ing kathah,kula punika pitaken punapa kalepatani-
pun pujongga kakalih wau, dene dipun damel gugujengan wongten ing
Jurumartani, kula eram sanget kok kados ing ngalam dunya sampun
boten wonten criyos utawi wuwulang ingkang peni-peni malih, mila
ingkang sami maiben ing kasusatrasanipun Raden Panji Puspawilaga,
2, Raden Ngabei Ronggawarsita, sami kula aturi emut ungel-ungelan
kang kasebut ing ngandhap punika, 1, wong celathu goroh sawiji,
ora mikir angeling gawene, awit kapeksa anganggit goroh rong
puluh engkas ginawe angukuhake siji mau, 2, wong kang murina
ngarang sempuluring liyan tuwin sumedya anyirnakake begjane, iku
aran wong jail sarta nistha.
Sampun mas Abdulatib kula kalilanana aso sawatawis dinten rumiy-
in awit kula badhe kesah gegramen dhateng nagarti ngamonca, boten
kok namung amendhet paben ingkang boten wonten asilipun, wonden-
ing yen sampeyan taksih karsa amangsuli serat kula punika,
inggih kalampahan, sampun mawi angantosi sadhateng kula saking
gegramen sabab kula sampun ameling dhateng sadherek kula jaler
anem kakalih, awasta adiwarna, 2, sarjana, sami kula purih
anadhahi badhe wangsulan sampeyan ing ngatas serat kula punika
sampun ngantos mundur sacengkang.
Katandhan Dana Satata.
-----------------------------------------------
Panuwun kula ing panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat
Jumartani,mugi karsaha amacak serat kula punika, supados aneangna
kalintuning panampinipun ingkang nama: Pawala, dhateng suraosing
seratipun Danasatata ing Surakarta, punapa malih supados anyumer-
epna bab katlajuking panyeratipun ingkang nama; Pawala, pratel-
anipun kados ing ngandhap punika:
Ingkang nama Pawala, amastani, manawi suraosing Seratipun Danasa-
tata punika pamisah ing sulayanipun wigya Panitisastra kaliyun
Abdulatip, malah suraosing serat wau kawastanan sakalangkung
sedhep wilet kathah pra sajanipun, punika kula badhe apitaken
dhateng ingkang nama: Pawala, ungel-ungelan ingkang pundi kawas-
tanan pamisah wau, pangrraos kula piyambak boten wonten ingkang
mungel pamisah, sampeyan kalintu ing panampi mas, seratipun
Danasatata wau ingkang rumiyin mungel bab anggenipun angiloni
dhateng Wigya Panitisastra ing pabenipun kaliyan Abdulatip,
amargi saking sampun dados leresipun, dene suraosing serat ing-
kang wekasan amurinanira den Panji Puspawilaga tuwin Raden
Ngabei Ronggawarsita, ing mangke kula sumongga ing para priyantun
ingkang sami maos serat Juru Martani, kados pundi anggenipun
badhe anggalih bab suraosing seratipun Dana Satata, punapa maka-
ten kados atur kula punapa boten.
Ingkang kaping kalihipun ingkang nama: Pawala, wicanten makaten :
"Kula saya awas yen priyantun Surakarta punika; estu sami waged-
maged, katwis enggenipun sami ngetrap ukara, sanes kaliyan uka-
raning nagari kang ngamonca, . Pangandika sampeyan punika katla-
juk mas, manawi makaten kados pangandika sampeyan, dados boten
wonten para priyantun sanes nagari ingkang saged angetrap ukara
kados priyantun ing Surakarta ingkang waged waged wau. menggah
anggen sampeyan amastani priyantun Surakarta sami waged, punika
kula inggih andherek, ananging sampun mawi adamel rengeting
galihipun para priyantun ing nagari ngamonca, manawi kula piyam-
bak ingkang sampeyan wastani boten saged angetrap ukara kados
priyantun ing Surakarta, ingkang nama Puspawilaga, kula amesthi
boten sakit ing manah, awit kula sampun dhamang sanget dhateng
kawontenaning kasagedanipun Puspawilaga wau, sanadyan ingkang
nama Puspawilaga asantunanmakaping seket ing dalem sadinten,
pamanah kula lajeng katawis kemawon saking suraosing seratipun
ingkang palenceng-palenceng, sapunika kula anjarwani nama: Pawa-
ga, saestu boten lepat, kdosta: Pha, punika: Puspa, wa, wi, ga,
dados jangkepipun: Puspawilaga, lah kacandhak cinane gundhulan.
Ingkang punika Mas Pawaga, manawi sampeyan kenging kula rembagi,
sampeyan ing tembe sampun purun-purun amangsuli serat ignkang
kapacak ing Jurumartani, saderengipunsarat sampeyan wau kapinto-
kaken dhateng Danasatata, mendhak wangulan sampeyan badhe dados
gagujenganing ngakathah, paribasanipun makaten: "dudu berase kok
ditempurake, kula amrayogegaken, bilih sampeyan adamel kojah
kemawon kapacak ing Juru Martani, Punika wonten pikantukipun,
kojah sampeyan rak sampun kathah, kadosta: Kojah bayapethak,
candhi maling sapanunggilanipun, punika kemawon sampeyan lajen-
gaken.
Wasana sampeyan badhe tembung anak utawi putu dhateng Danasatata
ingkang sampun amurinani sampeyan, punika kula anjurungi ing
karsa sampeyan, malah sakalangkung prayogi, manawi sampeyan
kagungan putra estri, utawi wayah estri, pun Danasatata lajeng
kapendheta mantu pisan.
Katandhan Wigya Panitisastra.
================================

Kula ningali ing serat Juru Martani angka 52, seratanipun Wigya
Panitisastra ing kudus, tembung angikal paben masang drigama,
mara priyantun ageng alit kang sami tampi serat Juru Martani,
sadaya sami mirsani, saseratanipun wigya Panitisastra, ingkang
wiwitan pitaken bab Candhi Maling, pitakenipun punika, punapa
boten kenging dipun wastani pitaken degsura wadag ruwag-ruwag,
kanejng Gupermen Walandi, ingkang ngasta OostmIndhi sadaya,
menawi wonten perlunipun kersa andangu dhateng satunggal tiyang,
boten kalayan tembung degsura mekaten, suprandosipun Wigya Pani-
tisastras, masang Drigama, anggenipun pitaken punika, kaagem
tembung sae manis arum, sarta sakathahing tiyang, dipun wastani
repot lan cotho, namung "WWigys Panitisastra piyambak ingkang
punjul ing sabumi, ngepak kasagedaning tiyang kathah, pangakeni-
pun boten nedya kagungung tiyang, namung nedya leres, pangraosi-
pun punapa Wigya panitisastra piyambak kang nedya leres yen
tiyang Surakarta: sami boten nedya leres pon sak jam pakunjaran
Surakarta kebek tiyang boten leres kawewahan malih pakunjaran
ngantos sak pal panjangipun, meksa kirang panggenan , O sanadyan
tiyang nedya leres yen ngangge leresipun piyambak boten mupakat
ing kathah, punika kala ratu kula teksih ngasta kukum, tiyang
kang ngangge leresipun piyambak wau, kukumipun kabesmi, sak jus
kaliyan tiyang kang ngaken Mukamad hakiki, sarehning wewangsul
kula dhateng Wigya Panitisastra, sampun kula kancing; kula titi-
mangsani, samangke masang ngadrigama; kados bethet sewu, kapacak
ing Jurumartani, sampun boten angsal wangsulan malih saking kula,
awit ing ngajeng kula ketambetan dhateng Wigya Panitisastra, kula
wastani tiyang jawi nunggil agami kula Mukamad, ing mangke sra-
patipun kula lalaras laras kang asring-asring kasebutaken ing
tembung, Alapuru, Bugis, tetelanipun dhasar Bongsa Alapuru, dede
bongsa jawi, mongka yen Alapuru punika boten gadhah agama, namung
drigama kang dipun sungkemi, mila pirembag utawi kawruhipunboten
saged ceceg kaliyan bongsa jawi agami Mukamad, para priyantun-
kang sami anjawab saseratanipun Wigya Panitisastra, kula
mriyogegaken kula kapurih sami kendel, dipun jawab ngantos
sadasa taun laminipun, mangsi saged darujuk utawi ceceg kawruhi-
pun tiyang Alapuru; kang tanpa agama; namung drigama kang pina-
sang ing wewangsul wah pitembunganipun kotor, delasan taikapacak
ing jurumartani wraksa candhaga, dileh wreksa tai, mong kajuru
martani punika, kang maos para ageng sapulo jawi, punapa boten
saru; dipun trapi tembung kotor-kotor, yen kula daados saleter
sete, boten kula pacak wonten tembung kotor mekaten inggih tiyang
Alapuru, satus taunmangsi cecege; tembungipun kalih tembung jawi,
sanes kados bongsa Walandi, agaminipun kristen, bongsa jawi,
agaminipun Mukamad, kalih-kalihipun sami gadhah agami, sabarang
kitabipun karujukaken kaliyan kitabipun tiyang jawi; lan tembung
walandi: cecek sadaya, mila wonten Woordenbook tembung jawi: lan
tembung Walandi, tembung Wlandi, kacecekaken kaliyan tembung
Alapuru, boten ceceg, awit tiyang Alapuru tanpa agami, amung
drigama kang den ulah, yen tembung alapuru ceceg kalih tembung
Walandi, temtu wonten Woordenbook tembung Alapuru lan tem-
bung Walandi, kula dereng mrangguli; O, konca priyantun dene sami
kalebetan Alapurutulen boten wonten sami mirsa, owel sanget para
priyantun sami jawab-jinawab kaliyan Alapuru, wonten paribasan
kalebon cina gundhulan punika namung tembung paribasan, ing

mangke para konca priyantun nyumerepi piyamba dede paribasan sami


kalebetan Alapuru blerakan, angincih badhe anelasaken kathok
kaliyan kemuling pujongga, inggih tiyang Alapurutanpa agama, kadi
pundi enggene sumerep ing ngibarat, sumerepipun namung enggene
badhe dhedhel-dhedhel kathok sak kemuling pujongga.
Dene pujongga, katedha kathokipun malah kemulipun kasukakaken ,
punika priyantun kanca piyambak kang sami nunggil agami mukamad
kula serepaken, namung kadamel ngibarad, kadosta upaminipun
wonten satunggil tiyang; gadhah tembung dhateng pujongga, kula
mugi sampeyan paringi berkahcarakan sastrajawi kalih dasa, supa-
dos kula sageda maos seratan jawi: lan nyerat jawi, pujongga
amangsuli, aku iya mitulungi kisanak ing sapanjalukmu iku, iki
tampanana carakan sastra jawa rong puluh iji, ananging kisanak
sanadyan kowe wusweruh rupane sastra jawa rong puluh iji iku, yen
kowe ora sumerep andhangane, lan paangane, iya durung bisa sama-
ca: lan anulis, iki kowe tak wehi maneh, sandhangane sastra jawa
rong puluh iku, lan pasangane, malah iki tak wehi uran-uran pisan
patang pada, yen kowe wus lanyah ora lali rupane sastra rong
puluh mau, sak sandhangane lan pasangane, banjur lakokna ing ngu
ran-uran patang pada iki, yen wus bisa nglakokake, ing kono kowe
bakal bisa maca, lanbisa sinau nulis, punika priyantun konca,
kang dipun ngibarataken pujongga: jinaluk kathoke: malah kemule
disukakake, yen tiyang Alapuru; catho-catho boten saged ambudi,
dipun westani kathok lan kemul yektos lumajeng angempet ngupadosi
griya pujongga, badhe nedha kathok lan kemul, O: priyantun konca,
dene sami kalebetan alapuru bleken, sumongga sami bibaran priyan-
tun konca kepatos -patos nandhuki tiyang Alapuru tanpa agama,
kadamel punapa.
katandhan dening Raden Panji Puspa Wilaga.
Ongka 3, 17 Januwari 1867

Pawartos warni-warni
Sanadyan para dhokter ingkang mulasara gerahipun kanjeng tuwan
Mister A, Prines ingkang sapunika sampun kendel dados wakil
gupernur Eneral boten sami anyukani pawartos bab kasugenganipun-
kanjeng tuwan Prines wau, para tuwan ingkang ngarang serat kabar
ing Samarang ugi anampeni pawartos saking para sobatipun ingkang
ami acariyos bilih kanjeng tuwan Prines anggeniipun karsa tirah
siram wonten panggenan anama Sisepan punika boten andadosaken
mendhaning gerahipun, mila pamrayogining kathah, Kanjeng Tuwan
prines mugi karsaha atedhak dhateng tanah Eropah, anitiha baitas
kapal ingkang mawi layar, supados gerahipun sageda senggang,
mekaten ugi pangajeng-ajenging kathah para dhokter ingkang
mulasara gerahipun Kanjeng Tuwan Prines mugi sami angaturana
pirembag dhunmateng Kanjeng tuwan Prines supados karsaha atindak
dhateng tanah Eropah sabab pandugining kathah, namung punika
ingkang badhe andadosaken jalaran waluyaning gerahipun kanjeng
tuwan Prines.
Wonten pawartos manawi leres Kanjeng Tuwan Prines anggenipun
karsa tirah dhateng tanah Eropah sampun kalampahan kala tanggal
kaping 8 wulan Januwari punika.
==========================================

Kala tanggal kaping 28 wulan Dhesember, taun 1866, ing griya


panggenanipun para tiyang kamlaratan prenahipun ing Portlanmaine
tanah ing Amerikah, wonten tiyang estri pejah anama Karolinah
Brewer, umur pitungdasa taun, tiyang estri punika salaminipun
kapulasara wonten ing griya wau, ngantos ing dalem tigangdasa
gangsal taun boten nate wicanten sakecap, menggah sababuipun
nalika taksih anem agadhah pacangan sampun dipun tisnani ananging
boten saestu dados jodhonipun mila wiwit kala semanten lajeng
gadhah kaniyatan ing salaminipun badhe boten purun wicanten
sakecap malih. Wondening kaniyatanipun makaten punika inggih
dipun lampahi ngantos duugi ing sapejahipun.
=============================================

Pamanggihipun tiyang ing tanah Amerika

Pambudining titiyang ing tanah Amerikah dhateng Taberen tuwin


kawruh boten wonten wekasanipun, wonten Welandi satunggil anama
tuwan Aspi, griyanipun ing Sinsinati, ing sapunika amanggih akal
saged damel tumpakan gana kapal mawi kapirantosan bekakas sarta
angeram-erami sayektos sakinten badhe kangge gagentosing kapal
satemenipun, tumpakan gana kapal p[unika ageng inggilipun anyame-
ni kapal salugunipun saged ebah awit kapirantosan pirsa watawsis
sarta andugeni pikajenganipun ingkang anumpaki, kenging kalampa-
haken tamban kajojogaken utawi kacongklangaken , wondening ing-
kang numpaki namung amenet pirsa tunggil. Tumpakan gana kapal wau
saged angebahaken matanipun anjepipingaken kupingipun tuwin
saged nyuwara bengingeh, wah malih wonten piripun salah satunggil
ingkang nyawabi kapal punika saged dipun ngelangi.
Ing waktu sapunika ingkang pancen saged gadhah tumpakan gana
kapal wau, namung para tiyang ingkang sugih, sabab tuwan Aspi
anggenipun pamanggihipun tumpakan wau, anelasaken wragad kirang

langkung Rp. 26.000,--, punika kajawi saking berahan pandameli-


pun, ananging pangajeng-ajengipun tuwan Aspi, ing tembe wragad
semanten wau sageda suda kang sapalih. Tumpakan kang aeng maka-
ten punika badhe katingalaken ing kathah wonten panggenan angge-
laraken samukawis ing tanah Paris, menggah paedahipun tiyang kang
gadhah tumpakan wau, bathi boten angingoni, boten susah nginguga-
mel wah saged anurunaken dhateng para waris.
=============================

Wangsulanipun Dana Satata dhateng Wigya Panitisastra


Kula sampun sumerep wangsulan sampeyan Mas wigya, ingkang kawrat
ing serat Juru martani ongka 1, smpeyan amestani yen pitembungan
kula: badhe salin mengsah: punika kabenteren dados rujak kaliyan
pangintenipun Abdulatib mila ngantos kalampahan kala sulaya
kaliyan piyambakipun, kula piyambak sayektosipun boten niyat
mengsahan kaliyan sampeyan utawi kaliyan Abdulatib ing ngatasi-
pun prakawis ingkang tanpa maedah, wondening pamrih kula namung
amisah anggen sampeyan paben kaliyan Abdulatib, Mengggah pitem-
bungan kula: badhe salin mengsah, punika sampeyan mugi sampun
tumut seling serep, pikajengan kula mekaten: sapa mireng kula
kathah ingkang murinani dhateng pujongga Raden Puspawilaga, 2,
Raden Ngabei Ronggawarsita, lah tiyang kathah punika ingkang
badhe nglawan udur kaliyan sampeyan tuwin Abdulatib sesamenipun
sumanggeng karsa, den lara item tuwin tanpa wigya.
Kula ragi kodheng ingkang dados karsa sampeyan dene kula sampeyan
purih apitaken dhateng pujongga kakalih wau bab samukawis ingkang
dereng dipun sumerepi, ingkang ngatasipun kasusastran jawi tuwin
kawi pujongga sakaliyan punika amesthi ngungkuli kula, tuwin
sampeyan wah Abdulatib dados sadaya ingkang dereng dipun sumere-
pi ing pujongga wau, kula, sampeyan tuwin Abdulatib tantu dereng
sami nyumerepi ugi, sarta badhe boten saged apitaken, menggah
samukawis ingkang sampun kaserepan dhateng pujongga kakalih
punika, kula, sampeyan sarta Abdulatib sampun pesthi taksih sami
katilapan.
Mas Wigya Panitisastra sasampunipun angandika, bab jajaging
kasagedanipun Raden Panji Puspawilaga, wah repoting pandamelipun
pitembungan wonten malih poyokanipun kados kang sampun kasebut
ing serat Juru Martani, Mas Wigya lajeng mawi andangu dhumateng
kula, punapa Mas Wigya lepat punapa leres, ingkang punika kula
matur satemenipun ananging sampun kagalih bau kapini saha
sampun andadosaken seling serep utawi duduka sampeyan menggah
atur kula kasebut ing ngandhap punika:
Wontenipun saben kang manggepokan Raden Panji Puspawilaga, 2,
Raden Ngabei Ronggawarsita, sampeyan ingkang miwiti, bubukaning
pitaken sampeyan dhateng Raden panji puspawilaga, akandthi
pitembungan ingkang nyerikaken manah, cekakipun makaten: sampeyan
amestani utawi anginten yenn cariyos bab candhi maling, punapa
pethikan saking serat Alapuru, utawi serat Bugis manawi sanes
punika, punapa anggitanipun Raden Panji Puspawilaga piyambak
angsal saking anggenipun supena, salajengipun sampeyan angraosi
bab asagedanipun Raden Ngabei Ronggawarsita, prasasat maiben
jalaran saking kojahipun stunggiling kaji, ingkang ngaken sampun
nate papanggihyan kalih raden Ngabei Ronggawarsita, sarta dipun
dongengaken andhe-andhe lumut uthak-uthak ugel mawi rinengga ing
tembung kawi.

Kula eram sanget dene sampeyan sareng mireng kojahipun kaji wau,
lajeng amradinaken pitaken wonten serat juru martani, mawi
angina ing kasagedanipun Raden Ngabei Rongga Warsita. Sampeyan
piyambak sampun ngaen remen amarsudi ing kasusastran wah sampun
nate maaos sawarninipun serat Jawi kawi, punapa inggih yen sam-
peyan dereng ngasumerep manawi andhe-andhe lumut tuwin uthak-
uthak ugel wau dongengipun lare alit sampun mokal bilih wontena
pujongga ingknag ajeng negesi ing tembung kawi.
Sarehning Raden Panji Puspawilaga, 2, Raden Ngabei Ronggawarsita
genah padununganipun wonten nagari ing Surakarta, mongka sapeyan
dereng natepitepangan kaliyan priyantun kakalih punika, anggen
sampeyan macak seratwonten ing Juru Martani punapa sampeyan galih
prayogi, patrap sampeyan makaten punika sasamenipun angupadosi
tiyang durjana utawi tiyang nyabut ingkang sami miruda, sarta
boten genah pakendelanipun, leresipun sampeyan ing ngajeng
akintuna serat iber kang sae pitembunganipun amesthi sampeyan
angsal bathi kang medal saking sakawontenaning kasagedanipun
pujongga sakaliyan wau, Ing mangke panimbang kula, ing ngatasipun
prakawis puka ingkang kalepatan sampeyan ewa dene kala inggih
anymanggakaken ing panimbangipun titiyang sanes.
Aliya punika kula badhe matur sakedhik malih, sareng mas wigya
sampun mavcak sea wonten Juru M artani, wonten tiyang ingkang
api-api anjawabaken Panji Puspawilaga, 2, Raden Ngabei Ronggawar-
sita, inggih punika pun Abdulatib ananging panjawabipun kanthi
sembranan katawis saking anggenipun nyariyosaken balemaning
nagari kang sami kaambah dhateng Raden Panji Puspawilaga, tuwin
amaning pulo entasipun panji wau, punapa malih bab anggenipun
papanggihan wonten kapung Puspanagaran, sadaya punika kula purun
mestani dora, sabab Raden Panji Puspawilaga kala rumiyin namung
dhateng nagari Eropah antukipun ngajawi wilujeng, temen raden
Panji punika sampun nate dhateng kampung Puspanagaran nanging
mertamu dhateng swargi Raden Tumenggung Puspanagara, boten dha-
teng griyanipun tiyang alit ingkang asring dipun sabani Abdulatib
saben bahde abdugeni pikajenganipun ingkang saruyen kawedarna
wonten ing Juru Martani.
Ing wusana pangajeng-ajeng kula, Mas Wigya Panitisastra, 2, Mas
Abdulatib mugi sami karsaha anglampahi papelingipun kang embah
ing kereta, kasebut wonten serat juru martani ongka 1, kula
piyambak inggih rumaos sakedhikdamelipun bilih tiyang paben
namung rebat leres kang boten wonten paedahipun, menggah kyai
Kereta anggenipun mangemper-emper sumenanipun Raden Panji Puspa-
wilaga, punika boten kula manah leres utawi botenipun kula namung
anggadhahi panginten manawi kyai Kereta, sanadyana sampun yuswa
sepuh, watekanipun remen bebabolan dene katingal saged angathik-
athik ingkang damel gujengipun ing tiyang.
Kula piyambak inggih purun angaturi panjurung wulang, dhateng
kyai Kereta, mbok manwi kang wayah sakaliyan pun Wigya Panitisas-
tra, tuwin pun Abdulatib sami karsa angestokaken ungelipn maka-
ten, 1, sawiwijining wong wajib ngarah bisa amaidahi papadhane
tumitah, 2, ing sajroning kabungahan sesembranan aja pisan kongsi
kaseron andadekake laraning ngawak tuwin kaseriking ati.
Katandhan Dana Satata, kang sapunika saweg wonten ing nagari
Ngamonca.
===============================================

Wangsulan saking Abdulatib


Kula amaos malih serat jawabipun Dana Satata, kapacak ing Juru
Martani ongka 2, menggah ing pangandikanipun yen kula ragi seling
serep, dereng dhamang ingkang dados pikajenganipun yektosipun Mas
Dana Satata piyambak ingkang taksihkodheng sanget dhateng anggit-
anipun piyambak ingkang kalebetaken ing Juru Martani ongka, 51,
bilih sampeyan namung gadhah pamrih angendelaken udur ula akaliy-
an Wigya Panitisastra, sampeyan kula aturi ngatrapaken pitembun-
gan ingkangragi alus sakedhik, sampun mawi nyebutken makaten,
ing wusanaAbdulatib kaliyan Wigya Panitisastra kula purih kendel
anggenipun angraosi bab kasagedanipun Raden Panji Puspa Wilaga
tuwin Raden Ngabei Ronggawarsita, yen botenn makaten saestu salin
mengsah ingkang murinani dhateng pujongga kakalih wau, lah su-
mongga pitembungan makaten punika punapa dede panantang, punapa
boten kenging kula wastani sumber badhe tumandang ing jurit
pangraos kula piyambak ungel-ungel makaten punika boten angruju-
kaken, malah-malah amamanasi mila lerews pangandikanipun Wigya
Panitisastra, manawi pitembungan makaten punika kabanteren,
sapunika kula badhe pitaken , ingkang seling serep sinten, kula
punapa mas Danasatata, ing sak punika kula badhe yektosaken yen
wangsulanipun Dana Satata lepat sadaya, Dana Satata amastani yen
bubukaning udur medal saking patrap kula tuwin patrapipun Wigya
Panitisastra, punika lepat mas, sabab ingkang dados bubukaning
udur, inggih punika Wigya Panitisastra, sampeyan rak sampun
sumerep tegesipun tembung bubuka, wangsul pun Abdulatib amung
cumathek kemawon kok bubukanipun udur botensampeyan samp0un
seling serep mas manawi karsa angrembag prakawis, utawi badhe
jumeneng dados juru pamisah.
Sasebutan sampeyan yen kula tuwin mas Wigya angraosi kasagedani-
pun pujongga kakalih, kanthi sembranan tuwin pangerang-erang,
inggih ugi taksih tebih sanget saking leres, awit ingkang ngraosi
kasagedanipun pujongga kakalih, kanthi sembranan tuwin pangerang-
erang, raksa dherekan sampeyan pun Wigya Panitisastra, kula
punika amung agahan atatulung dhateng priyantun ingkang kalepa-
taken tanpa dosa. Dana Satata amastani manawi piyambakipun sanget
lumuh ing paben ingkang boten wonten paedahipun, ananging yen
piyambakipun kameksa tumandang ing jurit inggih kadugi anglam-
pahi,.
Pitebungan makaten punika ingih taksih nyimpang saking leres
sabab manawi tiyang lumuh ing paben saestu ragi lami anggenipun
kintun wangsulanipun mongka Dana Satata anggenipun mangsuli serat
kula tingalipun kasesa sanget wangsul ingkang meksa ing sampeyan
tumandang ing jurit sinten kajawi yen sarira sampeyan piyambak
ingkang karsa dados juru pameksa, bilih makatena pitembungan
sampeyan ingkang kirang patitisipun, Dana Satata anedha sumerep
ing kula, punapa kula trahipun tiyang bongsa Indhu, tuwin punapa
samppun nate anggaouta dados dhalang, dene kok saged angandika,
i, i, i, iya jagad dewa bathara. Wondene pitaken punika boten
kadunungan raossakedhik-kedhika, tuwin lepat ugi, saking pangga-
lih sampeyan punapa ngemungaken trahing bongsa Indhu kemawon,
utawi dhalang, ingkang sumerep dhateng pitembungan, iya jagadewa
bathara, mila leres sampeyan mas kula punika trahipun bongsa
Indhu, tuwin sampun nate dados dhalang, wah ing ngajeng dados
pandhita, jurunujum tuwin juru tenung, ing wusana kakula wisudha
dados juru rumaos leres, pangkat kula sadaya gungung 12, anang-

ing ingkang damel bilahi kula 13, sarehning sampeyan ing sapuni-
ka sampun sumerep bilih kula asli bongsa Indhu, punapa sampeyan
boten sakalangkung ajrih paben kaliyan kula, sabab kula sugih
mantra, saged damel cilakaning ngagesang.
Sebut sampeyan bilih ing tembe boten wonten tiyang ingkang purun
angladosi pikareman kula paben kula kapurih sampun maos manawi
unggul ing jurit, ananging rumaosa yen kula dipun ewani ing
ngakathah, sebutan punika lepat awit sinten-sintena ingkang
badhe kendel anggenipun raos rinaosan kaliyan Abdulatib punika
katitik manawi telas budipun, sabab kula boten angncati pitaken
kados sampeyan, anggen kula jawab prakawis boten mawi malumpat
kidang kados sampeyan, boten mawi amamoyoki, dados angsal pinten
prakawis dene sapeyan gadhah pitembungan makten , mbok manawi
sampeyan ingkang badhe nginggati pitaken kula, sokur mas Dana
Satata dene sampeyan sampun dhamang pikajengan kula, bab ingon-
ingon sampeyan warni pitembungan sae, ananging anggen sampeyan
boten purun anglairaken dhateng kula, punika kula lepataken,
punapa amung guru kemawon ingkang wajib anykani piwulang
dhateng sanesipun pangraos kula boten, sarupining tiyang ingkang
gadhah saserepan yektosipun wajib abelakakaken dhateng sintena
kemawon ingkang dereng sumerep dados amadhangaken pamikiripun
ingkang taksih katutupan ing bodho.
Mas Dana Satata amastani,yen rumaos kula, sampun manggih sarat
amurih jkendelipun Wigya Panitisastra, punika kasar, bilih maka-
tena mas ingkang kasaraken inggih pitembungan sampeyan sumongga
sampeyan kula aturi maom malih wangsulan sampeyan ingkang kapacak
ing Jurumartani, ongka 51, snadyan Wigya Panitisastra juligipun
ing paben anglangkungi, kula inggih purun anyembadani, sabab
tiyang julig dereng saged anyepeng welut ingkang dipun lisahi,
Mas Dana Satata anyukani pamrayogi, ing saderengipun kula an-
glegani pikaremman kula paben akaliyan tiyang kathah, mugi amemut
rumiyin dhateng pitembungan tigang bab kula badhe pitaken ing
sampeyan mas ingkang sampeyan mastani tiyang kathah, cinten kula
boten rumaos badhe pabenan akaliyan tiyang kathah, wah kula
sampeyan lolohi ungel-ungelan tigang bab punika, karsa sampeyan
kemawon punapa, wong bocah wingi sore bae reka-reka amenehi
pamrayoga marang si kaki, sakedhik damelipun mas, ur angebak-
ebaki lolowongan Juru Martani, mongka kula manawi amirengaken
utawi amaos pitembungan ingkangkados makatensumeja badhe luntak
amesipun ingggih mules, seratpapali utawi Darmawasita sak panung-
gilanipun ingkang dipun gepok amung wulangreh kemawon tur ingkang
nganggit boten kadugi anglampahi kiyambak, mila pandhita manawi
kutbah asring ngedalaken pitembungan makaten, kowe kabeh padha
angguguwa pituturku, aja miturut ing kalakuanku, ananging bok
manawi awit saking andhap aoring budi.
Mas Dana Satata saking pangandikanipun sampun narima, dereng
nate dipun alem ing tiyang, anggeripun boten dipun sengiti
agengipun kaewanan ing kathah. Sabab boten wonten tiyang ingkang
bahde saged mastani watesing kathah, tedhanipun kathah akaliyan
boten kathah amung satunggal, bilih sampeyan dereng gayuh pitem-
bungan kula wau, ing mangke badhe kula terangaken malih, wonten
guru satunggal apitaken dhateng muridipun bilih tiyang buthak
punika kedah anggadhahi rema pinten iji, murid boten saged mang-
suli, tumunten gurunipun pitaken malih makaten yen wong mau
anduweni rambutsatus iji, apa kena diarani buthak murid mangsu-
li, kenging, guru pitaken malih , lah yen satus iji, wangsuanipun
murid inggih taksih enging, sareng sampun dumugi 200 pangraosipun
murid sampun boten kenging kawastanan buthak, mongka Mas Dana
Satata, nalika dumugi 199, murid maksih amastani buthak sareng
kawewahan satunggal malih punika pangraosipun sampun boten
kenging kawastanan buthak, panuwun kula mas kula sampun sampeyan
wastani sugih kojah, Dana Satata kagungan piwulang reh malih
ungelipun makaten, anarima iku rasa kang ambungahake ati, wong
kang weruh ing panarima, iku nglakoni wajibe, lan sinahan ing
ngakeh, muradipun pitembungan makaten punika saestu, sae, anang-
ing punapa sampeyan sampun tandhingaken akaliyan lalampahanipun
jaman sapunika, tembung panarima wau kedah sampeyan pendhet
tegesipun ingkang leres botn ngemungaken panarima sampeyan
kemawon dene boten dipun sengiti ing ngakathah, kawuningana mas
tembung panarima ing jaman sapunika sampun sirna, meja punika ing
inggih sampun narimah dados meja, boten wonten p[anggrundelipuj
sakedhik-kedhika, anggenipun kapesthekaken boten saged wicanten
inggih sampun narimah, wangsul sampeyan yen wonten narimah kema-
won ing ngatasing samukawis ingkang ginantungaken ing sarira,
punapa badhe grundel mamanceni tapel adaming manungsa, ananging
kula dereng manggih tuladhanipun dene tiyang ingkang sumerep
dhateng panarima punika sinihan ing ngakathah, dene Panji Puspa-
wilaga ingkang sampun kalebet pujongga, meksa mboten narimah
dipun waoni ing Wigya Panitisastra, mila boten patos saprayogi
dene sakathahing tiyang sami narimah, sampeyan piyambak kula
pethek taksih dereng narimah, kayaktosanipun sampeyan punika
taksih ngupados arta, ngupados kawruh, ngupados amal kadonyan
sapanunggilanipun, pangraos kula piyambak tiyang ingkang sampun
narimah punika sampun boten ngupados punapa-punapa malih, ngemun-
gaken panarima, kula mugi sampeyan terangana sajatinipun tiyang
narimah. Pangandika sampeyan mas yen boten gadhah pamurih, anga-
lema kucing, segawon tuwin kuldi sampeyan sabab boten gadhah
ingon-ingone warni tiga punika, pangandika wau anelakaken yen
sampeyan dereng pisan-pisan agayuh elidipun pitembungan kula,
agalipun kemawon ingkang sampeyan sumerepi, alusipun boten katin-
gal wah malih anerangaken yen boten pisan kadunungan Olanseide,
taksih jawi tulen, katitik saking wangsulan sampeyan bab bai sami
jemagar lema-lema, sapunika kula gadhah pamrayogi ing sampeyan,
buntutipun babi sampeyan punika prayogi sampeyan sabuni, manawi
sampun tumunten kaplajengaken, sampeyan ingkang anyepengi tuntu-
tipun, pratingkah ingkang kados makaten punika kathah paidahipun
ing ngatasing tiyang ingkang dereng kadunungan Olanseide.
Kula sampun sampeyan wastani sumeja sasembranan lo mas, sabab
kula mireng nalika pujongga wiyoenes katedha wulang tembung
latin, supados katamana ing dalem tigang dinten, piwulangipun
tiyang wau kapurih nedha kenthang panas akanthi paplajengan,
ingkang nama Danasatata amastani manawi wulang kula dhateng pun
thole Danasatata, bab nagulur, angulir pikir sapanunggilanipun
papethikan utawi tatedhakanipun wulang ingkang kasebut ing buk
Walandi, bilih makatena kula mugi sampeyan dhamangaken namaning
buk wau, wah malih Danasatataangaken sampun mangertos ugi murad-
ing wulang wau, nanging boten purun anglairaken , pandugi kula
anggenipun boten purun wau jalaran saking ajrih manawi lepat,
dados anelakaken yen Mas Danasatata, dereng mangertos sakedhika
dhateng maknaning piwulang kula, sabab tiyang ingkang sampun

kekah ing seserepanipun dhateng sarupining piwulang saestu boten


taha ambulakaken.
Wangsulan punika taksih wonten sambetipun malih, Katandhan Abdu-
latib.
===========================
Panuwun kula dhateng tuwan ingkang ngarng serat Juru Martani:
ingkang mugi-mugi, serat kula punika, kapacak ing serat Jurumar-
tani. Kula sampun rambah-rambah, aningaliserat Juru Martani,
ingkang mawi katandhan dhateng Mas Wigya Panitisastra, priyantun
nagari Kudus. Ingkang punika, kok andadosaken kapinginipun ing
manah kula: apitepangan kalih Mas Wigya Panitisastra: wangsul mas
Wigya Panitisastra, mugi angresakna, apitepang kalih kula, boten
langkung kula badhe nyuwun piwulang: mugi Mas Wigya Panitisas-
tra, amberkahana kawigyan dhateng kula, dene ingkang kula suwun
kaos ingkang kasebut ing ngandhap punka.
1, Bab: wonten pandhita: kathahipun; 4 sami tapa wuda: ingkang
satunggal lenggah sila panggung, majeng ngetan, astanipun epek-
epek kapangku, sami mlumah; kang kiwa wonten ngandhap, kang
tengen tumumpang wonten nginggil.
Ingkang satunggal: lenggah sila panggung, majeng ngidul: astani-
pun inmgkang kiwa: kapangku, sarta mlumah, ingkan gtengen, katum-
pangaken ing dhengkul kalih mengkurep: saingga nyepeng jengku.
Ingkang satunggal ; lengah sila panggung, majeng ngilen; astani-
pun ingkang kiwa dipun pangku, sarta mlumah, ingkang tengen
katumpangaken ing dhengkul inggih mlumah.
Ingkang satunggal; lenggah sila panggung majeng mangaler; astani-
pun ingkang kiwa, dipun pangku, sarta mlumah, ingkang tengen
anyengkah wonten sanginggilipun ing dhengkul kang tengen.
Ingkang punika; pandhita sakawan wau, ingkang dados pikajengani-
pun satunggal satunggal punapa, ingkang majeng ngetan kados pundi
kajengipun; ingkang majeng ngidul kados pundi, ingknag majeng
ngilen kdos pundi, ingkang majeng ngaler kados pundi kajengipun.
2. Bab sajatinipun tiyang bodho ingkang pundi, utawi sajatinipun
tiyang waged ingkang pundi.
3. Bab: Sajatine bayi, punika kados pundi; utawi sajatinipun
bocah: 3: Sajatinipun wong anom,
4. Sajatinipun wong tuwa:
4. Bab sajatining tiyang awon, punika ingkang pundi, utawi sajat-
inipun tiyang sae.
5. Bab: Sajatinipun padhang: kalih sajatinipun peteng, punika
ingkang pundi,
6: Bab Sajatinipun ing ngajembar: kalih sajatinipun ing ngarupek
punika ingkang pundi.
7: Bab: Sajatinipun ing budi rumongsa, punika ingkang pundi
Sababwonten ungel-ungelan makaten; kowe aja nganti kanggonan budi
rumongsa. Ingkang punika, panuwun kula berkah dhateng mas Wigya
Panitisstra: pitung prakawis wau: prakawis wau: ingkang mugi
kawangsulan wonten serat juru Martani kimawon.
Anjawi saking punika: Mas Wigya Panitisastra, bilih kang pareng
saking karsa sampeyan: bab udur punika, prayogi sampun kalajeng-
lajeng, mindhak ngupuraken pangggalih sampeyan kang perlu-perlu:
wangsul Raden Panji Puspawilaga: kalih raden Ngabei Ronggawarsita
wau, prayogi kapresobata, tur mindhak amewahi dhateng kasusastran
sampeyan, sabab priyantun kakalih wau, sampun sami kawical ahli
sastra, ti, ti.

Sinerat tanggal kaping 26 wulan Dhesember 1866,


Katandhan Juru Serat Kawadanan Kumisi Bogor Mas
Jayakarsa
===================================================
Tuwan Dhegrootkolep en ko gadhah panedha dhateng para priyantun
ingkang taksih gadhah sambutan dhateng tuwan Dhegrotkolep en ko
kala ing taun 1866, mugi sami ambayara sambutanipun wau ingkang
tumunten.
Katandhan Tuwan F.H.Jaspres
==============================
Too tuwin pangecapipun tuwan Dhegrootkolep en ko ing Surakarta,
sapunika sampun ddos gadhahanipun, tuwan Jaspres en ko. menggah
ingkang kabebahan anglampahaken samukawis prakawising toko tuwin
pangecapan wau, punika tuwan F.H.Jaspres.
Tuwan Dhegrootkolep en ko asuka panrima dhateng para priyantun
ingkang sampun sami pitados dhatng tuwan Dhegroot kolep en ko bab
anggenipun anglampahaken samukawis prakawis ing toko tuwin pange-
capan laminipun tigang taun, ing mangke panedhanipun tuwan Dhe-
grootkolep en ko, mugi para priyantun wau inggih apitadosa dha-
teng tuwan F.H.Jaspres bab anggenipun anglampahaken samukawis
prakawising toko tuwin pangecapan wau punika.
Surakarta kaping 17 Januwari 1867
Katandhan Tuwan Dhegrootkolep en ko.
=====================================
Tuwan Jaspres en ko asuka uninga dhateng para priyantun, manawi
serat panangaalan ing taun 1867, regi sarupiyah (Rp.1,--) satung-
gil sapunika kantun sakedhik.
Katandhan tuwan Jaspres en ko.
===========================================
Ongka 4, 24 Januwari 1867

Pawartos warni-warni
Pawartos saking Batawi

Kala ing dinten Senen tanggal kaping 7 wulan Januwari, ing taun
1867, Raden Panji Suryawijaya, Onderwiser tembung jawi ing nagari
Batawi, ing mangke kinulawisudha ing kangjeng Gupernemen, tetep
dados Onderwiser, kaparingan buslit, sarta madali pethakan, mawi
ciri seratan sastra Walandi, tondha asmanipun Kanjeng Gupernemen,
yen Panji Suryawijaya sampun katarimah anggenipun angungelaken
serat ingkang wonten ing karopak, sasrtra budha warni sanga,
kaliyan sastra ing Bali, sastra ing Lampung . Mila Raden Panji
Suryawijaya kaparingan ganjaran punika, awit saking sih kawelasa-
nipun tuwan Kohen Setiwar, ingkang saos paturan ing kangjeng
Gupernemen.
=============================

Lisah petroleyem minongka panulakipun semut.


Tuwan dhokter Witsetein acariyospanyobanipun badhe anyirnakaken
sakathahing semut kang sami wonten ing griyanipun wah wonten ing
kamar panggenanipun nedha, ing ngajeng mawi kapasangan tetes
madu sapanunggilanipun supados sakathahing semut manawi sampun
sami ngalempaklajeng kenging kapejahan punika boten tumama,
sirnaning semut punika sareng kapasangan lisah petroleyem wawrad
gangsal lut Nederlan kawadhahan ing cangkir teh, lajeng kasele-
haken wonten jerambah salebeting kamar, awit semut katawis boten
amambet awaning lisah pertoleyem kang wonten ing cangkir teh wau,
ananging lisah punika samasa ngajengaken telas awanipun saben
nedhah kaejogan sakedhik malih, menggah cariyosipun tuwan Witse-
tein kathahing lisah petroleyem ingkang kadamel anulak semut
wau, ingkang kangge ing dalem samongsa panas namung wawrat sapra-
pat pun lami, dados sakedhik reginipun.
==================================================
Ing tanah Prangkrik wonten tuladhanipun tiyang saged tilem
kapati ngantos lami, kenging kawastanan sasakit tilem, wonten
tiyang neneman satunggil umur 20 (kalihdasa) taun anggenipun
tilem kapati ngantos salikur dinten sadangunipun tilem saben
dinten mawi dipun ombeni toya tajin uwos welandi, tuwin anggur,
menggah unjalipun ambekan utawi lampah ing ketegipun ajeg, wonten
tiyang ingkang cariyos sapriki sampun tigang taun laminipun
tiyang neneman wau anggenipun tilem kapati ngantos kawan welas
dinten.
===================================
Serat pawartos saking tanah Paris anyariyosaken dongeng kang
kasebut ing ngandhap punika: wonten tiyang satunggil kakesahan
anumpak kareta, wancinipun dalu sarta peteng dhedhet, kala saman-
ten lampahing kapal kareta punika kendel awit kaget amrangguli
tiyang jaler satunggil ingkang wonten satengahipun margi, tiyang
punika lajeng ngadeg sarwi anjerit, tiyang ingkang numpak kareta
tumunten pitaken: iya gene kowe kok ora ngati-ati, tiyang jaler
wau amangsuli; kula nyuwun nyambut eting sampeyan sakedhap kema-
won, gawene apa kowe jaluk nyelang eting, kula punika gadhah
babektan warni arta jene, gunggung pangaos, Rp. 141,-- kanthong
kula amoh, babektan kula arsa sami brojol balesar dhawah wonten

ing margi, mongka arta punika gadhahanipun lurah kula, kulanamung


sadarmi anglampahi ingkang dados pikajenganipun bilih babektan
kula arta saestu ical kula masthi badhe tiwas, dhuwit maora
gampang bisa neka temu maneh, sabab iki petengan banget, kowe apa
isih duwe turahane dhuwitmu siji bae, inggih kula taksih gadhah
langkungan satunggil, kene ulungna marang aku, bok mana aku bisa
akon anemokake panunggalane kang padha ilang, sareng langkungan
arta satunggil wau sampun kaulungaken tiyang ingkang numpak
kareta lajeng singsot sagawonipun tumunten dhateng ing ngajenga-
nipun warninipun sakalangkung sae, wedalan ing tanah Dhenes,
sagawon lajeng dipun ken ngambus arta waumawi dipun wicanteni
makaten: uiki rupane, delengen, sagawon mangartos ingkang dados
pikajenganing bendaranipun sareng sampun ngambus arta lajeng
malampah mubeng turut margi, nanging saedhap sakedhap wangsul
amurugi bendaranipun saben mawi anggondhol arta jene satunggul
kaaturaken dhateng bendaranipun kalampan ing dalem kalih dasa
menut sakathahing arta kang ical sami kapanggih sadaya, tiyang
kang gadhah babektan arta rumaos begja, lajeng angaturi panrimah
dhateng tiyang ingkang numpak kareta, pitembunganipun makaten:
Sampeyan ingkang atutulung dhumateng kula, kula nyuwun sumerep
nama sampeyan, menggah wangsulanipun tiyang ingkang numpak kareta
: aku iki ora anglakoni apa-apa, asuku kang amitulungi marang
kowe, sareng sampun wicanten makaten karetanipun lajeng kalama-
haken malih.
================================================
Kula sampun maos seratipun ingkang nama Jayakarsa, juru serat
kawadanan kumisi Bogor Mas, kapacak ing juru martani kaping 17
Janawari 1867, ongka 3, suraosipun Jayakarsa kapingin atepangan
kaliyan kula, sarta anyukani pitaken pitung prakawis, kula kapu-
rih amangsli kawrat ing serat Jurumartani.
Ingkang punika wangsulan kula, sarehning Jayakarsa sampun amasta-
ni piyambak, bilih priyantun kakalih: Raden Ngabei Ronggawarsita
tuwin Raden Panji Puspawilaga sampun sami kawical ahli sastra,
malah mawi amratelakaken, manawi kula kapurih amrasobat priyantun
kakalih wau, ing mangke Jayakarsa kula aturi maos seratipun
kaambal-ambalan, bokmanawi dereng anggalih ingkang dados suraosi-
pun ingkang sayektos, pun Wigya anitisastra boten kikilapan bab
anggenipun kajunjung kaantebaken dening Jayakarsa, kula kapurih
prasobatan kaliyan Raden Ngabei Ronggawarsita tuwin Raden Panji
Puspawilaga, supados wewaha ing kasusastran kula, sabab priyantun
kakalih wau sampun sami kawical ahli sastra, pitembungan makaten
punika punapa boten sampun anelakaken ing kablingeripun Jayakar-
sa, manawi sayektos kados wicantenipun Jayakarsa, punapaha piyam-
bakipun boten purun anedha wulang dhateng priyantun kakalih wau,
bab pitakenipun pitung prakawis ingkang badhe kadamel anondha
kasagedanipun tiyang. Tiyang badhe atepangaken kaliyan tiyang
boten makaten lampahipun, manawi raden Lara Item sumanggeng
karsa, tanpa wigya, tuwin Puspawilaga bok manawi kenging sampeyan
junjung antebaken, andadosaken kabingahanipun, amargi sami boten
saged anggayuh rosing pikajengan sampeyan, Puspawilaga lajeng
mongkok, sareng maos seratipun Danasatata, lah punika pratandha-
nipun ingkang sayekti bab kengingipun kaogrong, dados tiyang
tanpa kalantipan manawi pitembungan wau sampeyan empakaken dha-
teng kula, amesthi kalis kados lisah kaliyan toya, punapa malih
pitembungan ingkang kados makaten wau sanadyan kawangsulana

kalayan panjarwa ingkang sakalangkung terang, dereng kenging


dados pratandhaning kasagedanipun tiyang, malah kenging kaupame-
kaken kados sagawon ingkang anjugugi rembulan, awit woh jeram
punika dhawahipun boten tebih saking uwit, punapa sampeyan
mangertosi pitembungan punika, manawi sampeyan boten sumerep
tegesipun pitembungan wau, kula amrayogegaken bilih sampeyan
apitakena dhateng Abdulatip piyambakipun amesthi sumerep tege-
sipun , awit saking kadunungan Olanseide. Ingkang sampeyan alem
ahli sastra wau kalih pisan boten gadhah Olahseide . Punapa
sampeyan anggalih wangsulanipun Puspawilaga sampun leres bab
Olanseide, O punika taksih anyimpang tebih, pandugi kula pun
Abdulaltip anggenipun anggugujeng wangsulanipun Puspawilaga
ngantos akebuk-kebuk weteng, sayektosipun kula piyambak ingkang
dereng purun ameleh aken dhaten Puspawilaga, awit kula manah
tanpa damel, tiyang kula sampun sumerep, bilih boten wonten
emperipun kadunungan Olanseide.
Wasana kula gadhah pamrayogi, manawi sampeyan taksih anggadhahi
seriking panggalih dhateng Wigya Panitisastra, mugi amacakna
serat malih wonten ing Jurumartani, supados wangsulanipun anda-
dosna panglipuring galih sampeyan.
Katandhan Wigya Panitisastra.
=================================================
Tuwan ingkang ngarang Serat Juru Martani kula aturi amacak
serat kula ing ngandhap punika.
Kula sareng maos serat Jurumartani ongka 1, wedalipun ing taun
punika, ingkang mawi katandhan dhateng Kyai Kereta, sakalangkung
langkung bingah tuwin sukur kula, prasasat tiyang asring manggih
usada, sababipun makaten; nalika ing nagara Surakarta wonten
banjir ageng, kula kaecalan tiyang sepuh prenah paman kula,
ingkang kala samanten kesah ngili boten kantenan purugipun,
antawis sataun laminipun sareng sampun tita kula boten angsal
pawartos bab paman kula wau, sakalangkung susah ingmanah kula,
ing batos kula anamtokaken bilih pun paman amesthi sampun katiwa-
san pejah keli, kalampahan kula sidhekahi manut ing ngadat pun
paman punika kala alit ama pun Doweh, sareng ngajengaken emah-
emah ngalih nama Drembajaya, sasampunipun apuputu karan Kyai
Kereta, kala rumiyin remen amarsudi kasusastran dhateng gendhing
sakedhik-sakedhik inggih sumerep punapa malih sugih kawanuhan
awit pun paman remen kakemplakan arta gugujengan tampenipun
dhateng tamu tuwin panyegahipun angresepaken manah, dhasar pun
paman Kereta ing ngatasipun tatedhan tuwin inuman kadamel ageng,
sarta apik sanget terkadhangan malampah dhateng toko tutumbas
piyambak kang warni ulam -ulaman wadhahipun blek tuwin inuman
kang alus-alus, kala samanten pun paman kereta kalebet wiwicaling
tiyang sugih, panggaoutanipun gagramen uwos lisah, mori, malam
pethak sapanunggilanipun wah gantos barang mas salaka tuwin
sesuwir, lampahipun amung dagang anjiblesi bongsa Cina, nanging
boten cethil malah kalebet berbudi ing sadayanipun,
Sarehning sapunika kala rumaos begja, awit pun paman Kereta,
kang sampun kula anggep pejah, taksih gsang, boten langkungkula
kedah-kedah ngaturi wilujeng ing sampeyan paman mugi-mugi lestan-
tuna sugeng ing sapa nginggilipun kadugena ing sakarsa sampun
ngantos kirang satunggal punapa, wondening kula kaliyan bojo kula
pun Beng, wah anak-anak kula jaler pun Danasatata, 2, adiwarna,
3, Sarjana, saking pangerstu sampeyan inggih taksih sami ginanjar

wilujeng.
Bab papeling sampeyan dhateng kang wayah pun /wigya Panitisastra,
2, pun Abdulatib sami kapurih kendela anggenipun paben ing nga-
tasing prakawis kang boten wonten damel tuwin paidahipun kula
amrayogekaken sanget, iya talah bocah loro mau olehe rebut bener
kok padha kabanjur-banjur, ora ana kang gelem nyabut salah siji,
tur iku padu sadulur kambi sadulur dhewe, apa iya jalaran saka
padha ora sumurupe, sabab enggone pisahan cilik mula, saiki wis
padha nganggo jeneng tuwa, sarehning aku iki prenah pamane wajib
milu angelingake marang bocah loro kang lagipadha kalalen mau,
wruhanamu Wigya Panitisastra, kowe dhek isih cilik rak aran Si
Dhugal dhemen bebeda marang wong tuwa-tuwa utawa marang papadha-
mu bocah, dhemen ngadu pitik lan ngundha layangan nanging marang
kasusastran alam samana kowe ora patiya mendeng kaya adhimu si
Abdulatib iku dhek isih cilik aran si Cegunthang, dhemen guguyon
lan sugih obrol nanging dhemen banget marang kasusastran mulane
kapara akeh mangartine, marang tulisan tembung Walondi iya luma-
ku, sabab bingan duweku wanuhan saradhadhu walondi siji, iku
kang muruk marang dheweke, aku iki iya gumun banget dene anaku
si thole Danasatata nganti amor padu kambi Wigya Panitisastra, 2,
Abdulatib priye ngger kang dadi karfepmu, apa kowe durung dhamang
yen wong loro iku padha sadulurmu dhewe prenah nak-sanak bok iya
lerena nggon mu milu -milu rebut bener anjawabake wong lila.
Saupama kowe unggula ing padu, kowe bakal nampani ganjaran rupa
apa, mulane thole poma anglakonana pituturku, lan dieling marang
wulang ku kang kasebut ing ngisor iki: e, anakku, rungokna
pituturku, estokna basaku, awit aku aweh pratikel becik aja
nglirwake pituturku, bapa biyung kula isih sarta mirma ing aku,
aku iya diwulang, tembunge, mrasudiya kawicaksanan iku aja ko
lali-lali, balik raketana, amesthi dadi sarana tutulaking pang-
gawe ala.
Mangkono uga anak-anakku kaponakan si Wigya Panitisastra, 2, si
Abdulatib yen kena dak tuturi, bok iya padha lerena enggonmu padu
rebut bener kambisadulurmu dewe, pujine wong tuwa-tuwamu kabeh,
kowe ing salawase saking rukun enggonmu padha saduluran anglako-
nana samubarang kang becik lan kang maedahi, apa manah padha
elinga uga unine wulangku kang marang si Danasatata, kasebut ing
dhuwur mau, aku iya milu sukur ing Abdullah, dene anak-anaku
kaponakan lan anak kudhewe si Danasatata padha katon baud agawe
layang , samono iku rembugku, ngger, kabisanmu mau aja koweempa-
kake minongka gegamaning padu, nanging dadekna sarana panganggit-
mu layang, kang minongka wulang, kena kanggo ing wong akeh.
kaandhan Kyai sredajanma, ing Surakarta.
==========================================
Sambeting wangsulanipun Abdulatip dhateng Danasatata
Saking pangandikanipun Mas Danasatata, anggenipun anyukani
cangkriman kewala lan wah malih paribasan dhateng kula, boten
saking badhe angebaraken kasagedan yektosipun namung sembranan
kemawon.
e, e, e, dados sampeyan amung nedya sembranan kula wastani ing-
kang nama Danasatata punika ewa sanget dhateng sasembranan
kalaras saking anggenipun murinani dhateng Raden Puspawilaga,
ingkang dipun sembranani ing Abdulatip, ananging kula meksa boten
pitados mas dhateng ngandika sampeyan, pamanggih kula makaten,
pamrihipun cangkriman tuwin paribasan sampeyan yektosipun angisi-

bi-sibi dhateng kula, bilih kodheng in gpanjarwanipun, sarehning


kula pinuju sumerep maknanipun sampeyan tumunten salin salaga,
awit boten saged anulak upayaning satru, mila amastani manawi
anggenipunnyukani cangkriman tuwin paribasan amung kadamel
sembranan, wondene kayektosaning pitembungan kula punika katitik
saking uruting seratipun Juru sembranan.
Mas Danasatata tingalipun karsa sembranan malih, awit anykani
cangkriman ing ggalih iji, 1, wonten reca nedha kajeng, 2, wonten
kacang doyan lo, saha kula dipun ken nguled malih kados gulali.
Kawuningana mas manawi Andadosaken sakalangkung eraming manah
kula dene priyantun ingkang boten karsa ngungkak tatakrama tuwin
ewa dhateng samukawis ingkang sau kawedhar kawontenan ing juru-
martani, punika taksih karsa dangu jarwanipun cangkriman ingkang
anglingsemaken tiyang ingkang boten sumerep ing uda nagari, kados
ta pun Abdulatip.
Mila sampun andadosaken cuwaning galih sampeyan dene cangkriman
kakalih wau, kula lestantunaken anggenipun kapesthi dados calon
uled-uledan, ing sapunika kula badhe anjarwani cangkriman sampey-
an ingkang kaserat tembang sinom, tuwin sarkara, ananging kula
gadhah pamrayogi dhateng Mas Danasatata, bilih taksih kagungan
ingon-ingon cangkriman kados ingkang kapisan punika prayogi
kasukakaken dhateng dhukun wondene jarwanipun cangkriman ingkang
ongka 1, punika tikel balung, ingkang kaping kalih, gadhung
mlathi, mongka anggen kula jarwani cangkriman punika boten mawi
angulur angulir utawi angrakit pamikir, ing sangajenging babek-
tan ingkang langkung awrat wah malih boten mawi amleterkarosan
nganti rengka rodhane, lan renteng emban-embane, punapa dene
kula boten rumaos lenger-lenger anyebut iya jaga dewa bathara.
Ing sapunika Mas Danasatata kula jiyat ambatng pitaken kula,
ingkang boten kalebet ing cangkrimanremeh, rinengga ing tembung
kawi, tuwin kula jiyat angrasaya dhateng liyan agengipun dhateng
priyantun kakalih ingkang sampun kaanggep pujongga, kula badhe
boten narimah bilih pun Danasatata Ardawalepa, anhgoncati pitaken
kula, kawastanan sumerep ananging boten purun anglairaken, sage-
dipun amung ngabaraken kasagedanipun ingkang sapele sarana cangk-
riman ingkang boten kadunungan raosa sakedhik-kedhika.
Saupami Mas Danasatata karsa mangsuli serat kula punika, mongka
wangsulanipun boten kanten-kantenan kula suthik jawab malih,
sbab ingkang kula upadosi inggih punika tatandhing ingkang saged
nadhahi pitaken, ing wusana mas Danasatata asuka serep dhateng
kula, manawi badhe kesah gegramen dhateng nagari ngamonca, sarta
sampun ameling dhateng sadherekipun jaler kakalih, kapurih anad-
hahi badhe wangsulan kula, sanpun ngantos mundur sacengkang, Mas
Danasatata ing nalika miyosaken pitembungan makaten saestu
kakilapan bilih Abdulatib boten kenging kablithuk sarana tem-
bung, sabab kula saya awas pikajenganipun Mas Danasatata, ing
mangke kula terangaken, Mas Danasatata anggenipun nyethutaken
badhe dhateng nagari ngamonca punika, awit saking sumelang bok
manawi wangsulanipun Abdulatip kamooran pitaken ingkang ngod-
hengi, mila sadherekipun kakalih dipun ejokaken pun Danasatata
dados mungkur gangsir, mongka saestunipun Danasatata piyambak
ingkang badhe mangsuli, sabab anggenipun anyriyosaken badhe
dhateng ngamonca, tuwin gadhah sadherek kakalih punika amung
nyamudana kemawon.
katandhan Abdulatip.
=============================

Benjing ing dinten Jumungah tanggal kaping 25 wulan punika badhe


wonten lelang barang toko warni-warni ing griya losmen Surakarta.
Benjing ing dinten Saptu tanggal kaping 26 wulan punika, badhe
anglelang barangipun tiyang Cina anama Cuekim Suwi, ing Surakar-
ta, warni kereta, kapal lembu, grobak, tuwin sanes-sanesipun.
Surakarta kaping 18 Januwari 1867
Ingkang nguwasani lelang Katandhan Tuwan Panlingen
====================================
Para tiyang saged pikantuk atumbas kuwe-kuwe, tuwin beskuwit
warni-warni, dhateng nyonyah Miski, ing kangpung Kabalen Surakar-
ta.
Manawi wonten ingkang karsa ameling tetedhan kangge ing pasamuwan
Nyonya Miski inggih sagah amarnekaken, ananging kasajangan rumiy-
in elet sadinten.
Surakarta kaping 18 Januwari 1867
=================================
Benjing ing dinten Saptu tanggal kapingm 26 wulan Januwari puni-
ka, badhe wonten lelang ing kampung Pacinan Surakarta, ing griya-
nipun Babah Cukimsuwi, manggihingkang badhe kalelang awarni:
kareta, kapal lembu tuwin pedhet grobag, kajeng warni warni
kadosta: usuk tuwin sirap, barang dandosan griya, kadosta: meja,
kursi, almari, setulup dilah gantung, kaca ageng, tuwin pigura,
patileman kajeng, tuwin barang sanes-sanesipun ingkang badhe
kawedalaken, sarta barang wau kasade ing sapajeng-pajengipun
boten mawi kaandheg ing pamadenipun.
Katandhan Cukimsuwi.
==================================
uwan Dhegrotkolep en ko gadhah panedha dhateng para priyantun
ingkang taksih gadhah sambutan dhateng tuwan Dhegrotkolep en ko
kala ing taun 1866, mugi sami ambayara sambutanipun wau ingkang
tumunten.
Katandhan tuwan, F.H.Jaspres
===============================
Tuwan Jaspres en ko asuka uninga dhateng para priyantun, manawi
serat pananggalan ing taun 1867 regi Rp. 1,-- (sarupiyah) satung-
gil sapunika kantun sakedhik.
Katnadhan Tuwan Jaspres en ko.
=============================================
Ongka 5, 31 Januwari 1867
Pawartos warni-warni
Tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani, F.W.Winter, kala wingi
tanggal kaping 23 Januwari, ing wanci enjing , kadhatengan utusan
dalem ingkang sinuhunKanjeng Susuhunan wonten ing salebeting
pamulanganipun para murid calon guru-guru jawi, dene ingkang
kautus punika Ordenas Walandi, kautus aningalaken maujud kawad-
hahan ing lodhong gelas alit dhateng kula, dhawah dalem ingkang
sinuhun, kula kapurih anyariyosna wonten ing juru Martani bab
kawontenanipun maujud ingkang sakalangkung elok wau, wondening
maujud punika awarni ulam wader, awak kakalih sirah amung
satunggil, awak kakalih wau adhapur piyabak, amung prenah
panggenan sirah tumempel dados satunggil, sirah satunggil dados
kagem belokan awak kakalih, mripatipun kalih cangkemipun stung-
gil, menggah wiyaringawak ingkang satunggil kirang langkung
saking kalih dim, panjangipun wiyar sadim, dene awaking wader
ikngkang satunggilipun wiyar sadim panjang watawis kalih tengah
dim (2,5 dim).
Sareng wader sampun kula tingali, lajeng kula tedahaken dhateng
konca para guru ing pamulangan wau, saha dhatng para murid kula
sadaya, andadosaken gumunipu ingkang sami aningali. Ing sapunik-
anipun wader ingkang aneh wau inggih taksih wonten ing panjenen-
gan dalem ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan.
Surakarta kaping 24 Januwari 1867
Katandhan F.W.Winter.
===============================

Griya pancen panggenanipun titiyang musakat.


Wadana ing Magelang anama Prawira Dipura amratelakaken kawrat
ing serat bab badhe pandamelipun griya pancen panggenaning
titiyang musakat, kadadosanipu adamel pakurmatan dhateng piyam-
bakipun, suraosing seratipun kados ing ngandhap punika:
Ing satanah jawi mrika-mirki akathah titiyang musakat sami lampah
papriman angupados tedhanipun ing saben dinten anggenipun ngantos
lampah papriman punika awit saking jompo saking sampun sepuhipun
utawi awit saking anandhang sasakit cacading badan, manawi ka-
pendhet ing sayektosipun tiyang ingkang sami aningali dhateng
para tiyang Musakat, sadaya sami giris, awit titiyang ingkang
musakat wau sami angatingalaken cacad tuwin sasakitipun, supados
andadosna welasipun ingkang sami aningali punika.
Titiyang Musakat wau mugi sami kaparingana ingon medal saking
panguwasanipun ing parentah, smpun ngantos angupados tedha saking
anggenipun papreman, menggah anggenipun bahe amaringi ingon
dhateng para tiyang musakat, punika kadamel gampil ing ngatasipun
para parentah, mila lajeng wonten panuwun, wadana satunggil-
tunggilipun kadhawahana sami kadamel griya pancen panggenaipun
titiyang musakat, wonten ing bawahipun piyambak-piyambak, dene
titiyang musakat ingkang sampun boten saged anyambut damel punika
kapanggena wonten ing griya wau, mawi kaparingana ingon ing
saben dinten, menggah ingon tuwin panganggenipun titiyang musa-
kat kawedalna saking panguwasanipun ing parentah. pamendhetipun
arta ingkang badhe kadamel ingon punika saking pundi, punika
kenging kawdalna ssaking pundi-pundi kemawon, sanadyana saking
arta panaiban utawi ing sanesipun.
Griya pancen panggenanipun titiyang Musakat wau kedah kadamela

celak kaliyan lepen, tiyang musakat satunggil-tunggilipun apikan-


tuka kamar satunggil, dene kamar punika agengipun wolung kaki
pasagi, punapa dene griya punika kadamela saking tembok, mawi
payon gendheng, manawi badhe angangsalaken wragading pandameli-
pun griya punika, kadamelna loterei wontensalebeting paresidhenan
piyambak-piyambak, minongka kauntunganipun griya wau.
Ingonipun tiyang musakat ing saben dintenipun kedah kaolah kapi-
yambak, mawi kapriksanan ingkang saes saha katata. Manawi titi-
yang Musakat wau sampun wonten ingkang sami saras saking sasaki-
tipun, punika kapasrahana dhateng lurah dhusun, saha lajeng
kadadosna tiyang tani.Wasana nama tuwin griyanipun titiyang
musakat kaseratan ing sapantesipun, manawi wonten ingkang pejah,
utawi medal saking griya wau, inggih kacathetana ugi, mwi kaprik-
sanan ing sapantesipun.
Mugi-mugi kaparengana aturipun wadana Prawiradipura.
===============================================
Pawartos saking Surabaya
Tuwan N.F.Ole ing dalem kalih taun sampun angaturi pratelan
kaping sakawan ingkang manggepokan pasiten paparingipun kanjeng
Gupermen wah mawi cariyos kalih, bab pananemipun pantun tuwin
panyimpenipun jagung, kalih dening malih tuwan Ole anyariyosaken
ungeling serastipun Raden Aji Muhammad Adrai, ing Bandhung,
ingkang badhe kawaonan ing sawatawis bab kadadosaning pananemipun
pantun Karolina, menggah ungeling serat wau tuwin wawaonipun tuwn
Ole, punapa malih isarat panyimpenipun jagung, sami kapratelakak-
en ing ngandhap punika:
Serat katur pangulu ageng ing Limbangan
=======================================
Kula ngaturi pratelan bab patrap kula ananem pantun Karolina,
tuwin bab kathahing pamedalipun kala taun 1866, anetepi ingkang
sampun dados palapuran tuwin sakawontenaning pantun salebetipun
ing lumbung.
Wiji pantun warni gabah wawrat 45 katos, 9 gedheng, puika kase-
bar satunggil tunggilipun gabah, thukulipun ngantos dumugi ken-
gingipun katanem ing dalem 30 dinten yen sampun katanem elet 75
dinten lajeng wiwit medal slamper utawi lamenipun elet 33 dinten
malih tumunten kenging dipun eneni, sareng slamper utawi lamen
sampun wonten isinipun pantun boten saged gogrok.
Wiwit tanem dumugi pangenenipun kalampahan ing dalem 108 dinten.
Sabin ingkang kataneman namung sabau leres beganging ananem kados
ing kang sampun kalimrahan nanging ingkang katancebaken namung
kalih utawi tigang winih kadadosaken satunggil mawi kainten ing
saprayoginipun.
Angsal-angsalanipun pantun saking wiji kang kasebut ing nginggil
wau gunggung 5 caeng,langkung 172 gedhengm, utawi wawrat 5860
katos, pamedal samanten punika ingkang kaleres katampen dhateng
ingkang ngolah sabin, 122 gedheng, dadios ingkang malebet ing
lumbung resik kantun 5 caeng langkung 50 gedheng, nanging ingkang
nama jakat tuwin cuke dereng kabayar angantosi lebetipun sanesi-
pun.
Sabiniun pangulu ing Bandhung dereng nate medali pantun kang
limrah ngantos 5 caeng, mongka ing sapunika angsal-angsalanipun
kathah makaten, sampeyan manawi karsa kula aturi angyaktosaken.
Ingkang pangabekti saking putra sampeyan Muhammad Adraikalipah.
Saking kang kasbeut ing nginggil punika sampun tatela: Kang

kaping 1 wiji pantun kang katanem ing siti sabau kathahipun


namung 9 gedheng, utawi 5 katos dados suda kathah katimbang
kaliyan pamijenipun tiyang jawi ingkang sampun kalimmrahan, bilih
kaetang sudaning pamedalipun pantun saben taun ing tanah jawi,
jalaran saking kakathahen panganggenipun wiji, sudan punika
amesthi anyekapi tedhaning titiyang ewon, yen tiyang purun nyoba
anyebar wiji pantun kang sae wonten gulan ingkang prayogi pan-
damelipun amesthi badhe lajeng sumerep bab panyudaning wiji.
Kang kaping 2, ing dalem siti sabau saged amedali pantun kirang
langkung, 28 dhacin, yen pangolahipun siti sangsaya prayogi, ing
dalem sabau angsal angsalipun pantun ngantos 70 utawi 80 dhacin
mila pratelan saking Bandhung bab pamedalipun pantun kang sampun
kasebut ing ngajeng wau kenging kawastanan kathah, sabab ungeling
serat ing nginggil punika kang wekasan mawi anyariyosaken bilih
sabin nalika taneman pantun ingkang limrah, dereng nate amesdali
50 dhacin.
Menggahindhaking pamedal wau sampun tetela awit saking panyebari-
pun wiji mawi dipun atos-atos sarta kaleresan punapa alih awit
saking kathah ing panggrombolanipun pantun Karoline.
Kang kaping 3, pantun Karoline manawi katanem ing pasiten kang
inggilipun angungkuli seganten 23.00 (derajat), kaki, kengingipun
dipun enei ing dalem 138, utawi 108 dinten punika kaetang wiwit
panyebaripun wiji, dados kalebet wiwicaling pantun genjah, anang-
ing ngungkuli reginipun.
=======================================
Panyimpenipun Jagung
Samongsa woh jagung sampun sepuh sarta sampun kaundhuh, godhong
kang nasabi bonggolipun karempelan, bonggol punika lajeng kace-
lupna ing toya wedag kang umob, tuwin kang sampun kasadhiyakaken
wonten ing kendhil utawi dandang tembagi, dangonipun satengah
utawi satunggal menut yen sampun bonggol tumunten kakesata,
punika isaratipun jagung kengingipun kasimpen lami boten bubukan,
wondening bilih kaolah kadadosaken tatedhan caranipun tiyang
jawi, jagung bonggolipun kaselup ing toya wedang wau boten wonten
bedanipun
============================================
Deling kadamel badhe dalancang.
In gpulo-pulo Indhi kilen sakalangung kathah delingipun, sami
kabekta saking Jamaikah dhateng Niyorek (Newyork), badhe kadamel
Dalancang wonten ing ngriku, kadadosanipun sae smi kados badhe
sinjang gombalan ingakang ngadat kadamel dalancang. Menggah
pangaosing deling ingkang kadamel dalancang ngantos sayuta wolung
kethi rupiyah, dene pambektanipun deling ing baita kapal kala
rumiyin sakalangkung ewed, amargi damel sesaking panggenan, saha
boten saged amot kathah, andadosaken lumuhipun para tiyang ing-
kang sami ambekta, ananging ing sapunika eweding pambektanipun
wau sampun kamayaaken sanget, reanipun makaten: Deling punika
manawi badhe kabekta kamot ing baita kapal kaplepes ing gilingan
ngantos sawalang-walang, tumunten kapalepet dening pirantos,
manawi sampun kempel dados satunggil, lajeng kawadhahan ing
karung, kalampahan agampilaken ing pambektanipun kamot ing baita
kapal.
=======================================
Kala tnggal kaping 14 wulan Dhesember ingkang sampun kapengker-
tiyang jawi anama embok Saimah, semahipun singa setra ing dhusun

Dhebekedhokan bawah Sidayu, punika gadhah rare medal jaler,


jabang bayi punika boten gadhah tangan, sarta sukunipun celak,
talapakan agengipun amung satengah dim, darijining suku satung-
gil-tunggilipun amung sakawan, wah sukunipu ingkang tengen ama-
lik, dene jabangbayi ing sapunikanipun taksih gesang.
=========================================
Sareng condhaberawa dereng lami kesah dhateng Purwadadi bawah ing
Grobogan dumugi ing Puspanawangan, sakalangkung gumun aningali
dhateng kawontenanipun panggenan ing ngriku, pategilanipun ka-
taneman jagung, awit saking wiyaripun kathahing uwitipun jagung
wau ngantos katingal kados wana, sareng condhaberawa dhateng ing
peken Purwadadi saha apitaken wonten ing ngriku bab reregen
samukawis tatedhan, lajeng sangsaya langkung gumunipun, awit:
jagung ageng-ageng ing dalem satus iji regi 10 sen,
uwos ing dalem sadhacin , 5 rupiyah , 50 sen
Pantun wawrat 50 atos, 1 rupiyah, 80 sen,
Kacang ing dalem sadacin regi, 3 rupiyah, 75 sen
Jarak, 5 rupiyah, 50 sen.
Punapa malih sata inggih sakalangkung mirah, andadosaken kebaking
para gudhangipun titiyang ingkang sami gadhah panggaouta, para
tiyang ing ngriku sami amadeni pantunipun, saha anedha jagung
ingkang sakalangkung mirahipun, dene arta pamadenipun pantun wau
kaangge anumbasaken dandosaning anak bojonipun, utawi katumba-
saken maesa ngantos satus iji.
Awit saking mirah ing tedha kathah titiyang saking tanah ing
ngamnca, kadosta: saking Pathi, Japara, Jwana., Rembang, Madiyun,
malah saking Surakarta, sai dhateng ing Purwadadi saanak bojoni-
pun,badhe atumbas rijeki.
Owel sanget dene margining kareta asep dereng rampung, bilih
sampun rampung , amesthi dados anggampilaken pambektanipun barang
tetedhan dhateng nagari sanesipun.
==========================================
Wangsulanipun Abdulatip dhumateng ingkang paman Kyai Sredajanma.
Kula sareng maos serat sampeyan paman kapacak ing jurumartani
ongka 4, sakalangkung bingah kula, prasasat kajugrugan gunung
menyan ratusa gonda, ananging kula taksih ragi kodheng paman
tuwin nyuwun katrangan ing sampeyan, dene kok sumerep yen Abdula-
tip tuwin wigya panitisastra, sami sadherek mongka sakaliyan sami
silih nama, punapa dene kula boten rumaos angedharaken nama ula
leres dhateng ing liyan.
Embah kula kyai Kereta inggih saya awas manawi kula tuwin Wigya
sami sadherek, mila kula sangsaya kodheng, anggenipun sumerep
punika, punika punapa kapirit saking ukaraning seratipun, nang-
ing bilih makatena taksih kula mokalaken, saestu wonten sababipun
sanes. Kula inggih smpun narimah bab apeling sampeyan kapurih
kendel anggen kula udur, nanging man pun Wigya ingkang saben
dados babukaning paben, sumongga sampeyan galih; pun Jayakarsa
amacak serat ing Jurumartani, mawi pitaken pitung prakawis dha-
teng Wigya kapurih mangsuli. Kula sampun methek manawi badhe
wonten wangsulan saking Wigya, watekipun yen boten saged mangsuli
pitaken punika lajeng nyandhak sanes prakawis, lepat punika
inggih ngikal babasan, mila kula eram sanget dene remen amangsu-
li, ananging saestunipun Wigya Panitisastra punika sakalangkung
kalantpaning budi, dhasar kaloka jana priya, Wigya, sampeyan kula

aturi kendel anggen sampeyan badhe udur malih akaliyan Jayakarsa,


sampeyan rak sampun dhamangta, yen cacah ing cangkriman punika
ngantos boten kenging kawical, saupami gogodhonganing witwitan
ing jagad pramudi taka seratan cangkriman punika taksih kathah
cangkrimanipun, pangraos kula makaten,
Pitakenipun tiyang gemblung satunggal punika angrubedaken wangsu-
laning pujongga sadasa.
Katandhan Abdulatip
================================
Benjing ing dinten Kamis tanggal kaping 31 wulan Januwari punika,
badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan Andreyas ing kampung
Pacinan Surakarta. benjing ing dinten Saptu tanggal kaping 2
wulan Februwari ngajeng punika, badhe wonten lelang ing griyani-
pun babah Cukimsuwi, ing kampung Pacinan Surakarta.
Surakarta kaping 29 Januwari 1867
Ingkang nguwasani lelang katandhan tuwan Fanlingen.
====================================================

Loterei arta kathahipun 210.000 rupiyah, minongka untunganipun


asitit, amisitiyah ing Samarang, sampun kaiden dening kanjeng
tuwan ingkang wicaksana Guprenur Jendrl, kawrat ing serat kakan-
cinganipun ingkang katitimangsan kaping 21 Oktober 1866, ongka
13.
Loteri punika badhe kamain kadamel tigang pangkat, pratelanipun
kados ing ngandhap punika;
Pangkat ingkang satunggil
Lot 10.000, salotipun Rp.10,-....rp. 100.000,--
Kathahing kauntungan
kauntungan satunggil Rp. 20.000,--
Kauntungan satunggil Rp. 10.000,--
kauntungan gansal
satunggil-tungilipun
Rp. 1000,-------------Rp. 5.000,--
Kauntungan satus
santunggil-tunggilipun
100 eupiyah ----------Rp. 10.000,-
--------------
Lot 1000 kalebetaken
ing pangkat kalihgunggungRp. 45.000 Rp. 45.000,--
-------------------------------------------------------
kantunan ingkang kalebet ing pangkat
kalih................................Rp. 55.000,--

Pangkat ingkang kaping kalih


Lot 11.000 salotipun Rp. 10,--.......Rp. 110.000,--
Lot 1.000 ingkang kalebetaken ing
pangkat kalih-------------------------------------------
Lot 12.000...........................Rp. 165.000,--

Kathahing kauntungan
Kauntungan satunggil Rp. 20.000,-
kauntungan satunggil Rp. 15.000,-
Kauntungan Satunggil Rp. 10.000,-
kauntungan gangsal sa-
tunggil-tunggilipun
Rp. 1.000,-- ....... Rp. 5.000,--
Lot 500 ingkang boten kawedalaken ing
pangkat kalih, dados gunggung sadaya...Rp. 60.000,--
------------------------------------------------------
Kantun..................................Rp.105.000,-

Pangkat ingkang kaping tiga


Lot 500................................. Rp.105.000,--
Kathahing kauntungan
kauntungan satunggil .....Rp. 40.000,--
Kauntungan satus satunggil-
tunggilipun Rp.100,-- Rp. 10.000,--
Ganjaran kalih satunggil-
tunggilipun Rp.1000,-.....Rp. 2.000,--...Rp. 52.000,--

Yatra ingkang kadamel ambayar prabeya


konjuk ing kangjeng Gupremen, saha
wragading loterei, punapa malih
ingkang minongka kauntunganipun ositit
Amisitiyah gunggung sadaya................Rp. 53.000,--

Menggah dinten pamainipun loterei ing tembe badhe katamtokaken


pamainipun wonten ing Samarang, katingalan ing ngakathah, dene
pamainipun loterei ingkang pangkat kaping tiga punika sasampuning
rampung anggenipun mainaken loterei pangkat kaping kalih elet
kawanwelas dinten.
Keuntungan loterei kenging katampenan sampunipun loterei sapang-
kat-pangkatipunkamain elet kawanwelas dinten, boten mawi kacowok,
dados atampi resik, dene ingkang badhe ambayar kauntungan tuwin
ganjaran, punika tesaurriring sositit: Amisitiyah.
Sinten ingkang badhe tumbas lot, punika saged pikantuk abayar
kenceng saking para tuwan ingkang kasebut ing ngandhap punika:
Ing Batawi, Tuwan Winserdhelange en ko
Ing Batawi, Tuwan Klein Notaris
Ing Batawi, Tuwan Simon
Ing Surabaya, Tuwan E. Tinbering en ko
Ing Ngayogyakarta, Tuwan C, Panlenep
Ing Ngayogyakarta, Tuwan A.Begeman
Ing Surakarta, Tuwan H.Wilken Nem
Ing Sujrakarta, Tuwan P.W.G. Gaut
Ing Samarang Tuwan Wermut en ko
Ing Samarang Tuwan W.Bos Nem
Ing Samarang Tuwan D,Grunepel
Ing Samarang Tuwan C.L.Dhangmeiyer
Ing Samarang Tuwan Y.P.Krabe
Ing Samarang Tuwan Repeliye en ko
Ing Samarang Tuwan G.C.T.Pandhorep
Ing Samarang Tuwan Dhegroot Kolep en ko
Ing Samarang Tuwan Susman en ko
Ing Samarang Tuwan Tuf en ko
Ing Samarang Tuwan B.P.Aotisen
Ing Samarang Tuwan H.L. Dheliyon
Ing Samarang Tuwan Y.A.Brumsetedhe
Awit saking Asmanipun Dhireksi,
Katandhan tuwan Brumsetedhe, Sekretaris.

============================================================
Tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani asuka uninga dhateng para
priyantun ingkang sami gadhah udur, kapacak ing Jurumartani,
kadosta: Mas Wigyapanitisastra, Abdulatip, Danasatata, Kyai
Kereta, Raden Panji Puspawilaga, Raden Rara Item, sumanggeng
karsa, tanpa Wigya, jayakarsa, Kyai Sradajanma, tuwin sanesipun
priyantun ingkang seratipun udur dereng ngantos kapacak, manawi
ing sapunika seratipun udur para priyantun wau boten kula pacak
malih wonten ing Jurumartani, amargi kula manah boten wonten
pikantukipun.
Ingkang punika panedha kula, mugi-mugi sampun ngantos andadosaken
rengatinggalih, ewa denten manawi para priyantun wau sami karsa
amacak serat minongka panjurung, awarniya pawartos, saha cariyos,
utawi udur ingkang manggepok dhateng kawruh, saha wonten pikan-
tukipun sae mutabari dhateng ingakathah, punika boten kenging
boten amasthi lajeng kula pacak ing Jurumartani, saha kula badhe
asuka panrimah sakalangkung sanget dhateng ingkang karsa anyukani
panjurung kados makaten wau.
======================
Pawartos warni-warni
Serat saking Magelang ingkang katitimangsan kaping 17 wulan
Januwari punika, anyariyosaken kados ing ngandhap punika:
Kala wingi ing nagari Magelang wonten lalampahan ingkang saka-
langkung aeng, bok manawi lalampahan punika murwat kadamel paka-
baran kapacak wonten ing serat Jurumartani.
Ing dinten kala wingi, wanci pukul tiga siyang ing nagari Mage-
lang wonten tiyang kathah sami malajeng malajeng sahaambekta
waos, awit ing kanmpung Pacinan Magelang wonten sima, tiyang
ingkang sampun sumerepa ing Kedhu tuwin Magelang mesthi bahde
amastani, bilih pawartos wau dora, saha mokal sanget manawi ing
nagari Magelang kalebetan ing sima, ewadenten pawartos punika
sayektos ing kawontenanipun. Ing pakebonan sawingkinging griyani-
pun tiyang Cina, ingkang wonten satengahing kampung Pacinan, saha
kathah sanget titiyangipun ingkang sami gagriya, ing ngriku anak
Cina aningali sima satunggil, ingkang kakinten sagawon ageng.
Boten ngantos dangu titiyang ing nagari Magelang rame saha ari-
but, sanalika lajeng sami ngumandang, nanging ramenipun wau boten
ngantos dangu munten kendel, awit wonten Cina ingkang gagriya
celak panggenan ing ngriku, punika anyanjata dhateng sima ingkang
andhelik wonten salebeting rurukun dipun pakebonan wau, kalampa-
han sima kenging kasanjata, saha lajeng boten saged ebah, sareng
makaten sima tumunten kasanjatanan saha karampog ing titiyang
kathah, wekasanipun sima lajeng pejah, deje tiyang boten wonten
ingkang anandhang tiwas, sadaya sami kawilujengan.
Menggah sima ingkang kapejahan wau lorek, saha sakalangkung
agengipun, panjanging awak kaukur saking cangkem dumugi epoking
buntutipun kapanggih 2,5 elo Nederlan langkung 3 dim.
Sakathah ing titiyang ing nagari Magelang sami eram, dene nagari
ing Magelang ngantos kalebetan ing sima, saking pundi dhatengipun
saha kados pundi sagedipun lumebnet ing nagari Magelang ngantos
boten kasumerepan ing titiyang.
=================================
Cariyosipun Bab Tudhung damelan saking kajeng.
Dereng antawis lami ing tanah Paris wontentiyangpejah, atilar
arta kathahipun kalih yuta rupiyah, sagedipun gadhah titilaran
samanten p[unika kajalaran saking tudhungipun kajeng, tiyang wau

anama tuwan Mulin kala ing taun 1816 piyambakipun dhateng dhusun
panggenan pabrik kang damel bakakas gilingan sapanunggilanipun,
ingkang gadhah pabrik awasta tuwan Buton abathon kaliyan tuwan
Weil, dhatengipun tana mawi sepatu tuwin ambekta karungan satung-
gil kasampiraken ing githokipun lajeng anyuwun padamelan, sareh-
ning katingal kados tiyang priman tuwan Buton boten purun anyu-
kani paamelan malah anundhung akehn kesah, sareng tiyang wau
kesah, boten dangu kaeluk wangsul dhateng tuwan Buton sarta dipun
pitakeni:kowe ku nganggo tudhung apa, wngsulanipun: tudhung
kajeng, tuwan, tuwan Buton pitaken malih: olehmu tuku tudhung iku
saka ngendi, wngsulanipun: anggen kula damel piyambak, tuwan
Buton lajeng pitaken: kapriye olehmu gawe, wangsulanipun: mawi
kula bubut, tuwan Buton wicanten malih: yen kowe bubuta benere
dadi bener, iku kok bisa dadi lnjong, wangsulanipun: leres tuwan
kenging kula akali, tengahipun leres mawi kula ing selajeng kula
bubut kang supadis sagedipun dados lonjong, anetepi ing pikajen-
gak kula, kula punika kedah ambudi akal samanten wau, sabab kula
boen gadhah arta kadamel tumbas tudhung, tuwan Butonsareng
sumerep yen pamanggihipun tiyang wau amikantuki sanget dhateng
pangupajiwa, lajeng anyukani padamelan , lami-lami tiyang wau
saged gadhah griya panggenan dael tudhung kajeng, kang andado-
saken sugihipun.
=================================================
Wnten cariyos saking tanah Kapdheudheup bab patrapipun titiyang
ambubujeng sima leyo, manawi titiyang punika sampun sumerep
wonten leyo, ambaliyur ing sangandhaping witwitan kang ayom
salah satunggil lajeng mawi ombyong-ombyong gogodhongan dipun
bengketi kadamelana sabi endhas tuwin pndhakipun tiyang tumunten
angrundhuk leyo wau lampahipun brangkang, sareng sampun celak
kaliyan leyo, sakinten badhe saged andemok sarta anyipta ing
samasa leyo kaget anggenipun ambaliyur, sumerep ing piyambakipun
kawastanan grumbul tiyang lajeng damel luwengan cekapipun kadamel
mendhem buntutipun leyo, buntut punika tumunten kalebetaken ing
luwengan mawi kapepet tan dipun pasanging sela kaliyann siti
lempung. Sareng sampun kalampahan makaten tiyang lajeng anjojroh
kalayan jemparing dhateng leyo kang ambaliyur wau. Leyo kaget
tumunten mancolot mumbul nanging sarehning buntutiipun kapendhem
kapepek kalayan pasangan sela tuwin siti lempung, saking soraning
pancolotipun leyo, ulan-ulanipun putung, leyo dhawah ing siti
sarta pejah.
====================================
Dereng lami wonten juru sabin satunggal dhateng griyanipun Adpo-
kat ing tanah Roterdham badhe anedha rembag wicantenipun makaten:
Tuwan kula punika gadhah sambutan dhateng tuwan G. ing Sekidham
kathahipun 50 rupiyah, awit kula boten bayar kula badhe dipun
gugataken, Adpokat mangsuli: Lo, iya gene kowe ora bayar utangmu,
amargi kula boten gadhah yatra, aku jaluk sumurup cacekelanmu
layang, serat punapa, layangmu prajangjeyan kambi tuwan gemau,
kula boten damel serat prajangjeyan, yen mangkono bayaren ing
sakarepmu bae, dheweke masa bisa mrakara marang kowe, bilih
rembag sampeyan temen inggih sakalangkung panrimah kula dhateng
sampeyan, eh kowe mesthi bayar 180 sen marang ngaku, sumerep
punapa, iku sumurupa tuwas enggonku aweh pratikel marang kowe,
yen makaten pundi serat cacepengan sampeyan sampeyan boten
damel serat prajangjeyan kula, dados anggen kula badhe bayar

inggih ing sapikajeng kula kemawon, sareng juru sabin sampun


amangsuli makaten, lajeng kesah mantuk.
============================================
Dereng antawis lami wonten baita kapal ingkang momot inuman rum
dhatengipun saking tanah Dhemerari, labuh jangkar wonten sungapa-
nipun lepen anama Mersei, para tiyang ingkang gagriya ing dhusun
sacelakipun lepen punika, sami mendhet ru saking tong ingkang
kumambang ing lepen nanging anggenipun ngombe rum wau tanpa mawi
dugi-dugi, wekasanipun ttiyang punika kathah ingkang sami pejah.
===========================
Ing tanah Engglan wonten griya satunggil gadhah anipun tiyang
kathah, minongka kadamelaken lempakan, ing ngriku wonten tatinga-
lan aneh, dene para tiyang ingkang sami kaklempakan wonten sa-
tunggi ingkang boten gadhah bau tuwin botengadhah suku, ingkang
gana suku namung pruthulan kakalih sami celak agengipun antawis
nem dim panjangipun ing satunggal kaot sa dim, ingkang gana bau
namung gatra kemawon sami celak ananging ical sipatipun sa-
kaliyan sarta boten wonten tutungigilanipun malih ingkang ngemp-
er-emperi tangan, sanadyan tiyang wau ujudipun makaten seratipun
sae, trangkil ambubujeng kewan saged anggambar sakalangkung sae,
saged anyanjata patitis tuwin saged anglampahaken baita sarana
akalipun ingkang cikat, menggah kasagedanipun ing kasusastran
katawis saking pangarangipun serat waosan ingkang sampun kecap
sarta kasumerepan ing kathah, mawi gambaran tuwin katrangan
dedamelanipun piyambak, samasa badhe nyert kalam kacakot lajeng
kapipit kaliyan gatra bau pruthulan wau, panyeratiun sastra
cetha, sarta sae sanget yen ambubujeng kewan mawi numpak kapal
nanging wanguning lapakipun aeng, pandamelipun pancen namung
kenging kaangge ing tiyang wau piyambak, samasa tiyang punia
sampun wonten sanginggiling lalapak prigel sarta lemes sanget
anggenipun asosolah, terkadhangan mawi angungelaken sabuk ingkang
ugi anganeh-anehi, cekakipun tiyang wau temen angeram-erami,
awit saking sareh utawi telatosipun bilih sinau anyolahaken
badan ing ngatasing kasagedan angungkuli titiyang kathah ingkang
boten gadhah cacad.
============================================
Panjurung Juru Martani, minongka panutup kaca: yen wonten ingkang
taksih longka, mawi sekar asmaradana.
Sawetawis angaturi, sami kendel mring priyayi kang, semune wawan
wiraos dangu-dangu mbok manawa, baranang mring sarira, sepala
pikantekipun tur angaberaken karya.
Perlu atasing pakardi, kang mring kawajibanira, yen ingkang
lumampah gawe sanadyan ingkang mardika, tanpahe darbe karya,
kang mrih upajiwanipun yen pijer angrembag denta.
Yuda sastra ngaben lungit kadi tan wonten wusira, leeng sami
ngayemake, kasenenganya neng wisma, lentang gaya putranya, uta-
mine lamun sarju, samyaksama ing ngaksama. Anglanggengna sawuri,
dadya lir kadang sumitra, malar mulut mulet mangreh kang sairib
ngasah asah, tajem kalam panurat lepas seingetanipun lantip ing
grahita limpad.
Dera sami amumurih, marsudi sareh ing sastra, sarona sorog
sinorog tanya tinanya kalawan surat tinutupp ing lak kados-kados
yen pikantuk samya entek loba pamangya.
Yen ingkang bodho mastani, puniku tanpa pedhaha, tuwase angentho-
kake namane juru pawarta, ing gran juru sawala, delir rebat

leresa unggul yen ingkang wus pramengkara.


Kedhik saged amastani, wonten ugi pikantuknya mongka nges-nges
ing cariyos malar mumungu graita, ngimbah ing srengicita, mongsik
kaingetanipun wusana minta aksama.
Deram basumesel angling, lir angendelaken karsa, sewu-sewu tan
nedya ngreh tan lyan mung atur prayoga, kalamun den piyarsa,
lamun boten inggih sampun leeng kula ngraipiya.
Dodongengan ratu muslim paradya sobya mreman, dhahat kapingin
sang katong kedhatengan trehing Mekah, sentana rasulullah, sesa-
laman dhahar kembul amicara sarasilah.
Sagotrah Pangeran Sarip tebih nagari Ngarbiyah, angundhangi sri
pamase bratya nararya samara, prawira angupaya,sapa kang antuk
trah rasul agung gaganjaranira.
Kebut Samara prajurit angupaya tuwan Arab yun pinalar barekahe
ana mantri pangalasan julig akaliyan nat, anama ngabei Bulpus
mersanak tinamu sakat.
Barindhil mukari kucir, karyane nandur janganan rinangkul eicara
padis sinawus mangerti lirnya, kucirnya wus pinaras malengis
gundhal-gundhul ubel sreban jujubahan.
anyangking sodalnya kithing, acacelak sur manila, semada gandheng
cahyane wus ilang gandaning cina, labet ginyuyang londha, binonyo
lengamajemuk wus pinacakaning wisma.
isthane den aji-aji, kinutug ratus dudupa, dimon pisan nir ganda-
nine wong sak omah padha nembah, tan atur uninga, mring patih
kyai Bestaru pracaya kurang talika.
Wus katur srinarapati, saharsa rumenggeng kara, tedhak mring
mantri wismane yun mondhongi Sarip tawan kalane pepanggiyan
dahat kurmatsang aprabu mendhak-mendhak atur salam.
Sarip pinthan tanpa angling , mung mesem-mesem kewala, gumeter
anoleh giris mirungu tabuhan prajurit gora umyang, juru bangsa
kyai Bulpus matur nata kathah-kathah.
Mitra dalem tuwan Sarip tan saged carane jawa, mung cara Arab
kemawon kadukamem dhasarira, mus mangkana tuman, bonoyong prap-
teng kadhatun kembul dhahar lan sang nata.
Ngucapah denira bunti, ajejegang sila tumpang, jurubasa Bulpus
tare, Tuwan Sarip denya dhahar, matuh caraning Arab sampun dados
duka prabu sang nata anggung nyengaja.
Wus sira akembul bunti, dinunung pondhok pinajang, panepan jronn
gkadhaton sak langkung sinuba-suba, ki pangulu kancanya, saos
karya lamun katur Sarip gedheg cengengesan.
Pangulu garjitenging ati, wus pitung dina tan salat ki Bulpus
mratelakake salat daim kangjeng tuwan pengulu dahat sumlang, ki
Bulpus mangkana sampun tampi ganjaran sarwendah.
Pisaline tuwan Sarip wastradi gumyur masraya, warna-warna sasa-
jine boga sandra sarsaweca, yen mangan tutup lawang, amung lawan
kyai Bulpus rampat dene bebas-bebas.
Ki pangulu langkung sedhih, mung jrih nglampahi paentah, sang
nata samet berkahe pengulu Ahmad Prayitna, anon solahin gbawa,
pat dasari tanpa wuwus blengkeman wantaning Cina.
Tandya anembang menyanyi jegang malangkrong neng mimbar, geger
binandha lok ing wong kalebon cina gundhulan ki Bulpus den
cekalak kawirangan patih prabu nging niyate nora batal.
Sinerat ing Lipura tanggal kaping 9 wulan Siyam ing taun Alip
ongka 1795, katandhan mangun Darana.
====================================

Panuwun kula dhateng panjenenganipu tuwan ing kang ngrang serat


jurumartani, mugi karsa amacak anggitan kula punika, papathikan
saking elmi kodrat.
ing ngalam donya sakalangkung kathah lalampahipun bai kodrat
ingkang dereng nate katiti priksa ing manungsa, dados taksih
kathah ingknag minongka katutupan ing langitaning wados, sareng
manusa ambudidayanipun amurih bikak lalangitan wau, tuwin kenceng
ing kajengipun badhe sumerep samukawis ingkang taksih gaib punika
wiwit gayuh sawatawis barang ingkang ing jaman kina taksih
kaanggep mukjijat.
Mila saya mindhak pakareming manungsa badhe gayuh samukawis
ingkang dereng kaserepan manusa wau saha awas yen kathah ing
kawruh punika tanpa duksina, ing ngandhap punika kula badhe nyoba
amradinaken kawru, ingkang saestu badhe gampilaken pamulanging
kawruh sanesipun, sabab elmi kodrat wau amadhangaken pamikir, wah
malih angawasaken manawi kodrat tolah tanpa wekasan, saupami
elmi kodrat wau, bdhe kula urut sadaya, saestu langkung prayogi
manawi kaanit kawrat kawrat ing serat dados kenging kabayawara-
kaken ing ngakathah, ananging makaten punika dede sedya kula,
kula amuing bahde damel anggitan wonten saking sawatawis kenging
kula pacak wonten ing serat Jurumartani, supados nanginga kadamel
tuladhaning priyantun sanesipun.
Ing samangke kula beahde anerangkaen sababipun dene sawernining
wujud manawi kaceplungaken ing toya, punika wonten ingkang kelem,
wonten ingkang kmambang wonten ingkang boten kelem boten kumam-
bang kadosta ulam.
Sarehning manungsa sampun lirah aningali lalampahanipun bab
kodrat ingkang makaten wau sapanunggilanipun, mila boten apitaken
ingkang dados jalaranipun wondene kathah kemawon kalampahing bab
kodrat ingkang katingala gampil tur manawi kaupadosan wadosipun
punika saweg rumaos awed, ing sapunika kula wangsul malih pitaken
ingkang sampun kasebut ing nginggil wau, kados ta wujud ingkang
kelem ingkang kumambang saha ingkang boten kelem boten kumambang
manawi wonteningkang anggalih, yen kelem utawi kummbang ing
kawujudan awit saking awrat utawi endhengipun punika sayektosi-
punboten, katranganipun makaten baita kapal punika saged kumam-
bang, wangsul sela ingkang sakalangkung alit kelem dene ulam
ingkang sakalangkung agengipun boten kalem boten kumambang, tur
saged kumambang ugi, punika makaten katranganipun, saupami cang-
kir kadekekan brumbungan tumunten kaisenan toya ngantos dumugi
sangandhaping leres brumbungan lajeng kula cemplungi sela ingkang
agengipun saupami, sakluwak, saestu toya lajeng mluber, amargi
pangggenanin toyasawatawis sampun kaenggenan dening sela, saupami
toya ingkang mluber wau katadhahan ing cangkir alit tuwin toyani-
pun punika katimbang , pamanggihipun awrat sela ingkang kacem-
plungaken akaliyan toya ingkang mluber, mila sea wau kelem dados
wawratipun punika taksih awrat sela, mila toya boten saged nyong-
ga ing sela kalampahan lajeng kelem kaping kalihipun manawi kula
nyemplungaken gabus ing toya cangkir ingkang kasebut ing nginggil
wau, sarta toya ingkang maluber katadhahan malih, lajeng katim-
banga dados sela wau, saestu badhe awrat toyanipun akalaiyan
gabus mila gabus punika saged kumambang, awit toya saged anyongga
gabus, kaping tiga manawi ulam kacemplungaken ing toya, saha
toyanipun ingkang mluber katimbang akaliyan ulam, punika saestu
badhe sami awratipun, mila ulam wau saged mangandhap manginggil.
Ing wusana kula ngaturi uninga dhateng para priyantun manawk
sami remen maos anggitan kula ingkang manggepok kawruh, inggih
badhe kula lajengaken, saupami wonten ingkang taksih kodheng, bab
katranganipun, kula sasaged-saged inggih kadugi nerangaken.
Katandhan Abdulatip.
======================================
Ongka 7, 14 Februwari 1867
Pawartos warn-warni
Kala tanggal kaping 29 wulan Januwari taun punika, wanci enjing,
ing Batawi ananmpeni pawartos ingkang anyekelaken manah, bab
sedanipun kangjeng tuwanmister, A.Prines Pisepresidhen ing Rad
Indiya Nederlan Kumanduring OrdenederlanSenleyo, Grut Opsiring
Ordheeiken krun ing luk Sembureh.
Sanadyan ingkang suka pawartos punika sanget ing pangungunipun
ananging anggenipun anglampahi kuwajiban ugi rumaos bingah, dene
saged anyariyosaken minongka pratondha angaosi lelabetanipun
kanjeng tuwan Prines ingknag sakalangkung utami, awit kanjeng
tuwan Prines punika kangantos tataunan sanget anggenipun amardi
sagedipun kalampahan sakathahing prakawis ageng saha prelu,
ingkang kapitadosaken dhateng kanjeng tuwan Prines salebetipun
kakarsakaken dados priyantun pangkat ageng warniwarni wonten ing
tanah jawi.
Kanjeng tuwan Prines anggenipun labet dhateng nagari teen kathah
saha ageng, aliya saking paamelan prelu ingkang dipun lampahi,
nalika dados algemene sekretaris dados lid tuwin Vice Presidhen
ing Rad Indiya Nederlan wah dados wakil Gupernur Eneral kangjeng
tuwan Prines ugi sampun nate dados priyantun ingkang anglampahak-
en leresan laminipun ngantos kalih welas taun awit nalikasaweg
malebet padamelan dados priyantun.
Kanjeng Tuwan Prines wiyosanipun wontne ing tanah sakidham kala
tanggal kaping 28 wulan Agustus taun 1816, sareng sampun kakula
wisudha dados pujongga ing kasusastran tuwin ing pangadilan
lajeng rawuh ing tanah jawi, panuju tanggal kaping 5 wulan Maret
taun 1839 sareng tanggal kaping 15 wulan April taksih tunggil
taun suwita ing nagari dados juru serat pangkat nomer satunggal
wonten salebetipun Rad Panjustisi ing Surabaya mawi nandhang
sumpah.
Salajengipun Kanjeng Tuwan Prines minggah ing pangkat dados
sekretaris tuwin angsal ing pangadilan mider, anglampahaken
leresan wonten bawahing Samarang kaliyan Surabaya, utmunten dados
Gripsir ing pangadilan ing Padhang, ngiras dados Piskal, lajeng
dados Lid ing pangadilan ing Surabaya tuwin ing Batawi, punapa
malih dados Grifper ing pangadilan luhur ing Indiya nederlan, ing
salebetipun 1849, anggenipun suwit aing nagari dereng jangkep
angsal sadasa taun lajeng kakula wisudha dados pangagengipun Lid
ing pangadilan luhur wau.
Taksih tunggil taun 1849, Kanjeng tuwan Prines anampani pratond-
ha parenging galihipun Kanjeng gupernemen awit kartrimah bab
kathahing kasagedanipun nalika anglampahi ayahan dados Komisa-
risipun Kanjeng Gupernemen kautus dhateng tanah Riyo (Riau),
atitipriksa sarta amranata bab kawontenaning prakawis ing tanah
ngriku, ingkang kala samanten taksih kisruh.Sakonduripun kanjeng
tuwan Prines saking tanah Riyo, dereng ngantos elet kalih taun
lajeng angsal pangkat dados wakil algemen sekretaris anglampahi
padamelan ageng saha awrat.Sareng kanjeng tuwan Prines katingal
cakep sanget anggenipun anglampahi padamelan ageng saha awrat
wau, ing salebetipun taun 2851, katetepaken ddos Algemene sekre-
taris.
Sasampunipun tetep dados algemen sekretaris kangjeng tuwan Prines
kapitados ing kanjeng paentah ageng, kawenangaken mranata sarwa-
nining lampahan ingkang manggepokan panyepengipun paprintahan

wonten tanah Borneyo kilen ing sakendelipun paparangan tiyang


Cina lalawanan sami Cina kala ing taun 1850, dumugi ing taun
1854.
Kanjeng Tuwan Prines anggenipun kautus dhatng tanah Borneyo kilen
wau ngantos rambah kaping tiga, ing salebetipun taun 1853, 1854,
tuwin 1855, pranatanipun kanjeng tuwan Prines anetepi ingkang
dados pangajeng-ajeng, saha andadosaken rejanipun tanah Borneyo
kilen, kala samanten kanjeng tuwan Prines boten angraosaken
sayah, botn anggalih ingkang dados kakiranganing samukawis tuwin
boten uwas ing pamutawatos ciptanipun namung sageda angestokaken
dhawahipun kanjeng parentah ageng, anggenipun kakeasakaken an-
glampahi padamelan ingkang kanthi pakurmatan saha rekaos sanget.
Sakonduripun kanjeng tuwan Prines ingkang wekasan saking tanah
Borneyo klen boten antawis lami kakula wisudha dahteng kanjeng
raja, dados Lid ing RAd Indiya Nederlan, elet sataun nuju ing
wulan Juli , taun 1857, kanjeng Tuwan Prines awit saking gerah
kedah tindak dhateng nagari Welandi, ananging boten lami bahe
wangsul malih dhateng tanah jawi.
Sawangsulipun saking nagari Walandi kangjeng tuwan Prines angasta
padamelanipun Lid ing Rad Indiya Nederlan malih. Ing salebetipun
taun 1859, kakarsakaken dados wakil Pise (Vise) presidhen wonten
ing Rad punika, taksih tunggil taun lajeng kakula wisudha dening
kanjeng raja tetepipun dados Pise Presidhen wau.
Ing salebetipun taun 1859, wau, Kanjeng Tuwan Prines inggih
angsal pangkat dados Presidhening Uf Komisi ing ngatasipun
pawulang ing indiya Nederlan tuwin dados wakil pangagengipun
paklempakan ingkang nguwasani pawulang anyolahaken lemesing
badan wonten tanah Bahrawa, ananging sareng ing taun 1860, Kan-
jeng Tuwan Prines anggenipun dados Pise Presidhening Uf komisi
wa kamantunankapayan pakurmatan awit saking anyuwunipun piyambak.
Kanjeng Tuwan Prines salaminipun dados Pise Presidhen ing Rad
Indiya Nederlan rambah-rambah kapitados angasta paprentahan ing
ngatasipun tanah Indiya Nederlan, patrapipun angasta paprintahan
punika sakalangkung prayogi, kalampahan saben-saben anampeni
pratondha bab panrimah saha parenging galihipun kanjeng parentah
ageng.
Boten namung kanjeng Parentah ageng ing Indiya kemawon ingkang
mundhi lelabetipun kanjeng tuwan Prines kanjeng raja ing Nederlan
ugi angaosi sanget dhateng lelabet punika, katawis saking lumun-
turing ganjaran dalem dhateng kanjeng tuwan Prines kadosta: kala
ing taun 1855, kaparingan pangkat dados Ridhering Ordhennederlan
Seleyo, kala taun 1864, dados komanduring Ordhe wau, tuwin kala
taun 1861, dados Grut Ofpisiring Ordhe Eikenkrun ing Luksembureh
(Luxembrug).
Sareng kanjeng Tuwan Prines aing taun 1864 anyuwun kendel angge-
nipun malampah damel kanjeng parentah ageng sanget cuwaning
galihipun, wondenin gkanjeng raja ing Nederlan anggenipun amantu-
ni pasuwitanipun kanjeng tuwan Prines akanthi pakurmatan saha
panrimah dalem awit lami sanget anggenipun anglampahi padamelan
tuwin ageng lelabetipun dhateng nagari.
Kanjeng tuwan Prines sareng sampunkaparingan pensiyun lajen
gkondur dhateng nagari Welandi, ananging sareng ing wulan Pebru-
wari, taun 1865 saking karsanipun kanjeng raja kadadosaken Pise
Presidhen malih winten Rad Indiya Nederlan.
Sawangsulipun Kanjeng Tuwan Prines wonten ing tanah Jawi,

pangastanipun padamelan nagari sanget anggenipun amerlokaken


akanthi taberi, kenceng, adil saha wekel kados ingkang sampun
kalampahan kala rumiyin ananging para titiyang ig nagari anggeni-
pun bingah angsal priyantun ingkang wekel sarta taberi ing pada-
melan wau, boten ngantos lami, sabab kanjeng tuwan Prines, ing
sakendel tuwin konduripun kanjeng tuwan gupernur Eneral Baron
Slut Van de Belle, saha nalika dados wakil Gupernur Eneral
sangsaya karaos gerahipun lami, kalampahan kala tanggal kaping 10
wulan Dhesember , taun 1866, kedah amrasahaken dhumateng kanjeng
tuwan mister, A. Lodhon Lid ing Rad Indiya nederlan bab pangas-
taning prakawis ing saben dinten supados kanjeng tuwan Prines
saged angasokaken sarira, badhe karsa tirah dhateng panggenan
ingkang asrep awanipun anama Sisepan tuwin ingkang inggilipun
angungkuli ing Bogor, samanten punika mawi kajampenan sarta
kapulasara dening dhokter.
Kala tanggal kaping 28 wulan Januwari taun punika wanci enjing
kanjeng tuwan Prines seda wonten ing Sisepan anggenipun suwita
ing nagari dados priyantun laminipun sampun 27 taun.
Awit saking sedaniun Kanjeng Tuwan Prines para tiyang ing nagari
anandhang pituna ageng, sarta sakathahing mitranipun tuwin sawar-
nining tiyang ingkang angaosi dhateng kanjeng tuwan Prines ames-
thi tansah angengnget-enget bab utamining lelabetipun.
Kala tanggal kaping 30, wulan Januwari taun punika wanci enjing
layonipun kanjeng tuwan Prines kasumarekaken wonten patamanan
celak kaliyan kadhaton ing Bogor, kathah priyantun ageng sarta
para tiyang sanesipun sami angateraken layonipun kanjeng tuwan
Prines, sareng sampun kasumarekaken kanjeng tuwan ingkang wicak-
sana Gupernur Eneral angandika suraosipun angurmati bab utamin-
ing lelabetipun Kanjeng Tuwan Prines, tumunten kawangsulan dha-
teng tuwan Dhislosiyon pandhita ing Bogor, pitembunganipun an-
gresepaken manah.
===========================
Bupati ing Kudus awit saking panuwunipun piyambak, ing mangke
sampun kaparingan lilah dening kanjeng Gupremen, asantuna man-
gangge asmanipun ingknag rama swargi kanjeng Pangeran ing Demak,
dados anama: Raden Mas Tumenggung Arya Condranagara.
=============================
manawi tiyang badhe sumerep tebih ing srengenge saking jagad,
punika pangetangipun kalayan upami kados ingkang kasebut ing
ngandhap punika:
Manawi tiyang lumampah dharat rinten dalu boten mawi kendel ing
lampahipun, punika saged dumugi panggenaning srengenge ing dalem
3000 taun, kareta asep ingkang lampahipun boten kendel saha
ajeg-rikatipun, punika kenging kawastanan sakalangkun grikat,
bilih saged dumugi panggenaning srengenge ing dalem tigang ngatus
utawi kawanatus taun, mimising mariyem manawi rikating lampahipun
ajeg kados nalika medal saking cangkeming mariyem, punika saged
dumugi panggenaning srengenge ing dalem sadasa taun, swara
ssaged dumugi panggenan srengenge ing dalem sawelas taun, punika
saged dumugi panggenaning srengenge ing dalem wolung menut,
lampah punika sadaya saged ipun kaetang kados makaten wau, bilih
awa (hawa) ing nginggil sami kailiyan ingkang wonten ing ngandhap
celak ing jagad.
===================================
Ing tanah Arab wonten tataneman ingkang adamel gumujeng manawi

katedha ing tiyang, isinipun wohing tataneman punika sakalang-


kung mandos angenipun adamel gumujenging tiyang, manawi isi wau
kadheplok ngantos dados bubuk lembat, saha katedhakaken ing
tiyang, ingkang anedha amesthi lajeng gumujeng, ura-ura, anjoged
ngaleter, utawi damel pratingkah ingkang andadosaken gugujengan
, sasampunipun antawis sejam dangunipun, tiyang ingkang nedha
bubuk lajeng tilem, manawi tangi tilem, tiyang wau boten kemutan
dhateng pratingkahipun ingkang sampun linampahan.
Manawi badhe damel gugujengan dhateng titiyang, bubukanipun
isinng woh wau kalebetna sakedhik ing wedang kopi, lajeng
kasegahna dhateng tamu, bilih wedang kopi wau kaombe, mesthi
ingkang ngombe lajeng tansah gumujeng saha anadukaken pratingkah
ingkang damel gujenging tiyang. Wondening bubuk punika manawi
amung sakedhik katedha ing tiyang, mesthi boten adamel sakit,
ananging bilih kakathahan anggeniun anedha, inggih lajeng anda-
dosaken tiwasing tiyang ingkang anedha, menggah tataneman ing-
kang damel gumujenging tiyang punika, ing sanesipun tanah boten
wonten, ingkang wonten amung ing Arab kemawon.
=====================================
Saking pawartosipun ing tanah Dhitslan wonten tiyang anama Enlin,
punika adamel sanjata ing kang kaisenan saking wingking, dada-
melanipun sanjata punika langkung sae angungkuli dadamelanipun
sanjata ing nagari Prusi saha tanah sanesipun, menggah dadamela-
nipun sanjata tuwan En Lin wau saged kaungelaken kaping
sadasa utawi kaping sawelas ing dalem samenut, saha tebihipun
lajenging mimis ngantos sewu tindak saged dumugi, punapa malih
wawrating sanjata langkung entheng saking sanjata dadamelanipun
Prusi, wah patrumanipun inggih langkung alit saking patrumaning
sanjata dadamelan Prusi wau, awit patruman sangangdasa utawi
satus iji sakalngkung gampilipun kabekta ing saradhadhu satung-
gil, angungkuli gampilipun katimbang kaliyan patruman seket iji
dadamelanipun bongsa Prusi wau punika.
=====================================
Cariyos Aneh
Semahipun pujongga anguman-uman dhateng ingkang jaler, bab angge-
nipun amarsudi kawruh ing saben dinten boten mawi wonten kendeli-
pun, kalampahan pujongga wau ngantos supe dhateng semahipun,
ingkang boten nate kaajak jajagongan utawi raraosan, kados lim-
rahipun tiyang sesemahan, menggah wicantenipun ingkang estri
dhateng ingkang jales makaten: puji kula, mugi kula dadosa serat,
supados panjenengan sampeyan enget dhateng kula, amargi saking
kawaosa ing saben dinten, ingkang jales mangsuli: iku bener, aku
iya mangkono pujiku, malah kowe dadoya layang pananggalan, awit
saben taun aku bisa salin.
===============================
Wonten tiyang anama Kyai Balaba badhe nyambut arta sewu rupiyah
dhateng mitranipun anama Kyai Cethil, pitembunganipun makaten:
Manawi pareng kula mugi sampeyan sambuti arta, katahipun sewu
rupiyah, bayar kula ing dalem sataun, Kyai Cethil anuju dhangan,
saha wicanten makaten: sarehning kula dede tiyang ingkang pancen
anglampahaken arta, ingkang punika kula anedha anakan, satusipun
sadasa rupiyah ing dalem sataun dados arta sewu rupiyah anakani-
pun satus rupiyah ing dalem sataun, anakan punika kula suwun
bayaripun rumiyin, kula sampeyan paringi serat pratondha nyambut
arta kathahipun sewu rupiyah, dene bayar kula dhateng sampeyan

amung sanganatus rupiyah, dados ingkang satus rupiyah kaserepaken


anakipun ing dalem sataun, Kyai Balaba mangsuli makaten: punika
sampun dados leresipun, ananging kula manah, manawi amung sataun
laminipun anggen kula badhe nyambut, bok manawi kula dereng saged
amangsulaken arta sampeyan , awit saking kaenggalan, mila manawi
sampeyan pareng, kula nyuwun kalih taun, Kyai Cethil anglenggani
ingkang dados panedhanipun ing Balaba, wicantenipun makaten: Lah
punika leres, awit sataun punika enggal telas, manawi makaten
sampeyan amung tampi wolungatus rupiyah, amargi ingkang kalih
atus sumerep anakipun ing dalem sataun, Kyai Balaba wicanten
malih: Sarehning sampeyan amarengi kula nyambut arta bayaripun
ngantos kalih taun, ing mangke kula nyuwun ambayar kawantaun,
awit kula manah sampun ngnatos kula boten saged amangsulaken
arta sampeyan, dados sampun kenging kapasthekaken sagedipun
ambayar, kyai Cethil sakalangkung bingah ing manah, saha lajeng
wicanten makaten: inggih prayogi, dados sampeyan amung badhe
tampi nematus rupiyah, lah punika artanipun,, Kyai Balaba wekasa-
nipun wicanten makaten: Sarehning sampeyan sampun trimah kula
bayar ng dalem kawan taun, ing mangke kula nyuwun sdasa taun
pisan, dados sampun ngantos katanggelan pitulung sampeyan dhateng
kula, sarta sampeyan badhe boten amaringi arta saigar-igara,
amargi sampun kaserepaken dados anakan sadaya.
===========================================
Benjing ing dinten Saptu tanggal kaping 16 wulan Pebruwari puni-
ka, badhe wonten lelang ing griya losmen Bayalali, ingkang badhe
kasade barang dandosan griya tuwin barang toko sapanunggilanipun.
Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 18 wulan Pebruwari puni-
ka, badhe wonten lelang ing griyanipun Nyonya Dhekok Pan Lewen
ing Surakarta.
Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 18 wulan Pebruwari puni-
ka, pukul wolu sonten badhe wonten lelang ing Soseteit Dhe Harmo-
ni, Surakarta, ingkang badhe kasade buku utawi gambar-gambaran.
Benjing ing dinten Rebo tanggal kaping 20 wulan Pebruwari punika
badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan langenbereh, ing
Surakarta.
==================================
Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 18 wulan Pebruwari punika
badhe wontenlelang ing griyanipun Tuwan W..Magilapri, menggah
ingkang badhe kalelang barangipun Nyonyah Dhe Kok Pan Lewen
awarni dadosan griya sapanunggilanipun.
===================================
para tiyang ingkang taksih gadhah sambutan dhateng Kantor Lelang
ing Surakarta kala ing wulan Oktober 1866, ing mangke sami
kaemutaken , mugi ambayara sambutanipun wau saderengipun utawi
satelasing wulan Pebruwari punika, manawi boten angleksanani ing
pambayaripun, para tiyang wau badhe katagih medal saking pangadi-
lan.
Surakarta kaping 1 Pebruwari 1867
Ingkang nguwasani kantor lelang, katadhan tuwan Bosower.
====================================
Tuwan Jaspres en ko asuka uninga dhateng para priyantun ageng
alit, manawi ing sapunika sampun ngalih dhateng griya kaprenah
sakilening caket griyanipun lami. Griya punika ing ngajeng dipun
enggeni ing tuwan Okerse, saha ing ngriku tuwan Jaspres en ko
taksih ambikak tokonipun serat-serat sapanunggilanipun, kados
kala taksih wonten ing griyanipunlami, ingkang punika mugi anda-
dosana dhangan saking karsanipun para priyantun saaya.
/Surakarta kaping 14 Pebruwari 1867
Katandhan Tuwan Jaspres en ko.
=============================
Tuwan Jaspres en ko akathah gadhahanipun pirantos anyerat warni-
warni, anggenipun mentas tampi enggal
katandhan tuwan Jaspres en ko
==============================
Tuwan Jaspres en ko taksih gadhah serat pananggalan ing taun
1867, regi nyarupiyah
katndhan tuwan Jaspres en ko.
==================================
Ongka 8, 21 Pebruwari 1867
Pawartos warni-warni
Salebeting kitha ing Dhitslan wonten tiyang dhusun ambekta
kajeng obong dhateng griya pasewan, badhe kawade wonten ing
ngriku, sareng kajeng sampun kaselehaken, tiyang dhusun lajeng
lumebet dhateng griya pasewan, badhe kapanggih kaliyan ingkang
nyepeng griya pasewan, ananging wonten ing ngriku boten saged
kapanggih kaliyan ingkang nyepeng griyapasewan wau, kalampahan
angentosi, ingkang nyepeng griya pasewan punika gadhah rewonda
ageng, sareng rewonda aningali dhateng tiyang dhusun ingkang wade
kajeng,pangintenipun rewonda, manawi tiyang dhusun punika badhe
anedha punapa-punapa, sanalika rewonda dhateng panggenan inuman,
saha lajeng angesoki brenduwin sagelas, kasukaken dhateng tiyang
dhusun, lajeng kaombe brenduwin sagelas wau, boten dangu ingkang
nyepeng griya pasewan dgateng, saha lajeng ambayar dhateng tiyang
dhusun, sumerep reginipun kanjeng Obong, sareng sampun bayar
tiyang dhusun lajeng katawenan ngunjuk brenduwin, wangsulanipun
tiyang dhusun makaten: kula sanget anuwun, awit putra sampeyan
sampun amaringi sagelas.
=======================================
Ing tanah Amerikah wonten guwa ingkang sakalangkung aeng saha
murwat manawi kacariyosna, menggah cariyosipun kados ingkang
kasebut ing ngandhap punika:
Guwa ing tanah Amerikah ingkang sampun kasumerepan ing titiyang
kathah wonten saubenging panggenan ing ngriku, punika gadhah
terusan anjog dhateng jurang ingkang sakalangkung lebetipun,
andadosaken guwa punika saged dipun amedalaken utawi anyerot
angin ingkang sakalangkung sanget, wonten mangsanipun tiyang
saged anyelaki guwa wau ngantos saged ambucal topinipun dhateng
salebeting guwa, boten mawi wonten kuwatosipun ingkang damel
tiwasing tiyang, topi ingkang kabucal dhateng salebetng guwa
boten dangu amung antawis sekon kabucal medal sakig guwa, ngantos
adhawah tebihipun sawidak utawi pitungdasa elo Inggris ingkang
kawastanan Yares, wonten malih mangsanipun guwa boten kenging
kacelakan ing tiyang, manawi wonten tiyang ingkang purun celak,
amesthi topinipun lajeng kaserot kalebet ing guwa, kalampahan
boten saged kapanggih malih, menggah sabawaning guwa kamirengan
kados gumrubuging angin ageng boten mawi wonten kendelipun.
=======================================
Wonten tiyang tani anumpak kareta, kapethuk rencangipun tiyang
dhusun ingkang lumampah dharat kemawon, rencangipun tiyang
dhusun gadhah panedha dhateng tiyang tani, mugi kalilanana tumut
anumpak kareta, wangsulanipun tiyang tani makaten: kowe duwe
sikil becik lumakuwa bae,. sareng tiyangtani sampun wicanten
makaten, tumunten anglajengaken lampahipun, ananging dereng
ngantos tebih lajeng kendel wonten sangajenging griya paewan, ing
nalika samanten rencanging tiyangdhusun inggih dumugi wonten
griya sewan ing ngriku, wonten ing ngriku rencangipun wonten
dhusun anandhukaken akal, sindikipun rodhaning kareta nipun
tiyant tani kapendhet dening rencangipun tiyang dhusun wau lampah
sisingidan, sareng makaten boten ngantos dangu tiyang tani lajeng
nglampahaken karetanipun, ananging dereng ngantos dumugi tebih,
galindhinganipun ingkang satunggil copot, kadadosanipun kareta
kandheg ing lampahipun, tiyang tani tumunten gadhah panedha
dhateng rencanging tiyang dhusun, supados tumuta tumandang anda-

dosi karetanipun, mawi kaprajangjeyan badhe kaajak anumpak ing


kereta, bilih sampun kadadosan, punapa malih tiyang tani apitaken
dhateng rencangipun tiyang dhusun, ppunapa sumerep dhateng sin-
dikipun galindhinganing kareta, wangsulanin grencangipun tiyang
dhusun, manawi piyambakipun sumerep, sindiking galindhingan
kareta kasanjangaken gumlethek wonten sangandhaping uwit ingkang
sampun kalangkungan wau, tiyang tani kapurih amurugana dhateng
sangandhaping uwit wau, dene rencanging tiyang dhusun sagah
anjageni kapalipun kareta, sareng makaten tiyang tani lajeng
lumampah dhateng panggenanipun uwit, dereng ngantos tebih lam-
pahipun, rencangipun tiyang dhusun enggal angetrapaken sindiking
galindhingan, sareng sampun rampung kareta lajeng kalampahaken,
sareng tiyang tani sumerep manawi karetanipun kalampahaken
dhateng rencangipun tiyang dhusun, lajeng anututi lampah ing
kareta, sarta abengok-bengok ngundhang dhateng rencangipun tiyang
dhusun, kala samanten rencangipun tiyang dhusun mangsuli makaten:
kowe iya duwe sikil, becik lumakuwa bae.
Sareng rencangipun tiyang dhusun sampun tebih lampahipun, lajeng
kendel wonten ing griya pasewan, wnten ing ngriku angombe inuman,
saha aparentah dhateng rencang ingkang anyepeng griya pasewan,
kinen anjagi tuwin angopeni kapalipun kareta, sarta kawelingan
angulungaken kareta dhateng ingkang gadhah, bilih ingkang gadhah
punika dhateng wonten griya pasewan ing ngriku, punapa malih
ingkan ggadhah kareta bahde ambayar regining inuman ingkang
sampun kaombe, sareng rencangipun tiyang dhusun sampun wicanten
makaten, lajeng kesah.
===============================
Kala jaman nagari ing matawis wonten ingkang kacariyos, buyutipun
kyai ageng pager redi, anama kiyai Buyut Martasuta, kala saman-
ten saking anggenipun ayektosaken pikantuking kasutapan, punika
dipun laksanani lampahing kasutapan ing sakuwasanipun, kadosta:
Tapa angluwat, tapa angeli, tapa tirakatan ing sapanunggilanipun,
sami dereng anuju wonten ing klawekasanipun, amung sareng anglam-
pahi tapa anuraga, matrapaken wedaling lesan sarta ebahing badan
mawi empan papan, punika ing wekasanipun antuk sih wilasaning
ngakathah, bubukanipun ing nalika anglampahi tapa anamur beberh,
ambekta gagramening bakul dhateng peken, sarehningamarengi dinten
kemis, ing sakedhap-sakedhap kendel andhodhok, awit saking kape-
thukan jajaraning para bupti ingkang sami mangkat sowan dhateng
pagelaran, dados kiyai buyut Martasuta wau dumuginipun ing peken
ngantos kasiyangen, kasrengenan dhateng bakulipun akathah-kathah,
kiyai buyut Martasuta amangsuli seserepan anggenipun kasiyangan
malah dipun gebagi, ing nalika punika kiyai buyut Martasuta kesah
sarwi wicanten makaten, Ah ala wong mikul slang mono, becik wong
mikul nagara, abot entheng karuwan susurupane, sareng kiyai Buyut
Martasuta kesah dumugi ing lepen Gajah Wong angambah wot, ing
ngriku wonten tiyang menden saking kdiul satunggal angliga
dhuwung, wonten malih tiyang mendem saking ler inggih angliga
dhuwung, sareng tiyang mendem kalih punika sami dumugi ing wot,
kiyai Buyut Martasuta sumelang ing manah bok manawi sami salah
serep dados kekerengan, mila tiyang mendem sakaliyan wau sami
rinapu ing basa krami sarta kaalembana piyambak-piyambak, kala
samanten tiyang mendem sakaliyan punika sami sareh lajeng anye-
rungaken dhuwungipun, kiyai buyut Martasuta ing nalika punika
saged adamel pamrayogi, supados sampun ngantos tutumbukan lam-

pahipun tiyan gmendem wau, kadadosanipun tiyang mendem ingkang


satunggal kapurih lenggah wonten ing salang sasisih, ingkang
satunggal kapurih lenggah wonten ing salang sisihipun, sareng
sampun sami miturut lajeng salang kaingeraken, ingkang sisih
tengen dhawah kidul, sisihipun ingkan gkiwa dhawah ler, dados
lestantun tiyang mendem sakaliyan wau sami mantuk sowang-sowangan
, boten wonten prakawisipun, nunten Kiyai buyut martasuta lestan-
tun lampahipun dumugi wana ing Wiyara, rembatan katancebaken ing
siti, salang kaerutaken ing badan lajeng sesendhen ing rembatan,
ngantos ing dalem tigang dinten tigang dalu boten nedha boten
tilem, amung angesthi pejahkemawon, anak bojo sami angupadosi
boten kapanggih, dipun kinten menawi beberah dhateng moncanagari.
Kacariyos kala samanten ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung
Prabu Anyakrakusuma ing dalu antuk wangsit salebeting supena,
kinen angabdekaken tiyang tapa sesendhen rembatan wonten wana
ing Wiyara, wasta Kiyai Buyut Martasuta, enjingipun lajeng gadhah
angupadosi kapanggih nunten kaabdekaken dados priyantun jajar
kemit bumi.
Sareng ing ngantawis wulan wonten prakawis tiyang estri rapak,
ingkang jaler boten purun angrentahaken talak, pandruwenging
ngestri warengkenging jaler ngantos andadosaken kewraning galihi-
pun Kiyai Pangulu Ahmad kategan, wekasan kasumanggakaken ing
karsa dalem ingkang sinuhun Kanjeng Sultan Agung, kala samanten
ingkang sinuhun Kanjeng Sultan Agung inggih peteng ing pangga-
lihipun, mila ing saben dalu ameng-amenganamur lampah, saking
anggenipun amarsudi budi, sareng satunggiling dalu ingkang sinu-
hun Kanjeng Sultan Agung nuju ameng-ameng anamur lampah, ing
nalika punika kaparengan Kiyai Buyut martasuta, araraosan kaliy-
an kancanipun sami priyantun Jajar Kemit Bumi, bab pandruwenging
ngestri rapak, akaliyan warengkenging jaler boten purun angrenta-
haken talak punika pamancasing pangadilan wonten ing tonja kawan
prakawis, 1, santosa jaleripun, 2: Barukut pamwngkunipun, 3:
sangkep pametrinipun, 4: tuwuk pambojanipun, manawijangkep ing
tondha kawan prakawis wau menang jaleripun, manawi boten jangkep
ing tondha kawan prakawis punika menang estrinipun,
Sareng ingkang sinuhun Kanjeng Sultan Agung mireng ing raraosan
makaten wau, boten samar yen ingkang raraos an punika abdidalem
Kemit Bumi wasta Kiyai Buyut Martasuta, andadosaken sakapirenan-
ing galih dalem, mila enjingipun adhadhawah dhateng Kiyai Pangul
ahmad Kategan, kinen andangu tondha kawan prakawisipun punika,
kadadosanipun kawon ingkang jaler, amargi boten santosa jaleri-
pun, sarta boten dipun griyani, amung dipun sandhangi kaliyan
dipun ingoni kemawon, sasaampunipun makaten, , Kiyai Buyut marta-
suta kajungjung dados wadana jeksa, kaparingan nama tumenggung
Martayuda, ing ngantawis dinten amboyongi anak bojonipun, nunten
anak sepuh nama Suta Marta kadadosaken kaliwonm Jaksanama nabei
Sutamata, asring-asring kawulang dhateng ingkang ramamakaten,
thole, ibu urip iki ora ana kang angluwihi wong ngulah tatakrama,
karana kang wus kasebut ana ing layang nitisastra kawi tembung
sardula wikridita mangkene, rijanma dika meta sipta reseping
sarwa orajangenaka, tegese, ing wong linuwih iku amrih ambudi
kang angresepake sarupaning wong nagara padha enaka, murad demang
kene, wong iku yen arep kasebut linuwih, ambungahena atining wong
akeh.
===============================

Serat saha ingkang tabe akathah-kathah, Raden Tumenggung Mangku-


praja, dhumatenga ingkang saudara tuwan F.W.Winter, ing sakolahan
Wiyosipun, kula angintunaken, 1, tedhakan serat saking Raden
Ngaei Onggaatmaja, 1, tedhakan serat saking Raden Tumenggung
Rajaniti, 1, tedhakan serat wangsulan kula, punika saudara kula
aturi macak ing seratJurumartani, supados anerangna pamukiripun
raden tumenggung Rajaniti.
Surakarta ping 11 wulanSawal ing taun Alip, 1795.
Kula nuwun Kyai lurah Raden Tumenggung Mangkupraja, ingkang
sareng srat punika, kula angaturaken tatedhakan saking pradata,
ing ngandhap punika punapa suraosipun kang kasebut dhawah prada-
ta wau, Kyai Lurah inggal angladosna, utusanipun Kyai Lurah
kadhawahana jujug wonten ing griya kula, sinerat kalping 28
Januwari taun 1867.
Serat Parentah Raden Tumenggung Rajaniti, wakil wadana jaksa,
trang ing pradata dalem , dhumatenga ing jeng ngandika Raen
Ngabei Ongga Atmaja, wakil papatih wadona parentah ing kapatiyan.
Liring serat, kula sampun nampani serat wangsulane Raden Tumeng-
gung mangkupraja, bab pamundhut kula, yatra bayaripun dhateng
babah Ki Yang Si, 160, rupiyah kula kapurih nyengklong yatra
pamenangipun saking ngabei Sontapraja, 2, saking Ngabei Sumawik-
rama, gunggung 566, rupiyah langkung, 80 dhuwit, kasebut ing
cacepenganipun srat pikudung katitimangsan ping 23 Sapardal 1783,
punika boten leres, Raden Tumenggung mangkupraja, ngaken sampun
nyadong kaping rambah-rambah punika dora, salami kula kakersakak-
en makili wadona jaksa, dereng nate dipun cadhongi prakawis
wau, lan dereng nate sumerepi kudhungipun, ing mangke Raden
Tumenggung Mangkupraja, masthi bayar pikawonipun dhateng babah Ki
Yang Si wau, boten kenging liyeran, wujuding yatra wau, kula
pundhut tumunten sampun ta boten, anjawi punika, kula undut
sumerep serat pikudhungipun kang katitimangsan Sapardal wau,
manawi sampunleres, badhe kula trapaken ing pambayaripun, poma
sampun kadangon, kaladosna rerepotan kapatiyan Rebo ngajeng
punika.
Dhawah ing Parentah kaping 20 januwari taun 1867
================================================
Kula Raden Tumenggung mangkupraja, amangsuli serat parentahipun
Raden Tumenggung Rajaniti, dhumatng Raden Ngabei Ongga Atmaja,
kados ing ngadhap punika.
Ingkang serat saha ingkang salam Raden Tumenggung Mangkupraja,
dhumatenga ingkang putra Raden Ngabei Ongga Atmaja, wakil pepatih
Wedona parentah ing Kepatiyan.
Wiyose, aku wis anampani,layang soka Raden Ngabei, kanthitedhakan
layang parentahe Raden Tumenggung Rajaniti, wakil wadana jaksa,
kang katiti mongsa ping 20 Januwari taun 1867, surasane mundhut
dhuwit bayarku marang Bah Ki Yang Si, 160, rupiyah slaka, ora
kena liyeran, kang iku atur wangsul aku, yen aku wis tampa dhu-
witku menang soka Raden Ngabei Sumawi krama, lan dhuwitku pame-
nang songka Ngabei Sontapraja, kang kasebut gadhuh aku pikudhung
krampungan, 2, iji, pada katitimangsan tanggal kaping 23 Sapar
ing taun dal ongka 1783, isi dhuwit 566, rupiyah slaka, 80 dhu-
wit, iku aku bayar marng Bah Ki Yang Si, mulane pamenangku songka
Somawikraman lan Songkasontaprajan tan sumayakake, iku ora liyer-
an, sababwetune layang Pones Krampungane Bah Ki Yang Si, taun Be
ongka 1792, iku let sepuluh taun, dhisik wetune gadhuh aku pikud-

hung 2 iji.
Ingkang kaping 2 Raden Tumenggung Rajaniti mukir ora rumongsa tak
cadhongi dhuwit ku pamenang songka Sumawikraman lan Songkasonta-
praja, kang iku raden Ngabei amesthi Raden TUmenggung Rajaniti
dora.
Ingkang kaping 3, mulane raden Tumenggung Rajaniti tak arani dora
sabab nggonku utusannya nyadhong enggale dhuwitku pamenang songka
Somawikraman lan Songka Sonta Prajan wau, uga marang raden Tu-
menggung Rajaniti wus kaping rambah-rambah, awit sasi sura taun
Jimakir, ongka 1794, wangsulane marang utusanku, Raden Bei Suma-
wikrama wis ajal, ora tinggal waris lan ora tinggal kalungguhan
ora kena digalih, yen aku weruh waris Sumawikraman aku kapurih
ngarani, dene Bab Sontaprajan parentah wus utusan narik ngabei
sontapraja, kaping rambah-rambah urung teka, saiki lagi utusan
ngenggalake manah.
Ingkang kaping 4, wangsulaku ing saajale Raden Bei Sumawikrama,
kagalih ora tinggal waris iku dora, amesthi duwe waris, ora luwih
dhuwitku pamenang kang kasebut gadhuhaku pikudhung 2, iji, mung
tak jaluk enggal rampung, iku wangsulane marang utusanku, bab
ngarani anane waris Sumawikraman, Raden Tumenggung Rajaniti ora
kaduga tompa, sabab ijeman, anjaluk kamotna layang aturan, wang-
sulaku aku kaduga ngamotake layang aturan, amung marentahe tak
jaluk kamotna ing layang iku Raden TUmenggung Rajaniti, ora
kaduga menehi layang parentah marang aku.
Ingkang kaping 5, Raden Tumenggung Rajaniti mukir ora rumongsa
semurup ing gadhuhaku pikudhung Krampungan, 2, iji, iku ya uga
dora, sabab raden Tumenggung Rajaniti nggone mundhut uninga ing
gadhuhaku pikudhung 2, iji mau rambah-rambahkaping pindho, kapa-
riksa sapisan, ona parepotan kapatiyan, kapin gpindhone ona
Krajaniten, bareng dipariksa ona Krajaniten mau pikudhung nganggo
diparingake pariksa marang raen bei Jayadimurti panewu jaksa
pradatabumi, kapurih kecekake lan pikudhunge Ngabei Sontapraja, ,
bareng uwis ature Raden Bei Jayadimurti, uga wis cecek, Raden
Tumenggung Rajaniti parentah marang Raden Bei Jayadimurti,
kapurih ngenggalake Ngabei Sontapraja, kang iku Raden Ngabei
Ongga Atmaja, saben saben aku utusan nyadhong, wangsulane Raden
Tumenggung Rajaniti, tansah semaya dina Rebo, atawa dina Setu,
utusanku kapurih soba nyadhong marang kapatiyan, yen dina Jemun-
gah kapurih nyadhong marang Krajaniten, iku nganti saparene ora
nana kawekasane.
Ingkan gkaping 6, kang iku Raden Ngabei Ongga Atmaja, songka
pamikirku, wadon jaksa iku, sin gprelu gawene amelehake mukir
reweng durjana sing kacandhak nyinane, mongka raden tumenggung
Rajaniti mukir dhewe, ngaku ora rumongsa tak cadhongi, lan mukir
ora rumongsa semurup ing gadhduhaku pikudhung , 2, iji, iku
banget gumunku sarta angeram-eramake, kang saupama Raden Bei
Jayadimurti melu mukir, iku tetep ing pradata nggone wong kala-
len, kang iku menawa adhangan, Raden Ngabei tak purih matur
marang Raden Tumenggung Rajaniti ing samongsa nampani layang
gugat, aturan mangsuli kamot ing layang, yen nampani layang
tatol, ya aturana mangsuli layang parentah, surasane yasa karepe,
parentahe raden Tumenggung Rajaniti supaya aja nganti ana sing
kalalen.
Ingkang kaping 7, muga andadekna ing sasurupane Raden Ngabei ,
pakirime layang parentah Raden Tumenggung Rajaniti sing tk wang-
suli iki, dalah saku piyane wangsulaku, bakal tak kirimake marang
tuwan ingkang ngarang layang Jurumartani, songka panjaluku muga
karsaha amacak layangku iki, supaya anerangna pamukire Raden
Tumenggung Rajaniti, lan supaya sakathahe priyayi-priyayi apa
dene para gusti, sing tompa layang Jurumartani padha saha ing
sesaringane Raden Tumenggung Rajaniti, kang kasebut ing ngarep
mau.
Ingkang kaping 8, wah maneh ing dina Akat tanggal kaping 5, Sawal
ing taun iki, aku utusan nyadhong marang Krajaniten, wangsulane
raden Tumenggung Rajaniti marang utusanku, ijeh kaya parentahe
kang kasebut dhuwur mau, ing dina Rebo kapurih seba marang ka-
patiyan, bareng dina Rebo utusanku uga seba nyadhong marang
kepatiyan, wangsulan Raden Tumenggung marang utusanku, ing dina
Jemungah kapurih soba marang Krajaniten maneh.
Ingkang kaping 9, menawa Raden Ngabei wus terang ggone angeliling
surasane layangku iki, sabanjure katur kawuningan Kiyai Lurah
kanjeng Raden adipati Sasranagara, aku bareng ing Raen Ngabei
Ongga Atmaja, sabab wangsulaku iki, bakal na sambungane maneh,
titi.
Surakarta tanggal kaping 9, Sawal ing taun Alip, ongka 1795
Katandhan Raden Tumenggung Mangkupraja.
===============================
Panuwun kula dhateng panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat
Jurumartani, mugi karsa amacak serat kula punika. Ing Jurumartani
ongka 6, kula aningali anggitanipun Abdulatipp pepethikan saking
elmi Kodrat, kula eram dene pun Abdulatip amuk sanget anggenipun
belakakaken manawi elmi kodrat punika amadhangaken pamikir, wah
malih angawasaken manawi kuwasaning Allah tanpa wekasan, sala-
jengipun.
Pitembungan makaten punika sanget umukipun tuwin angajengaken
cariyos ingkang sakalangkung lebet muradipun tuwin urut, ing
suwana sakalangkung cuwa ing manah kula, dene aningali manawi
Abdulatip mlumpat kidang anjok wonten ing pamanggihipun pujongga
ARchimedhes ing tanah Grikenlan ingggih punika cariyos bab wujud
ingkang kalebetaken ing toya.
Saking pamanggih kula elmi kodrat wau boten saged madhangaken
pamikir, manawi boten urut cariyyosipun wiwit saking ngajeng,
manawi kacandhak saking tengah, sayektos badhe bingungaken enge-
tan,
Murid ing Pacrabakan Nagari Surakarta.
======================================
Sasantunanipun undhang-undhang lotrei arta ingkang minongka
kauntunganipun Sositit Amisitiyah ing Samarang.
kathahing arta 210.000 rupiyah, ingkang sampun kaiden dening
kanjeng tuwan Guprenur Jendral ing Indiya Nederlan , kasebut ing
serat kakancinganipun ingkang katitimangsan kaping 21 wulan
Oktober 1866, ongka 13.

Kauntungan satunggil..........................Rp. 125.000,--


Kauntungan ...................................Rp. 10.000,--
kauntungan tiga, satungil-tunggilipun Rp.1000.Rp. 3.000,--
Kauntungan kalihdasa---------/--------Rp. 500,Rp. 10.000,--
kauntungan kawandasa gansal------/----Rp. 100,Rp. 4.500,--
Kauntungan seket--------------/------ Rp. 50,-Rp. 2.500,--
-------------------------------------------------------------

gungung .................................. Rp. 155.000,--


Sarta ingkang kadamel ambayar wragading loterei,
saha prabeya ingkang konjuk kanjeng Gupremen
punapa malih ingkang minongka untunganipun Sosittt
Amisitiyah gunggung---------------------------Rp. 55.000,--
-------------------------------------------------------------
gungungg sadaya.............................. Rp. 210.000,--
Menggah loterei punika badhe katamtokaken ing pamainipun benjang
ing satengahipun wulan Juli ing ngajeng punika.
Keuntungan loterei kenging katampenan sampunipun loterei kamain
elet kawanwelas dinten, tanpa kacowok punapa-punapa, dene ingkang
sami angsal kauntungan saged katampi saking tesaurriring sosi-
tit: Amisitiyah.
Panumbasipun angkaning lot kedah kabayar kenceng, sarta wragad-
ing anggenipun angintunaken kabayar piyambak, dene loterei
punika kaperang dados lot wetah, papaliyan tuwin parasakawanan.
Sagedipun pikantuk angkaning loterei wau saking para tuwan ing-
kang kasebut ing ngandhap punika:
Ing Batawi, Tuwan Winserdhelange en ko
Ing Batawi, Tuwan Klein Notaris
Ing Batawi, Tuwan Simon
Ing Surabaya, Tuwan E. Tinbering en ko
Ing Ngayogyakarta, Tuwan C, Panlenep
Ing Ngayogyakarta, Tuwan A.Begeman
Ing Surakarta, Tuwan H.Wilken Nem
Ing Sujrakarta, Tuwan P.W.G. Gaut
Ing Samarang Tuwan Wermut en ko
Ing Samarang Tuwan W.Bos Nem
Ing Samarang Tuwan D,Grunepel
Ing Samarang Tuwan C.L.Dhangmeiyer
Ing Samarang Tuwan Y.P.Krabe
Ing Samarang Tuwan Repeliye en ko
Ing Samarang Tuwan G.C.T.Pandhorep
Ing Samarang Tuwan Dhegroot Kolep en ko
Ing Samarang Tuwan Susman en ko
Ing Samarang Tuwan Tuf en ko
Ing Samarang Tuwan B.P.Aotisen
Ing Samarang Tuwan H.L. Dheliyon
Ing Samarang Tuwan Y.A.Brumsetedhe
Awit saking asmanipun Dhireksi
katandhan tuwan Brumsetedhe, Sekretaris.
=================================
Para priyantun kaaturan uninga, manawi pamendhetipun lot loterei
Samarnag , taksih kalastantun ingkang ggenipun manawi wontening-
kang karsa anglintokaken lot wau inggih kenging, wonten ng
panggenan anggenipun mendhet ngajeng.
Sekretarisipun Ositit Amisitiyah, Katnadhan Brumsetedhe.
==================================
Angka 9, 28 Pebruwari 1867
Pawartos warni-warni
Ing ngandhap punika gancaring pangandikanipun Kanjeng Tuwan
Residhen ing Surakarta, nalika anggelaraken tatenger pengenget-
enget dhateng swargi tuwan jurubasa Karel Prederik Winter, Panuju
ing dinten tingalan wiyosanipun kanjeng maharaja ing Nederlan
kala tanggal kaping 19 wulan Pebruwari, taun 1867.
Kala rumiyin ing nagari Surakarta wonten walandi satunggil awasta
Tuwan Kail Prederik Winter, suwita ing kanjengg Gupremen dados
jurubasa ing tembung Jawi, sinten-sintena ingkang sampun tepan-
gankaliyan tuwan jurubasa Winter wau, amesthi boten kakilapan,
manawi tuwan juru basa punika temen pinujul ing kasusastran jawi
tuwin kawi, kasusra ing nagari pundi-pundi, andadosaken pangeram-
eraman, ing ngatasipun kasusastran walandi tuwan jurubasa Winter
boten kasoran dhateng sasaminipun walandi wedalan ing tanah jawi,
malah angungkuli walandi sawatawis kang asli ing tanah Nederlan,
awit saking ambekipun kasudarman, wah andhap asor, punapa malih
awit saking adhanganipun ing karsa amumulang dhateng sadhengaha
tiyang ingkang kasdu amarsudi ing kasusastran jawi tuwin kawi,
tuwan jurubasa Karel Prederik Winter kinasihan saha dipun ajeni
sanget dhateng para mitranipun tuwin dhateng para tiyang ingkang
sampun tepangan kaliyan tuwan jurubasa wau, punapa malih kangjeng
gusti Pangeran ADipati Ariya Mangkunagara sakalangkung anggeni-
pun asih saha ngajeni dhateng swargi tuwan Karel Prederik Winter,
awit ing ngajeng sampun aguguru dhateng tuwan punika, cekakipun
tuwan jurubasa kenging kawastanan papethinganing manungsa, angge-
nipunsuwita ing Kangjeng Gupremen dados priyantun sakalangkung
lami, kathah lalabetipun ing ngatasing prakawis nagari ingkang
prelu-prelu, saha kathah pitulungipun dhateng pamulangan ageng
ing Dhelebab kasusastran jawi tuwin kawi, tansah tan dados aken
parenging galihipun kanjeng parentah ageng, kalampahan ginanjar
nugraha pakurmatan dening kanjeng maharaja ing Nederlan. Kadado-
saken Rider ring Ordhe Nederlan Seleyo, menggah para Walandi
saged dipun basa jawi, punika sadaya kedah sami suka panrimah
dhateng swargi tuwan Karel Prederik Winter, awit tuwan punika
ingkang minongka dados tuking basa jawi ing ngatasipun para
walandi wau.
Ing mangke bab kawontenanipun tatenger pangenget-enget ingkang
kagelaraken ing dinten punika, kanjeng Tuwan Residhen amaringi
panrimah, tuwin amangandikaaken sakalangkung panuwuning para
warisipun swargi tuwan jurubasa Karel Prederik Winter, dhuma-
teng para komisi ingkang angawontenaken tatenger wau, saha
dhumateng para priyantun ageng alit ingkang sampun sami amitu-
lungi panjurung medal saking parenging galih, punapa malih
dhumateng tuwan arsitektesen anggenipun ambiyantoni lalahanan ing
pamasangipun tatenger pangenget-enget punika, sasampunipun
kanjneg tuwan Residhen angandika akathah-kathah kados ingkang
kasebut ing nginggil wau, lajeng musikipun Kanjeng Gusti Pangeran
Adipati Ariya Mangkunagara mungel, gendhingipun ingkang pancen
kangge ing pasamuwan anggelaraken tatenger pangenget-enget urma-
taning ngakathah, dhumateng swargi Tuwan karel Predhereik Winter.
Sarehning ingkang macak ungel-ungelan ing nginggil punika amung
awagan kemawon, ing mangke panuwunipun bilih wonten sulaya utawi
lepatipun, mugi dipun ageng angaksamanipun Kanjeng Tuwan Residhen
ing Surakarta.

===================================
Ing ngandhap punika wangsulanipun sawrgi tuwan Karel Predhereik
WInter, anama tuwan Perdhinan Winter, jurubasa pensiyun ing
Surakarta.
Sanadyan aku lara kaos sanget anggen kula badhe ngaturi wangsulan
ing ngatasing pangandikanipun Kanjeng Tuwan Residhen ingkang
suraos aggelaraken tatenger kaurmatan minongka pangenget-enget
dhateng utamining lelabetanipun swargi bapa kula, kula ugi ke-
dahj-kedah anglairaken ingkang dados raosing manah kula wonten
ing pasamuwan ngriki, sanadyan atur kula sekak saha kirang
prayogi, pangajeng-ajeng kula, para ageng tuwin para priyantun
ingkang sami anjenengi panggelaripun tatenger pangenget-enget
urmataning ngakathah,. mugi karsaha amirengaken kalayan parenging
galih.
Awit saking pangajeng kula punika, kula kamipurun dados pangjeng-
ing para kulawaranipun swargi bapa kula, angaturaken panrimah
ageng kanthi pamundhi, bab kawontenanipun tatenger pangenget-
enget ingkang kagelaraken ing dinten punika.
Panrimah ageng kanthi pamundhi wau, mugi katura para komisi
ingkang sami tepang rembagaken andamelaken tatnger pangenget-
engetipun swargi bapa kula, saha lajeng amradinaken serat kalo-
wongan panjurung, amurih sageda kalampahan ingkang dados rembagi-
pun, punapa dene katura dhumateng para priyantun ageng alit
ingkang sami amitulungi panjurung, angawontenaken saha amasang
tatenger pengenget-enget ingkang kagelaraken ing tdinten [unika,
langkung malih katura kanjeng tuwan residhen ing Surakarta, dene
karsa ngandika ingkang ngresepaken manah, tuwin karsa amitulungi,
kalampahan kanjeng gupremen amaringipanggenan wonten palataran
sangajenganipun dalem paresidhenan kapasangan tatenger pangenget-
engetipun swargi bapa kula, ingkang kala rumiyin sampun suwita
ing kangjeng gupremen ddos priyantun sakendel pangabdinipun
kanthi manah seca tuhu, laminipun langkung saking kawandasa taun.
=======================
Pawartos saking Surakarta kados ing ngandap punika.
Kala ing dinten malem Senen kaping 5 Pebruwari 1867, utawi kaping
29 Siyam Alip ongka 1795, ing griyanipun Krama Sentika Kampung
Samaitan, ingkang tebihipun kirang sapal saking kedhaton, utawi
sakidulipun amung let wradinan, kaliyan griyanipun Kaliwon Kama-
san ingkang bawahaken wanci pukul stunggal dalu kalebetan durjana
kecu, ingkang anggujengaken, margi kecu wau mawi bekta obor
malebet ing griya, kang sampun boten dipun anggeni kang gadhah
griya sampun ngalih griya sanes sabarang gadhahanipun kabekta
ngalih, wonten salebeting griya amanggih sepen amung angsal
barang remeh, tumunten kecu misuh misuh seru, dhumateng kang suka
tedah, sawedalipun kecu tyang estri kang tengga griya jelih-
jelih, tongga tapalih kang badhe tandang pitaken durjana kecu
amangsuli ngaken wonten pandung lumajeng mangilen, kabujeng
sakacanipun amawi obor utawi ekta dadamel sawetawis tiyang ragi
kathah dados tiayng kang tandang angintena manawi temen punika
tyang abubujeng, boten nginten manawi punika durjanaipun ingkang
lumajeng.
=============================================
Kauntunganing loterei ingkang minongka kauntunganipun gedhong ing
Jati, kathahipun 50000 rupiyah, punika ingkang angsal ongka 1892,
dene ingkang gadhah ongka wau, punika raden tumenggung Arya Cakra

Adisurya, bupati ing Ledhok, dados Raden Tumenggung Arya Cakra


Adisurya punika ingkang anggadhai arta kauntungan seket ewu
rupiyah, menggah raden Tumenggung Arya Cakra Adisurya punika awit
saking saening panggaliyanipun, karsa anyukani, 500 rupiyah
dhateng gedhong ing Jati wau.
=============================================
Ing Nederlan wonten kriya sowan ing ngarsanipunm pangadilan,
gadhah panuwun, mugi kapegatna anggenipun sasemahan, amargi
ingkang estri manawi tilem angorok sakalngkung seru, andadosaken
boten saged dipun tilem ingkang jaler, sarehning ing ngangger
boten anglilani pegatipun tiyang sesemahan jalaran saking sabab
ingkang kados makaten wau, dados gugatipun kriya boten kaangsa-
laken, dhawahipun pangadilan kriya kapurih angupados sarana
piyambak ingkang saged angicalaken ngoroking semahipun.
=================================
Saking pawartosipun ing tanah Dhitslan dereng lami wonten tiyang
estri gadhah rare, sareng lair lajeng pejah, rare punika gadhah
rai kakalih wonten sirah satunggil, kaprenah ing ngajeng, dene
badaning jabang bayi sae saha limrah kados jabang bayi sanesipun,
menggah jisiming jabang bayi wau ing sapunikanipun kakitunaken
dhateng gedhong ingkang pancen damel angrawati samukawis maujud
ingkang aneh-aneh.
==================================
Wonten tiyang estri kala ing wulan Dhesember gadhah rare medal
tiga sami estri, sareng enget sawulaning wulan Pebruwari gadhah
rare malih medal kalih inggih sami estri, dados tiyang estrri wau
ing dalem sadasa wulan dgadhah rare gangsal, menggah rare gangsal
wau sami gesang saha wilujeng sadaya.
==================================
Ing Liyon tanah Prangkrik tiyang amanggih saranaipun adamel
gambar sorot wonten ing sinjang, kamli, sinjang sutra sapanung-
gilanipun, dene dadosipun gambar sakalangkung enggal saha saked-
hik sanget wragadipun, kalampahan para tiyang sami anyukani
tondha gambar wonten ing sandhanganipun, boten kados ngadhatipun
mawi katandhanan aksara namanipun ingkang gadhah sandhangan,
menggah tondha gambar sorot ingkang katrapaken ing sandhangan
wau manjing sanget saha boten saged ical manawi kakumbah.
====================================
Boten tebih saking Londhon kithanipun ageng tanah Inggris wonten
ara-ara pancen panggenan kewan mawi kaubengan ing pager ingkang
kadekekan kori wonten saseratanipun ingkang amratelakaken kathah
kedhiking bayaranipun kapal ingkang badhe kaengen wonten ing
ngara-ara wau, bilih kapal ingkang buntung bayaranipun kirang
saking ingkang jlamprah buntutipun, awt kapal ingkang jlamprah
buntutipunmnawai anedha rumput boten mawi kendel, sanadyan
kacokot tan ing lemut, boten dipun raos, awit buntutipun saged
aggusah lemut, dene ingkang buntung buntutipun amesthi boten
saged anggusah lemut, dados sakedhap-sakedhap mawi kendel angge-
nipun anedha rumput, amargi kacokotan ing lemut.
===================================
Pawartos saking Magelang anyariyosaken kados ing ngandhap punika:
Ing nalika dinten Rebo tanggal kaping 9 wulan Januwari ingkang
sampun kapengker, ing kitha Magelang wontenjawah ageng, wiwitipun
jawah jam 12, siyang, dumugi jam 6, sonten, sareng ing wanci jam
satengah gangsal osnten wonten titingalan ingkang aneh, toyanipun

jawah wau ingkang dhunmawah ing palataraning pandhapi ing kabu-


paten ingkang sisih kilen warninipun abrit wungu kados toya
secang, ingkang dumawah sawetaning pandhapi toyaning bening
kados toyaning jawah ingkang sampun limrah, dene ingkang dhuma-
wah sawetaning dalem toyanipun abrit, ing sakilenipun dalem wau
warnining toya bening.
Punapa malih kampung ingkang kadaleman ing para tuwan tuwan
wonten sawatawis ingkang kadhawahan jawah toyanipun abrit kados
ingkang kasebut ing nginggil wau, kaosta: griyanipun tuwan
dhokter, tuwin tuwan weton sapanunggilanipun , dene ing kampung
ingkang sami dipun griyani titiyang jawi, boten wonten ingkang
kagadhahan toya jawah ingkang kados makaten wau.
Toya jawah ingkang warni-warni wau andadosaken sakalangkung
gumunipun para tiyang ingkang sami aninglai, awit ing salaminipun
deeng nate wonten jawah ingkang makaten punika.
================================
Pipa katentremen ingkang aneh
Salebeting prang ing tanah Dhitslan wonten kopral kataton sanget
ing cethikipun kalampahan kenging kabandhang ing mengsah,sareng
makaten kopral wau kabekta dhateng griya sakit, wonten ing ngriku
tatunipun kabelek, kawedalaken balungipun igkang remuk kenging
ing mimis, panjanging balung tigang dim wiyaripun sadim, srng
balung punika sampun kawedalaken, kopral ingkang gadhah balung
adarbe panuwun dhateng dhokter, mugi balung kaparingna dhateng
piyambakipun, awit punika gadhahanipun, dhokter sakalangkung eram
amireng panuwunipun kopral, sarta lajeng amaringaken balung
dhateng kopral, salajengipun kopral saras, saha ing sapunika
wonten ing Berlin kithanipun ageng ing tanah Prusi, Kopral wau
asring dhateng griya pasewan, wonten ing ngriku kopral eses srutu
kadekekaken ing pipa, dene pipa punika ingkang kadamel ba-
lungngipun piyambak ingkang kapendhet dening dhokter saking
tatunipun wau, menggah kopral anggenipun amastani pipa wau: Pipa
Katentreman, amargi kopral sareng mentas kataton lajeng cotho,
boten saged dhateng ing paprangan malih, dene warnining pipa
sampun kados gadhing.
=================================
Sareng kula badhe wiwit anglajengaken cariyos bab elmi Kodrat,
kula pinuju anadhep serat jurumartani, ongka 8 aningali wangsu-
laning murid ing pacrabakan nagari Surakarta, ingkang mratelakak-
en anggen kula belakakaken manawi elmi kdrat , madhangaken
pamikir salajengipun punika sadaya sanget umukipun , anjawi
saking punika murid wau amastani manawi emi kodrat boten saged
nadgangaken pamikir yen boten urut cariyosipun wiwit saking
ngajeng.
Wondene sakalangkung andadosaken bingahing manah kula, dene
wonten murid ing Pacrabana nagari Surakarta, ingkang purun maoni
anggitan kula, sabab punika anelakaken yen sampun ragi sumerep
dahateng elmi kodrat, suprndene kulak lilanana jawab bab sume-
langipun.
Kathah ing lalampahan bab elmi kodrat punika tanpa wicalan prasa-
sat saben dinten tiyang amanggih lalampahan enggal, mila saking
pamanggih kula boten perlu sanget yen ta cariyos elmi kodrat,
kawiwitan saking ngajeng: kadosta anggitanipun tuwan ingkang
ngarang serat Jurumartani bab prakawis guwa ing tanah Amerikah,
punika inggih sampun kalebet ing elmi kodrat, saupami ing tanah

jawi ngriki wonten guwa ingkang kalangkung aeng makaten, tuwin


boten kaupadosan jalaranipun, dene topi ingkang kabucal dhateng
salebeting guwa, boten dangu kabucal medal saking guwa malih,
punika saestu para tiyang alit lajeng amastani, manawi ing sale-
beting guwa wonten dhemitipun, sarehning tiyang ing Amerikah
sumerep dhateng elmi kodrat mila jalaranipun ingkang sayektos
kaupadosan, mila kula mastani yen elmi kodrat amadhangaken engee-
tan anyinakaken budi gugon tuhon, wondene bab prakawis umuk kula
punika, manawi dhangan sampeyan kula aturi maos serat jawab kala
dhateng Danasatata, tuwin Wigya Panitisastra, ing sapunika kula
anglajengaken anggen kula badhe nyariyosaken bab elmi kodrat.
Punika sambetipun papethikan elmu kodrat
Sok tiyanga inggih sumerep manawi kawujudan ingkang wonten
salebeting toya punika kedadosanipun entheng, awit saking suda
wawratipun, ananging boten sadaya tiyang sumerep ingkang dados
jalaran utawi kathah kedhikipun sudaning wawrat, pujongga Ari-
medhes ing tanah Grikenlan anuju satunggiling dinten adus wonten
ing lepen, nalika semanten lajeng rumaos manawi badanipun
sanget sudanipun ing wawrat ananging taksih kodheng menggahing
jalaranipun.
Sakedhap antuk sasmita, saha lajeng padhang pikiripun awit saking
sakalangkung bingahipun Aimedhes (archimedes) lajeng mlajeng
sarosanipun dhateng ing griya, mawi bengok-bengok wis katemu, wis
katemu, sandhanganipun sami katilar sadaya, awit saking kasesa
tuwin bingahing manah, dados anggenipun mantuk dhateng griyanipun
wau wuda.
Wondene pujongga Aimedhes anggenipun bingah wau, awit sampun
manggihi sarat badhe saged mangsuli pitakenipun raja ing Sirakuse
ajujuluk Prabu Iro, sang prabu andikakaken mriksani dhateng
Arimedhes punapa makuthanipun mas ingkang kakarsakaken damel
dening tukang mas punika boten mawi kamomoran salaka, menggah
katrangan jalaraning suda wawratipun wujud ingkang wonten sale-
beting toya punika makaten.
Kawujudan ingkang kalebetaken ing toya punika suda wawratipun
dene sudaning wawrat sami akaliyan wawrating toya ingkang mluber,
awit saking kapanggenan ing wujud kados ingkang sampun kateran-
gaken ing Jurumartani ongka 6, mula pujongga Arimedhes saged
ngawasaken punapa makutha wau anggenipun suda wawratipun manawi
kalebetaken ing toya sami akaliyan mas ingkang sami awratipun
akaliyan makutha, wah malih saged sumerep sapinten wawratipun
mas salaka ing makutha wau, saupami makutha wau, wawratipun 18
pun saha angluberaken toya ingkang wawratipun 1,1/3 pun, dados
mas ingkang ugi wawrat 18 pun kedah angluberaken toya 1,2/4 pun,
mungka mas ingkang wawrat 18 pun amung angluberaken toya sapun,
saupami makutha wau kadamel saking salaka, saestu badhe ngluber-
aken toya 1,1/2 pun, dados makutha wau, ing ngatasipun mas suda-
nipun kakathahen, 1/3 pun, ing ngatasipun salaka sudanipun kirang
1/6 pun.
Katandhan Abdulatip.
============================
Para priyantun kaaturan uninga, manawi pamendhetipun lot loterei
Samarang, taksih kalastantunaken ing kanggenipun manawi wonten
ingkang karsa anglintokaken lot wau inggih kenging, wonten ing
panggenan anggenipun mendhet ngajeng.
Sekretarisipun n Ositit Amisitiyah, katandhan Brumsetedhe.
=============================
Ing tokonipun tuwan Jaspres en ko tiyang saged pikantuk atumbas
mangsi warni-warni, kadosta: cemeng; abrit, biru, ijem, wungu,
tuwin jene.
Punapa malih keret ageng-ageng, jidheran gelas tuwin kajeng sikon
gelas, tuwin sanes-sanesipun.
Katandhan tuwan Jaspress en ko.
===============================
Tuwan Jaspres en ko gadhah panedha dhateng ingkang gadhah serat
jurumartani ing taun 1864, tuwin 1864, wiwit wqking ongka sa-
tunggil dumugi satelasipun, manawi purun amade serat Jurumartani
punika, tuwan Jaspres en ko purun atumbas, mugi karsaha kapanggih
kaliyan tuwan Jaspres en ko piyambak.
Katandhan Tuwan Jaspres en ko.
=================================
Ongka 10, 7 Maret 1867
Pawartos warni-warni
Saking pawartosipun ing nagari Walandi wonten tiyang sepuh sampun
ngumur 88 taun, punika kagagriya wonten ing dhusun, gadhah anak
putu tuwin sanak sadherek sakalangkung kathah awit saking angge-
nipun sami sesemahan, kala kaping 1 wulan Januwari ingkang prenah
anak kathahipun tiyang 15 ingkang prenah putu 193 ingkang prenah
sadherek jaler 7, dene ingkang prenah kapenakan 317 dados gung-
gung sada tiyang 537.
============================
Wonten tiyang estri ngumur 75 taun, sampun ompong untunipun
telas sadaya, ananging lajeng thukul untu enggal malih, untu
enggal punika lancip saha landhep, kaot kaliyan untunipun lami,
ewadenten anyekapi kadamelo mamah samukawis ingkang katedha,
saking pratelanipun para saged bab thukuling untu enggal ingkang
kados makaten wau asring wonten, ananging awis sanget.
===========================
Ing gedhong pakumpulanipun para saged ingkang sami marsudi dha-
teng kawruh ing tanah Dhitslan, amratelakaken bab pangetanging
grahana srengenge ingkang sapun katamtokaken , manawi ing taun
1867 punika, dhumawah ing wulan Maret kaping 6 punika badhe
wonten grahana srengenge, ingkang peteng ing tengah, urut ping-
giripun padhang tingal kados buwengan, dene ing wulan Agustus
grahananipun srengenge ngantos telas babar pisan.
========================
Kanjeng tuwan ingkang wicaksana Baron Slut Panjebele, ingkang wau
dados guprenur jendral sampun rawuh wonten ing Arenam tanah
Nederlan, saha wilujeng ingkang sarira seger kasarasan.
=======================
Ing tanah Amerikah wonten rare istri pejah, jalaran sakeng kale-
betan kukunipun piyambak ing wadhukipun, cariyosipun kados ing
ngandhap punika:
Wonten rare asring anyokoti kukunipun piyambak, pangraosipun
manawi kuku kacokotan pikantukipun saged resik, sareng angsal
wolung dinten laminipun rare punika karaos sakit sanget ing
wadhukipun, kalampahan andadosaken ing pejahipun, sareng rare
pejah jisimipun kabedhel ing ngriku tiyang sumerep manawi wadhuk-
ing rare tatu medal kados wudun, amargi wadhuk wau kalebetan
tugelan kuku alit-alit, dados kuku tugelan wau ingkang andadosak-
en pejahing rare.
==========================
Wonten tiyang apitaken dhateng saradhadhu satunggil ingkang
sanget wanteripun wonten paparangan ing tanah Koningrat, punapa
ingkang dados jalaranipun dene saradhadhu punika sakalangkung
teteg ing manahipun, saradhadhu amangsuli makaten: sareng kula
mireng sanjata kawit mungel sapisan cipta kula yen kula sampun
pejah sanalika punika anggen kula tangled kaos tiyang ingkang
sampun boten gadhah nyawa.
=========================
Ing muara tanah Hongkong wonten sandawa ambldhos ingkang anggi-
girisi.
Buubukanipun wonten baita kapal satunggilinkang sampun katampik
punika kaael gudhang sandawa, ing waktu wonten baita kapal sane-
sipun dhateng amurugi sandawa, kendel celak kaliyan baita kapal
ingkang kadamel gudhang sandawa wau. Boten dangu baita kapal
sakalaiyan punika sami mumbul ing gagana, isinipun sadaya tuwin
sakathahing tiyang ingkang wonten salebetipun bait akapal sami
tiwas, awit saking sanget rikating pambledhosipun sandawa wau,
jisimipun para tiyang ngkang sami tiwas boten wonten ingkang
kapanggih ing salah satunggal.
Kalih dening malih para tiyang ingkang wonten ing baita celak
kaliyan baita kapal ing ngajeng wau, inggih sami pejah nanging
jisimipun saged kapanggih, cacah ing tiyang ingkang sami tiwas
pejah kirang langkung 40 rahayunipun jangkaring baita kapal
ingkang isi sandawa punika, ragi tebih saking muhara tuwin
saking kitha, saupami celaka, pambledhosipun sandawa kathahipun
kalih kethi pun amesthi angirisak samukawis ingkang wntening
muaha tuwin ingkang wonten salebeting kitha, kapitanipun baita
kapal ingkang katut kasangsaran wau wilujeng, awit ing waktu
sandwa ambledhos kapiran punika panuju kesah dipun undang nedha
wonten baita kapal sanesipun, sakathahing baita kapal ingkang
wonten ing muhara sami angintuni baita, supados atutulunga dha-
teng titiyang ingkang sami anemahi cilaka wau, ananging baita
punika boten manggih punapa-punapa, namung manggih tatal kajeng
tuwin tugelan kajeng agng alit.
Wonten dhusun satunggil ingkang prenahipun celak kaliyan pangge-
nan kendelipun baita kapal ingkang sami kasangsaran wau, punika
anemahi pitunan kathah, cacahing griya ingkang samikarisakan
gunggung 130 tugelan tosan tuwin tugelan kajeng sami ambelash
wonten ing gumuk, wondening tanah Hongkong pitunanipun namung
sakedhik, mongka pambledhosipun sandawa wau sakalangkung sora
swaranipunngantos kamirengan saking panggenan ingkang tebihipun
elet tigang dasa mil saking tanah Hongkong.
===========================
Panuwun kula dhateng tuwan ingkang ngarang jurumartani, ingkang
mugi srat kula punika kapacak wonten serat Jurumartani.
Kula sampun maos serat Jurumartani, ongka 4, ingkang mawi anye-
butaken kabar saking Batawi, anyariyosaken bilih kula tampi
ganjaran saking Kanjeng Guprenemen, katetepaken ddos Onderwis-
er, sarta kaganjar buselit, utawi mandhali pethakan, sabab
katarimaha nggen kula mirsani serat Karopak sastra buda warni
songa.
Ingkang punika, kabar wau, sanget aseling serep, inggih sayektos
kula tampi ganjaran serat buselit, utawi mandhali pethakan,
ananging margi katarimah anggen kula damel serat cariyos inggal.
Ingkang kaping kalih andadosna kwuninganipun para priyantun,
pramila wangsulan kula punika lat sawetawis lami, sabab kala
sampun anglebetaken kaping kalih punika, kala sanalika kula
amirsani Jurumartani, dados ingkang kasebut ngajeng wau, kula
inggih lajeng ngaturi wangsulan, sarehning kula wetawis lami
dereng medal dados kula nusuli malih.
Sinerat ing Batawi, Kemis kaping 28 Pebruwari 1867
Katandhan Panji Suryawijaya.
==========================
Sambutipun elmi kodrat.
Bab kendel tuwin ebahing wujud.
Sawarnining wujud ing ngalam donya punika sami kendel utawi
ebah, kadosta: meja tuwin lampu ingkang wonten sanginggiling
meja wau, punika sami kawastanan kendel, ananging pitembungan
kendel wau, pitembungan kalimrahanipun ngakathah, sayektosipun
meja tuwin lampu wau boten kendel amargi lampu ametel ing meja,
wangsul meja ametel siti, dados awit saking pametelipun wau meja
tuwin lampus leresipun boten kenging kawastanan kendel, sabab
taksih gadhah solah metel, kajawi saking punika bumi punika
angubengi srengenge, kados ingkang kasbeut tuwin katrangaken ing
elmi palak mila manawi kapendhet saleresipun boten wonten wujud
ingkang kendel.
Wujud anggenipun saged ebah punika kaping sapisan awit saking
kadunungan daya, kaping kalih kedah wonten papanipun supados
sageda ngalih panggenan, kaping tiganipun wujud wau kedah wonten
mangsanipun supdos sageda aandumugekaken ebahipun.
Ingkang kawastanan papan wau inggih punika panggenaning samukawis
ingkang boten wonten wangkidipun, mila saking pamanggih kula
sampun terang, dene wujud kedah wonten papanipun panggenan ebah,
kadosta yen kula badhe amantek paku wonten ing kajeng, kathuthuk
ing gandhen, punika amesthi kedah wonten papanipun supados
kula sageda ngebahaken pirantos, wondene ingkang kawastanan
mongsa, punika amung gentosing lalampahaning kodrat, kadosta,
rinten agentosing dalu, utawi kosowangsulipun, rendheng agentosi
katiga, sob agentosi rob sapanunggilanipun.
Dados punika kasantuning lalampahan bab kodrat ingkang minongka
wawatoning mongsa.
pangebahing samukawis saestu kedah wonten mangsanipun, sabab
manawi sampun wonten papaniun supados sageda angebahaken gandhen
ingkang kasebut ing nginggil wau, mongka boten wonten mangsa-
nipun dados papan tuwin pirantos wau boten wonten paidahipun.
Barang ingkang ebah ingkang dipun titeni purug tuwin rikatipun
ebahing kilat punika rikat ananging ebahing padhang [unika sang-
saya rikat, angin ingkang limrah kemawon ing dalem samenit ebah
6- elo, mongka prahara ebahipun 2700 elo dados rikat ebahing
prahara, tinimbnang akaliyan angin tikel, 45, kathah pujongga
ingkang badhe sumerep rikating lampah ing samukawis.
Saking pangetangipun para pujangga wau, lampahing keyong ing
dalem sasekondhe 1/600 elo, tiyang lumampah ing sasekonthe 13
palem meksi garuda 28 elo, mimising senjata 360 elo.
Wonten malih ingkang kacariyos bab ebahing maujud:
Saupami bunderan punika kasenggol kalayan biting, amesthi lajeng
ebah, ananging punapa sababipun dene bunderan wau saged ebah,
mongka amung sapele saking panyinggoling biting, ing saderengipun
kula nerangkaen pitaken punika, kula kedah mratelakaken rumiyin
tegesipun tembung wlandi, atum utawi tembung sangkrita, anu,
leres botenipun tembung sangkrita punika kula boten sumerep,
mila para pujongga ing tanah jawi ingkang sami maos katrangani-
pun tembung anu, sami saged aggalih leres botenipun pitembungan
wau, katandhan Abdulatip.
================================
Kula sampun mariksani seratipun Raden Tumenggung Mangkupraja,
ingkang kapacak wonten ing serat Jurumartani, ongka 21 Pebruwari
1867, ingkang suraos amung ngawon-awon dhateng ing kula, punika
saklangkung sanget eramipun ing manah kula, dene Raden Tumenggung
Mangkupraja, gadhah kajeng ingkang kados makaten, purun amacak
aturan wonten ing serat Jurumartani, mongka ing yektosipun kula
punika boten kanggenan arta pamenang ipun Raden Tumenggung Mang-
kupraja, ingkang kapacak wonten ing serat Jurumartani wau, mongka
pikudhungipun raden Tumenggung Mangkupraja, 2, iji wau kala alami
pun raden tumenggung Amungpraja ing peken kaliwon lamenipun
sapriki sampun 12, taun, sareng kula lampahaken raden ngabei
Sumawikrama sampun ngajal boten tilar barang tuwin waris, Ngabei
Sonta Praja aturipun dereng nate nampani karampungan krama wisi-
pun kaliyan Radden tumenggung mangkupraja, sarehning prakawis
sampun lami, kula mundhut serat pratondha, cepenganipun Raden Tu
menggung Mangkupraja, kang saking ngabei Sontapraja, sampun boten
wonten, dados kula sawek madosi katranganipun ing prakawis mau,
tegesipun nagari wau boten kakirangan anggenipun galih dhateng
ing panadilan, sareng Raden Tumenggung Mangkupraja, kenging
prakawis kaleres bayar arta namung 160 rupiyah boten purun bayar,
lajeng anggadhahi atur nyerepaken pamenangipun kang kasebut ing
nginggil wau, kula boten kakirangan anggen kula dhawahi dhateng
Raen Tumenggung mangkupraja, boten kenging yen prakawis punika
saserepan, inggih boten merduli dhawah ing parentah, sareng
kateksa ing parentah, lajeng amuring-muring, macak aturan kalebet
ing serat Jurumartani, angawon-awon dhateng kula, punapa piyam-
bakipun punika boten rumaos utawi boten kajat, yen angreksaha
dhateng pangadilan dalem ing Surakarta, ingkang mongka raden
Tumenggung Mangkupraja, ing ngajeng saking agenging kalepatan
ngantos kabikak saking kalenggahanipun, saking pali marmanipun
ratu kula ingkang sinuhun kanjeng susuhunan , lajeng kapatedhan
pansiyun ngantos dumugi sapunika, ing wusana maksa taksih
kanggenan manah ana cumandthaka dhumateng ingkang taksih kakersa-
kaken nyepeng pangadilan, mila sakalangkung sanget eramip[un ing
manah kula, yen taksihkadugekaken kajengipun Raden Tumenggung
Mangkupraja, kenging kula wastani tiyang tanpa ngraos, dados kula
upamekaken bangsanipun ing uler, kang nama kamitetep, leresipun
raden tumenggung Mangkupraja , anggadhahi kaengetan anampeni
pasiyanipun ing ratu, saha rumeksa dhateng pangadilan dalem ing
Surakarta, mongka boten pisan malah damel ribet lampahing pangad-
ilan.
Menggah anggenipun purun-purun amacak prakawis raden Tumenggung
Mangkupraja, wonten ing serat jurumartani, punika lampah sangking
nagari pundi ingkang kaangge, punapa Raden Tumenggung Mangkupra-
ja, boten sumerep, manawi tiyang gadhah gugat anyuwun leres,
kedah majeng wonten sangarsanipun pangadilan, boten majeng dha-
teng serat Jurumartani, lampahipun Raden Tumenggung Mangkupraja
ingkang kados makaten punika, anelakaken manawi remen paben,
kadadosanipun adamel awon dhateng sariranipun piyambak, tiyang
anama priyantun kok boten sumerep dhateng margining kang leres,
wekasan angicalaken kaprawiran, ngatingalaken bodhoning manah,
awit tiyang remen paben punika dede ampahing priyantun, mung
manggen lampahing bongsa asor, Raden Tumenggung Mangkupraja,
sampun anginten, manawi kula ajrih bab anggenipun damel dongeng
angawon-awon tiyang wonten ing Jurumartani, O, punika tebih
pangraos kula, awit manah resik punika, boten ajrih dhateng
panggodha, ingkang medal saking manah remen paben kaos raden
Tumenggung Mangkupraja, tiyang mastani dora dhateng priyantun,
punika boten kenging kadamel gampil, punapa malih ing ngajeng
Rden TUmengggung Mangkupraja, sampun nate nyepeng paparentahan-
bokmanawi, lalampahanipun kala samanten asring doraning dhateng
kalerehanipun, dados kenging kawastanan sampun kulina dora,
tiyang ingkang sampun kulina dora punika, asring anyamekaken
tiyang sanes piyambakipun anggenipun remen dora.

Ingkang punika Raden Tumenggung Mangkupraja, kula emutaken


sampun purun malih adamel dongeng wonten ing serat jurumarttani
bablampahing tiyang prakawisan supados ing tembe sampun ngantos
adamel kalingseman, manawi raden Tumenggung Mangkupraja rumaos
leres, prayogianuwuna leres dhateng pangadilan pradata dalem,
bab prakawis ipun ingkang kagelaraken wonten ing serat Jurumarta-
ni.
Kaserat ing dinten Ngaat tanggal kaping 26 wulan Sawal taun Alip,
ongka 1795: Tumagurajaniti.
================================
Cariyos aneh.
Wonten murid ingkang kawulang wonten pamulangan ageng ing nagari
ngamonca, panuju ing satunggil dinten kadhatengan rencanging
tiyang sepuhipun, rencang punika amaringaken salam pandonganing
titiyang sepuhipun, murid sakal;angkung bingah ing manah, anampa-
ni utusanipun titiyang sepuh, lajeng apitaken bab kawilujenganing
titiyang sepuhipun, saha kados pundi ingkang dados pakabaranipun
ing griya, sarehning anggenipun wonten nagari ngamonca sampun
lami, dados murid punika badhe sumerep ing pakabaran wau. rencang
mangsuli: boten wonten pakabaran punapa-punapa, amung peksi
sampeyan jalak punika pejah, murid apitaken malih: iya gene
nganti mati, apa saka kurang pangopene, rencang mangsuli: menggah
pangopenipun boten kirang sae, pejahipun punika awit saking
kakathahen anggenipun anedha wowohan, murid tumunten apitaken bab
kapal rakitanipunn ingkang rama, wangsulanipun rencang inggih
sami pejah, murid sakalangkung gumun, saha lajeng apitaken ing-
kang ddos sababing pejahipun kapal rakitan, rencang mangsuli:
kapal rakitan punika sayektosipun boten kalampahan pejah, bilih
boten kacengkakaken dipun angge mendhet toya, daos saking rakaos-
ing damel ngantos sami ambruk lajeng pejah sadaya, murid saka-
langkung kodheng ing manah, sareng mireng manawi kapal rakitan
kaangge mendhet toya, lajeng apitaken dhateng rencang makaten:
jarran rakitan diangggo jupuk banyu kapriya, sarta banyu arep
digawe apa, rencang mangsuli: toya badhe kadamel amejahi latuning
griya kabesmi, murid sangsaya kodheng ing manah, lajeng apitaken
malih; omahe sapa kang kobong, rencang mangsuli: dalemipun rama
jengandika ingkang kabesmi, murid sangsaya susah ing manah,
nunten apitaken ingkang dados jalaranipun kabesmi, wangsulanipun
rencang, awit saking kirang angatos-atosipun para abdi anggenipun
sami ambekta obor, sareng murid mireng manawi para rencang sami
amekta obor, sangsaya boten saged anggayuh ingkang dados pikajen-
ganing pitembungan punika, lajeng pitaken makaten: obor digawe
apa, rencang mangsuli: kadamel ngobori ing pambektaning layonipun
ibu jengandika, murid ing sanalika salajeng sumlengeren, ngantos
dangu boten saged wicanten, wasana enget malih, saha lajeng
pitaken bab gerahipun ingkang ibu wangsulanipun rencang,
menggah gerahipun ingkang ibu amung sakedhap kemawon lajeng
seda, dados sedanipun ddakan, murid apitaken: dadakan kapriya,
wangsulanipun rencang makaten: awit saking kasekelaning manah,
amargi abdinipun estri ibu jengandika mangangge sandhangan ing-
kang sakalangkung sae, saha lajengnmedal wonten ing pasamuwan,
kawuningan ingkan gibu, kadadosanipun ingkang ibu nandhang gerah,
boten ngantos dangu lajeng seda.-
===========================
Para tiyang ingkang taksih gadhah sambutan dhateng kantor

lelang ing Surakarta kala ing wulan Nopember 1866, ing mangke
sami kaemutaken , mugi ambayara sambutanipun wau saderengipun
utawi satelasin gwulan Maret punika, manwi boten angleksanani ing
pambayaripun, para tiyang wau badhe katagih medal saking pangadi-
lan.
Surakarta kaping 1 Maret 1867.
Ingkang nguwasani kantor lelang, katandhan tuwan Bosower.
=================================
Salebeting bank arta ing nagari Samarang tiyang saged pikantuk
atumbas uwang mas inggris awarni dhukat tuwin dinner kina.
=========================
Ing tokonipun tuwan Jasprews en ko tiyang saged pikantuk atum-
bas: Orgel mawi tambur, regi 175 rupiyah bayar kenceng, Orgel
punika saged mungel wolung gendhingan, katandhan tuwan Jaspres
en ko.
=================
Ing tokonipun tuwan Jaspresw en ko mentas atampi jidaran kajeng
tuwin gelas, jidaran punika wonten ingkang pasagi tuwin gepeng,
saha warni bab ageng alitipun.
Katandhan tuwan Jaspres en ko.
===================
Ongka 11, 14 Maret 1867
Pawartos warni-warni
Pethikan saka layang kakancingane kanjeng tuwan Gupernur Eneral
ing Indiya Nederlan.
Bogor, kaping 28 Pebruwari 1867.
Kanjeng tuwan Gupernur Eneral sawuse amiyarsakake rembuge para
kanjeng tuwan Rad ing Indiya Nederlan karsa anamtokake kaya
kang kasebut ingsor iki.
1. Kopi ingkang kudu kaladekake marang kanjeng gupernemen ing
sajroning taun, 1867 pametune ing tanah jawa, lan pametune ing
tanah Sumatra bang kulon apa maneh pametune ing paresidhenan
Menadho, iku kang angladekake bakal tompa bayaran, 13 rupiyah
ing dalem sadhacine bobot satus kati.
2. Mungguh kopi pametune ing nagara Ngayogyakarta lan Surakarta,
ing sajroning taun 1867, kang kaladekake ing kangjeng gupernemen
aliya saka bayaran marang kang angladekake mau, para ratu ing
karaton loro iku bakal anampani pituwas kehe, 10 rupiyah punjul,
34 sen ing dalem sadhacine bobot satus kati, dene para kanjeng
pangeran kang ora kareh ing liyan lan kang padha angladekake kopi
dhewe, iku bakal tompa bayaran 23 rupiyah , punjul 34 sen sumu-
rup panggawa lan pituwasing kopi, 3, ing paresidhenan Preyanger
Regen Sekap wong kang ngladekake kopi ing sajroning taun 1867,
ing dalem sadhacine bobot satus kati, bakal tompa bayaran 6
rupiyah, punjul 50 sen dene wong ing paresidhenan Banyuwangi
bakal anampani bayaran 7 rupiyah, punjul 96.
Kopi pametune tanah ing Pacitan kang panggilinge sarana banyu,
lan kang kaladekake marang kanjeng gupermen ing sajroning taun
1867, aliya saka bayaran, 13 rupiyah kang wis kasebut ing dhuwur
mau, kang angladeke bakalkaparingan ganjaran, 83 sen ing dalem
sadhacine bobot satus kati.
5. Wong kang angladekake kopi teles utawa kang isih klothokan
abang, ing sajroning taun 1867 iku bakal anampani bayaran sapara
nem mesaka rega kang wis katamtokake ing ngatasing kopi kang
garing.
Terang dhawuhe kanjeng tuwan gupernur Eneral katandhan Algemen
Sekretaris , Kanjeng Tuwan Watendhoref.
================================
Ing dhusun Gebug bawah ing Kudus wonten tiyang estri satunggil
arencang lare medal tiga, punapa malih ing dhusun kanggon bawah
ing Bajanagara, wonten tiyang estri awasta Bok Gilah ugi
arencang lare medal sakawan gesang sadaya,
Bok Giyah punika ing ngajeng malarat sareng rencang lare medal
sakawan wau ragi kacekapan awit kathah tiyang sami dhateng ing
griyanipun aningali lare sakawan sabiyungipun wau, saha antukipun
mawi anilari arta slaka minongka dados tedhanipun lare sakawan
punika.
===========================
Ing kamung Jayaningratan bawahing Ngayogyakarta, wonten wit
kenari satunggil uwohipun werni nongka, kalih dening malih ing
dhusun Ngalipuru ugi bawah ing Ngayogyakarta, wonten wit gayam
satunggil ingkang salaminipun deeng nate sekar, awit karukipun
dereng ngatos dados sekar lajeng sami rontog, saking cariyosi-
pun tiyang, bilih wit gayam punia ngantosa sekar, ing nagari
Ngayogyakarta badhe wonten sangsara ageng.
==========================

Tiyang jawi awasta Maya Sentika ing dhusun TEgal Gendhu bawah
ing Ngayogyakarta, adarbe reca tembagi satunggil damelan alam
jaman buda, inggilipun nem dim warninipun memper dewa ringgit
wacucal ing salah satunggal kawujudanipun lenggah ing wingkingi-
pun mawi songsong, reca punika sampun kaawis ing tiyang badhe
katumbas tigang ngatus rupiyah, ananging ingkang gadhah boten
suka, wicantenipun reca wau dados jimatipun katumbasa ing ngarta
sapinten pintena, badhe boten kasukakaken.
===========================
Kala tanggal kaping 28 wulan Januwari taun punika tiyang jawi
anama Pak Soriman ing kampung Tlaga bendhung bawah Gresik kesah
sarengan semahipun asade kupat dhateng ing Bum anakipun taksih
lare awasta Senonah katilar ing griya kareksa ing ninekipun,
Lare wau saweg umur nem wulan sarta ing salebetipun sawatawis
dinten gadhah sasakit gomen ingkang andadosaken sumelanging
bapabiyungipun,
Ninekipun lare punika anama Bok Buwang, ing waktu pak Sariman
kalih semahipun sami kesah sade kupat kemutan ing cariyosipun
tiyang, bab jampi ingkang saged anyarasaken sasakitipun lare
wau, saha anulak sampun ngantos sakit malih ing salajengiun,
menggah jampinipun lare alit ingkang lair dereng mangsanipun
leres kakadospun Senonah wau, punika saking petanganipun bok
Buwang piyambak mila lare sasakitan boten wontensanesipun tiyang
adang sekul. Ing sadangonipun bapa biyungipun lare senonah kake-
sahan bok Buwang badhe anyoba ngetrapaken jampi wau, lajeng
adamel latu, keren kaetrapan dandang tembagi mawi kaisenan toya,
wah kapasangan kukusan kados caranipun tiyan estri manawi adang
sekul, sareng bok Buwang anginten ten toya kang kagodhog punika
sampun umob lare senonah lajeng kalebetaken ing kukusan dngoni-
pun ngantos satengah panginang, sareng lare kawitt jelih-jelih
tumunten kaentas saking kukusan katingal awakipun ing swatawis
panggenan sami mlonyoh, andadosaken susah ing manahipun bok
Buwang.
Sareng bapa biyungipun rare mantuk sarta aninglai anakipun tiwas
kados kang kapratelakaken ing ngajeng wau, sanget anggenipun sami
muring-muring mawi ajelih-jelih, lare senonah lajeng kajampenan
ing dhokter, mlonyoh ing badanipu saged saras ananging elet
sawatawis dinten lajeng pejah. Bok Buwang getun sanget awit
anggenipun anjampeni wau pangajeng-ajengipun lare sageda saras
mongka ing mangke malah andadosaken pejahipun.
=========================
Ing nalika pangukuripun saganten ing tanah Prangkrik ingkang
dados pangeng anjenengi pangukur punika, anyukani semprong endah
dhateng satunggiling kapitan baita kapal, semprong punika saking
paparingipun kanjeng Gupermen ing tanah Prangkrik mawi kanthi
panrimah, awit kapitan wau ambek asih dhateng sasamining tumitah,
sampun amitulungi tiyang neneman satunggil ingkang ngreksa kamar-
ing baita kapal ingkang panuju risak, ing satiwasipun para
tiyang tuwin barang ingkang wonten salebetipun baita kapal puni-
ka, awit saking kasangsaran tiyang neneman wau anggenipun wonten
salebeting baita kapal ingkang risak laminipun ngnatos kawan
welas dinten sarta piyambak kemawon, panuju kawitan wau kesah
layar, aningali wonten baita kapal risak sareng kapitan anyelaki
baita punika, sumerep ingkang wonten salebetipun baita namung
tiyang neneman wau, katingal sampun jalenter, ananging sareng

kapulasara dhateng kapitan boten dangyu sanget malih sarta


anggadhahi kakiyatan sakajengipun mulya kados wingi uni tuwin
saged mantuk dhateng nagarinipun.
============================
Bab trapipun angawontenaken ungel, saha panggendengipun ungel
wau.
Manawi tiyang ungelaken piyano kaliyan tanganipuningkang satung-
gil, tangan ingkang satunggilipun kagepokaken tumempel ing plang-
kaning piyano ngandhap, punika tiyang laejeng karaos getering
ebahipun plangkan wonten ing tanganipun ingkang tumempel wau.
Punapa malih manawi tiyang angewuwuri pasir sawatawis wonten ing
kajenging biyolah, oasir punika lajeng pating cerolot boten mawi
kendel bilih biyola wau kaungelaken, manawi tiyang ngungelaken
Orgel ingkang sakalangkung sora ungelipun wonten salebeting
karma, mongka ing meja salebeting kamar punika panuju kadekekak-
en gelas anggur kalih iji, kaadegaken jejer, saha pinggiripun
meh badhe gepokan, punika saangunipun Orgel mungel pinggirinh
gelas anggur wau kalih pisan amesthi badhe sami gepokan piyambak
amungel kumlinthing.
Panyoba sanesipun kados kados ingkang sampun kasebut inginggil
wau, punika kathah kemawon saha boten kenging kawical, panyoba
punika anelakaken , manawi wontening ungel jalaran saking geter-
ing ebahipun maujud, dene ingkang dados sababing ebahipun wau,
awit saking pangangkah ing maujud anggenipun badhe pulih ing
dhapur tuwin sumelehipun ingkang wau saderengipun geter ebah.
Manawi sacelakipun maujud ingkang geter ebah wonten maujud sane-
sipun ingkang saged madal, maudjud ingkang saged madal punika
inggih lajeng tumut geter ebah, makaten ugi geteripun wau saged
kagendeng ngantos tebih. Maujud ingkang sakalangkung sanget
sagedipun madal, punika kaprenah kacelak kaliyan maujud ingkang
kaungelaken, maujud wau lajeng sangsaya sanget anggenipun tumut
geter.
Boten wonten maujud sanesipun ingkang sakalangkung gampil sage-
dipun lajeng tumut geter kaliyan maujud ingkang kaungelaken
anjawi saking awa ngkan sakalangkung sanget madalipun, awa punika
anglimputi dhateng sawarnining maujud, sayektosipun awa punika
anampani getering maujud ingkang kaungelaken, kabekta tebih
ngantos dumugi salebeting kuping panggenan pamireng ingkang
kawastanan Ehurplis tegesipun: kenthengan pamireng, punika
lajeng tumut geter, kadadosanipun tiyang saged amireng dhateng
ing ungel, mila awa punika kenging kawastanan juru pambekta
ungel, saha adamel sagedipun tiyang sami cacariyosan bab raosing
manah, awit saking wicantenipun.
Manawi awa juru pambekta ungel dhateng salebeting uping wau,
sampun kayektosan saking panyoba ingkang sampun kaalaman kaping
pinten, pratelanipun makaten: jam kadekekna ing panggenan ingkang
sampun kabucal awanipun, kadosta: kadekekna wonten salebeting
pethi ingkang rapet sanget, amesthi ungelipun jam punika boten
patos kamirengan utawi boten kamirengan babar pisan, manawi
tutuping pethi kabikak, ungeling jam lajeng kamirengan seru,
amargi pethi wau lajeng kalebetan ing awa ingkang ambekta unge-
ling jam lumebet dhateng kuping.
Manawi bahde sumerep, kados pundi lampahipun geter, saha punapa
ing sayektosipun kenging kawastanan geter wau, punika amendhet
tatangsul lajeng kapanthenga, manawi wangsul sampun kapantheng,

kaduduta lajeng kaeculna, awit saking sagedipun madal tangsul


punika lajeng ebah wansal wangsul ageter, andadosaken ngombak
utawi geteripun aha, menggah pangombakipun wau sami kados pangom-
baking toya, bilih kacemplungan ing sela, pangombaking toya kados
buwangan ingkang sangsaya dados ageng tuwin kentho lampahipun
mawi-mawi tebihipun saking panggenaning wiwitipun ngombak, maka-
ten ugi lampahing pangombakipun awa,
Ungel punika sangsaya tebih sangsaya suda ing serunipun, sampun
kacoba saha kaetang, kayektosanipun manawi ungel punik sangsaya
suda serunipun atunggil sabab kados indhakipun pasagining tebih,
kadadosanipun manawi tebihipun mindhak kaping kalih, ungel suda
serunipun kaping sakawan , manawi tebihipun mindhak kaping
tiga, sudanipun seruni ungel kaping sanga, salajengipun makaten.
Sanadyan sampun tetela, manawi seruning ungel enggal sudha kat-
hah, ewadenten ungel punika kasageda kamirengaken sakalangkung
sanget tebihipun, mila makaten kala tanggal kaping 4 wulan dhe-
sember 1833, beteng ing Anwerpen tanah Bel i kamriyeman, punika
ungeling mariyem kamirengan tebihipun ngantos lampahan 106 jam.
=======================
Cariyosing parawan ingkang darbe akal kinaot.
Wonten satunggal lare estri parawan anaking tiyang sikep ing
dhusun Karuman, wasta pun Legi awon warnipun, punika anggadhahi
sir remen dhateng rare jaka wasta Mas Agus Soma, warniniun
langkung bagus, anakipun Kyai Jagadrana demanging dhusun Karuman
ing ngriku, sarehning pun Legi wau sampun rumaos boten saged
kalampahan, sabab piyambakipun warni sakalangkung awon utawi
anaking tiyang Sikep, dados tansah mangu-mangu gandrung ing
manah.
Sareng panuju ing satunggal dinten lajeng gadhah pambudidaya, pun
Legi ing dalu reka-reka angingpi, enjing piyambakipun anangis
kalara-lara sambat-sambat anankipun pejah, embokipun awasta
biyang Legi amurugi pitaken, ana apa angger kowe nganggo nangis
sambat-sambat anakmu, apa kowe wis duwe anak, mongka kowe isih
parawan, lajeng anakipun mangsuli: sarta cariyos, O, iya talah
embok aku mau bengi angimpi: katon dadi bojone mas Agus Soma,
nganti kalakon anak-anak siji metu lanang rupane luwih bagus, ana
ing kanane putumu mau lagi wayah cumucud banjur mati, mulane aku
anangis, sareng embokipun dipun cariyosi makaten lajeng tumut
nangis sesambat iya talah putuku-putuku angger, tumunten bapaki-
pun awasta Cadima murugi pitaken lajeng dipun cariyosi makaten
inggih lajeng tumut nangis, kakekipun awasta Ki Camuka dhateng
pitaken dipun cariyosi inggih lajeng tumut nangis, sarta paman-
pamanipun utawi tongga tepalihipun sami dhateng pitaken dipun
cariyosi inggih lajeng sami anglud anangis.
Sareng makaten ngantos kauningan dhateng Kyai Demang Jagadrana,
kapriksa bapakipun kang wwasta Ca Dipa matur, O, boten kados
sadara mas demang: kala wau dalu anak kula pun legi supena,
katingal dados rayatipun putra sampeyan mas Agus Soma, kalampahan
ngnatos anak-anak satunggal medal jaler: nanging saweg wanci
cumucud lajeng pejah, sareng demang Jagadrana dipun cariyosi
makaten lajeng tumut nangis, Nyai Demang Jagadrana dhateng dipun
sanjangi inggih lajeng tumut nangis, tumunten anakipun kang wasta
Mas Agus Soma dhateng pitaken dipun cariyosi inggih lajeng tumut
nangis, dados tiyang sadhusun sami anangis sadaya, sareng kaumi-
pun ing dhusun Karuman awasta Ki aman Ngarip dhateng lajeng

pitaken: punika kinging punapa inggih: tiyang sadhusun sedaya


sami anangis punapa ingkang dados bubukanipun, Kyai Demang jaga-
drana mangsuli: O, iyatalah Amangarip, ingkang dadi wite anake
si Cadipa kang aran si Legi, mau bengi angimpi katon dadi bojone
anak ku si Soma, kala kon nganti anak anak siji metu lanang,
wayah lagi cumucud putuku mau banjur mati, mulane pada anangis,
Kyai Amanngarip lajeng matur malih, manawi makaten dara mas
Demang prayoginipun, putra sampeyan mas Agus Soma lajeng kadhau-
paken kemawon kaliyan anakipun adhi Cadipa kang wasta pun Legi,
awon ingkang sampun pejaj denten ing benjing badhe puputra malih
medal jaler dados ageng, Kyai demang Jagadrana amangsuli: mungguh
rembugmu iku iya prayoga, sareng sampun sami golong rembagipun
lajeng kadhaupaken, kadadosanipun inggihlajeng anak-anak medaling
jaler.
==================
Cariyos aneh-aneh
Wonten tiyang dhusun apitaken marginipun dhateng kunjaran nunten
wonten tiyang ingkang mangsuli makaten: dalan iki turuten, manawi
wus gadhug ing kono ana omah ing kemasan, omah iku banjur lebo-
nana, sarta anjupuk kasuru salaka siji kang lagi di garap dening
Kemasan, yen wis kalakon kajupuk, amesthi ora nganti suwe kowe
banjur tekan ing kunjaran.
===================
Wonten jajaka saweg sapisan adus ing lepen, wonten ing ngriku
jajaka punika katiwasan badhe pejah kabalabag ing toya, manawi
boten katulungana ing tiyang, amesthi kalampahan anemahi pejah,
sareng sampun kaentasaken, jajaka kawedal supaosipun, pitembunga-
nipun makaten: sajeg ku urip ana ing ngalamdonya aku ora gelem
anymplung ing banyu sadurunge aku baud anglangi.
=====================
Mung sapocung: bilih sambada ing kalbu, nira tuwan ingkang,
angarang jurumartani, kula atur panjurung karsa saha macak.
Ing srat juru: martani supadi muhung, sangya kang nungka-
ra, parenga pangalih mugi, ambatang mring cangkriman kula punia.
Wonten wuju:d kang wrintan ngamet saestu, kang ngambil tan nedha,
kang bukti tan tuwak awit, tuwakipun wonten ingkang datan nedha,
Kula pun Onggamina.
===================
Para tiyang ingkang sami anyambutaken dhateng Nyonya E.E.M.
Ponsetrakah ing Surakarta, sami kaaturan angalempak kang wonten
gedhong Pakumpulanipun para dagang ing Samarang, benjing ing
dinten Jumungah kaping 22mwulan Maret punika, wanci pukul kalih
siyang,supados amratelakna sambutanipun Nyonyah Ponsetrakah wau,
mawi anedhah kaserat pratondha, lajeng badhe amirengaken aturani-
pun ingkang gadhah sambutan bab prakawisipun, punapa malih badhe
angedum barang darbekipun.
Samarang kaping 1 Maret 1867
katandhan tuwan Fandhedhem.
==============================
Salebeting bank arta ing nagari Samarang tiyang saged pikantuk
atumbas uwang mas Inggris awarni dhukat tuwin dinar kina.
=================================
Ing tokonipun tuwan Jaspresw en ko mentas atampi jidaran kajeng
tuwin gelas, jidaran punika wonten ingkang pasagi tuwin gepeng,
saha warni bab ageng alitipun.
Katandhan tuwan Jaspres en ko.
===================
Ing tokonipun tuwan Jasprews en ko tiyang saged pikantuk atum-
bas: Orgel mawi tambur, regi 175 rupiyah bayar kenceng, Orgel
punika saged mungel wolung gendhingan, katandhan tuwan Jaspres
en ko.
=================
Ongka 12, 21 Maret 1867
Pawartos warni-warni
Kanjeng ratu ing tanah Nederlan kawartosaken anemahi sangsara,
kados kang kasebut ing ngandhap punika: Kanjeng ratu wau panuju
miyos saking kadhaton dalem piyambak karsa tedhak dhateng
kadhatonipun ingkang putra kakung, wonten amargi dhawah ing siti
awit saking kapleset, saking kanteping dhawahipun ngantos suma-
put ing paningal, wonten saradhadhu satunggul sareng sumerep
Kanjeng ratu dhawah, lajeng amitulungi angangkat sariranipun,
tumunten wonten ajudhanipun kanjeng raja satunggil medal saking
kadhaton amurugi panggenanipun kanjeng ratu, saradhadhu kaliyan
ajudhan wau lajeng sami ambayang kanjeng ratu kabekta lumebet
ing dalem kalangenanipun kanjeng raja, ingkang dados pangajeng-
ajenging kathah, dhawahipun kanjeeng ratu punika mugi sampun
ngantos andadosaken jalaran gerah dalem sanesipun.
============================
Ing kabupaten Gunungkidul bawah ing Ngayogyakarta, wonten maesa
satunggil buntutipun kakalih, ingkang satunggal dumunung wonten
panggenan ingkang sampun limrah, satunggalipun thukul wonten ing
pupu wingking ingkang kiwa, maesa ingkang buntut kakalih punika
ing mangke sampun umur tigang taundadosaken bingahipun ingkang
nggawa awasta Krama Sentana, sabab maesa wau jinak tuwin miturut
sarta kuwawi kaetrapaken ing damel.
============================
Ing kabupaten Bantul bawah ing Ngayogyakarta, wonten tiyang wuta
awasta Gunasemita, punika angeram-erami dhateng sadhengaha ti-
yang, pundi ingkang amirengaken samasa Guna Semita wau anabuh
gongsa utawi andhalang ringgit wacucal swaranipun sakeca kamiren-
gan pitembunganing cariyos prayogi sanget sarta turut angresapak-
en manah, bilih Guna Semita angatogaken kasagedanipun titiyang
ingkang nonton sami angrubung sarta andongong.
===========================
Kala tanggal kaping 21 wulan Januwari taun punika, wonen tiyang
jawi awasta Rajaya, griyanipun ing dhusun Talagaipang bawah ing
Demak panuju angresiki gadhahanipun waos lenggah wonten ing
undhak-undhakan griya, boten dangu anakipun estri lare umur
tigang taun lumajeng amurm lenggah nunggil kaliyan Rajaya.
Sarehning Rajaya kuwatos bilih anakipun wau ngantosa kacocok
ing waos dados saking pikajenganipun lare badhe kacengkah
kaliyan tanganipun ingkang satunggal tangan satunggalipun malih
taksih anyepeng waos badhe katungkulaken ananging anggenipun
anungkulaken waos punika boten kaleresan waos anjojoh wetengipun
Rajaya kataton sanget ngantos kalenger dhawah ing siti, rahayuni-
pun Rajaya boten pejah.
=======================
Para walandi bongsa Ingggris ingkang eses sata, ing waktu sapuni-
ka sami karem eses ingkang kawastanan sata Kapendhis, sata punika
kaabenan kaliyan lisah wangi, gendhis tuwin rum ambetipun seger
angapenginaken tuwin raosipun eca amatagihi, ujudipun sata wau
warni kados emplok-emplokan sokelat tiyang ingkang ajeng eses
angiris sata punika sacuwil lajeng kawenyet ing driji sakedhap
tumunten kalebetaken ing cupak pipa ingkang sakalangkung alit
empaning sata tamban anuwukaken ingkang eses, ingkang miwiti eses
sata makaten punika titiyang ing tanah Amerikah, titiyang ing
tanah Inggris tuwin ing tanah sanes-sanesipun malih inggih sami

aniru eses, wondening caranipun tiyang eses sata ingkang mawi


kaabenan kados kang sampun kapratelakaken ing ngajeng wau,
punapa andadosaken kuwarasaning badan langkung malih padhanging
pikir utawi botenipun ing tembe badhe katawis.
=================================
Ing Surabaya wonten tiyang jawi paben kaliyan semahipun, sareh-
ning pun estri punika ajrih yen ngantos saka aniaya dhateng kang
jaler, lajeng umpetan salebeting griya, wonten panggenan ingkang
kablabaran lisah petroliyim awit wadhahipun ples pecah, sreng
tiyang estri wau tileman wonten ing panggenan punika, pangang-
genipun teles kenging lisah ingkang blabar, ingkang jaler angupa-
dosi dhateng semahipun mawi ambekta colok sareng sumerep ingkang
estri tilem lajeng kaget sarta angretahaken babektanipun colok
ingkang taksih murup latonipun, boten dangulatu punika mubal
anyaladi tiyang estri ingkang tilem wau, awakipun kenging latu
sami mlonyoh andadosaken pejahipun.
===============================
Bab rikat panggendenging ungel.
Sok tiyanga amasthi sampun mespaosaken yen kawontenanipun ungel
punka boten kamireng an ing sanalikanipun tiyang angawontenaken
ungel wau, kadosta manawi tiyang nyemethi katingal saking kateb-
ihan saestu ungeling camethi boten kamirengan ing sanalikanipun
ungelaken, dados pamirengipun wau ragi kasep, makaten ugi gelap
pamirengipun terkadang ragi dangu boten smi kaliyan paningalipun
kilat mongka gelap tuwin kalat wau sam dadosipun.
Saupami wonten redi kakalih ingkang sampun kaserepan tebihipun,
ing nginggilipun satunggil-tunggiling redi wau kadekekan mriyem,
saha wonten tiyangipun ingkang sami bekta arloji, mriyem punika
kedah kaungelaken genti-genti letipun sadasa menut, manawi mriyem
ingkang satunggil kaungelaken tiyang ingkang wonten ing redi
sanesipun kedah ames paosaken pangubaling sandawa, sarta mawi
aningali arlojinipun, manawi piyambakipun amireng ungeling mriyem
inggih ugi kedah ngawaosaken Arlojinipun tuwin lajeng nyatheti
kathah kedhiking sekondhe, ingkang sampun kaliwat ing saantara-
nipun pangubaling sandawa tuwin ungeling mriyem, sabab kathah
kedhiking sekondhe wau anelakaken danguning panggendengipun
ungell wau saged dipun kamirengan ing redi, kang satunggal maka-
ten ugi patrapipun tiyang ing redi ingkang satunggilipun, panyo-
ba makaten wau anelakaken yen panggendenging ungel punika ing
dalem sasekonthe 332 elo, wondene panggendenging ungel punika
sangsaya rikat manawi juru pambektanipun ungel anglangkungi keket
tinimbang akaliyan hawa.
Katranganiun makaten rikat bab panggendenging ungel ing salebeti-
pun toya punika tikel kaping 4 1/2 tinimbang manawi wonten ing
hawa, ing salebeting tembaga tikel kaping 12 ihg salebeting gelas
lan tosan tikel kaping 16 pratelanipun dene toya saged anggen-
deng ungel terang saking ulam ingkang wonten ing blumbang, punika
saged mireng singsotipun tiyang ingang badhe nyukani tatedhan
jalaran ulam wau lajeng sami katingal makaten ugi tiyang saged
mireng panggerutinpun kajeng balok manawi talingan katempelaken
dhateng balok wau, punapa malih manawi tiyang mendhet sendhok
salaka kagandhulaken ing benang kakalih, pucuking benang kagepi-
kaken ing talingan utawi bathuk, manawi sendhok wau kabentulsaken
ing maujud amasthi ingkang nyoba wau amireng ungel soranipun sami
akaliyan ungeling gentha, katandhan A, La.

===========================
Kula sampun wuninga seratipun Raden Tumenggung Rajaniti: katiti-
mangsa kaping 26 Sawal taun Alip, ongka 1795 kang kapacak juru-
martani Kemis ping 7 Maret taun 1867, kang suraos kula sampun
sumerep sedaya, dene serat kula wangsulan dhumaeng raden Ngabei
Ongga Atmaja, kupiyanipun kula pacak jurumartani sangking sanget
gumun sarta eram manah kula, awit wuwus jengandika kang kawrat
srat katiti mongsa ping 20 Januwari taun 1867, kang dhumateng
raden ngabei Ongga Atmaja, lajeng kakintunaken dhateng kula,
suraosipun kula jengandika westani gadhah atur dora parentah,
lan jengandika mukir boten nate kula cadhongi karampunganipun
gadhahan kula pikudhung, 2, iji, mila serat jengandika kupiyani-
pun kula pacak jurumartani supados priyantun kang agung-agung
kang sring tampi murumartani, ngawuningana saha animbanga wau
prakawis sinten kang ngawit rumiyin utawi amestanana siten kang
dora, punapa kula punapa jengandika, sabab kula sampun sumerep
jengandika boten dhamang, lan boten terang ningali saseratan,
utawi botena pil suraosipun serat, samangke leres pethek kula,
menggah serat jengandika wangsulan kang kapacak jurumartani wau,
suraosipun kaletu sadaya, lan boten tumemep kaliyan serat kula
kan jengandika wangsuli, saking manah kula jengandika namung
gething muring atawi digung adiguna kang wonten , dene kang
leres, samangke jengandika ngaken sumerep gadhuhan kula piku-
wung, 2, iji, kawastan alamipun raden tumenggung Amongpraja peken
kaliwon, samangke laminipun sampun kalih welas taun, lan jengan-
dika ngaken sampun dhawahaken parentah dhatng Sontaprajan, lan
jengandika mestani raden `Ngabei Sumawikrama sampun ajal boten
tilar barang tuwin waris, punika jengandika kula wastani dora
malih, sabab Raden Ngabei Sumawikrama wau gadhah waris, 1, Raden
Lara Sumirah imah-imah antuk Raden Ngabei Mondaraka mantri panewu
juru Tuwek kaparak kiwa, 2, Raden Lara Jinah, imah-imah antuk
anaking Ngabei Niti Wedana Ngampel, pegat lajeng imah-imah
malih antuk Raden Tumenggung Prawira Dipura, 3, Raden Lara
Samtari kapundhut selir kanjeng Pangeran Panji Priyabada, kala
teksih nomaden mas, sareng pikajeng pangeran krama, Raden Lara
Samtari kawedalaken,lajeng imah-imah angsal Raden Ngabei Sasra-
ratmmeja, putra Sasradiningratan sumare Imagiri, boten patutan
pegat, Raden Ayu Mondaraka anak nomer satunggal wau, anakipun
sakawan, kang sepuh nom raden Ngabei MOndaraka ping kalih, adhi-
nipun tumunten jaler, dados demang ing Kartasura, noma Rden
Demang Suramangunpraja, sapriki teksih adhinipun kakalih sami
estri, satunggal imah-imah angsal dhusun Karang salam, satunggal
wonten jayadiningratan, dene Raden Ngabei Mondaraka ping kalih,
putu Sumawikraman wau imah-imah angsal abakipun estri MAS Ngabei
Sirawikara, konca mantri kaparak kiwa, kang griya ig Blodiran,
patutan rara estri satunggal, sangajale bapakipun lare estri wau,
kaemong kakekipun Ngabei Surawikara, ngantos sapriki, kakangipun
lare estri punika jaler, saking selir wonten prawiradipuran
sapriki teksih, mongka ingkang kasebut saseratanipun Raden Tu-
menggung Rajaniti, kang kapacak jurumaartani Raden Ngabei Suma-
wikrama boten gadhah waris, kados pundi enggenipun boten dora,
supradosipun kawestanan dora boten purun angungasaken yen satung-
gal bopati kang teksih sinedhahan angrembat nagari, Suci, resik
boten tan dora, mila kula kelangkung eram dene wonten satunggal
bopati kang teksih angrembat nagari,boten sumerep satunggal

tunggaling ahli warising para abdi dalem salebeting karaton dalem


ing nagari Surakarta, sanget angeramaken, supardosipun angaken
punjul, mastani dhateng kula, anggen kalepatan kula ing nagari,
ing mangke raden Tumenggung Rajaniti kula purih anerangna, kadu-
muka, punapa kalepatan kula ageng wau, kapratelakna, kados wi-
jang-wijanging enggen kula mratelakaken, ahli waris sumawi
kraman wau, ahli warising priyantun kimawon boten sumerep teka
saget kumecap mastani kalepatan ageng, dhateng panunggilanipun
bopati kang sampun kaparingan urmat pansiyun, mongka bopati
punika, yen kalepatan ageng ing nagari kang pesthi kabucal saking
pulo jawi, kawates lamining pambucal, kapirit saking kalepatani-
pun, kados pundi raden Tumenggung Rajaniti sabarang kang kinecak-
en, boten patitis kados dede kecaping bopati, lan raden tumenggun
g Rajaniti martelakaken boten kanggenan gdhahan kula yatra kang
kasebut gadhuhan kula pikudhung, 2, iji, wau, punika kula boten
mestani anganggekaken yatra dhateng jengandika, kula kawestanan
muring-muuring dhateng jengandika punika boten, jengandika piyam-
bak ingkang muring-muring dhateng kula, sabab kula jengandika
westani gadhah atur dora parentah lan kula kawestanan macakaturan
wonten Jurumartani, punika boten kang kula pacak tedhakan serat
parentah jengandika, kalih tedhakan serat saking Raden Ngabei
Ongga Armaja, tiga serat kupiya kula wangsulan dhateng Raden
Ngabei Ongga Atmaja, dene manawi kasupen jengandika kula aturi
mariksani malih serat kula wangsulan kang dhateng Raden Ngabei
Ongga Atmaja wau, lan malih kula lajeng ngandika wastani boten
rumeksa pengadilan dalem ing Surakarta punika jengandika kaletu
serep, mila nggen kula tampi kadhung 2 iji, ngantos dumugi sa-
mangke lamenipun sampun tigawelas taun, kula dereng tampi yatra
pamenang wau, tansah kula anyarehaken saha angnglapahi, punapa
ingkang dados parentahipun jeksa pengadilan dalem Surakarta,
jengandika mestani, sangking palimarmanipun ratu kula ing kang
sinuhun, kula kaganjar siti pansiyun ngantos sapunika leres :
punapa ajeng ngandika ucik, panupa jengandika meri, dene gadhu-
han kula piyagem pansiyun, mungel boten kalilan satunggal tiyang
ngucik: utawi ngemerekaken amargi katarima, damel kula kang
sampun kalampahan: kula jengandika westani, Arda cumanthaka
dhumateng kang kakersakaken nyepeng pengadilan punika boten
pisan-pisan tegesipun Arda: kula baten nyuwun wewah siti; lan
baten ngucik balaja atawi sawah jengandika: tegesipun cumanthaka,
kula baen nate, nyambungi nalabung, nggon jengandika rarembugan,
kula jengandika westani, damel ribet pengadilan: punika baten
yen kula damela ribet sabab kula baten nate memaoni pengadilan,
lan jengandika pitaken nggen kula macak serat wonten Jurumartani,
lampah saking nagari pundi, punika boten saking tanah ing lyan;
kang kula pacak nggen jengandika, mastani kula gadhah atur dora
ing parentah lan nggen jengandika mukir, boten rumaos kula cad-
hongi, karampungan bab sumawikraman lan sontaprajan, utawi nggon-
jengandika mukir, boten sumerep gadhuhan kula pikudhung, 2: iji:
samangke jengandika smerep menawi tiyang dora dhateng priyantun
boten kenginga gampil punika leres; punapa a ku lajeng ngandika
westani, gadhaha tur dora ing parentah, dene sumrerep boten
kenging ginampil; kok ing jengandika terak lanengandika mestani,
kula sampun nate nyepeng paprintahan asring dorani dhateng ka-
lerehan, punika sakalangkung boten dene manawi jengandika sumerep
kula purih anak jakaken, sinten priyantunipun kang kula dorani:

lan jengandika suka pemut dhateng kula; bab lampahipun tiyang


prakawisan supados ing tembe, sampun kantos damel kalingseman:
kula kaprayogekaken nyuwun leres dhateng pangadilan pradata
dalem: punika kula boten susah: jengandika wulang, kula sampun
sumerep piyambak jengandika ngawon-awon dhateng kula: saha kula
jengandika upamekaken bangsanipun uler, kang nama kamitetep
sakalangkung panrima kula, dhateng jengandikawuwusanipun priya-
gung bopati: tuhu kawuwusanipun kuli dhusun lan kula pamekaken
ungeling gareng: kumesek berbegi kuping boten wonten kang uninga
delingipun saking pamanah kula: jngandika namung peksa kumawawa:
yen sageda angungas-ungasaken kawigyan bahde damel badhonipun
priyagung wadana walu: ananging jengandika kula pamekaken tiyang
masang kala: ing wusana jengandika kasrimpet kalanipun piyambak
awit saking kirang dudugi: utawi jengandika ngaken kndel boten
ajrih dhateng tiyang, sabab kang jengandika angge manah watak
kang temen utawi resik saking pamanah ula, nggen jengandika
ngaken manah temen yektosipun gen jenganika dora, sampun katin-
galing kathah: nggen jengandika ngaken manah leres utawi resik
yektosipun anah kang jengandika anggge, kang bangkong atawi
reget: sabab jengandika boten mituhu, punpa saungelipun kagungan
dalem gadhuhan jengandika serat nawala pradata: punapa dene
angger sadasa: margenipun jengandika ngnge manah temen lan resik
saking pundi margenipun ing samangke jengandika ngawon-awon
kathah-kathah dhatng kula, sanget panarima kula, nanging wuwus
jengandika sadaya wau; kula pamekaken canthok sasra labuh kapat
pating carep blungpating careyot: boten tumonja: sabab anggen
jengandika ningali serat boten terang: lan boten dhamang, saha
boten napal suraosipun jengandika kula pamekaken walang gepuk
netra andik lamun lumampah siyang nubug-nubug dene jengandika
ngaken kendel boten ajrih dhateng titiyang: menggah kakendelan
jengndika, kula pamekaken semut ngangrang, boten gadhah dugi lan
prayogi: yen mirsa tiyang kumrayok anyokot.
Ing Surakarta, tanggal kaping 14 Dulkangidah ing taun Alip ongka
1795. Mangkupraja
===========================
Cariyos aneh
Saking pawartosipun wonten Opsir Laut kesah dhateng wana, sareh-
ning opsir punika dereng sumerep marginpun ingkang anjog dhateng
wana, amampir dhateng greya pasewan, wonten ing ngriku gadhah
panedha dhateng tiyang estri ingkang anyepeng griya pasewan,
anakipun jaler ingkang saweg ngumur wolung taun kapuriha anedha-
kaken margi ingkang dhateng wana wau. Tiyang estri ingkang
nyepeng griya pasewan anjurungi ingkang dados panedhanipun opsir,
lajeng aken dhateng anakipun angiringaken opsir wau, sareng
angajengaken dumugi ing panggenan ingkang dipun purugi, opsir
badhe anyukani bayaran dhateng Rare ingkang ngiringaken wau,
ananging rare lajeng wicanten makaen: boten susah sampeyan ama-
ringi arta dhateng kula, awit saradhadhu punika amesthi boten
gadhah arta, opsir mangsuli: kapriye sumurup mu yen saradhadhu
iku ora duwe dhuwig, rare wicanten malih: kula gadhah sadherek
jaler dados sardhadhu punika salaminipun boten gadhah arta, mila
biyung kula kala wingi anyade sakantunipun barang, sarta arta
papajenganipun lajeng kakintunaken dhateng sadherek kula jaler
wau, opsir sakalangkung ngeres ing manah sareng amireng wicante-
nipun rare ingkang kados makaten wau, lajeng anyukani kanthong

satunggil is arta mas dhateng rare, pitembunganipun makaten: e


nya thole, dhuwit iki wenehna embokmu, sing saparo konen anguwe-
hake sadulurmu lanang, dene kang saparone konen angepek embokmu,
mengko sadhela aku bai marang ing omah pasewan, supaya bisaha
anuhoni prajangjiku bakal atutulung ing salawase marng sadulurmu
lanang mau. Menggah ingkang dados opsir punika kanjeng (H)Ertoh
Maksimilin.
===============================
Panyuka kabar ingkang mijil saking lihkiyun ing Kadipaten Mangku-
nagaran, Surakarta, kala ing dinten Akat Legi tingalan dalem
tanggal kaping 18 wulanDulakngidah , ing taun Alip ongka 1795
wonten kula wisudha kados ing ngandhap punika.
1. Raden Mas Arya Gondasiswar, putranipun sampeyan dalem Kanjeng
Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ingkang kaping 4 urut
saking putra pambajeng ing Gondakusuman kaleres ongka 5, ingkang
wau dados Irste Litenan ajudhan Infantri, ing mangke kinula
wisudha dados Kaptin.
2. Raden Mas Panji Endrawinata, ingkang wau dados Irstelitnan
Infantri ing mangke kinilawiudha dados Irste Litnan ajudhan.
3. Raden Panji Puspadiwirya ingkang wau dados Twede litnan
Infantri, ing mangke kinulawisudha dados Irste litnan.
4. Trenadipura, ingkang wau dados Ondher ajudhan onder Upsir
infantri ing mangke kinula wisudha ddos Twedhe Litenan, Sudiya
Wisudha.
====================
Pawartos warni-warni
Saking pawartosipun benjing wiwiting wulan ing ngajeng punia
badhe ambikak margi kareta asep saking Samarang dumugi ing Ked-
hungjati
=====================
Ing Surabaya titiyang sami angresula bab kathahing buwaya wonten
ing lepen ageng, menggah buwaya punika saben dinten kemawon
anepuh dhateng para tiyang ingkang sami adus wonten ing lepen
wau.
====================
Rare ingkang lair wonten ing gagana
Dereng lami wonten tiyang estri ingkangasring tumut anumpak eting
mumbul dhateng awang-awang, punika anumpak eting malih. Tiyang
estri wau kala samanten panuju wawrat , nanging boten sumerep
pinten wulan anggenipun wawrat wau, dados kalintu ing pan-
getng, sareng makaten tiyang estri punika lajeng manak wonten
ing gagana ingkang inggilipun 12000 kaki, medal jaler, elet
sajam saprapat dangunipun saking anggenipun manak, eting mudhun
dumugi ing siti.
=====================
Panedhaning sawer
Sarehning sawer boten gadhah untu ingkang cekap kadamel mamah
utawi anyuwek-nyuwek samukawis ingkang katedha, mila sawer punika
kedah anguntal samukawis ingkang katedha, sanadyan ingkang kated-
ha langkung ageng tikel kalih utawi tikel tiga timbangipun kaliy-
an awaking sawe, inggih saged kalebet ugi, Menggah sagedipun
sawer anguntal tatedhan ingkang ngungkuli agenging awakipun wau,
amargi wanging sawer boten awarni balung stunggil, wang wau
balungipun kalih iji sasisih ajejer ing ngandhapping nginggil,
wang satunggil-tunggilipun awarni balung kakalih, katepangaken
ing panjangipun dening kawujudan ingkang saged mulur kados karet,
punika andadosaken cangkeming sawer saged amangap ngantos wiyar,
saha saged angemplok tatedhan ingkang ngaeng wau, mila saged
makaten awit saking wang ngipun wau beda kaliyan wanging satoke-
wansanesipun, wanging sawer tepangipun ngandhap kaliyan nginggil-
ing dening balung ingkang sakalangkung aeng, punika wonten saan-
tawisipun wang ing nginggil kaliyan ngandhap, manawi sawer
angemplok tatedhanipun, balunging wang sapalih ing nginggil

kaliyan ing ngandhap sami modot rumiyin, manawi sampun lajeng


wang ingkang sapalihipun ing nginggil tuwin ngandhap sami tumut
modot ugi, kadadosanipun angampilaken ing pangundalipun tatedhan,
menggah cariyos ing ngandhap punika bahde anerangkaen prakawis
ingkang kasebut ing nginggil wau:
Tiyang anglebetaken menda satunggil wonten ing kandhangipun
sawer, kawastanan sawer Boah, ing ngriki bokmanawi sawer ing-
kang kawastanan sawer Puspakajang, sareng menda sampun malebet
ing kandhang, sawer boten anglegewa, amung sirahipun kemawon
ingkang manthongol, ilate meled-meled ananging boten ngantos
dangu sawer lajeng anyaud menda kacokot suikunipun ing ngajeng,
menda kabanting ing siti lajeng kapulet, pamuletipun karangkep,
supados sageda langkung ing karosanipun, anggenipun mulet sawer
dhateng menda, lampahipun sakalangkung rikat, ngantos ubeding
pamuletipun meh boten katawis, sareng menda sampun pejah, pamu-
leting sawer lajeng kadhuwuraken, enda tumunten sumeleh ing
siti, saeng makaten sirahing menda kaileran dening sawer, lajeng
wiwit kaemplok sawer saking bungur, kadadosanipun menda saged
kalebet dipun untal ing sawer, singatipun inggih tumut kalebet,
sarening singating menda lancip, punika andadosaken rendhet
panguntalipun, ananging boiten dangu singat lajeng boten katin-
gal, amung kalebetipun kemawon singat katawis saking panthukuli-
pun kuliting sawer, katinga kados badhe ambedhahna kulit wau.
Sasampunipun anguntal menda sawer mindhak agengipun tikel kaping
nem, sarta katingal wetengipun kados badhe malethosa, menggah
panguntalipun wau ngantos sawatawis jam dangunipun, dene agenging
weteng swer sareng menda sampun kalebet awakipun sadaya, prenah
saubenging wadhuk ngantos pinten dinten taksih katingal, sareng
sawer sampun anguntal menda, ing nalika samanten sawer moprok
boten saged mingset katingale lesu sanget, kadadosanipun gampil
kacepenga utawi kapejahana ing tiyang.
Sawer punika manawi anguntal sato kewan ingkang gadhah singat,
singat wau asring ambedahaken kuliting sawer, sarta sampun kathah
tutuladanipun titiyang amanggih bathang sawer ingkang bedhah
wetengipun awit saking kenging singat, adadosaken tatu medal
nanah, wekasan adamel pejah ing sawer.
=============================================
Bab paidahipun Lisah Jarak
Lisah jarak boten angamungaken kadamel jampi, ananging ugi keng-
ing dados ing sart anglemesaken wacucal ingkang sampun lami utawi
sepuh, angungkuli lisah sanesipun, mnawi setiwel tuwin sepatu
kablonyoh ing lisah jarak ing tembe kenging ugi kadamel gilap
angungkuli yen kablonyoh akaliyan lisah oleip utawi lisah sanes-
sanesipun, ing tanah Arisburi wacucal semproting pompa mawi
kablonyoh ing lisah jarak kadadosanipun empuk tuwin lemes emeh
sami kaliyan wacucal ingkng taksih enggal.
Sawarnining barang wacucal ingkang wonten ing gilingan utawi
wonten ing pirantos anesipun ingkang anglanjakaken ebahing gilin-
gan utawi pirantos punika, ingkang sampun limrah kuwawining
kanggenipun boten langkung sangking gangsal taun nanging bilih
barnag wacucal wau mawi kablonyoh ing lisah jarak kuwanining
kangge ing dalem apes ngantos sadasa taun awit lestantun lemes
sarta boten getas, aliya kang sampun kasebut ing nginggil punika,
lisah jarak wau wonten paidahipun malih, kadosta: wacucal ingkang
wiyaripun tigang dim yen kablonyoh ing lisah jarak boten sged

mrucut utawi boten sged gingsir sking pangggenanipun kanggenipun


ing damel sami kaliyan wacucal wiyaripun gangsal tengah dim
ingkang boten kablonyoh ing lisah jarak, samanten punika prelu,
samasa wacucal wau sampun kablonyoh ing lisah jarak kedah
kakendelaken ing dalem 24,jam ngantos esat labetipun tuwin
anresepa ing wacucal bilih boten kakendelaken makaten wacucual
punika wewah saged mrucut utawi gingsir sakin gpanggenanipun,
samukawis ingkang kablonyoh ing lisah jarak badhe boten kacacah
ing tikus utawi badhe boten katedha ing emot sapanunggalanipun.
=======================================
Kala tanggal kaping 9 wulan Maret punika ing nagari Ngayogyakarta
wonten raramen minongka pakurmatan awit kajeng tuwan Rasidhen
kagungan damel amikramekaken ingkang putra estri angsal tuwan
Pandher Mildheker, wanci dalu mawi wonten tingalan kembang api
warni-warni.
===================================
Nalika ing nagari Ngayogyakarta main lotre ing arta, ingkang
angsal kauntungan inggil piyambak tiyang Cina anama Sim Gu We,
gagriya ing Ngayogyakarta, kathah ing kauntungan punika, 18800
rupiyah.
============================
Tuwan H.P.W. Bures Intedhan Tweddheklas ing militere Administra-
si , ingkang sampun pensiyun mawi kaparingan pangkat Intendhan
Irsteklas Tituler, saking karsanipun kanjeng maharaja ing
nagari walandi: kakula wisudha dados gupernur wonten tanah Papu-
wah ingkang kabawah ing Nederlan.
==========================
Kala tanggal kaping 10 wulan Maret punika wanci dalu, ing tanah
Bojanagara wonten tiyang parentayan kathahipun wolung dasa sami
bobol medal saking kunjaran, sdhatengipun Kaliwon wah sosoran
jaksa, juru rumeksa sepiran tuwin prajurit sawatawis ingkang
sami tutulung, awit mireng swara rerame, para paranteyan wau
taksih ngadeg wonten plataran sangajenganipun kunjaran sarta
niyat badhe murida, sarehning para pasakitan dipun purih wangsul
dhateng ing kunjaran sami mopo: lajeng dipun ajri-ajrihi dening
prajurit sawatawos wau, sami ngungelaken sanjata, tumunten sami
wangsul dhateng ing kunjaran sasaminipun cempe ingkang sami
jinak lumebet ing kandhangipun, wiwit kala samanten dumugi sa-
priki pangreksaning dhateng pasakitan wau wewah prayogi.
============================
Sampun saantawis lami ing tanah Londhon wonten tiyang jaler
satunggil ingkang sumrep ing tatakrama, katingal lumampah sabu-
ruting radinan ing tanah Londhon panganggenipun sakojur warni
wacucal tikus mila boten wonten tiyang ingkang angaru biru ing
sasolah tingkahipun.
Panganggen warni wacucal tikus punika damelipun piyambak nalika
tiyang wonten ing tanah Nimrod , wiwijanganipun warni rasukan jas
rompi, sruwal dhasi, topi, mojah, sarungan tangan tuwin sepatu,
menggah wacucaling tikus ingkang kadadosaken paganggen sapangadeg
punika, kathahipun gunggung 670, iji, wondening ingkang ngeram-
erami piyambak warnining gulonipun rasukan jas sabab inkang
kadamel namung wacucalipun buntut tikus cacahing buntut ingkang
dipun kalocopi kaamel guloning rasukan jas wau gungungg 600 iji,
panganggen kados kang kapratelakaken ing nginggil punika, manawi
kajawahan toya boten saged tambas, wondening pandamelipun pan-

ganggen wau, saged dipun rampung ig dalem tigang taun.


=====================================
Manawi marengaken mugi kapacaka minongka kapanjurung Jurumartani.
Kalayan pamaurina ingkang saklangkung sanget, kula ningali srati-
pun Raden Tumenggung Mangkupraja ingkang kawrat ing Jurumarta-
niongka 12, o punika boten leres sanget, teka angawon-awon dhuma-
teng Raden Tumenggung Rajaniti wakil wadana jaksa ingkang sawek
tinengga ing kabekjan, anelakaken bodhonipun Raden Tumenggung
Mangkupraja,pamacaking serat sakar-sakarsanipun pyambak boten
mawi papiritan kadosta amastani yen Raden Tumenggung Rajaniti
kados walang gepuk anunak-nunuk, bok inggih sampun kasanget
tenun, sinta ta ingkang boten nyumerepi titiyang ing Surakarta
sadaya rak inggih sampun sami terang ta, yen Raden Tumenggung
Rajaniti punikacacat tingal, saben mariksani serat manawi boten
kanyunyukaken gathuk idheping netra boten trewaca,suprandosipun
taksih kirang terang, tandhanipun kala rumiyin kula ngaturaken
serat aturan, sasampunipun dipun pariksani tumunten andhawahaken
dherek sowan ing kapatiyan, badhe kapringankatrangan. Ing wasana
kula dherek angantosi kantos bibaran sowan, dereng kadhawahaken,
Kula tumunten nyela atur nyuwun dhawah, wangsulanipun anggumunak-
en manah, dhawahipun makaten, kowe wong ngendi nydhong dhawah
apa, kula matur terang sakawontenaipun atur kula kang kawrating
serat, kadhawahan enjin g wangsula malih, sareng enjing kula
wangsul dipun dangu kowe malih wong ngendi, jenengmu sapa
cumadhong bab apa, daods kula ukumi dhasar wakil wadana jaksa
tukang kasupen sadangunipun kula angentosi mawi pitaken dhuma-
teng abdi kapedhakipun rumaos kula titiyang alit bok manawi
kirang panuju kula ing panggalihipun, wangsulaning lkapedhak wau
boten amung kula piyambak ingkang makaten, nadyan dhawahipun
pandangu sabarang saking kangjeng parentah ageng Raden Tumenggung
Rajaniti inggih mesthi lingaklinguk andangui dhumateng panekari-
pun, sabab anjawi nggening caca tingal karangkepan sugih kalalen,
dhasaripun dhateng sastrajawi kimawon taksih rumampah dereng
kenging pinastanan tiyang sageting sastra, punapa dene dhateng
tembung dereng montra-montra, tandhanipun manawi ngaturaken urus
amanginggil tuwin manawi andhawahaken katrangan mangandhap,
punika pancen bab kakecapaken gangsal tembung rampung, kantos
dados pinten atus tembunh toh boten terang, inggih saking boten
kinulang ingkang wau wau, dhateng angger-angger tuwin dhateng
kitab saya boten panggih pinanggih awit, dhasar cotho pikir amila
kala rumiyin leladosipun prakawis papriksan kriminil ngaturaken
walu wangsul pitu utawi wangsul nenem, leladosipun Punisipil kang
satunggalipun punis kapancenan ing ngrasa rat punika manawi
sampun rambah-rambah saweg kalebet dene leladosipun Ponis krimi-
nil, sapintena kathahipun inggih wangsul sadaya kantos rambah-
rambah dados dadukanipun ing rat, sagedtipun sakedhik ingkang
wangsul awit pamengkonipun nginggil sarta angsal panekar ingkang
ragi moncar nalaripun manawi Raden Tumenggung Rajaniti pyambak
sampun malih ingkang damel kkarampungan anata uruting seksi
kemawon dereng gumathok, atyang sarating pamriksa kemawon dereng
jangkep, sareng kula dipun cariyosi dening kapedhak makaten wau
lajeng asidhakep sanget ing pangungun kula, inggih talah kamirah-
anipun ingkang maha kuwasa, dene priyantun terang, boten sastra,
boten micara boten kitap boten angger-anggger, wah boten truwaca
boten alingan, tekadipun pilih dados wadana jaksa, wangsulanipun

kapethak wau makaten, karsanipun parentah sapunika amung kangge


tambel butuh angger wonten athong-athongipun, saderengipun kan-
jeng parentah ageng andamel rampung parakawisipun wadana jaksa
ingkang sawek kaundur utawi saderengipun wonteningkang pinilih
minongka wadana jaksa.
Amila sajumenengipun kanjeng Bandara ageng ingkang sampun kaloka
ing jagatraya,pantes linuhurkaen tamtu amadhangi ing praja, kula
pesthekaken mawi kaundur raden tumenggung Rajaniti anggening
dados wakil wadana jaksa, sabab pamirit kula tyanag alit patedhan
dalem balonja 300 rupiyah sawulan siti dhusun cacah 24 jung jung
jungan ing Surakarta, punapa pracumah wasana sapariki taksih
lestantun, malah mandar inggal punika lilad maosaken siti dhusun
lenggahipun wadana jaksa dhateng para tuwan tuwan walandi, sabre-
san anampani babekten, 7000, rupiyah kantos ing dinten punika
kados tiyang kumarak utawi wuru sugih yatra anyar-anyaran,
ingkang makaten wau anelakaken takdir lulah boten kenging gi-
nayuh ing kawulanipun, temen raden Tumenggung Rajaniti punika
tiyang kang sawek tinangga ing bekja, amila kula andreng angenge-
taken dhumateng Raden Tumenggung mngkupraja, manawi kepareng bok
inggih anarimah satitah sampun kalajeng-lajeng anjurungi karsa
ingkang sakedhik pekangsalipun, tur sapinten ta Raden Tumenggung
Rajaniti sakiting penggalihipun, bok inggih sampun nun, priyantun
ageng sepuh priyagi sampun kantos kapirare, wasana sadayanipun
ingkang mariksani tuwin amirengaken ing srat kula punika samiya
angagengaken pangaksama, kasrat ing dhusun Sura Sajati kaping, 21
Dulkaidah Alip , ongka 1795, katandhan Pandhita Sura Sajati Kiyai
Sukamulya.
====================================
Pambatang cangkriman Sekar Pucung
Kula nuwun angaturaken wawangsul, dhateng onggaatmina, kamurweng
cangkriman adi, wonten jurumartani ngka sawelas.
Wedalipun ing wraspati lumastanan, kaping kawanwelas, Maret ing
warsa mangkin, sewu wolungatus lan sawidak sapta.
Ungelipun ing cangkriman wonten wujud, kang saged uninga, dhatan
kawas angambil, ing panginten kawula punika tingal.
Lajengipun kang saged ngambil satuhu, tan kawasa nedha, punika
panginten mami, bok manawi asta kalih kerikanan.
malihipun kang saged nedha saestu, tan tuwuk punika, rumaosing
tuwak awit, wonten ingkang datan saged ananedha.
Kintenipun lsan sayekti tan tuwak, kaliyan padharan punika tuwuk
tan bukti, pan sumongga karsa nuwun aksama.
katandhan Onggapati.
===============================
Para priyantun ingkang taksih gadhah sambutan dhateng tuwan
Dhegrutkolep enko ing Surkarta, sami kaaturan asanget-sanget,
mugi ambayara sambutanipun wau saderengipun tanggal kaping 16
wuln April ing ngajeng punika, manawi boten angleksanani ing
pambayaripun wau, amesthi badhe boten sakeca kadadosanipun.
Katandhan Tuwan F.H.Jaspres ing Surakarta
==============================
Sarehning kakathahen seratan kadamel mangsuli seratipun para
priyantun ingkang sami mendhet serat Jurumartani prakawis angge-
nipun sami anampeni serat jurumartani boten ajeg utawi ngantos
kasep utawi boten atampi babar pisan, ing mangke tuwan Jaspres
enko asuka uninga dhateng para priyantun wau, manawi boten ajeg
tuwin kaseping panampinipun , punapa malih boten tampinipun serat
jurumartani, punika boten saking lepatipun tuwan Jaspres enko,
ananging lepat saking anggenipun anglampahaken ing pos.
===============================
Para priyantun ingkang sami mendhet serat jurumartani ing taun
1867 sami kaaturan, mugi ambayar reginipun serat jurumartani wau
ing dalem satengah taun utawi sataun pisan, kabayara benjing
tanggal kaping 1 wulan Mei ing ngajeng punika, manawi boten
angleksanani ing pambayaripun wau, pangintunipun serat jurumar-
tani badhe kakendelan, wondening para priyantun ingkang mendhet
jurumartani saha agriya wonten sajawining Surakarta sami kaaturan
angintunan wisel pos medal ing pos, smerep bayaring pangaosipun
serat jurumartani menggah wragading pangantunipun ing pos wau
kabayara wonten ing panggenanipun piyambak-piyambak
Ingkang medalaken serat Jurumartani
Katandhan Tuwan Jaspres enko.
===========================
Ongka 14, Kamis Kaping 4 April 1867
Kulawisudhan sapanunggilanipun
Kanjeng Tuwan C.Bosser, ingkang wau dados Residhen ing Bangkah,
ing mangke kakula wisudha dados Residhen ing Madura.

Kanjeng Tuwan R.Y.W. Magillapri, Inspetur saking Pinasi, ing


mangke kakula wisudha dados Residhen ing Kedhu.

Kanjeng Tuwan Mister A.Y.Swaret Presidhen sepuh ing Rad luhur


Nederlan Indhiya, sapunika saweg pamit wonten ing nagari Walandi,
awit saking panuwunipun piyambak sampun kalilan ing mangke kaun-
dur saking kalenggahanipun kalayan urmat mawi kaparingan pensi-
yun kasebut ing serat kakancinganipun Kanjeng Maharaja ing
Nederlan, katitimangsan kaping 5 wulan Dhesember 1866, ongka 75.

Kasegut ing seratipun Kanjeng Tuwan ingkang wicaksana Minister


Pan Koloni , katitimangsan tanggal kaping 15 Januwari, 1867,
kasara, set se (ZC) paparentahan luhur ing Indiya Kaparingan
uninga, manawi kanjeng Maharaja Grut ertoh karsa angula wisudha
dhateng kanjeng tuwan Mister, Y.A.Panderseip Insoektur saking
wuwulangan Jawi ing Nederlan Indhiya, dados Ridder saking Ordh-
eeikenkrun.
======================
Pawartos warni-warni
Pejah saking bingah.
Kala ing dinten Akad tanggal kaping 10 wulan Maret punika, wanci
pukul sadasa enjing, wonten tiyang amung sawatawis kathahipun
sami kalempakan angaken puyuh wonten ing griyanipun patinggi ing
kampung Kanigaran bawah Prabalingga, sareng makaten wonten
tiyang Cina anama: Te.es. dhateng panggenan angaben puyuh wau,
mawi ambekta tiyang Cina satunggil anama: Babah Ling Hin ingkang
sampun ngumur kawandasa gangsal taun Babah Linghin angetohi
puyuhipun tiyang cinapun Te.es, sareng puyuh ingkang dipun tohi
menang babah Linghin skalangkung bingah ing manah, kalampahan
alincak-lincak kalayan anyuwara kathah-kathah, saha angrungkebi
siti awit saking rumaosing bingah wau, ananging lajeng boten
saged angadeg malih, sareng badhe kaadegaken , para tiyang
lajeng sumerep manawi babah Linghin sampun pejah, ing nalika
samanten para tiyang ingkang wonten ing griyanipun patinggi sami
kaget sadaya, nunten sami lumajeng pating balesar, awit ajrih
manawi kacepeng an ing pulisi, wondening ingkang gadhah griya
lajeng angundang dhokter, sareng dhokter punika dhateng, sasaged-
saged ipun inggih atutulung, ananging babah Linghin tulas ing
pejahipun.
=====================
Sarana gampil kadamel anondha mas tuwin pethakan ingkang tulen.
Serat pawartos saking tanah Amerikah amratelakaken saranipun
adamel nondha mas tuwin pethakan tulen ingkang sakalangkung
pasaja, menggah sarana punika sampun lami kaangge para kemasan
ing tanah Amerikah, dene pratelanipun bab sarana wau kados ing
ngandhap punika:
Sarana ingkang kadamel anondha mas tuwin pethakan tulen awarni
sela setan, punika amung kagepokaken dhateng maujud ingkang badhe
katitipariksa, maujud punika kaetelesa sakedhik, tumunten sela
setan kagosokna ing panggenan ingkang teles wau, manawi maujud

punika mas utawi pethakan tulen, amesthi boten santun warni,


bilih abalentong, inggih amung alit kemawon balentongipun, dene
manawi mas utawi pethakan paleson, balentongipun ager sarta
cemeng. Menggah sarana ingkang kadamel anondha mas tuwin petha-
kan tulen, ing tanah inggris ing sawatawis lamniniun inggih
sampun sumerepan.
=====================
Kajeng ingkang boten saged kabesmi
Ing serat Pakabaran anama Setum Pos anyariyosaken wonten walandi
satunggil ingknag sampun pikantuk kagunan adamel sarana supados
kajeng sampun ngantos saged gosong, punika makaten: tiyang kedah
angangge sarinipun adhuk uled kaliyan ancur, siti, lilin sarta
kawewahan malih mawi atal sakedhik, supados manawi kaetrapaken
mindhak kacahyanipun kajeng, dene manawi cet ingkang saking kawan
wani wau sampun kaetrapaken, sanadyan kabesmi ngantos dados
areng, kajeng wau boten purun murub.
========================
Bab Kawontenanipun pamulangan ing Pulo Jawi.
Sampun kapara lami kula adreng sanget badhe anglairaken pamanggih
kula bab kawontenaning pamulangan ing pulo jawi, sinten-sintena
ingkang murina dhateng gawanganing sasami saminipun tumitah
saestu kumedh kedah ambudi isarat amurih kabesjaning ngagesang,
pamulangan punika panggenaning kawruh ingkang ngindhakaken ka-
latipaning pambudi, anyirnakaken budi gugon tuhon miwah anuntun
dhateng kabegjan.
Ing tanah jawi ngriki kathah pamulanganipun jawi ingkang kaje-
nengan dening bongsa walandi tuwin bongsa jawi, ingkang kula
wastani bongsa jawi wau sanes mantri guru ingkang kapredi wonten
ing pamulangan calon guru jawi ing nagari Surakarta, ananging
bongsa jawi kadosta modin sasaminipun ingkng smi dados guru
wonten ing pasantren ing dhusun-dhusun punika kathah pasantre-
nipun griya ingkang kadamel mulang punika sanggar pasalatan
wondene modin wau ingkang dados guru boten kantenan panggenani-
pun anglempakaken kasagedan, dhateng kawruh kadosta: etang,
elmi siti, palak sapanunggilanipun saestu modin wau taksih
sanget ing kodhengipun ingkang wulangaken amung bab agami Islam,
tur sakedhik utawi boten wonten modin ingkang terang pikiripun
dhateng agami, kasagedanipun amung ngapilaken pitembungan Arab
ingkang boten dipun serepi raosipun sakedhik-kedhika. Anggenipun
mulangaken kawruhipun inggih angeram-erami, para murid sami
lalenggahan wonten ing lamit utawi ing emban, sarta anggenipun
amaos serat kasabi gembor-gembor ngantos anobataken kang ami-
rengaken amung kyai modin kang sampun nate mirengaken panggebor
wau akanthi sareh ing pambudi ingknag angeram-erami, manawi
wonten satunggiling murid sanes-sanesipun sami anglajengaken
panggemboripun dados murid ingkang kantun wau gagancangan anututi
kancanipun.
Wulang ingkang kaapilaken punika tarkadhang sanes-sanes ingkang
wau kula taksih amabeni bab wontenipun nalar ingkang aneh kados
makaten sareng sampun nyumerepi piyambak punika ;lajeng serna
sumelang kula, nalar makaten wau saestu angeramaken sabab guru
lan murid prasasat sami sayembara anggenipun mencuraken kawicak-
sananipun para murid boten wonten ingkang kisruh, guru boten
kablebegan talinganipun tuwin anggenipun mirengaken boten kalintu
dalasan sakecap, wondene patrap kados makaten punika wonten

wadosipun sayekti, katrnganipun makaten saupami wonten murid


enggal malebet ing pamulngn mongka dereng saged maos, dados boten
saged tumut maos akaliyan sanes-sanesipun, wangsul ingknag sepuh
boten saged dipun kawiti malih supados sareng ngana akaliyan ing
kang dhateng enggal sabab nade andadosaken pituna , mila Kyi
Modin angupados isarat murit murid ingkang sepuh sami ngapilaken
piwulangipun kamirengaken ing guru ingkang nyambui muruk dhateng
murid enggal.
Ing samangke kula pitaken dhateng bongsa kula sadaya punapa
pamulangan makaten wau mikantuki, punapa wonten pigunanipun,
saestu boten sabab pamulangan wau kedah angindhakaken kawicaksa-
nan ewadenten kathah kemawon pamulangan makaten ingkang boten
kirangan lare, pamulanganing bongsa cina inggih angeram-erami
ugi, panggemboripun lae, ngantos ngaregaken gedhong, gurunipun
jagang ing kursi sarta anyepeng oncowe, kagandhulan ing pao-pao
, inggih punika isarat ingkang ngayemaken manahipun salebeting
umreging lare. Menggah kawruh kang kawulangaken amung bab regin-
ing barang, supados ing tembe sampun ngantos kablithuk ing sasam-
inipun aluwung punika taksih wonten paidahipun wangsul ing pulo
jawi wonten pamulangan ingkang kaadegaken dening kanjeng Gupremen
tuwin kajenengan ing bongsa walandi, punapa dene wontenpamulngan-
ingkang kajenenganing mantri guru ingkang sami pikantuk kawruh
saking pacrabakan surakarta, sabab punapa dene putranipun priyan-
tun ageng boten kasekolahaken ing pamulangan wau.
Kula boten susah anerangaken kawontanipun pamulangan punika,
sabab sok tiyanga inggih sami sumerep.
Kula ngajeng kula tampi piwulang saking ngriku wonten ing nagari
Samarang, kula eram sanget dene kathah lare ingkang prasasat
kajiyad anggenipun sami dhateng pamulangan cat malebet cat boten
sampun lami kula manah manah menggah ingkang dads sababipun
punapa awit saking kirang pamarsudinipun tiyant sepuh, dene polah
ing lare wau sakajeng-kajengipun ananging punapa ingkang dados
jalaran dene tiyang sepuh teka boten patos sagumatos dhateng
prakawis ingkang sakalangkung prelu, punapa taksih sami kodheng
yen pamulangan punika ingkang anuntun dhateng kabekjaning ngage-
sang, bokmanawi para tiyang sepuh wau sami gadhah cipta, yem
kadrajatan punika sampun massthi kasukakaken dhateng bongsa
naluri, sanadyan boten nate dhateng pamulangan tuwin boten saged
ambedakaken aksra, ha, lan na inggih dados priyantun ugi. Panyip-
ta makaten punika emperipun leres sababing jaman sapunika ingkang
dipun upadosi amung arta tuwin pangkat ageng, agalipun mila
makaten alusipunboten makaten, ing tanah Eropah kathah kemawon
tiyang alit ingkang sami padhang pikiripun amargi sami rumaos
kabetah, manawi boten wonten pamulangan.
Manawi nalar makaten wau kula tandhing akaliyan kawontenanipun
ing pulojaw, temahanippun bongsa jawi sami gdhah cipta: ana
pamulangan iya becik ora ana iya wis, o,para tiyang sepuh, sam-
peyan sami kula autri amarsudi kang klawan temen dhateng putra
putra sampeyan mugi mugi sampeyan sami kasorotan ing padhanging
pambudi supados saged anggayuh kang ternag preloning kawontenani-
pun pamulangan ingkang anuntun dhateng basuki.
Abdulatip
=================
Kula sampun maos seratipun Sukamulya, bab prakawisipun Raden
Tumenggung Mangkupraja tuwin Rajaniti, cekakipun Sukamulya wau

anacad dhateng tumenggung Rajaniti, kawastanan caca tingal,


manawi mariksani serat kanyunyukaken gathuk ideping etra boten
truwaca, suprandosipun taksihkirang terang. Ing samangke kula
badhe pitaken dhateng Sukamulya, punapa piyambakipun sampun
kasupen anggenipun asuka pirembag dhateng Mangkupraja, sampun
angawon-awon dhateng Rajaniti ingkang saweg tinangga kabegjan
mongka ing salajenging seratipun Sukamulya anyanyampah ing dha-
teng Rajaniti.
Sak punika kula ngaturi pamrayogi dhateng Sukamulya, bok inggih
sampun kasangetan nun. Saupami sok tiyanga ing Surakarta sampun
sami sumerep yen rRajaniti caca tingal sarta kadunungan cacad
sanesipun saestu boten susah kalair-lairaken malih. Ing sala-
jengipun Sukamulya amartosaken bab penganggeping rajaniti, dha-
teng piyambakipun nalika gadhah prakawis.
Bilih makatena kula boten eram dene Sukamulya mastani manawimuri-
na ingkang sakalangkung sanget dhateng prakawisipun priyantun
kakalih wau, miwah kula boten eram Sukamulya ambantoni dhateng
Tumenggung mangkupraja, angawonaken Tumenggung Rajaniti, kawasta-
nan boten sumerep ing kasusastran Jawi, punapa dene dhateng
tembung dereng montra-montra miwah dhateng angger-angger tuwind
hateng kitab saya boten panggih pinanggih awit salajengipun
dumugi ing [ungkasan boten sanes amung anacad dhateng Rajaniti.
Wonten malih pitembunganipun Sukamulya ungelipun makaten.
Karsanipun parentah Tumenggung Rajaniti kangge tambel butuh anger
wonten athong-athongipun, saderengipun kanjeng parentah ageng
andamel rampung prakawisipun wadana jaksa ingkang sawek kaundur,
utawi saderengipun wonten ingkang pinilih minongka wadana jeksa.
Pitembungan yen tilas wadana jeksa wau sawek kaundur wau lept
sabab saking pamireng kula sampun wonten kalih tengah taun
laminipun anggenipun unduraken ngantos sapriki parentah ageng
dereng amrangguli tiyang ingkang kadunungan kasagedan ingknag
cekap supados sageda angrembat pangadilan wawatoning nagari kang
kalawan pantes saking pamawangipun tiyang kathah ingkang dereng
nate dhateng Surakarta utawi boten sumerep kawontenanipun ing
ngrika, Raden Tumenggung Rajaniti ingkang pinunjul tinimbalan
sasaminipun.
kanjeng parentah ageng saestu boten kakilapan dhateng kacekapani-
pun Rajaniti, kala tinuding kakarsakaken daos wakil wadana
jeksa, sabab parentah ageng boten kenging boten kedah sumerep
dhateng pipilianipun punggawa, kuwagng botenipun anyanggi pada-
melan ingkang kapitadosaken ing piyambakipun, saupami samun
terang yen Rajaniti boten kaconggah netepi kuwajibanipun sbab
punapa teka piyambakipun ingkang pinilih kok boten ingkang nama
Sukamulya. Bilih Sukamulya sampun dhamang pitembungan punika,
kula badhe pitaken sinten ingkang lepat ingkang milih punapa
ingkang pinilih. Ing wusana seratipun sukamulya punika boten
wonten paidahipun saigar-igara, sabab boten anerangaken uduripun
priyantun kakalih wau, sedyanipun amuing amaoni dhateng Rajaniti
jalaran saking gethingipun dhateng Tumenggun wau,
Abdulatip.
=======================
Panuwun kula dhumateng tuwan kang angarang serat Jurumartani,
saha kairing sakathahing tabe urmat, mugi saseratan kula ing
ngandhap punika, kersa amacak ing serat Jurumartani.
Kula sampun aningali, ing serat Jurumartani, ongka 8 wulan Pebru-

wari taun 1867, lepiyan serat kintunan saking Raden Ngabei Ongga
Atmaja, utawi serat dhawah saking Raden Tumenggung Rajaniti,
wakil wadana jeksa ing Surakarta, punapa dene serat lepiyan
wewangsulipun Raden Tumenggung mangkupraja, dhumateng Raden
Ngabei Onggaatmaja, wakil paptih, wadna prentah ing kapatiyan
Surakarta, sami kapacak ing Serat Jurumartani, ananging serat
ingkang sami kapacak ing sweat Jurumartani wau, lepiyan serat
kintunan dede serat aturan ing parentah pradata.
Kula aningali malih, ing serat Jurumartani ongka 10 wulan Marret
taun 1867, sasreratanipun Raden Tumenggung Rajaniti, ingkang
suras mekaten ing wiwitan. Kula sampun maariksani seranipun Raden
Tumenggung Mangkupraja, ingknag kapacak wonten ing serat Juru-
martni ongka 21, Pebruwari, 1867.Punika andadosaken gumun saha
ngungun kula, denten satunggal priyantun bupati ing Surakarta,
kang kakarsakaken makili wadana jaksa nama Raden Tumenggung
Rajaniti, teka boten titi resik aningali samukawis saseratan,
Raden Tumenggung mangkupraja, enggenipun macak serat Lepiyan
kintunan wau ing jurumartani ongka 8 Pebruawari 1867 enggenipun-
mangsuli serat Raden Tumenggung Rajaniti, Kula sampun mariksani
seratipun Raden Tumenggung Mangkupraja, ingkang kapacak wonten
ing Serat Jurumartani ongka 21 pamacakipun Raden Tumenggung
mangkupraja, ing Jurumartani ongka 8 jawabipun Raden tumenggung
Rajaniti, ing Jurumartani kasebut ongka 21, punika kimawon Raden
Tumenggung Rajaniti, sampun kenging winastan lepat kirang titi,
saha resik, panglingipun ing samukawis saseratan.
Kula nyuwun pangaksama ewu-ewu, ing panjenenganipun Raden Tumeng-
gung Rajaniti, bupati Surakarta, ingkang kakarsakaken makili
wadana jeksa, ing Surakarta, sarehining kula punika anampeni,
serat Jurumartani, ingkang sampun sami kapatuhaken ing titiyang
ageng alit, para abdi dalem kanjeng Gupremen sadaya, manawi sami
angingling samukawis saseratanb titiresik boten kasupen suraosi-
pun, langkung malih, ingkang kakarsakaken dados priyantun jaksa,
engetanipun, utawi titiresik ipun, angingling saseratan ngungkuli
tiyanbg kathah, sabab prayantun jaksa wau, ing kang sinedhahan,
amadhangaken tiyang sami para paben anyuwun adiling negari,
saupami priyantun jaksa punika supenan utawi kirang titi resik
panginglingipun saseratan aturan kang sangking para paben, boten
wande badhe kalinta-klentu, enggenipun andhawahaken adil, badhe
kathah tiyang alit kang kenging panganiayaning pangadilan, pamu-
jinipun sami awon dhumateng ingkang angetrapaken adil, awit
sampun pinitados ing ratu, mila tiyang dados jaksa wau, kedah
ingkang sumerep, lelejeming kukum, ing mubah, sah, batal karam,
kalal suci, menawi boten sumerep, punika boten wande nggenipun
ngetrapaken adil kaledhon, menawi kaledhon nggenipun ngetrapaken
adil boten wnade tiyang alit pating bekakrak, sami kenging panga-
niaya pangadilan, tiyang alit badhe muna-muni sami ajrih, sareng
katinitah sami bupati, purun nguduraken sleresipun, kados raden
Tumenggung Mangkupraja.
Kula rumaos badhe bathi , enggen kula ngingling serat Jurumarta-
ni, engenipun rebat udur, priyagung bupati kekalih, ing Surakar-
ta, Raden Tumenggung Mangkupraja,kaliyan Raden Tumenggung Rajani-
ti, sami kua timbang-timbang, kula saringi, ingkang kula dereng
wonten kula angge, mila kula rumaos bathi, ingkang suraos kula
dereng sumerep trangipun, wonten ingkang mungel ing seratanipun
Raden Tumenggung Rajaniti ingkang mekaten, punapa piyambakipun
punika oten rumaos utawi boten kajat, yen angersaha dhateng
pangadilan dalem ing Surakarta, punika kula panggih-panggihaken
ing manah, meksa dereng kepanggih, kados pundi trapipun tiyang
angersa ing pangadilan, kula nyuwun wuwulang ing panjenenganipun
Raden tumenggung Rajaniti, Menggah panuwun kula wuwulang wau,
mugi katrapena ing serat Jurumartani kimawon.
Ing nagari Caruban kaping 14 wulan Maret ing taun 1867, Raden
Kertasari, mantri lit.
========================
Ing tokonipun Tuwan Jaspres enko ing Surakarta sadhengah tiyang
saged pikantuk atumbas: Sikat waja, sikat kuku, tuwin sikat
sandhangan, pupana malih usar pamarasan.
======================
Ongka 15, 11 April 1867

Tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani asuka uninga, manawi ing


mangke tuwan punika boten purun amacak seratipun Bagus Jarwa
wonten ing Jurumartani, amargi ungeling serat wau boten wonten
pikantukipun awit saking gugon tuhon.
Punapa malih seratipun Bagus Rahayu ing Surakarta tuwan ingkang
ngarang serat Jurumartani inggih ugi boten purun amacak ing
Jurumartani, amargi serat mau boten kakanthenan seratipun ingkang
ngintunaken mawi katandhanan ing nama ingkang sayektos wah mawi
cap, serat ingkang badhe kinanthekaken punika kedah kakintuna
dhateng tuwan ingkang ngarang serat jurumartani, amung minongka
pratondha kemawon, bilih sayektos atampi serat saking ingkang
ngintunaken, kapurih amacak wonten ing Jurumartani.
===========================
Pawartos warni-warni
Kasangsaran ing saganten.
Serat saking Singapura ingkang katitimangsan tnggal kaping 2,
wulan Januwari, 1867, anyariyosaken bab kereming baita kapal
anama Willem kaping tiga (3), kapitanipun anama Tuwan Pellengah,
menggah pratelanipun kados ingkang kasebut ing ngandhap punika:
Kala tanggal kaping 9 wulan Dhesember 1866, baita kapal Willem
kaping tiga mangkat saking Singapura badhe dhateng Hongkong
tanah Cina, ing dinten angkating baita kapal nuju wonten angin
ageng, saha boten dangu lajeng dados prahara sakalangkung
agengipun, kala tanggal kaping 12 taksih tunggil wulan baita
kapal punika kabekta ing toya dumugi wonten panggenan kaprenah
saantawisipun parang-parangig pulo -pulo Anambar, awit saking
kendeling pedhut para tiyang ingkang wonten salebeting baita
kapal sami bboten sumerep bilih baitanipun dumugi wonten pangge-
nan ing ngriku, sumerep-sumerep sreng sampun kasep, ing ngriku
toyanipun amolak-malik, boten ngantos angu baita kapal anotog
parang sakalangkung asru, titiyang salebeting baita kapal ing
waktu punika sami rumaos manawi badhe anedmahi pejah sadaya,
ananging lajeng wonten pitulungan ingkang anddosaken kabegjanipun
para titiyang salebeting baita kapal sadaya, awit tiyanging baita
kapal rebah amargi saking seruning panotogipun baita kapal dha-
teng parang, dene rebahipun tiyanging baita kapal punika lajeng
sumeleh wonten ing parng ingkang ageng piyambak kakalih, kalam-
pahan andadosaken uwot, sareng titiyang salebeting baita kapal
aningali rebahipun tiyanging baita kapal sumereleh wonten ing
parang kakalih wau, lajeng sami anguwot wonten tiyanging baita
kapal unika, kadadosanipun sami saged minggah dhateng ing pa-
rang, saha sami kawilujengan sadaya, salajengipun boten antawis
dangu amung elet sadasa menut baita kapal lajeng kerem, dene
ingkang katingal kumambang ing toya amung ngalabagi baita kapal
sawatawis.
Menggah oulo ingkang dipun inggahi ing para tiyang saking baita
kapal katingal boten kagriyanan ing titiyang, pangangkahipun para
tiyanging baita kapal supados sageda apikantuk tatedhan saking
baita kapal ingkang kerem wau, punika boten patos swonten pikan-
tukipun, angsal-angsaling tatedhan amung sakedhik, ewadenten
tatedhan punika kawradinanaken dhateng titiyanging baita kapal
kathahipun tiyang gangsal welas, amung sakedhap tatedhan punika
telas katedha ing titiyang gangsal welas wau. Sareng titiyang

ingkang saking bait akapal angupados tatedhan wontening pulo


ingkang dipun inggahi wau, angsal sawatawis dinten laminipun
lajeng aningali panunggilanipun kraca sakalangkung kathah sami
anemplok wonten ing parang, pnika lajeng kapendhetan sami katedha
dening titiyang ingkang saking baita kapal, andadosaken sagedipun
gesang para titiyang saking baita kapal wau. Salajengipun titi-
yang ingkang saking baita kapal sami lumampah dhateng imbanging
pulo sanesipun ingkang dipun inggahi wau, ing ngriku para tiyang
saking baita kapal aningali anjiring tiyang mendhet ulam, nunten
para tiyang punika sumedya angentosi wonten ing panggenan anjir,
sareng ing dinten enjingipun para titiyang saking baita kapal
sami ningali ing saganten wonten baita alit lumampah, ing nalika
samanten para tiyang saking baita kapal lajeng angobat-abitaken
sinjang, kadekekaken ing gantar. Titiyang salebeting baita lait
ingkang wonten ing saganten wau sami aningali mobat-mabiting
sinjang, lajeng kapurugan anyelaki. Menggah ingkang sami anumpak
ing baita alit punika titiyang malajeng, titiyang malajeng wau
lajeng sam,i aututulung dhateng para titiyang ingkang saking
baita kapal, sami kabektanan saking pulo ing ngriku dhateng
griyanipun, saha sami kasukanan tedhan boten ngantos kikirangan,
para titiyang ingkang saking baita kapal anggenipun wonten pulo
ingkang boten kagriyanan ing tiyanglaminipun kalih welas dinten,
saha sami anandhang kikirangan ing samukawis, sasampunipun para
tiyang malajeng atutulung ing tatedha kados ingkang kasebut wau,
para tiyang ingkang saking baita kapal laeng kabekta dhateng ing
pulo Satam ingkang ingkang kagriyanan dening wadananing titi-
yang malajeng, wonten ing ngriku paata tiyang ingkang saking
baita kapal kasuba-suba kasukanan ing tatedhan tuwin sanesipun
ingkang mesthi kangge. Setir maning baita kapal ingkang kerem
wau, sasampunipun rekaos sanget anggenipun angupados baita
wonten pulo ngriku, wekasan saged apikantuk baita alit satunggil,
tumunten setirman ambujuk tiyang ingkang saking baita kapal
tiyang tiga, sarta tiyang malajeng tiga, kaajak dhateng ing
Singapura, ananging sami anyagahi purun tumut manawi dhateng ing
Riau (Riyo), kala tanggal kaping 29 wulan Dhesember 1866, Setir-
man mangkat dhayteng Riyo, sareng makaten Setirman lajeng sumer-
ep bilih tiyang malajeng tiga wau boten sumerep marginipun ing-
kang dhateng Riyo, mila kalampahan baita punika kakendelaken
wonten ing pulo satunggil, wonten ing ngriku tiyng malajeng tiga
sami mopo, boten wonten purun anglajengaken ing lampahipun dha-
teng riyo, Setirman tumunten angupados tiyang wonten ing Pulo
ngriku, ananging boten wonten tiyng ingkang purun tumut lampahing
Setirman, wekasanipun setirman anglajengaken lampahipun kaliyan
tiyang ingkang saking baita kapal tiyang tiga wau dhateng Singa-
pura, snadyan baitanipun borot, lampahipun wau inggih kaajengak-
en, wekasan sged dumugi ing Singapura, sareng sampun wonten ing
Singapura setirman enjingipun lajeng sowan dhateng ingkang dados
pangagengipun ing Singapura, , pangageng punika kasaosan serati-
pun kapitaning baita kapal ingkang kerem wau, ing snalika pan-
genging Singapura dhadhawah anglampahaken baita kapal asep,
kapurih amurugi dhateng kapitaning baita kapal Willem kaping tiga
(Willem III) sakalerehanipun sadaya, kabektaha dhateng Singapura.
=============================
Kemongga Sutra
Dhokter Wilder ing tanah Amerikah sampun amanggih kemongga sa-

tunggil utawi kalih jodho,kemongga punika medalaken ramat sutra


saking badanipun, satunggil tunggilipun kemongga ing dalem kalih
tengah jam saged amedalaken ramatipun sutra 150 elo, dene sutra
wedalanipun awarni jene.
wonten malih opsir ingkang sampun pikantuk kemongga kados makaten
kathahipun 30 iji, punika sampun saged amedalaken sutra 3881 elo,
serating sutra ingkang medal saking kemongga punika sakalangkung
wuled saha kiyatipun boten saged pedhot manawi kadamel anggan-
tung samukawis, utawi manawi badhe kadamel anggantung tosan
ingkang wawrat 54 utawi 109 grin, menggah sarinipun punika wa-
wratipun kirang langkung saking sasaga.
Saking pawartosipun ing tanah amerikah, sapunika bab pabrik
pangggenan kemongga kados ingkang kasebut ing nginggil wau,
kadamel ageng sanget.
===========================
Ing lOndhon wonten tiyang estri ingkang boten nate medal saking
griya, sarta angenggeni kamar satunggil boten pisah kaliyan
kucingipun sakawan, kamar punika salaminipun kaenggenan dening
tiyang estri boten nate dipun resiki saha kakumbah, ngantos
andadosaken gandaning kamar punika boten anyakecani, sampun
asring-asring kemawon kaengetaken, ananging meksa sanjanging
tiyang ingkang kados makaten dereng nate dipun turut, awit
saking punika tangganipun lajeng kesah lapur dhateng pulisi,
supados anundhunga tiyang estri punika saking panggenanipun
tongga ingkang kados makaten wau, badhe boten kalampahan, awit
tiyang estri punika boten saged pisah kaliyan kucingipun saka-
wan, sarta tiyang estri wau sampun acacariyosan, ing pundi-pundi
panggenan angger kucingipun sakeca, pejah gesanga ing ngriku
ingkang kaanggenan dening tiyang estri, tiyang estri punika
sakalangkung bingah manawi pejaha asareng kaliyan kucingipun
wonten ing kamar ingkang kaengggenan wau, tinimbang dipun peksa
angoncati dhateng ingkang dipun tresnani.
======================
Panuwun kula dhumateng tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani,
mugi karsaa amacak serat kula punika, wonten jurumartani ingkang
badhe medal ing dinten kemis ngajeng punika, supados tiyang
ingkang nama Raden Kertasari, mantri Lid ing nagari Caruban
sampun ngantos kalajeng-lajeng anggenipun purun-purun anacad
dhateng abdi dalem wadana jaksa ing Surakarta, ingkang anama
Raden Tumenggung Rajaniti, awit Tumenggung Rajaniti punika dede
babagipun , saha boten pisan-pisan angawanana dhateng piyambaki-
pun, manawi Kertasari taksih purun anglajengaken ing panacad
dhateng Raden Tumenggung Rajaniti, awit saking sampun dados
karemanipun angawon-awon tiyang, amesthi badhe wonten ingkang
amabeni ing pangawon-awonipun, malah badhe kauja ing sabudini-
pun, kertsari punika sampun kayektosan saking ungel-ungelaning
seratipun, bilih boten kadunungan ing ambek utami, saha taksih
cotho dhateng kasusastran, punapa malih boten sumerep ing nalar
ingkang prayogi, ewa denten sakalangkung baut anacad dhateng
tiyang, mila kenging kawastanan tiyang tan pambudi, tiyang
ingkang kados makaten punika, boten kenging kalebetaken ing
cacah, kedah kawedalaken saking pakumpulaniun tiyang sae, awit
manawi anacad dhateng tiyang, boten purun angupadosi rumiyin
cacadipun piyambak, ingkang kagelaraken amung cacadipun tiyang
sanes dede cacadipun piyambak kaumpetaken wonten ing gegeripun.

Raden Tumenggung Rajaniti kaawon-awon dening Raden Tumenggung


Mangkupraja, punika dereng tetep awonipun awit dereng wonten
karampunganing prakawis ingkang anetepaken awonipun Raden Tumeng-
gung Rajaniti, saupami Raden Tumenggung Rajaniti sampun tetep ing
awonipun, punapa Kertasari gadhah wawenang adamel langkung awrat-
ing awonipun Raden Tumenggung Rajaniti wau, manawi tiyang sae
amesthi badhe rtumaos welas dhateng tiyang ingkang katetepaken
ing nganwon, ananing kertasri bingah aningali tiyang cilaka, saha
susah aningali tiyang begja, mila Kertasari punika kenging kawas-
tanan mitraning setan, awit setan punika angombyongi dhateng
titiyang ingkang sami paben, makaten ugi kersari lajeng angom-
byongi dhateng Raden Tumenggung Mangkupraja, ingkang dereng
kenging kawastanan menang ing pabenaipunkaliyan Raden Tumenggung
Rajaniti, wangsulan den tumenggung Rajaniti inggih dereng kenging
kawastanan kawon, awit Raden Tumenggung Rajaniti wau dereng
mangusli pitakenipun Raden Tunmenggung Mangkupraja, inggih leres
Raden Tumenggung Rajaniti ragi rendhet anggenipun asuka wawang-
sulan dhateng Raden Tumenggung Mangkupraja, punika boten manawi
awit saking kathahing padamelanipun, wasana jaksa punika amesthi
kathah padamelanipun, sanes kaliyan tumenggung pensiyun kados
Raden Tumenggung Mangkupraja, amesthi kathah ngangguripun dados
kenging kawastanan: kosokwangsuliipun Tumenggung Rajaniti.
Kertasari purun-purun amedalaken pitembungan ingkang kados
makaten: punika kimawon Raden Tumenggung Rajaniti, sampun kenging
pinastanan lepat, kirang titi, saha resik, panginglingipun ing
samukawis saseratan, amangke kula badhe pitaken dhateng Kerta-
sari, punapa Kertasari punika jaksa ageng, dene kok purun an-
grampungi uduring priyantun Tumenggung kakalih ingkang pantes
sami kasembaha dening ingkan gnamja Kertasari mantri lit, sinten
ingkang maringi wawenang dhateng sampeyan mas Kertasari, adamel
karampungan ingkang kados makaten wau, sampeuan gadhah ing kawaj-
iban punapa ing prakawis uduripun priyagung kakalih wau, luwung
sampeyan anggarisana dalancangipun raden Tumenggung Rajaniti,
ing kabadhe kadamel anyerati aturanipun tiyang gadhah prakawis,
amesthi sampeyan badhe angsal alem, punika langkung sae katimbang
kaliyan pangoceh sampeyan wonten ing Jurumartani, boten wande
pangoceh punika badhe adamel bilahi sampeyan piyambak bilih
sampeyan taksih anglajengaken pangoceh wau.
Kertasari purun angumbar basanipun ingkang kados makaten: kados
pundi patrapipun tiyang angersa ing pangadilan kula nyuwun wuwu-
lang ing panjenenganipun Raden Tumenggung Rajaniti, menggah
panuwun kula wuwulang wau, mugi katrapena ing serat Jurumartani
kemawon ing mangke kula apitaken malih dhateng sampeyan mas
Kertasari, sampeyan niku tiyang punapa katimbang kaliyan Raden
Tumenggung Rajaniti, panggenan sampeyan amesthi wonten sangan-
daping sukunipun tumenggung wau. Raden Tumenggung Rajaniti boten
nate amumulang dhatng tiyang, awit dede kawajibanipun, panggena-
nipun wuwulang punika wonten ing pujongga, manawi sampeyan boten
sumerep tegesipun pitembungan ngkang sampeyan sebutaken wau,
prayogi sampeyan apitakena dhateng pujongga, punika amesthi saged
asuka kateranganipun dhateng tiyang bodho, wangsul manawi sampey-
an badhe sumerep bab paukumanipun tiyang dhwen, lah punika Raden
Tumenggung Rajaniti panginten kula karsa amaringi serep dhateng
sampeyan, inggih punika paukumanipun katapuk cangkemipun ngantos
mencos, lah sapunika sampeyan sampun angsal katerangan, kados

pundi mas Kerta, leres punapa boten, manawi sampeyan maah dereng
leres, sampeyan kula aturi pitaken dhateng titiyang sanes.
Wasana kula angemutaken dhteng sampeyan, sampun purun purun
malih, angawon-awon tiyang, punapa malih tiyang ingkang dede
babagan sampeyan, saha ingkang boten pisan angaru-biru dhateng
kawujudan sampeyan, amargi kadadosanipun badhe anuntun dhateng
tiwas, ewadenten manawi sampeyan boten kenging kula emutaken,
lah punika sumongga ing karsa, pun wigya panitisastra taksih
kadugi anadhahi pangawon-awon sampeyan dhateng Raden Tumenggung
Rajaniti.
Kudus tanggal kaping 8 April 1867.
Katandhan Wigya Panitisastra.
=========================
Manawi pareng ing panggalihipun tuwaningkang ngarang serat Juru-
matani, mugi karsa amacak kdos ing ngandhap punika.
Kula sampun mariksani cangkrimanipun, mas Onggamina, kang kasebut
wonten ing Jurumartani KEMIS PING !$ WULAN Maret punika: mawi
kasekaraken namung sapucung:wantahipun makaten: ingkang serep
boten saget mendhet, ingkang mendhet botten nedha, ingkang nedha
boten tuwuk, awit tuwukipun wonten kang boten nedha:
Punika menawi pareng panggalihipun mas Onggamina, pambtang kula
makaten.
Wajibipun maripat namung kadamel ningali estu
Tangan kalih mung dremi mamendhet
Lambe ngandhap nginggil sadremi ngecpaken, sawrenining tatedhan
sapanunggilanipun, dangu dangu ngraosaken tuwuk sarta kemlakaren
wetengipun.
Menggah patrap sumanten wau kirang temtu leres lepat punapa
tunggil kaliyan kresanipun mas Onggamina: titi.
Kula pun tanpa karya:
====================================Para tiyang ingkang taksih
gadhah sambutan dhateng kantor lelang ing Surakarta kala wulan
Dhesember 1866, ing mangke sami kaemutaken , ambyara sambutan wau
saderengipun atuwi satelasing wulan april punika, manawi boten
angleksanani pambayaring sambutanipun saestu badhe katagih medal
saking pangadilan.
Surakarta kaping 1 April 1867
Ingkang nguwasani kantor lelang.
Katandhan Bosower.
==========================
Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 15 wulan april punika,
wanci jam 8 sonten, badhe wonten lelang ing sositit Dhe harmono,
ingkang badhe kasade buku-buku.
Benjing ing dinten Kemis tanggal kaping 18 wulan april punika,
badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan Yonghir Von Smith Often-
stat.
Benjing ing dinten Jumungah tanggalkaping 19 wulan april punika,
badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan Yonghir Dhekok ing
Jongrangan.
=================================
Sasantunaipun Undhang-undhang Loterei arta ingkang minongka
kauntunganipun Sositit sami sitiyah ing Samarang.
Kathahing arta 210.000 rupiyah, ingkang sampun kaiden dening
kanjeng tuwan Guprenur Jendral ing Indiya Nederlan, kasebut ing
serat kakancinganipun ingkang katitimangsan kaping 21 wulan
Oktober 1866, ongka 13.
kauntungan satunggil--------------------- Rp. 125.000
Kauntungan satunggil--------------------- Rp. 10.000,--
kauntungan tiga
satunggil-tungilipun
Rp. 1000,---- ----------------------------Rp. 3.000,--
kauntungan kalihdasa
satunggil-tunggilipun
Rp. 500,-------------------------------- Rp. 10.000,--
Kauntungan kawandasa
gangsal santunggil-tunggilipun
100 rupiyah --------------------------- --Rp. 4.500,--
Kauntungan seket
santunggil-tunggilipun
50 rupiyah------------------------------- Rp. 2.500,--
-----------------------------------
gunggung -------------------- Rp. 155.000,--
Arta ingkang kadamel ambayar wragading
loterisaha prabeya ingkang konjuk ing
kangjeng Gupremen, punapa malih
ingkang minongka kauntunganipun ositit
Amisitiyah gunggung sadaya................Rp. 55.000,--
------------------------------------------------------------
gunggung sadaya---------------------------Rp. 210.000,--

Menggah loterei punika badhe katamtokaken ing pamainipun benjang


ing satengahipun wulan Juli ing ngajeng punika Keuntunganipun
loterei kenging katampenan sampunipun loterei kamain elet kawan-
welas dinten, tanpa kacowok punapa-punapa, dene ingkang sami
angsal kauntungan saged atampi saking Tesaurriring sositit.
Panumbasipun angkaning lot kedah kabayar kenceng, sarta wragad-
ing anggenipun angintunaken kabayar piyambak, dene loteri
punika kaperang dados lot wetah, papaliyan tuwin para sakawa-
nan.
Saged dipun pikantuk angkaning lotrei wau saking para tuwan
ingkang kasebut ing ngandap punika:
Ing Batawi, Tuwan Winserdhelange en ko
Ing Batawi, Tuwan Klein Notaris
Ing Batawi, Tuwan Simon
Ing Surabaya, Tuwan E. Tinbering en ko
Ing Ngayogyakarta, Tuwan C, Panlenep
Ing Ngayogyakarta, Tuwan A.Begeman
Ing Surakarta, Tuwan H.Wilken Nem
Ing Surakarta, Tuwan P.W.G. Gaut
Ing Samarang Tuwan Wermut en ko
Ing Samarang Tuwan W.Bos Nem
Ing Samarang Tuwan D,Grunepel
Ing Samarang Tuwan C.L.Dhangmeiyer
Ing Samarang Tuwan Y.P.Krabe
Ing Samarang Tuwan Repeliye en ko
Ing Samarang Tuwan G.C.T.Pandhorep
Ing Samarang Tuwan Dhegroot Kolep en ko
Ing Samarang Tuwan Susman en ko
Ing Samarang Tuwan Tuf en ko
Ing Samarang Tuwan B.P.Aotisen

Ing Samarang Tuwan H.L. Dheliyon


Ing Samarang Tuwan Y.A.Brumsetedhe
Awit saking asmanipun Dhireksi
katandhan Tuwan Brumsetedhe, Sekretaris
=======================
Ing tokonipun tuwan Jaspres enko para tiyang saged pikantuk
atumbas serat undhang-undahang regi, 25 sen satunggil.
=====================
Tuwan Jaspres enko sade serat pananggalan etang taun jawi, kangge
ing salaminipun, menggah reginipun sarupiyah satunggil abayar
kenceng.
====================
Ongka 16, 18 April 1867
Ing nalika wangsullipun para prajurit bongsa prusi dhateng ing
kitha Barlin saking paparangan ing Ostenrik punika wonten opsir
satunggil ingkang kataton ing sirahipun, awit saking bingah ing
manah dene begja opsir wau saged mantuk kalayan wilujeng, mila
opsir lajeng enggal-enggalan mantuk ing griyanipun.
Sareng opsir wau duugi ing griyanipun bojo tuwin tiyang sepuhi-
pun sami sakalangkung kaget sarta bingah ing manah, opsir
tumunten ambikak topinipun saha lenggah sareng kaliyan semahioyb
mawi bandhing padhiyan, boten antawis dangu anggenipun lenggahan
semahipun opsir lajeng anjerit amargi topinipun opsir wau kacem-
plung dhawah ing padhiyan, sarta bobating topi punika kabesmi
telas, awit saking kabesmining babat topi opsir wau sakalangkung
prihatos semahiun, saha sakalangkung ajrih badhe kapanggih kaliy-
an rajanipun manawi angangge topi ingkang kabesmiwau, ananging
semahipun opsir ingkang sakalangkung tisna dhateng ingkang jaler,
lajeng amendhet topi punika boten mawi wicanten punapa-punapa
kabekta malebet ing kamar, sareng wonten salebeting kamar semahi-
pun tumunten agunting rambutipun sarta lajeng kaetrapaken ing
topi minongka gagantosipun bobat ingkang kabesmi wau, pamasangi-
pun rambut punika sakalangkung enggal sanget sakedhap smpun dados
sarta sae boten ewah kados kala dereng kabesmi, sasampunipun
rampung topi punika lajeng kasukakaken dhateng ingkang jaler,
mawi wicanten makaten: Sumongga topi punika sampeyan agem samun
sampeyan aliting panggalih, mila kula adamel ingkang makaten awit
saking trisna kula dhateng sampeyan sarta kula welas sanget
manawi sampeyan ngantos kalamahan tampi paukuman jalaran saking
kabesmining babating topi sampeyan.
Opsir wau lajeng medal saking griya anumpak kapal, sarta angangge
topi ingkang kadekekaken rambut wau, sumedya sowan ing kangjeng
raja ingkang saweg rawuh saking tanah Ostenrik.
=========================
Kathah tiyang kathah cipta.
Paribasan ing nginggil wau anedhahaken beda-bedaning sipta tuwin
pratingkahing satunggi-tunggiling tiyang, saha tetep ing yektosi-
pun, ananging sakathahing cipta wau saestu wonten satunggil
ingkang kenging kaangep leres, bilih botena makaten amasthi
sawarnining udur ingkang jalaran saking gesehing pamikir, boten
saged karampungan.
Sareng kula amaos seratip[un RAden Tumenggung Mangkupraja tuwin
Rajaniti ingkang kapacak wonten ing Jurumartani, kula lajeng
kengetan ujaring paribasan ingkangkasebut ing nginggil wau,
wonten priyantun sawatawis ingkang murinani dhateng prakawisipun
tumenggung kakalih wau, ananging boten wonten ingkang anerang-
kaen cacongkrahipun, malah malah panyeratipun priyantun wau
amrugaken kisruh, awit sedyanipun amung angawona-awonaken, sad-
hengah amastani yen tumenggung Mangkupraja sakalangkung ing
bodhonipun, wangsul Rajaniti kawastanan cacating tingal saha sepi
pisan saking pamikir sapanunggilanipun, wonten malih ingkang
mastani manawi Tumenggung Rajaniti mangsanipun serat Jurumartani,
dados nalare meh makaten punika ingkang minongka kadamel la-
landhesaning busukipun.
Saupami pangadilan andhawahaken karampungan kalaras sakingkalepa-
taning tiyang ingkang sakalangkung sumapala makaten, boten wande
Kartasari ingkang dados mantri lit badhe anemahi kasangsaran

kapicit saking kalenggahanipun amargi saking panyeratipun lit


mawi amejahi aksara, ta, leresipun amejahi da, mongka mantri lid
punika kedah sumerep dhateng aksara Walandi.
Mila kula purun anamtokaken yen panginglingipun prakawis punika
tumpang so, saha boten mawi binudi pinungseng temen-temen, tuwin
emperipun tiyang ngupados uceng kecalan deleg. Saking pamanggih
kula prakawis punika kedah kaprinci dados kalih, kang sapisan bab
pambayaripun mangkupraja yatra kathahipun 160 rupiyah, kaping
kalih inggih punika bab jawab jinawabing priyantun kakalih wau,
ing ngatasing sumerep botenipun dhateng ahli warrisipun Suma-
wikrama, tuwin sapanunggilanipun.
Mila saupami Rajaniti kadudnungana cacad kados ingkang sampun
kawartosaken dhateng Sukamulya tuwin Kartasari, ingkang sampun
tatela gendhengipun awit lepat ing panyerating kalenggahanipun
cacad wau ingggih taksih dereng kenging katunggilaken akaliyan
prakawis ingkang kapisan, sabab saupami Mangkupraja boten gadhah
prakawis kaliyan Babah Ki Yang Sing, saestu cacading Rajaniti
taksih kasidhem sadaya. Ing mangke kula nglairkaen pamanggih
kula, kula inggih sampun dhamang bilih bilih boten katdhanan
rembag, ananging kula adreng sanget badhe anedtepi lalabuhan
kula cathek cawel kang kaping kalih, panyipta kula makaten,
prelonipun tumenggung Mangkupraja amacak serat uduripun akaliyan
Tumenggung Rajaniti, wonten ing Jurumartani, ingggih supados
kajuwara ing pundi-pundi, menggah kawontenaning pangadilan
Surakarta wah malih kawontenaning priyantun ingkang kakarsakaken
dados pangeng ing pangadilan pradata, mila sok tiyanga inggih
kalilan anglairaken pamanggih wau, prayogi kadhapura serat karam-
pungan kados ing ngandhap punika.
Babeneran wus angrembug ature Raden Tumenggung mangkupraja, lan
Tumenggung Rajaniti, kang wus kinisruhan dening ature saksi
Sukamulya, tuwin kartasari mantri Lid, kang siji calon wadana
jeksa Surakarta, sijine calon priyayi pocotan amarga saka luput
ing panulise kalungguhane.
Pamikire babeneran mau, wus tatela,, tumenggung Mangkupraja
katetepake bayar dhuwit kehe 160 rupiyah marang babah Ki Yang
Sing, kaya kang wus kasebut ing layang pikudhung karampungane
pradata, katitimangsan ping sasi, taun Be, ongka 1792.
Wus karembug, Tumenggung mangkupraja mopo ora gelem angleksanani
kang dadi karsaning parentah, amarga Tumenggung mau anduweni
dhuwit pamenang marang ngabei Sontapraja, lan Sumawikrama, gung-
gung 566 rupiyah luwih 80 dhuwit kasebuting cecekalane layang
pikudhung katitimangsan ping 23 Sapar Dal, 1783.
Wus karembug ska ature tumenggung Mangkupraja, yen wus rambah-
rambah olehe nyadhong dhuwit pamenange marang Tumenggung Rajani-
ti, awit Sura JImakir 1794, ananging tanpa wasana.
Wus karembug yen babeneran ora anduweni sipat ngalimun mulane ora
bisa anggenahake pangijating priyayi sakawone.
Wus karembag yen sepi teka ing sabab dene tumenggung Mangkupraja
anyarehake panyodhonge tuwin marang ngabei Sumawikrama lan
Sontapraja, kala alame tumenggung Among Praja.
Wus karembug saupama Tumenggung Mangkupraja wus sataun nyadhong
dhuwit pamenange marang amongprajan temahane ora oleh , apa
sababe ora nuli gugat utawa apa sababe, teka nalar mangkono iku
ora andadekake wiwinih ing dredah tuwin pamuring-muringe, kang
lagi kawetu saiki.

Wus rembug atur pamelehe Tumenggung Mangkupraja ana sakal 9 bab.


Wus karembag yen babeneran ora wenang anungalake prakawa liya-
liyane iku karo prakara kang prelu, iya iku tetep kalahe mangku-
praja, bayar dhuwit kehe 160 rupiyah, wus karembug, yen Mangku-
praja ora kena ora amasthi bayar dhuwit samono kehe, dene ing
buri wenang gugat bab lenane Rajaniti.
Abdulatip.
================
Serat Panotol, minongka panjurung, mugi kapacak ing srat Jurumar-
tani.
Raden Tumenggung Rajaniti, kula amitrangaken, anggen kula suka
wewangsul, dhumateng jengandika, kang kasebut wonten kekancinga-
nipun ing serat Jurumartni ongka 12, Kemis kaping 21 Maret taun
1867 kang kaping sapisan bab, anggen kula amestai kawontenanipun
waris sumawikraman, punapa sampun leres, punapa dereng.
Ingkang kaping 2,jengandika kula purih dumuk, katranganipunkale-
patan kula kang ageng, kapratelakna kang trang, kados anggen kula
amestani, kawontananipun wais sumawikraman.
Ingkang kaping 3,jengandika kulawestani angungas-ungas saken
kawigyan, badhe damel bodhonipun, penggalihane priyagung wadana
wolu, punika jengandika akeni, punapa boten.
Ingkang kaping 4,jengandika kula westani boten mituhu, punapa
saungelipun kagungan dalem, gadhuhan jengandika seratna nawala
pradata, punapa dene anggresadasa, punika jengandika akeni,
punapa boten.
Ingkang punika menggah anggen kula mestani, dhumateng jengadika
kang kasebut ing ngajeng wau, kula ngajeng-ajeng wangsulan jen-
gandika kang trang, lan kang wija, supados gusti-gusti , utawi
sawreninipun priyantun ageng alit, kang sring-sring tampi serat
jurumartani, panimbangipun sageda trang, sinten kang leres, utawi
sinten kang lepat, ingkang menawi kula dereng tampi srat wangsul
saking Jengandika, kula dereng narima, sabab srat jengandika,
kang kasebut wonten srat Jurumartani ongk 10, Maret taun 1867,
suraosipun , jengandika wicanten cacah-cucah, angawon-awon dhuma-
teng kula kathah-kathah, tanpa piritan, angangge sakajeng-kajeng
jengandika piyambak, sanget gumun ula, dene kados dede kecaping
priyagung bupati, utawi jengandika kados boten badhe pinanggih
malih kaliyan kula, wonten pasowan tigang prakawis, ingkang
rumiyin wonten pasowan srimanganti, salajengipun sowan ing
sangandap sampeyan dalem kanjeng ingkang sinuhun, kalenggahan
kula kaliyan jengandika sami, utawi menawi wonten kukucah dalem,
inggih teksih tunggil sapanggenan, punapa dene menawi sowan
kanjeng tuwan Residhen utawi manawi sowan ing kiyai lurah
kanjeng raden adipati, kalenggahan kula kaliyan jengandika inggih
sami boten wonten kaotipun, titi.
Kaserat, Surakarta, tanggal kaping 25 Dulkangidah, ing taun Alip
ongka 1795 mangkupraja.
=========================
Kula sampun ningali srat Jurumarani ongka, 13 Kemis kaping 28
Maret taun 1867, labet saseratanipun sang pandhita Sukamulya, ing
dhusun Surasajati, ingkang Suraos, sang pandhita anglairaken
murinaira den tumenggung rajaniti kang saweg tinengga ing kabe-
jan, sang pandhita amestani kula boten leres sanget nelakaken
bodhonng manah kula, punapa malih pamacak kula serat kagalih
tanpa piritan, menggah wewangsulan kula ing ngandhap punika:

Mila kula pacak ing srat jurumartani inggih wonten wewatonipun,


awit Raden Tumenggung Rajaniti piyambak kang kawit angawon-awon
dhumateng kula, wicanten cacah-cucuh tanpa kering, angangge
kajeng-kajengipun piyambak, kados dede kecping bupati, kados sang
pandhita boten kakilapan ing kaurusanipun bab punika, wondene
menawi kalemunan sang ppandhita kula purih anupiksani srat kula,
kaliyan sratipun Rden Tumenggung Rajaniti, kang kapacak wonten
ing srat Jurumartani ongka 8, Kemis kapinb 21 Pebruwari, kaliyan
kang papacak ing srat Jurumartani ongka 10 Kemis kaping 7 Marret,
utawi kang kapacak ing srat Jurumartani ongka 12 kemis kaping 21
Maret sami taun 1867, menawi srat tetiga sampun kapariksa kados
sang pandhita trang panimbangipun, ingkang kaping kalih sang
pandhita andreng angengetaken dhumateng kula, sarehning kula
sampun sepuh sampun gadhah manah kapirare, sak langkung suka
pirena ing manah kula, sabab kula samangke sawek tampi ganjaran
kekirangan sanget, naming boten kekirangan sandhang utawi pited-
ha, amargi patedhan dalem, ganjaran kula siti dhusun kathah
pamedalipun, kula sandhang saha kula tedha saanak putu kula botn
kirang, malah langkung kathah ngantos mubra-mubru, menggah kang
dados kirangan kula, amregi kula sawek kekirangan penggalih,
samangke sang pandhita amitulungi sidhekah rembag, ing saklang-
kung panarima kula, ingkang kaping tiga kula kapurih narima
satitah, saderengipun sang pandhita suka wasit, inggih sampun
kula lampahi, kula kendel wonten ing griya boten nate sanjan,
malah kula ngantos kamidilepen awis-awis sowan sangandhap sam-
peyan dalem kangjeng ingkang sinuhun, suprandosipun wonten
kadang karuh ingkang angraosai kula kawestanan anglalu, o, punika
boten, yenkula gadhah manah mekaten, boten langkung namung kata-
hah kajrihan kula, samaangke larak leres pandugi kula, sang
pandhita kemawon purun maoni dhumateng kula, mongka anggen kula
nglampahi parentahipun wadana jaksa ngantos tigawelas taun teksih
kula sarehaken, punika larak inggih kenging dipunwestani narima
satitah, tur sang pandhita boten kekirangan, ananging sarem kula
sadhuku kedah kula lebetaken segantenipun sang pandhita, saking
panedha kula mugi sang pandhita sampun kantos kalemunan jejuluk
ipunsang pandhita, kalih prakawis tiga patrapan, 1, pandhita, 2,
Sukamulya, 2, pratapan Surasajati, yen tilara tigang prakawis,
dados sang pandhita saweg yuswa nem wulan, dereng tedhak siti,s
areng sang pandhita suka wangsit kula kapurih narima satitah,
dados kula esnget kala arumiyin kula nyupena pinanggi priyantun
kalih, satunggal kangkung, satunggilipun putro, kang kakung
bagus, kang putri inggih endah warnanipun, wonten ing ngrikanipun
kula matur pitaken jejuluk dalem sinten, yen kowe takon jenengku,
ya aku Surayaningrat, iki sadulurku tuwa, kang nama Asdawinata,
kula matur pitaken malih, panjenengan dalem badhe tedhak dhateng
pundi, pangandikanipun, iya arep marene bae, aku mung meling bae
menyang kowe, lan menyang anak-anakmu, ing saiki padha narimaha
satitah, saking wentawis anggen kula nyupena, sapriki smpun
wolung taun lameniun, titi.
Surakarta kaping 3 ing wulan Atji, ing taun alip, ongka 1795.
mangkupraja
====================================
Wangsulan dhateng Abdulatip,
Assalamunolaminrabirakim.
Kula sampun ningali sratipun A:La: kang kawrat ing Jurumartani

ongka 14 ungelipun makaten ing samangke kula badhe pitaken dha-


teng Sukamulya, punapa pyambakipun sampun kasupen genipunsuka
rembak dhateng mangkupraja sampun angawonawon dhateng Rajaniti
ingkang saweg tinengga kabekjan, mongka salajenging seratipun
sukamulya anyanympahi dhumateng Rajaniti o punika boten ta mas,
yen kasupenan kados kados pundi tiyang sawek kapacak anunggil
urut sak serate kalajenga kasupen, utawi boten pisan yen kula
nedyakna anyampahi, kajawi perlu amung amratelakaken ing satemen-
temenipun , atyang kang cariyos kapedhakipun anggen kula bten
pitados kados pundi, mila kula lairaken punika amurih maremipun
Mangkupraja suados sampun kantos kalajeng-lajeng nggenipun
angawon-awon, pikajengan kula boten susah mangkupraja aneksek-
nesekaken, lelampahanipun Rajaniti, atyang sadaya titiyang ing
Surakarta sampun sami anyamerepi, cihnanipun kang kula pratela-
kaken terang, kadosta patrapipun kala kula gadhahprakawis ingkang
sampun kula caroyosaken ing ngajeng, kaping 2, nggenipun amangsu-
li dhateng mangkuprajan, punika arak inggih anedhahaken anggening
selang surup pan tur sugih lalen ta mas, lah punika kok inggih
wonten ingkang mupakati amastani nggenipun lusak-lusuk Rajaniti,
kados sratipun mantri Caruban kasebut Jurumartani ongka 14 ugi,
ewa dene manawi caroyosing kapedhak wau lepat kula anyumangga-
kaen, ananging kados inggih leres sadaya awit sampun kula titik
terang dhateng saliyanipun ing tiyang inggih yakin cocok kados
cariyosin gkapedhak wau, ewa sumanten manawi mas A,L, kirang
pitados sumongga ta mas, kula aturi anerangkaen pyambak, kaping
2, mas A.L. mratelakaken, pitembungan yen tilas wadana jaksa
wau, sawek kaundur wau lepat, sabab pamirengipun mas, A.L. sampun
wonten kalih tengah taun, punika inggih leres nun, nanging maka-
ten saking pamireng kula tyang wusana, sadyanipun amtenar menawi
kenging prakawis ingkang magepokan perlu punika lajeng kakende-
laken saking pandamelanipun rumiyin, prakawis kalampahaken ka-
tranganipun angentosi karambpungan ing tembe, mila kula tembun-
gaken sawek kaundur awit dereng kaputus, beneh kaliyan amtenar
ing kang kaundur sarana tanpa prakawis amung sabab saking teled-
horing damel utawi sabab sanesipun, kaping 3, mas abdul amrate-
lakaken, yen pan wanging tyang kathah ingkang dereng nate
sumerep ing Surakarta, utawi boten sumerep kawontenanipun ing
ngriki, Raden Tumenggung Rajaniti ingkang pinunjul tinimbalan
sasamenipun, punika inggih leres mawi sanget, panyiptanipun
titiyang kathah wau, sabab priyantun ingkang pininta dados wadana
jaksa tamtu papilihan, ananging boten mas yen rden tumenggung
Rajaniti dobola temenkados cariyosing kapedhak kang sampun kula
cariyosaken ing ngajeng, kaping 4 mas Abdul amratelaen manawi
kula sampun dhamang, apitaken ingkang lepat punapa ingkangmilih
punapa kang pinilih, o boten kadosa mas dene sampeyan teka kaping
kalih damel, serat kula arak inggih samun mratelakaken terang
ta mas, yen bab punika anelakaken takdir lulah boya kenging
ginayuh ing kawulaniun kaping 5 sratipun mas Abdul amastani yen
serat kula boten wonten paedahipun saigar-igara, sabab boten
nerangaken ing nguduripun priyantun kakalih wau, amung mamaoni
dhumateng Rajaniti, o punika titiyang bodho, inggih anerangaken
ugi, awit punapa mas, A.L. anggalih kirang kathah kirang terang
nggen kula mratelakaken kawontenanipun Rajaniti, punapa dene
panarkanipun mas A.L. kula amung jalaran gething, lo punika boten
ms, sabab kula boten sulaya tuwin boten gadhah sakit manah
dhumateng Rajaniti, kajawi perlu amung amurih mampehipun mangku-
praja, manawi sarta panujuning panggalihipun, ing wasana manawi
wonten gangsulipun ing tembung lepating pamacak kula aksara,
ingkang ageng pangaksama sampeyan mas.
Ing dhusun Surasajati kaping 5 Besar Alip, ongka 1795, Sukamulya.
=================================
Ongka 17, 25 April 1867
Pawartos warni-warni
Kanjeng Tuwan Residhen ing Surakarta, N.W.Lamres Pantorenbureg,
ing mangke kakula wisudha dados Rider saking Ordhe Nederlan
Senleyo, kasebut ing serat kakancinganipun Kanjeng Maharja,
katitimangsan kaping 19 Pebruwari 1867, ongka 81. Menggah para
ageng akaliyan para priyantun ageng alit ing Surakarta smi suka
sukur sanget bab pangulawisudhanipun kanjeng tuwan residhen dados
Rider wau, anjawi saking punika para priyantun ageng alit ing
sanes nagari inggih ugi sakalangkung suka pirenanipun, saha sami
asuka wilujeng dhateng kanjeng tuwan residhen Lamres pantorenbu-
reg, kawedalaken saking telegrap, salajengipun kala tanggal
kaping 14 wulan punika, wanci snten, para opsir ing loji ageng
Surakarta, saha paraopsiring Leiyuni pun kanjeng gusti pangeran
ADipati Arya Mangkunagara wah kanjeng gusti pangeran Adipati
Arya Mangkunagara piyambak sami dhateng ing dalem paresidhenan,
mawi ambekta musikan tuwin obor, dene ingkang sami ambekta obor
punika para saradhadhu sawatawis ing loji ageng, inggih punika
minongka pratondha isih kalulutanipun dhateng kanjeng tuwan
Residhen, sadhatengipun ing dalem paresidhenan kanjeng tuwan
militer kumendhan lajeng ngunjuk ing kawilujenganipun kanjeng
tuwan residhen, mawi kaprtelakaken ugi ing pangujukipun awit
saking namanipun para tamu ingkang sami wonten ing ngriku sadaya,
manawi cami asuka wilujeng dhateng kanjeng tuwan residhen bab
anggenipun kakula wisudha dados Ridder. kanjeng Tuwan Residhen
ing waktu punika sakalangkung kagagas ing galih, saking angraos
sih kalulutanipun para tamu sadaya dhateng kanjeng tuwan Resid-
hen, ing sanalika kanjeng tuwan Residhen asuka panrimah ingkang
medal saking eklasing panggaliyan suci dhateng para tamunipun wau
punika.
==========================
Pawartos saking Surakarta
Sanadyana kalayan pangunguning manah anggen kula angaturi pawar-
tos ingkang kasebut ing ngandhap punika, kula ugi rumaos bingah
dene kula saged anglampahi kuwajiban ingkang minongka pratondha
secaning pamitran.
Kala malem Jumungah Paing, tanggal kaping 14 wulan Besar taun
Alip punika, wnci pukul satengah wolu, Raden Tumenggung Mangku-
praja seda jalaran saking gerah sampun antawis lami, enjingipun
wanci pukul sadasa layonipun Reden Tumenggung Mangkureja kasu-
marekaken dhateng ing dhusun luhuripun anama Temuireng bawah ing
Karang pandhan, angkatipun layon saking dalem ing mangkuprajan
mawi kajenengan ing kangjeng tuwan Residhen Lamres Pantorenbu-
reh, kanjeng gusti pangeran adipati Ariya Mangkunagara, tuwin
para Kanjeng Pangeran saha para priyantun welandi jawi sawatawis,
jajaraning layon awit saking paring pranatan dalem kangjeng gusti
katingalan semu asanget.
Saking sumreseping prasobatab kula kaliyan Raden Tumenggung
Mangkupraja, kula kedah kedah anyariyosaken bab lalampahan saha
lelabetipun Raden Tumenggung mangkureja kawrat wonten ing serat
Jurumartani punika.
Pangabdinipun Raden Tumenggung mangkureja wonten ing kadipaten
Mangkunagaran laminipun kapara langkung saking kawandasa taun
tanpa kendel ngantos dumugi ing sedanipun yuswa, 65 taun, kala
rumiyin sampun nate dados upsir infanteri ing Lesiyun Mangkuna-

garan ngantos angsal pangkat dados kapitan anglampahi tumut


prang dipanegaran sarwa katrimah damelipun angsal ganjaran saking
Kanjeng Gupremen awarni medhali jene, ing salajenganipun Raden
Tumenggung Mangkuraja kakulawisudha dados abdi dalem mantri
punggawa, awit saking katrimah anggenipun anglampahi kuwajiban
tumunten kakersakaken dados abdi dalem papatih ing kadipaten
Mangkunagaran angasta pangadilan pradata, tuwin angampil paprin-
tahan sanesipun ingkang medal saking karsa dalem kanjeng gusti,
anggenipun anglampahaken kaleresan tuwin anggenipun angampil
paprintahan sansipun wau,
tansah andadosaken parenging ggalih dalem kanjeng gusti, sabab
Raden Tumenggung mangkureja anggenipun suwita kanthi manah seca-
tuhu, cakep dhateng samukawis padamelan sarta boten kirang ing
pamerdi amurih wewah ing karaharjanipun bawah ing mangkunagaran,
sawarninipun abdi dalem ingkang kalereh ing raden tuumenggung
mangkureja sami ering tuwin asih dhateng Raden Tumenggung puni-
ka, awit pamomong sarta pangrengkuhipun dhateng kalereyan saka-
langkung prayogi.
Kala kanjeng tuwan ingkang wicaksana Guprenur Eneral Baronslut
Pandhen belle rawuh wonten nagari Surakarta, amaringi sabet
pameran satungal dhateng Raden Tumenggung mangkureja, minongka
ganjaran saking kanjeng gupremen.
Awit saking seddaiun Raden Tumenggung Mangkureja, bawah kadipa-
ten mangkunagaran kaecalan priyantun ingkang wekel ing pasuwitan
saha ingkang saged angladosi ing sakarsa dalem kanjeng gusti,
punapa malih sinten sintena ingkang sampun pitepangan sae kaliyan
Raden Tumenggung Mangkureja, amesthi tumut kasekelan saha karaos
tinilar ing mitra ingkang ambek palamarta.
Surakarta tanggal kaping 15 wulan Besar, taun Alip, Ongka 1795,
Jurubasa sepuh, C.F.Winter.
================================
Wonten tiyang sugih, ingkang dados panggesanganipun anglengi
saking tiyang malarat sanget, ingkang katedha ing sadintenipun
namung manawi wonten welasing tiyang anyukani, tiyang sugih
punika anama Bekan.
Anuju satunggilipun dinten Bekan punika paben kaliyan tiyang
glidhig, awit saking amrakawisaken berahan, kalampahan Bekan
kacepeng ing tiyang kathah, sarta lajeng kaaturaken dhateng
pangadilan, ingkang ngasta pangadilan amriksani urusing praka-
wisipun, sarehning papriksanipun amratelakaken manawi Bekan
sampun annggebagi glidhik punika, mila lajeng kaetrapan paukuman
tiyang prakawis, Bekan punika kenging amilih salah satunggil,
dene paukuman tigang prakawis punika makaten: sapisan kadhendha,
kaping kalih kasapu, ingkang kaping tiganipun kakunjaran.
Sarehning Bekan wau sampun amisuwur manawi sakalangkung angonwel
dhateng arta, anglangkungi saking pangoweling badanipun, mila
bekan punika amilih paukuman kakunjara wolung dinten, sareng
Bekan saweg kakunjara dereng angsal kalih dinten, awit saking
panganiaya boten kalilan manawi kakintunana tatedhan saking
griya, mila ing waktu punika Bekan anggadhahi cipta, manawi
prayogi anglampahi paukuman kasapu kaping kalih welas, pamanahi-
pun Bekan kasapu kaping kalih welas punika vboten kathah, sarta
anginten ing sasampunipun kasadhu lajeng kalilan luwar, mila
Bekan tumunten asowan ing ngarsanipun pangadilan, anyuwun kaukum
sapu kemawon, ingkang ngasta pangadilan inggih amarengi, sarta

ing sanalika punika Bekan lajeng kaetrapan paukuman sapu wonten


sawingkinging kantor, ananging sareng saweg kagebag kaping nem,
Bekan karaos sakit sanget, sarta ajelih-jelih mawi wicanten maka
ten: mangke kula ambayar dhendha 25 rupiyah kemawon, ing panggeb-
agipun inggih lajeng kakendelan, sarta ing sanalika Bekan ambayar
arta dhendhanipun, dados Bekan punika awit saking pangoweling
arta anglangkungi saking badanipun, mila ngantos kala,pahan tampi
paukuman tgang prakawis sadaya.
Sasampunipun mantuk Bekan anjampakaken labetipun kasapu, sarta
kedah kaecalan arta malih, minongka panumbasing jampi tuwin
ambayar wragadipun dhateng dhukun, anjawi saking punika Bekan
ing dalem kalih wulan taksih getun sanget anggenipun kaecalan
arta 25 rupiyah wau, awit pamanahipun makaten: saupami arta
punika kalampahaken anakan, amesthi sampun anampeni anakan saka-
langkung kathah.
===========================
Serat kabar Lokomotif anyariyosaken bab pangajalipun tuwan
Rakariyas kados ing ngadhap punika.
Kala tanggal kaping 5 wulann April punika, ing griya sakit
nagari Samarang sonten sujana satunggil ingkang andungkap badhe
pejah. Tiyang wau inggih rumaos mawi sampun meh dumugi ing
jangji, ewadenten taksih gadhah pangajeng-ajeng, saged dipun
mulya malih, ananging sampun kathah kemawon lipiyanipun panga-
jeng-ajenging agesang, ingkang boten kapanujon akaliyan takdir
rullah. Dene sujana wau sampun rambah-rambah aningali kasangg-
saraning pejah wonten ing ngayuda, akaliyan manah ingkang saka-
langkung teteg, mila boten pisan yen ta rumaosa miris dhateng
pejah, punapa dene piyambakipun sampun anedhahaken yen kadunungan
lalabuhan utawi, saha sampun asring anandhang kalangipan.
Suprandosipun taksih wonten prakawis satunggal ingkang andadosak-
en susah ing manahipun, inggih punika amung bab ingkang angopeni
pamulasaraning bojo tuwin anakipun. kajawi saking punika piyam-
bakipun anggadhahi pangajeng-ajeng, supados wonten amusanif
ingkang karsa macak salebeting serat kabar bab tuwan Rakariyos,
sabab tuwan wau sampun tetela anggenipun kadunungan manah teteg.
Kala tanggal kaping 25 wulan Juni taun 1812, tuwan Rakariyos lair
ing Indramayu, tiyang sepuhipun sami bongsa ambon, ing taun 1825,
piyambakipun dados tambur, wiwit taun 1827, dumugi taun 1830,
piyambakipun tumut prang dipanagaran, ing taun 1835, minggah
dados Sersan, dene ing taun 1838, dados Twede Litnan, ing salebe-
tipun taun 1831, dumugi 1838, wau, tuwan Rakariyos tumut prang
wonten ing Kanangtolang, bawah patanahan ing pulau Sumatra, ing
Bonjol ing Dhalubaros singkel Batak Batipo sapanunggilanippun.
Awit saking tetegipun tuwan Rakariyos wau kaparingan serat
pratondha pakurmatan ingkang anyebutaken kapurunanipun kala
wonten ing paprangan, punapa dene kaparingan medhale prunggu.
Kala tuwan Rakariyos atampi tondha pakurmatan wau, sanget ing
panrimaniun ananging boten pisan yen marema, Mila Midelye wau
boten dipun angge, ewadene tuwan Rakariyos taksih tetep angge-
nipunanglampahi kawajibanipun, kadosta: kala ing taun 1851 tumut
prang dhateng ing Tobah bawah tanah Sumatra.
Ing taun 1858, tuwan Rakariyos kakula wisudha dados Irste Litnan,
ing pangetang anggenipun ngabdi laminipun dados sampun angsal 33
taun. Ing taun 1859, tuwan Rakariyos tumut prang dhateng Boni,
saha ing ngriku anedhahaken yen manahipun taksih sakalangkung

santos.
Antawis nem taun piyambakipun kaparingan ganjaran dening kan-
jeng raja ing nederlan kakula wisudha dados Rider saking Bin-
tang Militer Willem Sworde. Kala samanten sakalangkung pirenaning
manahipun sabab kanjeng maharaja ing Nederlan sampun anganggep
yen piyambakipun sanadyanna tiyang Ambon ugi kadunungan manah
teteg, wiwit ing waktu punika tuwan Rakariyos angagem bintang wau
kasandhingaken ing medhalye prunggu. Sareng tuwan Rakariyos
seda, kala tanggal kaping 5 wulan April wanci sonten jisimipun
kasarekaken ing astana, kanjeng tuwan jendral tuwin bongsa luhur
sanes-sanesipun sami angiringaken sadaya, dumugi nipun ing Kalu-
wat wonten opsir satunggal ingkang damel aturan ngantos ingkang
wonten ing ngriku sadaya sami kagagas ing galih.
===================
Kala jamanipun Panjenengan dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhu-
nan ingkang kaping sakawan ing Surakarta, kacariyos wonten
kakasih dalem mantri emban ing kados paten, wasta Mas Ngabei
Sudiradirja, kawiji sowanipun saben dinten wionten ing ngarsa
dalem, damelipun asring dikakaen maos serat wawaosan sekar
macapat lagu palaran ing sawatawis swaranipun ragi sae, dados
pasowanipun awit enjing mundur sonten, trakadhang ngantos dalu
dereng mundur, sareng ing nalika sowanipun kasiyangan, kadangu
sababipun, Mas Ngabei Sudiradirja matur, manawi ragi karipan
anjagong dhateng mangkuyudan, anakipun ingkang angsal ing Mangku-
yudan darbe rare medal jaler, kadangu malih sarenganipun ingkang
sami bab jagong, matur manawi kancanipun ing mangkuyudan sami
wonten, kadangu malih ingkang kaleres anngeleki sanesipun para
tamu, aturipun mas Ngabei Sudiradirja amung tiyang karem angan-
tuk satunggal, kaleres magersarinipun mas ngabei Citradiwirya,
punika boten nate tilem rebah, ngantos ing sadinten kalih dinten
amung angantuk kemawon, ing nalika punika rahaden Atma Puspaka
abdi dalem Urdenes anyambeti wuwus makaten punapa anyemeni kaum
ing sangkrah, punika inggih karemangantuk, ngantos ing dalem
sapeken boten tilem rebah, Mas Ngabei Sudiradirja amangsuli,
mesthi kemawon kaum ing Sangkrah puniku kasoran pangantukipun
deng tiyang mangkuyudan kang karem angantuk, Rahaden Atmapuspaka
taksih angunggulaken pangantukipun kaum ing Sangkrah, kalampahan
sami angajak totohan, dhawah dalem ingkang sinuhun, tiyang karem
angantuk sakaliyan wau sami kinen animbali, sareng sami katimba-
lan mawi katumpakaken ing kremun piyambak-piyambak, dumugi ing
ngarsa dalem tiyang kakalih punika tansah taksih sami angantuk
langgotan, sareng wanci pukul kalihwelas siyang, kaum ing Sangk-
rah kaget ungeling bedhug ing Suranatan, mantun angantuk saha
pamit mundur badhe salat luhur, kadadosanipun Rahaden Atmapuspaka
kawon anggenipun anyuwungi kaum ing Sangkrah, kaleres bayar
kinang sakenyeh dhateng Mas Ngabei Sudiradirja.
===============================
Kanjeng Pangeran Ariya Panular; asuka srat kabar ing Jurumartani
ing ngandhap unika pratelanipun.
Saking bingah-bingah kula; kula gadhah putu; saking ingkang
sinuhun Kanjeng Susuhunan miyos kakung; nama Bendara Rahaden Mas
Sinatriya; sareng sampun tedhak sitenipun kula besiyaraken
putra-putra wonten sak lebetipun nagari kimawon; ingkang dhere-
kaken; sadherek kula utawi anak kula utawi selir kapenakan utawi
putu kepenakan; dene tumpakanipun sadaya wau

kreta;kathahipun;12;kreta; utawi kapalan; 25; wahukareta; ingkang


kapal sakkestel;10; kareta;nyerakit.
Dene ingkang derek tunggil sakreta; kalih Bendara Raden Mas
Sinatriya; 1; Kanjeng pangeran Ariya Panular, 2; bendara Raden
Ayu jayakusuma; kaliyan putranipun; 2; gangsal inyainipun bendara
raden mas sinatriya; dene ingkang dherekaken sadaya wau; ing
ngandhhap punika pratelanipun:
sadherek kula estri:9; sadherek kula jaler;6; sami beta garwa
piyambak-piyambak; utawi kalangenan kula selir; 3; anak kula
estri 13; ingkang jaler; 5; tilaranipun kalangenan selir bapak
suwargi: 2; den ayu Menggung Puspanagara; kapenakan kula estri;
20; punika sami numpak kareta sadaya; dene ingkang numpak kapal;
anak kula kapenakan jaler sadaya; 26; abdenipun Bendara Raden Mas
Sinatriya; sami putu kapenakan kemawon; ingkang estri; 15; ing-
kang jaler:10: abdi emban estri: 2:
Sinerat kaping 18 Besar Alip; ongka 1795, Kanjeng Pangeran Ariya
Panular;
=========================
Manawi andadosaken renanipun ing penggalih, punapa dene kagalih
pantes, mugi wontena karsanipun, tuwan ingkang ngarang serat
Jurumartani, amacak kacumenthakan kawula punia, wonten ing Juru-
martani.
Kawula nuwun, ing sarehning kula punika tinitah dados manungsa
gemblung, wah mawi sakelangkung cumanthaka, darbe panjurung ing
Jurumartani, awit saking kasangsara sanget.
amila boten langkung., kawula amung nyaosaken sapinten bebongko-
kan sangking kalepatan, saha nyuwun sapinten gunging pangaksama,
nboten namung: sarehnining paduka tinitah dados luhur, mugi
sampun kantos kirang ing pangaksama, ing ngatasipun dhumateng
tyang ingkang kados kawula, dahat cumanthaka tur anumbak tambuh.
Kula sampun maos ing Jurumartani tanggal kaping 7, ongka 10,
utawi tanggal kaping 21 ongka 12, sami ing wulan taun punika, bab
anyriosaken, saking nggenipun jeginrejegan raden Tumenggung
Rajaniti, akaliyan mangkupraja, sami dalem ing nagari Surakarta.
Bab punika sangking pamanahipun ingkangdahat cumanthaka kados
kawula.
Raden Tumenggung Rajaniti, sareh ning sampun tinitah angrembat
predata dalem, saha sampun amarentahaken sking paprentahan, medal
akaliyan dhines ing pradata dalem mriku, dhumateng Mangkupraja,
nanging Mangkupraja, boten miturut, sapiturutipun kados ingkang
sampun kawrat ing Jurumartani wau, kantos sapriki dereng wonten
katranganipun, malah mandar andadosaken grejegan, punika kas
pundi ingkang dados maksudipun, deniing parentah ageng sampun
andhawahaken parentah, boten dhateng miturut ingkang tampi dha-
wah, punapa saking kirang kenceng parentahipun, punapa ta saking
kirang adil, wah malah: punapa sangking blalonipun ingkang tampi
dhawah, yen saupami: ingkang tampi dhawah boten miturut, mongka
dhawah ing parentah sampun kaping-kaping, punapa inggih, ingkang
ngasta parentah ageng boten wenang amesesa dhumateng ingkang
boten miturut ing dhawah, anetepaken sakig dhawah dalem inggal,
panjenengan dalem bendara ageng kanjeng raden adipati sapunika,
dening bendara ageng kanjeng raden adipati sapunika, sangking
kersa dalem sampun sami ugi Gopermen, wah ing ngriki smpun
wonten abdidalem ingkang sangking tanah Gopermenan, kados Raden
Ngabei Puspadirana, utawi Raden Ngabei Surasastra.
Punika taksih wonten candhakipun
Salatiga kapig 1 april 1867
kawula tyang ingkang dahatg cumandha katur sangsara sanget pun
Tirtacandhoka.
=======================
Kala ing dinten Kemis tanggal kaping 13: wulan Besar ing taun
alip ongka 1795; utawi kaping 18 wulan april taun 1867; wanci jam
setengah wolu sonten Raden Tumenggung Mangkureja, papatih ing
Mangkunagaran seda, jalaran gerah sepuh, sampun yuswa 65; taun,
layonipun kapetak wonten pasareyan ing dhusun Temuireng.
Denten Raden Tumenggung mangkureja wau, anggenipun dados Papatih
sampun; 19 taun laminipun saha prayogi panyepenging paprentahan.
Ing kadipaten mangkunagaran tanggal kaping 24 wulan april taun
1867
Kalilan katandhan abdidalem kaliwon Pulisi.
Jayasarosa.
================================

   
Pawartos warni-warni
Bab ingkang kagarap Rad Sambang wonten ing Majalengka.
Kala tanggal kaping 21 kaliyan kaping 23 Maret ingkang sampun
kapengker, Rad Sambang angrampungi prakawis kalih bab raja pejah
wonten ing Majalengka.
Menggah prakawis ingkang satunggil, pasakitanipun satunggil anama
Karman, kalih anama: Satijan,kalih pisan sami gagriya ing dhusun
sukaperna, dhistrik telaga, kadakwa amejahi tiyang estri anama:
Ambujasipah, ing dhusun Sukaperna ugi.
Pasakitan kakalih punika wau sami abebedhangan kaliyanAmbujasi-
pah, kalampahan pun Ambujasipah meteng kalih wulan, sareng makten
pun Ambujasipah agubel dhateng bedhangipun kakalih, supados
bedhangipun salah satunggal angrabenana dhateng piyambakipun.
Bedhang kalih pisan wonten ingkang purun angrabeni, saha lajeng
sami gadhah cipta, bahde anyinakaken dhateng tiyang estri wau,
awit sakaliyan sami isin manawi ngantos kawastanan kados bapaki-
pun rare ingkang dipun etangaken wau.
Kala tanggal kaping 4 Agustus 1866, ing wanci dalu, bedhang
kakalih sami anglampahi ingkang dados pikajenganipun badhe
anyirnakaken pun Ambujasipah, nunten kalih pisan sami dhateng ing
griyanipun Ambujasipah, saha lajeng kajak malampah awit ing waktu
punika padhang wulan saha terng sanget.
Pun Ambujasipah sarehning boten darbe cipta manawi badhe kaawo-
nan, lajeng tumut dhatng bedhangipun kakalih, kadadosanipun
Ambujasipah dipun kaniaya.
Sareng lampahipun dumugi panggenan ingkang sepi, bedhangipun
kalih pisan lajeng angalungi tangsul dhateng Ambujasipah, tangsul
punika ing sanalika katarik ing kiwa tengen dhateng bedhang
kakalih, wekasanipun Ambujasipah anemahi pejah.
Sareng enjing embokipun Ambujasipah angupadosi dhateng anakipun
sarehning anakipun wau boten saged kapanggih, emboki punika
lajeng angaturi uninga dhateng parentah pulisi, wekasan jisimi-
pun Ambujasipah kapanggih wonten ing sabin.
Sarehning wadananipn panggenan ing ngriku apikantuk serep bab
anggenipun abebedhangan tiyang kakalih kaliyan Ambujasipah,
lajeng tiyang kakalih punika kacepeng, kawadosanipun tiyang
kakalih, wau angakeni ing dosanipun.
Sareng tiyang kakalih punika kabekta dhateng ngarsanipun Raden
Sambang, sami kadangu badhe amungkiri dosanipun, ananging boten
saged anetepi ing pamukiripun, nunten para pangadilan aneangak-
en dosanipun, punka karampunganipun tiyang kakalih wau sami
kapatrapan ing paukuman pejah.
Wondening prakawis ingkang satunggilipun, pasakitan kakalih
anama: Arna kaliyan Sarmin, sami gagriya ing dhusun Sindhangpana,
dhsitrik Rajagalu, kadakwa anglampahi raja pejah, ingkang kapeja-
han tiyang jawi anama Jasiyem, inggih ugi tunggil sadhusun.
Ing wanci dalu pun Sarmin aken anyolong legen aren dhateng pun
Arna, gadhahanipun Jasiyem,ing sanalika pun ARna anglmpahi ing-
kang dados pakenipun Sarmin, nunten pun Sarmin anedhahaken
uwitipun aren, boten dangu pun Arna amenek uwit aren, ananging
pun Sarmin lajeng anilar kancanipun ingkang amenek uwit aren.
Sareng makaten pun Arna anggenipun amenek uwit Aren sampun
dumugi ing nginggil, tumunten ingkang gadhah uwit aren medal
saking griya, aningali manawi ing nginggil uwit aren wonten
tiyang ingkang menek, ing sanalika ingkang gadhahuwit aren alok-

alok pandung, ingkang menek lajeng muwun saking uwit dumugi ing
ngandhap, sareng sampun wonten ing ngandhap pun Arna kagebagan
dening ingkang gadhah uwit aren, sarehning pun Arna wau karaos
sakit, andadosaken napsunipun, lajeng angunus lamengipun, ingkang
gadhah uwit arn kalameng kaping sakawan, kadoadosanipun ingknag
gadhah uwit aren pejah ing ngenggen.
Menggah lamengipun Arna wau sareng kalamengaken kaping sakawan,
lajeng pocot saking garanipun, saha boten kabekta lumajeng dha-
teng pun Arna, dados teksih kantun wonten sangandaping uwit aren,
mila kalampahan lameng wau dados nyin, titiyang lajeng sumerep,
manawi lameng punika gadhahanipun Arna, wekasan pun Arna kace-
peng, sareng katiti pariksa angakeni ing dosanipun.
Sarehning pun Arna mjahi tiyang ingkang boten kalayan kaniyatan,
mila paukumanipun katngalaken ing ngakathah, dangunipun saprapat
ja, saha lajeng kabucal laminipun sadsa taun, kaetrapaken ing
padamelan peksa mawi karante, wonten ing panggenan sajawinipun
tanah jawi ingkang badhe katamtokaken ing kanjeng tuwan ingkang
wicaksana gupernur jendral.
Menggah pun Sarmin punapa kaukum utawi botenipun, punika boten
kacariyosaken.
==============================
Prakawis Bajag
Wonten Bugis anama Samailah, agagriya ing pulo Sepekan ingkang
kaprenah sawetanipun ing Sumenep tebihipun saking Sumenep punika
layaran kalih dinten saha pulo Sepekan wau kabawah TUmenggung ing
Krangean, menggah tiyang Bugis punika amondhok ing griyaning
pamanipunanama Wakcacuk.
Saking pangetangipun tiyang Bugis wau sampun wonten kalih taun
laminipun kala piyambakipun ing satunggil dinten kesah mendhet
ulam anumpak baita alit dhateng pulo Manukan, kancanipun tiyang
kalih ingkang sami anumpak baita piyambak-piyambak, sareng
Samailah dumugi celak ing pulo Manukan amung sadasa tumbak
tebihipun saking dharat, tumunten kasaput ing dalu, saha lajeng
kendel sadalu wonten ing ngriku, dene kancanipun kakalih wau
sami kendel wonten panggenan sanesipun.
Sareng wanci bangun enjing Samailah tangi tilem, sakalangkung
angungunipun dene tangan sukunipun boten saged ebah awit saking
katangsulan ing tiyang, kala samanten pun Samailah aningali baita
satunggil katumpakan ing tiyang salangkung sami mirantos ing
dadamelipun, sareng makaten Samailah kabekta dhateng baita kang
katumakan ing tiyang salangkung wau, saha taksih kabesta.
Menggah lurah ing Bajag anama Panglimbatu, punika dhawah ambesta
kemawon dhateng Samailah laminipun ngantos sawulan, saha katedha-
nana sisa sekul kamoran dhedhak, manawi Samailah anedha, tangani-
pun tengen kauculan sakedhap, bilih sampun anedha lajeng katang-
sulan malih, sareng sampun sawulan laminipun, Samailah lajeng
kauculan, sarta kadadosaen matrus, salaminipun baita bajag amu-
beng-mubeng wonten ing saganten timur, Samailah tansah tumut.
Menggah lamining anggenipun amubeng-mubeng wonten ing saganten
timur kalih wulan, angadhang bok manawi wonten baita gagramen
langkung, lajeng badhe begal ananging boten angsal damel sasampu-
nipun amubeng-mubeng ing dalem kalih wulan, Samailah lajeng
kabekta dhateng Solok, wonten ing ngriku kabekta menggah dhateng
dharat, sarta lajeng kadadosaken rencangipun Panglimbatu wau,
menggah damelipun ing sadinten-dinten amendhet kajeng, mikul toya

saha sanes-sanesipun padamelan ing griya.


Sareng sampun angsal kalih taun anggenipun dados rencang, Pan-
glimbatu lajeng kesah malih ambebegal dhateng ing saganten meng-
gah Samailah tnsah boten kantun wondening anggenipun ambebegal
wonten angsal-angsalan, wasana Panglimbatu kendel wonten pangge-
nan acelak ing pulo satunggil kaprenah sawetanipun Sumenep, para
bajag sami menggah dhateng pulo punika, wonten ing ngriku lami-
nipun pitung dinten, sareng makaten ing wolung dintenipu badhe
amubeng-mubeng malih dhateng saganten, sreng ing wanci dalu
saderengipun baita bajag mangkat, saha para bajag sami tilem,
Samailah anyegur ing saganten, badhe minggat saking bajag kalam-
pahan anglangi ngantos wanci siyang, wekasan Samailah saged
mentas wonten ing dhusun Telangung, bawah Sumenep, saking ngriku
Samailah lajeng dhateng ing Bangkalan lampahipun pitung dinten,
sareng mekaten pun Samailah anumpak baita dhateng Gresik, wonten
ing ngriku angajeng-ajeng wontenipun baita ingkang bahe mangkat
dhateng Sepekan, menggah anggenipun dhateng ing Gresik pun Samai-
lah kala tanggal kaping 27 Maret ingkang sampun kapengker,ing
wanci sonten pukul nem wonten ing ngriku Samailah anyariyosaken
kalampahanipun dhateng parentah pulisi.
Cariyosipun Samailah kawatawis boten wonten doranipun, punika
anelakaken manawi para bajag ingkang anyepeng dhateng Samailah
dereng kalebet ing cariyos bab kondhangipun.
=========================
Panyuka kabar ing ngatasipun para sudagar
Ing serat kabar Slomeprat Malayu ongka 13 wonten seratipun und-
hang-undhang ongka 96, anyariyosaken kados ing ngandhap punika:
Kathah titiyang ingkang asring kang asring angintunaken jenewer
dhateng ing tanah Indhiya Nederlan punapa malih ing Samarang
ingkang mawi pratondha kula, utawi mawi pratondha kula ingkang
tinelad dhateng tiyang sanes, mila ing mangke kula amerlokaken
suka kabar dhatng para titiyang, awit ingkang mawipratondha palsu
makaten jenewer punka asring kamomoran samukawis ingknag boten
eca.
Kaliyan malih jenewer dadamelan kula wau, sampun kauningan ing
ngakathah wonten panggenan panggelaripun saking barang-barang
taberen ing kitha Londhon, amung jenewer dadamelan kula piyambak
ingkang katrimah, mila kula lajeng kaparingan ganjaran medhaliye,
dene jenewer dadamelan kula punika ingkang mawi tondha peksi
blekok.
Makaten ugi kala pasamuwan panggelaripun barang-barang saking
Taberen utawi kagunan ing tanah Nederlan, ingkang sampun kagerak-
en wonten ing kitha Amsterdam, jenewer dadamelan kula wau katari-
mah ugi, kula kaparingan ganjaran medhaliye malih.
Menggah dadamelan kula jenewer ingkang sayektos tandhanipun
makaten: ing kopinipun wadhah jenewer wau mawi cap gambar peksi
blekok, tutupanipun ing nginggil mawi sap gnjaran kula medaliye
wau. Dene panyadenipun jenewer ing tanah Indhiya amung wonten
ing tokonipun tuwan Pandhenbruk enko Pekenes ing Samarang. Ka-
tandhan tuwan Y.H.Ennes ing kitha DHelefsapen.
=======================
Panuwun kula dhateng panjenenganipun ingkang ngarang serat
jurumartani, mugi saseratan kula ing ngandhap punika kersa amacak
serat jurumartani.
Kula maos serat Jurumartani, Kemis kaping 18 April 1867, ongka

16, saseratanipun Abdulatip, kang mungel makaten saupami pangadi-


lan andhawahaken karampungan kala rasa saking kalepataning
tiyang ingkang sakalangkung sumapala makaten, boten wande Karta-
sari, ingkang dados mantri lit badhe anemahi kasangsaran kacopot
saking kalenggahanipun, amargi panyeratipun lit mawi amejahi
aksara, ta, leresipun amejahi da, mongka mantri lid punika kedah
sumerep dhateng aksara walandi.
Mila kula purun anemtokaken yen panginglingipun prakawis punika
tumpangso(h), saha boten mawi pinungseng temen temen, tuwin
emperipun tiyang pados uceng,kecalan deleg,
Wangsul kula sanget pangalem kula dhaleng Abdulatip, panginteni-
pun leres, mila kula aras-arasen mangsuli, kawatos yen ical delg
kula, mongka ingkang kula padosi namung uceng pileg sapele, awit
panglaras kula, saking ngendika sampeyan punika mas satunggal
priyantun kang sampun putus, sarta kaungasaken seri remen nyen-
yampahi, anyathek-nyawel ing liyan, suprandosipun teksih kirang
patitis sampeyan, kula sampeyan campahi, dupi mantri lit ing
tanah moncanagari, kabupaten, boten sumerep sastra wlandi,
nyerat mungel lid teka amejahi, ta, boten mejahi da, basanipun
wlandi, nyerti lid mejahi da, ngendika sampeyan punika mas,
paribasan embuh sinila, embuh si etom, punapa kula, punapa sam-
peyan mas kang lepat, yen sampeyan mratelakaken kembung walandi,
mungel lid punika boten mejahi, ta, boten mejahi da, panyeratipun
mekaten, lid dados mejahi dhe, ananging manawi sasttra walandi
wau, kaserat ing sastra jawi, temmbung jawi, kang kenging dipun
dhemesaken, kedah dhemesaken, kados ta seratan walandi mungel
radhen, tumrapipun sastra jawi sami sinerat raden kang kaangge
ing kathah kula inggih gadhah, dha, nanging kirang dhemes menawi
mejahi dha, dados kados pelo, makaten ugi sastra walandi,
mungeling lid tumraping tembung jawi, dhemesipun kaserat lid
utawi lit sami ugi, sabab da, tunggil warna kalih ta, kadosta
nyerat, obad kenging ugi kaserat obat boten ngewahaken jarwa,
mila kula gumun sanget dhateng mas, Abdulatip ingkng sampun
mumpuni ing kawigyanipun, saha winenang anyenyampahi, ing dalem
serat jurumartani, ingkang kaecap ing pangecapan Surakarta, kula
kabatang manggih kasangsaran kacopot jeglong saking kalenggahan
kula, awit lepat penyerat kula jawi, ing mangke kula kedah nny-
manggakaken ing sakathahipun priyantun agung alit, ingkang sami
nampani serat jurumartani, bab pratela kula panyerating sastra-
jawi, ingkang kasebut nginggil wau sedaya, punapa leres punapa
lepat, leres lepat wonten karsanipun priyantunkathah.
Kalih dene asring kula manah-manah, bab drig ingkang dumunung
salebeting karaton dalem Surakarta, saking pamidhanget kula,
punika dede Priwilihdrig, ananging saben-saben serat jurumartani
medal, wonten saseratanipun Abdulatip, amamanah, ing sanes kalay-
an angaken menawi remen nyathek-nyawel, Raden Tumenggung mangku-
praja, Bupatos pensiyun ing Surakartawinastan sanget bodho,
raden Tumenggung Rajaniti, Bupatos wakil wadana jeksa, ing
Surakarta, kadamelaken pola serat karampungan, kapacak ing serat
Jurumartani, sinawuraken mrika-mrika, ing saluwak ing pulo jawi,
persasat amimirang karaton dalem Surakarta, punapa raden Tumeng-
gung Rajaniti piyambak, boten saget adamel serat karampungan
kados ingkang kapacak ing srat jurumartani punika, teka perlu
temen suka pola, wah enggenipun suka pola karampungan, lare alit
kimawon sumerep suraosipun, yen punika pola serat karampungan

abau kapine, kirang jejeg dene yen niyat damel tilasing nagari,
suka pola serat karampungan, angiriba, kala prabu Nusirwan nga-
dil, punika prayogi sanget kadamel piritaning srrat karampungan,
ananging inggih boten prayogi yen kapacak ing srat jurumartani,
punapa boten amalati, karaton dalem ing/ Surakarta, ruwed ren-
tengipun yen kababar-kabarna, sinawuraken mrika-mrika.
Kula sampeyan wastani gendheng, pantes saking punapa, la, mas
Abdulatip piyambak ingkang bakperes, margi saben serat jurumarta-
ni medal, pesthi wonten tekenipun Abdulatip, ting cengkereg,
amaoni anenacat, ing tembung saseratanipun para priyantun, wah
malih Abdulatip, kadugi maringi pola serat karamungan, dhumateng
priyagung kang sami ngasta pangadilan dalem ing Surakarta, kendel
temen, ta, mas, yatalah, napa boten ajrih sikuning priyagung kang
ngasta pangadilan, dene dika wengku prasasat boten wonten wadana
jeksa, saha nyothokaken panggaliyanipun, priyagung kang ngasta
pangadilan.
Caruban, Akad kaping 21 April 1867, Kartasari.
==============================
Kabar saking Ngayogya
Wonten satunggal tiyang, nami Bongsakreta kuli dhusun ing Mudinan
tanah Kilen Pragi Kabupaten Brosot, bawah ing Pakualaman Resid-
hen Ngayogyakarta.
Punika ingkang estri gadhah lare medal 3, iji jaler sadaya,
wondene bibingipun amung satunggal, ing sak derengipun lair bayi
3 iji wau andadosaken gumunipun para titiyang kathah, awit pun
Bongsakreta wau anggenipun meteng nglangkungi agengipun katimbang
kaliyan tiyang meteng ing sanesipun, bayi tiga iji wau lairipun
kala ing dinten Jumungah Kliwon tanggal kaping 7 wulan Besar
punika.
Ngayogya ping 18 April ongka 1867, katndhan dening magang juru
serat ing Kabupaten Brosot bawah Pakualaman. Sastrawiraga.
====================================
Sakalangkung andadosaken pirenanipun manah kula, sareng amaos
serat pamacakipun kanjeng Pangeran Panular wonten ing Jurumartani
ongka 7. Ing ngriku anyebutaken manawi kanjeng Pangeran mau
kagungan wayah apaparab Den Mas Sinatriya, punapa malih wayahi-
pun wolu: sareng sampun tedhak siteniun: kabesiyaraken puter-
puter wonten sak lebetipun nagari, wah malih anyebutaken ingkang
sami dherekaken utawi tumpakanipun sadaya wau kreta: kathahipun
12 iji, tuwin kapalan 25. Salajengipun inggih amung anyariyosaken
ingkang sami dherek tunggil sakreta, sapanunggilanipun.
Wondene sareng kula maos serat wau kula inggih urun ing bingahi-
pun Kanjeng Pangeran Panular, nanging sanalika kok lajeng rumaos
owel ing manah jalaran nama-namanipun ingkang sami dherekaken
boten kasebutaken sadaya, utawi sipat titi-titiyan miwah busana-
nipun ngkang sami dherekaken sabab saking pamanggih kula, maka-
ten punika barnag ingkang sakalangkung prelu, sahaboten pisan-
pisan kenging kasupen, dados ingkang sami maos serat Jurumartani,
angraos nikmat tuwin bolong ing manahipun awit kasumukan dening
bentering surya, inggih punika, pitembunganipun kanjeng pangeran
Panular ingkang sampun misuwur, dhasar balabag tuwin berbudi,
punapa malih jembaring makluman palamarta.
Ha, La
=============================
Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 6 wulan maret punika
badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan dhokter A.Y.H.Pandher-
meildheker ing Klathen.
Benjing ing dinten Saptu kaping 11 wulan Maret punika, badhe
wonten lelang ing kampung pasar kliwon Surakarta, menggah
ingkang badhe kasade griya, sepalih tembok sepalih gebyog, gad-
hahanipun Nalawongsa.
==================================
Tuwan Jaspres enko sampun ambikak panggenan anyamak sera-serat,
panyamakipun mawi wacucal sadaya,utawi amung sapalih, manawi
sampun rampung anggenipun anyamak, pangintenipun dhateng ingkang
gadhah punika badhe karumtosan sae.
=============================
Ongka 19, 9 Mei 1867
Ambubujeng Bulus Saganten
Ing pasisiripun saganten tanah Amerikah ing wanci dereng nganta-
wis dangu seraping surya, toyaning saganten prenah celak kaliyan
pasisir katingal ebah wit saking kathah ing bulus ingkang adamel
ebahing toya wau. Menggah bulus punika tingal wonten sadhasaring
toya awit saking padhanging rembulan, sami anyelaki pasisir,
badhe anigan wonten ing ngriku, ing waktu punika sakedhap saked-
hap tiyang mireng sabawaning bulus wonten ing toya, ingkang
anelakaken bajrihipun dhateng ing toya, amirengaken bok manawi
wonten ingkang badhe adamel tiwasipun, manawi para lus amireng
sabawa ingkang kakinten badhe damel tiwas, punika tumunten enggal
sami lumajeng silem ing toya malih, dne manawi boten wonten
sabawa ingkang badhe damel tiwas, para bulus lajeng minggah
dhateng dharatan ing pasisir, lampahipun sakalangkung alon,
wonten ing ngriku manawi para bulus aningali samukawis ingkang
badhe damel tiwas, lajeng sami mungel swaranipun sakalangkung
bening, minongka tondha adamel kageting para bulus ingkang boten
sumerep ing tiwas ingkang badhe dhateng, supados sami lumajenga
sadaya, manawi para bulus sami minggah papan sae wonten ing
pasisir, badhe kadamel panggenan anigan, lajeng sami kendel
wonten ing ngriku, aningali rumiyin ngiwa-nengen, bok manawi
wonten sabawa punapa-punapa, para bulus lajeng wiwit anokeri
siti kaliyan sukunipun wingking, lebetipun nganos kalih utawi
tigang kaki, saha danguning antawis anggenipun anokeri siti
amung sadasa menit rampung, nunten para bulus sami anigan wonten
ig luwangan anggenipun adamel wau, tiganipun katata sae wonten
salebeting luwangan, manawi sampun anggenipun anigan saha tigan
sampun katata, luwangan lajeng kurugan siti,sakalangkung sae
anggenipun angurugi siti wau, awit boten kaawisan pisan manawi
wonten luwngan ingkang kadekekan tigan, sitinipun karaden mantuk
kados ingknag wau. Anggenipun angurugi siti ing luwangan dan-
gunipun ngantos kalih dasa menit, para bulus lajeng kesah
saking panggenan ing ngriku, anggebyur dhateng saganten malih,
dne tiganipun kapurih anetes piyambak awit saking pa
anasing siti ingkang kasorotan ing surya, manawi tigan sampun
sami anetes, bulus alit sami anggremet lajeng gebyur ing toya.
Menggah para tiyang ingkang badhe mendhet bulus, manawi kalanipun
sami anigan, mila kapenbdhet kalanipun anigan, awit manawi boten
nuju anigan, para bulus wau sami wonten salebeting toya kemawon,
para tiyang punika sami jngkeng, pundhakipun kapasangaken angsal
jibiring bulus ingkang sawg anigan, bulus kaungkil sarosanipun
lajeng kalumahaken, manawi bulusipun sakalangkung ageng, awit
wonten ingkang gadhah wawrat pitungatusan, punika tiyang lajeng
angathahi ing pangungkilipun wau, utawi ngungkilipun kalayan
ganthol tosan, menggah bulus manawi saweg anigan, punika boten
anglegewa dhateng samukawis ingkang katingal utawi ingkang
kamirengan, sanadyan kacelakan ing tiyang bulus tansah kendel
kemawon, malah ngatos kenging kalenggahan gigiripun, bulus ingg-
gih ugi tansah kendel, saha anglajengaken anggenipun nigan,
manawi sampun rampung anggenipun anigan bulus lajeng mancolot
sakalangkung tebih, supdos angentasaken badanipun saking bilahi,
mila kenging kawastanan mokal saged anyepeng bulus ingkang
sampun rampung anggenipun anigan..
Bulus punika anggadhahi watek, manawi kacepeng ing tiyang kalani-

pun saweg anigan, saha bekta tebih sanget sakig pangenanipun


anigan wau, mongka lajeng kauculaken, bulus punika amesthi
badhe wangsul malih dhteng panggenanipun anigan.
wonten malih tiyang ingkang mendhet bulus wonten salebeting toya,
inggih ugi mawi kalumahaken, lajeng kacepeng ing sanalika, awit
bulus punika manawi sampun klumahaken, lajeng boten saged mangku-
reb malih.
wonten tiyang sanesipun ingkang mendhet bulus mawi kacempuling,
utawu karampog kaliyan waos, ananging manawi anggenipun anyempul-
ing utawi amaos wonten salebeting toya, punika boten patos pikan-
tuk, awit bulus punika manawi wonten salaebting toya sakalangkung
rikat anggenipun anyolahaken badan, anjawi saking ingkang sampun
kasebutaken bab pamendhetipun bulus, wonten malih sayanipu,
inggih punika kajaring.
Menggah bulus punika awarni sakawan, bulus ingkang warnipun ijem,
punika ulamipun sakalangkung eca, saha kaupadosan ing titiyang
kathah, dene mangsanipun anigan punika ing wulan april ngantos
dumugi ing wulan Juni, kathahing tiganipun bulus satunggil
ngantos 250 iji, ingkang kalih warni mawi gadhah cucuk, punika
tiganipun ngantos 300 iji, manawi anigan ing wulan Juni tuwin
Agustus, dene bathokipun kaupadosan ing tiyang kathah. Bulus
ingkang tigang warni punika endhasipun ageng, manawi anigan ing
wulan April ngantos dumugi wiwiting wulan Juni, saha kathah ing
tiganipun kirang langkung saking 300 iji, wasana bulus ingkang
kawan warni ppunika manawi anigan ing dalem sataun kaping kalih,
tiganipun ngantos wonten 400 iji, ulam tuwin bathokipun empuk
mila boten patos kaupdisan ing tiyang.
Anjawi saking titiyang, menggah bulus wau taksih gadhah mengsah
sanesipun, inggih punika baruwang sapanunggilanipun bangsaning
sima.
Menggah tiganing bulus wau andadosaken kauntungan ageng dhateng
ara tiyang ingang sami amendheti, tigan punika kagrami dhateng
tanah tebih.
Sapinggiring lepen ing Brasili tanah Amerikah, wonten ing wedhen
para tiyang sami amendheti tigan bulus, ingkang kadhudhukan
wonten ing wedhen, saha kamotaken ing baita, lajeng kagrami.
Tigan bulus punika kenging kadamel mertega, pandamelipun makaten:
tigan bulus wau kaubak ngantos tunggil saha dados kados bubur,
nunten kacuran toya panas lajeng kaepe, kadadosanipun lisah ing
tigan saged kumampul wonten ing nginggil, sareng sampun makaten
lisah punika dipun lerobi ing irus, lajeng kagodhog ing latu
sawatawis kemawon mrangangahipun, ing wekasan lisahipun ical
dados warni martega, anawi mertega sampun asrep, lajeng kadhawa-
han ing pangaron ingknag satunggil tunggilipun kauda kawis kirang
langkung saking wawrat sawidak pun, sanadyan mertega sae anggeni-
pun angrawati, inggih ugi taksih gadhah raos lisah, menggah
kathahing mertega ingkang kados makaten pandamelipun wau, punika
ing dalem sataun 900000 pun, dene lebetipun tigan ing dalem
mertega, 60 pun punika 1600 iji.
===================================
Wangsulan saking Abdulatip dhateng Kartasari mantri Lid, ingkang
sampun tatela gendhingipun awit saking lepat ing panyerating
kalenggahanipun.
Kula sampun maos seratipun mantri Lid ingkang kapacak wonten ing
serat Jurumartani ongka 18

Kala ngajeng kula amastani yen mantri Lid wau tatela ing
gendhengipun awit sakin glepat anggenipun nyerat kalenggahanipun
dene ing sapunika kul mstani, manawi piyambakipun sakalangkung
gendheng, jalaran saking boten pisan-pisan mangertos serat kula
ingkang kapacak ing Jurumartani.
Pratelan kula ingkang ingkang kados makaten punika, bilih
boten kinekahan dening pratondha yektos saestu boten saged
rinojongan ing ngakathah.
Wondene ing saleresipun kula boten susah anerangkaen malih,
sabab sinten-sintena ingkang pancen saged angrembag prakawis
lajeng sumerep kemawon ingkang lepat utawi ingkang boten anang-
ing bok manawi wonten priyantun ingkang sumaput dening pango-
cehipun mantri lid ingkang sampun katawis kurrdanipun jalaran
angobat-abitaken dadamelipun inggih punika ingkang dipun wasta-
ni Trengwillihdrig. Rekane arep ngagorohi pitembungan walonda
sing dawane mung sanyari.
Ingngandhap punika katranganing pitembungan kula ingkang sampun
kasebut ing nginggil wau, bilih pun Prewilihdrig sampun tatela
gendhengipun, wonten pitembungananipun mantri Lid ingkang mungel
makaten: kula kabatanga manggih kasangsaran kacopot jebling
saking kalenggahan kula awit lepat panyerat kula jawi. Dados
panampinipun mantri lid wau, kok kados sampun kapasthi anggeni-
pun badhe nemahi kasangsaran, mongka murading serat kula botten
makaten kajengipun.
Ing serat kula ingkang kapacak ing jurumartani ongka 16 wonten
ungel ungel an ingkang kados makaten: wonten malih ingkang
mastani manawi tumenggung Rajaniti kirang patitis kalatas saking
lepat pangangkaning titimangsanipun serat Jurumartani, dados
nalare meh makaten punika ingkang minongka kadamela lalandhesan-
ing busukipun, saupami pangadilan andhawahaken karampungan kala-
rasa saking kalepataning tiyang ingkang sakalangjung sumapala
makten boten wande kartasari ingkang dados Mantri Lit badhe
anemahi kasangsaran kapocot saking kalenggahanipun amargi
saking panyeratipun Lit mawi amejahi aksara "ta", leresipun
amejahi 'da' mongka mantri Lid punika kedah sumerep dhateng
aksara walandi.
Lah punika pitembungan kula ingkang sampun pinacak ing Jurumar-
tani ongka 16 wau, dados kula amung nedya damel sanepa, kapirit
saking ungel-ungeling seratipun manstri Lid, kok sampun kula
pasthekaken anggen sampeyan bhade anemahi kasangsaran boten mas.
Kajawi saking punika menggah pangobrol sampeyan Maseprang Willih
drig bab panyeratipun Lid utawi Lit punika taksih nyimpang
saking leres.
Para priyantun ingkang sami ngrembag prakawis kula akaliyan
mantri lid kula aturi anggaliha piyambak.
Pitembunganipun Kartasari dhateng kula mungel makaten: Yen sam-
peyan mratelakaken tembung walandi, mungel lid punika boten
mejahi, 'ta' boten mejahi 'da', panyeratipun makaten lid, dados
mejahi dhe.
Mongka panyeratipun mawi mejjahi 'da' tur sampun kawastanan yen
boten mejahi 'ta' boten mejahi 'da' ananging 'dhe' ing wusana
panyeratipun mawi mejahi 'da'.
Sasebutan makaten punika rak boten tumempel sakedhik-kedhika ta
mas.
Menggah pitembunganipun Kartasari bilih seratan walandi mungel

radhen , punika inggih taksih tumpang soh, sabab tumrapipun


sastra walandi ugi sinerat raden, dene panyeratipun aksara 'da'
punika makaten aksara dha kinandhing ing ha, mungel 'da' punika
makaten sampun kamupakatan ing akathah, kajawi saking mantri lid,
ingkang tingalipun ambegumuna, ing salajengipun Kartasari amasta-
ni bilih kirang dhemesipun yen mejahi 'dha' saha kawastanan
pelo, wondene pelo botenipun punika mas, prakawis bab bedaning
raos.
Ingkang kawastanan pego dening tiyang Surakarta, boten kaanggep
pego dening tiyang pasisir, sabab kendhanganing talingnipun
tiyang pasisir akali lan Kartasari bok manawi beda.
Ing wusana mantri lid amstani yen aksara da tuwin ta punika
tunggil warna, mila panyeratipun lid lan lit kaangep sami ugi.
Bilih makatena panyeratipun sabda akaliyan sabta punika kedah
sami, malah-malah kenging kaserat makaten sapta, awit ba kaliyan
pa kabaripun inggih tunggil warna. Pikajengan sampeyan rak inggih
makaten ta mas. Kados pundi mas sampeyan punapa sampun terang
dhateng sasebutan kula, yen dereng kedah binudi pinungsen rumiy-
in kados kula boten badhe sumelang kaloloan ing pangoceh sampey-
an.
Ing sapunika punapa kula kallan anetepaken ing gendheng sampeyan
yen boten inggih kula obrkaken tumunten.
Punapa sampeyan taksih gumun dene kula purun damel sanepa kados
ingkang sampun sampeyan serepi, ing suraosipun.
Kjawi saking punika Mantri Lid amastani yen pangecapipun serat
jurumartani, saking pamidhangetipun dede Prawilihdrig
Ing ngajeng kula sampun anyebutaken mantri Lid badhe ngumumaken
kasagedanipun dhateng basa walandi, ananging andadosaken cuwaning
manah kula, dene panyeratipun Prawillihdrig punika lepat lere-
sipun dede prayedrik utawi: dede wilekerehedrik tegesipun boten
kenging angecap pitembungan sakajeng-kajengipun dados mawi wates.
Kula inggih boten pisan-pisan bahde ngijati pandakwa sampeyan
mas bilih kula remen mancah, cathek-cawel sapanunggilanipun
sabab kula rak sampun ngaken manawi badhe anetepi lelabetan kula
cathek-cawel.
Mila makaten awit kula welas sanget aningali cemplang raosing
seratipun Kartasari lan Sukamulya sapanunggilanipun dados kula
s\umedya anggugah engetanipun ingkang boten kanthi budi.
Punapa dene kula boten pisn pisan nedya damelaken pola serat
karampungan dhateng Mangkupraja utawi Rajaniti, saha boten gadhah
pamrih amimirang karaton dalem Surakarta. ananging kula eram
sangetdene priyantun wadana kakalih teka sami jawab-jinawab
campah-cinampahan wonten ing serat Jurumartani, kados lare alit
mila saking pamata wis kula pantes kadhawahan serat pikudhung
kerampungan.
Wondene ing karampungan wau kula boten rumaos bau kapini, sabab
kula tan amilih jalma, dene sampeyan Mas Kartasari ingkang tinga-
lipun baud atrembagang prakawis sampeyan kula aturi ngangggit
serat karampungan ingkang jejeg inggih sampun mawi ambahu kapi-
ni, sabab sampeyan tingalipun badhe ambyantoni mangkupraja,
inggih sumongga mugi andugekna ing karsa, kula ingkang badhe
tutulung dhateng Rajaniti, punapa malih sampeyan kula aturi
anglebetaken sakathahing sasebutaning angger ingkang badhe kangge
ing serat karampungan sampeyan ananging mas Pratogi dipun atos-
atos sabab sakathahing priyantun ingkang sami ngrembag prakawis

sampeyan prsasat pangadilan luhur, ingkang wajib ambatalaken


karam[pungan bilih botn tekah ing wawatonipun.
Abdulatip,
===========================
Panuwun kula dhateng panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat
Jurumartani, ingkang mugi mugi serat kula punika kapacaka wonten
ing Serat Jurumartani.
Kula sampun amaos serat Jurumartani, ongka 14 ingkang mawi ka-
tandhanipun Abdulatip, menggah suraosipun wawangsulan dhateng
Sukamulya ingkang sisilih aran, sabab anggenipun tumut angawon-
awon tumenggung Rajaniti, ingkang makili wadana jaksa nagari
Surakarta.
Ingkang punika, sakalangkung-langkung, suka pirenanipun ing manah
kula, saha kula angaturi panjurung pupuji sokur ing ngallah,
dene Abdulatip priyantun Semawis mawi kagungan panggalih murinani
saha rumeksa, dhateng karaton dhalem ing Surakarta, tur murinani
ing saleresipun, yen a ingkang ngawon-awon tumenggung Rajaniti
wau sae ya, sabab punapa teka boten kapilih ing ratu kadadosaken
tumenggung.
Ingkang kaping kalih , kula sakalangkung gumun ngungun, aningali
saserataniun ingkang kakasih Kretasari mantri lit kitha caruban,
punika kula boten sumerep kajengipun, ingkang kasbeut ing nga-
jeng, piyambakipun amemoyoki, dhateng Tumenggung Rajaniti, sareng
ing wingking piyambakipun nyuwun walang dhateng tumenggung Rajan-
iti, lo, punika kados pundi, tiyang sampun kawastan boten petitis
sawi dipun tedhani wulang, ingkang kalih dene, piyambakipun dede
priyantun Surakarta, sar taksih lenggah mantri kemawon, teka
purun anglawan tumenggung, boten langkung amung anggenipun nyon-
gol-nyongolaken kasagedanipun, angungkuli, para tumenggung
nagari Surakarta, supados kapiliya ingkang sinuhun Surakarta,
kakresakna dados wadana jaksa.
Yen ta ingkang nama Kretasari punika sae ya, tiyang piyambakiipun
anak tumenggung, punapa ala boten dados tumenggung, alitipun
patih.
Ingkang punika, saking panuwun kula, ingkang mugi-mugi Abdulatip
wontena karsanip[un amangsuli, dhateng Kretasari Caruban.
Sinerat ing Pulo Onrus tanggal kaping 12, April taun 1867, ka-
tandhan Rajamenggala.
=============================
Panuwun kula dhateng panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat
Jurumartani, ingkang mugi-mugi serat kula punika, kapacaka
wonten ing serat jurumartani.
Kula punika, kenging katembungaken tiyang lumuh nganggur, anaming
sangking adrengipun, ing manah kedah ngaturi panjurungipun ing
serat jurumartani, ddos katemahan, pinten banggi manawi kagalih
ingkang saestu, andadosaken kasaenanipun, ingkang sampun rambah-
rambah, kula maos serat jurumartani, ingkang mawi katandhan
sukamulya, suraosipun animbrung, bab uduripun raden Tumnenggung
Mangkupraja, kalih raden tumenggung Rajaniti, lajeng kacampah
dhateng mas abdulatip, punika sakalangkung suka pirenanipun ing
manah kula, amuji dhateng abdulatip, yen ta abdulatip wau, teran-
ga ingkang dipun griyani, sarta genaha kampungipun, kalih prasa-
jaha anamanipuningkang sayektos, saestu kula kintun serat medali
angepos, boten kula lebetaken ing jurumartani.
Lajeng malih wonten belo tumut seton, nyandrel garan tanpa dipun
tumpaki, anongolaken sanderipun, sun Lid, kaprecaya ing kanjeng
gupremen, kang pantes kapilih adadi tumenggung jaksa Surakarta,
alajeng kacampah dhateng mas Wigyaopanitisastra ing Kudus, punika
inggih makaten malih, sakalangkung-langkun pamuji kula dhateng
mas Wigyapanitisastra, anaming yen ta kula akintuna serat
mnedal ngepos, saestu botenkapanggih ingkang punika mas, Abdula-
tip, Mas Wigyapanitisastra, saking panuwun kula dhateng sakaliy-
an, mugi lerstantuna sapanginggilipun, karsaha mapas, sakathahi-
pun para nalabung lampah, ingkang boten maedahi tur namung sapele
pamrihipun, mindhak anggidhuhaken, dhateng wiwinihhipuning ngu-
dur.
Ingkang kaping kalih, manawi sami sareju ing panggalih, saking
panuwun kula bab rebatipun udur raden tumenggung Mangkupraja,
kalih raden Tumenggung Rajaniti punika, prayogi sami dipun tinga-
li kemawon, kadis p[undi babaripun ing tembe, dene kawonten
nayaka, sami nayaka udur, kasebut wonten ing Jurumartani, dados
benjing ing wingking kenging kadamel wawaton.
Sabab punika sanes, kalih uduripun mas Wigya Panitisastra, kalih
mas Abdulatip, rumiyin, margi boten mawi pagepokan caranipun ing
karaton.
Sareng uduripun nayaka kalih punika, anggepokan dhateng nestha
madya utamanipun karaton dalem surakarta.
Sinerat ing Batawi tanggal kaping 24 wulan April, 1867. Katand-
han Raden Panji Suryawijaya.
======================
Tuwan ingang ngarang serat Jurumartani, Mugi karsawa nyithak.
Ing sadangonipun kula maos serat Jurumartani, boten wonten pante-
sipun ingkang suka tondha asta, anjawi namung, 1, Ngandulatip ing
Samarang, 2, Wigya Panitisastra, ing Kudus, kaliya saking punika
sangking pangraos kula boten wonten ingkang patut anaweni pun
Raden Panji, Puspawilaga, ing Surakarta, para priyayi berbudi ing
sastra, priyayi tetiga wau, sampun kinging kula wastani dados
sasekaraing serat Jurumartani, sadaya-daya inggih patut anaming
ingkang kinging kula cithak ing ber kuwanenipun ingkang klayan
ambeg wicaksana, namung priyayi, 3, wau bab kadurjanan pangikal-
ing paben kening kula telan, anamung yen boten amacakaken punapa
sak kawontenanipun ing penggalih sak wedalipun Jurumartani, kok
sanget kembanipun saha sepen, tur mawi sanget, boten toh namung
punapa, ing sarehning, tapak astanipun priyayi tatiga wau, kathah
paedahipun kenginga kula telad angudi kalantipan supados muta-
matan dhateng para bodho, ing ngatasipun tiyang cubluk terwi-
lun, eku la kok meksa menggah pamurih kula wedaling kalantipaning
panggalih boten mandar, sak parengipun, sami-sami kersa watak
anggendhong umos kathah saenipun katis bang sanesipun.
Ing wusana panuwun kula, mugi sampun mawi andibyakaken runtek
dhateng ingkang ngaturi serat punika dipun agung pangapunten ipun
priyagung tetiga wau.
Kasrat ing Kadireja, tanggal kaping 23 wulan Besar taun Alip,
angkaning warsa, 1795
Kula ingkang suka tondha, amrih thukuling drajat kang mijil Mulku
tanah jawi, pun Puspanirdaya.
Cangkriman kula sami kabatanga.
Wonten satriya ngemasi atine kinaniyaya, lelima sanak rowang
ngerino dasa jroning guwa, ludira andres muncrat, patine binuwang
metu kunarpa sakggone tiba. "i"

Kula Kang martandhani, Kryakirtika, ing Kadireja.


=======================================
Pawartos warni-warni
Kanjeng Raden dipati Danukusuma, Bupati ing Mgelang ing mangke
santun nama angagem namanipun ingkang rama: Kanjeng Raden Adipati
Danuningrat.
==============
Jayalelana asring mireng saha amaos serat pakabaran malajeng,
bab indhaking begalan ing Panarukan, sarta sampun angalami piyam-
bak kabegal, menggah pratelanipun kados ing ngandhap punika:
kala tanggal kaping 1 wulan April ingkang sampun kapengker,
Jayalelana saking Bondawasa badhe dhateng Panarukan, saha
lajeng kalampahan.
Jayalelana ngantos dumugi oukul wolu sonten taksih wonten ing
losemen, sasampunipun lajeng mantuk dhateng Bondawasa, wonten
ing Panarukan Jayalelana sampun mireng, manawi ing panggenan
ingkang kawastanan Randhu Agung resah sanget bab ing bebgalan,
dene panggen punika mawi kawastanan randhu agung, aamargi ing
ngriku wonten uwitipun Randhu AGung satunggil, kaprenah wonten
ing margi ageng, tebihipun kalih tengah pal saking pabrik ing
wringin anom, saha tigang pal saking kitha Panarukan, sareng
Jayalelana dumugi celak ing wit wau, lajeng wonten tiyang saka-
wan anyander dhateng Jayalelana, sarta badhe anyepeng kapalipun,
ananging Jayalelana ing waktu punika agebag kapalipun ingkang
lajeng anyander saalangkung rikat, kalampahan Jayalelana saged
medal saking bilahi.
===================
Saking pawartosipun kala tanggal kaping 10 wulan april ingkang
sampun kapengker ing Ngayogyakarta wonten uwit Waringin rebah,
menggah rebahipun wanvi pukul tiga siyang, dene uwit waringin
punika sakalangkung ageng, saha ngumuri pun watawis langkung
saking satus taun, rebahipun wa andhawahi kawating telegrap,
andadosaken paneram-eram dene kawat punika boten putung, saha
sakalangkung kuwawinipun anadhahi awrating waringin, boten mawi
andadosaken putungipun.
Sanadyan celaking rebahipun waringin peken ageng, saha kathah
titiyang sami lumampah wangsal wangsul, ewadenten boten wonten
tiyang ingkang tiwas karebahan ing uwit wau.
=====================
Wonten tiyang ing kitha Arlingen tanah Nederlan anampani arta
warni wang kartar dadamelan ing Rus arta punika badhe kadamel
ambayari sambutanipun,s arta lajeng kadekekaken ing brumbungan
asep, sareng makaten ingkang tampi arta kesah saking griya,
kalayan muring-muring, dene sababing anggenipun muring-muring
boten kacariyosaken, sareng sampun kesah, kacariyosaken manawi
semahipun mendhet arta wau, saha kalebetaken ing ulesing serat
ingkang sampun kawaos kala enjig, lajeng kadekekaken ing meja
malih, mila makaten awit saking semahipun agadhahi cipta, sampun
ngantos ical, sareng ing wanci jam 12 tiyang ingkan gjaler man-
tuk, aningali wonten serat ingkang kawaos wau taksih katutup
saha kadekekaken ing meja, lajen gkapendhet kasuwek -suwek awit
pikajenganipun ingkang jaler makaten punika, supados semahipun
sumerepa, manawi piyambakipun napsu sanget, tuwin supados sase-
mahipun ing tembe saged angatos-atos.
Sareng semahipun wau sumerep manawi ingkang jaler mantuk lajeng
dhateng ing ngajengan, aninglai kathah uwuh susuwekan kerts
tumunten uwuh punika kasaponan kaklempakaken dados satunggil

lajeng kacemplungaken ing latu.


Wasana awit saking cariyos ing nginggil punika, para titiyang
sageda sumerep piyambak manawi tiyang anyuwek kertas punika boten
sae ing saderengipun kawaos rumiyin punapa malih hawa naspu
punika asring andadosaken pituna.
============================
Tanah Katha-katha (tidak jelas cetakannya) tanah Sepanyol dereng
antawis lami wonten lindhu sakalangkung sanget ing kitha Merkia,
Oriila tuwin sapanunggilanipun, kalampahan titiyangipun ing dalem
sadinten sadalu sami tilem kadhar wonten ing jawi kemawon sami
ajrih lumebet ing griya, awit saking bokmanawi kajugrugan sabab
ing sadinten sadalu punika ebahing siti sakalangkung sanget.
==========================
wonten Jendral saking wadyabala ing tanah Amerika suka pariksa
kawontenanipun para wadya bala ingkang pejah wnten ing paprangan
ageng, kala ijg wulan Maret ing taun 1863, pratelanipun kados ing
ngandhap punika:
Ingkang pejah ing papranganutawi wonten sajawining paprangan awit
saking sami anandhang tatu, opsir............2900
Onder opsir tuwin Soldhadhu......................90886
Opsir ingkangpejah sakig sakit tuwin sanesipun... 2321
Onder Opsir tuwin soldhadhu ingkang pejah saking
sakit tuwin sanes-sanesipun.....................182329
-------------------------------------------------------
gunggung tiyang ingkang pejah sadaya............278436.
========================================================
Ing serat Jurumartani, ongka 19, kula sampun maos seratipun Raja
Manggala, Surya Wijaya,lan Puspanirdaya: priyantun titiga wu sam
anyukani panggunggung dhateng kula, Wigya Panitisastra, tuwin
Panji Puspawilaga. Ing samangke panuwun kula dhateng priyantun
kakalih Raja Manggala kaliyan Puspanirdaya, mugi sampun kaangetan
anggenipun dhawahaken pitembungan arum dhateng kula, sabab kula
punika ambeg sumangkeyan mila kula sumelang, bokmanawi kayungyun
ing kondha, sahalajeng mongkok, tuwin ambaledhos, kajawi saking
punika, panuwun kula dhteng Suryawijaya, manawi saestu badhe
kintun serat dhateng kula mugi karsaha angintunaken kemawon
dhateng tuwan F.W.Winter jurungarang serat Jurumartani, sabab
tuwan wau sumerep dhateng nama kula sayektos miwah dhateng griya
kula.
Abdulatip
============
Kula sampun maos seratipun Raden Panji Suryawijaya ing Batawi,
katiti mangsan tanggal kaping 24 wulan April ing taun 1867,
kapacak ing serat jurumartani kaping 9, wulan Mei punika, ing
ngriku Raden Panji Suryawijaya amratelakaken, bilih sakalangjung-
langkung pamujinipun dhateng Wigya Panitisastra, saha yen ta
kintuna serat medal ngepos saestu boten kapanggih, ing salajengi-
pun gadhah anedha dhateng Wigya Panitisastra tuwin Abdulatip,
lesantuna sapanginggilipun sami puruna mapas sakathahing para
nalabung lampah ingkang boten maedahi, tur amung sapele pamrihi-
pun mindhak anggidhuhaken dhteng wiwinihpun ing ngudur.
Ing manekg wawangsulan kula rden sampeyan amumuji dhateng Wigya
Panitisastra, makaten ugi pun Wigya Panitisastra sakalangkung
sukur, dene sampeyan karsa anggalih dhateng rukunaning ngagesang,
pamanah kula sampeyan amesthi boken kakilapan dhateng kawajiban-

ing titiyang gesang, kedah rukun kaliyan sasaminipun awit rukun


punika andadosaken daya, wangsul ingkang nama Sukamulya tuwin
Kartasari kalih pisan sami ngupados congkrah, katawis saking
anggenipun kami purun dahwen dhateng prakawis ingkang dede
leresipun wah lajeng sami angiloni dhateng Mangkupraja, kadadosa-
nipun kenging kawastanan cathek-cawel tanpa nalar, wasana lajeng
kasaru ing titiyang sanes, manawi tiyang sae samesthi boten
makaten tandukipun, leres-lepat punika kedah wwonten Mangkupraja
tuwin Rajaniti.
Menggah pangandika sampeyan bab serat manawi kakintunaken dhateng
Kudus badhe boten dumugi dhateng Wigya Panitisastra, punika
leres, ananging tiyang gesang manawi gadhah seja sae, lami utawi
enggal amesthi badhe kadumugen ing sejanipun wau, wasana panedha
sampeyan, kula kapurih amapas sakathahing Parana Labung lampah
ingkang boten maedahi, punika sampeyan sampun sumelang raden,
awit kula taksih angajeng-ajeng wangsulanipun Kartasari Caruban
dhatng kula, ananging ngantos ing dinten sapunika wangsulanipun
dereng kapacak ing Jurumartani, bok manawi Kartasari saweg
angupadosi dintenipun ingkang badhe adamel ungguling jurit.
Katandhan Wigya Panitisastra.
=============================
Punika wangsulaning seratipun Puspanirdaya, ingkang kapacak ing
Jurumartani kawping 9 wulan Mei punika ongka 19.
Menggah panggunggung sampeyan dhateng kula, Abdulatip tuwin
Puspawilaga, punika inggih kula anggep, amargi kula manah manawi
sampeyan remen sanget amaos bab udur, ingkang pamrihipun amung
anerangaken lepating patrap, saha anglandhepaken engetan, sanady-
an pitembunganipun Wigya Panitisastra tuwin Abdulatip asring
anyanyampahi, ewadenten pikajenganipun amung saged amedalaken
budi ingkang patitis, sarta amapas sawarnining udur ingkang
kirang pantesipun wah kanthi lenaning pambudi, awit tiyang apra-
kawisan punika prakawissipun kedah kacepenga saking sirah, sampun
ngantos kacepeng saking buntut, punapa malih pamrihipunsampun
ngantos angetrapaken pitembungan ingkang damel gugujenganing
ngakathah, ananging sarehning sampeyan amastani dhateng ingkang
sami suka tondha asta, kawrat ing jurumartani, boten wonten
pantesipun, ing mangke kula purun purun amabeni bab kalintuning
panampi sampeyan, pamanah kula piyambak manawi para priyantun
ingkang sami kintun seat minongka panjurung Jurumartani, sadaya
kemawon sampun pantes kagunggunga, amargi saking anggenipun sami
karsa anyantosani bab ajeging wontenipun serat Jurumartani,
mila sapunika panuwun kula dhateng para priyantun ingkang sami
uka tondha asta kawrat ing Jurumartani, mugi lestantuna ing
salami-laminipun bab anggenipun asuka panjurung Jurumartani,
supados ingkang sami maos serat Jurumartani saged sumerep dhateng
pakabaran ingkang saking nagari ing pundi-pundi, saha sampun
ngantos anglagewa dhateng pitembujganipun Puspanirdaya, bok
manawi Puspanirdaya punika taksih kodheng, bilih daya punika
wontenipun saking biyantu.
Wasana panuwun kula dhateng Puspanirdaya, mugi karsaa anggalih
ingkang memet rumiyin saderengipun asuka pangunggung utawi
panacad dhatng ingkang sami ambiyantoni saha anyantosani wonteni-
pun serat Jurumartani, dene manawi wangsulan kula punika dereng
andadosaken condhonging karsa sampeyan, mugi-mugi agunga panga-
punten sampeyan, saha karsa alajeng anerangaken kawrat ing Juru-

martani bab kalintuning panampi kula. Katandhan Wigya Panitisas-


tra.
============================
Kula ningali serat Jurumartani, ongka 19, seratanipun Abdulatip
tiyang Semarang, angawon-awon dhateng kula, sarta netepaken yen
kula gendheng, ing mangke wnagsulan kula, Abdulatip, kula tete-
paken gemblung sanget, katawis anggenipun mastani warnaning
sastra guru, kaserat warganing pasangan, sabda, kalih, sabta,
mila sanes sanget, kang kula criyosaken ngajeng, warganing sastra
guru, dede pacangan da, mitraning ta, inggih punika warga,
kenging gentosi-ginantosan, kadosta nyerat mungel dak tempili,
kenging ugi, tak tempiling, dak suduk, kenging, tak suduk, dak
pangan kenging mungel tak pangan, dhuwid kenging mungel, dhuwit,
punika warnaning sastra, boten kados kanegipun gemblung Abdula-
tip bakperes tiyang semarang mekaten, supandene reka badhe magang
Jurubasa, ing Jurumartani, Surakarta, anggelarake ngelmu Kodrad,
punika buk walandi, dipun westani Natirkindheh, kula boten eram
mas, awit kala kula umur 18 taun kula smapun maguru bab Natir-
kindheh, guru kula tuwan pandhita enggris, ing Kampung Parapatan
ing Batawi, tiyang dipun kethok sirahipun dhel, rah taksih
gagodrs, ototipun ing satunggal tunggal, sami dipun leres aken
gulu lajeng kalebetaken ing mapes lembu, utawi maesa, pun impes
kasolahaken sawatawis, pun sirah cangkemipun saget bengok-ben-
gok, punika ugi kula sampun kawulang.
Abdulatip nyariyosaken Sastra Panjen Sastra walandi, dha, ha,
dados da, punika saya kedahaken gedmblungipun , diwor lenga
ngantos satus taun, mangsi sageda dados da, sagedipun mungel
dheha, manawi kataring, mejahi na, mungel dhahen, boten saget
mungel den.
Abdulatip mastani , bab papriksan remeh , boten kenging kaingga-
haken pangadilan, punika sangsaya saya anedahaken migemblungi-
pun, yen lampahing prakawis nagari kula, lampahing prakawis
punika, sangking papriksan remeh, lajeng kalampahaken bolu
rambatan siti, ngantos saget manggih sabab kang ageng, lajeng
kainggahaken ing pangadilan, saingga wonten karampunganipun.
Yen kula serata sedaya, kekathahen mindhak neseki ing jurumarta-
ni, lan kula boten sumedya nyerat ing Jurumartani malih, boten
langkung mas kula namung suka slamet jalan enggen sampeyan
sumedya dados jurubasa ing Surakarta, mugi sageda kalampahan,
dene yen kula gendheng, sampeyan gemblung, ddos sampun cok mawon
mas, boten susah mawi bayar sareman.
katandhan Kartasari, ing Caruban.
=====================
Ingkang mugi srat kula punika kapack ing Jurumartani elok.
Pawartos le, kalih prakawis menawi kelampahan tamtu andadosaken
sanget pitunanipun ing parentah, saha kasusahanipun para waris
sanget ingkang sampun kalampahan mongka dereng untawis lami,
wusana badhe wonten malih nujonipun lajeng wande, awit saking
prayitnaning pulisi.
wondene , ingkang sampun kalampahan anderng untawis lami, sak
lebetipun taun ongka 1866 tanah ing Kabupaten Brosot bawah ing
Pakualaman karesidhenan ing Ngayogyakarta, wonten 1, tiyang
bongsa Cina, nami babah Cap Pyeh, gadhah, jana, jana, dhateng
ingkang estri, dipun dakwa remenan dhateng tiyang sanes, nanging
dereng wonten cinanipun, ing wusana wau Cap Pyeh semahipun

pinuju tilem lajeng dipun berek jangganipun mawi peso agng,


panjang, 1, kaki, wiyar, 2 dim, ugi ngantos dumugi pejahipun sak
nalika Ruinyah Cap Pyeh wau pinuju kaberek janggganipun ugi
saged bengok anaming sareng badhe dipun tulungi tiyang kathah,
babah Cap Pyeh lajeng berek jangganipun piyambak naming boten
pejah, wantu berek jangganipun piyambak inggih boten rosa, sarta
selak konangan tiyang kathah, dumugi sapunika babah Cap Pyeh,
teksih wonten ing kunjara.
Wondene awit badhe wonten malih nujonipun sande, , saweg nalika
wulan Besar tanggal kaping 23 wonten 1 tyang nami Wirya Taruna
griya kanpung ing kabupaten Brosot, punika ingih gadhah penyana,
dhateng ingkang estri , dipun dakwa asring purun remenan dhateng
tyang sanes, nanging boten wonten cinanipun, badhe gadhah akal
kados cina nami Cap Pyeh wau, naming lajeng kathah kogelipun
boten tahan ing manah, saha lajeng dipun prayitnani tangganipun
ingkang celak ing pagriyanipun awit tangganipun tiyang nami
Mangundikrama, lajeng among dhateng ingkang dados pulisi, kam-
pung ing Brosot, ingkang dados pulisi lajeng suka wiwulang
dhateng Mangundikrma wau, sebarang ingkang nama dedamelan wesi,
ingkang landhep ingkang lancip, kapurih ingetdaken, sampun ngan-
tos suka sambut dhateng Wirya Taruna wau, senajan tangganipun
sedaya, inggih sami dipun dhawahi makaten.
Sareng sawentawis dinten, pun Wirya Taruna wau, gadhah akal
malih, boten wonten tiyang ingkang sumerep, sumerepipun dhateng
tyang kathah, sareng pun Wirya Taruna sampun kelajeng mendem,
sak lebetipun mendem wau saged ngoceh, ngakena mentas nedha
kecubung telas, 2 iji, sarta mawi bopong anjing galak, dipun
gigit ing anjing galak wau boten kadamel raos, tondha sampun
mendem yektos, pangocehipun wau, sagawon punika karengkuh semahi-
pun ingkang dipun dakwa asring bebedhangan wau, panedhanipun
kecubung wau supadosipun sageda dumugi anggenipun badhe anganiaya
ingkang estri, yen boten tamtu saget mawa damel ingkang setri,
sumedya badhe nglalu piyambak, mejahi badanipun sageda nir,
kogelipun ing manah, saklebetipun ngoceh makaten wau, tangganipun
ingkang nami mangundikrama, lajenglumajeng pratela ing pulisi,
tyang kang mendem wau lajeng kesah boten kantenan, sarta mawi
beta, 1, alu, sareng pulisi sampun tampi pratelan, ugi lajeng
sumeja tumundang, cepeng dhateng tiyang mendem beta alu wau margi
kathah mutawatosipun, bokmanawi lajeng bilaheni tiyang tuwin
bokmanawi ngobong griya, anaming tyang kang mendem wau kesahipun
boten kantenan, mongka mangsaniipun dalu petengan, sangsaya
andadosaken susahipun tiyang kathah.
Anaming pulisenipun malah sangsaya nemen anggenipun madosi, boten
sumeja kendel, senajan ingkag mendem wau mawi beta alu, naming
boten sumedya ajrih, sarta boten sumelang yen kadhatengan bilahi,
pangubresipun mdosi wau mawi oncor, senajan, boten sumelang
bilahi, inggih boten nilar pangati-ati, awit sampun wajibipun
jagi rumeksa dhateng bawahipun sedaya, ngestokaken dhawuh ing
parentah, supados sampun ngantos wonten tiyang gadhah lampah
damel karisakanipun para tiyang sedaya.
Tyang kang mendem wau sareng sampun pinanggih lajeng kacepeng,
senajan bab uninga pulisi ingkang sumeja ajrih lajeng kajiyat,
kapurih jeng ipeng lajeng kadhatyang, tyang kathah langkung rame,
tyang kang mendem wau lajeng kaerut ing wit kajeng ageng, anami
pulisenipun lajeng kajibah jagi rumeksa, sedalu punika.
Ing Kabupaten Brosot tanggal kaping 29 April 1867
Katandhan Lurah Playangan, Sastracaraka, S.T.R.
====================
Panuwun kula ing panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat
Jurumartani, mugi seratan kula ing ngandhap punika, kersa amacak
ing serat koran Jurumartani, lowung kadamel isen garis kang sela.
Jurumartani kamis kaping 9 Mei 1867, ongka 19
Kula maos serat cangkrimanipun mas Karyakirtika, ing Kadireja,
sekar asmarandana, namung sapada ungelipun mekaten. Wonten sa-
triya ngemasi patine kinaniaya, lelimasan nak rowange rinoda
sajroning guwa, ludira andres muncrat, patine binuwang metu
kunarpa sanggone tiba.
Cangkriman sampeyan punika Mas Karya Kirtika, nagari sampeyan
Kadireja, emperipun sampun kalebede adi sanget mila sampeyan
pacak ing Jurumartani, yen nagari kula ing gorang gareng, punika
cangkrimanipun lare-lare, sarehning sampeyan aken batang ara
priyantun kang sami nampeni serat jurumartani, pambatnag kula,
punika kinang, yen sampun kalepeh sepah ing kina, kabucal saeng-
gen-enggenipun, nanging kula boten susah nebus cangkriman kawrat
ing serat jurumartani saking bosen kula.
Katandhan Ngabei Sastrawijaya, ing Gorang-gareng, tanpa titi
mongsa.
===========================
Para priyantun ingkang taksih gadhah sambutandhateng kantor
lelang ing Surakarta kala ing wulan Januwari 1867, ig mangke sami
kaemutaken ambayara sambutanipun wau saderengipun utawi satelas-
ing wulan Mei punika, manawi boten angleksanani ing pambayaripun
sambutan wau badhe katagih medal saking pangadilan.
Surakarta kaping 1 Mei 1867
Ingkang nguwasani kantor lelang
Katandhan Bosower.
======================
Ing tokonipun tuwan Jaspres enko para tiyang saged pikantuk
atumbas pisis dadamelan cina sakalangkung sae, saha kawadhahan
ing pethen kajeng candhana, punapa malih serat kadamel wadhah
gambar-gambar sorot, saha pelangkan gambar sorot , menggah regi-
nipun sakalangkung mirah.
================
Tuwan Jaspres en ko sade serat pananggalan etang taun jawi,
kangge ing salaminiun, menggah reginipun sarupiyah satunggil
abayar kenceng
===============
Tuwan Jaspres enko sampun ambikak panggenan amyamak serat-serat,
panyamakipun mawi wacucal sadaya, utawi amung sapalih, manawi
sampun rampung angenipun anyamak, pangintunipun dhateng ingkang
gadhah punika badhe karumantosan sae.
===========================
Pawartos warni-warni
Uwit ingkang wijining wohipun kenging kadamel lisah.
panggenanipun uwit punika wonten ing nagari Cina, wijining wohi-
pun dados gagramen ageng, sarta kabekta dhateng tanah indhiya,
menggah uwit wau enggal agengipun wonten ing tanah Cina sisih
kang ler kilen, ing ngriku sakalangkung kathah ing uwit ngantos
leksan, angsal-angsalanipun wijining woh punika ngantos pinten-
pinten tong. Wiji wau kenging kadamel lilin ingkng sakalangkung
saenipun, urubipun padhang sanget, saha boten gadhah kukus, uwit
punika saged gesang ing tanah inggil utawi andhap radin, manawi
wijining wohipun kasebar enggal thukulipun, ing dalem wolung taun
wiji punika sampun dados uwit inggilipun tigang kaki, saha ngrem-
payakipun nem kaki mubeng, dene kajenging wit warninipun pethak,
saha sakalangkung sae kadamel papan ukir ukiran, menggah god-
hongngipun kenging kadamel ecat.
=======================
Wedalaning sata sajagad
Menggah wedalipun sata sajagad pratelanipun kados ing ngandhap
punika:
Ing tanah Asiyah satus seket gangsal yuta pon Nederlan
Ing tanah Eropah satus kawan dasa satunggil yuta pon Nederlan
Ing tanah Amerika satus kawan likur yuta pon Nederlan
Ing tanah Afrikah kalih welas yuta pon Nederlan
Ing tanah Australiyah kawan kethi pon Nederlan
======================
Bab kathahing panganggenipun kertas
Menggah panganggenipun kertas ing Englan ing dalem sataun watawis
telas, 230, yuta pon. Ing Prangkrik 195 yuta pon
Ing tanah Amerikah sanadyan sakedhik tiyangipun panganggening
kertas kathahipun angungkuli ing Englan kaliyan Prangkrik, tela-
sipun kertas ing dalem sataun, 440 yuta pon.
=======================
Kasangsaran wonten ing margi karea asep.
kala tanggal kaping 26 Pebruwari ingkang sampun kapengker, wanci
dalu, wonten kasangsaran ing margi kareta asep ing tanah Inggris,
jalaran saking putunging bumipun kareta ingkang isi barang-
barang, kareta isi barang barang punika medal saking pancen
marginipun kareta asep adat saben, andadosaken bingunging tiyang
kathah ingkang sami anumpak kereta asep wau, punapa malih wonten
kareta sawatawis ingkang isi sandawa inggih lajeng sami medal
saking margining kareta asep, wekasanipun kareta asep kakende-
laken, boten dangu tumunten wonten kareta asep isi barng-barang
katingal dhateng, saha medal margi ing ngriku, ing nalika saman-
ten para tiyang sami numpak kareta asep ingkang kakendelaken wau
sangsaya bingungipun, kalampahan kasupen angendelaken lamahing
kareta asep ingkang dhateng punika anotog kareta ingkang isi
sndawa, sanalika sandwa anjeblos knging latuning kareta asep,
ungelipun sakalngkung sora sanget, salaminipun dereng wonten
kasangsaran ingkang sanget kados makaten, dhistrik ing ngriku
kapadhangan sadaya saking sulaking latunipun sandawa ngkang
anjblos, sarta oreging siti kados wonten lindhu, menggah ingkang
nglampahaken kareta asep sakaliyan sami malesat ing ngawang-
awang, dene suku tangan gembungipun sami dhawah tebihipun 16 mil
wasana barang barang ingkang kamotaken ing kareta asep sakaliyan
boten wonten ingkang kantun, sami kabesmi sadaya, sarta kabesmi

ning kareta asep sawawratipun ngantos sawatawis jam dangunipun.


=========================================
Dipongga ingkang alit piyambak saha dereng nate wonten ing tanah
Inggris, sppunika saweg wonten angsalipun saking Rangun tanah
Indhiya wingking. Dipongga punika inggilipun amung tigang kaki,
saha sakalangkung tututipun, sareng Dipongga wau kaudhunaken
saking baita, kabekta dhateng griyanipun ingkang gadhah, lajeng
lumebet dhateng griya panggenanipun tiyang sade inuman, ing
ngriku Dipongga amendhet gelas ingkang wonten isinipun bir,
ingkang kadamel anyepeng gelas inggih talalenipun, lajeng kaombe,
andadosaken bingahipun para tiyang ingkang sami wonten ing griya
genipun sade inuman wau.
===================================
Menggah kitha ingkang ageng piyambak ing jagad sapunika dede
Londhon tanah Inggris, amung kitha yen Yedho tanah Japan ingkang
ageng piyabak, salebeting kitha ing ngriku kathahipun griya 1,1/4
yuta, dene titiyangipun wonten 5 yuta, lurung-lurunging kitha
kathah, saha panjangipun ngantos lampahan pitu utawi wolung jam
satunggil-tunggilipun.
==========================
Penget iki layang karampungan tinibakake ing prakara kang guman-
tung ing ngantarane Abdulatip alelawan karo Kartasari Mantri Lid
ing Caruban.
Babeneran wus amriksani ature Kartasari kapacak ing layang Juru-
martaniongka 20.
Pamikire babeneran kaya ing ngisor iki:
Babeneran wus amriksani ature Kartsari unine: Si abdulatip wus
tatela ing gemblunge, jalaran saka olehe ngarani warganing sastra
guru, katulis warganing pasangan.
Babeneran wus angrembug si Kartasari nalika anduweni pangoceh
kaya kang wus kasebut ing layang Jurumartani ongka 18 ora pisan-
pisan anduweni pamikir bab bedaning wargasastra guru lan waraning
pasangan kang cinturake mung bab padhaning warga.
Babeneran wus angrembug mungguh ature Kartasari bab gemblunging
Abdulatip iku kudu kinureban dening prtondha kang luwih kukuh,
mulae pandakwane si Kartasari kudu kabatalake sak kal marg sepi
saka ing sabab.
Babeneran wus anguningani seseregane Kartasari yen Abdulatip
reka-reka arep magang jurubasa, ana ing layang jurumartani, awit
anggelarake elmu kodrat.
Babeneran wus angrembug yen aturan kang kaya mangkono iku,
wiwinihe gethinging si Kartasari, amarga dheweke ora kaduga,
angarang caritane elmu kodrat, dene sarupaning aturan kang kawetu
saka cugetan aten sapa padhane hawa napsu, iku ora pisan-pisan
kena kaanggep bener, samono iku manut anggering pambudi padhang,
Babeneran wus anggalih ature Kartasari, yen dheweke wus tau
maguru bab Letir Kindheh (rekane) marang tuwan pandhita Inggris
ing kampung Prapatan ing Batawi, lan maneh Kartasari mau mrate-
lakaken ana wong di kethok endhase, getihe gagodres, otote kabeh
ppadha di benerake , guru banjur lkalebokake ing Mapesapi utawa
kebo, ing Mapes banjur kasolahake swatara, endhas cangkem mebi
sabengok-bengok.
Babeneran wus angrrembug yen ature Kartasari kaya mangkono iku
kalebu nglangkara lan mokal awit pandhita ora tau ngethok endhas
wong, amurih nerangake elmu kodrat, sanajana marang Kartasari,

kapindhone endhas iku ora bisa bengok-bengok kajaba endhase


mantri Lid marga dening gatug, kaping telune, cangkeming wong
kang kinethok endhase aming ginawe sarana bengok-bengok, sabab
manawi impes mau disolahake, temahane hawa malebu ing cangkem
dene hawa iku kang andadekake jalaraning pambengok.
Babeneran wus anggalih yen si Kartasari ora pisan pisan anggayuh
piwulange pandhita Enggris, samono iku durung karuwan MantriLid
wus tau menyang Batawi.
Babeneran wus angrembug yen susurupane Kartasaribab ngelmu Kodrat
ngemungake bab kethokan gulu, iya iku kang anetepake gendhenge.
Dene kawruh mangkono iku kang bakal di empakaken ana ing landrad
Caruban manawa panuju ana wonng dikethok gulune, Kartasari kang
ambengokake maneh, amurih wedine konca-kancane.
Babeneran wus anggalih, elmu Kodrat kang kaya mangkono iku ora
ana paidahe.
Babeneran wus anguningani ature Kartasari, uninge mangkone:
aksara walandi, dha ha, iku ora bisa muni, da, sanadyan dimorna
nganti satus taun.
Babeneran wus anggalih yen aksara: dha ha, mau ora kamoran amung
sinandhing bae, kajaba saka iku wus terng banget aksara mau ora
bisa muni: da, awit saka karepe dhewe, mulane kudu ana kang
ngunekake.
Babeneran wus angrembug si Anbdulatip ora pisan-pisan mratela-
kake yen prakara remeh ora kena kaunggahake ing pangadilan,
mulane Kartasari kajiyat anuduhake panulise Abdulatip kang kaya
mangkono.
Babeneran wus angrembug awit saka kang wus kasebut ing dhuwur
kabeh, yen Kartasari katetepake ing gendhenge, dene si Abdulatip
durung kena ing ngaranan gemblung, amarga pratelane si Kartasari
ora mawa pratondha yekti.
Mulane babeneran amatrapi paukuman marang Kartasari ora klilen
macak ing jurumartani lawase sasasi, amarga wus nandhukake pitem-
bungan goroh.
Layang karampungan iki bakal kapacak ing layang Jurumartani ,
supaya aja ana kang ngarani ora sumurup ing unine
Dhawuh ing karampungan ing dina Ngaad tanggal ping 19 Mei 1867.
Abdulatip
===================================
Wangsulan dhateng Abdulatip
Ing sarehning sak langkung anggen kula condhong, aningali saen-
ing pambudenipun mas Abdulatip dhumateng kalantipan kang sampun
katingal, ing mangke kula parlu angatingalaken anggen kula angru-
juki, sasampun terang pamanah kula ing panyeratipun mas Abdul
kasebut ing jurumartani ongka 14 ingkang anyariyosaken adrenging
karsaha nglairaken bab pamulangan ing pulo jawi kantos ing sala-
jengipun, seratipun mas Abdul wau wonten ingkang mungel kados
ing ngadhap punika:
Ing mangke kula pitaken dhateng bongsa kula sadaya, punapa pamu-
langan makaten wau mikantuki punapa wonten pigunanipun saestu
boten.
Ingkang makaten wau saking bodho cingkranging saserepan kula, ing
mangke kula perlu apitaken ing saestonipun mas abdul wau bongsa
punapa, sabab manawi kula laras saking namanipun angemperi yen
tiyang bongsa Arap, utawi bongsa agami Islam, ananging sareng
amastani yen pamulangan ing tanah jawi ingkang wiji saking Arap,

kaangep boten wonten pigunanipun, kdos dede bongsa Agami Islam,


yen saupami mas Abdul wau bongsa agami Islam punapa ateka
amastani yen pamulangan punika boten makantuki tuwin boten wonten
pigunanipun, mila adreng kula kedah amangsuli sasaget kula, bab
pamulangan ingkang makaten punika anggen kula amastani inggih
mikantuki tuwin wonten pigunanipun, awit pamireng kula ingkang
terangmakaten mas, pikajenganipun ing pamulangan wau, minongka
wawatoning agami Islam punika tembung Arap, sasampunipun sumerep
ing tembungipun Arab, tumunten dipun terangaken maknaipun, ala-
jeng dipun terangaken murad masutipun, utawi lajeng nerangaken
ing Tam blegipun, punika perlu ing ngatasipun tiyang agami islam
mas, ewadene manawi mas Abdul wau dede agami Islam inggih teka
pantes amakatena, sarta kula amung anyumangggakaken sabab
pancen sanes ing pamaggihipun ananging pamulanganipun modin
punika boten lepat mas, amargi minongka jalaran kasantosan ing
ngatasipun tiyang agami Islam, kados ingkang kula pratelakaken
ing nginggil wau.
Wondening pamurihipun mas Abdul supados para lare kaprasudi ing
pamulanganipun kanjeng gupermen, punika saklangkung-langkung
saking prayogi, ananging makaten mas ing Surakarta punika, yen
sangandhap sampeyan dalem gusti ratu kula kanjeng ingkang sinu-
hun, kinakemina anetepi ing kawajiban ratu asih ing kawula
akaliyan adilipun, tegesipun ing nanginantangaken dhumateng putra
santana abdi kawula dalem sadaya, samabewa dhendhadana, pratam
tuwan andhawuhaken papacuh pinten pinten ingkang sampun kalimra-
haken, utawi anggantangi karenanipundasih, sipat abdi dalem
bupati sapangandhap dumugenipun babekel dhusun, aliya patih jaksa
pangulu, ingkang tiyang sepuhipun eneepi ing kuwajibanipun anak
sae sarta saged anyekapi ing sadamel-dameling bapa, lajeng tinu-
runaken ing anak warisipun, dene abdidalem ingkang langkung sae
psuwitanipun ginanjar ing kamulyan, ingkang lepat inggih katrapan
utawa kaundur, ingkang makaten wau tumindak ing salamenipun,
sarta pinten kimawon mas ingkang winanta ganjaran kamulyan utawi
ignkang katrap punapa dene kaundur, boten susah kula cariyosaken
pantes sampun sami anyumerepi ing ngadil paramartanipun ing
karaton dalem Surakarta, ananging saking genging pangaksama dalem
kathahipun abdi dalem saha sakawontenipun para abdidalem sanagari
sadaya pranatanipun kapitadosaken ing papatih dalem, jaman ing-
kang sampun kapengker kang kula cariyosaken saking pawartosipun,
katelahing pangaksama wau tumrapipun mangandhap, ingkang panuju
titiyang bodho ing pikir kaworan gandhenging manah koruting
pamanggihipun anggeping kabatinan kalenggahan wau kadhaken gagad-
hanipun pyambak, tatilaranipun waris kakek moyangipun kasupen
yen punika kagungan dalem, kantos kalunta-lunta wonten kalengga-
han dipun sade utawi dipun gantosaken : punapa dene aken ing
ngaken satunggal kaliyan ing liyan, kathahing kang kados dados
prakawis dhawahing karampungan tamtu wonten menang salah satung-
gal awit saking waris wajip utawi sabab saking nging yatra,
kalampahan saget katetepaken dadosipun priyantun, boten kapirit
saking kapinteran tuwin kawekalanipun ing tiyang, inggih sampun
malih ing kang tumrapan damelan gampil kados ta tenggak kemit
pajang pasisiran tuwin amara sowan jaman rumiyin yen kaprasu-
diya milih tiyang kang kadunungan budi kawicaksanan, atyang
wadana jaksa Raden Tumenggung Rajaniti ingkang kacariyos cacat
tuwin bodhonipun kapilih dados wawakil, kilap ing tembe kadados-

anipun, wangsulan punika taksih wonten candhakipun ,


Surasajati kaping 10 Sura Ehe ongka 1796
Katandhan , Sukamulya.
==========================
Ing panuwun kula dhumateng panjenenganipun tuwan ingkang ngarang
serat Jurumartani, mugi karsa amacak serat kula punika ing Juru-
martani.
Kula aningali anggitanipun Ngabdulatip papethikan saking ngelmi
kodrat kula sak langkung gumun nngetuwun dene pun Ngabdulatip
purun sanget anggenipun belakakaken menawi ngelmi kodrat punika,
amadhangaken pamikir wah malih anguwasakaken ing sak pangginggi-
lipun kados pundi angsalipun saged, amadhangaken pamikirwau,
dene tan mawi wiwitan tan mawi wekasan ingkang punika, yen ker-
sane Ngabdulatip nami kapethik bab kodrati kemawon malah andado-
saken peteng ing pamikir, kalih dene malih, Ngabdulatip badhe
nerangaken sak wernining wujud kang kacemplungaken ing toya
wonten ingkang kembang, wonten ingkang kumelem weni sela ingkang
langkung saing alit kacemplungaken ing toya silem punika adat
kajeng, tur langkung sangking ageng ing kang ageng, kacemplungak-
en ing toya kemambang punika inggih dad, punapa boten angrrbag
bab wawenangipun ingkang maha suci, punaa purun Ngabdulatip
ambucala ing wawicalan yen menggah puruna, lajeng kawestanan kdos
pundi.
Besar kaping 25 taun alip ongka 1795, Murit ing ngudal abdulatip.
===============================
Cariyosipun Kiyai Bodho ing Karta.
Kala jaman panjenenganipun ingkang Sinuhun kanjeng Sultan Agung
Prabu Anyakrakusuma ing Matawis, paminggiring kitha ing Karta
wonten padhusunan alit, ingkang ababadhe pemahan wasta Kiyai
Bodho, pangupajiwanipun amung sade gendhis kalapa, dipun kinten-
kinten sacekapipun betah ing griya kemawon, langkunganipun ing-
kang kasade lajeng kasukak-sukakaken dhateng tongga tepalih, ing
sadinten-sadinten makaten lalabuhanipun, sareng ing nga lami-lami
anuju ingkang sinuhun kanjeng Sultan Agung ameng-ameng, dumugi
ing pagriyanipun kiyai Bodho karaos angelak badhe angunjuk,
lajeng mampir tedhak kaaturan lenggah salebeting griya boten
karsa, amung lenggah wontening ngemper alit kemawon, ingkang
Sinuhun Kanjeng Sultan Agung mundhut angunjuk, kiyai Bodho
lajeng angawe deresanipun, wit kala patumenggung piyambak, sreng
bumbung igknag sampun isi legen kapendhetg, wit kalapa lajeng
ngadeg jejeg malih, legen winadhahan ing mangkok kacaosaken
lajeng kaunjuk, sasampunipun ingkang sinuhun Kanjeng Sultan Agung
dumugi anggenipun angunjuk legen lajeng andangu dhateng kiyai
Bodho, dhawuh ing pangandika dalem, kakang: banget panarimaning
sun enggonira asasaos egen, ananging ingsun tatakon mu gajatenana
ingkang dadi lakunira, dene sira darbe mangunah kawasa angreh
tumulunging karambil, aturipun Kiyai Bodho gusti: kawula punika
sampun misuwur dados tiyang balilu ssanget, babasan boten sumerep
ing ler kidul, boten saged angungelaken Alip bokong utawi epa
pincang, saha boten nate siyam boten betah melek, ing sakadari-
pun tiyang ngalit amung anglampahi trima, lila, temen, sabar,
dhawuh ing wawangsulan dalem, lah iya yen mangkono bae ingsun
kaduga anglakoni, boten antawis dangu ingkang sinuhun kanjeng
sultan Agung kondur angadhaton.
Nunten ing ngantawis wulan malih, ingkang sinuhun kanjeng sultan
Agung tedhak dhateng griyanipun Kiyai Bodho malih, pangandika
dalem makaen, kaki:L wus antara patang pulun dina iki enggon
ingsun anglamkoni trima, lila, temen, sabar, ananging teka ora
darbe mangunah kaya sira. Kiyai Bodho amangsuli atur, Gusti:
Abdidalem punapa kalilan matur angeliraken dora dalem, wawangsu-
lan dalem , lah iya kakang elirena gorohipun, aturipun kiyai
Bodho, Gusti: ing sarawuh dalem kala wau panjenengan dalem
anyepeng sasawungan, boten dangu kauculaken malih, ing panyepeng
dalem kala wau mawi ekur-ekur, sareng sasawungan majeng wonten
ing ngars dalem amung kacepeng sakedhap kemawon, boten mawi
kaparingan pakan punapa-punapa, mongka panyananipun ayam anggeni-
pun majeng ing ngarsa dalem punika badhe kaparingan sekul, ing
wekasan amung kacepeng sakedhap lajeng kauculaken, dados panje-
nengan dalem kalebet andorani ayam sasawungan, milanipun sareng
kauculaken lajeng kaluruk, punika kapasemonipun kados memelehak-
en, telas aturipun Kiyai Bodho, ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan
Agung gumujeng suka sarwi angandika yen mengkono abot wong angla-
koni trima, inggih leres dhawah dalem punika, mila makaten
bengahanipun ingkang wonten ing ngasepen, manawi bebahanipun
ingkang wonten ing parameyan kabaripun makaten, panjenenganipun
para nata punika amung anetepana, tata, titi, pariksa wisesa,
manwi para wadya anglampahana, taberi, nastiti, ngatos-atos,
amirntos, punika gusti: leres lept kawula anuwun pangapunten
dalem, ingkang sinuhun kanjeng sultan Agung sangsaya andadosaken
suka pirenaning galih dalem, mila Kiyai Bodho lajeng kakula
wisudha dados abdidalem miji, kaparingan griya wonten ing Sura-
natan.
=====================================
Ongka 23, 6 Juni 1867
Pawartos wani-warni
Tiyang sakalangkung Cethilipun
Wonten tiyang tutuwi ing griyanipun tiyang sugih ingkang saka-
langkung cethilipun, sareng lumebet ing griya, tiyang cethilka-
panggih lenggah angadhep meja, , saha saweg anyathoki laler,
sareng makaten anggenipun anyathoki laler angsal satunggil, laler
punika kalebetaken ing wadhah gendhis, saha lajeng katutupan ing
tutupipun, ingkang mara tamuapitaken menggah patrap makaten wau,
wangsulanipun tiyang cethil, kadamel tetenger manawi gendhis
kacolong dening para rencang, tiyang cethil lajeng sumerep, awit
laler ingkang wonten alebeting wadhah gndhis amesthi ical sampun
boten wonten ing ngriku.
============================
Wonten pitaken bab tiyang ingkang kecalan kapal, sinten ingkang
kawastanan lepat, nunten wonten ingkang amastani manawi rencangi-
pun ingkang gadhah kapal punika lepat, wonten malih amastani
ingkang jagi kapal punika lepat, wekasanipun ingkang gadhah kapal
wicanten makaten:iya bener, kowe kabeh kang padha luput, dadi
sing bener mung maling edhewe kang nyolong jaran.
================
Tiyang sampun angetang, manawi tiyang amical sayuta ping sayuta
punika kasagedanipun rampung langkung laminipun saking, 19000
taun, pamicalipun rinten dalu boten mawi kendel, sarta danguning
pamicalipun wiwit saking satunggil dumugi satus rampung ing dalem
samenut, manawi tiyang amical anggsal satus ing dalem samenut,
dados sajam angsal 6000, mila ing dalem sadinten sadalu pamicali-
pun angsal 144000, ing dalem pitungdinten angsal 1008000 sala-
jengipun
===================
Uwit kalapa aneh
Nonah Cina anama Owah, gagriya wonten kampung Cinan ing Temang-
gung, dereng lami kekesahan dhateng dhistrik Balok, badhe tutuwi
dhateng tiyang sepuhipun, sarta lampahipun medal ing Grabag.
Sareng dumugi ing dhusun Pacekan bawah dhistrik ing Ngasinan
Kabupaten Magelang, Nonah Owah medal saking tandhu sakedhap,
lajeng aningali ing ngriku wonten uwit kalapa ingkang beda kaliy-
an bangsaning uwit kalapa sanesipun, andadosaken sakalangkung
sanget eramipun, menggah galuguning uwitipun boten angadeg sa-
tunggil ing nginggil mawi epang kakalih sami panjangipun, sa-
tungggil-tunggil epang gadhah godhong manggar tuwin woh, dene
agenging wohipun ingggih sami kados wohkalapa ingkang limrah,
menggah woh kalapa wau katingal amenginaken, mila Nonah Owah
sakalangkung penginipun badhe aningali celak kaliyan woh kalapa
punika, ananging sarehning Nonah Owah tiyang estri, mila kamanah
saru sanget manawi ngantos amenek kauwit kalapa wau badhe amendh-
et wohipun, dados tansah aningali wonten sangandhaping uwit
kemawon, sarta sakalangkung kumeceripun badhe anedha wohing
kalapa punika.
Salajengipun Nonah Owah gadhah pangajeng-ajeng sampun ngantos
andadosaken seriking manahipun tiyang sepuh tuwin sanak kadangi-
pun sadaya, bilih Nonah Owah anyariyosna bab uwit kalapa aneh
punika wonten ing serat pakabaransanadyan Nonah Owah amanah boten
pantes, manawi tiyang estri amacak ing serat pakabaran bab praka-
wis wau, ewadenten Nonah Owah rumaos boten saged kendel bab
kawontenanipun prakawis ignkang kados makaten punika, mila kala-
pahan anyariyosaken bab uwit kalapa aneh wau wonten ing serat
pakabaran.
Ing mangke para titiyang kedah sami suka apangalembana dhateng
Nonah Owah bab anggenipun anyariyosaken prakawis uwit kalapa aneh
wau kawrat ing serat pakabaran, Nonah Owah kenging kawastanan
dereng wonten titimbanganipun ing ngatasing tiyang estri prakawis
anggenipun gadhah lampahan purun anyariyosaken prakawis wau
punika.
=====================
Tiyang jawi anama Kadiman kala malem Akat tanggal kaping 2 wulan
April ingkang sampun kapengker anuju jagi sabining bapakipun
kaprenah celak kaliyan dhusun Karangbale ing Dhistrik Losari
tanah Brebes, sareng ing wanci tengah dalu bapakipun Kadiman
lumampah dhateng sabin wau, badhe amariksani bok manawi anakipun
ingkang jagi sabin katileman, sareng makaten anakipun boten
tilem, malah anakipun punika lajeng amaos dhateng bapakipun,
amargi baakipun kakinten andhapan, sareng kawaos bapakipun wau
kenging pundhakipun, ing sanalika bapakipun ambengok, ing ngriku
andadosaken sumerepipun Kadiman, bilih ingkang kawaos bapakipun
piyambak, ing wekasanipun bapa lajeng kabekta mantuk.
=================
Kala tanggal kaping 1 wulan Maret iingkang sampun kapengker Raden
Wadana Puspadirja kesah saking griyanipun ing Langenastra, ,
badhe amariksani sabinipun piyambak ingkang pantunipun wiwit
sepuh, tindakipun wau anumpak kareta mawi kapal sakawan, garwani-
pun tumunt punapa malih tuwan E. inggih tumut, sami anumpak dados
sakreta kaliyan wadana Puspadirja, lampahing kareta sakalangkung
rikatipun, sareng pukul satengah pitu kareta dumugi ing lepen
Wenongga, kareta lajeng kasabrangaken ing lepen kados ngadhati-
pun.
Kusir anyabrangkaen kareta boten mawi ayektosi bab ageng ngalit-
ing toya, sareng kareta dumugi satengah ing lepen, lajeng kabekta
ing toya, awit ing waktu punika amarengi lepenipun banjir, kusir
tuwin kenek sanalika sami angbyur ing lepen, saha lajeng sami
amitulugi dhateng wadana sagarwanipun tuwin dhateng tuwan E,
sadaya punika sampun kaentasaken ing dharatan, ananging kareta
saisinipun barang barang babektan lestantun keli. Denne kapaling
kareta ingkang kalih saget katulungan, ingkang kalih tumut kabek-
ta keli ing kareta, kadadosanipun sami pejah.Ing salajengipun
kareta sakapalipun kakalih wau saged kapanggih malih wonten ing
panggenan tebihipun saprapat epal saking panggenanipun anyabrang,
ananging kareta sampun risak sanget.
==========================
Menggah lepen Praga kala samanten inggih banjir, saha wonten
tiyang ingkang pejah salebeting lepen ing ngriku, cariyosipun
kados ing ngandhap punika:
Raden Bekel Sus badhe mantuk dhateng griyanipun ing Banjar,
anumpak kapal anyabrang lepen Praga katumpak aken ing baita
sasak, rencangipun anumpak baita sasak demang Keradipura saha
ambekta kapal satunggil tuwin rencang kakalih, sareng makaten
baita sasak katempuh ing toya, lajeng mangkureb, para tiyang
ingkang sami anumpaki sadaya kacemplung ing lepen, Demang Ker-
tadipura anyepeng buntuting kapalipun, kadadosanipun saged
mentas, rencangipun kakalih inggih katulungan sadaya, ananging
Raden Bekel susah pejah kabalabak ing toya, awit dinten enjingi-
pun jisim kapanggih wonten ing panggenan tebihipun 1,1/2 pos
saking panggenanipun anyabrang, saha lajeng kapendhem wonten ing
dhusun gugulu.
==========================
Sakalangkung sanget andadosaken suka pirenaning manah kula, dene
suka mulya kagungan karsa macak serat ing jurumartani, ongka 21,
lan 22, suraosipun ambeni anggitan kula bab pamulangan ing pulo
jawi ingkang kasebut ing jurumartani, ongka 14. Mila kularumaos
bingah awit prakawis ingkang kagepok dening priyantun wau saka-
langkung katghah ing paidahipun, mila sampun kapara lami kula
angajeng-ajeng wangsulan saking liyan,
Sareng sampun lami kula boten aningali wangsulan, kok lajeng
rumaos cuwa ing manah, pamata wis kula boten wonten priyantun
ingkang karsa murinani prakawis bab pamulangan, dene manawi
wonten udur kados dene uduripun mangkupraja tuwin Rajaniti, lah
punika dhatengipun serat panjawab deras sanget prasasat boten
telas-telas, mongka prakawis ingkang preelu sanget kedahkaparsudi
ing ngakathah, prasasat kasingkiraken. Mila sakalangkung sokur
kuladhateng Sukamulya, dene karsa maelu dhateng prakawis bab
amulangan. Paribasan kathah tiyang kathah cipta, ingkang sampun
kayektosan ing ujaripun punika badhe kula damel lalandhesan
anggen kula kami purun anjawabi seratipun Sukamulya. Ing bubukan-
ing serat sampeyan mas Sukamulya, sampeyan anglairaken condhong-
ing galih, aningali saening pambudinipun Abdulatip salajengipun
mawi anggunggung sawatawis. Panuwun kula bok inggih sampun susah
agunggung dhateng kula, sabab punika badhe dados isarat amurih
wigaring ambek kula, awit saking pangugungipun priyantun sawata-
wis. Salajengipun Sukamulya angaken bodho cingkranging saserepa-
nipun, lo, pitembungan makaten punika punapa pambektanipun budi
andhap asor, bilih makatena inggih sakalangkung dening prayogi:
nanging suwawi sampeyan yektosaken mas, tiayng ingkang ngaken
bodho cingkrangipun, mngka kaweeh ing busukipun, saestu lajeng
muring-muring: mila kula gething sanget titiyang andhap asor
sabab kalimrahaning watek makaten wau kenging winastan kumingsun,
ananging mawi kudhung lulang andhap asor. Sampeyan samppun kagun-
gan panggalih bilih kula badhe kutbah bab watek andhap asor mas,
pitembungan kula nginggil wau amng sasonggolan kemawon:
kawuningana mas Sukamulya, kula punika kalebetna wawicalipun
bongsa Islam, saha tiyang jawi ugi kados sampeyan, ananging
pamanah kula bab agami tuwin pamulangan kados wonten bedanipun
sawatawis tinimbalan pamanggih sampeyan sapanunggilanipun. Won-
dene bedanipun wau makaten.
Kathah kemawon tiyang angrembag prakawis awawatonbadanipun piyam-
bak, tegesipun, saupami tiyang wauangrembag prakawisipun agami,
punika saestu agaminipun piyambak ingkang dipun unggul-unggulak-
en, makaten punika inggih sakalangkung dening prayogi, ananging
ugi wonten lepatipun.
Saking remanipun dhateng agaminipun piyambak temahanipun agamin-
ing bongsa sanes boten nate dipuj rembag, boten nate dipun tand-
hing akaliyan agaminipun piyambak utawi boten nate binudi pinung-
seting nedhahaken ingkang leres tuwin ingkang boten: dados pa-
nyiptaning tiyang wau bab agami islam,becik iya dak anggep ora
becik iya dak angggep: suwawi mas sampeyan kula aturi galih
pitembungan kula ingkang klawan matak aji nutupi babahan mara
sanga.
Anjawi saking punika, sapinten kathahipun bongsa kula ingkang
sumerep dhateng pikajenganipun agami islam, sapinten ingkang
mituhu dhateng dalilipun kanjeng nabi niyakaning ngrat, sapinten
ingkang gayuh piwulangipun: rak inggih namung sapele, tuwin among
bongsa priyantun kemawon ingkang sakedhik-kedhik saged angrembag
agaminipun. Bilih makatena bongsa alit ingkang boten kalebet
wawicalaning priyantun, tuwin ingkang skalangkung sanget kathahi-
pun, punika boten pisan sumerep dhateng agami, tur kalebet bongsa
Islam sadaya, tegesipun namung nama Islam kemawon, amargi lulu-
huripun sami manjing agami Islam: tiyang alit wau dados amung
manut adat kina kemina tan sumerep sae botenipun agami: mila
tiyang alit wau mas ingkang kula gepok nalika kula damel anggitan
ing Jurumartani, ongka 14.
Gadhanganing manungsa ingkang winastanan tiyang alit mas, ingkang
kula murinani. Mila kula kamipurun pitaken bilih pamulangan
sasantren punapa wonten pigunanipun.
Kula boten anjawab saes botenipun agami, kula amung boten mrayog-
eni menggah anggenipun mulang dhateng murid. Sasebutan sampeyan
bilih pamulangan makaten punika minongka wawatoning agami Islam
punika leres, nanging wawaton ingkang jalaran saking kodhenging
tiyang alit dhateng agaminipun, saking pamatawis kula kenging
kawastanan santosa. Dene kawontenanipun inggih katingal santosa,
samanten wau boten saking pambudi padang, nanaging awit adat
kina-kemina ingkang taksih kalastantunaken dumugi ing jaman
sapunika.
Sampeyan mastani bilih pamulangan wau kathah paedahipun, ing
sapunika kula badhe pitaken, pigunanipun punapa, pundi kawontena-
nipun tiyang ingkang nglampahi tambleg amanat sidik, pun dika
kawontenanipun bongsa alit ingkang sumerep dhateng makna, murad,
maksud.
Bilih sampun sae pamulanganing modin, sabab punapa dene piyam-
bakipun boten pisan-pisan sumerep dhateng agami; sabab punapa
boten wonten ingkang sumerep dhateng aksara Arab.
Punapa awit saking anggenipun kasupen, mila ing ngingggil wau
kula sampun matur, bilih tiyang angrembag prakawis ingkang kada-
mel wawaton badanipun piyambak, mila ingkang sae kaadhepaken
ingkang boten prayogi kaselehaken ing gigir, sampun ngantos
katingal.
Ing salajenganipun nas Sukamulya anympang saking margi, anggepok
prakawis ingkang boten kula sebutaken ing Jurumartani, sabab
Sukamulya lajeng anyariyosaken bab pangulawisudhanipun priyantun
ing kraton dalem Surakarta,punapa dene bab pranataning pangulawi-
sudha wau ingkang klawan adil, smanten punika kula boten pisan-
pisan ama ing bendha adiling pranatan wau, awit sakin gsih
palimarmaning ratu kula kanjeng Sinuhun, nanging andadosaken
eraming manah kula, dene pun sukamulya ingkang gadhah aturan
kados makaten awit ing ngajeng kala Mangkupraja tuwin Rajaniti
sami angrebat suwala ing Jurumartani, Sukamulya lajeng murinani
dhateng mangkupraja, ambodhokaken dhateng Rajaniti. Kala samanten
kula sampun anglairaken pamanggih, bilih Rajaniti dermi nglampahi
padamelanipun kemawon, dados pandakwanipun Sukamulya bab kacingk-
ranganing Rajaniti, saestu angengingi ingkang ngangkat dhateng
Rajaniti.
Wangsulan punika taksih wonten candhakipun.

Abdulatip.
=======================
Ingkang kaurmatan mawantu-wantu, dhumateng mitra kula sae, tuwin
Wigya Panitisastra.
Boten toh namung, kados pundi sampeyan tuwan, asuka panganggep
dhateng poitembungan kula ingkng kawrat Jurumartani, ongka 19,
punika sampun anganggep wusana, kula raos-raos wonten pitembungan
sampeyan ingkeng sawentawis ragi masgul, ola, punika toh boten
tuwan-tuwan, sumeja kula amurih lunturing penggalih sampeyan
ingkeng kanthi wdaling penggalih ingkeng lantip wusana badhe
kladukan penampi punika toh boten, pramila mekaten sabab sampeyan
mawi ngairaken pengendika, ingkeng kados dene mekaten.
Pra priyayi ingkeng karsa paring pratondha astha ing Jurumartani
, mugi ngestantuna, sampun pisan anlagwa dhateng pitembunganipun,
Puspanirdaya, bok manawi Puspanirdaya punika, teksih kodheng,
bilih Daya punika wontenipun sangking biyantu, la, punika boten
nun, kok lajeng kakinten kemawon, ing kali pundaya punika kamakna
kekalih, menggah panjarwaning daya wau, ingkang sapisan maikna,
kuwat ingkeng kaping kalih makna, tanpa damel la, punika pundi
ingkeng sampeyan angge tamtu, kapirita sangking warganing, okara.
Lan malih kula kapurih ngrembak ingkeng memet saderengipun suka
pangungggung tuwin panacat dhateng ingkeng sami ambiyantoni saha
anyantosani wontenipun serat Jurumartani, sangking atur kula
inggih saklangkung nuwun.
Dene ingkeng dereng dados candhonging manah kula tuwan, inggih
pitembungan sampeyan ingkeng mekaten wau, saderengipun sampeyan
paring prtikel ingkeng makaten wau, inggih tamtu sampun kula
memetaken saha kula tintingi, sabab anggen kula mespaosaken
sabarang pitembungan sampeyan sarta sampun dangu anggen kula maos
serat Jurumartani, boten toh kados sampeyan punika, amargi rujuk
kalayan asma sampeyan Wigyapanitisastra, yen samp[eyan punika
tiyang lantiping penggalih saha trang sabarang pamriksa sampeyan
dhateng basa, saseratan , wusana sareng sampeyan andibyakaken
pangandika kados ingkeng kasebut ingnginggil wau, wekasan badhe
anilar nama sampeyan dados badhe boten netepi, nama sampeyan
Wigyapanitisastra, ing tembung jarwa, pancen Wigya saget wekasan
Wigya makna bodho, paniti panjarwaning pun trang, wekasan paniti
, makna bureng, sastra sampun makna, dados sampeyan punika sampun
tamtu kula wastani kirang trang anggen sampeyan amriksani sasera-
tan kula ing keng kapacak Jurumartani, ongka 19 wau, boten pisan
sampeyan punika anggalih ya pengalih ingkeng rendhah (renthah),
lan kula kakinten remen sanget dhateng bab udur, la, punika
boten nun, ingkeng kula purih wedalipuning kalantipan sameyan yen
andadosaken ing penggalih, ing wusana teksih mingut-mingut kema-
won kula inggih nyusun sareh.
Dene yen sampun sareh penggalih sampeyan saha netepi nama sam-
peyan kula inggih dereng anyepenaken pangajeng-ajeng kula
dhateng pamacak sampeyan ing Jurumartani, pramila samangke,
sebarng kalantipan kaindhakaning nalar boten langkung saking
kabar kinabaraken, mila sampeyan kula purih sanget, dene yen
boten karsa inggih sampun tuwan-tuwan, wusana kula sumongga
penggalih sampeyan.
Puspanirdaya.
==============
Tuwan Jaspres enko badhe anumbas seratm Jurumartani ing taun

1864, tuwin 1865, ing mangke panedhanipun tuwan Jaspres, sinten


ingkang gadhah serat Jurumartani wau, manawi karsa made, mugi
karsa amade, mugi karsaha kapanggih kaliyan tuwan Jaspres.
===============
Benjing ing dinten Jumungah kaping 7 wulan Juni punika, badhe
wonten elang ing griya losmen Surakarta, dene ingkang kalelang
barang warni-warni.
Benjing dinten Sabtu kaping 22 wulan Juni punika, badhe wonten
lelang ing griyanipun tuwan P.Swager, ing Surakarta, dene ingkang
badhe kalelang griya los kadamel saking deling mawi payon kajang,
jarambahipun mawi sasak tuwin kepang, sarta barang sanes-sanesi-
pun.
=====================
Pawartos warni-warni
Raden Demang Kusuma Adiwijaya, wadana ing Majalengka kaparaban
Juru mejahi Sima.
Ngantos lami ing Majalengka resah andening sima sawatawis, maesa
utaw kewan sanesipun asring ical katedha ing sima, sanadyan
kapasangan bekukung tuwin sanes-sanesipun boten wonten simani-
pun ingkang saged kenging ing Bekukung, malah tansah sami angu-
bengi tanah ing Majalengka.
Kala tanggal kaping 19 wulan April ingkang sampun kapengkerwonten
maesa katedha ing sima, andadosaken susah anggalihipun wadana
ing Majalengka, mila wadana punika lajeng boten urun kendel
saderengipun saged amejahi sima wau.
Salajengipun wadana lumampah dhateng panggenaning bathang maesa,
sarta lajeng andekekki kalak ambing ing daginging maesa wau,
kadadosanipun sima anedha daging punika, awit katondha saking
pangamuking sima ing dinten enjingipun sakalangkung anggeniun
angajrih-ajrihi. Sareng wadana aningali bilih sima ngamuk sima
lajeng kasanjanta kenging saha tatu sakawan ananging dereng
pejah, sarta mundur sawatawis tebihipun, wadana lajeng angesuk
sima kalayan ambekta waos tumunten sima kawaos ngantos andadosak-
en pejahipun.
Elet kalih dinten wonten sima malih ingkang anedha daginging
maesa pejah wau, kadadosanipun sima pejah ngenggen, ing wekasani-
pun sareng sampun angsal sima kakalih wau, sapa wingkingipun
boten wonten maesa tuwin kewan sanesipun ingkang pejah katdha ing
sima.
======================
wonten tiyang ngamonca mireng ungeling mariyem saben sonten
manawi srengengeipun Serap, lajeng apitaken dhateng tiyang nagari
ing ngriku, punapa tegesipun ungeling mariyem wau, wangsulanipun
ingkang tinakenan makaten: punika saben serap srengenge ingggih
mungel makaten, nunten ingkang pitaken wau amratelakaken gumuni-
pun saha awicanten makaten: punapa srengebge ing nagari ngriki
manawi serap mawi amungel sora makaten.
=====================
Dereng lami ing Limah wonten kaangsaran ingkang ing gigirisi,
prtelanipun kados ing ngandhap punika.
Ing Limah wau panuju wonten komidhi, sareng rana kabikak sapisan
lajeng titiyang ingkang wonten panggenan amain komidhi sami udreg
awit wonten kucing stunggil lumebet ing panggenan wau, menggah
lebetipun kucing wonten panggenan ing ngriku, punika tiyang boten
sumerep, sareng makaten kucing lajeng kagusah medal mawi kagebag,
boten saronta kucing lumebet ing kamarripun tiyang estri ingkang
tumut mainn komidhi, kucing punika lajeng dados ewah, andadosaken
sakalangkung kagetipun ingkang sami ningali komidhi. Tiyang estri
wau panuju badhe medal saking kamaripun badhe dhateng panggenan
main komidhi, supados amain komidhi wonten ing ngriku, ing waktu
punika kucing angrangsang dhateng tiyang estri, kacakot ig tanga-
nipun tengen, ananging tiyang estri punika boten anglagewa ing
panyakoting kucing , saha lajeng anglampahi pamainipun komidhi
ngantos rampung , sareng ing dinten enjingipun malih amain ko-
midhi, tiyang estri ingggih tumut main, ananging dereng ngantos
sangu anggenipun medal tiyang estri wau dhateng pangggenanipun
amain komidhi, lajeng dhawah ing siti saha anjerit, pitembungani-
pun makaten: padha goleka urip dhewe-dhewe, mengko kowe tak

cakot, ing wekasanipun tiyang estri wau amung gesang sawatawis


dinten lajeng pejah jalaran saking sakit kados kacakot ing saga-
won ewah.
===========================
kala tanggal kaping 21 wulan Pebruwari ingkang sampun kapengker
Raden Wadna ing Pathi anumpak kapal langkung ing kareteg ingkang
kirang santosanipun sumedya atiti pariksa sabin tuwin pager-
pagering dhusun, sareng dumugi ing kareteg wau, kareteg ambrug
saha Raden wadana lajeng kacemplung ing lepen sakapalipun, meng-
gah para tiyang ingkang andherekaken lampahing raden wadana,
sampun sami angemutaken bab kirang santosaning kareteg anaring
raden wadana boten maelu dhateng pangemut wau.
Sareng petinggi dhusun ing dengkek aningali, manawi lurahipun
kacemplung ing lepen saha kabekta ing toya ingkang sakalangkung
santer, lajeng anggebyur ing lepen amitulungi dhateng lurahipun
wau, kalampahan lurah p[unika kacandhak lajeng kabekta mentas ing
dharatan, manawi wadana wau boten kapitulungana dhateng petinggi,
amasthi badhe anemahi pejahi kabalabak.
===========================
Candhakaning wangsulananipun Abdulatip dhateng Sukamulya.
Sambetaning wangsulanipun Sukamulya kawrat ing Jurumartani ongka
22 boten sanes amung amupakati panyerat kula kasebut ing Jurumar-
tani ongka 14, ingkang mungel makaten: Mbokmanawi para tiyang
sepuh wau sami gadhah cipta, yen kadrajatan punika sampun masthi
kasukakaken dhateng bongsa naluri, sanadyana boten nate dhateng
pamulangan tuwin boten saged ambedakaken aksara, ha, lan na iggih
dados priyantun ugi.
Dados sakathahing ungel-ungelan sampeyan Mas Sukamulya amung
anetepi panyerat kula wau: mawi kawatonan pratondha yektos inggih
punika sakathahing lelepiyan bab pangulawisudhaning pantun ing-
kang turun tumurun dhateng anak utaw kadang warga, ingkang
sampeyan sebutaken ing Jurumartani. Manawi boten lepat ing pan-
gingling kula lamas Sukamulya ragi sumelang anglairaken pamang-
gihipun ing sayektos mila mawi anindakaken paribasan gutuk lor
kena kidul.
Pikajengan sampeyan makaten: pranatan bab ngulawisudhaning
priyantun ingkang turun tumurun wau anglumuhaken tiyang alit wah
bongsa priyantun anggenipun badhe ngupados kawruh. Wonten dene
ing Jurumartani ongka 14 kula sampun amratelaken yen panyipta
makaten punika emperipun leres, sabab ing jaman sapunika ingkang
dipun upadosi amung arta tuwin pangkat ageng, Agalipun mila
makaten, alusipun rahgi lebet ing panjajag, kados ta ing tanah
Eropah kathah kemawon tiyang alit ingkang sami padhang pikiripun
amargi saking rumaos kabetah, manawi boten wonten pamulangan.
Ing tanah jawi kawontenanipun boten makaten, dalasan bongsa
priyantun inggih boten patos praduli dhatng kasagedanipun anak.
Panyiptanipun makaten, sanajan anakku bodho adi kaya apa, iya wus
masthi dadi priyayi agenteni aku.
Pamanggih makaten punika dados kosok wangsul tinimbang akaliyan
pamanahipun tiyang alit. Tegesipun bongsa priyantun boten purun
ngaos amargi sampun tamtu menggahangsalipun kadrajatan, wangsul
bongsa alit inggih ugi lumuh dhateng ing pamulangan awit noten
tamtu dadosipun priyantun. Dados kenging kabasakaken bilih nalar
kakalih andaosaken temahan satunggal, inggih punika anggenipun
sami lumuh amarsudi dhateng kawruh.Bilih tiyang alit gadhah

pamanggih kados makaten punika taksih kenging kaanggep leres,


wangsul priyantun teka nunggil cpta akaliyan tiyang alit lumuh
ngupados wuwulang punika ngodhengaken.
Abdulatip.
============================
Kurmatana sujana ingkang wajib pikantuk pakurmatan .
Ing serat Jurumartani ongka 22 kula sampun maos serat pamacakipun
tuwan, C.F.Winter, ingkang wau dados Juru basa ing Surakarta,
ananging sapunikanipun sampun pensiyun, bab tatenger pangenget-
enget minongka pakurmatan ingkang rama swargi tuwan Karel Pred-
herik Winter.
Sareng kula maos serat sampeyan tuwan kula kok lajeng rumaos
kumacelu sanget sumedya amangsuli. ingkang punika kula ngaturi
sakalangkung ing panrimah kula, dene panjenengan sampeyan karsa
macak serat wau wonten ing Juru martani, awit kula rumaos manawi
bongsa jawi sadaya kedah suka sokur dhateng rama i jengandika
swargi.
Asmanipun tuwan Karel Predherik Winter saestu badhe boten saged
ical ing salami-laminipun, amargi saking tapak astanipun ingkang
dumunung wonten ing serat jawi, prasasat sampun kondhang ing
triloka. Wondene kula timbang boten wonten pikantukipun, bilih
kula nglairaken sakthahaing cipta, mila pitembungan kula wau
senadyana cekak mugi kaanggep pamedal saking eklasing manahsuci,
tuwin kula amung sumedya kedah aken bilih bongsa jawi ugi wonten
ingkang boten saged kasupen saha amundhi dhateng lalampahanipun
ramai jengandika swargi, sabab ngantos sapriki kados dereng
wonten bongsa tuwan-tuwan ingkang kenging kaangep pujongga ageng
ing ngatasipun sastra jawi: saha deeng wonten ingkang anganggit
serat sakalangkung kathah kados dene swargi tuwan Winter sepuh.
Ingkang punika mugi mugi lalampahanipun wau dados satutuladan
dhateng para bongsa walandi tuwin jawi.
Abdulatip.
=============================
Panuwun kawula, saudara, mugi kapacak kawonten ing serat Jurumar-
tani.
Kula angaturi kabar mitra kula, ing sanes, ngari, ingkang karsa,
mundhak serat Jurumartani,ing sapunika raden Ngabei danukrama,
abdidalem. Panewu Pasratan ing Danurejan, kapundhut wonten ing
ngarsa dalem, kaangkat jinujung dlajat, karsa dalem kaparingan
nama Eaden Lurah Mangun Atmaja.
Wondene ingkang dipun kersakaken wosiing dados abdidalem, panewu
Pasratan, mas Panji Mangundigda, abdi dalem, pulisi dhusun,
Dhestrik ing tanggalan.
titi.
Kula ingkang suka tondha 'Ta' Suryamandura.
======================
Ingkang serat saha ingkang tae kaurmatan, ingkang kathah-kathah,
Raden Lurah Mangun Atmaja, katur ingkang saudara, tuwan Jaspres
enko, sasampuning ingkng kadya sapunika awiyos menawi adhangan
ingkang penggalih serat kula. Tekan Suryamandura, punika kapacal
wontening serat Jurumartani, mila sapunika, kula, sampun rambah-
rambah tampi serat saking sanes negari. asring klethun nama,
ingkang punika kula sumangga. Saudara, kaping 29 1796
Lurah Mangun Atmaja.
==========================

Cariyos saking Redi Kidul tanah ing Pajang kados ing ngandhap
punika gancaripun:
Dereng ngantawis lami ingkang kacariyosaken wonten kaum dhusun
ing ngriku, awasta Kiyai Nur Ngali, punika darbe anak mantu
tiyang abritan saking nagari, awasta pun Diman, anakipun kiyai
Resadongsa, sareng pun Diman sampun dados mantunipun Kiyai Nur
Ngali, lajeng dipun suknai nama sepuh pun Nur Resa, lalampahani-
pun makaten.
Kaum ingkang awasta Kiyai Nur Ngali, punika sampun misuwur
wawatekanipun langkung gemi boten nastiti, kasebut ing babasan
tiyang cethil angruwil, ing wkasan botn rujuk kaliyan anakipun
mantu pun Nur Resa wau.
Saking kayektosanipun, Kiyai Nur Ngali andhudhuk uwi, pun Nur
Resa kinen ambekta dumuginipun ing griya, sareng pun Nur Resa
sampun mantuk dhateng griyanipun piyambak, lajeng kengkenan
semahipun, kapurih anedha bageyan uwimentah kemawon badhe kagod-
hog piyambak, wangsulanipun Kiyai Nur Ngali makaten, bojomu
anjaluk bageyaniku dudu benere, rak wis lumrah mantuiku anglakoni
pakoning maratuwa, bojomu amung dak kon anggawauwi marang ngomah
bae teka anjaluk bageyan iku ora bener, pun Nur Resa estri lajeng
mantuk sanjang dhateng ingkang jaler manawi wangsulanipun Kiyai
Nur Ngali makaten, pun Nur Resajaler sanget ing pangungunipun,
nunten ingkang estri dipun kengken malih, kapurih anedha asi-
rahipun kemawon badhe dipun tanem, Kiyai Nur Ngali amangsuli
makaten, teka andharidhis temen bojomu iku, basa endhas uwi mono
rak bakal dak tandur maneh, pun Nur Resa estri mantu sampun
sanjang dhateng bojonipun, pun Nur Resa jaler ragi rengun tyani-
pun, ingkang ngestri kinen wangsul malih, anedhaha kulitipun
kemawon kemawon asengadi badhe kadamel karamas, winangsulan
dhateng Kiyai Nur Ngali, manawi kulit uwi badhe kaangge karamas
piyambak, pun Nur Resa estri antukipun wicanten dhateng ingkang
jaler makaten, si ramak iku wis tita kekede kaya wong luput ing
pati, ingkang jaler amangsuli tembung samudana makaen, ramakmu
Kiyai iku dudu aran wong kumed, amung kasebut sugih itung ora
bisa ontung, mengkono iku awit seka bodhone ora tau gelem
tatakon titiron, wekasane dadi wong ora umrah. saweg kendel
samanten wicantenipun pun Nur Resa, katungka Kiyai Nur Ngali
kengkenan anyukakaken uwi sadaya dhateng pun Nur Resa, wicanten-
ing kengkenan, lah daweg uwi gatel, ramak dika Kiyai Nur Ngali
empun boten sudi nedha uwi, sabab kulite wau didamel karamas
anggateli sirah, wicantene ramak dika Kiyi Nur Ngali makaten, lah
enyah uwi iki wehena si Nur Resa kabeh, aku wedi mangan uwi iki,
sabab kulite bae dak enggo karamas endhasku gatele kapati-pati,
kang mesthi uwine iki iya gatel, sareng uwi sampun katampen,
kengkenan wau lajeng mantuk, sapengkering kengkenan ,pun Nur
Resa wicanen dhateng ingkang estri, lah iki tetelane yen ramak
mu Kiyaine bodho banget, rak wis lumrah kulit uwi yen maksih
mentah digawe karamas amesthi gatel, uwine yen wis mateng ames-
thi iya enak bae, sasampunipun makaten uwi punika lajeng
kagodhok sami dipun tedha eca kemawon. Ingn ngantawis lami pun
Nuur Resa nyambut pacul dhateng Kiyai Nur Ngali boten angsal
sarta mawi kauman-uman, mila kalampahan pun Nur Resa jaler estri
ngalih griya dhateng Luwur, celak kemawon kaliyan griyanipun
kiyai Nur Ngali, ananging sanes dhusun, ing nalika punika pun Nur
Resa angsal pambudi badhe damel pangrekadaya angapusi dhateng

marasepuhipun, pun Nur Resa lumebet dhateng nagari, anyambut


aggen-anggen car walandi dhateng pawong mitranipun angsal sapan-
gadeg, lajeng angupadosa sambat tan upas satunggal mawi kasukanan
pituwas ing sawatawis, upas wau dipun wangsit badhe pangrekadaya-
nipun pun Nur Resa, lajeng sami mangkat dhateng griyanipun Kiyai
Nur Ngali, dumugi ing ngriku api-api mendem gedrag-gedrug wonten
ing kori, wicantenipun makaten, witlengankuken, kiyai Nur Ngali
kajrih sanget, ulat biyas badan wel-welan, pitaken dhateng upas,
anak upas, kanjeng Tuwan punika mundhut punapa, wangsulanipun
upas, yatra ing celeng ngandikakaken mendhet, Kiyai Nur Ngali
lajeng mendhet yatra ingkang wontn ing celengan, kaaturaken
sampun katampenan dhateng upas, pun Nur Resa ingkang mimindha
walandi wicaten malih sarwi gedrug-gedrug, Rasringankuppen, kiyai
Nur Ngali pitaken dhateng upas, anak upas kanjeng tuwan punika
mundhut punapa malih, wangsulanipun upas, uwos ing padaringan
dikakaken angukup, kiyai Nur Ngali lajeng angkupi uwos ingkang
wontening padaringan sadaya, kasedhiyakaken ing kranjang mawi
rembatan pisan, pun Nur Resa wicanten malih sarwi gedrug-gedrug,
dhograngkud bonekellen, Kiyai Nur Ngali pitaken dhateng upas,Anak
upas kanjeng tuwan punika mundhut punapa malih, wngsulanipun
upas, tigan ing parangan dikakaken angrukud, babonipun dikakaken
nyepeng, Kyai Nur Ngali lajeng angrukudi tigan ing patarangan,
sarta anyepengi babon sami kasarimpungan dipun tangsulaken ing
rembatan wos, sasampunipun makaten pun Nur Resa mantuk dhateng
Luwur, upas angrembat uwos dalah ayam tigan wau punika, ujpas
dipun sukani yatra uwos ayam tigan, kinen angantukaken pangangge
cara walandi dhateng mitranipun.
Kacariyos ing sapengkeripun Nur Resa, Kiyai Nurr Ngali dipun
layat dhateng tongga tepalihipun, dipun pitakeni bubukanipun
kadhatengan walandi mendem, Kiyai Nur Ngali boten saged mangsuli,
tansah gedheg-gedheg kemawon, kala samanten wonten tiyang amang-
sit manawi ingkang mindha walandi punika mantunipun iyambak pun
Nur Resa, ing ngriku kiyai Nur Ngali madeg suraning driya, sume-
dya bahe males damel pangreka daya, lumebet dhateng nagari anyam-
but pangangge cara walandi angsal sapangandeg, nyambat upas
angsal, lajeng sami dhateng Luwur, dumugi ing griyanipun pun Nur
Resa Kiyai Nur Ngali mendha-mindha walandi mendem, nanging pun
Nur Resa boten kikilapan yen ingkang amindha walandi mendem
punika mara sepuhipun, sareng kiyai Nur Ngali gedrag-gedrug sarwi
wicanten makaten, witlengankukken pun Nur Resa api-api ajrih
taken dhateng upas, winangsulan, yatra ing celengan kapendheta,
pun NUr Resalajeng parentah dhateng ingkang estri, wong wedok
celengani Kiyai jukuken arep dak aturake kanjeng tuwan, kiyai Nur
Ngali jelih-jelih amenging, wicantenipun makaten, uwis-uwis, pun
NUr Resa pitaken dhateng ngupas dipun wangsuli manawi boten siyos
sampun ngantos mendhet celenganipun Kiyai Nur Ngali, nunten kiyai
Nur Ngali kang mindho walandi wicanten sarwi gedrug-gedrug malih
rasingan kuppen, pun Nur Resa api boten sumerep, pitaken dhateng
upas wangsulan kinen angukupi uwos ing padaringan kuppen, pun Nur
Resa api boten sumerep, pitaken dhateng upas winangsulan kinen
angukupi uwos ing padaringan, punapa salajengaken dhateng
ingkang estri, wong wadon direikat berase kiyaine jukuken marene
arep dak aturake kanjeng tuwan, kiyai Nur Ngali wicanten uswis-
uswis, nunten wicanten sarwi gedrug-gedrug malih, dograngkud
Bonekellen, pun Nur Resa api boten sumerep atataken dhateng upas,
winangsulan tigan ing parangan kinen angrukud,babonipun kinen
anyepeng, pun Nur Resa lajeng aken dhateng bojonipun, wong wedok
endhoge kiyaine sababone padha gawanen mrene arep dak aturake
kanjeng tuwan, kiyai Nur NGali wicanten, uswis-uswis sarwi kesah,
pun Nur Resa lajeng wicanten dhateng ingkang estri, lah kula bete
wong lumuh takon tiron, Kiyaine iku sedayne arep malesi nanging
amung anirokaken kang wus kalakon, dadi kaweleh bae solahe,
mulane sabarang pamales iku becik metu saka ing jalaran liya,
dadi ora katara ing pamalese.
==============================
Ongka 25, 20 Juni 1867
Lindhu kala ing dinten Senen kaping 10 Juni 1867
Kala tanggal kaping 9 angrintenaken tanggal kaping 10 wulan Juni
punika titiyang ing Paresidhenan Cirebon Pekalongan Banyumas
Bagelen Samarang, Ngayogyakartatuwin ing Surakarta, sami karaos
ebahing siti saking dening lindhu ingkang sakalangkung sanget,
ngantos adamel karisakan sakalangkung kathah.
Salebeting kampung Pacinan ing Pakalongan wonten griya banon
satunggil ambruk, sarta angrebahi griya gedheg satungggil ingkang
kaprenah celak kaliyan griya banonwau, ngantos kaplenet babar
pisan, dene ingkang ppejah karebahan ing griya punika tiyang
estri kalih rare kalih, sarta ingkang kataton tiyang titiga.
Dalem paresidhenan iung Banyumas pisang salirangipun, punapa
malih kantoripun tuwin griya yasaning nagari sami karisakan
sanget.
Salebeting kampung pacinan ing Purwareja parsidhenan Bagelen
kathah griya-griya ingkang sami ambruk, punapa dene griya-griya
partikelir ing ngriku sami karisakan sanget, ing Sapuran bawah
Ledhok griyanipun Kontelir tuwin gudhang kopi sami ambruk, wah
griyaning wadana ing ngriku inggih kathah ingkang risak, punapa
malih sakiing pawartosipun pabrik teh ing Tanjungsari inggih
ambruk.
Dalem Paresidhenan ing Samarang tuwin tangsinipun prajurit
jayengsekar sami bengkah.
Beteng Willem kaping sapisan tuwin kampemen ingkang celak ing
ngriku amung kari sakan sawatawis kemawon, ing Banyubiru tangsin-
ing prajurit ingkang sampun boten dipun engggeni sami jugruk ing
nginggil.
Ing Ngayogyakarta meh boten wonten griya ingkang boten karisaka,
menggah ingkang sami pejah kaebrukaken ing griya bongsa walandi,
jawi sapanunggilanipun andadosaken kasusahaning ngakathah, dene
gedhong sandawa tuwin tangsi ing Ngayogyakarta ing nginggil sami
karisakan kathah, malah wonten prajurit walandi kakalih sami
kataton.
Wasana ing Surakarta boten wonten cilaka saking dening lindhu,
anjawi bengkah ing griya-griya amung sakedhik kemawon.
=========================
Pawartos saking nagari Surkaarta, panjurungipun tuwan jurubasa
sepuh C.F.Winter ingkang sampun pensiyun katutur tuwan ingkang
ngarang serat jurumartani.
Sareng sampun umum bilih kanjeng tuwan Residhen Lamres Pantoren
Bures antuk nugraha dalem kanjeng maharaja ing nagari Walandi,
kakula wisudha dados Ridder Ordhe Nederlan Senleyo, para tiyang
ing tanah salebetipun saha sajawining nagari jawi, punapa malih
para tiyang ing Surakarta awit saking bingah sami angaturi wilu-
jeng dhumateng kanjeng tuwan residhen wau, para walandi ing
Surakarta tumunten sami kaklempakan angrembag bab patrap ingkang
prayogi piyambak anggenipun badhe angaturi pratondha sukaning
manah awit lumunturing nugraha dalem kanjeng maharaja wau, saha
yen sami angaosi ing sariranipun kanjeng tuwan residhen Lamres
pantorenbureh.Kentheling rembag anamtokaken badhe amradinaken
serat kalowongan panjurung, sapiten angsal-angsalanipun arta
badhe kadamel wragad pista dhansah tuwin dhahar eca, ingkang
kapataha ngawontenaken pista punika komisaris walandi wolu,
wondening ingkang kapilih dados prasidhen tuwan Bosower, tuwan

Swaher ingkang kalebet dados komisaris anyumangggakaken griyani-


pun lalahanan dhumateng komisi, supados kaanggeya panggenan
pista, sabab papanipun wiyar piyambak, boten ngantos lami
klempaking arta panjurung gunggung sawatawis sewu rupiyah, kalet
panjurung saking para mitranipun kanjeng tuwan Residhen Lamres
Pantorenbureh, ingkang sami gagriya ing Batawi, Samarang, Ngayo-
gyakarta tuwin ing Ngawi, pangintuning panjurung medal saking
pikajenganipun piyambak, sareng kanjeng tuwan residhen Lamres
Pantorenbureh kaaturan badhe dipun urmati pista, sanget pareng
saha karaosing galihipun menggah dinten badhe kalampahaning pista
kasumanggakaken ing sakarsanipun kanjeng tuwan residhen, ananging
pista punika kasumenekaken ing sawatawis dinten malih, sabab
kanjeng tuwan residhen Lamres Pantorenbureh nalika badhe kondur
anggenipun martamu ing dalemipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati
Ariya Mangkunagara, saweg miyos saking pandhapi badhe nitih
kareta: kasangsaran dhawah ing siti, kalampahan sukunipun kongsul
rekaos sanget, sanadyan kanjeng Tuwan Residhen anggenipun gerah
dereng senggang waluya, saking karsanipun pista pakurmatan wau
kalampahana tanggal kaping 25, wulan Mei wanci sonten , ingkang
Sinuhun Kanjeng Susuhunan Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya
Mangkunagara, para Kanjeng Pangeran sawatawis Tuwan Militer
Komandhan saha para opsir, punapa malih para mitranipun kanjeng
tuwan residhen ingkang andhatengi saking panggenan sanesipun sami
kaaturan anjenengi pista wau, inggih ugi kalampahan kalayan
renaning galih.
Ing nalika pista wanci sonten kanjeng tuwan rsidhen Lamres Panto-
renbureh kapethuk dening komisaris tiga, sami sowan ing dalem
paresidhenan anumpak kareta pameran katarik ing kapal sidi
cemeng tigang rakit kagunganipun kanjeng Gusti Pangeran Adipati
Ariya Mangkunagara. Sareng Kanjeng Tuwan Residhen badhe tedhak
ing pista, anitih kareta wau, sawarnining jajaran sami mirantos
angurmati.
Ingkang lumampah wonten ngajeng prajurit Musikan ing beteng,
anggenipun angaturi para opsir. Ingkang sadangonipun pista Musi-
kan punika angungngelaken gendhing gentosan kaliyan musikan
sanesipun, ingkang lumampah sawingkingipun prajurit musikan wau,
jajaran kaurmatan cacahipun, 18 warni-warni wlandi mardika tuwin
opsir sawatawis sami anumpak kapal saha amangangge endah, mawi
tondha koncar pita abrit kaanjingaken ing rasukan sanginggilipun
pundhak kiwa. Tumunten kareta ingkang katitiyan ing kanjeng tuwan
residhen Lamres Pantorenbureh, kadherekaken dening komisaris
tiga wau sami nunggil sakreta, tuwin kaampingan dening komandha-
nipun jajaran kaurmatan, sawingkingipun kareta punika wonten
jajaran kaurmatan malih, warni priyantun jawi sawatawis ing
sakiwa tengenipun mawi kaampingan dening abdi jaga astana ing
mangkunagaran sami ngangge serban abrit tuwin brengos godhek
janggot dedamelan angajrih-ajrihi, lampahipun sami anyangking
obor, tindakipun kanjeng tuwan Residhen Lamres Pantorenbureh
saking dalem paresidhenan kadherekaken ing jajaran sadya wau,
medal radinan ingkang ler anjog dhateng beteng ing Surakarta,
saking ngriku lajeng tedhak dhateng ing plataraning griya pangge-
nan pista, katingal sakalangkung sa, sareng kanjeng tuwan resid-
hen mios saking kareta, lajeng kaaturan wilujeng dening presidhe-
nipun ing komisi, ingkang sulih tuwan mister Deabo, sabab tuwan
punika pambengan sakit boten saged dhateng ing pista. tedhakipun

kanjeng tuwan residhen dhateng pinarakan ingkang sampun kasad-


hiyakakn mawi kadherekaken sarta kaupeng dening para komisaris.
Griya panggenan pista saplataranipun ing ngajeng sadaya sami
kapasangan dilah sewu angresepaken manah. empering griya ingkang
ngajeng rinenggga ing saseratan ungelipun: kanjeng tuwan residhen
Lamres Pantorenbureh mugi lestantuna ra ajeng, sanginggiling
pinarakanipun kanjeng tuwan Residhen ingggih mawi rerenggan
seratan ungelipun: pratondha angurmati ing kanjeng tuwan residhen
Lamres pantorenbureh,: ing sangandhapipun seratan punika ginan-
tungan entraning ridderdhe Nederlan Seleyo.
Sarampunging wdalipun pasugat ingkang kawitan para ageng saha
para tamu sawatawis sami karsa mlampah-mlampah. Ing waktu punika
para wanita ing Surakarta kaliyan kang saking sanes panggenan
awit saking endah ing warni saha busananipun sami anengsemaken
manah, para tiyang ingkang karem dhansah tumunten sami ambukani
dhansah wales, kanjeng tuwan residhen saha ingkang sinuhun kan-
jeng susuhunan tuwin para tamu ageng tumunten sami angarsakaken
kasukan kartu. Para komisaris kalilan amranata lampahing pista
ing salajengipun.
Sakathahing tembok ing salebetipun griya panggenan pista sami
rinengga kalangse, warninipun anyameni gandera walandi.
Ing pandhapi wingking kasadhiyanan meja pancen kangge pinarakan
dhahar priyantun, 275 bakakasipun wadhah dhadhaharan sami kristal
sarta porselin sakathahing serbet rinakit sae, pucukipun mawi
kadekekaken sekar mawar, serbet punika lajeng kadmel ngusap lathi
dening para wanita, sarta para sujanma kakung kathah ingkang
ajeng dados susulihing serbet,
Bab komisi sarta satunggil-tunggiling komisaris anggenipun
anampani, angladosi, tuwin anyegah sakathahing tamu, anggenipun
anyawisi inuman warni-warni, wah toya kenthel ingkang kadhaten-
gaken saking Samarang, punapa malih tuwan Komisaris Magilapri
anggenipun anyambuti griyanipun kaliyan sukaning manah, kadamel
panggenan kasukan kertu utawi pinarakan sadaya punika boten prelu
kacariyosaken wiwijanganipun mindhak angathahi saseratan.
Antawis pukul kalih welas dalu wiwit dhahar, ing waktu punika
komisaris ingkang sami kapatah angawontenaken dhaharan katingal
bilih angemenaken kuwajibanipun sabab dhadhaharan ingkang pancen
kadhahar taksih panas wedalipun lumados ing meja inggih panas
kadosta ingkang warni sop kenthang, pastel warni-warni, boten
dangu tuwan Bosower ingkang dados pangajengipun para tamu ing
salebeting pista, angaturi wilujeng ingkangjeng tuwan residhen
Lamres Pantorenbureh, bab kabegjan ingkang dumunung ing sarira-
nipun awit kakula wisudha dening kanjeng maharaja kadadosaken
Ridder Ordhe Nedelan Seleyo, punika minongka pratondha kang ageng
piyambak ing ngatasing lelabet utami, kayaktosan saking lalamah
saha padamelanipun kanjeng tuwan residhen ing salaminipun suwita
ing kangjeng gupremen mila lumunturan ing nugraha ingkang katin-
gal ing ngakathah.
Tuwan Bosower tumunten angaturaken kawontananingpratondha angaosi
ing kanjeng tuwan residhen mawi amratelakaken bilih kanjeng
tuwan residhen kagungan wajib kaaosan awit saking lalampahaning
pasuwitanipun ambek utami, putus dhateng kasusastran sumerep
trang bab adat wawaton ing tanah jawi, kalampahan kanjeng tuwan
residhen salaminipun dados priyantun pangkat warni-warni amaedahi
tuwin angiindhakaken kauntunganing nagari, mila lelabetipuj

ginanjar kalayan tatenger adi ingkang katingal ing ngakathah,


lumuntur saking sih dalem kangjeng maharaja, sarta katawis saking
serataning bintang ingkang dumunung ing jajanipun kanjeng tuwan
residhen suraosipun makaten, kautamen amisudha nama, ingih punika
ingkang dados pratondha, manawi kanjeng tuwan residhen awit
saking lelabetipun ingkang kanthi ambek kasudarman kaluhuraken
ingkang asma, sampun wajib saha kekah ing salaminipun.
Kalih dening malih tuwan Bosower mawi anyariyosaken bab tedhak
dalem dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan tuwin kanjeng
Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, bab rawuhipunpara
mitranipun kanjeng tuwan residhen wah para nyonyah, punapa malih
tuwan militer komandhan para opsir, sarta para tamu saking nagari
sanesipun ingkang sami angaosi ingkanjeng tuwan residhen, sala-
jengipun tuwan Bosower angaturi wilujeng tuwan residhen mawi
kanthi pamuji, mugi-mugi kanjeng tuwan residen anggenipun ngagem
bintang kalampahana tataunan laminipun ngantos angsal pangkat
ingkang mindhak ageng, saha mugi anjumurungi pitembunganipun
tuwan Bosower, saha sadaya tumunten sami angunjuk inuman.
============================================
Panuwun kula kalayan urmat dhateng tuwaningkang ngarang serat
jurumartani, mugi karsaha amacak serat kula wawangsulan dhateng
ingkang nama Puspanirdaya, kados ing ngandhap punika:
Menggah pitembunganipun Puspanirdaya, kasebut ing serat jurumer-
tani ongka 23, kula kaaken mitra sae saha kaundi: tuwan, ing
mangke wangsulan kula, bab anggenipun angaken mitra sae, sana-
dyanna kula dereng nate atetepangan malah dereng nate kapanggih
sapisan-pisana kaliyan ingkang nama Puspanirdaya, ewadenten
sakalangkung panrima kula dhateng Puspanirdaya, bab anggenipun
angaken mitra sae wau, sarta kula ingggih makaten ugi purun
angaken mitra sae dhateng Puspanirdaya, awit sampun kalebet ing
babasan, manawi pandamelipun awon mengsah satunggil angungkuli
kasaenanipun mitra satus.
Wondening angggenipun angundang tuwan Puspanirdaya dhateng kula,
punika dereng kula anggep, amargi tembung puika taksih anggad-
hahi mkna kalih, upaminipun weksacandhana kaliyan wreksa tai,
wreksacandhana punika: kurmat, wreksatai pangerang-erang, sareh-
ning Wigyapanitisastra boten gadhah pangkat nama: tuwan, mongka
kaundang tuwan, punika ngadatipun manawi boten angunggulaken
inggih mesthi angsoraken, ewadenten pun Wigya panitisastraboten
bingah kaunggulaken saha boten susah kaasoraken dhateng Puspanir-
daya, dene pangerang-erangipun Puspanirdaya dhateng para priyan-
tun ingkang sami suka panjurung pawartos ing Jurumartani, punika
sampun dhumawah dhateng badanipun piyambak, awit Puspanirdaya
boten sumerep menggah karsanipun para priyantun wau, bilih sami
ambiyantoni ing lestantoning wontenipun serat jurumartani, sampun
ngantos kendel ig wedalipun, kalampahan kula sukani katerangan
bab kawontenanipun daya puniika saking biyantu, ananging Puspa-
nirdaya boten saged anggayuh pitembungan kula wau, malah kula
kawastanan ragi masgul, pnapa malih kawastanan bodho tuwin bu-
reng, kadadosanipun ing mangke sakathah-kathah ing pitembungani-
pun Puspanirdaya kula anggep sampun cundhuk kaliyan watek tuwin
kasagedanipun ingkang boten limrah ing titiyang kathah, mila
pamanggihipun ingkang medal saking watek utawi kasagedanipun wau
kedah kaange piyambak, sanadyanaboten limrah ing ngakathah.
menggah pamanggih wau makaten: manawi Puspanirdaya bodho utawi

bureng, tiyang sanes ingggih makaten ugi sami bodho utawi bureng,
mila watek tuwin kasagedanipun Puspanirdaya kenging kacundhukaken
ing babasan punika: gendul ingkang isi toya amung satengah, pnika
tegesipun: kocak kacik, punapa Puspanirdaya sampun sumerep ing-
kang kocak kacik punika punapa, o, mas Puspanirdaya sampeyan ing
ngajeng sampun kula aturi ngrembag ingkang memet rumiyin sadereng
ipun kawedal pitembungan sampeyan, kadosanipun ing sapunika
snadyan sampeyan lepato boten kenging kalepataken, malah tansah
kekah angugeri leres sampeyan piyambak, awit sampun kabekta
saking kocak-kacik wau.
Menggah pitembunganipun Puspanirdaya ngkang kawrat ing Jurumarta-
ni ongka 19 anyebutaken makaten: ing sadangonipun kula maos serat
jurumartani, boten wonten pantesipun ingkang suka tondha asta,
anjawi namung 1 Ngabdulatip ing samarang, 2, Wigyapanitisastra,
ing Kudur. Salajengipun akathah-kathah anggenipun gadhah pagng-
gung dhateng wigyapanitisastra, Abdulatip tuwin Puspawilaga, ing
mangke kula sumongga dhateng para priyantun ingkang sami maos
serat Jurumartani, punapa wangsulan kula ing ngajeng lepat, ing
ngriku Puspanirdaya kula wastani bokmanawi taksih kodheng, anag-
ing sapunika Puspanirdaya tetep ing kodhengipun, awit piyambaki-
pun estu boten sumerep, bilih serat jurumartani punika pamrihipun
amung amikantukaken pakabaran saking nagari ing pundi-pundi, mila
kawastanan: Jurumartani, awit sampun anggadhahi makna ing dameli-
pun, para priyantun ingkang kawastanan tondha astanipun boten
wonten pantesipun, sadaya sami asuka panjurung pakabaran utawi
cariyos wonten ing serat Jurumartani, wangsul Wigyapanitisastra
amung asuka panjurung bab udur kemawon, mongka kalampahan Wigya
Panitisastra kagungggung akathah-kathah, para priyantun wau
kapoyokan dhateng Puspanirdaya, punika kados pundi ing kajengani-
pun, awit saking punika punapa Puspanirdaya kenging kawastanan
tiyang limrah ing ngakathah, kala samanten sampun kula angggep
pangungggungipun dhateng kula, ananging mawi kula sukani sambet-
an, bilih panganggep kula wau awit saking Puspanirdaya kula manah
remen maos maos bab prakawis udur, ananging piyambakipun boten
saged anggayuh suraosing pitembungan kula wau, sarena andadosaken
kurdanipun, mila kurdanipun punika kenging kaangep jalaranipun
saking kocak-kaciking toya ing gendul wau.
Puspanirdaya anjarwani tembung daya, manawi tembung punika angga-
dahi makna kalih, saha apitaken dhateng kula, pundi ingkang kula
angge tamtu, kapirita saking warganing okara, ing mangke wangsu-
lan kula cekak kemawon: kula remen bantah saben dinten kaliyan
tiyang ingkang limrah, awit badhe wonten pikantukipun, katimbang
kaliyan abantah ing dalem sataun sapisan kaliyan tiyang ingkang
boten limrah, mindhak katularaken kocak-kacik, awit ingkang nama
Puspanirdaya punika taksih tangeh anggadhahana seserepan dhateng
kawruh, mila prayoginipun ginauwa rumiyin bab warganing okara,
awit ukaraning seratipun dereng kenging kawastanan sae, saha
piyambakipun dereng anggadhahi olan seidhe sakedhik-kedhik,
ewadenten purun-purun angangge tembung walandi: toh, punika
upaminipun kados peksi ingkang saged wicanten boen mangertos
ingkang dipun wicantenaken,
Ing wekasanipun kulla anyumanggaken dhateng para priyantun ing-
kang sami maos serat Jurumartani, punapa kula lerespunapa lepat,
punapa malih mas Abdulatip ingkang gadhah pambeg sumakeyan kula
aturi angrembag prakawis udur kula punika kaliyan PUspanirdaya,
mugi karsaha andhawahaken ing karampungan kawrat ing serat Juru-
martani.
Kudus kaping 10 Juni 1867, wigya Panitisastraw.
===================
Tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani sampun atampi seratipun
Kertasari, mantri Lid ing Caruban ingkang boten nate tumut-tumut
ing bab uduripun Raden Tumenggung Mangkupraja kaliyan Raden
Tumenggung Rajaniti, mila amangke tuwan ingkang ngarang sert
Jurumartani asuka katerangan bab ingkang anyawadi dhateng raden
Tumenggung Rajaniti ing salebetipun udur kaliyan Raden Tumeng-
gung mangkupraja, punika ing sayektosipun priyantun ing Surakarta
ingkang samppun ngangge nama Kertasari, mantri Lid ing Caruban,
kayektosanipun dados dede Kertasari, mantri Lid ing Caruban
leres.
===================
Ongka 26, 27 Juni 1867

Pawartos ingkang dhateng kantun bab lindhu kala ing dinten Senen
tanggal kaping 10 wulan Juni punika, makaten pratelanipun:
Ing Pekalongan ebahing siti saking dening lindhu sakalangkung
sanget, salebeting kampung Pacinan ing ngriku wonten griya sa-
tunggil ambruk, saha angebruki tiyang kathahipun kalihwelas,
menggah tiyang samanten wau ingkang pejah tiyang estri tiga rare
kalih, dene ingkang pitu amung sami kataton sanget utawi kataton
amung sakedhik,
Ing Magelang ebahing siti saking dening lindhu inggih sakalang-
kung sanget, sarta dangunipun wonten saking gangsal menut, griya-
griya banon ing ngriku sami karisakan, ananging bab kasangsaran
sans gnatos ing dinten punika dereng wonten cariyosipun, amung
ing prapak wonten tiyang tiga kapelenet saking dening kurugan ing
banon, punapa malih ing Bandhungan gudhangipun kopi bengkah, saha
wonten ingkang ambruk.
Ing Bagelen lindhunipun inggih sanget, beteng ing anasaba karisa-
kan sanget, sarta kantoripun kanjeng tuwan asisten residhen
tuwin tngsining prajurit ing ngriku karisakan sanget ngantos
boten kenging dipun enggening babar pisan, malah ing ngrika-
ngriki wonten titiyang samipejah, andadosakenkasusahaning ngakat-
hah, celaking Ngadireja gudhangipunkopi rebah sapalih, sarta
bengkahipun siti ing ngriku ngantos dumugi tebih, wah witanipun
kathah ingkang esol, menggah pabrik teh ing Tanjungsari prenah
celak ing Saparuwan punika ing tengah ambruk, dene pinggiripun
kalih pisan boten kirang punapa-punapa, saha taksih umadeg sae,
ing Purwareja griya-griyanipun sadaya sami karisakan, saha kathah
ingkang ngantos boten kenging kaenggenan babar pisan.
Wondening pawartos ingkang kantun bab lindhu amratelakaken manawi
ing Teegal, Pamalang, Brebes Samarang, Surabaya, Madura tuwin
sanesipun panggenan ing tanah jwi boten sami anandhang pitunan
malih anjawi ingkang sampun kapratelakaken.
=================
Menggah cariyosipun lindhu ingkang sampun kapratelakaken, wonten
malih susulanipun ing pawartos bab lindhu wau, pratelanipun
kados ing ngandhap punika.
Tiyang tiga sami kaebrukkan griya banon ingkang ambruk wonten
kampung Pacinan ing Pekalongan, kacariyosaken sami kataton san-
get, punika ing mangke pejah ingkang kakalih.
Sakaning tembok dalemipun bupati ing Pekalongan karisakan san-
get, dene temboking pos ing sembung tuwin Kadha Wetan sami beng-
kah, sarta dalemipun kanjeng tuwan residhen karisakan sakedhik.
Salebeting paresidhenan ing Banyumas ngrika-ngiki ara griya
yasaning nagari tuwin griya griyanipun titiyang partikelir sami
karisakan sanget, ing Banjarnagara griya panggenan prajurit tuwin
griyaning inspektur sami ambruk, makaten ugi pager banoning griya
panggenan paranteyan inggih sami ambruk sadaya, wah griya-griya
prajurit ing Cilacap inggih abruk ugi, Menggah titiyang ingkang
sami pejah kaebrukan ing Banjarnagara inggih wonten, ananging
dereng angsal pawartosipun ingkang terang.
Paresidhenan ing Bagelen kantoripun kanjeng tuwan asisten resid-
hen ing Wanasaba, tuwin temboking griyanipun para opsir, wah
tangsining saradhadhu sapawonipun sami karisakan sakalangkung
sanget.

Ing Kithaarja karisakanipun saking dening lindhu boten patos


sakathah. Ing Ngambal dalemipun bupati tuwin griyaning konte-
lir, punapa malih pisang salirang ing dalemipun kanjeng tuwan
asisten residhen wah griya-griya los ing peken kathah ingkang
sami karisakan, ing Kebumen griya-griya yasaning nagari sami
karisakan sadaya, saha gudhang nila ing ngriku ambruk sapalih,
punapa dene ing Karanganyar griya-griya sami bengkah wonten
ingkang sanget utawi amung sakedhik.
Ing Ngayogyakarta kreteg-kretegipun sami boten kenging kaangge
sadaya, sarta marginipun ageng ing ngrika-ngriki sami bengkah,
manawi kajagan ing teken ngantos gangsal kaki lebetipun, punapa
malih pabrik-pabrik rosan tuwin nila kathah ingkang sami ambruk.
Salebeting karatonipun ingkang sinuhun kanjeng Sultan tuwin ing
dalemipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam sakatha-
hing griya sami ambruk utawi boten kenging dipun enggeni malih,
menggah kathahing titiyang ingkang sami pejah ing ngriku kados
ingkang saweg kapratelakaken wonten saking wolungdasa satunggil.
Salebeting Paresidhenan ing Banten Kedhu, Basuki, Pasuruwan
Madiyun tuwin Kedhiri titiyang inggih smi karaos ebah ing siti
saking dening lindhu.
Ing Kedhu dalemipun kanjeng tuwan Residhen ing Magelang wonten
panggenan sawatawis ingkang bengkah, pisang salirang ing dalemi-
pun bupati ing ngriku karisakan kathah, saka tembok ageng-ageng
sami bengkah, dene tembokipun kunjaran ing ngriku sampun katingal
badhe ambruk, meh sadaya griya-griya yasaning nagari sami karisa-
kan, griya-griyaning titiyang partikelir satunggil kalih badhe
kajugrugan awit saking anandhang karisakan gudhang-gudhang kopi
tuwin sarem ing tanah Kewdhu ingkang sami karisakan kathah, sarta
kathah ingkang boten kenging dipun angge malih, menggah pepeja-
hing salebeting paresidhenan Kedhu kados ingkang sampun dipun
sumerepi, wonten tiyang sakawan, dene ingkang kataton tiyang
sawatawiscandhi Barabudhur amung karisakan sakedhik, ananging
Candh Mendut sisihipun sadaya samai bengkah, manawi sitinipun
ebah sakedhik kemawon, Candhi Mendut amesthi lajeng ambruk.
Ing Paresidhenan Madiyun betengipun tuwin gudhang nila wah griya
los pos sami karisakan sanget, punapa dene salebeting palataran
dalemipun bupati wonten griyanipun los ingkang ambruk, ing kam-
pung Pacinan pager banon sawatawis sami ambruk, sarta griya-
griyaning titiyang partikelirr ing Madiyun sami karisakan.
Ing Pacitan griya-griya yasaning nagari kathahipun sawatawis sami
bengkah, dalemipun kanjeng tuwan asisten residhen ing Panaraga
wonten tembokipun kakalih tuwin balok baloking loteng sami am-
bruk, ing kampung Pacinanipun meh awis-awis griya ingkang boten
kaisakan, pabrik nila kakalih sami karisakan sanget, wonten malih
pabrik nila satunggil, griya-griya gerdhu, griya-griya los pos
tuwin epal tembok uruting margi ageng sami ambruk sadaya.
Ing Sumarata wonten griya los pos tuwin pabrik nila sami ambruk,
sarta griya-griyanipun kontelir karisakan kathah.
Ing Paresidhenan Kedhiri griya-griya yasaning nagarituwin griya-
griya partikelir sami anandhang karisakan, punapa dene ing Tulun-
gagung tuwin ing Trenggalek inggih makatena ugi, malah ing Treng-
galek wonten tiyang pejah sawatawis awit saking kaebrukan ing
griya. Griya-griyaning kontelir ing Tulungagung tuwin ing Treng-
galek wah wah kunjaran ing Trenggalek sami karisakan ngantos
boten kenging dipun enggeni malih.

=========================
pawartos saking Ngayogyakarta ingkang medal saking telegrap
kados ing ngadhap punika:
Pabrik rosan ing Padowan, barongan kaliyan ing Plered, utawi
pabrik nila ing Selakan, Suragedhug, Tanjungtirta tuwin ing
ngatas sami ambruk sadaya, dene pabrik rosan ing Kanjang miwah
ing Bantul, punapa malih pabrik nila ing Dumanga, jati tuwin ing
Rewulu ingkang ambruk amung sapalih, nebggah pabrikipun tuwan
Wengseng amung kantun kalih ingkang boten ambruk, sanesipun
punika sami ambruk sadaya, pabrikipun tuwan Kelari wonten tiga
ingkang ambruk, dene pitunanipun tuwan Wengseng kamurwat langkung
saking gangsal tengah kethi rupiyah, menggah pabrik-pabrik sane-
sipun wonten ingkang karisakan kathah utawi amung sakedhik.
Salebetipun nagari Ngayogyakarta tuwin sakiwa-tengenipun titi-
yang pejah sampun kapanggih gangsalatus, tiyang samanten puika
walandinipun amung kalih welas, dene kathahing tiyang ingkang
sami kataton, punika dereng terang. Menggah ingkang sami anand-
hang karisakan langkung sanget punika ing Ngayogyakarta sisih
kidul, ewadenten wonten ingkang andadosaken gumuing ngakathah,
dene teka boten wonten wit-witan satunggil-tunggila ingkang esol,
margi ageng ingkang dhateng Surakarta sami bengkah, malah ngrika-
ngriki wonten bengkahipun sakalangkung lebet saha botten jajag
kalebetaken ingkang panjang, dene wiyaring bengkahipun kalih
kaki, ewadenten tiyang kekesahan anumpak kareta medal margi ing
ngriku taksih saged kemawon, wonten sendhang-sndhang ing pangge-
nan sawatawis ingkang lajeng asat toyanipun, sarta wonten pangge-
nan sawatawis ingkang sami katimbulan ing sendhang enggal, kala
wiwitipun lindhu toyaning lepen sawatawis sami panas saha gadhah
warni abrit, toyaning lepen ing nalika samanten ageng, siti
wonten ingkang sami bengkah sanget saha wonten ingkang amblek,
punapa dene ing meguwa amblek ing siti ngantos kawan kaki, sarta
kathah siti dados mandhukul, malah wontensiti ingkang pandhukuli-
pun angombak tebihipun kawan epal ing panggenan sawatawis medal
umbulipun ladhu panas, sakiduling dhusun Kembang ing nalika
wonten lindhu lajeng wonten umbulipun ingkang mili toyanipun
kados lepen, sarta toyanipun wau asrep, umbul punika salajengipun
boten mili-milih, ananging ing panggenan umbul taksih wonten
toyanipun, wiyaripun kaukur ing tengah kirang langkung saking
kalih elo, saha lebetipun saelo.
Anglangkungi ing Tangkisan kaprenah celak ing tandhem marginipun
ageng kathah ingkang bengkah, manawi wonten kareta lumampah kedah
medal ing lepen minggah ing bendungan.
Griya pos ing Prambanan ambruk, makaten ugi pasanggrahanipun
ingkang sinuhun kanjeng sultan inggih ambruk ewadenten griya pos
ing Sambilegi boten kirang punapa-punapa, mongka ing Ngayogyakar-
ta karisakanipun sakalangkung sanget, kampung Pacinan ing Ngayo-
gyakarta titiyang sampun sami amanggih jisis kathahipun 66 dene
tiyang ingkang sami kataton ing ngriku skalangkung kathah. Meng-
gah titiyang jawi ingkang sami pejah, punika dereng terang,
ananging ingkang sampun dipun sumerepi bab titiyang pejah ing
pasar gedhe kitha matawis punika wonten tiyang 236, dene para
walandi ingkang sami pejah Nyonyah Seneder kaliyan anakipun taksi
rare satunggil, Nyonyah Enger kaliyan anakipun jaler taksih alit
satunggil, Nona Budhing, tuwan Pandhaik kaliyan anakipun taksih
rare satunggiltuwan Dhom klaiyan bojo tuwin nakipun taksih rare

satunggil, tuwin nyonyah rondha Bestel Meiyer, dene ingkang sami


kataton: tuwan Busken ut kaliyan bojo tuwin anakipun taksih rare
satunggil, punapa malih nyonyah Id.
==============================
Lindhu ing Ngayogyakarta
para tiyang ng Ngayogyakarta amesthi badhe botenenggal supe bab
wontenipun lindhu kala tanggal kaping 10, wulan Juni punika,
andadosaken kagetipun tiyang ingkang sami tilem, menggah para
tiyang sepuh ing Ngayogyakarta dereng nate sumerep lindhu ingkang
ngantos dangu tuwin sanget kados makaten.
Kathah griya ingkang sami bengkah, karisakan utawi ambruk, sarta
kathah tiyang ingkang sami pejah tuwin katatos saking dening
kaebruki griya, menggah karisakaning karaton ing Ngayogyakarta
pratelanipun kados ing ngandhap punika:
1, siti inggiil bangsa witna, 2, bangsal mandhungan, 3, bangsal
srimanganti ingkang kilen, 4, bangsal manis, 5, bangsal magangan,
6, bangsal mandhungan sns, 7, panggung, 8, gedhokreta, 9, gedho-
gan, 10, surambi masjid ageng, punika sadaya sami ambruk, dene
kareta kagungan dalem ingkang sinuhun kanjeng sultan ingkang
wonten ing gedhong kareta wau, kathahipun pitungdasa, sami
bibrah babar pisan saking dening kaebrukan ing banon.
Menggah santaninaniun kanjeng Sultan ingkang sami pejah kaebrukan
ing griya, putri gangsal., dene wadana Mangkuwerdaya putung
sukunipun satunggil, punapa mali raden tumenggung Wiryanagara
pejah kapelepekan saking dening kaurugan ing jugrug banon.
Ing siti dhusunipun Raden Tumenggug Sasranagara tuwin Ronggawong-
sa kathah griya ingkang sami ambruk.
Salebeting kampung Pacinan krisakanipun sanget piyambak ing
ngriku wonten jugrugan griya ing ngandhap kathah tiyangipun
ingkang sami pejah kaurugan banon.
====================
Pawartos bab lindhu kados ing ngandhap punika.
Supados sampun ngantos anesaki panggenan, ing mangke kula suka
pawartos bab lindhu, pratelanipun kados ing ngandhap punika:
Ing Tuban titiyang sami karaos ebahing siti saking dening lind-
hu, wanci enjing ngajengaken satengah gangsal, ebahing siti
saking ler kilen mangidul ngetan, sarta dangunipun samenut.
Ing nagari Pekalonan wonten tiyang estri kalih tuwin rare kakalih
sami pejah kaplenet saking dening kurugan banon, sarta ingkang
sami kataton kathahiun sawatawis, sanesipun panggenan ing pare-
sidhenan Pekalongan boten wonten kasangsaran malih.
Pabrik-pabrik sakiwatengenipun ing Klaten bawah Surakarta kathah
karisakanipun, dene beteng satangsinipun prajurit ing ngriku sami
bengkah, sarta griya pangggenan jampi ing ngriku ingggih karisa-
kan sanget ngantos boten kenging kaangge malih.
Saking Ngayogyakarta kula tampi pawartos bab lindhu kados ingkang
sampun kapratelakaken, ananging susulaning pawartos saking ngriku
amratelakaken, manawi cacahing para walandi ingkang sami pejah
samangke kapanggih tigawelas, wasana kula amratelakaken pawartos
anggen kula mentas tampi bat krisakanipun pabrik Plered bawah
Ngayogyakarta, kados ing ngandhap punika:
Menggah taneman Rosan ing Plered satanah Ngayogyakarta ageng
piyambak, pabrikipun punika anggenipun damel kala ing taun 1862,
sarta kenging kaalema bab saening gedhong-gedhong ingkang smi
wonten ing ngriku, tanemanipun Rosan salebeting taun punika

katawis ing medalipun saha sampun kenging kkarembang, malah


sampun badhe amiwiti giling, ananging ingkang maha kawasa sakar-
sanipun sanes.
Kala tanggal kaping 9 wulan Juni punika kula ingkang nyambut
damel wonten pabrik ing ngriku, wanci pukul sadasa dalu mantuk,
ing nalika samanten ragi mendung, saha boten wonten angin, tiyang
boten saged andugi, bilih badhe wonten kasangsaran, kula lajeng
tilem sakeca, sareng wanci pukul sakawan enjing kula kaget
saking dening panjuguging sagawon kula alit, kalampahan kula
medhun saking patileman, pamanah kula bokmanawi wonten piawon,
sarehning kula boten aningali punapa-punapa ingkang badhe damel
awon, kula lajeng tilem malih, anaging sagawon boten kendel ing
panjugugipun, sareng makaten anggen kula tilem dereng ngantos
wonten satengah jam dangunipun, kula lajeng kaget saking dening
karaos kados kaoyog, malah kula ngantos dhawah saking patileman,
kasarengan dhawah ing tembok ingknag andhawai dhateng kula,
makaten ugi empyaking griya tuwin balok ingggih andhawahi dhateng
kula sdaya, ing nalika samanten kula badhe kapalepekan, saha
anyipta manawi boten saged gesang, ananging ing waktu punika
karosan kula wewah kathah saha angeram-eramaken, sasaged -saged
kula ngupados margi sagedipun medal saking anggen kula kauugan
banon tuwin kajeng wau, sasampunipun rekaos sanget angggen kula
ngupados margi medal wekasan kula aningali bolongan alit, ing
ngriku kula lajeng saged medal, saha lajeng saged angunjal ambe-
kan sareh. Sarng kula sapun dumugi ing sajawining griya, kula
ambruk sakedhap awit saking rekaos tuwin kaget kula, rumaos kula
kados lempoh-lempohja, ig sanalika kula boten sumerep wonten
sumerep wonten punapa, sanadyana kula anandhang tatu, ewadenten
kula boten karaos sakit, wasana kula lajeng saged ngadeg, tumun-
ten kula sasaged saged lumampah dhateng griyanipun Administratur,
kala samanten kula sakalangkung bingung, sareng kula dumugi celak
ing griyanipun administratur, kula boten mireng sasamabtaing
titiyang utawi tangising anak kula ingkang wontening ngriku,
griya unia inggih ambruk.
Ing nalika samanten sakalngkung giris si manah kula, saha kula
meh botn saged lumampah majeng, wah boten saged aningali punapa-
punapa awit saking petengipun , sareng makaten kula lajeng anin-
gali tiyang ambekta obor saking katebihan, boten saronta kula
amurugi tiyang ingkang ambekta obor wau, sarta oboripun lajeng
kula rebat, sasampunipun obor kenging ing kula, ing ngriku kula
lajeng dhateng griyanipu Administratur. Kados pundi raosing
manahipun bapa, sareng angupadosi anakipun ingkang taksih alit
wonten urug-urugan banon tuwin kajeng, mongka wiwitipun boten
saged kapanggih , sanadyan obor wau sakalangkung padhangipun
kula boten aningali labeting panggenanipun babu kaliyan anak
kula, ewadenten kula upadosi ugi, sareng makaten kula saged
anyingkiraken gempalan tembok, wiyaripun saelo pasagi, sangand-
haping gempalan tembok punika kula aningali sirahing babu ingkang
meh ical sipatipun awit saking gubrusing rah, sirahipun anggigi-
risi dhateng ingkang sami aningali, ing bakaraosipun manah ing
bapa ingkang anginten badhe amanggih anakipun kaplenet ing banon.
Menggah badaning babu tuwin anak kula kala samanten dereng
katingal, amargi saking taksih kaurugan ing banon nunten kula
anyingkeraken banon ingkang angurugi jisiming babu kalayan
angatos-atos, sareng makaten wekasanipun jisiming babu kapanggih
saha lajeng kula wedalaken, dene anak kula inggih wonten ing
ngriku, lajeng kula wedalaken wilujeng taksih gesang, saha boten
kirang punapa-punapa, menggah jalaranipun anak kula taksih
gesang, punika awit saking dhadhanipun babu ingkang sampun anang-
gulangi kaplenetipun anak kula.

PUNIKA WEWAHANIPUN SERAT JURUMARTANI KAPING 27 JUNI 1867, ONGKA


26

O, sapinten bingahing bapa biyung sareng amireng anakipun malih


ingkang sampun kakinten pejah, mongka wilujeng boten kirang
punapa-punapa. Salebeting kamar ingkang ambruk tembokipun,
inggih panggenan anak kula wau, titiyang saged amanggih jisiming
babu sanes ingkang kaplenet, wonten malih babu ingkang putung
sukunipun, punapa malih jaka satunggil ingkang pepes sukunipun
saha lajeng pejah.
Sareng kula sampun anyingkiraken anak rayat, kula lajeng wangsul
kaliyan administratur dhateng griya ingkang ambrukwau, boten
dangu lajeng padhang ing rainten, sangajenging urugan banon kula
amanggih sirahing tiyang jawi, ingkang mesat saking gembung,
tebihipun kalihwelas tindak.
Menggah pabrik ing Plered kadadosanipun ing sapunika ical sipati-
pun, amargi tembokipun sadaya sami ambruk, malah boten wonten
banonipun ingkang taksih manjing, sadaya dados urug-urugan
======================
Pawartos saking Cilacap bab lindhu kala tanggal kaping 10 wulan
Juni punika pratelanipun kados ing ngandhap punika: Menggah
ingkang andadosaken prelu saha kenging kamanah, wah pantes
kawartosaken, punika amung bab lindhu ingkang sakalangkung
sanget, kala tanggal kaping 10 wulan Juni punika, ing wanci
enjing pukul satengah gangsal.
Ebah ing siti saking ler mangidul, lajeng gonjingidul angilen
lampahipun alon, antawis dangunipun 2 1/2 (2,5) menut ebahing
siti angombak saha boten ajeg, tumunten amubeng, andadosaken para
tiyang boten saged angadek jejeg, menggah ingkang karisakan
kathah, punika griya tuwin praboting griya.
Gudhang kopi kangunganipun kanjeng gupremen ing sapunikanpun
kawatawis kathah piyambak karisakanipun, griyanipun tuwan ku-
mendhan karisakan sanget, meh sadaya tembokipun bengkah.
Ebahing lindhu inggih karaos ugi wonten ing baita-baita kapal
ingkang sami wonten muhara ing Cilacap, ngantos sakalangkung
sanget, para titiyang ingkang wonten lebeting baita kapal ing
nalika samanten sami nginten, manawi baitanipun kapal sampun
kandhas ing dhasaring saganten, beteng-beteng ing Nusakambangan
saking pawartosipun amung karisakan sawatawis, dene sabawaning
wana ing Nusakambangan sakalangkung sora, ngantos ambrebegi
kuping.
Para opsir ingkang sumerep kapal wonten lindhu ing Ambahrawa
sami amratelakaken mupakat, bilih lindhu ing Ambahrawa wau
dereng paja-paja timbang ing sangetipun kados lindhu kala kaping
10 wulan Juni punika.
Ing Demak tuwin salebetingparesidhenan Japara sadaya titiyang
sami karaos ebah ing siti saking dening lindhu, sakathahing
pawartos ingkang saking tanah ing ngriku samangke wonten pawar-
tosipun ingkang saking Kudus, kapacak ing serat pakabaran,

pratelanipun kados ing ngandhap punika.


Ing Kudus ebahing siti saking dening lindhu wonten sangetipun,
kala wonten lindhu wanci ngajengaken pukul satengah gangsal
enjing, kula tilem lajeng kagetkaraos kados dipun oyog sareng
makaten kula enggal medal saking griya, saha lajeng dhateng
pabrik, sitinipun taksih ebah, wonten mandor satunggil ingkang
ngadeg wonten ing dhingklik kaprenah celak kaliyan gilingan,
lajeng dhawah kontal, dene isining kulah ingkang wonten ing wetan
tuwin kilen sami wutah saking dening kocak-kacikipun, wonten
ingkang andadosaken gumuning titiyang, sarehning sanget ebahing-
siti, teka margining kukus ing pabrik boten kirang punapa-puna-
pa, malah para wirantosing pabrik boten kengser saking panggena-
nipun, mengggah kasangsaran kula boten amireng, sarta kapitunan
ageng ing saubenging tanah tembing wetan sadaya boten patos
wonten.
Pawartos saking Surabaya ingkang medal saking telegrap, pratela-
niopun kados ing ngandhap punika: Ing tanah Tembing Wetan amung
sakedhik kasangsaranipun, sanadyan meh sadaya saubenging ngriku
ebah ing siti saking dening lindhu sami karaos, ing Kedhiri
wonten tiyang pejah tuwin kataton gangsal, pabrik ing Majapang-
gung karisakan sanget, celaking Tulungagung marganipun ageng
bengkah, saha medal balethokipun, redi Kelud boten anyabawa, dene
redi Brama, weliran tuwin redi Semeru sami amedalaken kukus
amung sakedhik, punapa malih ebahing siti saking kidul kilen
mangaler ngetan.
Menggah pawartos bab lindhu saking Pekalongan, Tegal, Pamalang,
Brebes sadaya sami sae, titiyangipun boten sami anandhang
pitunan ageng.
==============================
Ongka 27, 4 Juli 1867

Ambubujeng sima
INg sakiwatengenipun tanah Lumajang Paresidhenan Prabalingga
wonten tuwan anama Akerman ingkang gagriya wonten ing ngriku,
tuwan punika asring remen amemejahi sima, sarta pambujengipun
sima wau sakalangkung ing kapurunanipun, menggahpambujenging
sima tuwan Akerman andadosaken kauntunganipun, awit ing
sawatawis wulan laminipun tuwan punika asring tampi arta
langkung saking kalih atus rupiyah, sumerep ganjaran saking
kantor bab anggenipun amejahi sima.
Manawi tuwan Akerman ambubujeng sima ingkang lampahipun
anguwatosi sanget punika boten nate anandhang kasangsaran,
malah tansah pikantuk bekja kemawon ananging kala tanggal
kaping 21 Mei ingkang sampun kapengker tuwan Akerman manggih
cilaka, sarta meh andadosaken pejahipun, pratelanipun kados
ing ngandhap punika:
Tuwan Akerman ing wanci enjing lumebet dhateng wana, saha
lajeng aningali tapaking sima ingkang taksih enggal wonten
wana ing ngriku, andadosaken bingahing manahipun, nunten
tapak sima punika katurut kalayan ambekta sanjata buwis
satunggil, kalampahan anggenipun anurut tapaking sima ngantos
ing dinten enjingipun malih, tumunten simanipun kapanggih
panuju saweg ngombe wonten ing jurang. Menggah sima wau
lorek, saha sakalangkung agengipun, sareng makaten tuwan
Akerman rumaos bingah ing manah, awit badhe saged angicalaken
kaliliping tiyang tanah ing ngriku, nunten tuwan Akerman
amurugi sima ingkang saweg ngombe ngantos saged celak sanget,
sima lajeng kasanjata kenging awakipun, kadadosanipun sima
boten pejah, amargi boten premana ing tatunipun, punika
andadosaken cilakanipun ingknag anyanjata.
Sampun kathah kemawon sima ingkang sami kasanjata dhateng
tuwan Akerman amung kasanjata sapisan lajeng pejah, ananging
sima ingkang kasanjata panuju saweg ngombe wau boten pejah,
kawatawis manawi wulet umuripun angungkuli sima sanesipun,
mila tuwan Akerman ijg waktu punika enggal angiseni sanjata-
nipun, suppados sageda anyanjata malih dhateng sima wau,
ananging boten ngantos dumugi anggenipun angisesni sanjata,
tuwan Akerman selak kabujeng ing sima ingkang sakalangkung
liwung pangamukipun, sima lajeng anubruk dhateng tuwan Aker-
man, kalampahan tuwan Akerman agelud kaliyan sima wau, ngan-
tos satengah jam dangunipun, sarehning tuwan Akerman pan-
glawanipun dhateng sima kalayan sanjata ingkang kadamel
anangkis ing panyokoting sima, mila sima lajeng kesah.
Tuwan Akerman tatu ing pundhakipun tuwin ing kempolipun
kacakot ing sima, aliya saking punika tatunipun kacakar,
kalampahan tuwan Akerman sanget anggenipun kataton, ewadenten
tuwan Akerman taksih gadhah kabanteran tuwin engetan, angla-
jengaken ing pambajengipun dhateng sima.
Manawi tiyang saweg manggih cilaka punika asring wonten
sandhunganipun malih, makaten ugi tuwan Akerman, sareng ing
waktu punika sasampunipun angiseni sanjata lajeng ambubujeng
dhateng sima, lampahipun anarajang bondhotan, sareng makaten
platuking sanjata kasangkut ing bondhot, andadosaken
ungelng sanjata yambak, sarta angengingi darijinipun tuwan

Akerman, wekasanipun tuwan Akerman boten saged anglajengaken


ing lampah, saha lajeng ambruk ing siti, awit saking katha-
hing wedalipun rah, kraos sayah tuwin sakiting tatunipun,
punapa malih awit saking luwe saha angelakipun, amargi tuwan
Akerman boten anedha ing dalem kawan likur jam.
Sasampunipun wonten mitranipun tuwan Akerman anama tuwan
Setap kaliyan tuwan Keres, punika sumerep bab lalampahanipun
tuwan Akerman kaliyan sima, kados ing kang sampun kapratela-
kaken ing nginggil wau, nunten tuwan kakalih wau sami tung-
gil pikajengan badhe ambelani mitranipun, mila lajeng sami
angupaosidhateng sima ingkang sampun anatoni sanget dhateng
tuwan Akerman, menggah anggenipun angupadosi sima tuwan
kakalih punika ngantos dumugi wanci sonten, ananging simani-
pun boten kapanggih, sareng ing dinten enjingipun sami ngupa-
dos si sima malih, wekasanipun sima kemnging kasanjata dening
tuwan Setap, sima kataton permana lajeng pejah, saha kabekta
mantuk dhateng griyanipun tuwan Akerman.
Ing wasana tuwan Akerman sareng edal pawartos wau, ing sapu-
nikanipun ngangkat saras tatunipun, saha wonten pangajeng-
ajengipun badhe enggal saras babar pisan, wah badhe enggal
saged ambubujeng sima malih, supados andadosna kabegjanipun
para tiyang tanah ing ngriku sadaya.
==================
Ing ngandhap punika sambetaning pawartos saking nagari Sura-
karta, ingkang wiwitanipun sampun kapacak wonten ing serat
Jurumartani, ongka 25.
Kanjeng tuwan Residhen amaringi wangsulan pandikanipun
terang, patitis boten rakaos sarta angresepaken ing manah,
sanajan kanjeng tuwan residhen angungun ing galih, para tamu
sami eram amirengaken bab rigen tuwin teranging pangandikani-
pun anggenipun ambasakaken ing tembung mlajeng sae: punapa
ingkang sampun winuwus aken ing nalika kaparing wilujeng saha
panrimah, andadosaken renaning galihipun para ageng jawi
ingkang sami tedhak ing pista, kanjeng tuwan residhen sanget
karaos ing galih, anguningani kaurmatan ing ngakathah, mi-
nongka pratondha yen sami asih saha rumaket dhumateng kanjeng
tuwan residhen, sasampunipun ngandika malih amatedhani panri-
mah dhateng komisi, awit angemenaken anggenipun angestokaken
kuwajiban kanjeng tuwan residhen kaengetan ing tuwan komi-
saris Dhe Abo, ingkang kala samanten kapambengan sakit boten
saged dhateng ing pista, ananging angaturi serat ingkang
tuwan residhen minongka pratondha anggenipun angaosi sarira-
nipun mawi kanthi muji raharja. Kanjeng tuwan residhen tumun-
ten amatedhani panrimah dhateng jajaran kaurmatan sakomanda-
nipun wekasaning pangandika, angunjuk wilujengipun para
welandi ing nagari Surakarta, tuwin wilujengipun para tamu
ingkang wonten ing pasamuwan, sadaya tamu sami tumut ngunjuk
sarwi surak para musikan sam angungelaken gendhing kasarengan
ngeling mercon bom damelan Cina ingkang gumleger swaranipun,
saben ngunjuk wilujengan saha sakendelipun surak mawi kasau-
ran ungeling mercon bom damelaning cina wau.
Tuwan Lawik tumunten angaturaken wangsulanipun komisi ing
ngatasing pangandikanipun kanjeng tuwan residhen wau, suraos-
ing wangsulan makaten: sanadyan kuwajibanipun komisi ingkang
linampahan punika boten anyakecakaken manah, para komisaris

ugi sami bingah sanget saha rumaos kajen, sabab kuwajiban wau
manggepokan sih rumaketipun titiyang ing Surakarta dhumateng
kanjeng tuwan residhen Lamres Pantorenbureh, ingkang setya
tuhu ing ngatasing kuwajibanipun saha saged amengku praka-
wisipun paa tiyang ingkang boten nyepeng padamelan nagari,
kanjeng tuwan residhen punika sampun lami angraos manawi
galihipun: kadunungan seratan ingkang ungelipun kautamen
amisudha nama. Nanging kayaktosanipun ing mangke katingal
wonten ing jajanipun. Tuwan Lawik yen botena karumiyinan
dening aturipun tuwan Bosower ingkang sakalangkung prayogi,
amesthi kathah aturipun bab pratondha kang urmatan punika,
ing mangke atur wau lajeng kacekak kemawon suraosipun maka-
ten: komisi angaturi panuwun dene anggenipun nglampahi
kuwajiban katrimah ing kangjeng tuwan residhen atur punika
mawi kanthi pamuji, kanjeng tuwan residhen anggenipun suwita
ing kangjeng gupremen angasta paprentahan wonten nagari
Surakarta mugi lestantuna sawatawis lami malih, minongka
pangagenging kitha angayomi titiyangipun ingkang tansah
kenging, wenang, sarta badhe anganggep mitra ing salaminipun
dhumateng kanjeng tuwan residhen wekasaning atur angunjukwi-
lujengipun mitra ingkang kaurmatan ingggih punika kanjeng
tuwan Residhen Lamres Pantorenbureh, ingkang tansah kapundhi-
pundhi ing ngakathah.
Boten dangu tuwan Offestelatur angandika, pitembunganipun
tumunten sarta prayogi, salajengipun asuka panrimah dhumateng
para welandi ing Surakarta, dene sami angulem-ulemi dhateng
tuwan offester tuwin sawarninipun ofpesir, kapurih anjenenga-
na pista pakurmatanipun kanjeng tuwan residhen. Pamujiniun
tuwan Offeste, pista ing dalu punika mugi dadosa jalaran
tepangipun sae para offsir kaliyan para welandi ing Surakar-
ta, ing wusana tuwan offeste angunjuk wilujengipun para
walandi ing Surakarta.
Tuwan komisaris J.A.Wilkes amangsuli pangnadikanipun tuwan
Offestelatur. Sanadyan wangsulan punika boten mawi kamanah
rumiyin ugi angresepaken galih, wondening suraosipun tuwan
Wilkes angaturaken panuwunipun para Welandi ing Surakarta
dhumateng tuwan Offeste tuwin warniing opsir, awit sami karsa
anjenengi pista, sarta ambiyantoni ingkang andadosaken kabin-
gahan wontening pasamuwan, sasampunipun tuwan Wilkes anjumu-
rungi pamujinipun tuwan Offerste kados kag sampun pratela-
kaken ing ngajeng wau, tumunten angaturi ngunjuk ing wilu-
jengipun tuwan Offerste tuwin para offiser ing beteng Sura-
karta.
Sakendhelipun dhahar, kanjeng tuwan residhen kaliyan ingkang
sinuhun kanjeng Susuhunan tuwin para tamu sawatawis sami
karsa mlampah-mlampah, sareng kanjeng tuwan Residhen saha
ingkang sinuhun sampun pinarak saha angandika kaliyan para
tamu gagentosan lajeng wonten ingkang sami wiwit dhansah
malih. Kondur dalem ingkang sinuhun wanci pukul sakawan
enjing. Kanjeng tuwan residhen taksih karsapinarak ngantos
pukul ganggsal enjing, kala samanten para tamu kerep angun-
juk angaturi wilujengipun kanjeng tuwan residhen sareng
kanjeng tuwan residhen karsa kondur, sawarninipun musikan
sami anjajari wonte sangajenging kreta ingkang katitiyan ing
kanjeng tuwan residhen, komisaris sawatawis andherekaken

nunggil sakreta kaliyan kanjeng tuwan residhen. Komisaris


ingkang taksih kantun lajeng sami nusul dhateng ing dalem
paresidhenan sarengan kaliyan para tamu kathah sarta para
offiser. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya mangkunagara
inggih tumut tedhak dhateng dalem paresidhenan kadherekaken
dening para offiser ing Lesiyun mangkunagaran, sarawuhipun
kanjeng tuwan residhen wonten ing dalem paresidhenan lajeng
kapondhong kabekta lumebet dening welandi sadasa, kapinara-
kaken ing sowang.
Awit jabhebg tuwan residhen karaos ing galih anggenipun
kaurmatan punika, kendel saantawis boten saged ngandika,
ananging boten dangu lajeng angandika malih amatedhani panri-
mahing galihipun dhumateng para tamu. Sanalika segah inuman
sampanye kaubengaken para tamu sami ngaturi pamuji sasarengan
suraosipun: kanjeng tuwan residhen Lamres Pantoren bureh
mugi lestantuna raharja.
Tuwan Offestelatur kala samanten angandika malih, anyariyo-
saken anggenipun suwita ing nagari laminipun sammpun sangali-
kur taun sarta atepangan kaliyan priyantun kathahing ngatasi-
pun padamelan, tuwan Offeste anguningani yen lelabet tuwin
pikajengan ingkang sae, wonten ingkang boten kaaosan malah
asring kaundhat-undhat menggah kanjeng tuwan residhen Lamres
Pantorenbureh anggenipun suwita nagari sakawit mawi pangkat
warni-warni, sapunika sampun lenggah priyantun ageng, saha
ganjar tatenger adi ingkang katingal ing ngakathah, sarta
minongka pratondha manawi lelabetipun kanjeng tuwan residhen
katrimah ing kangjeng maharaja. Tuwan Offeste inggih ugi
angaosi lelabetipun kanjeng tuwan residhen ingkang tansah
dipun urmati saha kaanggep mitra dening tuwan Ofeste, sala-
jengipun tuwan Offeste angaturi wilujeng dhumateng Kanjeng
tuwan residhen awit anggenipun dados pangageng amengku
titiyang ing nagari Surakarta, sabarang ingkang kadhawahaken
tuwin ingkang katindakaken kapundhi-pundhi ing titiyang wau,
katawis saking sih rumaket saha pakurmatipun dhumateng kan-
jeng tuwan residhen wontensalebetipun pista ing dalu punika,
kalih dening malih tuwan Ofeste asuka wilujeng dhumateng para
tiyang ing Surakarta, dene kanjeng tuwan residhen ingkang
dados pangagengipun sanget amarlokaken sarta amikantukaken
ing prakwisipun titiyang wau, pamujinipun tuwan ofeste medal
saking esthining manah, para tiyang ing Surakarta mugi
lestantuna lami anggenipun andarbeni pangagenging nagari
ingkang sapunika jajanipun sampun rinengga ing seratan ing-
kang suraos kautamen amisudha asma. Tuwan Ofeste tuwin para
Offiser inggggih anyonthongi raosing manahipunpara tiyang ing
Surakarta anggenipun angaosi dhumatng kanjeng tuwan residhen
dados pangagenging nagari, saha anggenipun sami anganggep
mitra, punapa malih ugi anunggil panggaliyan kaliyan kanjeng
tuwan residhen anggenipun angayomi dhateng titiyang ing
Surakarta. Tuwan Ofeste inggih sanget angurmati dhumateng
titiyang ing Surakarta, mugi wilujenga ing salaminipun pama-
nahipun para offiser inggih samanten ugi, mila ingkang dados
pangajeng-ajengipun tuwan Ofeste, dalu punika mugi andadosna
jalaran rumaketipun sarta anggenipun sasedherekan malih para
welandi ing Surakarta kaliyan para Offiser. Tuwan Ofeste
lajeng angrangkul ing kangjeng tuwan residhen minongka pra-

tondha yenpangandikanipun sadaya wau temen wah kanthi pamuji:


titiyang ing Surakarta mugilestantuna kawilujengan.
Tuwan Komisaris Lesiyus tumunten angaturaken wangsulanipun
para welandi ing Surakarta, pitembunganipun prayogi. Para
wlandi ingkang sami wonten ing dalem paresidhenan lajeng
anyambeti wicanten sasarengan suraosipun makaten : Tuwan
Ofeste tuwin para offeiser mugi lestantuna raharja. Sasampu-
nipun tuwan Ofeste ngandika malih, para tamu lajeng pamitan
mantuk sarwi suka-suka awit wonten salah satunggal ingkang
wicanten sora, anyunyuwun mugi nagari ing Surakarta salamini-
pun kawengkuha dening pangageng ingkang nyameni kangjeng
tuwan residhen Lamres Pantorenbureh. Kanjeng tuwan Residhen
sakalangkung karaos ing galih ngantos angrentahaken waspa.
Sawangsulipun para tamu dhateng griya pangggenan pista, tuwan
Ofeste kaliyan ingkang garwa lajeng nitih kareta badhe kon-
dur. Para offiser tuwin para welandi sanesipun sami andher
badhe andherekaken konduripun tuwan Oferste, ananging sareh-
ning kapal rakitanipun tuwan Ofeste sami gilap sarta amberot
dados lampahipun para tuwan waukantun saweg sami dumugi
tengah-tengahaning margi, tuwan Ofeste sampun rawuh wonten
salebetipun beteng wanci pukul nem anjing sabibaripun pista
ingkang ambingahaken manah kalawan pantes tuwin angraketaken
pitepangan sarta annggilaken pikajengan para tuwan lajeng
sami mantuk dhateng griyanipun piyambak-piyambak.
==================================================
Atur tabe pakurmatan kula akathah, kaatura ing panjenengani-
pun tuwan ingkang mangarang ing serat jurumartani, ing nagari
Surakarta Adiningrat.
Panyuwun kula ingkang mugi panjenenganipun tuwan akarsa
amacak serat kula punika ing dalem pustaka jurumartani.
Pitaken ingkang sawantah.
Kula satunggiling tiyang ngindhu, adudunung griya ing sale-
beting kitha alit B.N. darbe panyuwun aliyan karana Allah,
dhumateng para sedherek ingkang asring sami karsa amencaraken
kawruh utawi pamanggih, asarana kawrat ing dalem serat juru-
martani, dene panyuwun kula punika boten kalebet ing kawaji-
ban ananging estu andadosaken suka pirenaning manah, sarta
sanget panuhun kula, saupami wonten ingknag karsa paring
katengan, menggah ingkang kula suwun wau, kados ingkang kula
pratelakaken ing ngandhap punika.
Sinebut ing dalem serat wulang ngreh, Brataatmaja, anggitan
dalem ingkang sinuhun kanjeng Susuhunan Pakubuwana kaping 4,
ing Surakarta.
Kathah wawaler utawi prasapanipun para ratu, para ageng tuwin
para luluhur ing nguni-uni, kadosta:
1.Wiwitan ingkang prasapa Kyai Ageng ing Tarub amaleri ing
satedhakipun tan kalilan ngagem dhuwung utawi waos ingkang
apangawakwaja, dading lembu datan kenging dhahar, lan tan
kenging ngingah ing tiyang ngandhap.
2.Kyai Ageng Sesela, boten anglilani dhumateng satedhakiun
ananem waluh wonten ing ngajengan sarta wohipun datan kenging
dhahar.
3.Panembahan Senapati, tan anglilani dhumateng satedhakipun
anitiha kuda napas tuwin kuda kang kokoncan surenipun sarta
dhahar amengkeraken kori, wingking datan jinagenan.
4.Kanjeng Sultan Agung Mataram aprasapa tedhakipun tan lini-
lan nitih kuda kang bendana: yen ajurit, lantar kenging
ngagen waos lamun linandheyan wergu, sarta tan ing ngaken
darah yen tan saget tembang kawi.
5.Kanjeng Susuhunan Pakubuwana kapisan tan linilan ing
satedhakipun lamun ana kang anitih adipongga
6.Kanjeng Susuhunan Prabu Mangkurat prasapan ing satedhakipun
tan linilan ngujung astana ing Betah, sarta datan kenging
angagem wangkingan tanpa ngagem kandelan yen nitih kuda.
7.Kanjeng susuhunan Pakubuwana kaping 2, aprasapa tedhakipun
tan linilan klebon apyun asarana kases utawi kadhahar.
8.Kanjeng Susuhunan ingkang kaping 3 tedhakipun tan linilan
damel andeling jurit dhateng titiyang ingkang sanes jinisi-
pun.
9. Tedhak ing Demak winalaran angagem busana dhuwung: lan
anyamping londhang ugi winaleran.
10.Tedhak madiyun datan kenging ngagem songsong dhandhan
abang.
11.Tedhak madura, datan kenging ngagem poleng, parangrusak.
12.Sang Dananjaya ing dangu, waler datan kenging lamun angam-
baha, ing wana Krendhawahana.
13.Tedhak Matawis winaleran apa para ing wana lami tan kena.
14.Tedhak ing Kudus datang kenging daging lembu dinahara
15.Tedhak ing Sumenep datan kenging dhahar ajang piring watu,
wah tan kenging dhahar kidang dagingipun ajang godhong plasa
ugi tan linilan.
Bab prasapa ingkang kasebut ing ngajeng wau sadaya, kados
pundi katranganing sabab sabab utawi purwanipun ing nguni-
uni, dene teka andhawahaken wasiyat papaweh, saking pangga-
gasing manah kula, sampun tartamtu, yen wonten darunanipun
ingknag prelu, mila dahat kapiadrenging manah kula, sumerep
ing bubukaning prasapa ing satunggil tunggilipun.
Ingkang atur tondha raden Ngabei Tirtakusuma.
=============================
[This fragment is undated. It is probably from Jurumartani of 11 July 1867]

=========================
Panuwun kula, ing saudara, kabar kula ing ngandhap punika mugi
kapacaka ing serat Jurumartani
Kala dinten Senen kaping 10 wulan Juni 1867, wanci jam 1/2 5
enjing, ing tanah Getas bawah karesidhenan ing nagari Surakarta,
wonten lindhu, ingkang langkung sanget ebahipun siti, ananging
boten dangu, menggah kawontenanipun lindhu wau, boten andadosaken
kamlaratanipun tiyang padhusunan malah andadosaken bingah tuwin
kauntunganipun tiyang ingkang tetanen, margi ing tanah Getas
kathah pareden alit-alit sami rengka: ing ngandhap reden wau sami
medal sumberipun saha toya tuk wedalipun sakalangkung kathah.
MOngka saderengipun wonten lindhu. Ing tanah Getas sakalangkung
sanget ing kamlaratanipun tiyang ingkang sami tani, margi kaki-
rangan toya kathah sabin ingkang apus, sareng wonten lindhu,
andadosaken kauntunganipun tiyang ingkang sami sabin ingkang
kataneman pantun, awit badhe boten andadosaken pitunanipun tiyang
tani, jalaran saking lindhu.
Sinerat ing Getas kaping 20 wulan Juni taun 1867
Panewu pulisi ing tanah Getas
Raden Ngabei: Suradipura
=========================
Panuwun kula dhateng panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat
Jurumartani, ingkang mugi serat kula punika kapacak kang wonten
ing Jurumartani
Wangsulan dhateng Raden Lurah Mangunatmaja
Kula sampun mirsani, seratipun Raden Ngabei Danukrama, ingkang
kasebut wonten ing Jurumartani ongka 24, suraosipun, Raden
Danukrama, asuka wuninga, yen samangke, kapundhut wonten ing
ngarsadalem, kaangkat jinunjung drajat karsa dalem kaparingan
nama, Raden Lurah Mangunatmaja.
Ingkang punika, kula ngaturi pamuji sokuring ngallah, mugi les-
tantuna sapangginggilipun. Anami wonten gelanipun ing manah kula
sakedhik, dene seratipun raden lurah ingkang kasebut ing Jurumar-
tani, kirang terangipun, sarehning jaman sapunika, kathah ingkang
kasebut panjenengan dalem, punapa malih karsa dalem, punika mugi
katerangna, punapa saking panjenengan dalem ingkang sinuhun,
punapa panjenengan dalem kanjeng Rahaden ADipati, punapa karsa
dalem para kanjeng pangeran dipati, utawi para kanjeng pangeran
ingkang ageng-ageng.
Ingkang kaping kalih, sasebutan, kaangkat jinujung dlajat kapa-
ringan nama Raden lurah wau, punapa namung lurah nami kimawon,
punapa mawi wonten ingkang dipun lurahi, menawi wonten ingknag
dipun lurahi, dados lurahipun priyantun punapa wastanipun.
Anjawi saking punika, kula nyuwun katranganipun mawi wonten
sasebutan tondha nama kalih, 1, Suryamandura, 2, Mangunatmaja,
punika teranganipun kados pundi anggen kul kodheng wau, menawi
boten kalintu, sasebutan nama kalih punika, kados tekenipun
priyantun satunggal, anggen kula kedah nyuwun katerangan punika,
sabab kula inggih sami ing Ngayogyakarta, samangke wonten Batawi.
sinerat tanggal kaping 19 Juni 1867
Katandhan Alip dhokter Mangkusemedi.
==============================
Cariyos prasapanipun Kanjeng Susuhunan ing Kudus.
Kala rumiyin kanjeng Susuhunan Kudus amanggih anak sima taksih
alit, embokipun sampun pejah wonten pakiteran ing wana, sima alit

wau lajeng kabekta kondur dhateng Kudus, kapulasara ginumatenan


lulus ngantos ageng saged cumbu angidhep dhateng kanjeng Susuhu-
nan Kudus sampunn kados manungsa, sumerep ing cipta sasmita
anglampahi sapitedahipun Kanjeng Susuhunan Kudus, Sareng ing
ngalami-lami kanjeng Susuhunan Kudus karsa tedhak dhateng lepen
kaliyan garwa, sima wau tinanggenah tengga putra bayi ingkang
wonten ing bandulan, sapengkeripun Kanjeng Susuhunan Kudus wonten
ssawer ageng sanginggiling bandulan badhe anyaut bayi punika,
saking rikat tarampilipun sima wau sareng sumnerep lajeng anyarap
sawer, kenging sirahipun ponang sawer lajeng pejah, bangke dhawah
saking nginggil tansah dipun cokoti ing sima, ing nalika punika
cangkeming sima gubras erah lajeng nusul dhateng lepen, manawi
sageda wicanten kajengipun angaturi uninga wonten sawer bahde
anyaut putra, ananging sampun kapejahan, kala samanten kanjeng
Susuhunan Kudus sareng sumerep cangkeming sima gubras erahing
sanalika salah pandalih, saking pangintenipun ingkang putra
sampun seda kamongsa ing sima, mila simanipun lajeng kasuduk
pejah, sareng kondur dumugi ing dalem uninga manawi ingkang putra
taksih wilujeng, sarta aningali bathang sawer wonten sandhinging
bandulan, Kanjeng Susuhunan Kudus dalah ingkang garwa sami
angungun asmu kaduwung anggenipun mejahi sima wau, sampun
rumaos manawi kirang titi pariksa, mila lajeng andhawahaken
prasapa makaten pangandikanipun, tumbak keris gaweyan ing Kudus
aja ana mangsah maring macan.
Sareng ing ngala lami-lami cariyos malih Kanjeng Susuhunan Kudus,
anuju badhe dhateng Matawis anema amedal wana ing Krendhawahana,
saking panyobaning Allah ta ala, Kanjeng Susuhunan Kudus kala
samanten bingung boten sumerep ing ler kidul, salewbeting batos
tansah analongsa nuwun pangaksama, parmaning Allah tangala duma-
dakan kanjeng Susuhunan Kudus amiyarsa swaraning gentha, sareng
dipun purugi kapanggih ingkang kapiyarsa wau gentha kalunging
lembu wonten ing ngara-ara, sareng sanalika Kanjeng Susuhunan
Kudus mantun bingung, mila lajeng andhawahaken prasapa makaten
pangandikanipun, saturuningsun ing wuri padha anuta ora mangan
daging sapi, karana ing sun kang ramake dening prasasat atuduh
marga dadi jalaraningsun mari bingung, Milanipun ngantos dumugi
ing mangke tedhakipun Kanjeng Susuhunan Kudus boten kenging
dhahar ulam lembu.
=============================
Para tiyang ingkang taksih gadhah sambutan dhateng kantor lelang
ing Surakarta kala ing wulan Maret 1867 sami kaemutaken ambayara
sambutanipun saderenging utawi satelasipun wulan Juli punika,
manawi boten angleksanani ing pambayar wau, badhe katagih medal
sakng panguwasaning pangadilan.
Surakarta kaping 1 Juli 1867
King Kanguwasani kantor lelang
Katandhan Bosower.
==============================
Tuwan Jaspres enko asuka uninga dhateng para priyantun, manawi
sapunika mentas tampi ing tokonipun pirantos anyerat warni-warni,
bahe kasade sakalangkung murwat ing reginipun, pratelanipun kados
ing ngadhap punika:
Kertas walandi pethak ingkang pagasan utawi boten, kertas pelin
pethakan ingkang kandel utawi sedheng, kertas pelin sampun
kagarisan, kertas kerdhus tuwin kertas ingkang kadamel anggarin-

gaken seratan, kertas pos pehak, biru, ijem kuning sapanunggila-


nipun ing warni, saha ageng tuwin alit, ules serat, kalam;lar,
pen waja warni-warni, garan pen gelas, gadhing tuwin garan pen
ingknag limrah kemawon, wadhah mangsi, lak, cap, Aowel, blendok
kadamel ngancing serat, kawadhahan ing gebyas, mangsi abrit,
cemeng, biru,ijem, kkuning tuwin wungu, potelot cemeng, abrit
tuwin biru, punapa dene sanes-sanesipun.
Utawi malih tuwan Jaspres enko inggih tatampi ing tokonipun
pirantos agambar warni-warni kadosta: Kertas gambar kandel,
kertas gambar ageng, pamadenipun elon, sinjang pirantos anurun
gambar, jongka sapanunggilanipun kadekekaken ing dhus, pulas,
sikon gelas tuwin kajeng, karet sapanunggilanipun, kapur cemeng
tuwin kajeng, karet sapoanunggilanipun,. kapur cemeng tuwin abrit
kadamel agambar, potelot kadekekaken ing dhus mawi wonten la-
dingipun alit sapanunggilanipun, potelot kadekekaken ing dhus
warninipun ngantos kawan likur.
Wasana tuwan Jaspres enko mentas atampi ing tokonipun tromel
tuwin pethi panyeratan dadamelan Inggris, ukuran, serat kadamel
andekek gambar-gambar sorot ageng alit, plangkan gambar sorot,
wonten ingkang praosan, Lei sela marmer, waterpas ageng tuwin
alit, lading pangaretan tuwin gunting damelan Inggris, Termome-
ter, pisis mutiara dadamelan cina, kertu walandi tuwin sanes-
sanesipun akathah.
Barang komisi:
Wadhah kinang pethakan Berlin satunggil, Orgel ageng, sarta
lapender AO warni-warni sami kagadhahan ing gebyassae-sae.
Katandhan Tuwan Jaspres enko
Menggah regining serat Jurumartani ingkang taksih dereng kabayar,
kathahipun 12 rupiyah ing dalem sataun mugi sami kabayara sade-
rengipun telas wulan Juli punika, manawi boten kabayar, pangintu-
nipun serat Jurumartani badhe kinendelan.
Surakarta kaping 10 Juli 1867
Katandhan Tuwan Jaspres enko
=================
Benjing ing dinten Kemis tanggal kaping 11 wulan Juli punika,
wanci enjing badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan Leisiyus
ing Temulus bawah Surakarta, menggah ingkang badhe kalelang
barang warni-warni gadhahanipun Nyonyan Leisiyus.
Benjing ing dinten Jumungah tanggal kaping 12 wulan Juli punika,
wanci enjing badhe anglelang wawenanging pamaosipun siti dhusun
ing Temulus wau, wonten gedhong panglelangan ing Surakarta.
Benjing ing dinten Saptu tanggal kaping 13 wulan Juli punika,
wanci enjing badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan R.Singer
ing Jebres Surakarta, dene ingkang badhe kalelang barang warni-
warni.
Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 14 wulan Juli punika,
wanci enjing badhe angenglang dandosan griya warni-warni, wonten
griyanipun tuwan Litenan Pan Switen ing Surakarta.
Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 15 wulan Juli punika,
wanci sonten pukul wolu, badhe angenglang serat-serat tuwin
gambar warni-warni, wonten ing Sositit Dhe Harmoni ing Surakarta.
============================
Ongka 29, 18 Juli 1867

Pawartos warni-warni
Serat kintunan ungelipun kados ing ngandhap punika:
Menggah prelunipun Kanjeng Gupremen karsa andhawahaken wonteni-
pun griya pagawen, punika saking panginten kula, supados andados-
na pitulungan dhateng tiyang ingkang sami kabetahan arta, anang-
ing manawi kados lampahipun pak Gadhe ing Madiyun anggenipun
anggagantos, saking panginten kula boten andadosaken pitulungan,
awit panyepengipun barang kamurwat sakalangkung andhap saking
reginipun, anjawi saking pamireng kula ing kandhaning titiyang,
bab panggantosipun barang-barang pakgadhe ingkang amurwat panga-
osing barang barang ingkang kagantos wau sakalangkung andhapipun,
kula piyambak inggih sampun sumerep, kala ing wulan September
1865, pak gadhe anggentosi kang mas mawi inten sarakit, ingkang
sampun katapsiraken dhateng kemasan titiga, sami amurwat regi 90
dumugi 110, rupiyah pak gadhe punika boten purun anggantos seng-
kang wau, 20 rupiyah, purunipun amung gangsal welas rupiyah, mila
ing mangke manawi kados makaten lampahipun pak gadhe anggenipun
anggaantos barang, kamurwat sakalangkung andhap saking pangaosi-
pun, mongka wonten tiyang dhusun ingkang badhe angangge arta
kadamel tumbas maesa, punika kedah gadhah barang ingkang ngantos
regi 4000 rupiyah, supados sagedipun anggantosaken angsal 60
rupiyah. ARta 60 rupiyah punika upaminipun badhe katumbasaken
maesa sarakit ingkang sampun kenging kadamel malujeng sabin,
amesthi boten saged angsal, manawi titiyang badhe atumbas maesa
kakalih ingkang sampun kenging kawalujengaken wau, punika kedah
ambekta barang ingkang badhe kagantosaken, sakedhik-kedhikipun
kedah pangaos 600 rupiyah, supados cekapipun kadamel tumbas maesa
kakalih wau. Pamatawis kula sakedhik sanget titiyang alit ingkang
gadhah barang ngantos regi 600 rupiyah, sanadyan kapal dhusun
sanesipun gongsa inggih sakedhik ingkang anggadhahi barang ngan-
tos samanten wau pangaosipun, dene pak gadhe manawi anggantos
barang anyukani arta tembagi. Menggah pak gadhe punika manawi
ambekta arta tembagi saking griya pagadhen dhateng peken ing-
kang celak saking griya pagadhen wau, punika boten andadosaken
rekaosipun awit saking celakipun, ananging ingkang sade maesa
manawi ambekta arta tembagi, mantuk dhateng griyanipun, punika
sakalangkung susahipun, awit saking kathah titiyang sade maesa
griyanipun tebih, punapa malih andadosaken susahipun titiyang
ingkang sami anggantosaken, manawi atampi arta tembagi, awit bok
manawi ingkang sade maesa anedha arta pethakan, ingkang angganto-
saken wau kedah anukaraken artanipun tembagi angsal arta petha-
kan, sarta asring ambaseni ngantos tigang dhuwit ing dalem
sarupiyahipun, manawi boten anyukani arta pethakan, panumbasipun
maesa asring sande.
Punapa boten prelu sanget anamtokaken, sapinten panduman saking
reginipun tapsiran barang ingkang badhe kagantos dening pagadhe,
manawi panggantosipun barang kapasrahaken dhateng pakghade,
saestu pakgadhe punika remen anggantos barang kasakedhikaken ing
pangantosipun, sarta mindhak kathah anakipun, ananging badhe
andadosaken kamlaratanipun titiyang alit ingkang sami angganto-
saken barang.
Wonten ingkang cariyos bab panedhanipun anakan pakgadhe, punika
wonten Cina ing griya pagadhen, punapa saking reka-reka kemawon

punapa sayektos bodho, utawi salah pangetangipun, anggenipun


anedha anakan manawi saweg kalih wulan panggantosipun barang,
lajeng anedha anakan tigang wulan, ingkang punika pamanggih kula
piyambak, prayogi manawi sera titir gantosan kaserata ing sastra
walandi, saha kapratelakna ing ngriku titi mangsanipun, awit
manawi wonten tiyang anggantosaken barang badhe sumerep lamini-
pun, punika boten susah amintokaken seratipun dhateng tiyang
ingkang saged maos, punapa dene sakalangkung prayogi malih,
manawi para bupati anyukanana serat pratelanipun anakan kados
ingknag sampun katamtokaken dening kanjeng gupremen, supados
andadosna gampilipun titiyang alit, sarta sageda pikantuk kater-
angan saking wadananipun piyambak.
================================
Kecu ing tanah bawah Surakarta
Serat saking tanah Sukawati bawah Surakarta, katitimangsan kaping
24 Juni ingkang sampun kapengker, amratelakaken kados ing ngand-
hap punika.
Awit saking susahing manah kula kedah suka uninga, manawi tuwan
ingkang maosi siti dhusun anama Pansetrallendhorep ing dhusun
Janglot, kaprenah celak ing pinggit banawi Surakarta, kala malem
Kemis tanggal kaping 20 Juni ingkang sampun kalampahan, dipun
kecu, menggah lebeting kecu punika ing wanci dalu pukul kalih
welas, dene kathahipun tiyang 30 utawi 40 ingkang sami ngobrak-
abrik salebeting griya, tuwan Setrallendhorep ing waktu punika
tilem wonten salebeting kamar kaliyan bojonipun, dene ing kamar
sangajengipun punika tuwan Sekol ingkang basero ing pamaosipun
siti dhusun Janglot kaliyan tuwan Setrallendhorep nuju tilem
wonten ing ngriku, tuwan Sekol wau amarengi saking nagari dhateng
dhusun Janglot, sarta badhe wonten ing ngriku saking sawatawis
dinten laminipun, antawisipun boten tebih saking griyanipun tuwan
Setrallendhorep, amung enget 50 tindak kagriyanan Opserenderipun
tuwan Setrallendhorep ingkang kaprenah kapenakanipun piyambak.
Sareng makaten ing waktu punika wonten sanjaata mungel sapisan,
sarta angengingi bekel ing katelan ingkang dalu punika panuju
jagi wonten ing griyanipun tuwan Setrallendhorep, bekel wau pejah
ing ngenggen, saha tatu pitu, boten ngantos dangu rangganipun
tanah ing ngriku dhateng badhe tandhang tulung, ananging lajeng
kawaos dening kecu, ngantos tatu kalih, inggih kalampahan pejah
ing ngenggen.
Salajengipun tuwan Setrallendhorep medal saking kamar panggenani-
pun tilem, sareng aningali kecu kathahipun tiyang kalihdasa
wonten salebeting griya, lajeng angundang dhateng tuwan Sekol
kancanipun Basero wau, ananging tuwan Sekol punika sampun tangi,
ing sanalika medal saking kamaripun, saha lajeng lumajeng, tuwan
Setrallendhorep ing waktu punika mundur angundang bojonipun
ingkang kapurih anggrendhel kamaripun saking ing lebet, sasampu-
nipun lajeng lumajeng. Kecu kalih dasa ingkang sampun lumebet
ing griya wau sami anyemeng rainipun, saha ambekta dadamel sanja-
ta tuwin waos, nunten para kecu lajeng anempuh kamar patileman
ingkang kawadungan, Nyonyah Setrallendhorep lajeng minggah
dhateng loteng, saha ambikak tutuping loteng ingkang sakalangkung
awratipun, tutuping loteng punika inggih lajeng kagrendhel saking
lebet, wekasan Nyonyah Setrallendhorep ambikaki sirap, lajeng
saking ngriku dhateng payoning griya, wonten ing ngriku Nyonya
Setrallendhorep lajeng umpetan wonten ing talang saanawisipun

empyak kakalih, talang punika sareng katingalan wonten bolonga-


nipun kalih panggenan, labetipun kawaos saking ngandhap, ananging
wilujeng boten angengingi Nyonyah Setrallendhorep.
Opsinderipun tuwan Setrallendhorep ingkang gagriya celak kaliyan
griyanipun tuwan Setrallendhorep sareng mireng sabawaning
titiyang kathah wonten palataraning griyanipuntuwan Setrallend-
horep, lajeng anyelaki titiyang kathah wau kalayan ambekta sanja-
ta, ananging Opsinder punika lajeng kasanjata dening kecu, wilu-
jeng boten kenging, mimisipun alangkung wonten sangajenging
rainipun, ing nalika samanten tuwan Opsinder males anyanjata
dhateng kecu ananging Opsinder boten saged sumerep punapa angge-
nipun anyanjata angsal punapa boten, sanadyan ing dalu wau
kaleres padhang wulan, ewadenten Opsinder aningali kecu kakalih
anggotong kancanipun satunggil, sareng sanjatanipun Opsinder
mungel, para kecu lajeng dipun ken dhateng kancanipun, kapurih
angrampog dhaateng Opsinder, ingkang lajeng lumajeng mantuk saha
angungsekaken anak bojonipun.
Sarehning sampun boten wonten ingkang lalawan malih, para kecu
lajeng sami lumebet dhateng kamar-kamaring griya, sawarnining
benet sami kawandungan sadaya, sareng sampun menga isinipun
kapendhetan sadaya ngantos telas, ing nalika samanten sasampuni-
pun kesah para kecu, katingal wonten Orgel ingkang sakalangkung
sae glumethek ing jrambah, saha sampun bibrah dados sawalang-
walang, sakathahing kajang sirah sami mawut wonten ing jrambah,
klambu patileman kasebrak saking patileman, peti sanjata karemuk
gumlethek ing siti, isinipun sanjata sampun boten wonten kabek-
ta ing kecu, kestul repolper saget mungel kaping nem inggih
kabekta ing kecu, cekakipun sadaya karisakan, dene arta ingkang
kabekta ing kecu, kathahipun 350 rupiyah, kalampahan tuwan Se-
trallendhorep kaliyan Nyonyahipun sabibaring kecu sami boten
gadhah sandhangan sanesipun anjawi ingkang kaangge ing dalu kala
wonten kecu punika. Menggah salebeting kamaripun tuwan Sekol
inggih karisakan sanget, punapa malih barang-barang ing Galdri
wingking karisakan sadaya pundi ingkang boten kenging kabekta ing
kecu. Sasampunipun para kecu angririsak salebeting griya, lajeng
sami anumpuk bantal wonten ing bangku, kathahipun sadasa utawi
gangsal welas iji, bantal punika lajeng kasulet ing latu, anang-
ing latunipun enggal kapejahan dening para tiyang ingkang sami
tandang.
Sakalangkung aeng dene wonten kecu sami amecahi gelas tuwin
dilah-dilah ingkang wonten sisih ing tombok utawi ingkang wonten
ing pojokan, manawi para kecu sageda, amesthi boten purun amecahi
barang barang gelas wau, awit badhe anatoni sukunipun.
Menggah benggoling kecu punika anama Truna Dongsa ing dhusun
Swatu, tuwin pauda ing Longkong, kabawah ing dhistrik Kuwu tuwin
ing Wirasari tanah Grobogan paresidhenan Samarang.
=============================
Ing tanah Amerikah wonten tiyang salebeting kunjara sakit sanget
dadakan, para dhokter ingkang sami anjampeni sadaya boten sumerep
ing sasakitipun sayektos, wasana ingkang dados sasakitipun wau
katingal, badanipun sakojur ingkang sakit katimbulan dom, punapa
dene ing gulu tuwin ing dhadha kathah domipun ingkang sami
timbul, sareng ingkang sakit dipun pitakeni menggah ingkang dados
sababipun, ingkang rumiyin boten purun angaken, ananging sareng
ingkang sakit rumaos manawi boten saged saras malih, saha sampun

celak ing pejahipun, punika lajeng purun ambalakakaken ingkang


dados sababipun wau, pratelanipun makaten: padamelan kula ingkang
wau tansah ngupados serep dhateng sakathahing piawon, manawi
kula sumerep dhateng piawon punika, tiyangipun ingkang damel awon
lajeng kula ancam-ancam badhe kula cariyosaken pandamelipun awon
wau, bilih boten purun angepahi dhateng kula.
Sareng makaten antawis sampun wonten wolu utawi sadasa taun
laminipun, tukang uwang ing tanah Amerikah kapandungan, kala
mireng bab anggenipun kapandungan wau, tumunten kula angupadosi
kapanggih kaliyan pandungipun, ing nalika samanten kula gadhah
pamurih supados dipun kena ambekta arta angsal-angsalanipun
dhateng kancanipun pandung, kathahing arta sawatawis ewu ringgit,
kalampahan tulak pitadosan ambekta arta wau, ananging sareng arta
punika sampun kula tampeni, boten kula sukakaken dhateng kancani-
pun pandung, lajeng kula pendhet piyambak.
Salajengipun kula kacepeng dening para pandung ingkang kula
apusi wau, pikajenganipun kul abadhe kaukum, mila kula lajeng
kabesta saha dipun wudani, sareng kula sampun wuda, para pandung
sam anyublesi dom mangangah ing badan kula sakojur, sasampunipun
waradin anggenipun anyublesi dom panas wau, para pandung lajeng
angancam-ancam dhateng kula badhe kasakitan malih, manawi kula
taksih purun anyariyosaken piawon, kados ingkang sampun kalampa-
han, saha kula kapurih supaos ingkang sakalangkung awrat.
Salebeting taun ingkang ampun kalampahan kula inggih katiwasan
malih, jalaranipun makaten: kula sumerep titiyang sawatawis
ingkang sami adamel arta kertas, sarehning titiyang wau sami
sumerep, manawi kula saged angukirsae, saha saged anelad tondha
asta, para tiyang punika lajeng badhe amendhet sraya dhateng kula
kadamel konca ing lalampahanipun adamel arta kertas, ananging
kula boten purun, saha lajeng anedha bayaran sawatawis atus
ringgit, sumerep pituwas anggen kula badhe boten amiyak wawadosi-
pun awit saking punika kula lajeng anandhang tiwas, para tiyang
wau sami anandukaken apus krama, ing wanci sonten kula kabekta
lumebet ing griya, wonten ing ngriku kula lajeng kabesta saha
katangsulan suku kula ngantos boten saged ebah, tumunten talapa-
kan kula kailik-ilik, ing waktu punika kula boten tahan karaos-
ing kakenipun badan kula sakojur ngantos boten emut, sareng kula
sampun enget malih, tangan rai tuwin badan kula sakojur kacuble-
san ing dom mangangah, sanadyan kula sumerepa dhateng titiyang
ingkang sami anganiaya dhateng kula, ewadenten kula tansah ajrih
anyebutaken namanipun.
======================
Serat pawartos saking tanah Prasman anyariyosaken ing sayektosi-
pun bab serating sarjana ing Marseile bawah tanah Prasman ing
ngriku, serat punika amratelakaken manawi sarajana sampun angsal
pamanggih saged adamel panunggilanipun latu ingkang kawastanan
Latu Grik, latu punika manawi kaangge salebeting paprangan, boten
wonten panulakipun latu anggenipun adamel karisakan, menggah
ungeling seratipun sarjana wau makaten: manawi badhe anerangaken
bab dayanning latu Grik pamanggih kula, punika kula suka pratela
kalayan mawi pratondha ing kayektosanipun kula saged ambesmi-
kaliyan latu Grik wau balaning mengsah kathahipun 100000, saking
panggenan tebihipun 1000 elo, ing dalem gangsal menut amesthi
sampun sami kabesmi sadaya, manawi badhe anempuh kitha, kula
saged ambesmi kitha punika dalem sawatawis menut, amesthi telas

sadaya, punapa malih manawi badhe paparangan ing saganten, kula


saged ambesmi baita kapal satunggil ngantos telas sadaya ing
dalem saprapat menut, manawi badhe anempuh palabuhan, kula saged
ambesmi kithanipun ingkang kaprenah celak ing ngriku tuwin be-
teng-betengipun saking panggenan tebihipun mimising mariyem saged
dumugi, sakedhap kemawon kabesmi ngantos telas sadya. Menggah
tiyang perangan manawi ngangge latu Grik, amesthi boten susah
ngangge bataning paprangan, ingkang menang tuwin ingkang kawon
amesthi boten saged mantuk saking paprangan, sami tumpes sadaya.
=========================
Ing dhusun Kalinyamat bawah ing Japara, wonten wit pisang satung-
gal ingkang medaling uwohipun 479iji. Bab jinising pisang boten
kacariyosaken, manawi punika ingkang kawastanan pisang sewu,
dados boten patos saha ngeram-erami.
=====================
Ing dhusun Kalinyamat wau ugi kacariyos wonten babon satunggil
ngantos tigang taun laminipun boten purun anigan andadosaken
cuwaning manahipun ingkang gadhah, ing wusana babon punnika
anigan namung satunggal iji, agengipun tigan angeram-erami,
sareng babon angagremi tigan wau netes tiga iji. Kuthuk tiga
punika pratingkahipun cancingan sarta kendel sanget.
==========================
Layang kakancingan ingkang katitimangsan kaping, 10 sasi Pebru-
wari taun 1852 ongka 2, kapacak ing setatseblad ongka 15 ing
saiki ginawe batal, ing mengko kang katemtokake, sakehe aturan
bab arep amacak angiser lan amocot priyayi utawa lulurah jawa ana
saroning utawa ana sajabaning tanah Jawa tuwin Madura, lumadine
kudu metu saka tuwan dhirektur kang bekel sakehhe prakara ing
sajroning nagara. Samono iku kang kajabakake mung priyayi kang
duwe kalungguhan sangisoring lurah dhistrik lan kang ora anyekel
pangawasa
===========================
Loterei kareta Amerikah, kaliyan kapalipun kalih rakit ingkang
sarakit mawi pakeyanipun.
Kauntungane loterei wau kapratelakaken ing ngandhap punika:
Kauntungan ingkang kapisan warni kareta wau sakapalipun sarakit
wah pakeyanipun.
Kauntungan ingkang kaping kalih warni kapal sarakit.
Cacahing lot 150 iji, ing dalem salotipun pengaos sadasa rupi-
yah, wondene pamainipun mawi dhadhu titiga kabucal kaping tiga,
sinten ingkang pikantuk ongka kathah piyambak badhe angsal
kauntungan ingkang kapisan dene ingkang angsal ongka sakedhik
piyambak punika wajib anggadhahi kauntungan kaping kalih.
Ing sak derengipun loterei punika kamain yatra pangaosing lot
sampun kedah kabayar rumiyin
Dinten pamaining loterei badhe katamtokaken ing tembe.
Katandhan Tuwan Jaspres enko
===============
Benjing ing dinten Jumungah tanggal kaping 19 wulan Juli punika
badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan P.Swager, menggah ing-
kang badhe kalelang barang warni-warni.
Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 22 wulan Juli punika
badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan A.Nunas, dene ingkang
badhe kalelang griya tembok satunggil, barang-barang pethakan
sawatawis dadamelan Walandi, lapak-lapak pakeyan kareta tuwin
sanes-sanesipun.
Benjing ing dinten Slasa tanggal kaping 30 wulan Juli punika
badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan G.W.WInter, menggah
ingkang badhe kalelang griya tembok gangsal gadhahanipun swargi
tuwan G.F.Lukardi
Surakarta kaping 17 Juli 1867
Ingkang nguwasani lelang katandhan tuwan Panlingen.
=============================
Ongka 30, 25 Juli 1867
Pawartos warni-warni
Saking pawartosipun Raden Mas Samingun putranipun Pandhadha
swargi Kanjeng Pangeran Ariya Condranagara, Bupati ing Demak,
ing sapunika angsal pangkat saking Kanjeng Gupremen , kadadosak-
en Wadana wonten ing dhistrik bawah kabupaten Juwana Pareshidenan
Pathi, saha kaparingan nama: Raden Mas Panji Sasraningrat.
Ing mangke para priyantun prayogi samiya suka ingkang sakalang-
kung sukur dhateng Raden Panji Sasraningrat wau, bab anggenipun
sampun pikantuk pangkat tuwin kalenggahan, sarta samiya amumuji
ing kawilujenganipun, utawi sageda enggal minggah ing pangkat
tuwin kalenggahanipun, amargi pambekan tuwin sola pratingkahipun
Raden Mas Panji Sasraningrat punika kalebet sae.
Kala tanggal kaping 11, wulan April ingkang sampun kapengker ing
kitha Paris tanah Prasman, wonten tiyang pejah anama tuwan Yan
Grepel, umuripun sangadasa kalih taun, menggah titilaranipun
arta kathahipun sawidak yuta rupiyah, dene tuwan Yan Grepel
punika ing kitha Paris kasebut sugih piyambak, sarta budinipun
sakalangkung sae, gadhah kawelasan dhateng para tiyang malarat,
kala taksih gesang panuju ing dinten taun baru kapenakanipun
kakalih sami dhateng ing griyanipun, badhe asuka wilujeng ing
taun baru, sareng kapenakan kalih sampun sami suka wilujeng,
tuwan Yan Grepel
amangsuli makaten: Aku aweh panrima marang kowe sakaeonw, anang-
ing sarehning aku ora sumurup apa kang bakal dak wenehake marang
kowe, supaya andadekna kasenanganmu, kang iku muinongka lirune
kang bakal andadekake kasenenganamu mau, saiki aku ewah marang
kowe wong siji-sijine 150000 rupiyah.
======================
Kalantipanipun tiyang Cina kang nyepeng pangadilan anama Sohangan
siao.
Ing dhistrik Piyong tanah Cina kala rumiyin wonten tiyang Cina
ingkang nyepeng pangadilan wonten ing ngriku anama Soangan Siao,
punika sampun mashur ing kasagedanipun angupados katerangan ing
ngatasipun dhateng bongsa prakawis.
Ing satunggiling dinten kaleres jawah wonten saradhadhu paben
kaliyan tiyang partikelir, prakawisipun arebatan songsong satung-
gil ingknag sami kaaken gagadhahanipun, ingkang nyepeng pangadi-
lan wau lajeng angrampungi kadamel cekak kemawon, punika adadha-
wah dhateng abdinipun, kinen anyuwek-nyuwek songsong ingkang
dados prakawis, sarta ingkang sami gadhah paben kalih pisan
lajeng katundhung mantuk, sareng saradhadhu tuwin tiyang partike-
lir sami kesah, dumuginipun satengah ing margi, tiyang partikelir
wicanten dhateng saradhadhu makaten: Aku ora praduli wong anyu-
wek-nyuwek payungmu, abdinipun ingkang nyepeng pangadilan angod-
hol lampahipun saradhadhu tuwin tiyang partikelir awit saking
dhawah ing bendaranipun, abdi punika mireng wicantenipun tiyang
partikelir makaten wau, lajeng enggal wangsul saha matr dhateng
bendaranipun bab pitembunganipun tiyang partikerlir dhateng
daradhadhu ingkang sampun kamirengan, ingkang nyepeng pangadilan
enggal dhadhawah animbali wangsul dhateng saradhadhu tuwin tiyang
partikelir, sareng sampun sami dumugi ing ngarsanipun ingkna
gnyepeng pangadilan, lajeng wonten dhawahipun kinen agebagi
dhateng tiyang partikelir, sasampunipun kagebagan, lajeng kapaksa
anyukani songsong sanes dhateng saradhadhu, sumerep lintunipun

songsong ingkang kasuwek-suwek wau.


==========================
Pangingahipun ulam gurameh
Menggah pratela bab pangigngahipun ulam gurameh, kaseebut ing
serat pawartos ingkang kawastanan: Bintang Timur, kados ing
ngandhap punika:
Ing Bagelen tiyang ngingah ulam gurameh wonten ing balumbang
ingkang kadamel bibit ulam gurameh ingkang lema sawatawis rakit,
saha sageda nigan kathah ing dalem sataun utawi kalih taun.
Ulam gurameh punika kedah kaingah wonten panggenan toya ingkang
sae, supados ecaha ulamipun manawi kaingah toya buthek saking
kathahing baladheripun, punika raosing ulamipun inggih mambet
baladher, sarta ambet wau ing salami-laminipun boten saged ical,
mila ingkang prayogi piyambak gurameh punika kaingaha wonten
ing toya ingkang bening, punapa dene ing toya wau kadekekan
kajeng apu kangkung sapanunggilanipun, supados pikantuka ayomi-
pun, punapa malih gurameh punika doyan kangkung, dados minongka
patedhanipun, ulam gurameh wau katedhanana sekul tuwin roti,
punika dados kakaremanipun.
Manawi anakipun gurameh sampun sami sadim agengipun, punika
ulamipun gurameh ingkang dados bibbit wau kaeliha saking baluum-
bang panggenaniong anak-anakipun, awit gurameh ingkang ageng
punika sring anedha anakipun piyambak, manawi badhe anyepeng
gurameh ingkang ageng wau, kaserok kemawon kenging.
===================
Bab Sela Inten ingkang ageng piyambak
Dereng lami wonten komisi ing tanah Dhitslan amariksani wawrating
sela inten ingkang kalebnet sakalangkung awratipun, sela inten
punika kanamanan: Plorentin, sareng kawawrat kapanggih, 133185,
karat, dene pangaosipun kamurwat kalih yuta tiga tengah kethi
rupiyah.
===================
Kala tanggal kaping 4 wulan Juni ingkang sampun kapengker tukang
Sepir ing Bondawasa amedalaken para pasakitan saking kunjaran,
gentos-gentos ing wedalipun kados ngadat ingkang sampun kalampa-
han, supados para sakitan punika sageda ngisis sakedhap wonten
sajawining kunjaran, tukang sepir ing nalika samanten amanggen
kaliyan titiyang jagi kunjaran wonten ing kamar kaprenah celak
kaliyan kamaripun pasakitan, pikajenganipun manawi sampun dumugi
anggenipun sami ngisis para pasakitan, badhe lajeng kalebetaken
malih dhateng kunjaran.
Ing nalika samanten tukang sepir boten gadhah panginten pisan-
pisan, manawi badhe kagedhong satitiyangipun jagi dening para
pasaakitan wonten ing kamar ingkang dipun enggeni wau, sareng
para pasakitan sampun sami wonten sajawining kunjaran, tumunten
anutup korining kamar ingkang dipun enggeni tukang sepir sati-
tiyangipun jagi, saha lajeng sami lumajeng, ananging saderengipun
lumajeng angluwari rumiyin dhateng kancanipun para pasakitan
sawatawis, sadumuginipun wonten korining kunjaran ing ngajeng
para pasakitan anggebagi dhateng titiyang ingkang sami jagi
wonten ing ngriku, kalampahan titiyang jagi wau ngantos kasakitan
sangetr, saha ngatos sami kajampenan ing dhokter. Menggah katha-
hing pasakitan ingkang sami minggat wau wonten tiyang kalihdasa,
ngantos sapriki dereng kapanggih malih.
Wondening para pasakitan ingkang taksih kantun wonten kunjaran

ing ngriku sami anelad lampah ing kancanipun ingknag sami


minggat wau, badhe medal saking kunjaran, saha sami surak-surak
gumeder sakalangkung auyegipun wonten salebeting kunjaran, anang-
ing sareng kanjeng tuwan asisten residhen dhateng ing kunjaran,
para pasakitan punika lajeng kendel ing sanalika amargi sami
ajrih aningali dhateng kanjeng tuwan asisten residhen, mongka
dhatengipun ing kunjaran amung kadherekaken upasipun satunggil,
waktu punika ing kunjaran lajeng tentrem.
========================
Jendral Presman amratelakaken, manawi wonten dadameling prang
enggal ingkang sakalangkung adamel karisakan, dadamel punika
awarni mariyem ing lebet mawi kadekekan wuluh mubeng kados wuluh
ing sanjata, inggih ugi kaisenan mimis sanjata, wuluh-wuluh wau
kadekekaken salebeting mariyem, mnanawi kaungelaken mimisipun
sanjata sami amencar wiyaripun ngantos nembelas elo ing dalem
600 elo tebihipun, saha pamencaring mimis mawi elet, meh sami
tebihipun ing satunggil-tunggiling mimis, menggah isining sandawa
mariyem wau sampun kaetang, sageda ambucal mimis kakalih saking
satunggil tunggil wuluh, dados mariyem ingkang kados makaten
pandamelipun, munggel sawpisan saged ambucal sareng mimis kat-
hahipun 32 iji, amesthi badhe saged anyembahi papan ingkang
kaadegan ing tiyang seket dados kalih tharik, titiyangipun ing
ngajeng kenging sadaya, manawi butul inggih angengingi dhateng
tiyang ingkang sami wonten sawingkingipun ing tharik kakalih,
Menggah angggenipun ngungelaken mariyem wau tebihipun 600 elo.
================
Sapriki sampun antawis lami wonten juru sabin satunggil sugih
griyanipun ing kitha Limbureh amarsudi badhe mikantukaken pangin-
gahipun ayam tuwin anglemakaken gadhahanipun celengan, juru sabin
wau gadhah pasiten wiyar dipun pageri mubeng, sarta kaumbaran
babon cacahipun langkung saking 2000 iji. Babon semanten punika
dipun tedhani ulam kapal kacacah lembat kadadosanipun sami anigan
sakalangkung kathah, tiganipun kasade kakintunaken dhateng nagari
Inggris, mekaten ugi sawarnining babon ingkang sampun boten
saged anigan malih, nanging babon punika saderengipun kasade,
mawi kakungkung sarta katedhanan tuwuk dados sadaya pepajengani-
pun kathah, aliya punika saben pitung dinten sapisan jurusabin
wau amragat kapal kalih utawi tiga iji, ulamipun kagodhog ing
jedhing ageng, kaedekekan toya mawi kamomoran galepung sawatawis
lajeng katedhakaken dhateng ingon-ingonipun celengan kathahipun
satus iji, tatedhan mekaten punika katawis yen mikantuki sanget,
celengan wau sakalangkung karemipun sarta tumunten saged lema.
==============================
Ngayujakarta kaping 8 Juli 1867
Serat kula punika kapacaka wonten ing serat jurumartani.
Pawartos ingkang dhateng kantun bab lindhu kala ing dinten
Senen tanggal kaping 10 wulan Juni punika, makaten pratelanipun.
Bab nagari dalem Ngayujakarta, menggah karisakaning karaton.
1. Sitiinggil bangsal witana, 2. bangsal mandhungan, 3, bangsal
srimanganti ingkang kilen, Raden Riya Purwadipura, kebrukan
pejah, 4, panggung, 5, bangsal abrit, 6, gedhong prajurit mantri
lebet, 7, gedhong prajurit ketanggel, 8 bangsal magangan kidul,
9, bangsal mandhungan kidul, 10, bangsal siti inggil kidul, abdi
dalem prajurit prawiratama, 1, kebrukan pejah, 11. Surambi ing
masjid ageng, 12, gedhong kareta, 13, kestalan ing Ratawijayan

ingkang sisih ler, punika sadaya sami ambruk, gedhong jene,


gedhong ambul, namung benthet sapunika, karsa dalem karombak
sadaya, gedhong pasedhahan, gedhong pateyan, gedhong kraton
watan, ugi sami janglar.
Dene kagungan dalem kareta, ingkang risak namung, 27, iji, kagun-
gan dalem titiyan rakitan, 2, iji, pejah,
Dene ingkang pejah kebrukan banon kelir, saler gedhong jene
punika, abdidalem punakawan bedhaya jaler, 1, nama Raden Mas
Subeki, putranipun Bendara Pangeran Arya suryawijaya 2, nama Den
Mas Sapar, putranipun Kanjeng Pangeran Arya Cakrakusuma, lare
kembar, nama Den Mas Yunani, 4, nama Den Marjaman, anakipun Raden
Tumenggung Tirtanagara, 5, Punkemar, Den Wadana Mangku WErdaya
sukunipun ingkang tengen putung, gebayan sugiya, awakipun gebru-
kan sepalih, pun Jaka, awakipun kebrugkan tatu bathukipun, 3,
punika taksih sami wilujeng, ingkang pejah wonten bangsal penga-
pit ler ingkang wetan kebrukan banon cagag, tratak rambut punioka
karaden Tumenggung Wiryanagara, tiyang ingknag pejah, nglebet
nagari, 43, ii, ing kitha ageng, 313 ii, bawah Bantul, 5, iji
bawah Kalasan 26 iji bawah Sleman, 3, iji, gunggung tiyang pejah
310.
Ingkang punika, kula sumongga saudara, tuwan Jaspres, enko,
Kula ingkang suka tondha Mangun Carita.
==========================
Tuwan Redhaksi.
Andadosaken sapinten renanipun ing manah, sabibaripun kalindhon
menggah wujut wewangunanipun alun-alun Panaraga, cekek angrese-
paken ing manah.
Awit nalika wonten lindhu inggal punika, pager banon ingkang
angubengi alun-alun sawatawis mneh ambruk sadaya, delasan gapura-
nipun masjid ugi ambruk, ing mangke wau pager banon sampun kada-
dosan malih, malah mandar ingkang boten ambruk inggih sami karom-
bak kadamel sae sadaya, mawi wangun inggal nilar ingkang sampun,
inggiling pager banon 13 kaki, kandelipun 1 kaki, malanging pager
banon mawi kasukanan pilar; watawis, 1, ru panjangipunn, wau
pilar kapulas dening cemeng, ing nginggil mawi kaelis, kareka
mawi jongga tuwin sirah, wau sirah pinulas cemeng, jongga utawi
tembok pager banon saantawisipun pilar, kasikat dening gamping
mawi nila ing sawatawis wujuding sikatan pethak semu biru, sareng
kasawang anggenipun katingal lenceng gengeng gandheng, wah malih
wilar ingkang katingal cemeng awisipun sami, sareng kasawangan
jentrek kados prajurit ajar, ggenning marik-marik, tatingalan
ingkang kados mekaten wau sayektos angresepaken ingkang sami
ningali, ananging ingkang kula enrami pager banon ingkang angu-
bengi alun-alun wau, amung bageyanipun bendara Raden Mas Wadana
Panaraga piyambak ingkang wujud sanginggilipun genes, bageyanipun
wedana ugi sae, nanging namung sagenes kemawon dereng sanginggi-
lipun.
Dening gapuraning Masjid tuwin pager banonipun Wringin Sekaran
ing mangke saweeg kadamel sae, nanging dereng dados dados sapu-
nikanipun, kula dereng saged mratelakaken kas pundi wujudipun.
Mila katranganipun sareng kula cecekaken ing manah, dados sampun
tetela menggah karajinanipun dara wedana wau, kados ingkang
sampun kacetha ing jurumartani taun 1866 bab pangaturanipun
kapulisen.
Citra Praceka.

===============
Cariyos Prasapanipun Kanjeng Kiyai Ageng Sela.
Kala rumiyin Kanjeng Kiyai Ageng Sela nuju angeneng-enengi ptra-
nipun beka, sakenjing putra wau boten kendel kendel anggenipun
muwun, mila lajeng dipun candhak ingkang rama kaemban dhateng
panggenan wauluh ingknag katanem wonten ing ngajengan dalem,
kala samanten Kanjeng Kyai Ageng Sela nuju angagem nyamping
cindhe paningset wala kemawon, wonten ing ngriku putranipun
kendel awit saking dipun rengeng-rengengi kidung rerepen, boten
dangu wonten tiyang ngamuk, kawartos sadherekipun ki dhalang
Bicak, abdi ing Sela kathah ingkang pejah tuwin kataton, tiyang
ngamuk lajeng anarajang dhateng panggenan ipun kanjeng Kiyai
Ageng Sela, badhe anyuduk Selak katangkis ing Deling cagak pager
wuluh, tiyang ngamuk pejah ginebagan, ing sadangunipun kanjeng
Kiyai Ageng Sela udreg-udregan kaliyan tiyang ngamuk, sukunipun
kanjeng Kiyai Ageng Sela tansah kasarimped ing lung waluh, saha
agemipun nyamping cindhe kalorod ngantos lukar kantun lancingan
kemawon, mila lajeng andhawahaken prasapa makaten pangadikanipun,
saturuninngsun ing wuri aja ana kang anganggo bebed cindhe tanpa
sabuk, lan aja ana kang andandutr waluh ana ing ngarepan.
Sareng inga lami-lami kacariyos malihKanjeng Kiyai Ageng Sela
nuju dhahar jangan waluh lajeng gerah pating benyinyih sarirani-
pun sadya, mila lajeng andhawahaken prasapa makaten pangadnikani-
pun, saturuning sun ing wuri aja ana mangan woh waluh, mundhak
ambedhelake kulit.
Dereng ngantawis lami kacariyos malih kanjeng |Kiyai AGeng Sela
nuju sare wonten ing guug, kalangenanipun kucing sekar asem
anusul minggah dhateng gubug, sareng anglilir kanjeng Kiyai
AGeng Sela kaget, kucing punika dalih sima, lajeng dipun ecis ing
wekasan kucing pejah, sareng dipun tingali wangke punika dede
sima, Kanjeng Kiyai Ageng Sela sanget kaduwungipun, wangke kucing
kapetak wonten ing pasareyan, enjingipun andhawahaken prasapa
makaten pangandikanipun, saturuning sun ing wuri aja ana kang
angingu kucing kembang ngasem.
=====================
Punika susulan cariyos prasapanipun Kanjeng Kiyai Ageng Tarub,
makaten pangandikanipun, turuningsun ing wuri-wuri aja ana kang
ngamangan iwak sapi, karana iku wus prasasat dadi biyangingsun,
ing nalika ingsun lair ibuningsun putri ing wandhan seda, ingsun
banjur den inyakake ora pakoleh babu susu, duk samana ingsun dadi
kaombenan suhan sapi bae bisa urip kongsi sapa rene iki. Lan
maninge turuningsun ing wuri-wuri aja ana kang angawulakake wong
wandhan, karana ing sasedane ibuningsun putri ing Wandhan, pare-
kane saha abdine ibu kathah ora ana kang gelem den andheg ana ing
Majapahit, kudu padha mulih maring Wandhan kabeh, rama Prabu
Brawijaya kongsi dadi dukane, mengkono kandhaning wong tuwa-tuwa
kang padha weruh sedane ibu.
=================
Benjing ing dinten Jumungan tanggal kaping 26 wulan Juli punika
badhe angenglang griya tembok kalih, gadhahaning ahli warisipun
swargi tuwan M.Ponsetrakah, wonten gedhong panglelangan ing
Surakarta.
Benjing ing dinten Saptu tanggal kaping 27 wulan Juli punika
badhe wonten lelang ing dalemipun swargi Raden Tumengung Mangku-
reja, menggah ingkang badhe kalelang lembu, menda, kapal maesa
tuwin gongsa Carabalen.
Benjing ing dinten Selasa tanggal kaping 30 wulan Juli punika
badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan G.W.Winter, dene ingknag
badhe kalelang griya tembok gangsal ijiu, titilaranipun swargi
tuwan G.F.Lukardi.
Benjing ing dinten Rebo tanggal kaping 31 wulan Juli punika
badhe angenglang wawenanging pamaosipun siti dhusun ing Temulus
wonten gedhong pangenglangan ing Surakarta.
Surakarta kaping 24 Juli 1867
Ingkang nguwasani lelang katandhan tuwan Panlingen.
======================
Loterei arta minongka kauntunganipun Kamar Bolah Kongkordiyah ing
Surakarta badhe kamain benjing ing dinten Rebo tanggal kaping 31
wulan juli punika wonten ing komidhen wiwit pukul wolu enjing.
Mbok manawi wonten dinten pamainipun loting loterei dereng pajeng
sadaya, kauntunganipun badhe dipun suda katimbang kathahing lot
ingkang dereng pajeng, makaten malih manawi pamainipun wonten
lepatipun loterei wau badhe kamain sapisan malih.
Dumugi ing dinten Akad tanggal kaping 28 wulan Juli punika tiyang
taksih kenging tumbas lot wonten griyanipun tuwan jurubasa,
H.K.H.Wilkes.
=================================
Ongka 31, 1 Agustus 1867
Pawartos warni-warni
Menggah cariyosipun kecu ing dhusun Janglot kados ingkang sampun
kapratelakaken ing mangke wonten sasambetanipun, awit saking
taberinipun pulisi ing Surakarta benggoling kecu sapunika sampun
kacepeng wonten ing dhusun Swatu Dhistrik Kuwu tanah Grobogan,
naminipun Ranayuda, punika sampun angaken, manawi sampun kalempa-
kan kaliyan kancanipun ngantos kaping tiga wonten ing dhusun
Swatu, sami rembagan wonten ing ngriku bab anggenipun badhe ngecu
dhateng dhusun Janglot, sareng sampun kalempakan kaping tiga,
lajeng kalampahan para kecu anamtokaken dinten tuwin wancinipun
anggening badhe lumampah ngecu dhateng dhusun Janglot wau.
Ingkang nguni kasampun kayektosan bab kandhanipun tiyang, menawi
ing tanah bawhah Garobogan wonten panggenan kalempakanipun titi-
yang awon, wondening kecu ingkang kenging kasanjata dening
Opsinderipun tuwan Setralendhorep wonten ing Janglot awasta
Surakarta, ingkang wau dados bekel ing dhusun Teges bawah Grobo-
gan, pun Surakarta wau kala rumiyin sampun nate anyolong maesa,
kalampahan kapatrapan paukuman bucal, sareng sampun mantuk saking
bucalan, pun Surakarta lajeng adamel reresah ing dhusun, mila
pangajeng-ngajengipun para tiyang, pun Surakarta wau sageda
tumunten kakapokaken ing pandamelipun kadurjanan, ananging dereng
wonten pawartosipun bab kacepengipun Surakarta wau, anjawi saking
kandhaning titiyang, manawi pun Surakarta kala kataton wonten ing
Janglot lajeng kabekta ing kancanipun dhateng ing dhusun Swatu,
sareng dumugi ing dhusun Swatu, pun Surakarta kapupu dhateng
bekel ing dhusun Sambilegi bawah Grobogan, lampahipun katumpakak-
en kapal abrit nem, saking ing dhusun Sambilegi pun Surakarta
lajeng kaantukaken dhateng griyanipun ing dhusun Nganjo inggih
ugi bawah Grobogan, sarehning pulisi sampun pikantuk katerangan
ing bab punika wau, pangintenipun amesthi boten ngantos lami pun
Surakarta badhe kacepeng.
========================
Pawartos ingkang kasebut ing serat pakabaran anama Salompret
Malayu, pratelanipun kados ing ngadhap punika:
Kala ing dinten Akad ingkang sampun kalampahan ing Kudus para
tiyang sami uyeg, awit wonten tiyang ingkang amartosaken, bilih
benjing ing tanggal kaping 3 utawi 4 wulan Juli, 1867, badhe
wonten lindhu malih, ingkang langkung sanget kados ingkang sampun
kalampahan kala ing wulan Juni kaping 10 ingkang sampun kapeng-
ker, malah kawartosaken pitung jam dangunipun, kalampahan para
tiyang ingkang pitados dhateng pakabaran wau, sareng ing malem
Kamis sami ajrih wonten salebeting griya, kadosanipun ing kala
samanten titiyang sami uyeg, wonten ingknag nyalametaken saha
wonten ingkang sami dhikiran, supados minongka apa kulaking
kasangsaran ingkang badhe andhatengi, wekasanipun boten wonten
punapa-punapa, sarta para tiyang lajeng sumerep manawi dipun
apusi dhateng titiyang ingkang sami angabaraken bab wontenipun
lindhu wau, wasana para titiyang ing nagari Kudus sami tentrem
malih kados ing waunipun, dene para tiyang ingkang angabaaken bab
wontenipun lindhu, sami kacepengan sadaya, saha lajeng kalebetak-
en ing kunjaran.
==============
Lindhu kadamelan pamanggih enggal.
Manawi tiyang ing Kudus saged adamel lindhu, amesthi inggih badhe

anglampahi adamel, supados sampun ngantos katawis anggenipun


badhe adamel bodho dhateng tiyang.
Kaleresan kala samanten tiyang dereng pikantuk pawartos, manawi
sapunika wonten tiyang ingknag manggih akale enggal saged damel
lindhu tiron, akalan punika sampun thukul ing manahipun tiyang
ingkang awon, mila boten wonten awonipun bilih kasumerepan dha-
teng para mitra, supados sami sageda angreksa badanipun piyambak-
piyambak, sampun ngantos katiwasan.
Wonten mitra satunggil kintun serat, asuka pawartos, manawi
piyambakipun katamuwan tiyang saking Ngayogyakarta, wonten tiyang
kampung kauman ing Ngayogyakarta angandhakaken, bilih salebeting
benteng kasultanan ing Ngayogyakarta sasampunipun wonten lindhu
kala tanggal kaping10 wulan Juni ingkang sampun kapengker, punika
wonten pandung ingkang sakalangkung juligipun, awit pandung
punika sareng badhe lumebet ing griya adamel babahan kakalih,
wonten panggenan kaprenah celak amben ingkang katileman ingkang
gadhah griya.
Sareng babahanipun sampun rampung, pandung anyepeng amben saking
jawi, sarta lajeng kaoyag-oyag kados wonten lindhu, sareng maka-
ten ingkang gadhah griya lajeng medal saking griya, lampahipun
enggal-enggalan, sarta alok-alok wonten lindhu, malah wedalipun
ingkang gadhah griya wau ngantos anjegluk sakaning emper, amargi
ajrih manawi griyanipun rebah.
Sareng ingkang gadhah griya sampun medal saking griya, pandung
lajeng lumebet ing griya, saha amendheti barang-barang ingknag
sami wonten salebeting griya, sasampunipun lajeng kesah.
============
Ambek Kaprawiran ingkang meh tanpa tandhing.
Ing Serat Arjunasasra, manawi boten lepat anyariyosaken piwu-
langipun patih Suwondageni dhateng para punggawa, saking bab
tatapa ingkang utami, punika boten wonten ingkang aanyimaki kadi
tapaning kaprawiran, rehning kula dereng dhamang utawi dereng
pados genah, menggah lalampahan ingkang kenging kaewokaken dha-
teng kaprawiran, mila kula kadreng amratelaken saking bab lela-
betanipun swijining bongsa luhur ing ngalam kina, salebeting
tanah Eropah, kala samanten wonten ppriyagung sajuga, anama A.B.
wau priyagung rehning dados babanthenging praja, mila asring-
asring kinen benjeling rana, saha sampun kenging kapesthekaken,
yen badhe unggul ing juritipun, saha kapesthekaken yen mengsah
badhe katawan deningg priyagung wau, dene para ingkang sami teluk
punika lajeng kinen anyugatani saha amulasara ingknag prayogi,
ingkang darbe lenggah inggil utawi tedhak turuning luhur, dipun
anggep utawi dipun aken mitra temen, mila sakalangkung para
mengsahipun ingknag kapotangan kasaenan, lan sanget ing asihipun
dhateng priyagung ingkang nama A.B. wau, prasasat boten saged
amangsuli ing kautamensaha ing tatepangan ingkang tanpa tandhing.
Wasana nagarinipun priyagung wau, kadhatengan mengsah ingkang
satuhu awrat ing ssanggenipun, priyagung A.B. tan genti sakedhik-
kedhika menggah kasudiranipun nunten magut ing prang, ananging
ing sapisan punika kengser ing juritipun dados amurugaken suka
bingahipun ing mengsah, rehning nembe sapunika ungguling jurit,
wah saling wonten ingkang asru ing gethingipun dhateng priyagung
A.B. wau,, mila inggal angersakaken ngrembag saking bab ing
paukuman ingkang badhe kapatrapaken dhateng priyagung wau,
kadadosanipun pinancasan yen priyagung wau kedah kaukum kisas,

sarana kalebetaken ing luwang, nunten kaurukan, saingga kados


ing sedanipun, rehning para mengsah sampun angrojongi, sanadyan
mawi nilar ubaya, rehning priyagung A.B. salamenipun boten maka-
ten tepangipun dhateng mengsah, dados sadaya sami andherek.
Priyagung A.B. sareng kaaturan serep menggah ing karampunganipun
para mengsah, lajeng mesem saha gumujeng ing batos sabab para
mengsah kaupamekaken seweng bab ing watek-watek prawiran, nunten
amangsuli makaten, Ya becik ingsun kawales pati, yen pancen wis
dadi karepmu, ya dak lakoni, nanging ingsun jaluk sumene, 9 dina
bae, dene sajroning 3 dina, ingsun ayun angrakit pakaryaning sun
dhewe, 3 dina ingsun arep kakumpulna ro putra garwaningsun, dene
sajroning 3 dinane maneh, ingsun ayun muji lan sumiwi saha ra-
raketan ing ngarsaning gusti, dene ingkang ingsun karya gegadhen
ya iku tembung ingsun ingknag suci, atae tedhak rembesing utama.
para mengsah lajeng asurak agiyak-giyak kawastanan yen badhe
samudana kemawon batosipun ajri ing pati, ananging salong ingkang
wiwicalan ambekipun utami, lajeng amrayogeni, rehning sampun
dhamang yen priyagung A.B. ingksng katawan wau, boten badhe
ambesemaken songsong, manawi sampun wonten kasagahanipun, sanan
terang yen boten badhe mlesed ing ubayanipun, dangu-dangu para
mengsah anuruti, lajeng priyagung wau kinen mundur, sarwi dipun
isin-isin yen badhe boten wangsul ing panggenaning mengsah.
Sareng priyagung rawuh ing wismanipun, lajeng kapethukaken dha-
teng garwanipun sarwi amondhong putranipun kakung satunggal yuswa
nembe 3 taun, ingkang garwa sanget anggenipun mangun oneng,
rarangkulan sasad tan kenging gindhal.
Priyagung lajeng awewerti dhateng ingkang garwa, mula nyukani
pun saged wangsul, ingkang gerwa sangsaya sanget ing pengrempa-
nipun, kasuprih sampun ngantos wangsul malih dhateng para meng-
sah, dherek tatanipun tiyang ngayuda brata, lan sanget angres
sambatipun, priyagung ugi tan kenging kaampah, saha angandika
makaten: sanadyan babasa iku , ingsun selehake ing panggonaning
mungsuh, ya ewis kaudane nideni dening kang murub ing ngalam,
mulane ingsun ora wajib agempalaken ubaya, lan ingsun kudu bali
ing panggonaning mungsuh.
Ingkang gerwa lajeng asru anggenipun gagendholing, inggih meksa
boten kagega, sareng sampun tumapak ing ya, dintenipun, ingkang
garwa amerepeki, sarwi ambopong putra kakung, saha muwus makaten:
gendholan kulup wong ngatuwamu, aja kongsi tedhak wangsul ing
panggonaning mungsuh, rehne karsane anglengkara banget ingsun
bakal kinarya rondha, kowe bakal lola ngger, sadaya ingkang sami
amirengaken babasan makaten lajeng sami anjerit saking angresipun
ing galih, priyagung tansh kenceng anggenipun ngugemi ing babasan
ingkang sampun ginantosaken dhateng ing mengsah, lajeng pethal
saking pengrangkuling gerwa saha pamuleting sunu, nulya atindak
dhateng panggenaning mengsahipun, ingkang garwa lajeng gadhah
tan emut.
Duk samanten para mengsah sampun sami angentosi praptaning priya-
gung wau, salong wonten ingkang mestani mongsa dhatenga, sarwi
amimirang dhateng kancanipun ingkang sami amrayoseni wangsulani-
pun priyagung wau.
Para mengsah sami ambeka slompret saha tambur suling sapanunggil-
anipun pirantos musik, ingkang badhe kangge kasukan yen priyagung
A.B. sampun pejah, musik wau inggih tansah mungel saha purugipun
dhateng ing panggenan luwang, ingkang badhe kangge amejahi dha-

teng priyagung A.B.


Sareng pinuju suka-suka, agiyak-giyak saha mimirang, rehning
prayagung mlesed ing janji, kasaru rawuhipun priyagung wau, saha
anguwuh-uwuh makaten: mendhega menenga, aja sira angunekake
musik, sabab prajurit luhung rawuh karsa anebusi pocapane, sarneg
para mengsah mulat dhateng priyagung, sanalika lajeng acum guway-
anipun saha samya giris lan kingkin ing galih, dene wonten lalam-
pahan ingkang anglangkungi prawira makaten, lajeng para mengsah
kraos kawirangan saha kasoran ing kautamen, nulya sami angringak-
en dhateng priyagung, lan samya kurmat, boten wonten satunggal
ingkang purun wiraos saking ajrihipun, lajeng samya atut andhere-
kaken dhateng panggenaning luwang, sareng sampun dumugi ing
panggenan, priyagung nunten amariksani, cethek-lebeting luwang,
cekap botenipun, para mengsah sangsaya gumun melih, malah kapara
cuwa, dene sampun kalajeng anggenipun badhe amejahi dhateng
bongsa luhur A.B. wau, sareng kawatawis sampun cekap, nunten
priyagung anjlok dhateng luwang, sarwi adhedhawah, andikakaken
ngurugi, saengga sasedanipun, para mengsah ingggih andherek
punapa sak dhawahipun, nanging boten wonten satunggal ingkang
wicantenan, sarta sami kumembeng waspanipun, nembe sapisan punika
para mengsah, angrentahaken eluh awit saking kautamening satru.
Lah punika ingkang kula aturaken dhateng para mitra ingkang sami
maos serat Jurumartani, lalabetanipun priyagung wau ingkang nama
A.B, punapa boten kenging kaewokaken dhateng wawateking kapraw-
iran ingkang tanpa tandhing, saha punapa boten kenging kairibak-
en kadi wateking prabu Yudhisthira, lila ing dunya legewa ing
pati.
Ngayogyakarta, kaping 30 Juli
C.F.P.
==============
1. Manisingangkang. Beter ongka siji Depandherpin angsaring
sarira, ngencengen otot kulite, kuwat ing karon lulut, ingkang
wajib akarya jampi, yen sampun yuswa kathah, onom dereng mungguh,
panasing hawa: kalintang, kengingipun yen sanget lesuning dhiri,
angunjuk sawatara.
2. Ongka kalih dera manengrani, maken beter dene kang kinarya,
tanah anglen empon-empon, anggi-anggi kang langkung mupangati
deres ing Sarip, turas kalising gerah, kejulinukerut, sanadyan
angunjuk kathah, tanmuronide yen ngunjuk kang prayogi, manawi
dungkap dhahar.
3. Ongka tiga beter panengran ora nyajuk-ajukan para, pangeran
ing Nederlan yen, lenggah sositit nuju, lan prahagung ing Sea-
pati, langkung nikmat ring abadan, anulak grah sagung, krekes-
krekes mrinding panas, yantimirut karut katamaning anjampi,
ngunjuk srap ing surya.
4. Ongka sakawan bomrangan sepri, tes beter kang kinarya piliyan,
yodo-yodan kang pakoleh, wedalan ngrus cinandu, den campuri oyod
matari, lan suluring candra maha gung sawabipun, kinarya andon
asmara, tan reka sawinan tuwa ing jinemrik, tambah karya se-
mangtyas.
5. Ongka gangsal bune kambetering, dhedhangkelan isi kang kina-
rya, myang klikaning wit kang angya, ing Paris nokilipun, prayo-
gane ngunjuk ing latri, angejurken mangkelang, kalis gerah
balung, cethik ngicalaken marang, sakeh amajro badan krumsa ing
kulit, sirna kari waluya.

6. Ongka nenem iya den arani, depo mranse beter kang kinarya,
yod-doyodan samodrane, lan wong ing jurang tejung, myang jro wona
damelan pruwis, nyegegken badan lesah, lan sarira lesu, karya eca
lamun dhahar, wolung persi kang karem beter puniki, tan kena
katowongan.
7. Sapta Grun Beter lentik ta wilis, depupusinge ron kang kina-
rya, lan epoling wit campure, karya tranging pangrungu, amad-
hangken tingal sayekti, angendhaken kuwaya, adresken ring wadu,
kang rongga sendhet papethak, ngencengaken kang kendho karya
rapeting, otot balung kang renggang.
8. Astha Sitrun Beter kang kinardi, srenging jeruk ing Dhitslan
winoran, szri-sari sapantese, sarwi ni prawiranung, samya karem
angsaring jampi enthengan ring pakaryan, kalis panas ngukut,
sanadyan panastis ilang, karya logro mring cekoh swarane bening
angendhakaken riyak,
9. Songa rumatis Beter kinardi, isining wowohan winor lawan,
balendok wit kang pinileh, pinahat gya cinampur, balendoking
sela kinardi, angejuraken dhugal, ngalisken grah wudun, gudhigen
turuk bon ilang, kukul dheyot borok buras sami kalis, nora nana
tumama.
10. Sadasa Cinas Beter kinardi, jejer mligi oyoding baskara,
anggi-anggi campurane, empon-empon kang patut, yodo-yodan lan
kulit-kulit, pupus isi wowohan, balung kuwat budhal, kidang tutul
tanah jepan, ingkang kawaklan otot mina jeladri, sung sum peksi
tawang.
Kang wus pinilih cinandum sami, lan pinahat rinatus ing dupa,
prinasudi semadine, ing Taiping kang gadhuh tanpa timmbang kik-
mating jampi, amanjangaken yuswa, rongga tan tumanduk, ngencengk-
en otot sadaya, sak sarandu ing abdan nganomken kulit, singgat
tan keneng tuwa.
Weweg kiyat sarira kumrisik, trang pamyarsa, padhanging paningal,
anyakecakaken sare, anguwatken lumaku, sarta jenak kalamun ling-
gih, wus nora karasa, sayah lungkrah lesu, wus purna mung bagas
waras, ring sanggama den buta prawan sadhusin, salatri saya
kuwat.
Sakyeh Beter kang kawuryan iki, wus tinengran ing sajuga-juga,
mring sarira pikantuke, yogya nuli aminum, ing sadhengah dipun
karsani, sampun awancak driya, kaul kang satuhu, yakin kanggo
para tuwan, lan prahanung: Dyamba kang kedyarsa nganggit, mantri
ing Gedhongkiwa, "i".
==================
Culikan kaping 18 Juli 1867
Mugi saudara macaka ing Srat Jurumartani, sumerep panutup kaca
Kula sampun ningali srat Jurumartani, ongka 24 ingkang katandhan
Suryamandura katranganipun kados ing ngandhap punika:
Ing mangke Raden Ngabei Danu Krama, kinulawisudha dados abdi
dalem lurah bedhaya, ing Purwaretna, kaparingan tedhan dalem
nema, Raden Lurah mangunatmaja, punika pamuji kula sokoring
ngallah, mugi lestantuna sak pengginggilipun, sampun wonten
kawis-kawis, sarta dinugena sak kajengipun Raden Lurah wau,
jinurunga dewa kang linuwih, O sareng kula ningali srat Jurumas-
tani ongka 28 raden lurah wau kula purih mangsuli sratipun Mas
Mangku Semedi, ing Ngayogya ing mangke wonten Betawi kula su-
mongga raden lurah.
Kula ingkang suka tondha pansiyun, Danuwijaya.
====================
Loterei kareta Amerikah, kaliyan kapalipun kalih rakit ingkang
sarakit mawi pakeyanipun.
Kauntungane loterei wau kapratelakaken ing ngandhap punika:
Kauntungan ingkang kapisan warni kareta wau sakapalipun sarakit
wah pakeyanipun.
Kauntungan ingkang kaping kalih warni kapal sarakit.
Cacahing lot 150 iji, ing dalem salotipun pengaos sadasa rupi-
yah, wondene pamainipun mawi dhadhu titiga kabucal kaping tiga,
sinten ingkang pikantuk ongka kathah piyambak badhe angsal
kauntungan ingkang kapisan dene ingkang angsal ongka sakedhik
piyambak punika wajib anggadhahi kauntungan kaping kalih.
Ing sak derengipun loterei punika kamain yatra pangaosing lot
sampun kedah kabayar rumiyin
Dinten pamaining loterei badhe katamtokaken ing tembe.
Katandhan Tuwan Jaspres enko
Ongka 32, 08 Agustus 1867

Pawartos warni-warni
Awon pikantuk kabegjan.
Tiyang ingkang suka tondha asta: Na, wonten ing serat pakabaran
anama: Salompret Malayu ongka, 28, anyariyosaken kados ing ngad-
hap punika:
Wonten tiyang anama Pe, ing dhusun S, wanci dalu pukul satengah
sawelas kaleres petengan, punika amandung lumebet ing griyanipun
tiyang, menggah lebetipun ing griya pandung wau medal ing
payoning griya, ambikak gendheng, lajeng mudhun dhateng loteng.
Kala samanten ingkang gadhah griya panuju suwengan boten wonten-
ing griya, amung semahipun kemawon ingkang wonten ing griya.
Semah punika ing saben dalu katilar wonten ing griya piyambak
dening lakinipun, awit ingkang jaler wau daben dalu kesah melan-
cong dhateng ing pundi-pundi, andadosaken sakiting manahipun
ingkang estri, kalampahan ingkang estri dados kera awit saking
boten patosa doyan anedha utawi tilem, wekasan saderengipun
pandung dumugi ing loteng tiyang estri ewau gadhah cipta badhe
anggantung badanipun piyambak, inggih lajeng kalampahan ing
sanalika.
Wondening pandung ingkang mudhun dhateng loteng wau salajengipun
badhe mudhun malih saking loteng dhateng salebeting griya,
kaleres kamaripun tiyang estri ingkang anggantung badanipun
piyambak ingkang dipun lebeti, sareh pandung angidak balandaring
griya, aningali maujud sumampir ingkang kakinten sinjang, lajeng
badhe kapendhet.
Sareng maujud ingkang sumampir wau katarik ing pandung boten
kenging saha sakalangkung singsetipun, lajeng kakekrek ing gaga-
man, kadadosanipun maujud punika dhawah wonten salebeting kamar,
,menggah maujud wau sayektosipun bengkung ingkang kadamel anggan-
tung tiyang estri kados ingkang sampun kacariyosaken, amesthi
kemawon dhawah ing bengkung gumabrug, andadosaken ajrihing pan-
dung, ingkang sanalika pandung minggah dhateng payon malih,
lajeng kesah mantuk dhateng griyanipun.
Boten antawis dangu lakinipun tiyang estri wau dhateng , lajeng
lumebet ing kamaripun ingkang estri, sarehning ing kamar punika
peteng, ingkang jaler amendhet dilah, kadadosanipun ingkang jaler
aningali bojonipun angathang-athang wonten ing jrambah, saha meh
anandhang pejah, sareng makaten ingkang estri anyariyosaken
punapa ingkang sampun kalampahan, ananging boten sumerep sinten
ingkang sampun angekrek bengkung kadamel agantung badanipun wau,
ingkang punika sampun dados karsaning gusti allah, bilih tiyang
estri sampun ngantos kalampahan pejah awit saking pikantuk pitu-
lungan.
Sareng enjingipun pandung dhateng griyanipun ingkang kapandungan,
saha anyariyosi dhateng ingkang gadhah griya ing sayektosipun
punapa ingkang sampun kalampahan, kadadosanipun ingknag gadhah
griya lajeng anyukani punapa ingkang dados kikiranganipun pandung
awit saking gadhah griya pambekanipun sae saha sugih, kuciwani-
pun purun anganiaya dhateng bojo awit saking saben dalu katilar
wonten ing griya piyambak, ananging wiwit kala samanten ingkang
gadhah griya lajeng boten kekesahan dalu malih.
=================
Kawruh tuwin pigunan

Minongka tondha rikatipun tiyang damelaken, punika kacariyosaken


wonten ing serat pakabaran saking tanah Dhitslan, pratelanipun
kados ing ngadhap punika:
Wonten tuwan satunggil atotohan, manawi wuluning menda ingkang
kakerok wanci enjing pukul gangsal, wanci sonten pukul sanga
sampun saged dados jasken satunggil, pukul sakawan sonten wolu
menda wau sampun kagarap dados laken, saha lajeng kasukakaken
dhateng greji supados kadamela jas satunggil, sareng pukul nem
sonten langkung kalihdasa menut, jas sampun kaangge dhateng tuwan
ingkang tohtohan wau, wasana mendanipun lajeng kapragad saha
kaolah, ulamipun kasukakaken dhateng titiyang ingkang sami anyam-
but damel, lajeng sami katedha, dados ing dalem 13 jam langkung,
20 menut sakathahing prakawis bab pandameling jas satunggil
sampun rampung sadaya.
===============
Minongka tondha kasugiyanipun kapal wanan tanah Amerika(h) kidul,
kacariyos manawi wonten tuwan satunggil atumbas kapal wanan
dhateng tiyang ingkang gadhah pasiten wonten tanah ing ngriku,
mawi serat prajangjeyan bab anggenipun badhe anglebeti kapal
wanan kathahipun kalih leksa, karenggenan kirang langkung saking
kawandasa sen ing dalem satunggil tunggiling kapal, menggah
wragadipun anyambeleh kapal satunggil kaliyan pambektanipun amung
tigang dasa sen, dene ingkang kapendhet amung wacucal tuwin
taracakipun kemawon, dados wacucal satunggil kenging kaetang regi
60 sen, salajengipun wacucal punika sasampunipun garing kakintu-
naken dhateng nagari walandi, wonten ing ngriku kaade wacucal
satunggil pajeng kirang langkung saking gangsal tengah rupiyah.
======================
Wonten titiyang Japan amung sawatawis kareh dening Walandi anama
tuwan Semit sapunika sami dhateng ing Samarang, titiyang wau
sami saged adamel solah kagunan awarni-warni, sarta sampun kaping
kalih angenipun angatingalaken solah kagunanipun wonten ing
Samarang, sakalangkung adamel pangeram-eraming ngakathah, salami-
nipun dereng wonten titimbanganipun bab solah kagunan ingknag
kados makaten wau, mila ing mangke kedah badhe kapratelakaken
menggah solahipun kagunan saatawis kados ing ngandhap punika:
Ingkang sapisan, iburing kupu. Tiyang Japan satunggil anyuwek
kertas sacuwil kadhapur kupu kakalih, sareng kertas sampun adha-
pur kupu, lajeng kaebahaken kalayan kepet sakalangkung rikat
lampahipun, dene iburing kupu kakalih boten amung katingal mencar
kemawon, inggih ugi katingal kados gesang, kajejer wonten sale-
beting tarub, titiyang ingkang aningali mesthi sami badhe amasta-
ni kupu gesang sayektos.
Ingkang kaping kalih, tiyang Japan ingkang damel kupu wau amendh-
et keras malih, sarta lajeng kasuwek-suwek ngantos dados sawa-
lang-walang, sareng makaten kertas punika kabucal lajeng dados
pinten-pinten elo panjangipun, Ingkang kaping tiga, pita wau
sareng kabucal, lajeng dados songsong damelan Japan satunggil.
Ingkang kaping sakawan, tiyang Japan satunggil sanesipun amendhet
deling ageng satunggil panjangipun tigangdasa kaki, deling punika
kaadegaken ing pundhakipun boten mawi kacepengan amung kasanggi
ing pundhak kemawon boten saged rebah, sasampunipun kasangi
deling wau kaadegakening siti, sarta lajeng kapenak dhateng
tiyang Japan punika ngantos dumugi ing nginggil, wonten ng
ngriku tiyang Japan wau adamel solah kagunan ingkang sakalangkung

anggenipun angeram-eramaken, ngantos titiyang boten saged


anyariyosaken solahipun kagunan wau sadaya.
Ingkang kaping gangsal, tiyang Japan sawatawis sami mendhet
uwos sakarung wawrat 137, pon, uwos sakarung punikka kadamel
uncul-unculan kados barang alit sanget.
Ingkang kaping nem, tiyang Japan satunggil malumah, sukunipun
kakalih kajengataken, lajeng kadekekan ondha panjangipun kalih
dasa kaki, boten mawi kacepengan ondha ngadeg leres boten saged
dhawah, nunten rare Japan satunggil amenek ing ondha punika,
inggahipun dhateng untuning ondha medal lumebet wonten saselaning
untu ondha kados lampahing ulam sidhat, sarng dumugi ing nging-
gil, rare lajeng adamel solah kagunan warni-warni, andadosaken
girisipun ingkang sami aningali, sabab solah kagunan makaten
punika ingkang saestu amengamengan nyawa.
Ingkang kaping pitu, angubengaken gasingan punika sakalangkung
rikatipun ngantos adamel pangeram-eram, ingkang ngubengaken
gasingan punika anguncalaken gasinganipun manginggil, dhawahipun
katampen ing deling, kalampahaken alangkung ing gegeripun, katu-
rutaken tangsul sapanunggilanipun tansah taksih amuwer kemawon.
Wassana wonten tiyang Japan estri taksih nem sakalangkung ayuni-
pun, punika adamel solah kagunan wonten sanginggiling tangsul
ingkang kendho ing pangencangipun, saking pawartosipun, wonten
titiyang cina ing Batawi, punika sampun wening arta kalih leksa
rupiyah, badhe kasukakakaen dhateng tiyang estri Japan wau,
manawi piyambakipun purun kapendhet bojo, ananging tiyang estri
punika boten purun.
Ing mangke pangajeng-ajengipun ing ngakathah, menggah para tiyang
Japan ingkang saged damel solah kagunan makaten wau, mugi samiya
saged dhateng ing surakarta awit saking karsa tuwin pitulungipun
para bongsa luhung ing Surakarta.
=====================
Bab pamerdi tuwin pamulanging lare
Ing ngajeng kula sampun anglairaken pamanggih kula bab pamulang-
ing lare jawi ing tanah kula jawi ngriki, ing sapunika kula
badhe mratelakaken menggah ing pamerdinipun lare wau.
Saking pamatawis kula boten susah katerangaken malih, bilih
saantawisipun tembung pamulang tuwin pamerdi kathah bedanipun.
Sanadyana para lare sampun pikantuk kasagedan ing ngatasing
kawruh kadosa punapa, inggih ugi dereng anyerkapi yen pamerdini-
pun taksih kirang, cekakipun bilih para anem boten pikantuk
pamuruk ing ngatasipun kautamining lalampahipun ngagesang, inggih
punika pamuruking mardi, saestu sakathahipun kawruh ingkang dipun
serepi, boten badhe amiyatani satemenipun.
Kathah kemawon tiyang sepuh ingkang boten darbeni pikir patitis
menggah ing pangulaenthah ing anak, ugeripun sampun kalebetaken
dhateng pamulangan salajengipun boten patos sagumatos dhateng
kasudibyaning lare ing ngatasing panitisastra: \ing samangke
pratelan kula punika badhe kula terangaken aklawan lalepiyan
ingkang sampun asring kula alami tuwin raosaken. Kadosta para
putranipun bongsa luhur, punika alit mila sampun kinurmatan
dening abadinipun utawi tiyang alit sanesipun ingknag sampun
sumerep dhateng kaluhuranipun, kadadosanipun para putra wau,
wiwit anggadhahi manah gungan, tuwin boten kenging kapancenan ing
sasanesipun dalasan guru inggih sumelang anglertesaken lepatipun,
awit bokmanawi muridipun wau kawedala ujaripun ingkang gangsul.

INg wusana manawi para putra wau boten mindhak ing kasagedanipun
mongka sampun kawulang sawatawis taun laminipun, tiyang sepuh
lajeng angresula saha anglepataken dhateng guru, kawastananan
kirang gumatosipun, dene ing satemenipun ingkang gadhah kalepatan
inggih punika tiyang sepuh.
Suprandene ingkang sami maos serat kula punika saestu sumeja
anjawab bilih pakurmatan ingknag kula aturaken wau sampun kalebet
ing ngadat tur sampun kapasthekaken, akurmata dhateng sintena
ingkang wajin pikantuk pakurmatan. Samanten wau kula inggih
dherek, ananging para putra punika boten inggih kasupriana nilar
kauluranipun bilih wonten ing pamulangan.
Sabab ing pamulangan amung guru piyambak ingkang gadhah kuwasa,
amung guru ingkang kedah kagega, katiru. Kacariyos kanjeng ratu
ing nagari Cina manawi pinuju alangkung ing gedhong pamulanganing
putranipun tuwin aningali guru saweg mulang dhateng ing putra,
punika lajeng ambikak topinipun sumneja angurmati dhateng guru,
dados sampun tarsondha yen sang aji anggalih kangelaning padame-
laning guru, mila kaurmatan saha kaparingan wawenang anggurudadi
bilih wonten gedhong pamulangan. Kadadosanipuyn ingggih saka-
langkung dening prayogi, murid saged angajeni dhateng guru,
wangsul guru sumerep terang ing pangagenepipun dhateng siswa,
ing tanah jawi ngriki taksih cotho sanget, menggah ing pranatan-
ing pamredinipun lare. Ingkang sampunkalampahan lare wau kale-
beaken ing pamulangan utawi kawulangan wonten ing griya.
Dene tiyang sepuh ing salajengipun mungkur gangsir, amung guru
ingkang dipun pasrahi benjaning anak ing ngatasipun kasagedan
tatakrama sapanunggilanipun, ing sapunika kula badhe pitaken
dhateng para tiyang sepuh, punapa inggih nalar makaten wau, dados
margi ingkang amurugaken dhateng kabegjaning anak.
Samarang 20 Juli 1867.
Katandhan Ba.
=======================
Adil Atasing Piwulang Dhateng Sunu
Para nata utawi bongsa luhur ing tanah Eropah, punika ingkang
liimrah karsa anggurokaken para putra kakung timur dhateng
waudya ingkang putusing kawruh, saha turuning ageng, amurih alus
menggah ing solah pratingkahipun.
Kacariyos ing negari geng Englan, ingkang jumeneng nata anenggih
prabu Esthi, jujuluk Piktoriya, dene ingkang raka, anama Prines
Albret jujuluk ERtopan Koburehgota, priyagung sudibyeng rat ambek
palamarta dhasar bagus wenenipun: kala samanten ingkang putra
jeng Pangeran Dipati anama Prines panwales, nembe yuswa 6 utawi 7
taun, taksih kaperdi dening abdi dalem wanudya linuwih, sarehning
jeng pangeran dipati kinasiyan ing ibu rama, dhasar bagus ing
sakamukawisipun tur landheping pangrestosipun, dados inggal
sumerep, yen ing tembe badhe angratoni negari tiga, Englan,
Slotlan saha Irlan: jeng pangeran dipati wau, pinuju kaperdi
dening gurudyah, nanging semunipun tan karsa kawuruk, karehning
dyah guru kauwajiban anjiyat ing sawatawis mila semu sereng
anggenipun angaturi kapurih ngaos, nanging jeng pangeran dipati
meksa tan karsa tindak: sareng kapara nesek ing pangetakipun guru
wanudya, lajeng ptura nungbat jumeneng sarwi menthengkelek angan-
dika kathah-kathah, saha angandika makaten, sampeyan boten kuwaj-
iban anjiyat dhateng lare ingkang badhe angratoni negari 3
Englan Slotlan saha Irlan, dyah guru lajeng karaos kasoran. Kala

samanten jeng pangeran Elbret ingkang rama jeng pangeran dipati,


pinuju wonten ing pakantoranipun celak ing panggenan pawulangan
ing kadhaton sareng jeng pangeran Albret amirengaken gora sabda,
lajeng tedhak dhateng kamar pawulangan, saha dangu punapa ing-
kang dados nalar, dyah guru nunten matur wotsekar, yen gusti
pangeran dipati tan karsa winuruk dhawahipun makaten sampeyann
boten kawajiban anjiyat dhateng lare ingkang badhe angratoni
negari, 3 Englan Slotlan saha Irlan.
Jeng Pangeran Albret sareng miyarsa satatembungan makaten, asta
tengen lajeng ngroggoh sak agemipun tsukan saha mundhut jiwaran
pasagi alit ingkang pancen kacangking, nunten amrepegi ingkang
puta jeng pangeran dipati, saha lajeng kacandhak dipun palasa ing
ga sanget sarwi ngandika makaten.
Isi tangeh gonira bakal ngratoni negara 3, sadurunge sira iku
isih ana ing ngastaningsun lan durung anduweni panguwasa sathi-
thik-thithika. Lajenbg andikakaken jagong ing krosi, wontwn ing
pojok kamar, tuwin dipun dhawuhi makaten: sira boya ingsun lilani
ngadeg saka krosi iku, yen durung ana panuwunira maklum saha
lilane dyah gurunira.
Lalampahan makaten wau, sampun kapasthekaken yen anuntun dhateng
kawruh, saha agamapilaken pakaryaning guru.
Ngayogyakarta kaping 2 Agustus 1867
Katandhan C.F.P.
======================
Klayan Urmat,
kaatur panjenenganipun tuwan ingkang mangarang srat jurumartani,
nagari Kedhiri wonten, 1 tyang nganeh wonten dhusun Sumber Band-
hung, dhistrik Warujayeng kabuapten Berbek, wonten, 1 tyang
ngaken nami mas Agus Jakamurtala, aliyas Panembahan Sunu, Sunan
Waliyollah, Iman Sampurna, Bancerollah Pangeran Tumpak Dholo
Kiyai AGeng Pendhapa Ardingliman, Raden Gimbal ngaken dhemit
Lodhaya, ngreh sakathahing Sima, Dados tiyang dhusun ngriku
kathah meguru pyambake, sarta yen wonten tiyang sarang nganak
pyambake sagah damelaken anak, wah utyang teksih umur, 20 taun,
ing manke sampun kacepeng dhateng pulisi, margi kadakwa bebodho
tyang, Kedhiri ping 20 Juli 67 kawula Klanthungbekus.
Tambahan. Ing kina-kina ugi sampun wonten ananging kados dereng
kapacak ing jurumartani, yen ing dhistrik Klodhoya afdeeling
Blitar, sima kang sima tulung lampahing pulisi, kadi ing ngandhap
punika.
Ngajenging distrik ngriku wonten 1 jimat bendhe nami Kyai Pradhah
kasangggar ing ngriku saha ringgit krucil warni menakjingga,
dados pupundhening tiyang ngriku sadaya, yen wonten tyang gadhah
barang kang kathah reginipun sakinten kuwatos ing dursila lajeng
kasanggar ing ngriku, 40 dinten lamining, lajeng lujengan wonten
ing sanggar ngriku, tembungipun mekaten nuwun, Kyai Pradhah abdi
sampeyan pri konca sima, mugi sampeyan dhawahi, supados rumeksaha
dhateng barang kula ing slamenipun barang punika, pawartosipun
sampun wonten kang klampahan kapandungi ing dursila santri kadi-
dening nonto mekaten, kedah sumrap kabudayanning, barang lajeng
kabekta dhateng panaraga, baranggriyanipun kaobrak-abrik sima,
mila ngantos sakpriki ing Lodhaya priyantun kang nyepeng pulisi
baten sangsara, margi awis dursila, kajawi tukar pabentenah
kapitenah remenan liyaning pamdung barang.
==========
Tuwan Ilebran suka uninga dhateng para priyantun manawi piyam-
bakipun ing mangke angadegaken pasewan kreta wonten kampung
Pacinan ing Surakarta.

Katandhan Tuwan Ilebran.


=====================
Tuwan Publon angadegaken pandheyan wonten pasewanipun kreta tuwan
Russen ing Loji wetan Surakarta, tuwan Publon wau sagah badhe
andadosai kreta tuwin sanes-sanesipun.
Katandhan tuwan Publon.
=============
Ongka 33, 15 Agustus 1867
Tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani asuka uninga dhateng mas
Wigya Panitisastra, Mas Puspaningdaya tuwin mas Sastra Karsana,
manawi ing mangke searatipun boten kapacak ing serat jurumnarta-
ni, kadosta: seratipun mas Wigyapanitisastra kakalih, satunggil
dhateng Abdulatip, satunggilipun dhateng Raden Panji Puspawila-
ga, seratipun ms Puspaning Daya dhateng Mas Wigyapanitisastra,
saha seratipun panjurung pawartos Jurumartani mas Sastra Karsana,
awit serat sakawan wau kirang pantes tuwin prayoginipun manawi
kapacak kaingserat Jurumartani, saha badhe andadosaken kembanipun
para priyantun ingkang sami maos serat Jurumartani, sanadyana
serat sakawan wau boten kapacak ing serat Jurumartani, ewadenten
tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani kedah angatuaken paanrim-
anipunhdateng priyantun tiga wau, bab anggenipun sampun sami
amaringi panjurung Jurumartani, pangajengajengipun tuwan ingkang
ngarang serat jurumaratni, mnugi priyantun titiga punika ing
salajengipun tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani dhateng
priyantun tiga wau, manawi seratipun panurung boten kapacak ing
Jurumartani dening tuwan ingkang ngartang serat Jurumartani, awit
saking kirang prayoginipun, punika mugi sampun ngantos andadosak-
en cuwa tuwin seriking galih, awit tuwan ingkang ngarang serat
jurumarani sampun kawajiban amilih pawartos tuwin cariyos ingkang
kalebet pantes saha sae kapacak ing Jurumartani.
Wasana tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani angaturaken pan-
rimanipun dhateng para priyantun ingkang sampun sami amaringi
panjurung cariyuos tuwin pawartos Jurumartani, punapa malih
ingkang nama C.F.P. kaaturan panrima dhateng tuwan ingkang nga-
rang serat Jurumartani, dene, C.F.P. wau sampun amringi panjurung
cariyos ing Jurumartani cariyos punika sakalangkung prayoginipun
saha badhe andadosaken wuwulang bab ing katemenaning manah ing-
kang kawedal saking pitembungan, saha bab jejering wuwulang
ingkangsaking guru dhateng muridipun, ingkang kedah suyud miturut
saha pitados dhateng guru, supados sageda kadunungan ing kawruh
tatakrama saking piwulangipun guru wau.
Ing mangke panuwun kula dhateng para priyantun ingkang sampun
sami amaringi panjurung pawartos tuwin cariyos ing Jurumartani,
saha dhateng ingkang nama C.F.P. mugi karsaha anglajengaken
anggenipunsami ambiyantoni panjurung pawartos tuwin cariyos
Jurumartani, para priyantun wau tuwin ingkang nama C.F.P. amaes-
thi boten kikilapan, bilih serat Jurumartani punika anglejaraken
kaengetan, saha angindhakaken ing seserepan, awit ingkang kaca-
royos wonten ing Jurumartani boten amung pawartos sakingnagari
ing pundi-pundi kemawon, inggih ugi saliring kawruh pinunan
sapanunggilanipun sami kasebutaken wonten ing ngriku.
===================
Pawartos Warni-warni
Jampi angicalaken upasing sawer.
Sampun kerep kemawon tiyang maos ing serat pakabaran, bab titi-
yang ingkang sami pejah kacakot ing sawer.
Serat pakabaran anama Selompret Malayu anyariyosaken, kala tang-
gal kaping 6 wulan Juli ingkang sampun kapengker, punika wonten
tiyang anama Bungkring kacakot ing sawer, kalampahan anemahi
pejah.
Kathah tiyang ingkang sami angangge jampi cula warak, bilih
kacakot ing sawer, saking pawartosipun cula warak punika saged

anyerot medalaken upasing sawe saking tatu, dene ingkang sami


angangge jampi cula warak wau, punika manawi panuju gadhah,
ananging kathahipun titiyang ingkang sami anggadhahi cula warak,
amung para lurah satunggil kalih, utawi titiyang sanesipun inggih
amung sakedhik ingkang sami gadhah cula warak,, punapa malih ing
padhusunan satunggil kalih wonten tiyang ingkang rawat cula warak
wau, saking awising titiyang sami anggadhahi cula warak, mila
andadosaken boten cekapipun kadamel jampi ing titiyang kathah
ingkang sami kacakot ing sawer, langkung malih panganggenipun
jampi tiyang ingkangkacakot ing sawer kedah enggal, boten kenging
ngantos dangu.
Ing mangke wonten jampinipun ingkang gampil pandamelipun, saha
ingkang kadamel jampi punika ing ngrika-ngriki wonten, dados
boten kirang kaangge dhateng titiyang ing padhusunan sadaya,
pratelanipun jampi wau kados ing ngandhap punika:
Tiyang mendheta godhong meniran kabedhola saoyodipun, saha mend-
heta godhong patikan inggih kabedhola saoyodipun, godhong meniran
tuwin patikan saoyodipun punika kadheplok kadadosa satunggil
ngantos lembat, manawi sampun lajeng kacuran brenduwin utawi
arak, kakendelna sakedhapngantos marasuk, manawi sampun manarasuk
kasaring, lajeng kaombekaken dhateng tiyang ingkang sakit.
Jampi wau boten anyarasaken tiyang kemawon ingkang kacakot ing
sawer, sanadyana kewan ingkang kacakot ing sawer inggih lajeng
saged saras.
Kala tanggal kaping 6 wulan Juli ingkang sampunkapengker tiyang
anyariyosaken, manawi wonten maesa kacakot ing sawer sampun kawan
dinten laminipun, kadadosanipun awaking maesa kojur abuh sadya,
kalampahan maesa boten saged lumampah utawi ngadeg, sareng maka-
ten maesa punika jampenan jampi ingkang kasebut ing nginggil wau,
dereng ngantos dangu anggenipun kalebetan jampi, maesa lajeng
saras.
==================
Bekel Resa Sentika ing dhusun Bancung bawah ing Klathen Sura-
karta dereng lami manggih singat maesa satunggil ingkang ngeram-
eramaken angengipun, sareng singat punika kaukur kapanggih kanem
tengah kaki panjangipun, dene ing ngepok agengipun kalihdasa dim
mubeng. Menggah celak kaliyan ing dhusun Bancang, sarta sakingpa-
matawisipun tiyang, manawi singat wau wontenipun sampun kala
jaman buda, ing sapunika amasthi kenging kawastanan aeng sanget.
===================
Ing kitha Paaris tanah Presman wonten griya aeng pandamelipun,
griya punika salaminipun katutup kemawo, para tiyang tanah ing
ngriku sami amastani griya wawados, sareng para tiyang sami
ayektossaken manawi ingkang angenggeni gadhah sirah erewanda,
titiyang dereng wonten ingkang sami suka merep dhateng ingkang
gadhah griya wau, punapa dene para rencangipun ingkan ggadhah
griya inggih boten kenging majeng wonten ing ngajenganipun,
amung tiyang estri sepuh ingkang awon warninipun punika kenging
anyelak dhateng ingkang gadhah griya, dene tiyang estri wau
embokipun piyambak.
Kala ing taun 1820, ing Paris wonten tiyang estri ingkang kalebet
ayu piyambak wonten ing tanah ngriku, inggih punika Grapin
A.Grapin punika kala in ngajeng sakalangkung anggenipun remen
dateng rewanda, ingkang kaingah wonten salebeting kamaripun,
sareng telasing wulan April ing taun 1821, Grapin punika ambabar

miyos kakung, jabangbayi katingal seger kasarasan saha sae pawak-


anipun, ananging amung kuciwa jabangbayi asirah rerwanda, lajeng
suduk sarira awit saking runteging galih saha sakalangkung ling-
semipun, dening ibuning jabangbayi lajeng botenmedal saking
dalem, amung tansah amulasara amarsudi dhateng ingkang putra
wonten salebeting dalem kemawon, ing salajengipun putra wau
kawulangaken dhateng pujongga. Putra enggal ageng, dene semunipun
katingal manawi gadhah kalantipan saha sae ing manah, sandyan
sakathahing kaca ing salebneting dalem sami kasingkiraken, saup-
dos sampun ngnatos kadamel ngilo dhateng ingkang gadhah sirah
rewonda, ewadenten ingkang gadhah sirah rewonda katawis sampun
sumerep ing kawontenanipun, awit kasingkiraken saking pakumpulan
kaliyan titiyang sanesipun.
Ibunipun ingkang gadhah sirah rewonda anggalih badhe angramakaken
dhateng putranipun, mongka ibunipun punika sakalangkung sugih,
ngantos ambaludag bandhanipun, ewaenten boten wonten tiyang etri
ingkang purun dipun rabeni, sanadyan tiyang esri ingkang malarat
sanget iggih ugi boten purun kapendhet bojo, kalampahan pagesang
anipun ownten salebeting dalem wau lestantun boten ewah, menggah
ingkang sami saged celak kaliyan tiyang ingknag gadhah sirah
rewonda, punika amung ivu dhokter tuwin gurunipun, ingknag gadhah
sirah rewonda asring kemawon ing wanci dalu medal saking griya
lumampah-lumampah mawi ngangge topeng, makaten lampahing pangge-
sanganipun ingkang gadhah sirah rewonda, boten gadhah kabingahan-
ing manah saha tansah andhelik kemawon, wekasanipun dereng lami
ingkang gadhah sirah rewonda pejah amargi saking sakit.
=======================
Kala tanggal kaping 3 wulan Juli ingkang sampunkapengker titiyang
jawi ingkang anama Krama Diwirya kaliyan Sa Dikrama sami gadhah
maesa nenem, gangsal jaler satunggil estri.
Sareng enjingipun maesa wau sami mabedhal, ananging saderengipun
ambedhal sami aberik sakalangkung sanger, jalaranipun mbok manawi
saking rebatan estren.
Salajengipun maesa wau sangsaya sanget ing palajengipun, amargi
titiyang sami sumingkir sadaya, dados boten wonten ingkang amam-
bengi ing palajengipun wau.
Maesa kakalih ing dinten enjingipun sami lumajeng tebhipun ngan-
tos nem epal dumugi ing dhusun tidhar wanci dalu, saha boten
wonten tiyang ingkang sumerep, wonten ing ngriku maesa kakalih
punika sami amanggen wonten ing pakenbonanipun tiyang ingkang
anama Nitidiwirya, menggah pun Nitidiwirya punika boten sumerep,
manawi ing pakebonanipun wopnten maesa kakalih, sareng wanci
enjing pun Nitidiwirya medal saking griya dhateng pakebonan wau,
sumeja badhe wawratan wonten ing ngriku, sareng makaten puin
Nitidiwirya panuju sawg andhodhok badhe wawratan, lajeng kabiji-
gan ing maesa ingkang satrunggil, kalampahan pun Nitidiwirya meh
anemahi pejah.
Sareng pun Nitidiwirya bengok-bengok anedha tulung, titiyang
dhusun ing ngriku sami tandang, punapa dene pun pulisi inggih ugi
sami dhateng tandang-tulung, saha ambekta sanjata, kadadosanipun
maesa ingkang ambijigi dhateng Nitidiwirya kasanjata lajeng
pejah.
Ing sapa wingkingipun maesa ingkang satunggil malih kacepeng
gesang, dene ingkang tiga dereng kapanggih ngantos sapriki.
Menggah pun Nitidiwirya sapunikanipun kajampenan ing dhokter.

======================
Para tiyang ing Ngayogyakarta ing sapunika sami anggarap pada-
melan, anyingkiraken jugrugan banoning griyanipun, saha andadosi
tuwin adamel griya enggal, kathah para tuwwan ingkang sami griya
wonten ing kampung jawi awit saking kabetahipun dereng darbe
griya, wonten ing ngriku para tuwan sakalangkung anggenipun
rekaos awit saking supeking pondhokanipun.
Menggah kadurjanan ing Ngayogyakarta sapunika sampun kathah
sudanipun awit saking kencenging paparentahan, saben dalu kajage-
nan ing patrol ingkang angubengi sanagari.
Anjawi saking punika para tuwan tanah ingkang sami gagriyan
wonten nagari ing Ngayogyakarta sami kaaturan, kinen anjageni
griyanipun dening titiyang dhusunipun piyambak-piyambak, dene
kanjeng sultan amaringi prajurit sapanduman, kadhawahan anjagi
nagari ing Ngayogyakarta, saben dalu prajurit punika tansah
rundha amubeng, saha angupadosi titiyang durjana, manawi wonten
lajeng kacepeng.
================
Saking saking pawartosipun serat pakabaran wonten titiyang estri
anama Misodsebi, punika atilem lajeng kemawon laminiun kalih
welas taun, tiyang estri punika anggenipun wiwit tilem kala
ngumur kalih welas taun, jalaran dhumawah ing tilem saking keng-
ing sasakit panastis, kala samanten tiyang estri wau tansah
atilem kados tiyang ggadhah sasakit tilem, manawi anglilir ajeg
amung sakedhap lajeng angop, bilih sampun angop inggih lajeng
tilem malih, saha boten saged tangi manawi kagugah, ing sapunika
tiyang estri wau sampun ngumur kawanlikur taun, katingal seger
kasarasan saha saged enggal mindhak agengipun.
===============
Panjurung kraos ebahing lindhu.
Polisi ing Sukaarja, dumugi ing sapunika dereng anglapuraken ing
nagari, awit taksih semang daweg satunggal kalih ingkang anyariy-
osaken, wusana sampun jimrah manawi kala ing dinten jumungah
tanggal kaping 2 Agustus 1867 wanci jam 1/2 12 siyang , bawahh
Sukawati kidul tatela, sadaya tyang kang wektu wau nuju kendel
sami kraos ebahing lindhu. rehning sampun katjimra ing kathah
wau, dados polisi antawis boten anglapuraken, mila kula tumrapak-
en ing jurumartani.
Kaping 12 Agustus 1867
Jrusrat,--Kartaprawira.
================
Cariyos prasapanipun kanjeng Penmbahan Senapati ing Ngalaga
Matawis kados ing ngandhap punika.
Kala Kanjeng Panembahan Senapati ing Ngalaga anglurug dhateng
Jipang, prang tandhing kaliyan Pangeran Arya PPanangsang, ing
nalika punika Kanjeng Panembahan Senapati ing Ngalaga anintih
kuda napas, kokocen surinipun, sareng satengah ing prang titiha-
nipun Kanjeng Panembahan Senapati dipun waos dhateng Pangeran
Arya Panangsang, kuda kapalajeng boten kenging dipun pekak, mila
kanjeng Panembahan Senapati ing Ngalaga lajeng andhawahaken
prasapa makaten pangandika dalem, turuningsun ing wuri-wuri aja
ana kang anunggang jaran napas, lan jaran kang kokocen surine.
Kala samanten kanjeng pPanembahan Senapati ing NGalaga angsal
panggalih reka daya amrih karepotaning mengsah, ing sanalika
salin titihan kapal estri, sareng mengsah prang malih ayun-ayunan

kaliyan Pangeran Arya Panangsang awasta pun Gagak Rimang tansah


bigar dening sumerep kapal eestri, dados Pangeran Arya Panangsang
boten kaur prang, pijer anggadanipun kemawon, ing wekasan panger-
an Arya Panangsang kawon yudanipun kalampahan seda ing rana.
Sareng inga lami-lami kacariyos malih kanjeng Panembahan Senapati
ing Ngalaga nuju dhahar wonten salebeting dalem ing wanci son-
ten, anggenipun dhahar amengkeraken kori dalem, amargi dhahar
kaliyan para sepuh, ing nalika punika wonten puspa mara sandi
awasta Kyai Ageng Bocor, paksa anyoba kasektenipun Kanjeng Panem-
bahan Senapati ing Ngalaga. sareng dumugi ing Matawis amarengi
sonten kanjeng Panembahan Senapati saweg dhahar, Kyai Ageng Bocor
boten saronta lajeng anyuduki saking wingking, ananging boten
tumama, ing antawis sampun tita anggenipun anyduki meksa boten
miyatani, dados kyai ageng Bocor asrah tobat anuwun pangpunten,
kanejng panembahan Senapati ing Ngalaga andangu sababipun KYai
Ageng Bocor anuwun panganpunten punika, Kyai Ageng Bocor matur
waleh manawi paksa para cidra, Kanjeng Panembahan Senapati ing
Ngalaga gumujeng ngungun, dene boten karaos manawi dipun suduki
saking wingking, Kyai Ageng Bocor sampun kaapunten dhawahan
mantuk sarta kaparingan sangu akaliyan sandhangan pangangge, kala
samanten kanjeng panembahan Senopati ing NGalaga andhawahaken
prasapa makaten pangandika dalem, turuning sun ing wuri-wuri aja
ana mangan angungkurake lawang manawa ing buri ora den jagani ing
wong.
Sareng inga lami-lami kacariyos malih kanjeng Panembahan Senapati
ing Ngalaga nuju tedhak papara dhateng wana, dipun begal ing
durjana kawandasa anarajang sareng sami amaosi, ananging boten
tumama, amung rusakanipun kemawon bedhah sakedhik, kala samanten
agem dalem rasukan lurik gedhog madu, mila kanjeng Panembahan
Senapati ing Ngalaga andhawahaken prasapa makaten pangandika
dalem, turunipun ing wuri-wuri aja ana kang nganggo kalambi lurik
gadhog madu, sasampunipun angandika makaten, tiyang begal sami
lumpuh sadaya, asrah tobat sampun kaparingan pangapunten lajeng
sami suwita.
====================
Tuwan Jaspres enko suka uninga dhateng para priyantun manawi ing
tokonipun sapunika mentas tampi serat-seart waosan warno-warni
pratelanipun kados ing ngandhap punika.
Serat Pananggalan kangge ing taun walandi, 1867
Serat Pananggalan kangge ing taun Jawi 1627 dumugi taun 1815
Serat Tapel Adam Kidung Macapat
Kitab Kur'an, tetedhakanipun ing tembung Arab kajawekaken
Serat Pasindhen kagungan dalem
Serat Lokapala
Serat kalampahanipun Raden Mas Arya Purwalelana
Serat Panji Jayengtilam
Serat Wulang Reh sekar macapat
Serat Manikmaya
Cariyos aneh kalihatus kawandasa sakawan
Cariyos aneh tiga belah
Panembraman
Serat undhang-undhang wara data pranataning nagara, tumrap saba-
wah ing kasunanan
==============
Para tiyang ingkang taksih gadhah sambutan dhateng gadhah sambu-
tan dhateng kantor lelang ing Surakarta kala ing wulan April 1867
ing mangke sami kaemutaken mugi ambayara sambutanipun wau sade-
rengipun utawi satelasing wulan Agutus sapunika, manawi boten
angleksanani ing pambayaripun, para tiyang wau badhe katagih
medal saking pangadilan.
Surakarta kaping 1 Agustus 1867
Ingkang nguwasani kantor lelang, katandhan tuwan Bosower.
====================
Tuwan Ilebran suka uninga dhateng para priyantun manawi piyam-
bakipun ing mangke angadegaken pasewan kreta wonten kampung
Pacinan ing Surakarta.
Katandhan tuwan Ilebran
=================
Tuwan Publon angadegaken pandheyan wonten pasewanipun kreta tuwan
Russen ing Loji wetan Surakarta, tuwan Publon wau sagah badhe
andadosi kreta tuwin sanes-sanesipun.
Katandhan Tuwan Publon.
Pawartos warni-warni
Gugon tuhon Jimat tuwin Supena
Wonten tiyang anama Wongsaleksana panuju tilem sakeca, anyupena
kadhatengan ninekipun ingkang sampun pejah, nini punika amangsit
dhateng pun Wongsaleksana, manawi badhe tumunten wonten sasakit
ingkang anunulari andhatengi ing panggenanipun gagriya tuwin
sakiwatengenipun, saha salajengipun kados ingkang badhe kasebut
ing ngandhap punika:
Menggah salajenging supenan prayogi manawi kacariyosna dening
kancanipun ingkang kembet ing prakawis supenan wau.
Panuju ing satunggiling dinten wonten tiyang anama Kertasentika
dhateng ing griyaning kancanipun ingkang kembnet ing prakawis
supenan, punika acariyos, manawi ing dhusun ingkang boten tebih
saking dhusun ingkang dipun griyani, wonten tiyang anama wongsa-
leksana, dados guru kados kasuwuring titiyang kathah, pun Wongsa-
leksana punika remen apikantuk kamurid saking sawatawis kathahi-
pun, awit badhe wonten jamanipun apikantuk kanugrahan, ingkang
badhe kalunturaken dhateng para muridipun wau, wondening bab
kanugrahan punika kateranganipun makaten: benjing ngajengaken
telasipun wulan Januwari ingkang sampun kapengker badhe santun
jaman kamanungsan enggal, ratu enggal bade tedhak dhateng sabin
pun Randhu, wonten ing ngriku badhe ambangun karaton, dene ing-
kang badhe jumeneng nata enggal punika, manawi badhe anglulunsak-
en tatanipun sadaya, punika wonten prandhanipun saking titiyang
ingkang sami badhe anungkula dhateng pun Wongsaleksana, kapurih
angolah sabinipun, wonten ratu satunggil malih ingkang badhe
tedhak, ananging punapa ingkang badhe katndakaken dening ratu
punika dereng wonten sasebutanipun.
Ingkang punika singa tiyanga ingkang apitados dhateng prakawis
ingkang boten saged sandeka lampahipun, kedah kapurih angangge
kulambi lurik sinjang bathik iket wulung tuwin sabuk jingga
salebeting wiwit santun jaman kamanungsan inggal wau.
Manawi badhe wiwit santun jaman kamanungsan enggal punika amasthi
wonten gara-garanipun, ingkang rumiyin peteng dhedhet laminipun
pitung dinten pitung dalu, sasampunipun lajeng wonten sasakit
ingkang aniwasi, kathah titiyang ingkang badhe pejah kenging
sasakit wau, ananging titiyang sampun ngnatos sami kuwatos, ratu
enggal badhe aparing jampi, jampi punika kadekekaken ing gebyas,
ingkang kadamel jampi wau toyaning tataneman, saha kanamanan Toya
Bambang, utawi Toya Srengenge, jampi punika kaombekaken dhateng
ingkang sakit, amesthi lajeng saras saha botensaged kenging
sasakit sanesipun, sarasipun wau kenging katanggel.
Para murid wau og tembe badhe wonten ingkang kadadosaken bekellu-
rah tuwin wadana wonten ing karaton inggalm ananging sami kenging
pisarat arta kathahipun 16 rupiyah langkung 66 sen ngantos 33
rupiyah.
Sareng makaten pun wongsaleksana apitados dhateng wawangsiting
ninekipun, ing salebeting supena, saha lajeng anglampahaken ing
wawangsit wau, boten ngantos lami kathah ttiyang ingkang sami
dhateng ing griyanipun, sami ambekta arta kadamel ambayar pisarat
wau, saha sami angapilaken donga ingkang kawulangaken, salajengi-
pun para tiyang sami angentosi telasing wulan Januwari, 1867,
punapa ingkang badhe kalampahan ing wulan wau andadosaken giris
tuwin ajrih ing titiyang kathah, ewadenten para tiyang taksih
sami gadhah pangajeng-ajeng, sakeca bab anggenipun badhe sami

kakulawisudha wau.
Kala samanten wulan Dhesember sampun telas, wulan Januwari sampun
kalampahan gangsal welas dinten, mongka dereng wonten punapa-
punapa, ananging pulisi ingkang dhateng, bokmanawi punika ingkang
minongka susulihing ratu enggal, ing sanalika pun Wongsaleksana
kacepeng dening pulisi wau, saha prakawisipun tumunten kapariksa-
nan, lajeng kainggahaken dhateng landrat, menggah karampungani-
punn kala tanggal kaping 9 wulan Pebruwari 1867 pun Wongsaleksana
kapatrapan paukuman kabucal saking balegriyanipun ing dhusun,
laminipun 4 taun, wah katrapaken ing padamelan paksa, bab praka-
wis anggenipun angapusi titiyang.
==================
Kaduwung andadosaken Kautaman
Ing tanah Hindhu wonten sudagar sakalangkung sugihipun, gadhah
baita kapal dagang kalih welas iji, sami lumampah dagang dhateng
nagari ing pundi-pundi, andadosaken kathah kauntunganipun kyai
sudagar, kenging kaetanga kauntunganipun saking baita kapal
kalihwelas wau ing dalem sataun, 1 yuta rupiyah.
Anjawi saking baita kapal kalihwelas punika, kyai sudagar agadhah
siti sakalangkung kathah, sam,i kataneman pantun krowodan sapa-
nunggilanipun, wah kataneman uwit apyun, pamedalipun siti kenging
kamurwat kalih tengah yuta rupiyah ing dalem sataun, manawi
kapendhet sapalih saking pamedal wau, kyai sudagar sampun anggad-
hahi kauntungan pitung kethi tangsaleksa rupiyah, ananging pama-
tawisipun tiyang langkung saking samanten.
Griyanipun kyai sudagar wonten salebeting nagari watawis kathahi-
pun wolungdasa iji. Griya samanten wau kathah ingkang kasewakak-
en, wonten ingkang kadamel pasewan kacepeng piyambak, amung
kadekekan opsinder, wonten malih ingkang kadamel toko inggih ugi
kadekekkan opsinder kemawon, ingkang punika manawi kauntunganipun
kyai sudagar kaetang sadaya langkung saking kalih yuta rupiyah
ing dalem sataun.
Menggah pambekanipun kyai sudagar sakalangkung sae, awelasan
dhateng titiyang ingkang sami malarat, asring kemawon atutulung
dhateng titiyang ingkang sami kamlaratan wau.
Wondening griya ingkang dipunenggeni kyai sudagar sakalangkung
ageng saha wawangunanipun sarwa endah, saha rencangipun inggih
sakalangkung kathah.
Kyai sudagar adamel wadana ingkang nguwasani bab pamedal saking
baita kapal kalih welas wau, wonten malih wadananipun ingkang
nguwasani bab pamedalipun siti, dene ingkang nguwasani pamedali-
pun saking griya-griya ingkang kasewakaken saha toko sapanunggil-
anipun, inggih ugi wadana satunggil: anjawi saking wadana titiga
punika kyai sudagar gadhah sekretaris satunggil ingkang amariksa-
ni cecepenganipun serat wadana titiga. Sekretaris wau ingkang
anglapurakn sakathahing prakawis dhateng kyai sudagar.
Kala samanten Kyai sudagar rumaos sakalangkung muktinipun, anang-
ing kuciwa tansah kasekelan ing manah, awit kyai sudagar boten
gadhah anak, rinten dalu kyai sudagar amumudya dhateng ingkang
maha kuwasa, mugi kaparingan anak, pamanahipun kyai sudagar boten
saged sampurna ing kamuktenipun bilih boten gadhah anak, awit
anak punika kaupamekaken kados pepethinganing rajabrana, kalam-
pahan kyai sudagar ngenes ing manahipun, wekasan bojonipun suda-
gar wawrat, sareng kyai sudagar sumerep manawi bojonipun anggar-
bini, sakalangkung bingah ing manahlajeng sukadana dhateng saka-

thahing tiyang malarat salebeting praja utawi sajawinipun nagari


sadaya, ngantos telas kalih kethi rupiyah, titiyang malarat wau
sami kasukanan sandhangan sapangadeg, wah arta 200 rupiyah tiyang
satunggil-tunggilipun.
Sareng anakipun sampun lair medal jaler, kyai sudagar inggih
asuka dana malih dhateng titiyang malarat, inggih ngantos telas
kalih kethi rupiyah, cekakipun anak sampun ageng, boten kikiran-
gan ing kasagedan, saha sumerep dhateng sawarnining kawruh, awit
sakalangkung sanget anggenipun amardi tuwin amulangaken anakipun
wau, ngantos kalampahan kyai sudagar amendet guru sakawan,
wonten ignkang mulang basa Inggris Prasman tuwin Arab, wonten
ingkang mulang etang, ngelmi bumi, ngelm i ukur, ngelmi palak,
tuwin sawarnining cariyos wekasan wonten ingkang mulang beksa,
tembang, tatakrama sapanunggilanipun, kadadosanipun anak wau
sampun sampurna ing kasagedanipun,, dhasar anak punika inggih
sakalangkung remen dhateng saliring wuwulang, ananging karsanipun
ingkang maha kuwasa sanes, kados pikajenganipun kyai sudagar,
ingkang mumudya sagedipun sampurna ing kamukteniupun wonten ing
ngalamdunya, awit ing ngalamdunya boten wonten samukawis ingkang
sampurna, prakawis makaten punika saged kapanggih wonten ing
kaswargan, ing ngandhap punika badhe anerangkaen menggah ingkang
dados karsanipun ingkang maha kuwasa.
Sareng anakipun kyai sudagar sampun diwasa, boten remen babar
pisan dhateng padamelan ingkang sae, karemenanipun angabotohan,
ngestri, ngunjuk inuman, utawi kekesahan dhateng sanes nagari,
pamrihipun amung ambubucal arta kadamel bingah-bingah wonten
nagari ing ngamonca.
Lalampahanipun anaking kyai sudagar andadosaken susahing manahi-
pun bapa, kalampahan kaukum kaping pinten-pinten kemawon, saha
boten kasukanan arta, inggih ugi boten kapok, malah andadra ing
lampahipun awon, kyai sudagar tansah anandhang susah ing manah,
anak lajeng kabucal dhateng nagari ing ngamonca, katitipaken
dhateng mitranipun kyai sudagar, wonten ing ngriku anak adamel
solah ingkang andadosaken darbe sambutan kathah wekasan inggih
kabayaran dening bapakipun.
Sareng anak sampun boten saged adamel sugih ing sambutan malih,
amargi kaundhangaken dhateng kyai sudagar wonten tanah ing nga-
monca wau, sampun ngantos wonten tiyang ingkang anyambuti arta
dhateng anakipun, awit kyai sudagar badhe boten purun ambayari
sambutaning anak, kalampahan anak dados durjana, amandung lumebet
ing gedhong arta nagari, lajeng kacepeng, saha kapatrapan pauku-
man bucal laminipun wolung taun.
Cariyos punika taksih wonten sambetanipun.
===============
Kekendelaning tiyang alit.
Kacariyos ing tanah eRopah, wonten banjir ageng, kala samanten
wonten tiyang sepuh sak anak rabinipun, pinuju kendel wonten ing
kretek wingking ngajnegipun kretek wau dhadhal kabekta ing toya,
dados para tiyang wausami ngungsi ing tengah, saha sak langkung
ing girisipun sarwi anguwuh-uwuh nedha tulung, titiyang inggih
sami aningali, nanging boten wonten satunggal ingkang purun
mitulungi, saking ajrihipun dhateng santering toya, tumunten
wonten priya gung rawuh, saha ngandika, sinten ingkang purun
mitulungi dhateng para tiyang ingkang kasangsaran wau punika,
badhe kaganjar mawi yatra jene sakanthong, sarwi angedhangaken

kanthong, ingkang isi yatra wau, inggih maksa boten wonten ing-
kang purun.
Wasana wonten tiyang jhaler satunggal asli saking dhusun, wanda-
nipun temen asecablaka, saha otot akiyat wau tiyang tan mawi
ningali utawi mireng, yen wonten ganjaran, inggal numpaki baita-
nipun Jukung Alit, lajeng kawelahan pribadi, purugipun dhateng
para tiyang ingkang amethukaken pejahipun wau, saha tetek ing
solah tingkahipun sarta pasrah jiwongga, amurih mitulungi ing
sasamenipun umat, saking karsaning yang inggih dumugi, ing
panggenaning para tiyang ingkang kasangsaran, nunten sami kasu-
prih numpak ing baitanipun etut satunggal saha ingkang atos-
atos sarta rikat, kadadosan sareng sampun sami jagong, lajeng
tiyang asli dhusun , amumuji nuwun kakiyatan dhateng ngalah,
para tiyang kasuprih kendel saha tetep ing imanipun. nunten baita
katempuhaken anugel santering toya, saking karsaning yang wilu-
jeng dumugi ing dharan boen kirang punapa-punapa, andadosaken
ebating para titiyang dene wonten sawijining tiyang, ingkang
purun angetohaken pejahipun, lajeng para tiyang sami angrubung
saha amilujengaken, wasana priyagung ingkang kagungan janji
badhe anganjar wau, lajeng anyelaki dhateng tiyang dhusun ing-
kang saklangkungkendel wau, nunten badhe amaringaken kanthong
isi yatra jene, nanging tiyang temen wau boten purun anampeni,
aturipun makaten: Kula nuwun sanget manawi badhe kaganjar, sabab
umur kula boten kula wade mawi yatra, kalih dene malih, saking
berkahing widi, kula teksih kadunungan daya, saha cekap ing
pangupajiwa kula, saged angingoni anak rabi kula, nabawi sampeyan
andhangani, yatra wau prayogi kaparingaken dhateng para tiyang
ingkang kula candhangi wau, sabab taela yen punika langip sanget,
Priyagung sareng miyarsa makaten sanget ing kasengsemipun dhateng
tekad ingkang kados makaten, saha dipun turuti ing panuwunipun.
Lah punika owelipun dene naming seu satunggal ingkang darbeni
wawatek kados makaten,
Ngayogyakarta kaping 16 Agustus 1867
Katandhan C.F.P.
===============
Arut tabe pakurmatan kula akathah-kathah, mugi kaatur ing panje-
nenganipun tuwan ingkang ngarang serat jurumartani.
Panuwun kula menawi taksih wonten papanipun mugi panjenenganipun
tuwan karsaha amacak serat kkula punika ing dalem pustaka Juru-
martani.
Boten saged mratelakaken sangeting panuwun kang sarta suka bingah
ing manah kula, dene sampun rambah kaping 2, pamaos kula serat
Jurumartani, mawi wonten sesebutan katranganing bubuka prasapani-
pun para luluhur ing nguni-uni, kados ingkang sampun dados panu-
wun kula, kawrat ing dalem serat Jurumartani, ongka......, kater-
angan wau sasetu adamel wewahjing kawruh sarta anglejaraken
buneking manah, mila lajeng kula pethik saha lajeng kula pacek
ing dalem buku, darapon dadosa pangenget-enget ing salami-lamini-
pun.
Kalih dening malih sakalangkung panuwun kula dhumateng panjenen-
ganipun tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani, dene katingal
sanget anggenipun merlokaken paring pitulung karsa m,acak ing
pitaken utawi wawangsulanipun wau, punika anelakaken yen panje-
nenganipun tansah amurih indhaking kaginanipun para mudha pung-
gung kados dening kula.

Ing wusana panuhun kula dhumateng priyantun ingkang karsa paring


wawangsul wau, mugi-mugi karsa anglajengaken paring katranganing
panunggilanipun prasapa kados panuwun kula ing nguni. Kuciwa
sakedhik dene boten paring katranganing nama utawi kalenggahani-
pun dados serat wawangsul ingkang minongka tondha sangeting
panuwun kula wau, nboten saged dumunung ing nama, anggen kula
andhawahaken.
Sinerat ing kitha B.N. kaping 4 Agustus 1867.
Ingkang atur tondha pangindhung R.B.T.K.
=================
Tuwan Redhaktur mugi karsaha amacak saseratan kula punika wonten
ing Jurumartani.
Inggal punika kula saking Tulungagung sumedya mantuk dhateng
griya kula pyambak ing Kudus saha sampun lami sanget krenteging
manah kula badhe sumerep nagari Panaraga, sareng lampahkula
dhateng dhistrik Pulung: sasarengan kalayan satunggal tuang nami
Senen ngaken griya ing kampung Pacrabakan pitaken salajengipun
sanjang dhateng kula, yen kula kedah sumerep nagari Panaraga
mongka dereng sumerep ing guwa bedhali utawi pasareyanipun kan-
jeng Bethara Katong ingkang sumare ing AStana Panaraga, dereng
kenging kawastanan tyang sumerep ing nagari Panaraga, sareng
kula dipun sanjangi mekaten lajeng kula nedha pitulung dhateng
Senen, supados pyambakipun anedahna ing pundi panggenanipun
ingkang sampun kasanjangaken wau, kaleresan sanget wektu kula
nedha pitulung wau, ggen kula sareng-sareng lumampah saking
Pulung Mangilen sampun dhateng wonten saleripun guwa Bedhali,
lajeng kula sareng-sareng lumampah mangidul sumedya kadedahaken
sareng dhateng wonten ing panggenan ngriku, kula nyumerepi wujud-
ing guwa, panggenaning guwa wonten satengahipun wana kaleres
wetan lepen ingkang juleg-jurangipun wujuding guwa wau majeng
ngaler ngilen wiyaripun antawis kula 2,1/2 ru; mubeng, inggili-
pun ingkang ngajeng 15 kaki, ingkang tengah utawi pinggiring guwa
ingkang kalebet 3 kaki, ingkang pinggir ler wetan tuwin kidul
wetan wonten lajenging guwa ingkang wiyaripun 6 kaki, lebetipun
kula boten terang, awit kula boten lumebet bolonganing guwa
wau, namung wonten satengahipun ingkang wiyar kemawon.
Sajawining guwa kaleres ngajenganipun guwa, wonten kakajengani-
pun warni-warni ingkang angasrepi badan angresepaken ing manah,
kadosta: pelem semboja, nongka jambu, utawi ngringin, antawisipun
kakajengan wau wonten kawanipun ingkang sawatawis kerep, makaten
ugi wau kakajengan sanesing wringin sedaya uwiting kajeng karamb-
natan dening mrica wah cabe, mangilen tumurunipun anjog ing lepen
wonten sok tiyanga ingkang badhe menggah salajengipun lumebet ing
guwa mawi sasuci toya epen rumiyin.
Wonten ing ngriku kula dipun cariyosi dhumateng pun Senen:
Kajeng Wringin wau menawi wonten satunggal tyang ingkang tirakat
wonten guwa ngriku, mongka tinarimah ing tirakatipun dening
Allah, lajeng sumerep wringin wau awoh nongka lajeng kapendhet
tinedha, kadadosanipun punapa barang ingkang kakajataken asring
tumunten lampahan sareng kula kacriyosi makaten sumedhot raosing
manah, kula inggal tumenga nyawang kajeng wringin bokmanawi
wonten kaelokanipun Allah ingkang dhumawah ing jasat kula kados
ingkang sampun cinariyos nanging boten wonten katingal, anjawi
namung babaling nongka ingkang kasumerepan ing mripat kula.
Sasampounipun makaten kula lajeng wangsul dumugekaken lampah kula
mantuk dhateng Kudus dening pun Senen lajeng mantuk dhateng
griyanipun pyambak.
Kudus kaping 1 Agustus 1867.
Ingkang pratondha kula pun Bratawicara.
===========
Benjing ing dinten Saptu ngajeng tanggal kaping 24 wulan punika
bdhe anglelang kajeng jatos ageng alit wonten ing Jurug ingkang
tebihipun tiga tengah pal saking nagari.
Surakarta kaping 16 Agutus 1867, katandhan tuwan Panlingen.
=============================
susulanipun serat Jurumartani Senen tanggal kaping 26 Agustus
1867

Benjing ing dinten malem Kamis tanggal kaping 28 wulan Rabingula-


kir taun Ehe ongka 1796 utawi tanggal kaping 28 wulan Agustus
taun 1867 badhe wonten tontonan ing komidhen menggah lampahani-
pun kapratelakaken ing ngandhap punika.
Lampahan komidhi kanamakaken prajurit Jager akaliyan prajurit
Usar, utawi tiyang estri neneman rencang ing griya patedhan.
Namining ringgit.
1. Prajurit Usar, anama Pandherhak
2. Prajurit Jager, anama Martre
3. Tiyang sepuh mandhoring griya patedhan, anama Uspot
4. Estri neneman rencang ing griya patedhan anama Korneliyah
Bidhot.
Rencang jaler sawatawis ingkang jagi ing griya patedhan.
Mandhor medal kalih kancanipun, adhadhawah sarta anedhahaken ing
trapipun tiyangangladosai tamu, nunten Usar kalih Jager malebet,
amarentah anyenyegah sapinten ongkosipun kadugi ambayar, sareng
sampun nedha utawi ngunjuk Usar lajeng ambayar, mandhor amestani
dereng cekap, rekeningipun kadedahaken sakelangkung kathahipun,
sami regejegan mongka Usar utawi Jager boten gadhah yatra seman-
ten kathahipun, nunten katantun muja angladosi ing griya pated-
han lamenipun wolung dinten sami anyagahi sarta dipun anggenang-
gening cara rencang ing griya wau, Usar kinen angladosi tamu,
ingkang saweg sami dhateng badhe nedha wontening kamar sanes,
Usar medal rencang estri neneman malebet kepanggih kalih Jager,
sadangunipun wau pangling, sapunika sami kengetan estri utawi
Jager kalih taksih wonten ing dhusun sami remenan, Jager salami-
nipun dados p[rajurit boten pedhot -pedhot angajeng-ajeng
sageda ngrabeni remenanipun, mandhor malebet angulungaken
panjang isi tatedhan dhateng Jager, kinen ambekta dhateng kamar
anggenipun sai nedha para tamu, Jager rikuh ing pambektanipun
pecah, Usar gumujeng kondha yen ingkang dipunladosi jendralipun
piyambak, saking tratabaning manahipumn ajrih manawi kauningan
genipun angladosi gumeter, panuu anyaosi caos dhateng jendral
wadhahipun gumlimpang jendralipun gupak saos, Usar enggal mela-
jeng ngungsi malebet ing kamar, kumrumyungipun panjang piring
adamel kagetipun mandhor, mandhor malebet reginipun katemmpahaken
dhateng prajurit kakalih, sami sangsaya kewedan ing manah, ren-
cang estri lajeng matur yen kadugi anebusi sambutanipun prajurit
sarta kadugi nebus Jager uwalipun saking pangandika prajuritan,
Jager katantun dados lakenipun, sanget bingah, Usar sarehning
sampun tempo pangabdinipun kawekaken awakipun angabdi malih
anggentosi saduluranipun dados Jager.
===================
Lampahan komedhi ingkang kanamakaken lintah ingkang minongka
jampi langkung prayogi, utawi pratingkah ing tiyang sami rereme-
nan wonten ing kamar obat.
Namaning ringgit.
Samuwel Pillenbureh, Apoteker
Nyonyah Pillebureh
Lotjer, Kapenakanipun
Perdinan Rollenpel, remenanipun Lotjer
Tobiyas rencangipun Samuwel Pillenbureh

Tobiyas lenggah angracik jampi, Lotjer nyerat seratipun badhe


kakintunaken dhateng remenanipun Tobiyas dipun ken bekta serat
wau, sengadi ambekta jampi. Tobiyas medal, Lotjer aningali
saking candhela dhateng griyaning remananipun ingkang wonten
adhep-adhepanipun, Nyonyah Pillenbureh malebet Lotjer kadukanan
amargi boten nyambut damel wicantenipun nyonyah Pillembureh,
Lotjer badhe boten laki angsal Rollenpel, ananging badhe kapeksa
imah-imah kaliyan satunggil dhokter umur 65 taun ananging sugih
sanget, Tobiyas malebet sarta matur manawi jampi sampun katampen,
Nyonyah Pillembureh medal, Pillembureh malebet Tobiyas kadhawahan
ambekta lintah, 50, iji dhateng satunggilipun tuwan ingkang
sakit sanget, Tobiyas medal. Nyonyah Pillembureh malebet bojoni-
pun kadukanan amargi sadinten boten wonten griya sarta sadaya
padamelan kapasrahaken dhateng piyambakipun, wangsulanipun Pil-
lembureh saweg ewet angladosaken lintah, kathahing ladhosanipun
ing dalem kalih taun badhe andadosaken jalaran sugihipun, rol-
lenpel malebet sarta andhelik sawingkingipun grosi, Pillembureh
medal kaliyan bojonipun, Lotjer amalebet awicanten kaliyan
remenanipun Tobiyas lajeng malebet boten antawis dangu Pillembu-
reh malebet duka sanget, sareng aningali dhateng Rollenpel,
awicantenan kaliyan tuwan punika manawi lintah punika jampi
ingkang prayogi sanget saged amantunaken sawarnining sasakit,
Tobiyas ngantuk ngantos angrebahaken meja gendul isi lintah
remuk, Pillembureh duka ananging Rollenpel awicanten badhe
anempahi pitunanipun Pillembureh, Rollenpel akaliyan Pillembureh
medal.
Nyonya Pillembureh malebet duka amargi dhokter sepuh ingkang
badhe kaimah-imahaken kaliyan ka[penakanipun boten dhateng,
Pillembureh awicanten manawi Lotjer boten siyos karabekaken
kaliyan dhokter sepuh wau ananging badhe kaimah-imahaken angsal
Rollenpel, Rollenpel wau tiyang sugih sanget sarta badhe anukani
yyatra 2000 rupiyah dhateng Pillembureh. Rollenpel lajeng malebet
boten antawis dangu Tobiyas malebet sarta wuru, Pillembureh
akaliyan bojonipun kawastanan tiyang medhit sanget amargi salami-
nipun dipun ngengeri, Tobiyas kakirangan tedha ngantos gering,
wicantenipun TObiyas boten purun ngenger dados rencangipun Pil-
lembureh malih, ananging badhe tumut kaliyan Rollenpel, Tobiyas
medal, Lotjer kapasrahaken dhateng Rollenpel lajeng sami rerang-
kulan.
Panuwunipun ingkang sami nguwasani komidhen para priyantun sampun
eses salebetipun komidhen.
==========================
Loteri karet Amerikah, kaliyan kapalipun kalih rakit, ingkang
sarakit mawi pakeyanipun.
Kauntunganing loteri wau kapratelakaken ing ngandhap punika:
Kauntungan ingkang kapisan warni kareta wau sakapalipun sarakit
wah pakeyanipun.
Kauntungan ingkang kaping kalih warni kapal sarakit. Cacahing
lot 150 iji, ing dalem salotipun pengaos sadasa rupiyah, wonmdene
pamainipun mawi dhadhu titiga kabucal kaping tiga, sinteningkang
pikantuk ongka kathah piyambak badhe angsal kauntungan ingkang
kapisan dene ingkang angsal ongka sakedhik piyambak punika wajib
anggadhahi kauntungan kaping kalih. Ing sak derengipun loteri
punika kamain yatra pangaosing lot sampun kedah kabayat rumiyin.
Dinten sapaining loterei badhe katamtokaken ing tembe

Katandhan tuwan Jaspres enko.


===============
Tuwan Jaspres enko asuka uninga dhateng para priyantun, manawi
ing tokonipun sapunika mentas tampi serat-serat waosan warni-
warni, pratelanipun kados ing ngandhap punika:
Serat Pananggalan kangge ing taun walandi 1867
Serat pananggalan kangge ing taun jawi, 1627 dumugi taun 1815
Serat Tapel Adam Kidung macapat
Kitab kur'an, tetedhakanipun ing tembung Arab kajawekaken
Serat Pasindhen kagungan dalem
Serat Lokapala
Serat lalampahanipun Raden Mas Arya Purwalelana
Serat Panji Jayeng tilam
Serat Wulangreh sekar macapat
Serat Manikmaya
Cariyos aneh kalih atus kawandasa sakawan
Cariyos aneh tigabelah
Panembraman
Serat Undhang-Undhang waradat pranataning nagara, tumrap sabawa-
hing kasunanan.
============
Ongka 35, 29 Agutus 1867

Pawartos warni-warni
Tiyang adamel kagunan
Kala tanggal kaping 14 wulan Juli ingkang sampun kapengker ing
Kedhiri wonten tiyang satunggil kacepeng, tiyang wau anama Mas
Agus Jaka Murtala, saha amisuwuraken gadhah sasebutan anama:
Sunan Waliyollah Imam Sampurna, Panembahan Tugu, Pangeran Akibu-
wakidi Tumpak Dhalo Sunan Kalijaga, Bab Cerolah, punapa malih
amratelakaken manawi sagd amarentah sakathahing sima ing wana
Lodhaya.
Menggah tiyang wau taksih nemneman, saweg ngumur wolulas taun,
saha agragriya ing dhusun SumberBandhung dhistrik Warujayeng
tanah ing Brebek, dene kathahing anggenipun angsal murid sampun
wonten tiyang satus, titiyang punika sadaya kawartosaken dening
Mas Agus Jaka Murtala, manawi sami sagd adamel kagunan kalawan
Japamantra awarni warni.
Manawi anggenipun amartosaken bab kasagedaning para muridipun
wau sayektos, punika sakalangjung prayogi bilih kagunanipun
kaeber kawontenan sangajenging korinipun kunjaran.
===============
Saking pawartosipun wonten sarjana tiyang Prusi gadhah pamanggih
adamel sarananing babon saged aningan tigan ingkang cangkokipun
atos kados tosan, sarana punika awarni luluhaning barang tosan,
katedhakaken dhatng babon, boten katedhanan apur, babon lajeng
saged anigan tigan ingkang cangkokipun atos kados tosan, wonden-
ing pikantukipun tigan wau sakalangkung kathah, awit manawi tigan
punika sami kakintunaken kagrami, boten susah kaatos-atos ing
pambektanipun, supados sampun ngantos pecah, pangintunipun wau
kawadhahan kados tiyang angintunaken mimising mariyem, boten mawi
kalambaran samukawis ingkang empuk-empuk, manawi tigan wau badhe
katedha pamecahipun kalayan palu, punapa malih manawi tigan
punika kaebur saha kawedalaken isinipun ing lebet, lajeng kaise-
nan sandawa kadamel mimis kangge ing paprangan, upaminipun kados
mimis bom, punika sakalangkung prayogi.
=================
Punika candhakipun cariyos bab kaduwung andadosaken kautamam.
Kyai sudagar sareng mireng manawi anakipun dados pandung kacepeng
saha kapatrapan paukuman bucal laminipun wolung taun, lajeng
sakalangkung anggenipun ngungun, wasana kyai sudagar adamel serat
aturan konjuk dhatng parentah ing nagari, menggah aturipun kyai
sudagar, anyunyuwun, mugi wontena karsanipun ing parentah anglu-
wari anakipun saking paukuman, margi anakipun wau taksih anem
kirang pikiripun dhateng kdadosaning solahipun kadurjanan, ing
mangke kyai sudagar badhe anyaosi arta panebus luwaring anakipun
saking paukuman ngkang sakalangkung adil, kathahipun sayuta
ringgit, manawi taksih kirang inggih badhe kasaosan malih sapin-
ten ingkang dados pamundhutipun ing parentah.
Sareng sami sanalika punika parentah amangsuli aturanipun kyai
sudagar, lajeng kadhawahan kapurih angistiyaraken artanipun
sayuta ringgit wau dhateng prakawis ingkang murugaken dhateng
kautaman, sampun ngnatos kabucal dhateng prakawis kadurjanan,
awittiyang ingkang kadunungan ing kasugihan, amasthi gadhah wahib
anglampahaken artanipun supdos amikantukna samukawis ingkang
migunani, makaten ugi parentah inggih gadhah kawajiban anglampa-

haken samukawis prakawis kalayan temen-temen saha boten ilon-


ilonen.
Sareng kyai sudagar atampi wangsulaning parentah kados makaten
wau, lajeng anyaosi serat aturan malih, ungelipun makaten: kula
anywaweni ingkang dados dhawah sampeyan, ananging kula kalilanana
matur, manawi katrsnaning bapa dhateng anakipun boten wonten
titimbanganipun, punapa malih manawi anak wau wonten salebeting
sangsara, bapa lajeng boten saged angraosaken susah ing manah.
Punapa panjenengan sampeyan kikilapan bb kawajibaning bapa, kedah
mitulungi dhateng anakipun ingkang wonten salebeting sangsara,
anak punika inggih kedah angestokaken dhatng wuwulanging bapa,
mila ing mangke kula boten sumerep kawajibaning bapa ingkang
langkung utami anjawi amung mitulungi dhatng anakipun ingkang
manggih cilaka, sanadyan anelasna artaning bapa sapinten kemawon,
inggih kedah linampahan, arta punika amasthi boten wonten gunani-
pun ing ngatasing bapa, bilih kalampahaken supados amikantukna
dhatneg samukawis prakawis ingkang migunani, kados pangandika
sampeyan, mongka arta wau boten saged angluwaraken anak saking
kasangsran, mila ing mangke panuwun kula, mugi kanjeng parentah
karsaha angluwari anak kula saking paukuman ingkang badhe adamel
lingsem kula, saha mugi karsaha anampeni arta panebus luwaring
anak kula wau.
Menggah wangsulanipun parentah makaten: aku wus angarep-arep
wangsulaning bapa kaya mangkono mai, nanging aku iki ora wenang
ilon-ilonen, layang angger wus andhawahake kawajibaning laku-
lakuku anyekel pangadilan, kaya kang wus dak tindakake kalawan
temen-temen, mulane ing saiki aku ora wenang anampani panebus
puwaring anakmu, supaya aja nganti andadekake panengeran, manawa
aku iki anindakake prakara kalawan ilin-ilonen.
Kyai sudagar salajengipun sangsaya susah ing manah, kalampahan
andadosaken sakitipun, kyai sudagar anandhang sakit ngenes ngan-
tos kalih taun laminipun lajeng pejah. Salebeting sakit sanget
kyai sudagar tansah angenget-enget bab lalampahanipun wonten ing
ngalam dunya, rumaosipun ing ngajeng sampun mukti sanget, anang-
ing dereng sampurna ig kamuktenipun, kala samanten kyai sudagar
gadhah cipta, bilih badhe sampurna ing kamuktenipun, manawi saged
gadhah anak, sareng kalampahan kyai sudagar gadhah cipta, bilih
badhe sampurna ing kamuktenipun, manawi saged gadhah anak, sareng
kalampahan kyai sudagar gadhah anak, anak punika ingkang andado-
saken jalraning pejahipun kyai sudagar, wekasanipun kyai sudagar
enget dhateng papasthening ngagesang, manawi manungsa boten saged
anggayuh ing karsaning kang maha kuwasa, mila wajibing manungsa
punika amung sujud kemawon dhateng karsanipun ingknag maha kuwa-
sa, punika ingkang wenang angganjar sampurnaning kamukten wonten
kaswargan, awit ing ngalam dunya boten wonten barang sampurna,
makaten wau ciptanipun kyai sudagar.
Sarehning kyai sudagar boten gadhah sanak sadherek, dados sa-
lebetipun sakit sanget kyai sudagar adamel kuwasa dhatng sekreta-
risipun, anguwasanana dhateng sakathahing titilaranipun kyai
sudagar, sekretaris punika tansah temen-temen anggenipun anglam-
pahaken sakathahing prakawisipun swargi kyuai sudagar, kalampahan
sangsaya mindhak kathah kasugihanipun suwargi kyai sudagar wau.
Sareng dumugiwolung taun laminipun paukumaning anakipun swargi
kyai sudagar sampun luwar, anak sudagar lajeng mantuk dhateng
griya titilaraning bapakipun, wonten ing ngriku sekretaris amas-

rahaken sakathahing prakawis titilaranipun bapa dhateng anak


sudagar. Salajengipun anak sudar taksih angabdekaken sekretaris
wau, utawi para wadananipun swargi ingkang rama sa saopsinderipun
sadaya inggih uygi taksih kaabdekaken, malah sami kandhakan
ingkang dados tedhanipun sadaya.
Kacariyos anak sudagar saantukipun saking bucalan, punika dadosa
sakalangkung sae ing pambekanipun, samukawis solah ratingkahipun
ingkang kasebut sakalangkung utami, welasan dhateng tiyang, saha
remen atutulung dhatng titiyang ingkang sami kacingkrangan, para
tiyang jempo salebeting nagari tuwin sajawining nagari sami
kasukanan balonja ing saben wulanipun, boten ngantos kirang malah
langkung. Para kere sami kasukanan tedhak ing saben dinten, saha
kabalonja ing saben wulanipun, ing dalem sataun sapisan para kere
wau sami kasukanan sandhangan malah lajeng kasukanan dhokter
satunggil ingkang jagi anjampeni sakitipun, manawi wonten ing-
kang sampun saras, lajeng kadadosaken tiyang ing dhusunipun,
kasukanan pawitan supdos saged anglampahi padamelanipun dados
tiyang dhusun.
Menggah pratingkahipun anak sudagar ingkang sakalangkung utami,
punika andedekek arta wonten ing bank, kathahipun sayuta ringgit,
anakanpun arta punika kapurih kadamela wagrading pandamelipun
griya ageng kakalih, ingknag satunggil pancen kaenggenan dhateng
para kere, satunggilipun kadamel pondhokan titiyang saking nga-
monca ingkang sami apara dhateng nagarining anak sudagar wau,
para tiyang ngamonca salaminipun wonten griya ing ngriku sami
kasukanan tdha inuman tuwin patileman boten mawi bayaran, malah
kasukanan sangubilih tiyang saking ngamonca wau telas sangunipun,
anjawi saking punika anakan arta wau kadamel ingon padintenan
tuwin balajanipun para kere ing saben wulanipun, wah kadamel
tumbas sandhanganipun para kere ing dalem sataun sapisan, punapa
malih arta anakan wau kadamel ambalonja dhokteripun kere, utawi
para tiyang ingkang sami kabebahan angopeni dhateng para kere ing
saben dintenipun, saha amariksani tedanipun sampun ngantos ki-
rang, punapa malih ambayari balanjaning para kere ing saben
wulan, sagetipun tampi ajeg balonja wau kapariksanan ing lurah
satunggil, wasana lurah punika kapatah anumbasaken saha amandum
sandhanganipun para kere ing dalem sataun sapisan, mawi kajenen-
gan ing pangeduming sandhangan tuwin pambayaring balanjaning kere
dening opsinder satunggil, makaten ugi griya pondhokanipun titi-
yang ngamonca kedah kajagenan ing saben dinten rinten dalu dening
rncang gangsal welas, kalurahan ing opsinder satunggil, para
rencang wau sami angladosi dhateng para tamu saking tnah ngamonca
wau, saha angresiki griya punika kaping kalih ing dalem sadinte-
nipun, dene opsinder wau kabebahan amarnekaken tedha tuwin inuma-
nipunpara tamu ingkang sami dhateng ing griya ngriku, saha amba-
yar sangu manawi wonten ingkang kikirangan sangu. Menggah arta
sayuta ringgit punika sampun kalilakaken ing salaminipun, dados
sapawitan ingkang kawedalaken anakanipun, supados anakan wau
kadamela ingon balonja tuwin tumbas sandhanganipun para kere,
punapa malih kadamel pisagaipun para tiyang saking ngamonca, dene
ahli warisipun anak sudagar boten wenang anedha awangsuling arta
wau.
Ana sudagar kala samanten misuwur ing pundi-pundi bab kautameni-
pun ing solah pratingah, para tiyang sami suka sukur dhateng anak
sudagar, saha sami mumuji sageda lulus panjang ing ngumuripun,

saha wilujenga ing salami-laminipun.


Punapa iingkang dados jalaranipun anak sudagar saged maleh ddos
sae, saha lajeng gadhah budi utami. Punika gampil kemawon bilih
katerangakenn, awiot anak sudagar sareng mireng manawi ingkang
rama pejah jalaran sakit ngenes, amargi anakipun dados pandung
saha kalampahan kabucal, ing nalika samanten anak sudagar medal
kaduwunging manah, saha lajeng sukur ing gusti ingkang maha
kuwasa sampun ambuka manahipun saged rumaos kaduwung, ciptanipun
anak sudagar kala samanten, manawi lalampahaning tiyang gesang
wonten ing ngalam dunya punika boten saged anyimpang saking
karsaning kang maha kuwasa, sawarnining pikajengan solah prating-
kah ing manungsa sadaya linampahan saking karsaning kang maha
kuwasa, boten wonten ingkang boten medal saking karsaning kang
maha kuwasa. Makaten wau ciptaning anak sudagar, mila kaduwungi-
pun punika andadosaken kautamen.
Salajengipun anak sudagar rabi angsal anak sudagar sanesipun,
patutan nenem kaliyan semahipun wau, ingkang jaler tiga estri
tiga sami wilujeng sadaya, wekasanipun anak sudagar lulus ing
kamuktenipun ngantos sepuh.
================
Manawi kamanah prayogi, tuwan ingkang ngarang serat jurumartani,
kula aturi amacak cariyos cekak punika, kinarya panutup kaca
bilih taksih longka.
Ingkang sinuhun Prabu ing Ruslan jajuluk Peter ingkang agung,
asring karsa salampah nyilib kalaning dalu, amurih semerep punapa
para abdisami seneng utawi suyud ing salebeting kraton dalem.
Samanten ingkang sinuwun miyarsa aweti, bilih wonten abdi dalem
satunggil kalih ingkang awon ing pikajenganipun badheha gajah
elar, anyulayani karsa dalem, dangu-dangu kapara kathah ingkang
ngempyangi, sami ngangkat pisumpah, yen badhe anerak praja, lan
sami sabyantu, dene anggenipun aguneman sadinten dintenipun
wonten ing sawijining gedhong ingkang sampun udanani deneing
tiyang agung Ruslan, atraping paguneman anglakungi saking rempit,
nanging sang prabu tanda rana ing galih, dhateng sinten ingkang
sami manjijg ing gedhong wau.
Sang prabu nunten animbali abdi dalem mayor satunggal ingkang
sampun kapitajeng, mayor wau lajeng kadhawahan dikakaken angrakit
prajaurit pinilih ing sawatawis sampun sampun asumadiya jam, 12,
dalu ing celakipun gedhong, kang kinarya guneman wau.
Sang prabu nunten miyos pribadi saking kadhaton karsa dalem kados
tedhak ameng-ameng, langkung ing ngajengan gedhong paguneman,
kang panggih pinuju menga korinipun katingala kathah para tuwan
ageng ageng, sai suka suka saha nginum inuman, sang sana tan
saronta inggalih, nunten manjing ing gedhong wau, para tuwan
ingkang awon pikajenganipun duk mulat dhateng sang natalajeng
cingak saha piyas guwayanipun, rehning sami agrayang, yen sang
nata sampun angudanei pakaryanipun ingkang awon, lan sami katem-
puh ing prabawa.
Sang prabu waskitheng tingal ananing rewa-rewa tan semerep, malah
ing ngandhika makaten: kaapenak temen sira iku padha kakumpulan
ing sawatara bisa anyelehake pangreksaning praja, rehning ingsun
durung bisa sare, mulane ingsun miyos lalampah, kabeneran sira
padha asuka suka, mulane sekung ing tyas karsa milu pinarakan.
Para tuwan sareng miyarsa pangandika dalem lajeng sami aben semu,
kamanah yen sang nata wau, estu dereng uninga, bilih badhe kapa-

sangan kala.
Sang nata kapara dangu anggenipun pinarak saha akarsa angunjuk
minuman lan sami sontitan, anddosaken sukaning para tuwan, sareng
sampun kapara dangu, sang prabu angantiyanti dhatng abdi dalem
mayor ingkang sampun winangsit kinen cumawis ing wanci jam 12
dalu, sang nata semu runtek nanging tan kawijil.
Nunten para tuwan sami angaben semu malih, kajengipun badhe
amerjaya, utawi anubruk dhateng ingkang sinuhun, dhudhusipun
makaten: Sampun mangsanipun dadherek ingkang dipun tembung lajeng
mangsuli mekaten: dereng adhi.
Tatembungan mataten wau, ngantos rambah-rambah, sang nata tan
samar ing galih, nanging sareng amulat yen abdi tan wonten dha-
teng, tan saronta ing galih, lajeng jumengna anyelaki ingkang
ngaliraken tatembungan wau, dhawahipunmakaten: yen sira durungt
mongsa ingsun kene wis mongsa. Lajeng kaasta, katempiling sirahi-
pun saingga klemper, sang nata anglangkungi ing bendonipun,
semunipun agegirisi, pantes yen jumeneng narendra gung, para
tuwan sareng aningali makaten kadya peking mulat galana, sami
ngathether saha gumeter anelithik tur para tuwan wau, kapara
kathah kancanipun ing salebeting gedhong wadi wau.
Kala samaten sang nata taksih mangku duka, kasaru dhatengipun
abdi dalem mayor sak kancanipun prajurit pinilih, wayahipun
angajengaken jam 12 dalu, kadi dening dhawah dalem, sang nata
sareng mulat dhateng abdi dalem mayor lajeng kacelakan saha dipun
asta sirahipun, mayor lajeng mundur anyaosaken kormat dhateng
narendra gung, sarwi amernahaken wangan dhateng pilingan cara
militer, lajeng angrogoh sak anggenipun rasukan jas, mendhet
arlojinipun konjuk ing sang prabu, aturipun anglangkungi saking
teteg saha cekak makaten: kula nuwun dhawah dalem jam 12. Sang
nata sareng amariksani erloji kraos lepat, lajeng mayor dipun
prapeki, kaaras larapanipun pratondha yen anyrinakaken babendhu
dalem lajeng prajurit pinilih kinejepan griya gedhog kinen nge-
pang boten wonten satunggaol ingkang mrojol para tiyang sami
kapatrapan paukuman kisas, ananging sang prabu anglangkungi
palamartanipun, para baton sumpah kaparingan apuran lepat saking
kungkum peja, wondene abdi dalem mayor lajeng kakula wisudha,
saha pinaringan bintang tatenger ing kakendhelan saha temen.
Ngayogyakarta kaping 23 Agutus 1867.
==================
Sisinom bubukanira, sang aprabu Majapahit, kang jumeneng kaping
lima, aran Lembu Amisani, putra kang sepuh nami, iya rahaden
Bratanjung, jumeneng Majalengka, ingkang kaping nem narpati, kang
sedherek nami kiageng Kewala.
Ing Pengging sampun peputra, nama raden adipati,, Majapahit kang
wuri, kang jumeneng kaping pitu, Raden Alin kang nama, Dipati
Pengging ing mangkin, silih aran Pangeran Andayaningrat.
Kang garwa nami ratu mas, punika sampun sesiwi, kakalih kakung
sadaya, kang sepuh sesilih neki, kKebo Kanigaraning, kang rayi
jujulukipun, Raden Kebo Kenonga, sabedhahe Maospait, ingkang
sepuh Martapeng Ardi Mrapinya.
Sedeng aneng ing partapan, atilar putra kakalih kakalih jalu
sadaya, kang sepuh dyan Waneng Nami, kang nem radyan Nuryadi,
sami suwiteng sang prabu, ing Demak kang kapisan, wus samiji
nunjung linggih, Raden Waneng dadya bupatya ing Pajang.
Ran tumenggung Jawal kang rayi Randyan Nuryadi, dadya tumenggung
Tangkilan, Ranjeng Pangeran Nuryadi, kuneng masuli sangking,
putra Dayaningrat wau, kang nem jajulukira, Kebo Kenonga Mertapi,
aneng Pengging tan ngraosi kabupatyan.
Sasedaning Sultan Demak, ing Demak ingkang gumanti, putra sepuh
kang panengran, pangran Sabrangler wus nremi, putri ing panaragi,
bethara Katong kang sunu, bethara katong prenah, putra Majapait
kaping, pitu ingkang wiyosan dyah putri Cempa.
Cariyos punika badhe kalajengaken.
katandhan Mangun Jarwa.
====================
Benjing ing dinten Kemis tanggal kaping 29 wulan Agustus punika,
badhe wonten lelang ing griya losmen Surakarta, menggah ingkang
badhe kasade barang dandosan griya warni-warni.
Benjing ing dinten Jumungah tanggal kaping 30 wulan Agustus
punika, badhe wonten lelang ing giyanipun swargi Nyonyah Oi
cuntik ing Pecinan Surakarta, dene ingkang badhe kalelang barang
toko warni-warni.
==========================
26, 5 September 1867

Pawartos warni-warni
Pemut kala ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana kaping IX
ing Surakarta, karsa amikramakaken rayi dalem putri kakalih.
1. Raden Ajeng Sapariyem, dhaup kaliyan Rahaden Mas Panji Anrang-
kusuma, putranipun Pambajeng Pangeran Ariya Sontakusuma.
2. Raden Ajeng Sapariyem, dhaup kaliyan Kanjeng Pangeran Ariya
Cakradiningrat, putranipun Kanjeng Pangeran {anji Suryaningtat,
dados panganten kakalih punika kaleres sami angsal sadherek anak,
nikahipun kala ing dinten Jumungah kaliwon, ing wanci pukul
sawelas, tanggal kaping 30 wulan Agutus ing taun 1867, utawi
tanggal kaping 29 wulan Rabingulakir ing taun Ehe angkaning
warsa 1796 wuku tolu, windu sancaya.
Sareng sontenipun panganten sakaliyan medal saking lebet karaton
dhateng kapatiyan, ing malem Saptu ugi, wanci pukul pitu, dhaupi-
pun wonten ing kapatiyan boten kikirangan punapa-punapa, sami
lulus raharja ing sadayanipun.
=============================
Serat saking Surakarta katitimangsan kaping 15 wulan Agustus
ingkang sampun kapengker, anyariyosaken kados ing ngandhap puni-
ka:
Kawanuhan kula ingkang gagriya ing Klathen asuka kabar dhateng
kula, manawi raden Tumenggung Suradirja, bupati pulisi ing Sura-
karta. Ingkang kautus dhateng Jaganalan, Kinen angupadosi para
kecu ingkang sami angampak babekelipun tuwan Israel, punika saged
anyepengi kecu wau ing sawatawis, para tiyang mugi samiya suka
kurmat dhateng Raden Tumenggung Suradirja, bab anggenipun sampun
anglampai titipariksa boten mawi angetang sayah, saha bab angge-
nipun adamel pranata ingkang sakalangkung prayogi sagedipun
kacepeng kecu ing sawatawis wau.
Ingkang punika manawi para wadana pulisi sanesipun anggenipun
anindakaken ing panuyepenging titiyang awon sami rikatipun,
bokmanawi ing Surakarta badhe saged angicalaken para kecu.
Menggah regining barang ingkang sami kapendhet ing kecu kamurwat
5000 rupiyah, dene ingkang sami kataton sanget dening kecu ing
nalika samanten wonten tiyang tiga.
================
Ing nagari Bagelen kala tanggal kaping 2 kaliyan kaping 10 wulan
AGustus ingkang sampun kapengker, titiyang sami karaos ebah ing
siti awit saking lindhu, ananging boten sanget, ebah ing siti wau
saking lermangidul.
=================
Ing Sumedhang bawah paresidhenan Priyangan kala tanggal kaping 9
wulan Agustus ingkang sampun kapengker, wanci sonten titiyang
sami karaos ebahing siti kaping kalih awit saking lindhu, dan-
gunipun watawis samenut, sarta penering ebahipun saking kidul
mangaler.
==================
Ing Tegal kala tanggal kaping 9 wulan Agustus ingkang sampun
kapengker, titiyang sami karaos ebahing siti awit saking lindhu,
ananging boten sanget, menggah penering ebahipun wau saking kidul
mangaler mangetan.
================
Dhansah angubengi pakuburan

Saking pawartosipun tiyang inggris anama Kenil saderengipun pejah


adameol serat wasiyat, ungelipun manawi tuwan Kenil pejah, saben
gangsal taun sapisan kaleres ing dintenipun pejah kuburanipun
kaubengana kalayan dhansah tiyang estri neneman, kathahipun 50
iji, titiyang estri wau samiya mangangge sarwa pethak, saha
angangge oncen-oncen sekar uranye, dene tuwan Kenil andekek arta
ing bank kathahipun 6000 rupiyah, sumerep kadamel wragad epahani-
pun titiyang estri 50 ingkang badhe sami dhansah saben gangsal
taun sapisan, menggah anggenipun dhansah para tiyang estri seket
wau dereng lami saweg kalampahan sapisan, ng mangke pitakening
tiyang, punapa nyawanipun tuwan Kenil saged bingah aningali
tiyang estri neneman seket sami dhansah angubengi kuburan
wau,punika saking panduginipun boten wonten tiyang ingkang saged
anerangaken.
=======================
Wong golek-golek katanggor wong luru-luru.
Menggah ingkang sampun dados kalimrahan kathah tiyang Cina ing-
kang lampah sasadeyan, asring sami anyuda timbangan utawi elona-
nipun samukawis ingkang kawade, malah tarkadhang purun ambalithuk
dhateng titiyang ingkang katawis boten gadhah saserepan dhateng
regining barang-barang, regi punika asring kaindhakaken ingkang
sakalangkung boten murwat, kados lalampahanipun sudagar Cina
satunggil ingkang niyat ambalithuk tiyang dhusun badhe tumbas
mori, pratelanipun kados ing ngandhap punika:
Sampun antawis lami wonten bekel dhusun dhateng pacinan ing
padhusunan, ambekta rencang sadasa ingkang sami katingal angrem-
bat arta pecah kampilan, tiyang satunggil angrembat kawan kam-
pil, sakampilipun isi salangkung rupiyah tembagi, dados tiyang
sadasa kawatawis ambekta arta sewu rupiyah tembagi.
Ing nalika punika bekel dhusun wau apitaken dhateng sudagar Cina
bab regining mori kaci ingkang sedheng, badhe kabathik ecap-
ecapan, bekel dhusun amratelakaken dhateng sudagar Cina, manawi
padamelanipun agramen sanjang bathik cap-capan dhateng Kedhu
tuwin Bagelen, saha angecapaken sinjang piyambak wonten ing
griya, ngantos kathah anggenipun angecap, manawi ngecapipun
sinjang sampun sami kababatr angsal kalih kapal, lajeng kabekta
dipun grami dhateng Kedhu tuwin Bagelen, menggah regining mori
ingkang dipun pitakekaken bekel dhusun wau ngadat amung sangang
rupiyah ngantos sadasa tengah rupiyah saemblogipun, kala saman-
ten sudagar Cina sareng aningali arta kathah sakalangkung bingah
ing manah, saha badhe ambalithuk dhateng tiyang dhusun ingkang
ngatingalaken kiranging saserepanipun dhateng regining mori,
sudagar Cina anginten manawi bekel dhusun ppunika asring purun
tumbas awis, mila sudagar wau lajeng amangsuli dhateng bekel
dhusun makaten: saiki mori larang, kulakane bae ing Samarang
nglimalas rupiyah saembloge, dene pangedol ku ing kene mitulas
rupiyah saemblog, sarehne kowe arep tuku akeh, aku telem aweh
pasudaning rega satengah rupiyah ing dalem saembloge, dadi pite-
las tengah rupiyah saemblog, samono iku kowe aja nganti kondha-
kondha marang wong liya.
Bekel dhusun api-api ngatingalaken bingah ing manah, saha lajeng
atumbas 50 emblog gunggung regi, 875 rupiyah pethak, mori seket
emblog wau lajeng karembat dening tiyang sanga, kairingaken
dhateng bekel dhjusun, ananging saderengipun mangkat, bekel
dhusun awicanten dhateng rencangipun satunggil ingkang kantun

wonten griyanipun sudafar Cina, pitembungipun makaten: dhuwit


kampilan iku iku itungen, sarta bayarna marang babahe 875 rupiyah
putih, manawi dhuwite pecah kurang, iki kowe dak tinggali seket
ringgit, luwih amomg dhuwit tukokna sogalan tingi. Sareng bekel
dhusun sampun aparentah dhateng rencangipun makaten wau, lajeng
pamitan dhateng sudagar Cina badhe andumugekaken lampah, dene
rencangipun ing sanalika lajeng angetang arta pecah ingkang
sarembat, saha anedha pitulung dhateng sudagar Cina, supados
tumuta angetang, kalampahan ngantos dangu anggenipun sami ange-
tang arta sarembat utawi sakawan kampil, sareng arta sarembat
utawi kawan kampil wau kaetang kantun sakampil, tiyang dhusun
lajeng sanjang manawi badhe wawratan dhateng lepen, saha amasra-
haken arta kampilan sadsa rembat dhateng sudagar Cina, ingkang
kapurih anengga utawi anglajengaken ing pangetangipun, sudagar
Cina sagah saha adhangan angleksanani ingkang dados panbedhanipun
tiyang dhusun.
Sareng arta kawan kampil sampun kaetang, sudagar Cina lajeng
anguculi kampilan ingkang kalih rembatipun, sareng kampilan
punika kaesokaken, ingkang medal saking kampilan karikil alit-
alit, sudagar Cina sakalangkung kaget ing manah, saha lajeng
anguculi kampilan ingkang karembat sadaya, punika inggih sami
kaisenan karikil, sangsaya andadosaken kawuring manahipun sudagar
Cina, wekasanipun sudagar cina amung atampi arta satus rupiyah
tembagi, sumerep regining mori seket emblog ingkang kawade dha-
teng bekel dhusun, niyatipun sudagar Cina badhe ambalithuk tiyang
dhusun ingkang kawatawis bodho, ananging tiyang dhusun punika
langkung saged saking sudagar Cina ingkang badhe ambalithuk,
kadadosanipun sudagar Cina anetah dhateng badanipun piyambak
dene kawont akal kaliyan tiyang dhusun, ing wasana awit saking
muring-muringipun sudagar Cina lumajeng dhateng lepen, angupadosi
dhateng tiyang dhusun ingkang sanjang badhe wawratan, ananging
ingkang amanggihi wonten ing lepen amung toya pasir lumur padhas
sapanunggilanipun, dene tiyang dhusun ingkang kaupadosan kala
samanten sampun aleyeh-leyeh wonten ing ngamben griyanipun piyam-
bak, mila ing mangke lalampahanipun sudagar Cina anggenipun badhe
ambalithuk tiyang, kenging kadamel paribasan makaten: wong golek
golek katanggor wong luru-luru.
=================
Punika candhaking cariyosipun sang prabu Majapahit.
Aran Dewi Darawatya, tetiga paningka siwi, kawrad estri akrama,
Pangran Dayaningrat Pengging, panengah sinung linggih, Bupati
Panarageku, bethara katong nama, wuragile ingkang nami, Lembu
Peteng wus tinanem neng Madura.
Kuneng wau Sultan Demak, kang jumeneng kaping kalih, tan lami
anulya seda, sedhereke sri bupati, gangsal pan ingkang nami,
Raden Mas Trenggana, kang jinenengken nata, ing Demak kang kaping
katri, ingkang rayi pangran Sedengkali nama.
Lan Pangeran Kandhuruwan, kang rayi estri nami, Ratu Mas Krami
Pangeran, sareng boni kang wuragil, den mas timuraneki, Sultan
Demak langkung bendu, mring Ki Kebo Kenonga, kang marta pamati
ragi, aneng Pengging wus Cinidra sinedanan.
Sunan Kudus ingkang nyidra, ing ngutus dera narpati, sedane Kebo
Kenonga, sinarekaken ing Pengging, tilar putra sawiji, kakung
wernaireng punjul, den mas Karebet nama, apeparab Jakatingkir,
duk alite neng Tingkir tumut kang uwa.

Pan Kyai Tingkir punika, sedhereke tunggil wirit, mring Kyai Kebo
Kenonga, sami guguru kang ngelmi, mring Siti Jenar nguni, Jaka
Tingkir apan sampun, suwita sri narendra, Prabu Demak kang kapiu-
tri, wus katrima sinung linggih adipatya.
Ing Pajang ingkang Palenggah, lan tinriman sutengngaji, Prabu
Demak lan Ratu mas, den mas timur tumut maring, Jakatingkir neng
nagri, Pajang gung winuruk -wuruk, ing reh budi utama, Jaka
Tingkir Silih nami, aran pangtran Dipati Andayaningrat.
Sasedane Sultan Demak, putra-putrane narpati, tumenga mring
sultan Pajang, ajrih ngraosi nagari, Demak wus dene degi, Sunan
Prawata kang juluk, mantu Demak kang tuwa, keraton ingkang nampa-
ni, Prabu Dayaningrat ing Pajang kang lenggah.
Ajejuluk Sultan Pajang, Raden Mas Timur ing mangkin, ing ngangkat
sinungan lenggah, aneng Madiyun nagari, Prabu Patjang ing mang-
kin, peputra kakung kang sepuh, aran pangran Banawa, sampun aran
adipati, sasedane kang rama tetep nang Pajang.
Keraton apan rinebat, mring Sunan Prawata mangkin, jumeneng
Sultan ing Demak, de prenah mantu narpati, Prabu Demak kang
ngiring, Sunan Prawatya punika, jumeneng susuhunan, kaping nem
nuli ginitik, marang kyageng senapati ing Mentaram.
Kait lan aditya, pangeran Banawa nami, pangeran Andayaningrat,
teluk nulya adipati, Benawa den estreni, jumeneng ratu amengku,
kedhaton nagri pajang, tan lami jenenging reki, nulya seda ratu
Pajang ping karonya.
Karan ratu kaping sapta, ratu pamurweng agami, samana komplang
tan ana, kang aran sultan wit ajrih, kiyageng senapati, deiku
pinutra anung, dinoma mring kang rama, ing ngangkah putra sejati,
mring suwargi marma jeng sultan ping ronya.
Wus saengga tunggil wadhah, tunggil yayah tunggil wirit, Sultan
ping ro tilar putra, gangsal nenggih ingkang nami, ratu mas putra
estri kara nyai Dringo iku, dhukuh Jenggola desa, sida sinare
sang dewi, aneng dhukuh padhusunan ing sundhulan.
Punika boten paputra, kang rayi wasteng sang pekik, pangeran
Pringgadaninya, seda tilar putra siji, ran pangran Purbayeki,
aseda datan susunu, sinare rengel desa, kang rama dhedhekah
nguni, aneng karang kaliwastane kang desa.
Pandhadhane putra Pajang, pangran Pringgakusumeki, karan Kiyai
Masmaja, ing sundhulan kang dhusun, ingkang rayi pangeran, Dhand-
hangwecana kang nami, karan kae kunci dhukuh neng padhangan.
Kang waruju kangjeng pangran, Dhandhangkusuma kang nami, ing
desa Kuwudekahnya, karan pesuneng desi, seda sinare nuli, mung-
ging ing candhakukuwu, sinendhak kang carita, kyai Pesu wus
sisiwi, aran Kyai Condrayuda gya puputra.
Sira wau Candrayuda, putra Reksayuda nuli, Reksayuda apuputra,
Dirayuda ingkang nami, Dirayuda sisiwi, Kyai Suradira lungguh,
Kliwon Taban Parunggahan, tetiga dulure estri, tunggal yayah bibi
pan katiga pisan.
Kang satunggal klama angsal, Tumenggung Mentaun nagri, kang seda
prang bedhalennya,kang rayi akrami malih, dyan Candrakusumeki,
Madura gya pindhah sampun, Ketuban silih aran, yaraha den bima
cili, wuragile akrama ing Surabaya.
Aran Raden Jayagada, Kyai Suradira krami, tedhake sunan Parwata,
punika catur kang siwi, kang sepuh kyaigeng nami, Puruwita
ngredegiku, nulya dipati Demak, kang binedhah senapati, arinira
neng Banten aran Pangran.

Pangran Jurubatenika, wuragile ingkang nami, dhadhap talis rad-


yanarya, kamanta kuyageng Mantawis. Kyageng Greden akrami, keka-
lih garwa kang sepuh, putrane Pecatondha, ing terung sanga di-
pati, amedali nenem kang sepah kaaran.
Sumadirja Sumawana, dyan Jayaningrat ing nagri, Pekalongan kang
pandhadha, dyan malangsumirang desi, mentasah kang rayi estri,
karan wau Radyan ayu, Dhahdap talis Mantaram, gangsal raden ayu
nami, Condrakusuma Kudus warujunira.
Krami lan Suradira, Kliwon nagari ing Tubin, padhusunan Parungga-
han, peputra jaler kakalih, kang sepuh kang nami, Arya Surana-
gareku, kang rayi aranira, Suranagara Ngabei, Kyai Suranagara
dadya pepatya.
Aneng nagari ing Tuban, pepitu putranereki, jaler estri pan
sedaya, putra kang sepuh palinggih, mantri anom anami, Mas Sura-
kusuma itu, sawelas putranira, putra nomer pitu estri, krami
angsal kyan Tumenggung nagri Jipang.
Ran Kyai Purwanagara, songa putranipun sami, mangsuli kyai Masma-
ja, putra kyageng Maja nami, puputra ingkang nami kyageng Mayasu-
ta iku, sesuta ingkang ngaran, kyageng Mayasuta iku, sesuta
ingkang ngaran kyai Ageng mayakerti, putranira estri apan sampun
krama.
Lawan anak sanak kepatya, Danurjanagri Mantawis, aran dyan Tu-
menggung Arya, Cakranagara bupati, Tubin sampun sasiwi, wolu
istri lawan kakung, putra ingkang ngasepah, ganti adadi bupati,
aneng Tuban karan Ki TUmenggung Arya.
REksanegara ing Tuban, punika akrami putri, pputrane Radyan
Dipatya bupatya, Citradiwirya pan tasih, prenah arinereki, marang
rahadyan tumenggung, Purbakusuma kutha, lenggah tumenggung ing
Pathi, putranipun Ki Arya Reksanagara.
Kakung putri pan pitulas, putra nomer nem adadi, gumanti Bupati
Tuban, ran Raden tumenggung nenggih, Purwanegara Tubin, kuneng
sedherek kyai Ketung, ing Tuban kang wanudya, kang nomer nem
ingkang nami, Nyai Ageng Tlu: wes sampun puputra.
Kakalih kang ngasepah, Mas Jayasembada nami, kang wruju estri
panengran, mas ajeng Tohjaya mangkin, putra sepuh sasiwi, arab
rahaden adipati, garwanipun kakalih, den ayu Pathi susunu, estri
ingkang ngasepah, krami ing Demak bupati, aran raden ayu jeng
pangeran arya.
Condranagara ing Demak, kang rayi deyan arya nami, lenggah nagriu
Garobogan, Onder regen pangkatneki, putra Demak ing mangkin, kang
sepuh bupati Kudus, Krama putri ing Sala, Mangkunagaran kang
rayi, lenggah dadya tumenggung aneng ing Demak.
Pandhadha dadya wadana, aneng jana nagri Pathi, dhuh muga-muga
tulusa, manggiya ayu basuki, aywana kawis-kawis, wajib karya
kojah galur, supaya wruh carita, putra wekasing ngaurip, lamun
lepat lan cagan sun wuwuhana.
Katandhan Mangunjarwa.
=====================
Pakurmatan makaten kenging kadunungaken dhateng ingkang kuwajinan
andarbeni.
Kula sampun maos serat Jurumartani, ingkang mratelakaken, nalika
para pasakitan ing pakunjaran negari Ngayogyakarta, kala tanggal
kaping 13 Juli sami anggadhahi pikajengan awon, ananging kula
kedah amewahi utawi anetangkaen punapa ingkang teksih peteng
saking bab ing pawerti wau, ing ngandhap punika pratelanipun.
Kala tanggal kaping 13 Juli wanci satengah 5 enjing, pinuju
anyingkiraken rereged saking pakunjaran ing Ngayogya, dhateng
lepen Winonga, pasakitan ingkang wonten ing kamar 13, 18 lan 19
sami gembor-gembor manawi wonten lindhu, saha korinipunlajeng
kabikak mawi kapeksa, saweneh kadedel, nunten sasakitan cacahipun
67 ingkang sampun sami karampungan ing landrad kriminil, lajeng
sami anjeblos saking kamar, sareng sampun sami wonten jawining
kamar, lajeng sami anyepeng bongkotan pring sapanunggilanipun
kinarya dedamel, nunten angamuk saha anggebagi ingkang sami
angreksa kunjara.
Nalika samanten lurah ing pakunjaran anama Tuwan Pranesdhepir,
pinuju taksih tilem kaget mirengaken gora sabda, nanging sampun
wakitheng tyas, yen wonten pakewed ageng, nunten rikat medal
saking panggenaning patileman sarwi angliga pedhang sabet, ing
batos sampun boten nyipta yen badhe rahajeng, nunten Tuwan
Dhepir wau anerajang dhateng panggenaning para pasakitan ingkang
sumedya awon, sarwi ngager-ager dedamel saha dipun sumbari
aciyaciya, wuwusipun makaten: yen kowe sumedya ngamuk aku ya milu
nadhahi ngamuk yen dhasar kowe padha wis bosen urip, tuwan
Dhepir wau lajeng kinen angiseni sanjata dhateng para prajurit
Pakualaman ingkang sami angreksa pakunjaran, kadadosanipun boten
wonten satunggal sakitan ingkang purun majeng, nunten sanalika
sami ngathether, ajrih amiris samya lumebet malih dhateng pang-
genanipun sowang sowang. naming satunggal ingkang miruda.
Babeka ingkang ingkang kados makaten wau, ibayen boten tinulun-
gan awit saking kawanteranipun abdi dalem ingkang kapitayeng
dados lurah angreksa kagungan dalem pakunjaraningkang nama tuwan
Pranesdhepir, sabab agadhahi mangunah ing sanalika, saha saged
ambatalaken pikajengan juti tan mawi ngutahaken ludira.
Mila kenging kadunungan kurmat, rehning kuwajiban andarbeni.
Ngayogya kaping 19 Agustus 1867
Katandhan C.F.P.
========================
Para tiyang ingkang taksih gadhah sambutan dhateng kantor lelang
ing Surakarta kala ing wulan Mei 1867, ing mangke sami kaemutak-
en, mugi ambayara sambutanipun wau saderengipun utawi satelasing
wulan September punika, manawi boten angleksanani ing pambayari-
pun para tiyang wau badhe katagih medal saking pangadilan.
Surakarta kaping 2 September 1867
Ingkang nguwasani Kantor Lelang
Katandhan Tuwan Bosower.
============================
37, 12 September 1867

Pawartos warni-warni
Kala tanggal kping 16 wulan Agustus ingkang sampun kapengker ing
Pakualaman wonten griya kabesmi ngantos telas 12 iji, sarta
pitunanipun saking kabesmen wau kamurwat 5938 rupiyah.
Kanjeng Tuwan Residhen Ngayogyakarta kala kabesmenipun griya-
griya ing Pakualaman wau inggih panuju wonten ing ngriku, saha
sampun angaturi uninga dhateng parentah ageng ing Bagati, punapa
malih anyuwun dhateng parentah ageng mugi amaringana pitulungan
dhateng para tiyang ingkang griyanipun sami kabesmi sadaya, sarta
kecalan bondha ing salebetipun kabesmen ngantos telas sadaya wau,
wekasanipun kanjeng Gupremen amaringi pitulung awarni arta kat-
hahipun, 2500 rupiyah, ingkang kadhawahaken supados kaeduma
waradin dhateng para tiyang ingkang sami anandhang kasangsaran
awit saking kabesmi griyanipun saha telasing bondha.
============================
Priyantun ingkang nama Nata Puspadimeja asuka uninga, manawi ing
Bojanagara badhe angrampog sima, sarta angundang para tiyang
ingkang sami remen aningali badhe pangrampoking sima wau.
Menggah ingkang sampun kapanggih ing manah bab rame-rame ingkang
kados makaten punika, prayoginipun rampunga piyambak sampun
ngantos katingalan.
Sima ingkang badhe karampig wau saking pandugi sampun boten
gadhah karingasan, awit kawatawisa derengipun karampog sampun
lesah meh kados satengah pejah, sareng kawedalaken saking Grobog,
punapa malih boten andadosaken ningahing para lurah dhusun,
manawi sami kadhawahan angrampog sima, wah asring wonten kasang-
saran ing saben saben angrampog sima wau.
=====================
Mas Ngabei Surawerjaya Onder Kolektur ing Japara dereng lami
kaparingan pensiyun awit saking panyuwunipun piyambak, menggah
kathah kedhiking pensiyun saking dugi-dugi kemawon wonten saking
50 rupiyah ing dalem sawulan.
Menggah ngumuripun Mas Ngabei Surawejaya wau sampun 92 taun, para
tiyang kedah sami suka kurmat dhateng priyantun ingkang ngantos
sepuh makaten anggenipun angabdi dhateng kanjeng gupremen saha
temen-temen anglampahaken padamelanipun dados onder kolektur, ing
mangke para tiyang sami gadhaha pamuji, mugi-mugi mas Ngabei
Surawerjaya wau ing salajengipun apikantuka kasenengan salamini-
pun taksih sugeng wonten ing ngalamdunya.
Wondening ingkang aggentosi mas Ngabei Surawerjaya, punika mas
Ngabei Prawirawerdaya, jaksa ing Japara, saha kaprenah mantunipun
piyambak.
==========================
Palamartaning narendra.
Sang Prabu Estri Enggalan jajuluk Piktoriyah, kala taksih kenya,
adalem ing kadhaton Bikingham (mungkin Bokingham), boten pisan
anggalih yen ing tembe nadje jumeneng narendra, asru dipun lulu-
ti, dening karerehanipun.
Ing sawijining dinten Princes Piktoriyah wau anembung dhateng
tiyang estri dhusun badhe amundhut gadhahanipun kuldi estri,
ingkang kangge perlu puhanipn, kuldi wau inggih lajeng kaaturak-
en, naming tiyang estri dhusun wau munjuk ing sang putri, ing sak
mmongsa mangsanipun kalilanana tutuwi dhateng kuldi wau, sabab

punika karengkuh mitranipun temen-temen, kancan ing ngrum inggih


lajeng anglilani.
Sareng Prines Piktoriyah yuswa 17 warsa jumeneng narendra gung
ing Englan, anglangkungi andadosaken oreking praja, saking geng
anggenipun bogadrawina, kathah para taruna ingkang nempuh byat
sareng mulat dhateng narendradi.
Samanten wonten durjana ingkang purun badhe anyidra dhateng
sridewi, semunipun wonten ingkang ngutus, nanging kaselak kaunin-
gan mila lajeng kabesta konjuk ing sang prabu kenya, rehning
nembe jumeneng nata, mila sangget kewraning galih.
Wasana sang prabu sareng wonten ing kadhaton amulat dhateng
tiyang estri ingkang kapiji wau. Karsaaaa dalem andangu makaten:
kapriye biyung pikirira, mungguh prakarane wong kang wani maring
sun iku prayogane apa manira atrapi paukuman apa ora. Wangsulani-
pun tiyang estri makaten: O gusti kawula Sinuhun, kajawi saking
karsa dalem saha sampun pisan andadosaken daduka dalem sampeyan
dalem punapa anglairaken pandangu lir leleresan punapa lir naren-
dra gung, wangsulan dalem.
Ya lir ratu ppangandikaningsun: lajeng tiyang estri sumungkem
aturipun, manawi makaten gusti, atur kawula prayogi kaparingana
apura saha kaluwarana, sang prabu dewi lajeng suka ing galih,
sanallika andikakaken ngluwari durjana, sabab kagalih yen naren-
dra makaten ing sawatawis kawajiban jumeneng ing sak inggiling
angger.
Ngayogyakarta ping 10 September 1867
Katandhan C.F.P.
====================
Serat sayogi katur tuwan CFW, Winter, guru ing pamulangan jawi,
ingkang ngarang serat jurumartani, panuwun kula serat punika mugi
kapacak ing jurumartani, ing dinten Kemis ngajeng punika.
Pakurmatan konduripun panganten: Kanjeng Pangeran Ariya Cakradad-
iningrat, led kawandinten saking sapeken: saking padaleman Sonta-
kusuman, kondur dhateng dalemipun piyambak, ing malem Akad kaping
8 Jumadilawal taun Ehe ongka 1796.
Ingkang dados pangajenging pakurmatan ingkang minongka Senapati
ing lampah: Kanjeng Pangeran Ariya Kusumabrata, Kanjeng Pangeran
Ariya Suryadipura, nitih kareta Piktoriyah pangirit kapal 4
rinengga ing busana adi, wingkinging kareta jajaran abdi iket-
iketan, ambekta ampilan kiwa tengen margi, ing tengah jajaran
musikan, lajeng para bandara panji nitih titiyan kathahiun 15
sami mangadgem sami, utawi ing jaja rinengga ing pita oranye
sasekaran, bab dara panji sadaya wau nak sanakipun panganten,
lajeng titiyan kareta panganten, rinengga ing busana adi pangirit
kapal 4 reta wau dhapur kusbak kalih cet jene, sakiwatengen
kareta jajaran waos balongsong pethakan kathahipun, 12, dados 6
sisih, ingkang bekta abdidalem ngangge kulukan rasukan pethahkan
kampuhan, lajeng sawingkngipun kareta ampilan upacara panganten
kakung, lajeng upacara panganten putri numpak kareta, lajeng
kareta ingkang sami dherekaken, awit pungkas jajaran ngajeng
dumugi pungkas wingking, urut pinggir rinengga ing ngobor deda-
melan Cina kathahipun 50 dados 25 sisih, ingkang bekta abdi bekel
dhusun mangangge iket wulung rasukan sangklat abrit, bebet tuwuh
watu, sakelangkung semuwa katingalan, anggen kula nngali awit
alun alun kidul ngantos dumugi dalemipun panganten, saking
kathahipun ingkang sami ningali uyel-uyelan, kula meh kajegur

lepen jenes, kang mongka kula bekta anak: kula emban, saking
adreng kula badhe ningali, saking umumipun ing kathah, kawonten-
anipun pakurmatan samanten wau saking pirukun piyambak. Para
kanjeng pangeran wayah dalem ingkang Sinuhun kanjeng Susuhunan
Pakubuwana ingkang kaping V(5) punika ngatingalaken kanugrahani-
pun ing luluhur sadaya. Katandhan Darmawaskitha.
==============
Cariyos prasapanipun ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung Prabu
anyakrakusuma ing Matawis, kados ing ngandhap punika.
Kala ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung karsa anyarirani prang
piyambak anglurug dhateng Pasiwalan, amethukaken mengsah saking
Brangwetan, ing nalika campuh ing prang titiyan dalem lapal
bendana, kalampahan ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung ngantos
hawah saking tityan, sasampunipun salin titiyan kapal sanes
lajeng madeg kasudiranipun ing wekasan mengsahipun sami kawon,
Adipati ing Japan seda kasambuting ngayuda, sareng sabibaring
prang ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung Andhawahaken prasapa
makaten pangandika dalem, turuning sun ing wuri-wuri manawa prang
aja ana kang anunggang jaran duwe bendana, bokmanawa angliling
semi.
Sareng ing ngalami lami kacariyos malih ingkang Sinuhun kanjeng
Sultan Agung karsa anyarirani prang piyambak anglurug dhateng
Wirasaba, kala campuh ing prang ageng dalem waos ingkang land-
heyan kajeng wregu, punika landheyanipun putung samadyaning raga,
mila ing sabibaring prang Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung
andhawahaken prapa makaten pangandika dalem, turuning sun ing
wuri-wuri aja ana kang anganggo tumbak landheyan kayu wregu,
bokmanawa putung satengahing payudan mundhuk angliling semi.
Boten antawis lami kacariyos malih ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan
Agung anglampahaken utusan kinen anglurug dhatng Balambangan,
amargi ADipati Tawangalun akaliyan Adipati Wiranagara ing Balam-
bangan sami balila boten purun sohan dhateng Matawis, punika
ngantos sataun boten wonten ing kawekasanipun, malah misuwuring
pawartos Adipati ing Balambangan boten amedali prang agung kasu-
kan riringgitan totopengan kemawon, ing saben dinten tiyang
matawis tansah prang kaliyan mengsah susulapan, sareng ingkang
Sinuhun Kanjeng Sultan Agung mireng pawartos makaten wau, lajeng
karsa tedhak anyalamur dhateng Balambangan, boten mawi ambekta
wadya punggawa amung kaliyan abdi lelembat juru taman kemawon,
karsa dalem amaung badhe aningali pratingkahipun adipati ing
Balambangan, anggenipun anggung kasukan riringgitan totopengan
punika, dumuginipun ing Balambangan, ingkang Sinuhun kanjeng
Sultan Agung kenging paeskan gerah tingal ngantos kabuwanan,
kausapan koncering dhesdhar malah sangsaya sanget, amargi agem
dalem dhesthar mentas kalisahan lisah dilem, rahayunipun ing
nalika punika kawonten parmnaning Allah ta'ala, Pangeran Kabo
ing Tembayat angsal wangsit kinendhateng Balambangan, atutulung
kasangkalanipun ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung, kalampahan
dipun pitulungi dhateng pangeran Kabo ing ?Tembayat gerah dalem
tingal sampun waluya lajeng kondur dhateng Matawis, ing ngriku
ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung andhawahaken prasapa makaten
pangandika dalem, turuning sun ing wuri-wuri aja ana kang angang-
go lenga dilem.
Ing ngalami-lami kacariyos malih ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan
Agung karsa anganggit wewahipun laguning sekar kawi, kawulangaken

dhateng para putra santana sadaya, saking remenipun dhateng sekar


kawi ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung ngantos andhawahaken
pangandika makaten, turuning sun ing wuri-wuri yen ora bisa
tembang kawi, sayekti ing sun jabakake darah ingsun.
============================
Ing ngandhap punika pratelanipun ingkang badhe kacariyosaken
sadayaa, awit panjenenganipun Prabu Brawijaya ing Majapait ing-
kang wekasan, punika apuputra satus sawelas, ing wingking badhe
wonten cariyosipun satunggal tunggal, sapunika saweg agancaraken
uruting putra ing Majapait kemawon.
1. Kang ibu garwa mangrembe putri danawa, raden Jakadilah, anama
ARya Damar, dados adipati ing Palembang.
2. Kang ibu garwa pangrembe saking Bagelen, Raden Jaka Mekik,
anama Arya Jaran Panolih, dados adiopati ing Sumenep.
3. Kang ibu putri ing Cempa, Retnapambayun, nama ratu ayu Andaya-
ningrat ing Pengging.
4. Kang ibu garwa pangrembe, angsal adipati ing Gegelang,kang
anama Arya Sumangsang.
5. Kang ibu putri ing Cempa, Raden Jaka Peteng, anama Prabu Anom
Adiwijaya, lajeng nama Prabu Lembu Peteng, dados adipati ing
Madura.
6. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jakamaya, anama Prabu Dewa
Ketut, dados adipati ing Bali.
7. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Prabangkara, pinaringaken
dhateng ki sungging mudha, lajeng kabucal dhateng nagari Cina.
8. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Krewet, anama Arya Samas,
dados Adipati ing Burneyo.
9. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Kreteg, anama Arya Arung-
naba, dados adipati ing Makasar.
10. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jakabala, anama Arya Sureng-
gana, ingkang sinedan wonten ing ngalun-alun Majapait.
11. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Sujalma, anama Arya
Suralegawa, dados adipati ing Balambangan.
12. Kang ibu garwa pangrembe, Retna BIntaro, angsal tumenggung
Singabarong.
13. Kang ibu putri ing Cina, Raden Praba, paparab Raden Patah,
dados adipati bintara ing Demak, anama Senapati Jimbun lajeng
asisilih nama Panembahan Palembang, sareng jumeneng nata wonten
ing Demak, anama Kanjeng Sultan Sah Ngalam Akbar, Brawijaya
Sirulah Kalipaturasululah, Amiril Mukminin Tajudin Ngabdulkami-
dan.
14. Kang ibu putri ing Wandhan, Raden Jaka Bondhan Kajawan,
kaparingaken dhatng bubuyut ing Musahar, tanah pasisir ler
wetanig Pathi, sareng diwasa kaparingaken dhateng kyai Ageng
Tarub, lajeng dipun lih nama Raden Lembu Peteng ing Tarub.
15. Kang ibu garwa pangrembe, Retna Kadhaton, seda angendhat
wonten ing Pengging.
16. Kang ibu garwa pangrembe, Retna Kasmala, nama Ratu Mas Kumam-
bang, angsal adipati ing Japan, sasedaning laki, nunten pinak-
ramekaken angsal Ajar Windu Sana ing wukir Merbabu.
17. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jakamulya, pinaringaken
dhateng patih Gajahmada, lajeng dipun lih nama Raden Karoland-
heyan, dados bupati pangarsa, anama Tumenggung Gajahmada.
18. Kang ibu garwa pangrembe, Retna Marsandi, krama angsal ki
Juru Panirat, kang amara tapa wonten ing wukir Duk.

19. Kang ibu garwa pangrembe, Retna Marlangen, krama angsal


adiapti ing Lowanu.
20. Kang ibu garwa pangrembe, Retna Sataman, krama angsal tumeng-
gung Jaran Panolih, bupati ing Gowong.
21. Kang ibu garwa pangrembe, REtna Satapan, krama angsal Arya
Bangah ing Kedhu, sasedaning laki, lajeng angsal Raja Pandhita
ing GAresik.
22. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Piturun, paparab Raden
Arak Kali, dados adipati ing Pranaraga, anama Bathara Katong.
23. Kang ibu garwa pangrembe, Dewi REtnadi, angsal Kuda Panolih
putraning Arya Baribin.
24. Kang ibu putri ing Cempa, raden Gugur, anama Prabu Anom
Atmawijaya, sabedhaing Majapait dhateng kah sukuning ARdilawu,
katelah padhekahanipun kawastanan ing gugur.
25. Kang ibu garwa pangrembe, REtna Kanistren, krama angsal Seh
Sabil ingkang jinunjung nama Pangeran Arya Baribin.
26. Kang ibu garwa pangrembe, Retna Kaniraras, krama angsal Arya
Pekik ing Sokawati.
27. Kang ibu garwa pangrembe, Dewi Ambar< krama angsal Arya
Partaka
28. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Antar, anama Raden
Suwongsa kang seda wonten ing tanah Kedhu.
29. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Loba, anama raden Ari-
wongsa, sabedhahing Majapait dhadhekah wonten ing Pilang, lajeng
kasebut nama Kyai Ageng Pilang.
30. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Dhandhun, anama Raden
wongsapranasaa bedhaing Majapait anyakabat dhateng Kanjeng Susu-
hunan Kalijaga, ing ngali nama Seh Bluwa-bluwu, kang muksa wonten
ing Mantingan.
31. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Dhandhang, anama Raden
Nawang Soka, kang muksa wonten ing lepen Wuluh, tanah Ardi Gang-
sal.
32. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Bolot, anama Raden
Kidang soka kang muksa wonten ing Majalegi.
33. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Borok, anama Raden
Carangsoka, kang muksa wonten ing wukir Gedhong Suruwan.
34. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Balaro, anama Raden
Banjaransari, kang muksa wonten ing wukir Taruwongsa.
35. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Balerong, anama Raden
Malayasari, kang muksa wonten ing wukir Tanduk.
36. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Kurih, anama Raden
Panyangkringan, kang muksa wonten ing wukir Gendhong.
37. Kang ibu garwa pangrembe, Dewi Sampur, kang muksa wonten ing
wukir Candhini.
38. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Lawih, anama raden
Kandhuruan, kang muksa wonten ing wukir Githa.
39. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Jadhug, anama raden
Malang Sumirang, kang muksa wonten ing wukir Tiga.
40. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Balut, anama Raden
Megatsari,kang muksa wonten ing wukir Mangir.
Sajarah punika taksih wonten dumuginipun.
==================
Tuwan Jaspres enko asuka uninga dhateng para priyantun, manawi
ing tokonipun sapunika mentas tampi serat-serat waosan warni-
warni, pratelanipun kados ing ngandhap punika:
Serat Pananggalan kangge ing taun walandi 1867
Serat pananggalan kangge ing taun jawi, 1627 dumugi taun 1815
Serat Tapel Adam Kidung macapat
Kitab kur'an, tetedhakanipun ing tembung Arab kajawekaken
Serat Pasindhen kagungan dalem
Serat Lokapala
Serat lalampahanipun Raden Mas Arya Purwalelana
Serat Panji Jayeng tilam
Serat Wulangreh sekar macapat
Serat Manikmaya
Cariyos aneh kalih atus kawandasa sakawan
Cariyos aneh tigabelah
Panembraman
Serat Undhang-Undhang waradat pranataning nagara, tumrap sabawa-
hing kasunanan.
============
Benjing enjing badhe anyuled sekar latu dadamelanipun tuwan Ores,
sekaripun latu punika wonten ing pundi-pundi kemawon sampun dados
pangaleman, dene sekar latu ingkang badhe kasuled ing dinten
benjing-enjing punika kathah warninipun saha sakalangkung sae.
Ing Surakarta para titiyang dereng nate aningali sekar latu
ingkang kados makaten, mila pangajeng-ajengipun tuwan Ores,
supados sageda kathah ingkang sami badhe aningali, saha saged
pikantuk pituwasing sayah tuwin wragading pandamelipun sekar latu
wau.
Wonten sekar latu warninipun manawi kasuled lajeng katingal
gambaripun kanjeng maharaja tuwin kanjeng ratu ing Nederlan, wah
kanjeng pangeran Pan Uranye, punapa malih dadamel ing Nederlan,
katingalipun gambar wau kakepang ing latu sakalangkung sae urubi-
pun, saha gentos-gentosan tan warni, sawatawis ting ageng badhe
kaumbulaken, wonten ingkang katingal sekaripun latu kados patama-
nan sekar, umbul amedalaken sekar-sekkar, sawer mubeng, cekakipun
kathah kemawon sanes-sanes warninipun, kados ingkang kasebut ing
serat pratelanipun tuwan Ores ingkang sampun kaideraken, sdaya
sakalangkung sae saha ngeram-eramaken.
=======================
Tuwan Ores badhe anyuled sekar latu sakalangkung ageng tuwin sae,
benjing ing dinten Jumungah tanggal kaping 13 September wanci
sonten pukul wolu, wonten ing ngalun-alun.
Menggah reginipun palenggahan kados ing ngandhap punika:
Menggah palenggahan pangkat satunggil tiyang sepuh, 2 rupiyah, 50
sen.

Menggah palenggahan pangkat satunggil tiyang rare, 1 rupiyah,


Menggah palenggahan pangkat kalih tiyang satunggil 1 rupiyah
Menggah palenggahan pangkat satunggil tiyang Cina,50 sen
Menggah palenggahan pangkat satunggil tiyang Jawi 25 sen
Wondening sagedipun pikantuk kar, punika titiyang atumbasa ing
griyanipun tuwan jaspres enko, utawi titiyang saged atumbas
wonten gladhag ing dinten badhe panyuledipun sekar latu, para
priyantun kenging sami milih palenggahan ing wakat satunggil,
mawi bayaran malih 25 sen, palenggahan satunggil
Katandhan Ores.
=======================
Menggah lotipun loterei ing ?Samarang titiyang taksih saged

pikantuk atumbas ngantos dumugi tangal kaping 15 wulan September


punika, manawi sampun kalangkung boten saged pikantuk malih.
Katandhan P.W.P. Got.
=========================
Para tiyang ignkang taksih gadhah sambutan dhatng kantor lelang
iong Surakarta kala ing wulan Mei 1867, ing mangke sami emutaken,
mugi ambayara sambutanipun wau saderengipun utawi satelasipun
wulan September punika, manawi boten angleksanani ing pambayrai-
pun, para tiyang wau badhe katagih medal saking pangadilan.
Surakarta ping 2 September 1867
Ingkang nguwasani kantor lelang katandhan tuwan Bosower.
=========================
Loteri karet Amerikah, kaliyan kapalipun kalih rakit, ingkang
sarakit mawi pakeyanipun.
Kauntunganing loteri wau kapratelakaken ing ngandhap punika:
Kauntungan ingkang kapisan warni kareta wau sakapalipun sarakit
wah pakeyanipun.
Kauntungan ingkang kaping kalih warni kapal sarakit. Cacahing
lot 150 iji, ing dalem salotipun pengaos sadasa rupiyah, wonmdene
pamainipun mawi dhadhu titiga kabucal kaping tiga, sinteningkang
pikantuk ongka kathah piyambak badhe angsal kauntungan ingkang
kapisan dene ingkang angsal ongka sakedhik piyambak punika wajib
anggadhahi kauntungan kaping kalih. Ing sak derengipun loteri
punika kamain yatra pangaosing lot sampun kedah kabayat rumiyin.
Dinten sapaining loterei badhe katamtokaken ing tembe
Katandhan tuwan Jaspres enko.
===============
Ongka 38, 19 September 1867

sapanunggilanipun.
Kanjeng Tuwan Mister F.A. Lodhon ingkang wau dados Asisten Resid-
hen Pulisi ing Samarang, sha sampun kalilan pamit dhateng nagari
Walandi utawi dhateng tanah ing pundi-pundiya sajawinipun tanah
Indhiya Nederlan laminipun ing dalem nem wulan, amargi saking
sakit, ing mangke pamitipun wau kasuwak awit saking panuwunipun
piyambak, ing salajengipun kanjeng tuwan Asisten Residhen Lodhon
kaparingan wahel.
Tuwan F.Perek dhokter twedheklas, ing mangke kakulawisudha dados
dhokter irseteklas ing Surakarta. Tuwan F.Y. Pankappen dhokter
irsteklas ing Surakarta, ing mangke elih dados dhokter wonten ing
Pulo Bangkah.
Kanjeng Tuwan ND. Lamres Pantorenboreh, Residhen ing Surakarta,
ing mangke anuwun pamit kalilan ing dalem kalih taun dhateng
nagari Walandi, amargi saking sakit.
Kanjeng Tuwan Mister S.C.H. Nederbureh, Inspektur Panpinansi, ing
mangke kakula wisudha dados Residhen ing Cirebon.
Kanjeng Tuwan P.C.Winmalen ingkang wau dados Asisten Residhen ing
Banyuwangi, ing mangke kakula wisudha ddos Residhen ing Japara.
==============
Pawartos warni-warni
Menggah ingkang kasebut ing serat kakacinganipun Kanjeng Maharaja
Walandi ing Bab kaping sapisan, katitimangsan kaping 17 wulan
Juli ing taun 1867, Kanjeng Tuwan N.Tranranen Minister Pan KO-
loniyen ait saking panuwunipun Piyambak ing mangke kalilan kendel
kalayan urmat anggenipun dados MInister Pan Koloniyen, mawi
kaparingan panrima bab temen-temening anggenipun smpun anglampahi
pandamelanipun, dene ingkang kasebut ing serat kakacinganipun
kanjeng Maharaja ing bab kaping kalih, kawrat ing serat kakancin-
ganipun Kanjeng Maharaja wau, Kanjeng Tuwan Y.Y. ASselman Burge-
mister ing Til tanah Nederlan saha ingkang wau dados residhen ing
Ngayogyakarta, ing mangke kakula wisudha dados minister Panko-
loniyen, tumindakipun ing prakawis punika kala tanggal kaping 20
wulan Juli ing taun 1867.
Ingkang nguwasani baita-baita kapal asuka pratela bab sakathahing
baita kapal ingkang smpun anandhang kasangsaran tuwin kerem
wonten ing saganten, saha gunggunging para titiyangipun ingkang
sami pejah kabalabak, menggah pratelanipun kados ing ngandhap
punika.
Ing salabetipun taun 1866 baita-baita kapal ingkang sami kasang-
saran kathahipun 11711, baita kapal samanten wau ingkang ical
boten kantenan, 98 ingkang katilar dening titiyangipun, 341 iji
ingkang tumbakan, 1858, awit saking tumbakan wau ingkang karisa-
kan sakedhik wonten 492 ingkang kerem 198 baita, ingkang keli 530
ingkang kandhas 3381 baita kapal ingkang kandhas wau ingkang
kenging kapitulungan 1872 sanesipun sami kerem, ingkang kapendhet
ing bajag 36 ingkang karisakan saking pandamelipun titiyang
durjana baita 18 ingkang kabesmi 173 ingkang kapitunan awit
saking lepating panatanipun panggenan wawratan wonten baita 605,
iji ingkang bocor, 1197, ingkang kecalan rante tuwin jangkar, 743
ingkang karisakan awit saking kiranging pirantos utawi areng
sela, 294, ingkang kecalan layar tuwin pirantosipun tangsul baita
1048.

Saking pratelanipun baita kapal, 11711 wau ingkang ical babar


pisan, 2234, ingkang ical wawratanipun 1946, menggah para titi-
yanging baita-baita kapal ingkang sami pejah kathahipun 2644
wondening baita kapal samanten kathahipun wau ingkang sami ka-
sangsaran 10627 baita mawi layar, ingkang 1086 baita kapal asep,
awit saking punika andadosaken tondha bilih baita kapal asep
kirang kuwatosipun katimbang kaliyan baita kapal layar.
====================
Wonten tiyang asuka kabar kapacak ing serat pakabaran ingkang
kanamanan Bintang Timur,mawi tondha asta T.N.T.Pratelanipun kados
ing ngandhap punika.
Wonten kaji gagriya ing peken S, punika kesah atutumbas dhgateng
peken ing P. tebihipun watawis kawantengah pal saking griyanipun,
ing ngriku kaji atumbas setulup kalih iji tuwin piring ageng
kalih dhosin, sareng makaten kaji tumunten kesah angupados kuli,
badhe dipun ken ambekta tutumbasanipun wau, ananging kaji badhe
amilih kuli ingkang bodho, pamurihipun supados angsala mayar
iong bab betahanipun, kalampahan kaji anggenipun angupados kuli
ingkang bodho nbgantos amubeng ing peken, boten saged angsal,
wasana kaji kapanggih kaliyan kuli banten, punika katingal bodho
sanget, kaji apitaken dhateng kuli banten makaten: "apa kowe
gelem anggawa barang", kuli amangsuli : "inggih purun, ananging
badhe kabekta dhateng ing pundi, kaji wicanten: "marang pasar S,
apa kowe wis tau anggawa barang marang pasar S," wangsulanipun
kuli manawi dereng nate ambekta barang dhateng ing ngriku, anang-
ing dolan-dolan dhateng pasar S sampun anglampahi. kaji wicanten
malih: lah yen mangkono dadi kowe wios sumurup ing dohe, ayo
mareneya, delengen barange kang arep dak kon anggawa ing kowe.
Sasampunipun kuli banten amariksani barang ingkang badhe kabekta,
kaji lajeng apitaken makaten: "pira buruhane", kuli amangsuli:
"Inggih, kula nyuwun satengah rupiyah kemawon, Kaji sarneg mireng
wangsulanipun kuli amung anedha berahan satengah rupiyah, ing
sanalika kendel, saha anginten manawi kuli banten sakalangkung
bodhonipu, awit saing sakedhik sanget anggenipun anedha berahan,
mongka ngadat ingkang sampun kalampahan berahanipun sarupiyah.
Sareng makaten kaji apitaken malih: dhuwit satengah rupiyah iku
cukupe kok pangan dadi pirang dina; kuli amangsuli: awit mangke
sonten dumugi ing dinten benjing enjing kemawon amesthi sampun
telas,kaji wicanten: yen mengkono dhuwit satengah mau sap[erle
ing ngatase kowe, sabab ora nganti lawas kanggone banjur enetek
mara ta saiki pilihen bab oleh mu bakal anggawa barang saka ing
kene tekane ing ngomahku, atompa dhuwit apa wuwulang kang kena ko
anggo salawasmu urip, sareng kuli banten mireng wicantenipun
kanji ingkang kados makaten wau, saha aningali dhateng serbanipun
kaji sakalangkung singer saha wingit nityanipn, mila lajeng milih
atampi wuwulang kemawon, ing sanalika punika kuli amangsu;i
makaten: manawi pareng kula mugi sampeyan paringi wuwulang kema-
won, awit kala kula katilar ing bapa, kula taksih alit, dados
kula dereng ngantos angsal wawulanging bapa, kaji apitaken:
kiramu manawa kowe anggawa barang barang iki tekjan ing ngomah ku
nganti leren ping pira ana ing dalan, kuli amangsuli: panginten
kula kaping tiga dumugi ing dalem sampeyan, inggih leres barang-
barnag punika entheng, ananging pambektanipun boten kenging
grusa-grusu, bok manawi pecah, kaji wicanten: iya bener, ananging
samongsa kowe leren bae aku angenehi wulang siji, supaya tekane

ing ngomah ku kowe bisaha atompa wuwulang telu.


Sareng makaten kuli lajeng anyek ambtka baranging kaji, antawis
dumugi kalih tengah epal tebihipun kuli lajeng kendel ing lam-
pahipun, kaji anututi lampahing kuli, lajeng tumut kendel, ing
nalika samanten kaji wicanten: saiki rungokna kang becik aku arep
aweh wulang siji marang kowe mengkene: wong mikul karo wong
lumaku legeh iku ana kang milih mikul, nanging kowe aja ngandel,
sareng kaji sampun suka wulang ingkang kados makaten wau, lajeng
sami anglajengaken lampah. Antawis angsal kalih tengah epal
malih, kuli kaliyan kaji sami kendel malih, dene kaji asuka
wulang kaping kalihipun, suraosing wulang makaten: wong dolan-
dolan asangu dhuwit karo ora, iku ana kang milih ora asangu
dhuwit, nanging kowe aja ngandel: awit saking sareh ing pambudi
kuli boten katawis ing napsunipun, panyiptaning kuli sanadyan
wulang kakalih wau boten prayogi pisan pisan, bok manawi ulang-
ing kaji tiganipun badhe sakalangkung prayogi, mila kuli angla-
jengaken anggenipun ambekta barang ngantos dumugi ing griyanipun
kaji. Menggah griyanipun kaji punika gedhong ageng saha sakalang-
kung sae, wah sakalangkung prayogi pasang rakitipun salebeting
griya.
Sasampunipun sami dumugi ing griya, kaji wicanten akaten: mengko
aku bakal aweh wulang siji negkas marang kowe, yen uwis barang
iki nuli angkaten maneh manut ing pituduhku, mara rungokna wulang
ku iki: ana wong tutur bodhone angluwihi saka kowe, nanging kowe
aja ngandel, kala samanten kuli banten sakalangkung napsunipun,
kalampahan naposunipun anukulaken kasagedan tuwin kakendelan,
wadhah ing barang-barang ingkang kabekta lajeng kajongkit dening
kuli, kadadosanipun setolup kaliyan piring sami remuk sadaya,
sasampuning makaten kuli lajeng wicanten: tuwan kaji manawi
wonten ingkang mastani setolupo tuwin piring sami remuk, punika
tuwan kaji sampun pitados.
Menggah kasagedan wau prayogi manawi kadamel anjageni sariranipun
piyambak, sampun ngantos kadamel ambalithuk dhateng titiyang
sanes, awit manawi tiyang bodho ingkang kabalithuk tukul kas-
agedanipun, punika asring andadosaken pitunanipun tiyang ingkang
saged.
=====================
Serat saking Ngayogyakarta katitimangsan kaping 5 wulan September
punika, anyariyosaken kados ing ngandhap punika:
Kala wingi para tiyang ing Ngayogyakarta sami atampi prateondha
renaning manahipunpara titiyang ing Surakarta, awarni arta saking
kas komidhi kathahipun 735 rupiyah langkung 50 sen, kakintunaken
dhateng Ngayogyakarta, manawi kaetang kaliyan arta ingkang sampun
kakntunaken ing ngajeng dhateng Ngayogyakarta, dados gungungipun
1735 rupiyah langkung 50 sen, dados arta samanten kathahipun wau
minongka panjurung pitulungan dhateng titiyang ingkang sami
kamlaratan awit saking wonten lindhu kala kaping 10, wulan Juni
ingkang sampun kalampahan.
Ingkang punika para tiyang mugi sammiya suka kurmat dhatneg
ingkang sami anguwasani komidhi, dene ingkang anguwasani komidhi
punika sampun sami saged amikantukaken arta ingkang kadamel
panjurung pitulung ing kasaenan saking ingkang sami bingah anin-
gali komidhi, punapa malih para tiyang inggih samiya asuka kurmat
dhateng para tiyang ing Surakarta ingkang sampun sabiyantu angge-
nipun anglampahaken pikajengan ingkang utami wau.

==================
Wonten pawaros kados ing ngandhap punika:
Kala wingi griya ingkang pancen kadamel kantor saha griya kamben-
gan sanesipun kakalih ing kedhu jawi sami kabesmi, menggah jalar-
aniun kabesmi punika saking kapaletikan latuning kareta asep.
=================
Wonten tiyang anama S.T.P. agadhah panedha dhateng para priyantun
ingkang sami remen amarsudi kawruh, mugi sami karsaha anerangkaen
pitembungan ingkang kasebut ing ngandhap punika:
Anyupena punika punapa
Awit saking punapa tiyang nyupena
sabab punapa dene titiyang manawi tilem mawi nyupena.
Supenan makaten punapa wonten tegesipun
Supenan punika punapa kenging kaanggep temen.
Ing wasana kang anama STP gadhah panedha malih supados para
priyantun samiya karsa amaringi katrangan bab [panggenan tuwin
warnining mathinipun kapal kadosta:
Nilakondha
Trajumas
Dewa nglayang
Suku panggung
Jaga mungsuh
Songgabuwana
Darumanguntapa
asthawindu
asthadana
sabda tawang
bujongga ura-ura
surenggana
dhandhangleksantara
dhandhangnyawa, Mil STP, gadhah panedha makaten awit ing tembe
pamanggihing para priyantun satunggil-tunggilipun badhe andado-
saken kaindhakaning kawruh.
==================================
Sajarah punika, candhaking cariyos putra ing Majapahit.
41. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Puring, seda dereng
diwasa, amargi gerah turas.
42. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Dobras, anama raden
Samawung, kang muksa wonten ing wukir pura.
43. Kang ibu garwa pangrembe, Dewi Sakati, kang muksa wonten ing
wukir soka.
44. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Tuwa, anama Raden
Banyakwulan kang muksa wonten ing wukir Ijem Prambanan.
45. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Maluwo, anama Raden
Banyak modang kang muksa wonten ing wukir ijem Prambanan.
46. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Lanang, anama Raden
Banyak Dhalang,lajeng ngalih nama Raden Banyak Bakung, kang muksa
wonten ing wukir Ondha.
47. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Lanjing, anama Raden
Banyak Patra kang muksa wone ing wukir Andong.
48. Kang ibu garwa pangrembe, Dewi Ranten, seda timur, grah
cacaren
49. Kang ibu garwa pangrembe, anama raden Banyakwidhe seda prang
aanglurug dhateng timur
50. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Semprung, anama Raden

Tepas,kang kagungan kalangenan buwaya, awasta punjeng gorong,


raden Tepas wau mentas mantuk saking anglurug dhateng timur
kadukan ingkang rama, lajeng kesah saking Majapahit, adhedhekah
wonten ing Barodhot tanah Kadhiri celak ing Kartasana, Raen Tepas
lajeng kasebut nama Kyai Ageng Barodhot.
51. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Gambyong, seda timur
52. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Umyang, nama Arya Tiron,
kang muksa wonten ing wukir Soka.
53. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Lembese, nama Raden
Pecat Tonda, kang muksa wonten ing wukir Jaler, Tanah Pranaraga.
54. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Salirih, nama Raden
Ondhemoi, kang seda ing paprangan Majapait.
55. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Doyok, nama Raden Man-
guri, kang seda wonten ing Rawa Dalem.
56. Kang ibu garwa pangrembe, Dewi Paniwen, anama Dewi Angron-
sari, kang muksa wonten ing guwa Kawidadaren, tanah Pacitan.
57. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Tambak, seda timur.
58. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jakalawung, nama Raden Panin-
gron, kang muksa wonten ing Jati, tanah Kikaponjang.
59. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Dorang, nama Raden
Atasingron, inggih muksa wonten ing Jati.
60. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Balado, nama Raden Barat
Katiga, kang seda wonten Wanapace.
61. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Balabur, nama Raden
Sapugarut, inggih seda wonten ing Wanapace.
62. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Budhur,nama Raden Tawan-
galun, kang seda ing paprangan Majapait.
63. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Gurit, seda timur.
64. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Bolang, nama Raden Kerek
Bolang, kang seda wonten ing paprangan Majapait.
65. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Lengis, nama Raden
Jejetan, inggih seda ing paparangan Majapait.
66. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Guntur, Seda timur.
67. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Malad, nama Raden Pan-
jangjiwa, inggih seda ing paprangan Majapait.
68. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Morang, nama Raden
Pulang Jiwa, inggih sed ing paprangan Majapait.
69. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Jothang, nama Raden
Singapadu, seda suduk salira.
70. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Kadhuwu, nama Raden
Singanagara, kang seda wonten wukir Geneng, tanah Jamus.
71. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Karawu, nama Raden
Macanpura, kang muksa wonten ing wukir Geneng, tanah ing Jamus.
72. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Tanduran, nama Raden
Kiswa, kang muksa wonten ing wukir Gebang Tinatar.
73. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Pangalasan, kang seda
karencan ing lelebat wonten ing wana tanah Majapait.
74 . Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Krendha, nama Raden
Pakulahar, kang muksa wonten ing wukir Unggarana, tanah ing
Wirasaba.
75. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka JInggring, nama Raden
Narawita, kang muksa wonten ing wukir Braja.
76. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Salembar, nama Raden
Panangkilan, kang muksa wonten ing wukir sewu.
77. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Tangkeban, nama Raden
Wanengwulan, inggih muksa wonten ing wukir sewu.
78. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Buras, nama Raden Pasi-
singan, inggih muksa wonten ing wukir sewu.
79. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Tamburu, nama Raden
Saliingsingan inggih muksa wonten ing wukir Sewu.
80. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Tambula, nama Raden
Terusan, kang muksa wonten ing wukir jaler, tanah Mekenan Pajang.
81. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Lambang, nama Raden
Astacapa, kang muksa wonten pasisir kidul ing Tunjungbang.
82. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Laru, nama Raden Wanala-
pa, kang muksa wonten ing wukir Tapak Tanah Weru.
83. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Lemuru, nama Raden
Katawengan, inggih muksa wonten ing wukir Tapak tanah Weru.
84. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Doplang, nama Raden
Yudanagara, kang muksa wonten saganten wedhi.
85. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Semplo, nama Raden
Sewagiri,kang muksa wonten ing wukir Canggalan, tanah Pacitan.
86. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Beluk, nama Raden SA-
wunggaling, inggih muksa wonten ing wukir Canggalan.
87. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Panekti, nama RAden
Tawangsari, kang muksa wonten ing Pongangan.
88. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Pamunah, nama Raden
Sumabau, kang muksa wonten ing wukir Gajahmungkur.
89. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Panatas, nama Raden
Panurta kang muksa wonten ing teleng.
90. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Walakas, nama Raden
Dewantara, kang muksa wonten ing Kedhung Panjang, tanah ing
Kaduwang.
91. Kang ibu garwa pangrembe,Raden Jaka Raras, nama Raden Loka-
nonta, kang muksa wonten ing Oya.
92. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Samas, nama Raden Ariya
Suni, kang muksa wonten ing Manggis, tanah ing Kaduwang.
93. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Gedhug, nama Raden
Dewaruci, seda aliyan tiyang durjana, wonten ing margi tanah
Pranaraga.
94. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Gathot, nama Raden
Balaruci, inggih seda prang kaliyan durjana wonten ing margi
tanah Pranaraga.
Sajarah punika taksih wonten dumuginipun.
============================

Benjing ing dinten Senen Tanggal kaping 28 wulan September puni-


ka, badhe wonten lelang ing griyanipun tuwan Y.A.Manuel ing loji
wetan Surakarta, menggah ingkang badhe kawade barang toko warni-
warni tuwin inuman sapanunggilanipun.
Benjing ing dinten Kemis tanggal kaping 26 wulan Sep[tember
punika, badhe wonten lelang ing griyanipun Tuwan G.F. Ris ing
Kebaron menggah ingkang badhe kawade, barang dandosan griya
warni-warni sapanunggilanipun.
Benjing ing dinten Senen tanggal kaping 30 wulan September puni-
ka, badhe wonten lelang ing dalemparensidhenan menggah ingkang
badhe kalelang, kapal rakitan tuwin prabot kapal kareta, punapa
malih dadosan griya sapanunggilanipun.
===========================
39, 26 September 1867

Ingkang kasebut ing serat kakancinganipun Kanjeng maharaja,


katitimangsan kaping 29 wulan Mei, 1867, ongka 54 Kanjeng Tuwan
Jonghir,Pan Kapellen ingkang wau dados Residhen ing Samarang,
saha sapunika saweg wonten ing nagari Walandi amargi saking
pamit, punika awit saking panuwunipun piyambak ing mangke kaman-
tunan kalayan urmat anggenipun dados residhen, mawi kaparingan
pensiyun.
Kanjeng Tuwan Y.H.C.Pandheik Asisten Residhen kareh ing Kanjeng
Tuwan Residhen tanah kidul tuwin wetan ing Borneyo, ing mangke
kamantunan kalayan urmat anggenipun dados asisten residhen mawi
kaparingan wahel.
==================
Pawartos warni-warni.
Pawartos ing Surakarta.
Ing dinten Senen Wage, tanggal kaping 23 September ing taun 1867,
utawi tanggal kaping 24 wulan Jumadilawal ing taun Ehe ongka
1796, ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana kaping 9,
miyos ing pagelaran pinarak wontening bangsal pangrawit, Kanjeng
tuwan residhen, saha para abdi dalem wadana kaliwon sapangandhap
sami pepakan sadaya, ing wanci pukul sadasa dhawah ing pangandika
dalem, Kanjeng Rahaden adipati Sasranagara, mongsa, tiyang tani,
lepen, kados adat ingkang sampun kalampahan, nunten angunjuk
wilujengipun Kanjeng guprenur jendral ing Nederlan Indiya,nunten
angunjuk wilujengipun Kanjeng tuwan residhen ing Surakarta, boten
antawis dangu ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan kondur angadha-
ton, Kanjeng Rahaden adipati Sasranagara kalilan kondur dhateng
kapatiyan, kadherekaken para andi dalem wadana kaliwon panewu,
mantri sadaya, dumugi ing kapatiyan lajeng abujana boten kikiran-
gan punapa-punapa, mila pamujinipun para andidalem ing Surakarta
sadaya, ingkang mugi-mugi Kanjeng Rahaden adipati Sasranagara
lestantuna angsal pangestu dalem, lulus sadados pandam pangauba-
nipun para abdi dalem sadaya, saha panjanga ingkang yuswa wilu-
jenga ing sapanginggilipun.
============
Serat Pakabaran Inggris anyariyosaken lalampahan kados ing ngand-
hap punika:
Wonten tiyang neneman ngumur kalihdasa taun lumampah aningali
sato kewan dhateng panggenan ingkang pancen kadamel angingah sato
kewan wau, saking watawis tiyang neneman punika dereng nate
aningali panggenan sato kewan ingkang kados makaten, ing nalika
samanten tiyang neneman sakalangkung remen aningali bruwang
ingkang sami kapanggenaken wonten ing luwangan ageng, sareng
makaten topinipun tiyang neneman rentah kalebet ing luwangan
panggenan bruwang, sareng bruwang aningali topi lajeng sami
rebatan topi punika, andadosaken boten renaning manahipun tiyang
neneman ingkang gadhah topi, boten saronta tiyang neneman amenek
pagering panggenan sato kewan, lajeng medhun dhateng lebet,
tumunten menek ing uwit ingkan gpancen katanem wonten satengahing
luwangan kandhang bruwang, sareng tiyang neneman medhun saking
uwit dumugi ing ngandhap panggnean bruwang, lajeng katubruk ing
bruwang, saha kabanting ing siti, bahd ekasuwek-suwek, kala
samanten tiyang neneman amesthi badhe kalampahan kasuwek-suwek
ing bruwang, bilih boten lajeng a katulungan dening kang jagi

sato kewan. Manawi tiyang neneman badhe kasuwek-suwek ing bruwang


punika awit saking panjelehipun para tiyang ingkan gsami ningali
sato kewan wonten panggenan ing ngriku, kalampahan tiyang neneman
kapitulungan dening tiyang ingkang jagi sato kewan, saha lajeng
kainggahaken saking luwangan sareng sampun dumugi ing nginggil,
ingkang jagi sato kewan apitaken dhateng tiyang neneman ingkang
suwek jasipun saking dening kacakar ing bruwang, pitembunganipun
makaten: "ya gene kowe nganti kurang surup mu wani lumebu ing
luwangan panggonan bruwang". Wangsulanipun tiyang neneman maka-
ten: "amesthi bae aku ora sumurup manawa bruwang iku agawe ala
maring wong".
==========================
Rembagipun tiyang ewah.
Serat pakabaran inggris anyariyosaken kados ing ngandhap punika:
Wonten grema alangkung sangajenging pageripun griya panggenan
titiyang ewah ing Londhon tanah Inggris, grema wau ambekta sanja-
ta saha akalung pirantos wadhah peksi ingkang pejah kasanjata,
punapa malih anuntun kapalipun,wah anyepengi tangsuling sagawon
kakalih. Ing nalika samanten titiyang ewah sami panuju angisis
wonten ing pakebonanipun griya wau, nunten wonten tiyang ewah
satunggl anyelaki pager wau, saha lajeng wicanten dhateng grema,
pitembunganipun apitaken makaten: Kowe duwe jaran banget becike,
pira regane jaranmu iku. Grema mangsuli: pitungngatus rong puluh
rupiyah. Tiyang ewah apitaken malih: asumu loro iku siji regane
pira, wangsulianipun grema manawi sagawonipun satunggil regi 240
rupiyah. Tiyang ewah apitaken malih: apa isine piranti gawe
wadhah manuk kang mati ko bedhil, grema mangsuli: manuk burcet
siji. Tiyang ewah apitaken: pira regane manuk Burcet siji iku,
Grema mangsuli: saiki kiraku regane manuk burcet siji 72 sen.
Sareng tiyang ewah mireng wangulanipun grema,bilih peksi burcet
satunggil amung regi 72 sen, lajeng wicanten makaten: "E sobatku
grema, kowe dak rembugi anunggang jaran mu saiki, kespuren jaran-
mu iku, supaya rikata ing palayune sarta bisa gelis lunga saka-
ing kene, awit manawa kang nguwasani para wong edan aliwat ing
kene, sarta karungu manawa wong pinter kaya kowe ametokake dhuwit
1200 rupiyah, supaya bisaha amateni manuk siji, sarta tompa
dhuwit mung 12 sen sumurup regane manunk kang ko pateni, iku bok
manawa kowe nakal dicekel dening kang nguwasani para wong edan
mau, sarta banjur kagedhong digentekake ing ngaku kene..
======================Panuwun kula dhateng tuwan ingkang ngarang
serat Jurumartani, mugi dhangana ing karsa, amacak serat kula
punika wonten ing Jurumartani.
Kula punika sakalangkung remen amarsudi sageda amaos seratan jawi
saking nagari ngamonca, kalampahan kula ing saben dinten angupa-
dos seratanipun titiyang ngamonca wau dhatng ing kampung-kampung
salebeting nagari kula ing ngiki kadosta: dhateng kampung Kalura-
man, Sangkrah, Nusupan, Kauman sapanunggalanipun panggenaning
para dusafar ingkang sami asring kekesahan gagramen dhateng
nagari ing ngamonca, utawi kintun-kinintunan serat kaliyan
titiyang tanah ing ngamonca wau. Manawi kula angsal seratan
ingkang angel kaungelaken, saha boten saged angungelaken piyam-
bak, kula lajeng angupados tiyang ingkang saged angungelaken
seratan punika saking sampun kulinanipun, malah nate kula an-
gepahi dhateng tiyang ingkang saged angungelaken wau, dene parmih
ula amarsudi sagedipun angungelaken seratan saking nagari ing

ngamonca, punika amung sakedhik prelunipun, menggah prelunipun


wau amung sageda kulina dhateng seseratan ingkang sampun ical
dhapuring aksara jawi, dados kula upamekaken kados ambudi kawruh,
awit ungelng seratan punika jawi nanging aksaranipun anilar
kawujudanipun ingkang sayektos.
Menggah ngadhatipun ing jaman sapunika seratan jawi kathah warni-
nipun, malah manawi ingkang anyerat gumaib, seratanipun lajeng
tumut gumaib, kados pundi dene kula amastani seratan gumaib, ,
punika kula tingali saing rerengganipun, awit wonten aksaranipun
ingkang mawi elung kacang, saha angatingalaken sirah itawo suku-
nipun kemawon, kadosta: ma, sa, da, punika amung kaserat sirahi-
pun kemawon, dene sukunipun katilar, dados kaserat amung sapalih.
ha, ta, ingkang kaserat amung sukunipun kakalih,, sirahipun
kabucal, dados boten wonte bedanipun ing dhapur kados: ra, maka-
ten ugi panyeratipun panunggilanipun aksara jawi, sadaya sami
kaewahan ing kawujudanipun.
Menggah ewahing panyeratipun aksara jawi, punika panginten kula
bokmanawi saking gumaib tuwin lumuhipppun ingkang nyerat, utawi
saking boten angsal wuwulang, dados sagedipun anyerat saking
rerekan piyambak, mila manawi taksih makaten lammpahipun titiyang
ingkang sami remen angeahaken kawujudanipun aksara jawi, amasthi
lami-lami aksara jawi badhe sirna kawujudanipun ingkang sayektos,
ananging sareng ing taun 1852, Kanjeng Gupremen katrsa ayasa
pamulanganipun para murid cacalon guru-guru jawi, punika angica-
laken sumelanging manah bab badhe sirnaning kawujudanipun aksara
jawi wau, awit para guru kadadosanipun saking murid-murid ing
pamulangan wau sami badhe dados pikekah anglulusaken wontenipun
aksara jawi tulen, mila ing mangke kula kedah asuka kurmat saha
sukur dhateng kawontenanipun pamulangan para murid cacalon guru-
guru jawi wau.
Surakarta kaping 22 September 1867.
Katandhan A.S.
=====================
Panuwun kula dhateng panjenenganipun tuwan ingkang ngarang Serat
Jurumartani ingkang mugi-mugi, serat kawula punika, kkapacak
wonten ing Jurumartani.
Kawula pun Ngabei Karyasastra, mantri ing nagari Bogor, angatu-
raken kalepatan, ingkang akathah-kathah, dhateng para priyantun
ing nagari, Surakarta, utawi dhateng para priyantun ing nagari
Ngayogyakarta, dene kawula akamipurun, nyuwun saserepan margi,
saking sangetipun anggen kawula kapingin pirsa, ingkang dados
sasebutanipun, para gusti kawula ing nagari Surakarta, utawi para
gusti kawula ing nagari Ngayogyakarta, ingkang kakung, saha
ingkang putri.
Yen ta kawula gadhah apa wong sadherek, saestu apitaken, dhateng
pawong sadherek, sarehning kawula boten gadhah pawong sadherek
wonten ing nagari Surakarta, utawi wonten ing nagari Ngayogyakar-
ta, dados anemah angaturaken serat, wonten ing Jurumartani,
ingkang supados para priyantun waskitha, palamarta, ing nagari
Surakarta, utawi ing Ngayogyakarta, amaringana piwulang, kasebut
wonte ing serat Jurumartani.
Saking sangetipun anggen kawula kedah pirsa ingkang terang,
ngantos kawula lampahi, narutus tetaken dumugi nagari Batawi,
tansah damel petengipun ing manah.
Pratelanipun ingkang amtetngaken manah kawula wau.

Bab sasebutanipun para gusti ing nagari Surakarta, kalih para


gusti ing nagari Ngayogya, saben kawula apitaken dhateng sanak
sadherek ingkang saking nagari Surakarta, tuwin sangking nagari
Ngayogyakarta, saestu geseh-geseh snjangipun, ngantos langkung
tiyang kalih dasa. Boten wonten ingkang rujuk jangkep tiga.
Saking pangraos kawula, sampun dados leresipun, kawula alit wau,
pirsa asasebutanipun ing gusti, jawi, menawi boten pirsa dhateng
sustinipun dados dede nama kawula.
Ingkang prelu kawula pitakekaken.
1. Bab putra dalem ingkan sinuwun, ingkang miyos sakin ggarwa
dalem, kanjeng ratu, kados pundi sasebutanipun, kala timur,
punika wonten ingkang cariyos, kasebut gusti rahaden mas, wonten
ingkang cariyos, bendara raden mas gusti.Sareng sampun diwasa,
kasebut kanjeng gusti pangeran Arya utawi kanjeng gusti pangeran
dipati arya.
Ingkang miyos putri, ti,muripun kasebut gusti raden ajeng, wonten
ing kang cariyos gusti bendara, raden ayu, sareng sampun diwasa
kasebut gusti kanjeng ratu.
2. Bab ratu garwa dalem ingkang sinuhun, punika wonten ingkang
cariyos sadaya, ingkang sampun nama kanjeng ratu, garwa dalem
sinuhun Surtan Ngayogyakarta, ingkang sapunika, mangkaten boten
kasebut gusti kangjeng ratu,inggih namung kasebut kanjeng ratu
kimawon.
3. Bab putra dalem ingkang miyos saking garwa ampeyan, timuripun
kasebut bendara rahaden mas, sareng sampun diwasa, kasebut kan-
jeng pangeran arya.
Ingkang miyos putri timuripun kasebut bendara raden ajeng, sareng
sampun diwasa, sinebut bendara raden ayu, wonten ingkang cariyos,
kasebut bendara gusti raden ayu.
4. Bab para gusti sentana, kados ta wayah dalem, sapangandhap,
ingkang sami jumeneng pangeran, punika wonten ing kang cariyos,
kasebut bendara pangeran wonten ingkang cariyos sedaya para
bendara, ageng alita, samongsa sampun jumeneng pangeran, sasebu-
tanipun inggih kanjeng pangeran arya.
Ingkang sampun kawula cariyosaken ngajeng wau, para gusti ing
nagari Surakarta.
Dene para gusti ing nagari Ngayogyakarta, sanget sulayanipun
kalih para gusti ing nagari Surakarta, manawi putra dalem ingkang
miyos saking kanjeng ratu, sasebutanipun gusti pangeran arya,
utawi gusti pangeran dipati arya.
Putra dalem ingkang miyos saking garwa ampeyan pambaaaaaaaajengi-
pun kasebut gusti pangeran arya, aliya sangking putra pambajeng
satunggal sasebutanipun para pangeran arya.
Wonten laih sadherek cariyos, bilih para gusti putra dalem sase-
butanipun mawi kanjeng, sami kalih para gusti ing nagari Surakar-
ta, wonten malih, sadherek cariyos yen nagari Ngayogyakarta,
saprenenipun para gusti, boten kenging kasebut kanjeng, anjawi
namung satunggal, kanjeng Sinuhun sultan.
Punapoa malih para pangeran santona, sasebutanipun amung dara
pangeran arya.
Anamung para ratu, sasebutanipun gusti kanjeng ratu, kawula
apitaken sababipun sanes, kalih ing nagari Surakarta, punapa dene
sami karaton, wangsulanipun para sadherek ing Ngayogyakarta,
sangking karsa dalem ingkang sinuhun sultan mangkaten.
Pramila dados manah kawula sangsaya kodheng, amargi cariyosipun

sadherek kathah wau sanes-sanes.


Ingkang punika sangking atur panuwun kula, dhateng para priyantun
ing nagari Surakarta, utawi para priyantun ing naggari Ngayogya-
kart, ingkang sami, ambek palamarta, asih ing dasih kawelasasih,
ingkang mugi-mugi, aparinga brekah pidedah kados pundi sasebuta-
nipun para gusti, ingkang sampun kawula aturaken ngajeng wau,
kenginga kawula pundhi-pundhi ing salami-laminipun tumuruna
dhateng anak putu ing wingking, nuwun amung punika atur kawula.
Sinreat ing Bogor tanggal kaping 14 September 1867.
Katandhan Karya Sastra.
============

Sasinom-sinawung sekar, pangangguran ngenggar sagir, kabire estu


binabar, kinober ngebar gugurit, musawarat pinirit, mamrih mupa-
kating kawruh, mring pawong mitraning wang, cumendhak peksa
luwih, wonte sual ngong ragi kewran mrih murad.

Sumongga sami rinembag lowung yen wus serju budi, kadi babon lan
antiga, pundi kang tinitah dhingin, lawan epang satunggil, tahen
kakalih witipun, sumongga den batanga, tan liyan apsamanta ugi,
ulan pinta dening dahat cumendhak.
Ngayogyakarta Adiningrat kaping 19 September 1867.
Katandhan J.H.P.
===================

Sajarah punika, candhaking cariyos putra ing Majapait.


95. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Basur, nama Raden Sara-
denta, ksebut nama raden Saragadhng, kang muksa wonten ing send-
hang Jaler Pongangan.
96. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Sumine, nama Raden
Kaniten, Ngalih nama RAden Sarawadi, seda ing Jurang Bubuk.
97. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Wirun, nama Raden
SArasida, kang seda wonten ing Sela Karung, tanah ing Sembuyan,
lajeng kasebut nama kyai Ageng Serut.
98. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Ketug, jujuluk raden
Jaka Lompong, nama raden Lebaksiyu,kang seda wonten ing Giyana,
tanah ing Kaduwang.
99. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Dalem , nama Raden
Gagak Prakala, seda wonten tanah ing Lowanu.
100. Kang ibu garwa pangrembe, Raen Jaka Surwarna, nama Raden
Tanewung, ngalih nama Raden Jaya Purusa, kang muksa wonten Lemu-
ru, sukuning wukir Lawu.
101. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Suwonda, nama Raden
Jayalalana, inggih muksa wonten ing Lemuru.
102. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Turas, nama Raden
Andangkara, manjing ngagami islam lajeng nama Kyai Ageng Dana-
laya, dalem tanah ing Kaduwang
103. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Pangawe, nama Raden
Singgunkara, manjing islam lajeng nama Kyai Ageng Wanapeksa, ing
Ngadiraja tanah Sembuyan.
104. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Supana, nama Raden
Tambayat, manjing islam dalem ing lepen Lusi, lajeng nama Kyai
Agng Kali Lusi, seda sumare ing dhusun Weru Dalem, tanah ing
Gowong.
105. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Sangara, nama Raden
Pangayat, manjing islam dalem ing Ngepring tanah Laroh, lajeng
anama Kyai Ageng Ngepring.
106. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Gapyak, nama Raden
Malipak, manjing islam dalem ing Palesungan, lajeng anama Kyai
Ageng Palesungan.
107. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Bodho, Sabedhahing
Majapait anyakabat dhateng Susuhunan Tembayat, kaprenahaken
wonten ing Majasta, lajeng nama Kyai Ageng Majasta.
108. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Pandhak, anyakabat
dhateng Susuhunan Tembayat, sinungan nama Seh Kalidhatu.
109. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Wajak, kagadhuhaken
dhateng Kyai Wujil, katlah nama Raaden Jaka Wujil, anyakabat
dhateng Susuhunan Tembayat, sinungan nama Seh Sabuk Janur.
110. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Baluwo, anyakabat
dhateng Susuhunan Tembayat, sinungan nama Seh Sekar Dalima.
111. Kang ibu garwa pangrembe, Raden Jaka Dholog, amara tapa
wonten pinggiring lepen Praga, nama Wawasibana, lajeng anyakabat
dhateng Susuhunan TEmbayat, kaprenahaken wonten ing Jatosnem.
Ingkang kacariyosaken wontening kagungan dalem sajarah ageng
kagambar kakajengan, putra ing Majapait wekasan sampun jangkep
satus sawelas, manawi wonten wewahipun malih, mugi kapacaka ing
serat Jurumartani, akaliyan cariyosipun pisan, supados sangsaya
wewah kateranganipun.
=========================
Menggah loting loterei kareta Amerikan sakapalipun ing sapunika
amung antun 50 iji, saha para priyantun ingkang sami badhe ngar-
sakaken atumbas punika taksih saged apikantuk, nanging kedah
enggal ing panumbasipun, awit pamainipun loterei wau badhe tumun-
ten kalampahan.
Katandhan tuwan Jaspres en ko.
====================
Lelang ing dalem paresidhenan Surakarta punika awit benjing ing
dinten senen ngantos ing dinten salasa tuwin rebo, dados tanggal
kaping 30 September punika, kaping 1 tuwin kaping 2, Oktober ing
ngajeng punika.
Menggah barnag-barang ingakng badhe kalelang kenging katingalan
benjing ing dinten Akad tanggal kaping 29 wulan September puni-
ka.
===================
40, 3 Oktober 1867

Raden Tumenggung Arya Adikusuma, bupati ing Bangil ing mangke


kaparingan pangkat kasebut nama Raden Adipati, minongka ganjaran
bab anggenipun anglampahi temen-temen dahteng kawajibanipun ing
dalem tigawelas taun.
Raden Panji Natawijaya, mantri ingkang kabebahan amariksani
taneman rosan ing tanah Bangil, ing mangke kakula wisudha dados
jaksa ing Bangil, anggentosi swargi Ngabei Reksadiraja.
Raden Ayu Adipati ing Bangil ing mangke seda yuswa 65 taun,
titilaranipun awarni arta 4800 rupiyah, menggah arta samanten
punika ingkang 2000 rupiyah kalilakaken dhateng masjid ing Ban-
gil, amargi Raden Ayu ADipati wau boten kagungan ali waris, amung
kagungan sadherek kakung satunggil ingkang sampun yuswa 70 taun.
==================================
Pawartos warni-warni
Awis tiyang ingkang angangge jam kandhutan sami amikir dhateng
pirantosing jam kandhutanipun ingkang sakalangkung ringkih, utawi
dhateng pandamelipun, punapa malih dhateng ingkang andadosaken
pangeram-eram bab etraping lampahipun, wonten tiyang ingkang
amastani manawi lampah ing jam kandhutan ajeg boten ewah, inggih
sanadyana ing dalem sawatawis taun lamninipun boten mawi kadede-
kan lisah satetes, rodhaning sanesipun pirantos boten saged
amubeng ing dalem sadinten tansah kadekekan lisah, dados boten
timbang pisan-pisan kaliyan rodhaning jam kandhutan, punapa dene
dereng lami andadosaken gumuning manah, sareng wonten tiyuang
acariyos, sampun angetang ubenging rodhanipun jam kandhutan ing
dalem sadinten utawi sataunipun, kadadosanipun angeram-eramaken
saha kalebet prelu manawi kaserepana, kadosta: Rodha ingkang
ageng piyambak, punika amubeng rambah kaping sakawan ing dalem
sadinten sadalu, utawi kaping 1460, ing dalem sataun rodha ing-
kang wonten ing tengah punika amubeng rambah kaping 24, ing dalem
sadinten sadalu, utawi kaping 8760 ing dalem sataun, rodha katig-
anipun, punika amubeng rambah kaping 192 ing dalem sadinten
sadalu, utawi kaping 69080 ing dalem sataun, rodha sakawanipun,
ingkang angubengaken panuduh ing sekondhe, punika amubeng rambah
kaping1440 ing dalem sadinten sadalu, utawi kaping 525600, ing
dalem sataun, rodha gangsalipun punika amubneg rambah kaping
12964 ing dalem sadinten sadalu, utawi kaping 4728400 ing dalem
sataun dene ingkang mungel dhikdhik punika kaping 388000 ing
dalem sadinten sadalu, utawi kaping 141812000 ing dalem sataun.
=========================
Jendral anama Fafrit sampun misuwur bab karosanipun ingkang boten
limrah ing ngakathah, punika gerah sanget animbali dhokter.
Sareng sampun dhateng dhokter m,atur pitaken dhateng jendral
punapa ingkang kagerahaken, wangsulanipun jendral makaten: Eh
dhokter aku ing dalem rong dina iki karasa suda ing karosanku,
saka ing kirane kaya meh tutug ing janji oleh ku urip ana ing
ngalam dunya, mara delengen dhokter, kursi kang ko lungguhi iku
dak cekele sikile siji, kowe lungguha bae ing kursi kono. Sareng
jendral sampun ngandika makaten, sukuning kursi satunggil kacepng
kaliyan asta satunggil, lajeng kajunjung satiyangipun ing kang
lenggah, saha kaacungaken ngantos dangu, sareng sampun, jendral
angadika makaten: mara ta delengen dhokter, panjunjungku kutsi
iki aku isih karasa abot.

====================
Wonten guru ing pamulangan aningali kintel ageng satunggil amang-
gen sangajenganing galodhog tawon, kintel punika asring anedhani
tawon sareng makaten lajeng kabucal dhateng ingkang gadhah tawon,
ing dinten enjingipun kintel katingal malih amanggen celak galod-
hog tawon wau, pangintenipun ingkang gadhah tawon, bokmanawi
kintel punika ingkang kabucal kala wingi wangsul malih, sarehning
ingkang gadhah tawon badhe sumerep ing kayektosanipun, manawi
makaten kados ing pangintenipun, kintel lajeng katangsulan pita
biru sukunipun satunggil minongka attenger, sareng sampun katang-
sulan kintel lajeng kabucal ing kalen ingkang kapenah ing sawata-
wis tebihipun saking galodhog tawon wau, sareng makaten elet tiga
dinten kintel sampun kapanggih malih wonten ing panggenanipun
lami ing sangajenganipun galodhog tawon, nunten ingkang gadhah
tawon aken ambucal kintel punika dhateng panggenan ingkang saka-
langkung tebih sakin g galodhog tawon, kintel inggih kapanggih
malih wonten ing panggenanipu lami menggah lampahigkintel saking
panggenan pambucalipun dumugi panggenanipunlaminipun punika
ngantos kalih dinten wonten ing margi, saha amedala ing wana
tuwin pasaninan, wasana kintel kabical malih dhateng malih dha-
teng panggenan ingkang sakalangkung tebih saking panggenanipunla-
mi, elet wolung dinten saking pambucalipun, kintel kapanggih
malih wonten ing panggenanipunlami, saha anedhani tawon malih,
ing wekasanipun kintel lajeng kakendelaken kemawon wonten ing
panggenan awit ingkang gadhah tawon sumerep menawi ingkang kated-
hanan ing kintel punika tawon ingkang sami sakit, menggah angge-
nipun anedhani tawon kintel wau laminipun ngantos sawatawis taun,
wekasan kintel lajeng kamongsa ing sato sanesipun.
====================
Kula sampun maos serat mawi sekar sinom ing Jurumartani kaping 26
wulan September ingkang sampun kapengker ongka 39, sarta katand-
han J.H.P. ing ngriku ingkang anama J.H.P. gadhah pitaken bab
babon akaliyan tigan pundi ingkang tinitahaken rumiyin, punapa
malih bab epang satunggil uwit kakalih, punika kapurih ambatanga.
Ing mangke kula amratelakaken ingkang dados pamanggih kula piyam-
bak ing ngatasipun babon akaliyan tigan, manawi wonten kalintuni-
puning pamanggih wau, mugi ingkang agung pangapurenipun ingkang
nama JHP, awit ingkang nama manungsa punika amung saged anggayuh
bab titah ing Allah saking kinten-kinten kemawon, kapirit saking
emper saha kawontenanipun, menggah ingkang katitahaken rumiyin
punika kula mastani babon, sartawontenipun tigan saking babon
kaliyan sawung, mila makaten kapirit saking panitahipun sato
kewan saisenmipun jagad sadaya, wontenipun punika medal saking
siti ingkangkala samanten taksih kadunungan ing wiji, andadosaken
sato kesan saisen-isening jagad sadaya, awit ing sapunika taksih
wonten pratandhanipun, manawi orong-orong kadadosanipun saking
rumput teki, sabab kula sampun nate nglampahi andhudhuk manggih
woh ing rumput teki dados orong-orong, nanging saweg tumalontho.
wontenmalih ingkang nglammpahi andhudhuk manggih wohing rumpput
teki kadadosan saking laron angurag, pratandhanipun wonten kang
manggih woh ing rumput teki papalihan, sapalih warni woh ing
rumput teki, sapalih ipun taksih warni laron, wah wonten malih
rumput lempuyangan dados angge angge saweg tumalotho, makaten ugi
sato kewan sapanunggilanipun bokmanawi dadosipun saking maujud
ingkang kala samanten taksih dumunung ing jagad, manawi tigan

katitahaken rumiyin, kados pundi sagedipun anetes dados babon,


sarta saedipun gesang manawi boten kaupadosaken tedha utawi
kinemulan dening biyangipun, amesthi kuthuk lajeng dhengkelen
awit saking kenging ing asrep, saha andadosaken pejahipun, maka-
ten ugi ing ngantasing sato kewan, manawi gudel, cempe, cindhil
sapanunggilanipun sami dadosa rumniyin, kados pundi anggenipun
saged gesang manawi boten kasusonan ing biyungipun, lah punika
mas ingkang dados pamanggih kla bab babon kaliyan tigan, manawi
lepat kula sumonga ing sampeyan, dene epang satunggil, witing
kajeng kakalih punika saru manawi kula pratelakaken wonten ing
serat Jurumartani, amung cekakanipun kemawon kula aturaken,
inggih punika gadhahanipun tiyang jaler.
Saeng kula aningali tondha astha: JHP sakalangkung mejoting manah
kula, awit kula eneget kala wonten ing tanah Arab, atunggil
sagriya kaliyan JHP ingang sampun kados sadherek akaliyan kula,
kados pundi anggen kula sumerep dhateng tondha asta JHP ing
ngajeng sampun adamel cariyos kawrat ing serat katandhan JHP
menggah ingkang kacariyosaken kala samanten bab uged-uged, dene
griya ingkang dipun enggeni JHP kala wonten ing tanah Arab kapre-
nah celak kaliyan kakbahtullah, santrinipun JHP ingkang anglado-
sai siyang dalu amung satunggil awasta kaji Ahmad, punika ingkang
asring dipun kengken atutumbas dhateng peken, sanadyana kaji
Ahmad dados asantri, ewadenten lebet tiyang saged, sumerep dha-
teng ngelmu panglah. Sadhatengipun saking peken lajeng olah-
olah, utawi anggodhog wedang, jempolipun kaji Ahmad siwil , saha
remenanipun asring dhanah-dhanah katabuhan trebang, tuwin asring
purun ura-ura manawi kaundang dhateng sanak sadherek, mila ing
mangke panuwun kula dhteng JHP, mugi wonten a karsanipun amangsu-
li serat kula punika kapacak ing jurumartani.Kula sakalangkung
suka sukur denekula saged sumerep panggenanipun mitra kula igkang
sampun kados sadherek, pangajeng-ajeng kula sageda kapanggih
malih kaliyan mitra kula JHP ingkang dereng kapanggih laminipun
ing dalem gangsal welas taun, awit kala samanten anggen kula
wonten ing tanah Ngarab amung nem wulan, nunten kula dhateng
Turki, lajeng alalana dhateng tanah Eropah meh kambah sadaya,
mitra kula JHP taksih kantun wonten ing tanah Ngarab, sarta
adarbe prajangji dhateng kula, manawi piyambakipun ing dalem
sataun badhe kapanggih kaliyan kula wonten ing tanah Ingrris,
salampahan kula angentosi wonten ing tanah Inggris laminipun
ngantos sawulan, mitra kula JHPdereng dhateng, menggah laminipun
anggen kula alalana, ing dalem kalih taun pitungwulan, sasampuni-
pun kula lajeng angajawi malih saking panginten kula kala saman-
ten, bokmanawi mitra kula JHP sampun atilar dunya, awit kula
kintuni serat sapisan, boten angsal wawangsulan, malah serat kula
wau kawangsulaken saking Ngarab.
Sarehning mitra kula JHP sapunika wonten ing Ngayogyakarta,
punapa pun kaji Siwil taksih andherek, saha punapa sampun imah-
imah, mugi kula kawangsulan ing katranganipun wonten ing seratJu-
rumartani, awit kula sakalangkung remen dhateng pun kaji Siwil,
kala kula taksih wonten ing tanah Ngarab, pun kaji Siwil asring
purun kula ken ura-ura sekar dhandhangendhis, pucung, kinanthi,
sapanunggalanipun sekar alit, andadosaken ing suka pirenaning
manah kula, saupami pun siwil dereng lumampah damel, kula purun
ambalonja, 12 rupiyah ing dalem sawulan, mugi katantuna manawi
purun anglampahi, menggah damelipun amung ura-ura saben dalu,

wiwit pukul sanga ngantos pukul kalihwelas, manawi nuju wulan


siyam kula ken angimami tiyang salawat tarweh, awit wuwulang
samepeyan sampun kathah dhateng piyambakipun, kalampahan saged
amaknani lapaling kitab sadaya, boten kantun akaliyan para ngula-
mi.
Kudus kaping 1 Oktober 1867
Katandhan Wa.
===========

Panjurung kabar, supados dadosa pamirsanipun para sedherek.


Yen sapenika, sampun terang, Mas Bei Atmadipura, wedana dhistrik
Kabumen paresidhenan Bagelen tetep dados papatih ing Purwareja
Bagelen, punika kaprenah putraniipun, pansiyun telukan kang dados
wedana dhistrik Kabumen suwargi, nami Mas Tumenggung Kalapaksi,
O, jinembarna kuburanipun, awit putranipun kang satunggal sampun
tetep dados temenggung, kitha Karanganyar, nanging klilan nami,
Raden Tumenggung Kartanagara.
Ingkang wau kang sampun kawentar ing ngakathah, putranipun Mas
Tumenggung Mangunrana, pensiyun telukan, utawi pensiyun wadana
piturah, ingkang sampunika tasih sugeng, putra kang dados wedana
ing dhistrik Pituruh,Kabupaten Kuthaarja, nami Mas Bei Cakrawira-
na, sampun kaseksenan karajinanipun, panyepengipun pulisi utawi
liya-liya, dhateng ingkang asesilih nami mas Bares.
Ananging sampun kantos batal ing pamuji,amargi, Mas Bei Prawirad-
ipura, patihing Ngambal punika, ing mangke kapensiyun, bokmanawi
ingkang sisilih nami, Mas Beras karsa ngaturi pinuwun malih,
sagedpun tetep dados patih, ing Ngambal, mMas Bei Cakrawirana,
wadana dhistrik ing Pituruh, inggih beda punapa anak Tumenggung
telukan sami anak tumenggung telukan, mila, Klongsa yen kantosa,
kula ya boten kelampahan, sedaya daya, sami temen-temen dhateng
kanjeng gupremen.Pramila langkung sae Mas Beras, karsa angangge
naminipun ingkang sakestu, sabab kula badhe ambiyantoni, kang
dados pikajenganipun.
katandhan Bares abang, Aliyas Bares Putih.
=========
Kauntungan ingkang boten kantos medalaken karingeting pyambak.
Andadosaken sapinten kemawon agenging kabingahanipun manah kula,
ningali kauntunganipun ilurah mas aksara ingkang sakelangkung
mukti, ingkang klayan boten rekaos wedaling pengasilanipun, awit
dening jalaran saking lindhu ingkang sakelangkung sanget ebah ing
siti inggal punika rumiyin, saha ing kang kantos andamel karisak-
anipun griya tembok utawi pager banon sanes-sanesipun ing nagari
Pinasah.
Sareng ing wektu wulan Agustus saingga wulan punika, punapa
barang ingkang sampun cinariyos ngaeng wau, sami kadandosi utawi
wonten ingkang kaicalan babar pisan, kadosta: 2 griya Bucu paso-
wan ing ngalun-alun, 1, griya regol dalem kabopaten punika sami
kaicalan. Dening bekakasing griya 2 pasowan, 1 regol wau: sami
kapendhet salajengipun kausungi dhumateng griyanipun Kyai Lurah
wau, dening pager banon ingkang kados siwah ingkang wonten ekipun
kajeng sawatawis, wau ek ugi sami kabekta dhateng kyai lurah,
mekaten ugi konca lurah kepala dhusun-dhusun sami dipun tedhani
kajeng dhumateng kyai lurah, ingkang dipun tdhani wau lurah-lurah
ingkang sami dados dados ingkang kasebut ngajeng wau, tembung
anyangking ngalah punika sangking kauntunganipun kathah, awit

pangetang kula sapinten kemawon yen karekeninga saking pengajin-


ing 3 griya utawi kajeng ggening nedha wau, mongka bekakasipun
kajeng kathah, sakathah-kathahipun kagaliya piyambak, atyang
griya Bucu mawi tumpang sunduk sampun temtu sak kathah menggah
bekakasipun.
Amila ing mangke boten langkung pamuji kula, mugi-mugi wontena
lindhu malih langkung sangking ingkang sampun kalampahan, ingkang
supados andadmela kauntunganipun kyai lurah malih.
==============
Ing Serat Jurumartani wulan Agustus taun sapunika ugi, kula
sampun angojahaken saking bab pamardinin gparra ageng ing tanah
Eropah dhateng sunu, amurih sumungkema,lan angestokaken dhateng
piwulang ing guru, sabab terang sanget yen pakaryaning guru
makaten sanget ing awratipun saha asring manggih pakewedan lan
sasandhungan, punapa dene guru makaten ingkang limrah boten dipun
pengaosi ingkang murwat, tur arjaning praja punika tan lyan awit
saking utamining titiyang bumi, awit saking kawontenaning pawu-
langan ingkang prayogi, dene pamulangan prayogi makaten waton
saking guru ingkang pancen wasis dhateng pakaryanipun.
Ing sapunika kula amratelakaen bilih negarijawi inggih ugi wonten
ingkang anggalih, amurih pencaring kawruh.
Ing mangke kraton Ngayogyakarta, sampun kagungan guru jawi kaka-
lih, ing ngajeng murid calon guru ing pamulangan nagari Surakar-
ta.
Rehning sampun katiti pariksa katingal cekap ing kawasisanipun,
dados ing sapunika karsa dalem ingkang sinuhun kanjeng sultan,
priyantun taruna kakalih wau, kapundhut karsa dalem kasuprih
amulang putra saha santana dalem ingkang taksih timur-timur.
Sakpamireng kula, ingkang sinuhun dahat anggenipun katsa anyan-
tosani pakaryaning guru kakalih wau.
Ing sawijinng dinten wonten putra dalem satunggil ingkang kapara
wangkal, dipun aturi emut dhateng gurunipun boten kagega: malah
sangsaya kelajeng, saingga ngantos kabendon dening guru, kadados-
anipun lajeng purik anilar pamulangan, boten tan dangu ingkang
rama,panjenengan dalem ingkang sinuhun tedhak mariksani pamulan-
gan lajeng andangu, nalaripun putra dalem satunggal wau, boten
katingala wonten ing pamulangan, nunten wonten ingkang munjuk,
sabaipun putra dalem atilar paguron sanalar kapanjenengan dalem
ingkang sinuhun, surem wadanipun saha adhedhawah dhateng guru,
kasupriha merdi dhateng sang pekik boten kalilan anyingkrangi ing
kuwajibanipun, punapa dene puta dalem katimbalan ing ngarsa dalem
lajeng apatrapan paukuman ingkang klayan murwat supados kapoka.
Lah punika andadosaken gambiraning ngakathah, dene papakuningrat
karsa amitedhani tuladan ingkang saklangkung prayogi, amurih
gampilaken pakaryaning guru lan angathahi kawruh.
Mugi-mugi para agung ing tanah jawi sami kagungan karsa ingkang
nunggil makaten.
Ngayogyakarta ping 30 September 1869. [sesuai teks yang ada—
mungkin ini 1867]
Katandhan CFP.
==============

Menggah loting loterei kareta Amerikan sakapalipun ing sapunika


amung antun 50 iji, saha para priyantun ingkang sami badhe ngar-
sakaken atumbas punika taksih saged apikantuk, nanging kedah
enggal ing panumbasipun, awit pamainipun loterei wau badhe tumun-
ten kalampahan.
Katandhan tuwan Jaspres en ko.
====================
Ongka 42, 17 Oktober 1867

Pawartos warni-warni
Menggah ingkang kasebut ing serat kakancinganipun kanjeng tuwan
ingkang wicaksana Guprenur Jendral katitimangsan kaping 26 wulan
September 1867 ongka 1 punika wonten ingkg bab sakawan balonja
tuwin wewahan pamedal para priyantun jawi bawah gupremen ing Pulo
Jawi tuwin Madura, anjawi saking tanah Priyangan ingkang kabeda-
kaken rumiyin, sadaya sami kasuwak, saha wiwit ing wulan Oktober
kaping 1 ing taun 1867,katamtokaken kados ing ngandhap punika:
Paparentahan nagar ingkang sampun mupakat, bab para bupati.

Bupati ing nagari Samarang tuwin ing nagari Surabaya balanjanipun


ing dalem sawulan 1200 rupiyah
Bupati nagari ing Paresidhenan sanesipun, anjawi saking Krawang
kaliyan ing Banyuwangi, balanjanipun ing dalem sawulan 1100
rupiyah
Bupati sajawining nagari ing Paresidhenan sadaya, anjawi ing
Baweyan, balanjanipun ing dalem sawulan 1000 rupiyah
Bupati ing Krawang tuwin ing Banyuwangi, balanjanipun ing dalem
sawulan 100 rupiyah.
Bupati ing Baweyan, balanjanipun ing dalem sawulan 600 rupiyah
mawikaparingan wewahan pamedal kados ing ngandhap punika: Dhateng
raden Adipati Arya Condranagara, bupatiing Serang bawah Banten
kaprenah eler ing dalem sawulan 100 rupiyah.
Dhateng Raden Tumenggung Arya Sastra Adiningrat bupati ing Kra-
wang ing dalem sawulan 100 rupiyah.
Dhateng Raden Adipati Arya Suradireja, bupati ing Cerbon, ing
dalem sawulan 300 rupiyah.
Dhateng Raden Tumenggung Sura Adiningrat bupati ing Majalengka
bawah Cerbon, ing dalem sawulan 100 rupiyah.
Dhateng Raden Adipati Arya Kusumadiningrat, bupati ing Galuh
bawah Cerbon, ing dalem sawulan 100 rupiyah.
Dhateng Raden TAdipati Arya Panatayuda, bupati ing Brebes bawah
Tegal, ing dalem sawulan 200 rupiyah.
Dhateng Raden Adipati Arya Puspadiningrat bupati ing Batang bawah
Pakalongan ing dalem sawulan 100 rupiyah.
Dhateng Raden Adipati Panji suryakusuma, bupati ing Samarang,
ing dalem sawulan 200 rupiyah.
Dhateng Raden Tumenggung Suradiningrat bupati ing Salah tiga
bawah Samarang, ing dalem sawulan 100 rupiyah.
Dhateng Raden Mas Tumenggung Arya Purbaningrat, bupati ing Demak
bawah Samarang, ing dalem sawulan 100 rupiyah.
Dhateng Raden Adipati Arya Condra Adinagara, bupati ing Pathi
bawah Japara, ing dalem sawulan 400 rupiyah.
Dhateng Raden Adipati Mangkudipura, bupati ing Juwana bawah
Japara, ing dalem sawulan 300 rupiyah.
Dhateng Raden Adipati Arya Condra Adiningrat, bupati ing nagari
Rembang, ing dalem sawulan 500 rupiyah.
Dhateng Raden Adipati Citrasoma, bupati ing Tuban bawah Rembang,
ing dalem sawulan 500 rupiyah.
Dhateng Raden Adipati Tirtanata, bupati ing Bojanagara, ing
dalem sawulan 500 rupiyah.
Dhateng Raden Mas Tumenggung Cakranagara, bupati ing Blora bawah
Rembang, ing dalem sawulan 300 rupiyah.

Dhateng Raden Tumenggung Panji Cakranagara, bupati ing nagari


Surabaya, ing dalem sawulan 200 rupiyah.
Dhateng Raden Adipati Arya Surya Adiningrat, bupati ing Sidayu,
bawah Surabaya, ing dalem sawulan 200 rupiyah.
Dhateng Pangeran Arya Suryawinata, bupati ing Pamekasan bawah
Pulo Madura, ing dalem sawulan 500 rupiyah.
Dhateng Raden Adipati Sura Adinagara, bupati ing nagari Prabal-
ingga, ing dalem sawulan 100 rupiyah.
Dhateng Raden Adipati Arya Prawira Adiningrat, bupati ing Nagari
Basuki, ing dalem sawulan 806 rupiyah.
Dhateng Raden Tumenggung Cakranagara, bupati ing nagari Banyumas
ing dalem sawulan 200 rupiyah.
Dhateng Raden Tumenggung Martadirja, bupati ing Purwakerta bawah
Banyumas, ing dalem sawulan 100 rupiyah.
Dhateng Raden Adipati Cakrawadana, bupati ing Cilacap bawah
Banyumas, ing dalem sawulan 200 rupiyah.
Dhateng Raden Tumenggung Cakranagara, bupati ing Purwareja tanah
Bagelen, ing dalem sawulan 400 rupiyah.
Dhateng Raden Tumenggung Kartanagara, Bupati ing Karanganyar
bawah Bagelen ing dalem sawulan 150 rupiyah.
Dhateng Raden Adipati Arya Olan somadilaga, bupati ing Temanggung
bawah Kedhu, ing dalem sawulan 100 rupiyah.
Dhateng Raden Mas Tumenggung Ronggaadinatadiningrat, bupati ing
nagari Madiyun ing dalem sawulan 100 rupiyah.
Dhateng Raden Mas Tumenggung Cakra Nagara, bupati ing Panaraga
bawah Madiyun, ing dalem sawulan 400 rupiyah.
Dhateng Raden Mas Adipati Riya Sumadiningrat, bupati ing nagari
Kadhiri, ing dalem sawulan 100 rupiyah.
Punika taksih wonten candhakipun.
===================

Sasakit ingkang aeng.


Ing griya sakit tanah Eropah wonten tiyang ingkang tilem ngantos
lami boten mawi anedha.
Kukunipun tiyang ingkang tilem wau kaketokan ngantos dumugi ing
daging, boten katawis manawi karaos sakit sakedhik-kedhika, malah
icaling raos wau ngantos anyembahi sukunipun, ananging sareng
kacoba kajampenan elektrisiteit ingkang kadhawahaken kaping
sawatawis, katingal wonten pratandhanipun manawi tiyag ignkang
sakit taksih anggadhahi raos sakedhik, menggah sasakitipun wau
sampun kawan likur taun laminipun, dene kala tiyang ingkang sakit
tilem laminipunkawandasa pitu dinten, ingkang andadosaken sage-
dipun gesang, punika amung kaombenan puwan ingkang kalebetaken
ing ngirungipun kalayan pirantos.
================
Tiyang adamel erloji ing tanah Amerikah.
Ing Waltam tanah amerikah wonten pabrik adamel erloji, menggahti-
tiyang ingkang sami anyambut damel wonten pabrik ing ngriku
kathahipun gangsalatus, sarta angsalipun arloji 50000 iji ing
dalem sataun, wondening kawat waos ingkang wawrat satengah pun
saha pangaosipun kirang langkung saking sadasa sarupiyah, punika
cekap kadamel pir erloji kathahipun sakethi iji, saha reginipun
kirang langkung saking 1500, rupiyah.
Manawi erloji daddamelan ing Waltam risak utawi tugel piripun,
punika tiyang saged ikantuk atumbas pir enggal sami warninipun

kaliyan ingkang tugel, anggeripun pir ingkang tugel wau akintu-


naken dhateng pabrik panggenanipun adamel erloji, mawi anedahaken
angkaning erloji ingkang tugel piripun wau.
=============
Jampi ingkang aneh.
Dereng lami wonten tiyang estri ngumur 18 taun kasamber ing
baledheg, tiyang estri punika lajeng dhawah kalenger saha boten
saged emut malih, sanajana kajampenan ingkang amurih emutipun
wasana wonten tiyang sepuh satunggil, punika angrembagi, tiyang
estri wau kapuri andadkekaken salebeting wangan, anangin gsampun
ngnatos kapalepekan wonten ing ngriku, kalampahan tiyang estri
kadekekaken salebeting wangan, sareng sasampun sawatawis jam
danguning anggenipun wonten ing wangan, tiyang estri lajeng emut,
wekasanipun tiyang estri wau lajeng saras babr pisan awit saking
kajampenan.
=============
Yudasastra
Wiwit saking pamanggihipun pangecaping serat dening tuwan Lorenes
Koster dumugi sapriki, sakathahing lalampahan ing ngalamdunya
sinerat tuwin kaecapaken ing manungsa, jaman tuwin manungsa ta
kendel ing solahipun piyambak-piyambak, Satingkasing jawah,
soroting srengenge sumeblak bakda perang lajeng tentrem, bibar
rendheng lajeng katiga, lalampahan makaten wau gentos-gentos
tumindakipun.
Anuju satunggiling dinten mendhung, petengipun dhedhet,ing leman-
tun panggenaning aksara kamireng aksara sami regejegan lir surak-
ing balatontra, andon yuda angajap tempuh ing jurit. Tan dangu
aksara, Ma, jumeneng awicanten anggigirisi, pitembunganipun
makaten: prakarane ora kena ora amesthi rinampungan ing dina iki,
si Ha olehe wajib dadi lurahe aksara liya-liyane, iku wawaton
saka ing ngendi, apa awit saka kagugrahaning sang widi, olehe
kajunjung kasengkakake ing ngaluhur, aku kang masthi ngereh kanca
ku aksara kabeh, tanpa aku onaana " Muhammad, Murid, Murda,
Marta, Mardika.
MA, anggenipun angalairkaen pitembungan saweg dumugi samanten
lajeng kaselanan ing NGA, ujaripun makaten: wis ta kowe aja
kakehan catur, pancen cangkemu suthik nganggur, satemene aku kang
kudu angereh ing kowe kabeh, apa sababe dene aku iki kaprenahake
ana ing ngepok, tanpa aku ora ana: Ngisa, Ngadahana, mongka
kangelan ku ginanjar kaua angono, aku suthik didokok buri, ora
kena ora amasthi aku sing kudu ana ngarep.
DA, lajeng sumambung, E, NGA, kowe bok iya wis menenga bae,
temene olehmu kaangkat dadi aksara rak mung awit saka palamartane
pujongga, amurih ngewangi si HA, kayata, Ngisa lan Ngadahana, iku
rak kena katulis nganggo HA, mulane kowe aja ngumuk umukake
awkmu: satemene aku kang masthi dadi wadananing aksara, sabab,
dwijawara, dirgantara, kabehiku katitah dening ngaku.
PA, lajeng wicanten: menenga ta DA, aja pisan-pisan maneh kowe
ngunggul-unggulake awakmu: elinga yen anane, Duratmaka iku marga
dening kowe, mulane marem martakake kaluhuran ku marang kowe,
prameswari, prawan iku kabeh apa dudu aku isng nitahake, muane
aku sing kudu ngereh ing kowe kabeh, dene si HA saiki kudu anja-
wab lan anerangake sababe dene dheweke sumela ana ing ngarep.
Aksara sanes-sanesipun lajeng sami saur peksi, kabeneran temen,
si HA masthi sumaur pitaken ku kabeh sasuwene ora melu ngrebut

suwala.
HA, tan dangu medal saking panggenanipun lajeng sareh amanguli
tmebungipun makaten, Konca-kancaku kabeh apa kowe padha bisa
nerangake nyang ngaku, mungguh sababe dene kowe kabeh padha
ngrebut pucung, ora ana kang gelem ngalah, saiki aku duwe patakon
sabab apa dene si I kang kalebu bongsa Eropah nganggo kethu, teka
ora ana kang sumeja ngrayud, marga ora kalebu tatakrama, dene si
I, tansah nganggo kethu bae.
Aksara sanesipun lajeng jenger, boten wonteningkang saged mangsu-
li. Boten antawis dangu THA mangsuli, O konca-kancaku kabeh, iba
ta isin ku deneduwe mitra kaya kowe, kok padha kena digedhag
dening si HA, marang angsulane si HA bae apa.
Angsaulane iku kena diupamakake asu jegug ora nyokot, jarene mau
wus wajib angereh marang kowe kabeh, marga dening ngadat lan
maneh wus kuna kumuna ngatoni panggonane dhewe ana ing ngarep,
sok mangkono atuma lan tikus ora kena digusah saka ing pandheli-
kane, marga wis manggon ana ing kono kuna-kununa. Sareng THA
sampun kendel pra aksara sami uyek uyekan, enggalipun sadya sami
ngrebat pucung, tan dangu katingal cumlorot lir sinipat lan
kapireng gora sabda, aksara kowe padha menenga, sapa kowe dene
umuk banget angunggil-ungulake awakira, kowe ora duwe pangkat
kowe kabeh baturku, aku kang nitahke marang kowe, aku sing kudu
kok bangun turuti.
Aksara sami sklangkung ajrihipun sarta matur pitaken, panjanene-
gan dalem punika sinten.
Swara amangsuli: aku ini manungsa,kuwasaku linuwih, aku kang
dununga kelan aweh urip marang kowe kabeh, tanpa aku kowe kabeh
ora ana ajine, wis ta padha menyanga panggonanmu dhewe-dhewe, lan
aja pisan-pisan wani maneh anggrundel kaya kang uwis.
Kalampahan wiwit samanten aksara sami tentrem sadaya.
Lah punika kisanak dongeng bab yudaning sastra, elidipun kedah
kaupadosan piyambak, anggen kula ngangit dongeng punka boten
sanes amung awon nganggur kemawon, nalika kula kengetan mungsumi-
pun Wigyapanitisastra, Danasatata, Puspawilaga, sami angrebat
suwala.
katandhan HA, LA.
===============
Kula sampun maos serat Jurumartani kaping 26 wulan Nopember ing
taun punika 1867 ongka 39, wontenpitakenipun priyantun Ngayogya-
karta, JHP tumrap ing sekar Sinom menggah ingkang dados pitakeni-
pun 2 bab ingkang 1 bab wit kekalih: pang satunggil ingkang 2
bab antiga kaliyan babon punika pundi ingkang tinitah
rumiyin,ing mangke kula anglairaken ing pamanggihipunmanah kula,
namung bab antiga: kaliyan babon kilap leres lepat kula nyumang-
gakaken menawi antiga: kaliyan babon punika ing saestunipun
rumiyin antiga, nanging dereng katitah, sawek osik kimawon babon
tinitah kantun dene menawi endhog kaliyan babon punika babon
ingkang tinitah rumiyin endhog tinitah kantun punika cacekakan
kemawon kula nymanggaken panggalihipun JHP.
Ing padhekahan Kulampis Ireng, bawah Surakarta, selasa kaping 15
Oktober 1867
Katandhan P.
=============
Punika candhakipun cariyosipun prajurit luhung ing nagari Ngerum.
Sangkoriyolanus lajeng adhedhawah kinen amarakaken para arum,

sareng samun celak lajeng sami atur kurmat konjuem ing siti,
kangibu dipun bagekaken aturipun anglangkungi angres nanging
sakoriyolanus nembe siniwaka, dados kewran anggenipun badhe oneng
onengan, kang ibu inggih sampun andugi karsaning putra.
Nulya ingkang ibumatur kathah kathah, manawi dipun pintasraya
denning para arum amurih nyuwunaken apura dhateng Sangkoriyola-
nus, supadi angemana dhateng negari Ngerum sampun ngantos karisa-
kan sanget-sanget, kathah-kathah aturipun ingkang ibu, Sangkoriy-
olanus lajeng mangsuli makaten: O ibu kathahing kang panjenen-
gan sampeyan pundhut bok inggih sampun punika, nalar anuntut
dhateng kamlaratan.
Kala kula teksih alit, rama kaliyan panjenengan sampeyan ingkang
aparing wulang dhateng kula, yen pathokaning tiyang gesang
makaten saking temen-temen sampun ngantos cidra ing janji,
sumawuna ingkang sampun kinaruban ing supata, mongka kula punika,
salamenipun nyuwita ing Ngerum asecablok temen-temen kathah
lalabetan kula dhateng praja, wasana katundung tanpanalar tanpa
lepat awit saking panggosoking tiyang, saingga kula ngantos
anyuwita ratu liya, saha sampun anggantosaken pocapan badhe
temen, saha kinancingan dening pisumpah, ing sak punika karsa
sampeyan makaten kados pundi kemawon wekasanipun, rak samun
masthekaken yen kula badhe dosa dhateng ratu kula, saha dhateng
Gusti Allah.
Kang ibu ing batos inggih angeresaken nanging rehning sampun
anyagahi badhe tutulung dhateng negari Ngerum, dados ingkang
putra kaesuk amurih wangsula, Sankoriyolanus maksa kendel boten
purun anyirepaken babendonipun.
Lajeng kang ibu muwus makaten: Thole Koriyolanus sadangune ingsun
matur ing ngarsamu, dununge katur marang panggedening mungsuh,
mulane ingsun ora gelem ninggal tatakrama, ananging ing saiki
ngger, ingsun amuwus maneh, nanging dununging marang putraningsun
dhewe, sira iku lagya dak kandhut 9 wulan banget enggoningsun
majuji kaparingana anak lanang, Gusti amirengake panuwun ingsun
nuli sira iku ingsun lairake ora pisan ingsun karasa kasangsaran,
meh perang sabil semune sikil siji tumapak ing dunya, ingkang
sawiji ana ing kaluwat, salawase sira iku dak kempit kaya pitik
dak gadhang-gadhang, aja kongsi anyebal saka ing wawuruk ing wong
tuwa, lan salawase sira iku dadi panguncanging ati, saking nggo-
nira bangun carutan apa kang dadi wewarahing sudarmanira, nanging
ing saikisira anyidrani, awit nggonira wis kanugrahan dadi
panggedhene mungsuh, ora gelem mituruti panangise ibunira yata
ngger lakonana kawajibanamu, nangingsira dak ipat-ipati, orabakal
tumindak maju ing negara Ngerum kajaba siraiku anglangkahi layone
ibunira.
Sanalikaingkang ibu lajeng ambruk ing ngarsanipuningkang putra
sang Jayengkewuh, karsanipun badhe angusapada, nanging Sangkoriy-
olanus sakitisnalan andhap asoripun dhateng ingkang ibu, kagyat
amulat tingkah ing wanudya sepuh, waskitheng tyas ajrih yen
kebgdoning Ngallah, sanalika sangkoriyolanus lajeng anjlok saking
dhadhampar, ingkang ibu dipun rnagkul sarwi muwus makaten: mangke
ta mangke ibu, yata lah anggen sampeyan angrebahaken pikajengan
kula, Sangkoriyolanus lajeng jengkar musna, boten katenan ingkang
ivu saha para arum sami sumlengeren nunten kondur arawat eluh
tanpa ngucap.
mangkaten lamaphipun prajurit luhung, saha sih sumungkeming
tanaya dhateng tiyang sepuhipun.
Ngayogyakarta ping 22 September 1867, katandhan CFP.
===========
Titiyang sami saged pikantuk atumbas sekar latunipun tuwan Ores
saking tuwan Ledherpur ing Jebres, abayar kenceng.
===========
44, 31 Oktober 1867
Kawontenanipun Ingkang Rumeksa Kunjaran
Tukang sepir ing kunjaran ageng Balabjajanipun ing dalem sawulan
35 rupiyah
Tukang sepir ing kunjaran alit Balabjanipun ing dalem sawulan 25
rupiyah
Lurah mandor tuwin lurah kajineman balanjanipun ing dalem sawulan
20 rupiyah
Mandhor balanjanipun ing dalem sawulan 15 rupiyah
Kajineman upas sapuluran tuwin tiyang jagi balanjanipun ing dalem
sawulan 10 rupiyah.

Pamedaling nagari tuwin tanem-tuwuh.


Mawi anyuwak ungel-ungelaning serat kakancingan, katitimangsan
kaping 20 Agustus 1848,ongka 7, balanjanipun Onder Kolektur
katamtokaken manawi tampinipun paos 200000 rupiyah utawi lang-
kung, punika ing dalem sawulan 250 rupiyah manawi 100000 rupiyah
utawi kirang saking 150000 rupiyah.
punika ing dalem sawulan 200 rupiyah
manawi 50000 rupiyah utawi kirang saking 100000 rupiyah, punika
ing dalem sawulan 175 rupiyah, manawi kirang saking 50000 rupiyah
punika ing dalem sawulan 150 rupiyah.
Kawontenanipun ingkang rumeksa tambak ulam loh.
Kapal ing Japara ignakng rumeksa satambak ulam lih, balanjanipun
ing dalem sawulan 50 rupiyah.
Kapala pangkat satunggal ingkang rumeksa tambak ulam loh ing
Gresik, balanjanipun ing dalem sawulan 75 rupiyah.
Kapala pangkat kalih ingkang rumeksa tambak ulam loh ing Gresik,
balanjanipun ing dalem sawulan 30 rupiyah.
Mantri tuwin kumetir taneman kopi balanjanipun dalem sawulan 45
rupiyah
Mantri taneman rosan balanjanipun dalem sawulan 45 rupiyah
Angewahi ongka 5 saking serat kakancingan katitimangsan kaping 21
Mei 1836, ongka 13 menggah balanjanipun pangageng ingkang sami
kapatah rumeksa gudhang kopi, kados ing ngandhap punika:
Pangageng pangkat satunggal ingkang kapatah rumeksa gudhang kopi,
ing dalem sawulan 80 rupiyah
Pangageng pangkat kalih ingkang kapatah rumeksa gudhang kopi,
ing dalem sawulan 65 rupiyah
Pangageng pangkat tiga ingkang kapatah rumeksa gudhang kopi, ing
dalem sawulan 50 rupiyah
Punika taksih wonten candhakipun.
====================
Punika cariyos saking nagari Englan
Wonten satunggal tiyang turun ageng, anama Sirjon sampun anglam-
pahi pidosa, saingga kapatrapan paukuman kisas gancang ing nalar
wau Sirjon lajeng kakunjara, ingkang saklangkung santosa.
Kala samanten pasakitan dipun taweni dening atmajanipun estri,
saha anglangkungi angresa anggenipun lalayat pangraos boten saged
uwal saking pengrakulipun awit putra kinasih, nunten bapa muwus
makaten, "karitelung dina ngger, masthi aku wis ilang, putra
setri miyarsa tatembungan makaten lajeng jegelek kadi tiyang
dipun engetaken dhateng nalar ingkang taksi peteng, nunten mang-
suli dhateng bapa makaten: manawi sak punika rama kados sampeuyan
boten badhe seda, sabab pun eyang rak mitranipun guruning naren-

dra, kang rama mangsuli malih: ora beng aja kowe angenti-enti
nalar kang bakal ora kalakon, patiku kiye masthi, nawala karam-
pungana kuwis kaparingan asmaradalempenglawung wismarene lakune.
Putra setri sumambung, samantena rama mongsa sedaha, sarta tumen-
ga aningseti tanganipun sarta muwus, O gusti kaparingan berkah,
pangunah ing anak setri, nunten anyelaki bapakipun saha angleng
malih, sak punika kula pamit nanging inggal panggiyan malih.
Kang rama lajeng pitaken gupuh saha maras, kang ko sedya apa
nini, putra mangsuli: rama sampun andangu punapa-punapa, aming
sampeyan dongakaken kemawon kaparinganana berkah sampeyan kemawon
ananging boten kendel semanen, nunten putra kakempit malih sarwi
kumembeng waspanipun kasaru dhateng ing tiyang ingkang ngreksa
pakunjaran lajeng kauwalaken, kocapa wonten caraka dalem kapallan
mawi ngampil uwal, wau caraka dipun begal ing margi ngantya incal
nawala kang dipun ampil.
Sareng sampun tumapak tigang dintenipun sake estu pasakitan
dereng kaukuman rehning dereng wonten nawala karampungan ingkang
dhateng.
Putra setri nunten atutuwi malih, papanggihan kaliyan tiyang
sepuhipun saha amilujengaken, rehning taksih kapanggih basuki,
nanging pasakitan maksa sanjang, mongsa nganti 15 fins msnrh ger
enggon ku urip, putra setri mangsuli malih makaten: kados boten
sabab pun eyang rak bongsa luhur, punika kumraket sanget kaliyan
guruning narendra, ingkang pancen kacelakaken mongka guru wau
ingkang badhe nanagis ing ngarsa dalem amurih maringana apura
dhateng sampeyan.
Sareng let tigang dinten malih wonten carakaning narendra malih,
lumampah ing margi sanes dipun wastan boten wonten songa rungge-
nipun, sanalika kapranggulan satunggal tiyang mawi godhek akumba-
la, wandanipun angajrih-ajrihi, wau janma angungelaken kastul
saiongga angagetaken kapal caraka lajeng mendhet kestulipun
piyambak saja kapesat mungel, sangsaya inggil papaken kapalipun
lajeng amilar caraka dhawah, dipun tubruk dhateng begal saha
dipun tindhihi dhadhanipun mawi kaungkulan patrem, caraka lajeng
ical bayunipun asrah jiwongga nawala ingkang kaampila sambut ing
durjana, lajeng numpak kapal Mamprung.
Wasana leresan sampun sumadhiya, badhe anyedani pasakitan Sirjon
kantun angentosi dhateng ing serat katrampungan ingkang sampun
sinentosan dening asmaning narendra, kasatu wonten wawarti, yen
caraka ing kang mundhi nawala kabegal malih ing margi, saingga
ical nawalanipun.
Pasakitan sirjon sareng miyarsa, lajeng angrangkul atmajestri,
wuwusipun makaten: iku takdir ing Ngallah ger saha pituduh, putra
setri sumambung: rumiyin rak sampun wonten atur kula, yen tama
boten badhe seda, sanalika lajeng brebesmili, sanget panangisi-
pun.
Samanten yitnanipun dereng dumugi 15 dinten nunten pakunjaran
menga, rawuhipun Grapdhe, dumarajok saha angrangkul dhateng
ingang putra Sirjon sarta wawarti, yen panglosotipun dhateng sang
nata, kabyantonan guruning narendra, punika tampen awit sampun
kaping kalih, nawala karampungan tuna tanpa kardi, sanalika
Grapdhe, kalayan ingkang putra kondur ing dalemipun putra.
Sinten ingkang badhe saged angojahaken kala pinanggih pun bapak
liyan para atmaja.
Ananging putra samanten wau, satunggal ingkang kinasih tan katin-

gal inggih punka atamajestri ingkang asring tatuwi dhateng pakun-


jaran.
Para putra asru sumungkem panrimahipun dhateng kang maha ening,
dene karsa anindakaken saingga ambal kaping kalih, pamusnaning
nawala dalem, kasaru wonten tamu dahteng, Sirjon adhawah kinen
amanjing aken puri, nunten sang mara tamu katingal rasukanipun
sartwi wadhag agodheg akumbala, saha topinipun kapanjingaken
lebet aming kaobahaken ing tangan sakedhik minongka kakurmat,
nulya muwus makaten sarw ningalaken dalacang, punika serat kaka-
lih manawi sampun katupiksa, prayyogi kabesmi, Sirjon sareng
amaos sapandurat musna guwayanipun saha sanget ing gumeteripun
sabab serat wau, ppunika estunipun ingggih nawala dalem karampun-
gan kisas ingkang musna.
Sanalika Sirjon nunten angling, O panyambunging nyawa kula, kados
pundi anggen kula saged mangsulaken ing kamirahan sampeuan, o
anak anak ku kabeh, mara ger padha sumungkema, iki kang mitulungi
wong ngatuwamu.
Sang mara tamu rewa-rewa, tan mireng, saha anutupi wadananipun
nanging tansaged ngampah lajeng ajrit nuwun.
Sirjon maksa muwus malih, sarta ngusap waspa, kados pundi sambut
kula dhateng sang maratamu, ingkang sampun amitulungi asung
gesang, samarangtamu sangsaya panangisipun, topi nunten kabcal
sanalika lajeng keksi rema memek apanjang saha anyamber ilen
kumlendang Sirjon tan darana ing galih, yen punia putranipun
putri, ingkang asring anuweni ing pakunjaran, lajeng kaprepegan
saha karangkul sarta muwun sasambat amelas asih, O nyawa atmajan-
ingwanger, sok mangkonowa, sira kang abelani sudarmanira, an-
glengkara temen kamurahaning widi, putra kaaras tan kendel, dene
salajengipun kondha punika, prayogi kaurut piyambak ingkan gmaos
kadya remen ing lalampahanipun ananging kapesthekaken yen ingkang
maos boten nate anglabeti pejah, kadi putra setri ingkang kaseb-
but ngajeng, samanten punika mongsa kirangana nalar, manawi badhe
anglairaken sih sumungkeming tanaya dhateng tiyang sepuh, sabab
punika sosoraning ing ngalamdunya, saben dinten boten sepen
manawi badhe anindakaken.
Ngayogyakarta ping 20 Oktober `867.
Katandhan CFP.
====================
Kula ngaturi kabar
Saking dene cekapipun pamunahing polisi, 1 titiyang nami Wigya-
wikara, ing dhusun Kesindon dhistrik Kedhungtawon, Afdeeling
Kebumen residhensi Bagelen, inggal punika: wau Wigyawikara ngupa-
dos katrangan bab lampahing kadurjanan, awit dene manggih kasusa-
han ing salebetipun dhusun Kesindhon wonten tiyang kepandungan,
Wigyawikara lelampah ngere sarta anjanjah dhusun ngupados kabar,
pinuju dhateng griyanipun titiyang nami Jayadilaga ing dhusun
Babad Dhistrik Kedhungtawon ugi, lajeng Wigyawikara gadhah atur
dhateng mas Jayadilaga, angaturaken bab ning pangupajiwa, kados
pundi pratikelipu, menggah sampening ngasegsang ngupados sandhang
tedha, wangsulanipun Mas Jayadilaga, boten langkung tiyang ngupa-
dos sandang tedha punika kajawi namung memandung dalu, punika
wenenipun kasap tanpa sarat, sarta yen purun anggeg pratikelipun
Mas Jayadilaga tanpa anandhang rugi, awit pyambakipun lampah
memandung sampun langkung saking 22 taun dereng nate manggih
satunggal punapa, sarta mas Jayadilaga suka pitedah dhateng

Widyawikara, kapurih mebet dhateng guronipun Mas Jayadilaga, kang


nama Mulyawijaya ing dhusun Pucangkrep, Purwareja.
Kelampahan Wigyawikara lumampah dhateng dhusun Pucang Krep mang-
gihi dhateng mulyawijaya, sarta ngaturaken kathah-kathah yen
pyambakipun sampun pikantuk margi saha katanggel dening mas
Jayadilaga, saknalika guru Mulyawijaya inggih sakalangjung sumu-
gun sugun dhateng pun Wigyawikara wau, saha lajeng kawejang
menggah ngelmenipun tiyang memandung, tuwin warni sarat srana
sapanunggilanipun.
Wigyawikara sareng sampun sumerep wonten tiyang lampah mekaten
lajeng mulyawijaya lajeng dipoun jak memandung dhateng ing dhusun
Kesindon, dereng ngantos dumugi Kesindon Mulyawijaya lajeng
kacepeng dening Wigyawikara, kaladosaken negari, sareng ing
dintenipun malih polisi lajeng anyepeng dhateng Mas Jayadilaga
ing dhusun Babad wau, saha griyanipun kagledhah, ing ngriku
polisi manggih barang mas inten warni-warni, saha wonten pethik
pendhem salebeting griya isi mori muslim pinten pinten potong,
punapa malih ing senthong griya wingking ingkang wetan, wonten
juganganipun isi balung maesa lembu, sakalangkung kathah.
Denten lampahipun Jayadilaga wau memandung sarta tampi barang
peteng,u ugi ngrangkep dados jagal anaming jagal boten terang
klayan polisi.
Wondene barang mas inten sapanunggilanipun sampun kagantung ing
parentah, saha negari sampun adhawuhaken parentah nimbali sawe-
nining tyang kang kepandungan kawit taun 1845, dumuginipun taun
punika, sak antero bawah kebumen sedaya, sareng tyang kathah sami
sowan kapurih mas mastanana gadhahanipun pyambak-pyambak sawar-
nining titiyang boten wonten satunggal ngaken barang wau.
Sangking bab punika pramila boten wonten tiyang kang ngaken
amergi sampun santun warni sedaya, ing ngriku mas jayadilaga mawi
ngingah kemasan. Wonmdenten barang mas inten ingkang sampun
kahantung negari wetawis argi 5000 rupiyah.
Kaping 17 Jumadilakir 1795
Katandhan HA NA CA RA KA.
=================Sareng kula maos serat wangsulanipun Dana Sata-
ta, kasebut ing serat Jurumartani ongka 43 kula kajiyat amuwusak-
en pitembungan bilih ingkang nama Dana SAtata wau lumebet wawi-
calanipun katawis saking anggenipun saged anggayuh eliding anggi-
tan kula dongeng yuda sastra, samanten wau taksih wonten kakiran-
ganipun sawatawis. Sabab ing serat wangsulan wau boten kapratela-
kaken bilih ingkang katingal cumlorot lir sinipat punika lala-
beting kuwasanipun manungsa, dene manungsa wau inggih punika pun
Cobol Abdulatip.
Lah punika ingkang boten tinerangaken. Menggah bakicikipun kata-
wis saking anggenipun semu eru, kawedal ujaripun ingkang sugal.
Anelakaken yen boten kadugi angremuk pitembungan sarana wangsulan
ingkang alus dangiyahipun. Anglaras saking tembung tiyang saged
gayuh watak wantuning musanif, mila pambekanipun dana Satrata
inggih lajeng katawis kemawon, kula punika satemenipun remen
sagnet apaben kaliyan tiyang ingkang watek canging utawi cugetan
manah. Awit kenging pinasangan wisaya amurih kurdaniun, ing
salajengipun kenging kadamel dadolanan.
Sanadyana kula mas sampeyan wastani Cobolo utawi kaupamekaken
kewan, kula taksih rumaos boten bdhe dipun majanani ing ngakat-
hah, sabab mirah wau, sanadyana inguraban ing balethok inggih

maksa dereng ical ajinipun, rak inggih makaten ta mas.


Ing pungkasaning serat, Dana Satata anyupprih batang eliding
sanepanipun bab kewan.
Saking pamatawis kula kok ragi lumuh ambatang elid elidan kados
makaten, kula sumelang bokmanawi kapurih batang elidipun sagawon
ajak ingkan gningali woh anggur, utawi dongeng kancil sapaningg-
gilanipun, sabab kula boten kuwagang anjajagi elid maksud muradi-
pun prakawis ingkang sakalangkun glebet menggah ing rosanipun.
Wondene bab panedhanipun Dana Satata kula kapurih angarang don-
geng bab yudaning kewan, punika inggih tanpa damel, sabab ing
mangke ingkang nama JHP PA akaliyan WA, sawek udur bab prakawis
babon tuwin tigan.
Manawi Danasatata karsa tumut bondayuda, ngatinglaken kalantipa-
nipun kula sagah bondakalani. Ing wusana kula suka uninga manawi
kula boten sumeja anyamunaken nama kula. Mila panyerating nama
wau, kula ringkes awit kula boten kober jangjepaken, tur sok
tiyanga sampun boten kakilapan bilih ingkang suka praondha, A.L.
inggih punika pun Abdulatip.
=======================
Dhandhangula winoring gung taklim, katurmas Abdulatip Samarang,
neng jrumretani dhedhare, yektos latre dedenipun, langkung lang-
kung tuwan kang nganggit, Jurumertani kang trang pryambak kengge-
nipun, kadumugekna tur amba, nggenter tamtu padununging Abdula-
tip, kang sampun gung mrawenda.
Ing kasastran tembung jawi wlandi, kang wus sagah paring ka-
trerangan , wit putus Olan Sekidhe, e menging manah ulun, dalu
dalu wregagi naib, sumunu kadya lintang, cumlorot ngunguwung,
saget lumampah ngambara, jalma kathah pradondi denya mestani,
weneh ing ngaran cahya.
Wonten ingkang mestani sesakit, wontening kang mujar wahyu singh-
yang, wonten pulung pendaliye, agugon tuwon sagung, pyagung jawi
kukuh mestani, wahyuning kadrajatan, malah para kaum, yen nuju
wulan Ramelan, akekandhar ngadhang-ngadhang turuneki, kang laeya-
tul kadar.
Ambara giwagugen ambudi, miyat tingkah ing para ihtekat, denya
prebadan maksude, ingkang ing ngelawau, punapa nggih gadhah
sawiwi, dene bisa ngambara, marani kang ontung, kadadeyane puna-
pa, dene langkung wening maya-maya kadi, kumaraning kumala.
Malah wonten kang kalampah siri, mutih matigeni miwah ngluwat,
ppanjang ulun glar solahe, ingkang bekparikudu, katamana katiben
pesthi, pinetha-petha, kathah pandhan pesthanipun, Mas Abdul tan
kakilapan, sakathahe gugon tuhoning wong jawi, lumrah sanung
sajawa.
Jarwakena natir kendhehneki, dimen ngilangakening sumelang, ing
pulung purwa wekase, dene rupangunguwung, gumana lir tigan agi-
lig, katingalaning kathah yen lepat pukulun, dena gung aksama
tuwan, ulun dahat cumendhak mamintasih, mupakata, sagotra.
Panjenenganipun tuwan sami, kang ngarang miwah ingkang ingkang
kuwasa, Jurumertani wedale, martanana ing bigung, meratani bang-
saning pengging, tan matur kang wus wigya, mraweda reh dudu,
mandar mindhak kagunanta, kakang serat jurumartani selami, mumu-
wuh idimulya.
Mumulya akrajjaning nrepati, murtimatuh tulada utama, mantep
marwa seng dudune, kathah ingkang kaliru, karobaning bawaning
kuli, nembungaken lacutan, tinulatinurut, korutan tas tan wate-
san, ngilangaken lulungit pantes prakati, tita dadi pranatan.
Tanpa nalar lestarining luri, salin gelar rebat leleresan, kutha
jrah karya dat dhewe, mirungga ingkang sampun, kacethareh nistha
kaesthi, mesat madya utama, tansaget katemu, anuwun pinacak
inggal, serat ulun punika mas Abdulatib, bingah aparing barkat.
Mupangat temen jarwa tur mami, adadosa sukaning sesama, kasuman-
takna, ing ngakeh, yen Mas Abdul akudu, karsa paring angsulan
sandi, wangsulan taturena, mring pajenenganipun, tuwan ingkang
ngarang serat Jrumartanik, miwah mring tuwan kang sami, kuwasa
srat punika.

Supados tuwan nrusaken mangkin, mring kawula, aran mangun jarwa,


mandar gung trima kasiye, sasat kalaban madu, sarah gendhis
marbuk wawangi, bayakurugan menyan, pangrasaning dayun, punapa
sun walesena, mring paduka rumaos tan saget ugi, mangsuli sih
jengira.
=======================
45, 7 Nopember 1867

Pawartos warni-warni
Kawontenanipun ingkang rumeksa ilen-ilen utawi urung-urung toya.
Wadana tuwin Demang balanjanipun ing dalem sawulan 75 rupiyah
Bekel upmantri tuwin mantri balanjanipun ing dalem sawulan 50
rupiyah.
Onder Mantri, Mantri Alit tuwin dhistrik balanjanipun ing dalem
sawulan 30 rupiyah.
Mata-mata balanjanipun ing dalem sawulan 10 rupiyah
Kawontananipun ingkang rumeksa guwa Sarangburung ing Karangbolong
bawah Bagelen.
Juru Milihi sarang burungsaha kapatah rumeksa gudang, balanjani-
pun ing dalem sawulan 50 rupiyah.
Ingkang ambiyantoni Juru MIlihi sarang burung balanjanipun ing
dalem sawulan 12 rupiyah.
Onder Demang balanjanipun ing dalem sawulan 40 rupiyah
Gandhok balanjanipun ing dalem sawulan 10 rupiyah.

Ing Rongkop bawah Ngayogyakarta.

Demang balanjanipun ing dalem sawulan 50 rupiyah


Jurumilihi sarangburung balanjanipun ing dalem sawulan 15 rupi-
yah
Murid balanjanipun ing dalem sawulan 5 rupiyah
Uftukan balanjanipun ing dalem sawulan 12 rupiyah
Tukan balanjanipun ing dalem sawulan 10 rupiyah
Mantri balanjanipun ing dalem sawulan 50 rupiyah
Kawontenanipun ingkang sami adamel sarem
Mantri balanjanipun ing dalem sawulan 50 rupiyah
Lurah mata-mata balanjanipun ing dalem sawulan 25 rupiyah
Lurah upas tuwin Mandhor balanjanipun ing dalem sawulan 15
rupiyah
Mata-mata, upoas tuwin rencang balanjanipun ing dalem sawulan 10
rupiyah.
Pangageng ingkang kapatah asade sarem tuwin rumeksa gudhang
sarem.
Angewahi sapinten ingkang manggepikan ungelipun bab kaping 3
saking serat kakancingan, katitimangsan kaping 5 wulan januwari
taun 1851, ongka 28 setatbelad ongka 2 menggah balanjanipun
pangageng jawi ingkang kapatah asade sarem, tuwin rumeksa guda-
hang sarem punika katamtokaken apesipun ing dalem sawulan 50
rupiyah.
Juru seratipun kontelir, juruseratipun Onderkolektur, juruserat
ing taneman rosan, juru serat ing gudhang kagunganipun nagari,
tuwin juru serat ing ngatasipun pranatan tetanen satunggil-tung-
gilipun sami kabalonja ing dalem sawulan 15 rupiyah.
Kawontenan sakantunipun.
Angewahi bab 2 tuwin 3 saking serat kakancinganipn kanjeng maha-
raja, katitimangsan kaping 25 wulan Nopember ing taun 1857 ongka
39, utawi drtsy lslsmvomhsm lsyoyo,smhdsm ls[omh 30 wulan April
1858 ongkan 46, setatblad ing taun 1858. ongka 53 menggah balan-
janipun guru-guru jawi katamtokaken 50 rupiyah ing dalem sawulan,
manawi guru-guru jawi wau sampun cakep saha taberi anggenipun
anglampahi kawajibanipun, badhe kaparingan indhakan balanja ing
dalem gangsal taun sapisan ngantos kaping kalih kathahipun sapi-
san 10 rupiyah.
Juru Kanem Cacar, tuwin kancanipun ingkang ambiyantoni ing pada-
melanipun ananem cacar wau balanjanipun ing dalem sawulan 45
rupiyah.

Kawontenanipun abdi upas.


Lurah upasipun Residhen tuwin Asisten Residhen tuwin upas ingkang
anumpakkapal balanjanipun ing dalem sawulan 15 rupiyah.
Upas balanjanipun ing dalem sawulan 10 rupiyah
Upasipun bupati balanjanipun ing dalem sawulan 10 rupiyah
Lurah kajinemanipun ufjaksa tuwin jaksa balanjanipun ing dalem
sawulan 15 rupiyah
Kajineman upas sapanunggilanipun rencang kabawah wadana dhistrik
balanjanipun ing dalem sawulan 10 rupiyah.
Kapemutan sawarnining kang anyepeng padamelan sapunika mindhak
balanjanipun langkung saking ing kang sampun kapasthi wau, sapin-
ten ingdhaking balonja punika kakalulusaken ananging samasa
wonten ingkang kendel ing panyepengipun padamelan, pundi ingkang
angggentosi badhe atampi balonja kathahipun manut ingkang sampun
katamtokaken ing bab kaping 5.
Katamtokaken bilih para bupati saha sanesipun priyantun ingkang
sami anyepeng panguwasa badhe sami kaparingan pangangge pameran,
kenginga kaangge ing saben wonten pasamuwan sapanunggilanipun
dinten ageng, supados anedahaken kalenggahan tuwin pangkatipun.
======================
Wonten tiyang asuka kabar manawi ing Samarang sapunika wonten
dhukun tiyang jawi ingkang saged anyopot untu boten mawi karaos
sakit, dene panyopotipun wau asrimg kalampahan boten mawi piran-
tos punapa-punapa, amung kacopit kaliyan tangan kemawon, para
tiyang manawi boten pitados ing kagunan punika mugi nyobaha
angundang dhateng dhukun wau, menggah wragading panyopotipun untu
punika boten kathah, ing sapunika dhukun wau amondhok ing griya-
nipun upas pos wonten kampung Suburan salebeting kitha Samarang.
==============
Ing nalika dinten Salasa tanggal kaping 8 wulan Oktober ingkang
kapengker punika, para tuwan ingkang sami anguwasani bab padamel-
an margining kareta asep adamel pista wonten ing Kedhungjati,
minongka pakurmatanipun kanjeng tuwan residhen Lamres Pantoren
Bureh ingkang saweg pamit dhateng nagari Walandi, punapa malih
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Kanjeng tuwan
Residhen tuwin Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya mangkunagara
wau sami karsa amriksani pandamelaning marginipunkareta asep saha
mawi anitih kareta asep.
===================
Kala tanggal kaping 20 wulan Sepembetr ingkang sampun kapengker,
wanci siyang pukul satengah kalih welas, bupati ing Purbalingga,
Raden ADipati Dipa Kusuma seda, Menggah Raden ADipati Dipa Kusuma
wau anggenipun dados bupati sampun langkun saking salikur taun,
sarta sampunanindakake parentahipun Kanjeng Gupremen linampahan
dening kalerehanipun para priyantun tuwin titiyang alit kalayan
bingah ing manah. Kala ing wulan Mei ingkang sampun kapengker
Raden Adipati Dipakusuma karaos manawi karosanipun sangsaya suda,
sanadyan sakedhap angraosaken sakeca malih, ewadenten sariranipun
ingkang boten kuwawi anandhang sasakit ingkang sakalangkung
sanget.
Kala tanggal kaping 21 wulan September 1867 jisimipun Raden
ADipati Dipakusuma kasarekaken wonten ing Giri Candhana, dene
ingkang sami anjenengi ing nalika samanten punika kanjeng tuwan
Residhen Sutelip, kanjeng tuwan asisten residhen Phitperpluh
kaliyan Kanjeng Tuwan Asisten REsidhen Sekaref, saha para tuwan
Kontelir Pandhissel, Bodriyo, tuwin Tidheman punapa malih para
tuwan sanesipun, sareng jisim kaangkat aken,kakurmatan ing unge-
ling sanjata kaping sadasa, sasampunipun dumugi ing panggenan
badhe anyarekaken jisim, kanjeng tuwan residhen Sutelip(f)
andhawahaken pangandika, bab Raden adipati Dipakusuma ingkang
sampun kaanggep mitra ingkang jeng tuwan residhen, saha bab
anggeniupun tepang kanjeng tuwan Residhen, kaliyan Raden ADipati
Dipakusuma wau, laminipun salangkung taun, punapa malih bab
pangangkahipun Raden Adipati Dipakusuma kala taksih sugengipun
boten sanes amung murih karaharjaning kabupatenipun.
=====================
Kala tanggal kaping 5 wulan Oktober ingkang sampun kapengker ing
dalem kabupaten ing Tuban wonten pasamuwan ageng, kanjeng tuwan
asisten residhen ing Tuban tuwin para kontelir sami wonten ing
ngriku, punapa malih para priyantun jawi inggih sm pepak sadaya,
ing waktu punika raden adipati Citrasoma bupati ing Tuban kapa-
ringan songsong jene dening kanjeng gupremen, minongka ganjaran.
==========
Paedahipun tiyang temen suwiteng ratu.
ing salebeting kraton dalem Ngayogyakarta, wonten sawijining
abdidalem panji ing dhistrik Ba, punika dahat menggah ing tabere-
nipun abaureksa dhateng kapulisen amurih arjaning praja, dene
ingkang kasentosanan dhateng wau panji saking bab lampahipun
kagungan dalem kanjeng jatos ingkang kadunungan memaras amulat
padhanging surya, tegesipun inggih punika kajeng peteng.
Kok wonten ingkang purun anglampahaken kajeng tan terang saking
negari, sampun kapesthekaken yen kaandhek ing kapanjen Ba, dene
kadadosanipun punika teksih kakemulan langiting wados, sareng
sawiining dinten ing wulan punika ugi, wonten kajeng dhateng ing
kapanjen Ba, kemot ing grobag, sang panji katuran serep lajeng
adhedawah andikakaken anyepeng, sarehning tanpa lulusaning
negari, badhe sanjang dhateng ingkang gadhah, sarwi bekta serat
pas saking negari, sruaosipun anglilani anglampahaken kajeng
samanten iji, kabekta grobak samanten lajeng wau serat pas
kabekta dhateng kapanjen, panyananipun ingkang gadhah kajeng,
amasthi lajeng kaulungaken, o punika boten pisan, saingga rambah-
rambah dhawah ing parintah ageng, inggih meksa dipun kukuhi
dhateng sang panji, sabab cacah ing kajeng boten cecek kaliyan
ungeling serat pas langkung kajeng taun 3, iji anggenipun nyamper
ingkang ngirid ing margi, lah punika ingkang dipun damel kaol,
sareng kautusan malih warsi sereng dening parintah ageng, sang
panji nunten anguculaken kaeng terang wau, nanging dipun cowok
kajeng jatos tigang iji, sumerep mamanis mongka ageng-ageng cekap
kagem saka guru griya tikelan dene ingkang dipun damel gentoisi-
puninggih punika kajeng taun tigang iji ingkang kasebut ngajeng,
pamanggih kula sang panji kalebet wasis ing kawruh.
Sareng ingkang gadhah semerep yen kajeng jatos werang wau kabegal
3 sanget gumunipun lajeng matur ing parintah nyuwun adil.
Parintah boten sepen adil palamartanipun, dene ingkang anindakak-
en saking bab punika, abdi dalem panewu carik ing kadanurjan nami
mas panewu, Ma, Ra, punika saking tembunging warti, sanadyan
nembe kaancepaken sampun katingal menggah ing cekapipun abaurtek-
sa lampah ing [praja, mila owel bilih boten kauningan bab saking
kacekapanipun dhateng ayahan dalem, wangsul cariyosipun sang
panji, punika punapa anglengkara punapa boten dene kagadhah
pangunah, jene dipun wenekaken tembagi, owelipun boten anindakak-
en kosok wangsulipun tembagi kadadosna jene, iba pamujining
tiyang kathah.
Wasana kados pundi mitra kula ingkang sami nupiksaning serat
jurumartani, menggah timbang raosipun, rak wonten paedahiipun
tiyang temen-temen suwiteng ratu, ananging kajeng dipun adhek
ngantos 10 dalu langkung punika punapa boten boten dados pitu-
naning konca grobag ingkang bekta, yen yakin makaten lah sinten
ingkang wajib anglintoni, panji punapa ingkang gadhah.
Dene kajeng 3 iji ingkang kakendelaken ing kapanjen Ba, ngantos
sapriki dereng ujud, Surakarta ping 30 Oktober 1867. Katandhan
mitraning kondhestu.
=====================
Panuwun kula ing tuwan ingkang angarang serat Jurumartani, serat
kula punika mugi kapacaka ing Jurumartani.
Kula sampun maos serat Jurumartani ongka 39 katitimangsan kaping
26 wulan September 1867, ing ngirku wonten serat ingkang katand-
han Karyasastra, saha amratelakaken kodhenging panggalihipun
balemaning para gusti ing karaton dalem Surakarta, ingkang punika
manawi andadosaken condhonging karsanipun mas Karyasastra, ing
sapunika kula badhe amratelakaken pamanggih kula piyambak sarta
panuwun kula manawi wonten kirang saha lepating ukara mugi ing-
kang agung pangaksamanipun mas Karyasastra, menggah pratelanipun
ing ngandhap punika:
Putra dalem ingkang sinuhun kanjeng Susuhunan Ingkang kakung
miyos saking garwa dalem kanjeng ratu saha sepuh piyambak timuri-
pun anama: Raden Mas Gusti, utawi gusti timur manawi sampun
jumeneng anama: Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Amengkunaga-
ra, sudi byaraja putra narendrA Mataram, ingkang rayi tumunten
timuripun anama Raden Mas Gusti manawi sampun jumeneng anama
Kanjeng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi, ingkang rayi malih manawi
sampun jumeneng anama Kanjeng Gusti Pangeran,,,,,,,, dne manawi
putra daken outri miyos saking garwa kanjeng ratu, timuripun
anama: Raden Ayu, manawi sampun krama nama ratu.
Putra dalem ingkang sinuhun kanejgn susuhunan kakung miyos saking
garwa pangrembe, sarta sepuh piyambak timuripun anama: Raden Mas
manawi sampun jumeneng anama; Pangerean Angabei, dene para ari
sanesipun kala taksih timur anama: Raden Mas manawi sampun jume-
neng nama: Pangeran Arya,,,,,,,,,,, menggah putra dalem putri
ingkang miyos saking garwa pangrembe seouh piyambak timuripun
anama: Raden ajeng, manawi sampun krama nama raden ayu.
Menggah ingkang nama pangeran punika amung tedhak kaping kalih,
kaetang saking ingkang sinuhun kanjeng susunan, tedhak kaping
tiganipun anama: raden mas ariya, inggih ugi saged anama pangeran
ananging manawi wonten karsa dalem ingkang sinuhun punika anama:
pangeran ganjaran, pangeran tedhak sapisan punika anama: Pangeran
putra, tedhak kaping kalih utawi kaping tiga nama: pangeran
santana.
Wasana para garwa dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan punika
namanipun sampun sami kaliyan pratelaning seratipun mas panji
Sasraminarsa ing Ngayogyakarta.
Surakarta kaping 4 Nopember 1867.
Katandhan Mitranipun Kondhestu.
=================
Kula gumun sanger dene mitra kula ingkang nama: JHP, ing sapunika
katingal sampun supe babar pisan dhateng kula, mongka anggen
kula mimitran sampun langkung saking gangsal welas taun, ing
mangke kok calekik, lajeng kados tiyang dereng panggih-pinanggih,
kados pundi ta pikajenganipun punapa sampeyan kyai JHP, saweg
kasekelan ing galh, bokmanawi dalem sam,peyan ing Ngayogyakarta
ambruk awit saking lindhu, awit kula mireng manawi griya-griya
ing Ngayogyakarta kala wonten lindu kathah ingkang sami ambruk,
sayektos Kyai JHP wangsulan sampeyan serat boten wonten ampiri-
pun, bilih sampeuuan sampun nate tunggil saha jang kaliyan kula
kala wonten ing Ngarab, cangkriman sampeuan sasaged-saged sampun
kula batang, manawi pambatang kula sulaya kaliyan panggalih sam
peyan lah punika kula sumongga, yen karsa masa wandeya, punia
tegesipun: leres lepat wonten ing karsa sampeyan, awit sampeyan
ingkang angreka cangkriman wau, supados kasumerepan ing ngakat-
hah, saha sampeyan sampun ngantos kawastanan; kathah galudhug
boten jawah, lo punika sampeyan amesthi sampun anyandhak ing
pikajenganipun, anjawi saking punika kaayektosaipun kula badhe
apitaken dhateng kyai JHP sarehning sampeyan anggelaraken bab
abon kaliyan tigan pundi ingkang ttinitahaken rumiuyin ing mangke
sampeyan amesthi saged anerangaken bab dadosipun manungs, sa-
tokewan sapanunggilipun ingkang sami tinitahaken ing gusti Allah,
sadaya punika sampeyan mesthi boten kakilapan, bilih kalebet ing
ngelmi. Para saged ing tanah Eropah sampun sami gadhah saserepan
tuwin pamanggih ing ngatasipun prakawis punika, sarta kaemper-
emper wah kacundhukaken kaliyan kawontenanipun, wekasan kathah
menggah ing emper tuwin cundhukipun samanten wau saged dipun
para saged gadhah saserepan tuwin pamanggih, punika medal saking
pambudi, ananging boten kenging kawastanan sampun tamtu utawi
mesthi ing kayektosanipun, lah punika kyai JHP mugi galiha
ingkang memet, manawi sampun kapanggih, mugi lajeng kapreatelana
wontening jurumartani, ingkang sapisan bab dadosipun manungsa,
kaping kalih bab dadosipun sato kewan anjawi saking dadosipun
bongsa anigan, ananaging sampun ngantos mawi anggepik dhateng
kitab.
Anjawi saking ingkang kasebut ing nginggil wau, kula badhe matur
sakedhik ing panjenengan sampeyan kyai JHP kados pundi dene
sampeyan amastani kaji Amat kajeg-gajeg kewan utawi manungsa,
punapa sampeyan kyai dereng sumerep bedaning kewan kaliyan ma-
nungsa, punapa kewanp[unika wonten ingkang gadhah nama kaji,
punapa sampeyan purun kula antep, manawi sayektos sampeyan dereng
sumerep dhateng kaji Amad ingkang kawastanan kewan wau.
Katandhan Wa.
==========================
46, 14 Nopember 1867

Kulawisudhan sapanunggalanipun

Kanjeng Tuwan F.R.Y.M.Aiser, ingkang wau dados asisten residhen


ing Saparuwah tuwin ing Haruku kalebet ing pulo Moloko, ing
mangke kaparingan pamit kalih taun dhateng nagari walandi, amargi
saking sakit.
Kanjeng Tuwan L.N.Y. Geipan Pitiyus, ingkang wau dados asisten
residhening Bojanagara paresidhenan Rembang, ng mangke kakula
wisudha dados asisten residhen ing Balitar paresidhenan Kedhiri,
saha angiras nguwasani lelang wonten ing ngriku.
Mas Wiryarinata, wadana ing Wedhung bawah Demak, ing mangke
kakundur saking kalenggahanipun.
Mas Sumadimeja, mantri kopi ing Tengaran bawah Salatiga, ing
mangke kainggahaken dados mantri pulisi ing Salatiga.
Mas Yuda Sudirya mantri ukur ing Batawi, ing mangke kainggahaken
dados mantri kopi ing Tengaran bawah Salatiga.
Mas Ngabei Atmadipura, ingkang wau dados wadana ing Kebumen, ing
mangke kainggahaken dados patih ing Purwareja.
Mas Mangunyuda, mantri ingkang kabebahan amariksani ilen-ilen
toya ing Comolor bawah Pamalang paresidhenan TEgal, ing mangke
kainggahaken dados mantri pulisi ing Kesesi.
Mas Wiryadireja, juruseratipun kontelir ing Pamalang, ing mangke
kainggahaken dados mantri ingkang kabebahan amariksani ilen-ilen
toya ing Comolor bawah Pamalang Paresidhenan TEgal.
Mas Sumaprawira, maganganipun Kanjeng Tuwan Asisten Residhen ing
Pamalang Paresidhenan TEgal, ing mangke kakula wisudha dados
Juruseratipun kontelir ing Pamalang paresidhenan Tegal.
=====================
Pawartos warni-warni
Sastrapermadi amratelakaen sasaged-sagedipun piyambak wonten ing
Salompret Malayu, bab bangsaning ayam kalebet ing ngelmi kodrat,
jalaranipun kapanggih saking kawontenaipun, bilih ing kampung
Gembalakan, kaprenah sawetaning Danurejan wonten sawung satunggil
gadhah suku tiga tuwin silit kalih.
=========================
Ing dhusun Kalampok bawah dhistrik Ngapek Paresidhenan Ngayogya-
karta, wonten tiyang anama Surataruna,punika sampun kalih taun
laminipun gadhah lembu satunggil, sarta dereng sumerep punapa
lembu punika jaler punapa estri. Manawi lembu wau katingalan
saking ngajeng kados estri, dene manawi katingalan saking wing-
king kados jaler.
==========
Ing dhusun Bonjot dhistrik Mayong kabupaten Samarang wonten
dhapuran Rosan uwitipun rosan nembelas iji, dene uwit satunggil
tunggilipun ing ngandhap masi epang satunggil, ingkang angrempay-
ak sami kaliyan uwitipun.
============
Ing nalika dinten Kemis tanggal kaping 19 wulan September ing-
kang sampun kapengker punika, ing dhistrik Balok kabupaten Mage-
lang wonten lesus ageng, dhatenging lesus ing wanci asar saking
kidul mangaler, kalampahan angrisakaken griya 19 dhapuran deling
61 uwit-witan awarni-warni kathahipun 540 iji, dene uwit aren 110
wit kopi watawis wonten saking 500 wah wonten titiyang satunggil

ingkang nandhang kasangsaran karebahan griya, ananging boten


ngantos anemahi pejah, ing sapunika tiyang ingkang nandhang
kasangsaran karebahan griya wau taksih kapulasara ing dhokter
woten ing griya sakit, punapa malih wonten lembu titiga ingkang
sami karebahan griya lajeng pejah sadaya.
============
Pasiten ing Kadhuwung bawah paresidhenan Pasuruwan kaapit mubeng
ing dhistrik-dhistrikipun Kanjeng Gupremen, punika wiyaripun
kirang langkung saking 850 bau, samanten bau wau pasabinanipun
kirang langkung saking 650 bau dene sakantunipun kirang langkung
saking 200 bau kaetang margi, lepen tuwin pemahanipun ing dhusun
sami kataneman uwit kalapa, sareng sampun awoh kathah karisak
dening bajing. Bajing punika anggenipun anedha woh kalapa kamur-
wat bajing satunggil-tunggilipun anelasaken woh kalapa satunggil
ing dalem pitung dinten, dados ing dalem sataun kirang langkung
saking woh kalapa 50 iji.
Kala ing wulan Juni 1866, tiyang amedalaken wragad damel anyirna-
kaken bajing, menggah sarananipun anyirnakaken bajing wau awarni
sandawa tuwin gotri, para tiyang dhusun kapurih aanyanjata baj-
ing, manawi angsal kasukanan epahan, ingkang sampun kalampahan
rumiyin bajing satunggil kasukanan 10 sen, boten ngantos lami
epahan punika indhakan dados 20 sen, mindhak-mindhak malih ngan-
tos dados 25 sen.
Sareng para tiyang anggenipun anyanjaya bajing sampun angsal 958
iji, lajeng boten saged angsal pamedal malih saking anggenipun
anyanjata bajing, amargi sampun boten wonten bajing malih, dene
wragadippun anyirnakaken bajing kathahipun 173 rupiyah langkung
90 sen manawi kaetang kirang langkung saking bajing 1000 satung-
gil-tunggilipun anelasaken woh kalapa 50 iji ing dalem sataun,
manawi woh kalapa satungil regenan 5 sen, dados woh kalapa 50000
iji regi 2500 rupiyah.
Menggah para lurah dhusun bawah gupremenan asring sami anglebe-
taken buntut bajing dhateng kawadanan, ananging lampahipun ame-
jahi bajing botenkalayan sandawa tuwin gotri, dados kirang pikan-
tukipun, mila patrap anggenipun amejahi bajing ing pasiten kadha-
wung wau kenging dados tutuladan saha gampil kalampahan, saupami
bajing ing satanah jawi badhe kasirnakaken, lampahipun kados ing
pasiten Kadhawung, punika wragadipun kenging kaettang 500 kaping
175 rupiyah, dados gunggung 87500 rupiyah, dene pikantukipun
manawi bajing sampun sami sirna, kaetang 500 kaping 2500 rupiyah
dados gunggung 1250000 rupiyah, iba kathahing kauntunganipun para
tiyang alit.
Menggah pemahan ing kedhawung punika kagriyanan ing tiyang 400
kaetang titiyang alit salurahipun punika kenging kaetang tiyang
pemahan satunggil wragadipun amejahi bajing kirang langkung
saking 45 sen, manawi kauntunganipun pikantuk saking sirnaning
bajing kaserepaken dhateng para tiyang dhusun, amesthi para
tiyang dhusun wau sami badhe purun anglampahi kalayan sarjuning
manah.
===============
Dhokter Inemanbos prasman gadhah pamanggih adamel dhempul ingkang
boten saged risak dening latu utawi toya. Dhempul punika pandame-
lipun makaten: ingang kalih panduman kikiran tosan, kawuwuraken
kalayan saringan ingkang sakalangkung alus, sarta siti lempung
ingkang garing kabubuk sapanduman, sasampunipun kikiran tosan

atunggil kaliyan bubukan lempung, lajeng kauled kaliyan cokak,


ingkang nbgantos dados kados jenang, ananging panguledipun kedah
kaatosa-atos, dene manawi dhempul sampun dados, punika kedah
enggal panganggenipun, awit manawi ngantos dangu dhempul wau
lajeng dados atos.
===================
Wangsulan dhateng ingkang wasta STP 2 JHP.
Kula nuwun tuwan Jaspres enko, kula angaturi panjurung, isenipun
ing kabar Jurumartani.
Kala ing dinten Dite, Pon, tanggal kaping 27 wulan Oktober 1867,
wanci jam songa enjing, kula sanjan dhateng giryanipun mitran
kula, pinanggih sami lalenggahan, wonten ing griya ngajeng,
kalih kancanipun, sami aningali serat Jurumartani, sdhateng kula
lajeng dipun ken maos Jurumartani ongka 40 kalih ongka 39.
Ing ngriku anuyebutaken makaten
Wonten tiyang wasta STP gadhah panedha dhateng para priyantun,
ingkang remen marsudi kawruh, karsa anerangkaen taembungan 5
prakawis kados ing ngandhap punika:
1, anyupena punika punapa
2, awit saking punapa tiyang anyupena
3, sabab saking punapa tiyang tilem mawi nyupena
4, nyupena mekatenpunapa wonten tegesipun
5, nyupena punika punapa kenging kaanggep temen.
Satelasipun ing pamaos kula, alegeg, tigang pandurat, jetung,
lenger-lenger, gagetun, ngungun, ing manah wekasan lejar, bingar,
wor trus thengdriya, marwata suta, kalih dunga sokur, alkamduli-
lahirobilalamina,
Dene kok wonten ingkang purun anglahiraken suraospun ing kaelo-
kan, ingkang sampun lami anggen kula ngupadosi, ing mangke pi-
nanggih sinebutaken ing Jurumartani.
Kang mongka ingkang sami angsal, sarta maos serat jurumartani
punika, anjawi saking para tuwan tuwan, tiyangipun jawi saestu
para ageng, utawi para amtenar, apesipun balebes, juruserat
sapanginggil, sarehnning sampun lami anggen kula ambudi bab
tiyang tilem nyupena, dereng pinanggih wusona wonten ingkang
nglairaken, saestunipun ingkang anglairaken wau, sampun angsal
kateranganipun ing pamanggih, tembung mokal, yen ta dereng nga-
wuninga, purun anglairaken kasebut ing Jurumartani.
Ingkang punika, kula amiteges, dhateng ingkang wasta, STP bab
soalipun STP ngajeng wau,punapainggih yektos angemuraos punapa
keratabasa. Anggen kula piteges, mangkaten wau, bilih kados
cariyosipun ki dhalang, Petruk anyoal dhateng pandhita, ing
Ngarga Andong Cinawi, sualipun Petruk kados ing ngadhap punika.
Sejroning badan, ana tulis iku wajib den kawruhana, yen nora den
kawruhi, amesthi rusak agamane.
Sang pandhita kemengan ing galih, maguru dhateng Petruk, mawi
mejani 6 suku Petruk ambeberaken meakten, sajroning babadan, ana
watu mandhelis, yen ora weruh panthi arite gowang, Petruk lajeng
angenthir mlajengaken mejani.
Manawi sualipun STP sayektosan, mugi kababarna ing kang sajati,
bilih STP boten kapareng, kawuninganing kathah, ambucala sastra
iber dhateng Amtenar Asisten Opservator ing nagari Batawi, kang
griya kampung Kebon Sirih, ingkang wasta Raden Mas Suteja, dene
bilih Raden Mas Suteja, kapuri mangsuli serat, kalebetaken ing
Jurumartani malih, nuwun mopo, manawi lelayanan kalih priyantun

Miring Singlon ing nami.


Ingkang kaping kalih, ajrih bokmanawi dipun esemi para sujana,
tuwin dipun gugujeng ing lare alit, kados dene ukaranipun ing
serat jurumartani ingkang mawi sekar macapat, dhandhanggula,
punika saben tiyang maos, gumujeng kalih wicanten makaten.
Yen durung wasis, pratameng sastra kaya Wigyapanitisastra, utawa
Abdulatip, bok aja gawe lagu, mundhak gawe cuwane kang padha
maca.
Ingkang kaping tiga, kula nyuwun saserepan STP wau presajanipun,
menggah ing nami Bares sinten, punapa bongsa walandi, punapa
bongsa jawi, anggen kula miteges mangkaten wau, dene kok nami
mawi purnam, bilih adat ingkang mawi purnam punika, walandi yen
bongsa jawi boten cara, nami mawi purnam inggih sinajana wasis
dhateng kasusastran walandi, tuwin sastra jawi, samongsa nilar
cara, nilar tata, nilar adat, boten presaja, inggih boten utami,
sadaya ingkang mawi tondhanama, palsopurnam punika, kenging
katembungaken miring, utawi besiwit upami tiyang perang, yen
mengsah kalih ingkang presaja, purun maos, boten purun kawaos,
senanjana ingkang presaja, saged males, boten premana ingkang
dipun wales, dados ingkang presaja punika lepat, leresipun, boten
kawuningan ing kathah, ingkang wuninga bilih kaalem tuwin kawada
ing kathah, namung ingkang gadhah tondha piyambak, kados ta
nalika jamanipun Puspawilaga 2 Wigyapanitisastra 3, Abdulatip,
punika sadaya priyantun sampun terang dhateng raden Panji Puspa-
wilaga, upami ngaturana serat medal ing ngepos, saestu kapanggih,
sareng dhateng mas Wigyapanitisastra, laih dhateng mas Abdulatip,
sapriki dereng terang, upami ngaturi serat medal ing ngepos,
saestu sasar-susur tan panggih.
Pramila ing mangke atur pirembak kula dhateng para priyantun
ingkang sami mirsani serat Jurumartani, samongsa mawi tondha nama
palso, utawi mring boten presaja saunge-ungelipun, kenging kami-
reng boten kenging kamanah, anjawi bilih sami karsa peteng samu-
dayanipun, kula anyumanggakaken boten langkung kula nyuwun pan-
gaksami ingkang agung,
Sinerat kaping 28 Oktober 1867. Katandhan Raden Mas Suteja.
===============
Ing serat Jurumartani ongka 44 kula maos seratan mawi tondha
astha dhateng Abdulatip, cekakipun kula katedhanan katrangan bab
ingkang winastanan warni gaib sumunu kadya lintang, cumlorong
ngunguwung, saged lumampah ngambara.
Saderengipun t(k)ula maangsuli dhateng sang Musanif ingkang
namanipun ugi kenging kabasakaken cumlorong awit saking dening
sepen, kula acumandhak narukrami matur ing sampeyan mas, bilih
pratelan sampeyan bab warni ginaib wau ragi kacekaken yen ta
angajeng-ajengaken wangsulan ingkang badhe nglegakaken manah. Yen
boten makaten dados kewdan sanget anggen kula badhe mangsuli,
saking bingunging manahipun ingkang katedhanan pirsa, punapa dene
saking anggenipun kapencut mangsuli, bok manawi warni ginaib wau
kunun konang, sabab sumunu kadya lintang cumlorong nguwung-uwung,
saged lumampah ngambara, Sok makatena sampun nyemler, awit prat-
elanipun sampun kenging katumrapaken.
Sampun andadosaken rengating galih mas, dene kula purun-purun
sembaranan, kunun sanes kula ingkang lepat sabab enget tan punika
dede darbenipun manungsa.
Ing nalika kula miwiti serat punika, kula satemenipun boten

sumerep punapa ingang badhe kula criyosaken jalaran saking prate-


lan sampeyan kirang terang, delasan dumuginipun samanten inggih
maksa dereng angsal wawangsit, mila garjianing tyas mami ing
waktu punika ingkang kula serati. Mbok manawi dangu-dangu kula
saged manggih pikajenganipun pitaken sampeyan.
Sadangunipun kula nyerat punika wonten nalar malih ingkang kula
manah. Inggih punika bab anggen sampeyan amurweng gita kok sae
sanget, kula punika sanadyana sampeyan mastani sampun putus
dhateng kasusastran makasa dereng saged nganggit tembangan amargi
saking kakirangan tembung kawi.
Kula eram sanget dene kathah tiyang ignkang baud angregani ujar
temen, ngantos katemenan wau prasat ical katutupan ing rerenggan.
Kula punika tiyang secablak boten remen angrenggani pitembungan
kula sarana tembung kawi, sangkrita, sapanunggalanipun bokmanawi
awit saking boten kadugi, sarta, e lah kapanggih sapunika mas,
pikajengan sampeyan bab warni ginaib, kunun dede konang, katran-
ganipun makaten:
Ing dirgantara kathah kemawon maujud ingkang winastanan meterur
ing tembung walandi, utawi sela ingkang dhumawah saking ngambara.
Ing tembung Jawi kabasakaken daru. Daru punika ugi angubengi
srengenge sami akaliyan bumi, rembulan tuwin lintang aliyan
inggih punika lintang ingkang boten manggen utawi boten ajeg ing
panggenanipun.
Rikating pangubeng 4 ngantos 5 mila ing dalem sasekondhe: tarka-
dang daru wau amethuki lampah ing bumi, temahanipun katarik
dening daya panggendenging bumi, mila kalampahan dhawah ing siti.
Lintang ngalih tuwin meteur punika saleresipun boten kenging
kabedakaken sabab asring kemawon lintang ngalih kawalik sipatipun
dados meteur, ing panggenankubeng kirkring kados ta redi Himala-
yah ing tanah Asiyah, tuwin Kordi leras ing tanah Amerikah,
wangsulipun lintang ngalh kapara ajek, amargi saking langung
padhang tuwin teranging dirgantara dados kenging kawaspaos saken
ngalih wontenlintang ngalih. Menggah meteruripun kapara awis awis
katingalipun.
Agengipun inggih beda bneda, tarkadhang agengipun salintang
tarkadhang sarembulan, selanipuningkang dhawah ing siti ngantos
ambles dumugi 10 utawi 15 kaki.
Asring kemawon katingal kados mega, peteng, lajeng ambledhos
ungelipun kados galudhug, selanipun ingkang dhawah, kalampahan
angurugi pasiten.
Tarkadhang dhawah saking langit ingkang sakalangkung padhang.
Ing tanah Bohemen nagari Dhitslan kadhawahan meteur ingkang
awratipun 400 pun, wonten malih ingkang acacriyos manawi ing
nagari Itali wonten meteur dhawah ing lepen Narni taksih katingal
sanginggiling toya.
Ing nagari Cina kacriyos manawi cedhak lepen jene wonten parang
ageng warni cemeng inggilipun 40 kaki, punika dhawah saking
dirgantara. Ing jaman kina taun 1660 eonten satunggilipun pujong-
ga elmi kodrat Anameter saongga gadhahi panggraita bilih meteur
punika asal saking redining rembulan nanging panggraita makaten
wau kalebet ngalangkara. Menggah kawontenaning meteur punika
tosan kammomoran pethaking slaka tuwin sela sapanunggilanipun
meteur wau kenging kadamel pedhang kathah ratu ing jaman kina
ingkang ngatrsakaken damel.
Lintang ngalih utawi meteur punika wiwit jaman kina taksih kaan-
gep dalajat. Dalasan pujongga si Sero ing jaman kina anggadhahi
panggraita yen kasangsaran ageng punika kalamatan ing lintang
kumukus utawi meteur.
Sarehining ing jaman sapunika, bongsa Eropah sami amarsudi ka-
wruh, mila pambekgugon tuhon kalampahan sirna.
Ing wusana para kaum kula aturi kendel anggenipun sami kakadhar
angadhang turuning daru yen nuju wulan Ramelan sabab ing tanah
jawi ngriki dhawah ing daru boten ajek.
lah punika katrangan kula mas, sasaged-saged kula anglaksanani
pandangu sampeyan.
Pancenipun elmiPalak ingkang kedah nerangaken, dede bebahanipun
serat Jurumartani.
Saupami katrangan kula taksih wonten kakiranganipun mugi agung
ing pangaksama sampeyan.
A LA.
================
Para priyantun jawi ingkangsami tumbas lot loterei kareta Ameri-
kah sarakitanipun sarta prabotipun tuwin kapal sarakit kaauran
uninga manawi loteri wau badhe kamain benjing ing dinten Akad
tanggal kaping 17 wulan Oktober punika utawi tanggal kaping 20
wulan Rejep taun Ehe ongka 1796 wanci pukul wolu enjing wonten
ing Komidhen.
Anjawi saking punika para priyantun wau kaemutaken manawi regin-
ing lotipun boten kabayar ing dinten pamaninipun loteri, lotipun
wau badhe kasadde dhateng tiyang sanes.
Wasana titiyang taksih sami saged pikantuk atumbas lotloteri wau,
sapunika amung kantun sawatawis. Surakarta kaping 11 September
1867.
Jaspres enko
==================
47, 21 Nopember 1867

Pawartos warni-warni
Kala wingi enjing tanggal kaping 24 wulan Oktober ingkang sampn
kapengker, wanci pukul sadasa, kanjeng tuwan ingkang wicaksana
guprenur jendral sampun anglilani pisowanipun Kanjeng Sultan
Soliman Baderol Alamsah, dados sultan wonten ng Lingga, Riyo
sabawahipun.
Menggah kanjeng sultan wau putranipun Kanjeng sultan Ngabdurah-
mansah ingkang sampun kagentosan, sasampunipun Kanjeng Sultan
Mahmud Mulaparsah ingkang anggentosi Kanjeng Sultan Ngabdurahman-
sah kaundur saking anggenipun jumeneng dados sultan, Kanjeng
Sultan Soliman Baderol Alamsyah lajeng kagentosaken jumeneng
sultan, awit Kanjeng Sultan Mahmud Mulaparsah boten kagungan ahli
waris kakung, wondening jumenengipun kanjeng Sultan Soliman
Baderol Alamsah, punika kala ing wulan Oktober ingkang sampun
kapengker, sareng kanjeng sultan wau sampun jumeneng boten ngan-
tos lami, malah kala tangal kaping 1 wulan Dhesember lajeng
aprajanjeyan kaliyan kangjeng gupremen bab sakathahing pranatan
ingkang sampun dados leres tuwin kawajinaning sakaliyanipun,
menggah sowanipun kanjeng sultan wau dhateng Batawi punika sampun
kalebet ing pangajeng-ajeng, manawi badhe anyaosi pangabekti
dhateng susulihipun kanjeng maharaja,inggih punika kanjeng tuwan
ingkang wicaksana guprenur jendral.
==================
Serat saking Ngayogyakarta katitimangsan kaping 23 Oktober ing-
kang sampun kapengker wonten tiyang Cina sudagar angayam-ayam
pejahipun, amargi rumaos susah ing manah bab anggenipun boten
saged atampi wangsuling artanipun sakedhik ingkang kawedalaken,
sarehning cina wau sampun kekah ing pikajenganipun badhe anglalu
pejah, lajeng kengkenan atumbas apyun pangaos gangsal rupiyah,
sareng sampun angsal apyun, tiyang Cina punika lajeng amangangge
sandhanganipun ingkang sae, sarta angandhuti barang gadhahanipun
ingkan gkathah reginipun, sasampunipun makaten apyun wau lajeng
kauntal, boten antawis dangu sanak sadherekipun sami sumerep,
manawi sudagar Cina punika anandang sakit, sareng sampun kaupado-
san punapa ingkang dados jalaraning anggenipun sakit wau, sanak-
sadherek lajeng angundang dhokter, kadadosanipun kajampenan
dhateng tuwan dhokter Lerute, ing sanalika sampun anyukani jampi
panaaring wisa, kalampahan ing dalem kawanjam Cina wau saras,
menggah pratelanipun Cina sareng sampun saras, punika ing mangke
luwung anandhang susah sanesipun wonten ing ngalamdunya, kaliyan
angraosaken susah saking anggenipunbadhe anglalu pejah wau.
==================
Ing dhusun Jeruk Singkil wonten lembu satunggil, punika lim,ampah
kaliyan ugel-ugeling sukunipun, sampun pancen makaten manawi
lumampah, dados suku sakawan manawi kadamel limampah sami mungel
kados tiyang ngangge Satiwel kadekekaken Kespur, ewadenten lembu
wau taksih saged angangge taracakipun, awit wonten pratandhani-
pun, manawi lembu punika malumpat, dhawah angadeg kaliyan tara-
cakipun.
===================
Ing tanah Walandi wonten tiyang jaler ingang asring pabenkaliyan
semahipun, manawi panuju paben ing kang jaler wau asring kemawon
angancam-ancam badhe anggantung badanipun piyambak, dene ingkang

estri asring mangsuli makaten: sapa kang calathu iku ora nglako-
ni, sareng makaten ing sawatawis dinten laminipun, sasampunipun
sami paben malih ingkang estri pnika panuju dhateng loteng,
aningali ingkang jaler sampun anggantung badanipun piyambak
wonten ing ngriku, kalampahan andadosaken kagetipun ingkang
estri, satemah lajeng anjarit saha wicantem makaten: salawase
urip bojoku lagi sapisan iki anetepi basane. Ing sanalika ingkang
estri badhe anatas tangsul ingkang kadamel anggantung, ananging
dereng ngantos kalampahan ingakng jaler anjlok sampun ucul saking
kolonganing tangsul ing gulu, awit kolongan punika kadamel sampun
ngantos saged aningseti gulu. Ing nalika samanten ingkang estri
lajeng napsu saha wicanten makaten: aku wis angira manawa kowe
ora anduweni kawanteran anetepi basamu dhewe. Ingkang jaler
amangsuli kalayan gumujeng: wong wadon aku mau wis tutur, manawa
aku arep anggantung awakku dhewe, nanging aku ora calathu pang-
gantung mau nganti anemahi mati.
==================
Ing panggelaripun para sagawon ing tanah Prasman wonten sagawon
satunggil ingkang agengipun amung sabithi. Sagawon alit wau
lajeng katumbas ing tiyang estri sewu gangsal atus prang, saprang
punika kirang langkung saking seket sen, menggah sagawon ingkang
sakalangkung alitipun wau sayektosipun boten wonten pikantukipun,
anjawi amung anedha supados saged dalem tuwin dados gudhigen,
wasana lajeng pejah awit saking kakathahen tatedhan, sanes kaliy-
an sagawon ingkang kathah gunanipun punika boten ngantos awis
makaten reginipun.
=============
Wonten tuwan ing tanah Prasman agadhah kucing ingkang anusoni
anakipun tiga akaliyan anak tikus tiga. Sareng kucing wau manak,
tuwan ingkang gadhah kucing aningali dhateng prenah panggenanipun
amanak, iba-iba gumunipun tuwan wau sareng aningali anakipun
kucing titiga tuwin anak tikus inggih tiga, dene anakipun kucing
punika ingkang kuning kakalih, ingkang satunggil bnelang, makaten
ugi anak tikus inggih kalih ingkang kuning satunggil cemeng.
Menggah anak kucing tuwin anak tikus punika asring sami medal
saking panggenanipun, manawi sampun medal lajeng sami lumebet
malih dhateng panggenanipun, saha sami atut anak kucing kaliyan
anak tikus wau, sareng makaten kathah titiyang ingkang sami
aningali, sarta titiyang wau sami kuwatos ing manah, manawi
atuting anak kucing kaliyan anak tikus badhe boten lastantun
ngantos lami.
=============================
Ing Boston wonten panggenan patopan, ing ngriku tiyang ingkang
angadegaken patopan anandukaken sarana sagedipunangawonaken para
tamu ingkang sami kasukan, menggah lampahipun makaten: para tamu
ingkang sami badhe kasukan wau, kalenggahaken angungkuraken benet
ageng, dene benet punika kadekekan kados jendhela alit, sarta
salebeting benet wonten tiyangipun, tiyang punika aningali kertu
cacepenganipun para tamu, lajeng kapratelakaken dhateng ingkang
badhe anggadhung, menggah anggenipun amreatelakaken wau medal
saking pirantos telegrap alit.
===============
O, dene kok boten kadosa, anak pun mas wa, anmggenipun ambrek-
amtrapaken jarwa ing jurumartani, kaping 7, Nopember punika,ongka
45 menggah gegumunipun amestani yen kula supe babar pisan anggen

kula amamitran dhateng ingkang sarira, lah pun thole inggih ing
nganggep lepat malih, amargi kirang prayitnanipun, angudaneni
kang trang angsilanipun bapa, kang pinacak ing jru martani,
sinekar dhandhang, dhumateng pun anak wa, kang kaping 10 Oktober
kawingking ongka 41 mongka amartelakaken yen pun bapa badhe
kendel saking pangunduripun cangkriman, awit dene saking sulaya
ing rembak pun thole kaliyan pun bapa,, kaping kalihipun malih
angsulan kula sinekar pucung, tumrap ing jurumartani kaping 25
Oktober ugi ongka 43 dhateng kang nama Pu Phe, amartelakaken sak
angsala-angsalipun saking pembatang pemanggih kula bab udur kang
kasebut ing nginggil wau, wondene bab wijiling sato kewan kados
ta gudel, cempe, cindhil, orong-orong, sapanunggilipun punika
punapa pun anak kasupen yen samudayanipun inggih rak ingkang
sarira piyambak ingkang sampun ambatang lan anyekapi, kadi
dening kang kawrat ing jurumartani ugi, kaping 3 Oktober wing-
king, ongka 40 pramila ingkang punika, nak mugi wonten akarsane
si anak asring ngamaos malih nanging pema ingkang waspaos dhatneg
srat jurumartani ingkang sampun kacethakaken ing nggil punika,
supados kula smpun susah amung salmangsuli dhateng criyos kang
sampun wayu, tur kasup ing ngakathah, rak nggih kedhik damelipun
la: malah mindhak endhesek enggen ing jurumartani angresahi, lir
bolu rambatan siti, wekasan tanpa paedah. wondene malih pun anak
wa, angeman dhateng pun bapa, sampun ngantos kula kawestanan
kathah guludhug boten jawah, lo punika senadyan paribasan punika
kula lokaken yen lepat malih, ingkang katrapaken dhateng pun
bapa,inggih ugi pun bapa dhateng sanget panuwun tarimahipun
saking pangemanipun anak wa, ananing wangsulan pangemannipun pun
bapa dhateng pun anak, inggih semanten ugi, ingkang mugi mugi
sampunngnatos si anak kawestanan ing kathah, bilih pun anak
saengga kaupamekaken Ak, semanten punika sawek anthen-anthenipun
kimawon. Anglir menda kang kekathahen gagembret atemah tan darbe
gegembel lo, punika nak kula sumagakaken pun anak ta.
Ngayogyakarta Adiningrat 11 Nopember 1867.
Katandhan kang ramanta kang tuhu ing tyas JHP.
=====================
Wangsulan saking Abdulatip dhateng Raden Mas Suteja: Amtenar
Asisten Apos sertawator, rekane.
Ing Serat Jurumartani ongka 46 kula maos wangsulanipun Raden Mas
Suteja Amtenar Asisten Oserwator nagari Batawi, dhateng ingkang
nama Mas TF tuwin JHP. Raden Mas Suteja wau semunipun priyantun
ingkang remen mameraken nama tuwin pangkatipun.
Saupami boten kagungan pangkat Asisten Amtenar Oserwator, bok
manawi boten kamisuwuraken ing ngakathah.
Kaping kalih Raden Mas Amtenar Asisten OPserwator remen angulur
ukara tanpa damel.Kaping tiga Asisten Opserwator taksih lepat ing
panampinipun dhateng pitembungan, kaping sakawan temen andakwa
tiyang maenggah ing busukipun dhateng kasusastran mongka taksih
kalebet cotho piyambak. Lah punika pandakwa kula dhateng sam-
peyuan mas Amtenar ASisten Opserwator, ing ngandhap punika ka-
tranganipun.
1. Bab umukipun Raden Mas Amtenar Asisten Opserwator. Umukipun
wau sampun katawissanget, wondene rraden Mas Suteja kakilapan
bilih sedyanipun tiyang nganggit samukawi. Punapa inggih misuwur-
ing namanipun punapa misuwuring kawruh.
Saking pandugi kula misuwuting kawerruh ingkang kedah dumunung

ing pamrihipun Musanif mongka Raden Mas Suteja patrapipun nyerat


boten makaten. Saupami piyambakipun anganggita cariyos bab ka-
wruh, namanipun saestu botenkasupen dene pangkatipuningkang
panjangipunn meh tanpa duksina inggih kaupamekaken upacaraning
nama.
2. Bab panguluring ukara tanpa damel.
Raden Mas Suteja amratelakaken manawi ing dinten Dite Pon tang-
gal kaping 27 wulan Oktober 1867 wanci jam sanga enjing, sanjan
dhateng griyanipun pinanggih sami lalenggahan wonten ing griya
ngajeng, kalih kancanipun punapa dene sadhatengipun raden mas
Suteja kapurih maos Jurumartani ongka 40 kalih ongka 39.
Sumongga kisanak, pitembungan makaten punika punapa punapa boten
kenging kabasakaken angulur ukara tanpa damel. Aluwung kajangke-
paken babar pisan anerangaken dinten, jam menut sekondhe, wah
wastaning mitranipun raden mas suteja, tuwin maning konca, tuwin
lenggahipun majeng pundi, wah warnining sandhangan sapanunggila-
nipun.
Pratelan ingkang kados makaten rak nguciwakaken anggitan.
3. Bab lepating panampnipun dhateng pitembungan.
Raden Mas Suteja anglairaken itembungan ungelipun kados makaten:
Sarehning sampun lami anggen kula ambudibab tiyang tilem nypena,
dene pinanggih, wusana wonten ingkang nglairaken, saestunipun
ingkang anglairaken wau, sampun angsal kateranganipun.
Lo, pitembungan makaten rak asasar-susur, tuwin anelakaken bilih
raden mas Suteja lepat ing panampinipun. Sabab ingkang nama STP,
amung gadhah pitaken bab tiyang nyupena, kok anglaaaaaairaken
pamanggihipun boten. Punapa tiyang wau boten kenging nedha ka-
trangan, sumongga ameyan galih den mas.
Wangsul sampeyan ingkang baud alegegjetung, lenger-lenger, gege-
tun, ngungun wah nutupi babahan marasanga, wusananipun kok lajeng
ngempis. Mlumpat kidang anyandhak kuciripun petruk, angobat-
abitaken cangkrimaning dhalang, kenging kabasakaken andhudhuk
apus kapendhem, cekakipun angulur ukara tanpa damel.
Wonten malih pitembunganipun Raden Mas Suteja, ujaripun makaten:
Manawi soalipun STP sayektosan mugi kababar na ing kang sejati,
bilih STP boten kapareng kawuningan ing kathah, ambucala sastra
iber, dhateng Amtenar Asisten OPservator ing nagari Batawi ing-
kang wasta Raden Mas Suteja.
Anjawi ingkang sampun kula sebutaken ing ngajeng kula purun
amestani bilih Raden Mas Suteja boten dhamang dhateng kasudiran-
ing ngagesang, tarsondha saking tembungipun.
STP, wau kapurih angintunaken serat iber dhateng Raden Mas Sute-
ja, samanten wau manawi STP, boten pareng ambabaraken pitakeni-
puningkang sajati, sampunngnatos kawuningan ing ngakathah.
Sok makatena amung Raden Mas Suteja kemawon ingkang kenging
anguningani babaring cangkriman, wangsul tiyang kathah boten
kenging, punapaha inggih ingkang nama Es (S)TP, karsa anyidhemak-
en babaring cangkriman dhateng ngakathah,wangsul karsa masajakak-
en dhateng Amtenar Asisten Opserwator Raden Mas Suteja kang dalem
ing Kebonsirih, nagari Batawi.
Punapa Raden Mas Suteja botenkalebet wawicalaning tiyang kathah
ugi.
Wonten nalar malih ingkang anyektosaken menggah lepating panampi-
nipun Raden Mas Suteja dhateng pitembungan, Raden Mas Suteja
amastani makaten:

Bilih adat ingkang mawi purnam punika, Walandi, yen bongsa jawi
boten cara, nami mawi purnam inggih sinajana wsis dhateng kasu-
sastran walandi, tuwin sastra jawi samongsa nilar cara, nilar
tata, nilar adat boten presaja, inggih boten utami.
Sampun andadosaken rengating galih den mas bilh pun kawula purun
amastani yen pitembungan sampeyan wau boten mijil saking pambudi
padhang.
Ing ngajeng kula sampun anerangaken bilih pamrihipun juru ngang-
git boten sanes amung mradinaken kawruh, boten susah mradinaken
namanipun.
Sumongga sampeyan kula tedhani pirsa, sinten ingkang manggih
rumiyin pangecapipun sastra, sinten ingkang manggih rumiyin
gambar sorot, telegrap eting sapanunggilanipun.
Awis kemawon tiyang jawi amrasudi kawruh amurih sumerepipun
namaning sujana ingkang gadhah pamanggih enggal ugeripun sampun
hdamang warni tuwin panganggenipun wujud inggih saestu sampun
marem, mila sampeyan sampun anacad dhateng musanip ingkang nyamu-
naken namanipun.
4. Bab remenipun Den Mas Suteja andakwa tiyang menggah ingkang
kirangipun dhateng kasusastran.
Wonten malih poitembunganipun den Mas Suteja ingkang mungel
makaten:
Kados dene ukaranipun ing serat Jurumartani ingkang mawi sekar
macapat dhandhanggula,punika saben tiyang maos gumujeng kalih
wicanten makaten, yen durung wasis, pratamengsastra, kaya Wigya
Panitisastra, utawa Abdulatip, bok aja gawe lagu, mundhak gawe
cuwane kang padha maca.
Den Mas sampeyan kula aturi kendel anggen sampeyan nacad tiyang
sanes utawi anggunggung dhateng Wigya, tuwin Abdulatip. Wigya
punika baud ngikal babasan Abdulatip watekipun sumangkeyan, dene
JHP, manawi kurda, sampeyan kedah angatos-atos.
Ing pungkaasaning serat Raden Mas Suteja ngaturi pirembak dhateng
para priyantun ingkang sami mirsani jurumartani, samasa wonten
ingkang mawi tondha nama palsu, punika kenging kamireng boten
kenging kamanah. Para priyantu ingkang sami maos jurumartani
inggih kula aturi pirembag bilih wonten Juru anggit kados dene
Raden Mas Suteja, ingkang pamrihipun amung ngebaraken kasagedan,
saking dening pamradinipun nama tuwin pangkat ingkang panjangipun
meh dumugi ing kalanggengan, punika inggih kenging kamirengaken
boten kenging kamanah. Sampun ta mas Amtenar Asisten Opserwator,
kula nuwun madal pasilan.
A, La.
===================
Para tiyang ingkang taksih gadhah sambutan dhateng kantor lelang
ing Surakarta, kala ing wulan Juli 1867, ing mangke sami kaemu-
taken mugi ambayara sambutanipun saderenging utawi satelasipun
wulan Nopember punika, manawi boten angleksanani ing pambayaripun
wau, badhe katagih medal saking parentah.
Surakarta kaping 1 Nopember 1867.
Katandhan dening ingkang nguwasani kantor lelang.
Bosower.
===================
Ing mangke tokonipun tuwan Jaspress enko saweg atampi barang-
barang kados ing ngandhap punika:
Kertas warni-warni, wadhah mangsi sae-sae, kalam waos alus pan-
damelipun, garan kalam waos gadhing, gelas tuwin sanes-sanesipun,
jidaran, lading pangaretan sapanunggilanipun, potelot cemeng,
biru tuwin abrit, lak sedheng tuwin wonten ingkang sakalangkung
sae, owel, cap wonten ingkang damelan gagrak enggal, serat serat
kadamel anyanyatheti,pita ukuran sapanunggilanipunpirantos angu-
kur, karet, saha sanes-sanesipun barang-barang pirantos anyerat,
punapa malih erloji mas sakalangkung sae, saha rante erloji mas
panjang.
================
Titiyang sami saged pikantuk atumbas sekar latunipun tuwan Ores
saking tuwan Ledhebur ing Jebres, abayar kenceng.
==============
lan sapanunggilanipun
Kanjeng Tuwan F.M.G. Pankatenbureh, Residhen ing Bangkah, ing
mangke kalilan pamit kalih taun dhateng nagari Walandi.
Kanjeng Tuwan Jonghir. C.Y.L.Gholman Asisten Residhen ing Luma-
jang Paresidhenan Prabalingga ing mangke kalilan pamit dhateng
nagari Walandi laminipun kalih taun amargi saking sakit.
Tuwan Y.H.Munter, Ufkomisi pun kanjeng tuwan Dhirektur Panpinan-
si, ing mangke kakula wisudha dados sekretaris ing paresidhenan
Cirebon.
Kanjeng Tuwan Y.H.Pan Emeret, Sekretaris ing Paresidhenan dhis-
trik-dhistrik tanah Lampung, ing mangke kalilanpamit dhateng
nagari Walandi laminipun kalih taun, amargi saking sakit.
Kanjeng Tuwan Misster G.G.Pan Arenkarsepel, Sekretarisipun Kan-
jeng Gupremen ing mangke kakula wisudha dados Irste Sekretarisi-
pun Kanjeng Gupremen.
Tuwan H.Y.Rependharis, ing mangke kakula wisudha dados Sekreta-
risipun Kanjeng Gupremen.
================
Pawartos saking Surakarta.
Kala ing dinten Senen tanggal kaping 25 wulan Nopember 1867,
utawi kaping 28 Rejep warsa Ehe, ongka 1796, wanci siyang dhawuh
dalem ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan , Raden Tumenggung Rajan-
iti wadana Mataraman, ingkang amakili pandamelan wadana jaksa,
sampun kinarsakaken, dipun tetepaken dados wadana jaksa, kapated-
han nama : Raden Tumenggung Jeksanagara, salowongipun pandamelan
wadana Mataraman, putranipun Raden Tumenggung Jaksanagara wau,
ingkang saking garwa patmi, anama Raden Bagus Sumenang, kinarsa-
kaken dados wadana Mataraman anama Kaliwon kalenggahanipun sang-
ingiiling Raden Angabei Nitipura, Kaliwon Mataraman lami, kapat-
edhan nama: Raden Ngabei Rajadipura.
Kasrat ing Surakarta kaping 27 Nopember 1867, Katandhan dening
kang asuka kabar
Sastrraadisara.
===================
Pawartos warni-warni
Saking pawartosipun bab arta panjurung ingkang sampun katampenan
ing Ngayogyakarta, badhe kaparingaken dhateng para tiyang ingkang
sami anandhang kasangsaran awit saking lindhu. Kala ing wulan
Juni kaping 10 taun 1867, menggah pratelanipun kados ing ngandhap
punika:
Etang langkunganipun saking arta panjurung kala bena ageng ing
taun 1867, kathahipun 5000 rupiyah.
Panjurung saking Samarang, 5725 rupiyah,
Panjurung saking Surakarta, 1700 rupiyah,
Panjurung saking Singapura, 1100 rupiyah,
Panjurung saking Pakalongan,1725 langkung 65 sen,
Panjurung saking Bogor, 321 rupiyah langkung 25 sen
Panjurung saking Banjarmasin, 180 rupiyah,
Panjurung saking Batawi, 804 rupiyah, langkung 84 sen
Panjurung saking Makasar, 350 rupiyah,
Panjurung saking N.N. saking Surakarta, 500 rupiyah,
Panjurung saking Rebon, 2000 rupiyah,
------------------------------------------------------
Gunggung 1815 rupiyah langkung 14 sen

Anjawi saking arta ingkang kasebut wau, wonten arta panjurung


malih saking loselakonsetantetpidhelle ing Samarang, sarta arta
panjurung saking Majakerta kingkang taksih kaajengajeng. Kanjeng
Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ing Surakarta sampun
amaringi panjurung kalih ewu rupiyah, arta punika kapurih adamel
wraged andadosi pasareyan ing kitha ageng tuwin ing Ngimagiri,
punapa malih kangjeng Gupremen inggih amaringi panjurung ugi
kathahipun 5000 rupiyah supados kadamela andadosi pasareyan
kakalih wau.
====================
Wonten Badri asli tiyang Itali sampun angsal lisah saking paren-
tah, anggrami jam kandhutan ingkang lumampah saking pirantos
awarni toya. Kados ngandat lampahing jam kandhutan saking pir,
ing mangke lampahipun jam kandhutan dadamelani Badri wau, awit
saking thuring toya, menggah slinger alit ingkang angebahaken
ajeg, punika taksih kados ingkang wonten jam kandhutan sanesipun,
sanadyan pandamelipun jam kandhutan ingkan gkados makaten punika
sakalangkung prasaja, inggih ugi kathah pikantukipun, awit lam-
pahipun jam kandhutan wau ing dalem Akad amung geseh satengah
menut.
=================
Lebeting saganten
Saking pawartos ingkang kasebut ing serat pakabaran, pangangkah
badhe andadosi kawatwipun ageng telegrap ingkang kalebetaken ing
saganten, punika sampun andadosaken jalaran atitipariksa bab
lebeting saganten ing pundi-pundi. Menggah saganten ingkang
cethek punika ingkang celak kaliyan siti tanah ageng, kados ta
saganten wetan ingkang kaprenah wonten sahantawisipun Dhitslan
kaliyan Swedhen punika lebetipun amung kapanggih 120 kaki, sagan-
ten ingkang wonten saantawisipun Penesi kaliyan TRis, lebetipun
kapanggih 130 kaki saganten ingkang wonten saantwisipun tanah
Prasman kaliyan tanah Inggris, eetipun boten langkung saking 300
kaki, dene saganten ing Irlan kaprenah sisih kidul kilen lebneti-
pun langkung saking 2000 kaki. Saganten ingkang kaprenah sakidul-
ing tanah ERopah, punika langkung lebet katimbang saking ingkang
kaprenah wonten saeleripun, saganten supitan ing Gibraltar kapre-
nah panggenan ingkang ciyut, punika lebetipun kapanggih 3000
kaki, ewadenten saganten tengahan lebetipun watawis 2000 kaki,
ananging saganten ingkang celak kaliyan pasisir ing Spanyol
lebetipun ngantos 6000 kaki, menggah saganten ingkang sakalang-
kung lebetipun, punika saganten kidul, saganten kaprenah sakilen-
ing pulo Sintelenah lebeting ngantos 27000 kaki, dene saganten
sakilening Kapdhegudheup lebetipunsampun 56000 kaki, dereng
dumugi ing dhasar. Tuwan dhokter Yung sampun angetang lebetipun
saganten Atalantah, kaetang tengahan kapanggih 25000 kaki, dene
saganten ageng lebetipun kapanggih 20000 kaki.
=====================
Bab pamanggih wonten tanah Ostraliyah ingkang kacariyosaken
dereng lami, punika bokmanawi badhe andadosaken saklangkung
kathah paidahipun, menggah pratelanipun pamanggih wau kados
ingkang kasebut ing ngandhap punika:
Wonten tiyang Inggris anama Brig nuju lumampah dharat saking
Adhelaidhe dhateng Mayorkah ing tanah Ostraliyah, sareng makaten
lampahipun tiyang inggris wau anyimpang saking margi ageng, badhe
angupados menda, lajeng aningali sumber kathah, ingkang medsalak-

en awarni kados toya, sareng kaawaspadakaken ingkan gmedal wau


dede toya, sayektosipun kados balendok utawi lisah, manawi kangi-
nan sakedhap lajeng anjendhel kados karet, menggah tiyang Inggris
wau sareng kesah saking panggenan ing ngriku ambekta sacuwil
ingkang sampun dados karet, wondening wawatekipun karet panggihan
punika saged mempan manawi kabesmi, urubipun padhang, ananging
kukusipun kathah, sarta manawi kabesmi ambetipun kados gemmuk
sampun lami ingkang kadamel anyemir pirantos, saking kandhanipun
tiyang Inggris punika, manawi siti ingkang medal sumberipun wau
watawis wonten saking sadasa mil pasagi, dene karetipun ingkang
sami wonten ing ngriku sakalangkung kathah, saupami karet punika
kapendhetan saha lajeng kawawrtaken ing baita kapal, kados boten
ngantos dangu saged angebaki wawratanmipun baita kapal satunggil,
awit saking gampiling pamendhetipun, menggah pangggenanipun
sumber wau ing sapunika taksh kadamel wados, ananging saking
kayektosanipun bilih tebihing panggenan sumber wau boten ngantos
sawidak mil saking pasisir, wasana karet sacuwil anggenipun
ambekta tiyang inggris wau, ing mangke sampun kakintunaken dha-
teng Milburen, supados kapriksananwonten ing ngriku.
========================
Kula maos serat Jurumartani ongka 43 ingkang medal Kemis kaping
24 Oktober 1867, wonten tandhanipun, Mas Panji Sasraminarsa,
wedana ing pakualaman, suraosipun serat, wangsulan bab panuwun
kula serep, sebutanipun para gusti, ing nagari Ngayogyakarta,
punika sakelangkung panuwun kula, dene Panjenenganipun Mas Panji
Sasraminarsa, kagungan panggalih adamel pdhangingipun ing ngape-
teng, damel sukanipun ing ngakingkin, anedahaken margi ing nga-
bingung, anglesresaken ing ngalepat, asih dhateng pawong mitra,
ing mangke kula angaturi pamuji, mugi Mas Panji sasraminarsa,
ginanjara asuka wirya, ing gusti kang maha kuwasa, cariyosipun
ing kadis, sinten ingkang damel kaasaenan, saestu manggih wa-
wales, sae katikel sadasa, sinten ingkang adamel susah, damel
cuwa, damel serik, boten asih ing pawong mitra, inggih manggih
wawales tikel sadasa, ing galipun sinten ingkang nyambut, saestu
nyaur, manawi nyambutaken, saestu tampi panyaur.
Sasampunipun kula angaturi pamuji, ingkang akathah kathah kula
ngaturaken cueanipun ing manah, dereng cumeplong ing panampi,
margi ingkang kasebut makaten 1 bab putra dalem ingkang sinuhun
ingkang saking garwa padmi, menawi kakung inggih rahaden mas
gusti, ananging ingkang gadhangan pangeran adipati, badhe guman-
tos, yen putri bendara raden ajeng gusti, menawi sepuh pyambak,
sareng sampun diwasa, raden mas gusti wau, nama kanjeng gusti
pangeran adipati, ingkang boten gadhangan gumantos, ingggih
kanjeng pangeran arya, yen putri wonten ingkang kaganjar nama
ratu, sareng ingkang kasebut pasal 4, bab kula jujuk, ingkang
kasebut wondene ingkang nami kanjeng punika, namung satunggal,
kajeng gusti pangeran adipati.
Sakedhik punika, manah kula wonten kodhengipun, sabab ingkang
kasebut wonten pasal 1, putra dalem ingkang sinuhun, bilih miyos
saking kangjeng ratu, ingkang miyos kakung, anjawi ingkan gbadhe
gumantos nata, kasebut kanjeng pangeran ARya, sareng pasal 4
anyebutaken, anjawi satunggal kangjeng gusti pangeran adipati,
boten wonten ingkang kasebut kanjeng pangeran.
Ingkang punika, kula nyuwun katerangan, pundi ingkang kangge
punapa inggih kanjeng pangeran punapa dara pangeran kimawon.

Ingkang kap[ing kalih, putra dalemputri, ingkang miyos saking


kanjeng ratu wau, wontena kalih tiga sakawan, punapa boten kase-
but kangjeng ratu sadaya, kula mireng kabar, putra dalem putri,
ingkang miyos saking kanjeng ratu, sapintena kathahipun, sami
nama gusti kanjeng ratu.
Anjawi sangking punika, kula nyuwun serep, salebetripun ing
nagari Ngayogyakarta, utawi nagari Surakarta, ingkang kasebnut
pangulu ageng, punapa amung nyatunggal, punapa ngalih, kados dene
nagari alit, mawi wonten pangulu landrad, kalih lenggahipunpangu-
lu wau, punapa wonten ngajengipu nayaka walu, punapa wingkingipun
nayaka walu, pramila kula matur piteges, sabab wonten sasebutan
ratu: Patih,Pangulu; Jaksa; Nayaka.
Manawi kapirit saking sasebutan inkang makaten punika pangulu
wonten nginggilipun nayaka, nanging manah kula dereng pitados.
Ingkang kaping tiga panuwun kula dhateng para priyagung ing
nagari Ngayogyakarta, mugi amaringana mupakat, dhateng Mas Panji
Sasrawinarsa, wau.
Sinerat ing Bogor tanggal kaping 1 wulan NOpember 1867.
Katandhan Ngabei Karyasastra.
====================
Panuwun kula dhateng panjenenganipun tuwan ingkang ngarang serat
Jurumartani ingkang mugi, serat kula punika kalebetna ing kabar
jurumartani.
Kula sampun maos serat \jurumartani ingkang katandhan Mas Ngabei
Karyasastra, mantri Kabupaten Bogor, suraosipun anyuwun saserepan
dhateng para priyagung ingkang waskitha, ambek darma ing negari
Surakarta, utawi ing negari Ngayogyakarta.
Dene ingkang dados panywunipun, mugi kaparingana saserepan sase-
butanipun para gusti ing negari kalih wau, punika, kula asuka
panarima, dhateng Mas Ngabei Karyasastra, dene anggadhahi kaenge-
tan anecekgi kalih osikipun ing manah kula, ingkang sampun lami
dereng kalair, ing samangke sampun kalairaken dhateng Mas Ngabei
Karyasastra, anaming kirang sakedhik.
Anggen kula kapidereng, kapingin pirsa asasenutanipun para gusti
jawi wau, amargi pun kaki buyut canggah, wareng punika, sami
dados kawulanipun para gusti jawi, kala jaman Mantawis ngantos
dhateng Kartasura dumugi Surakarta.
Sareng pun bapa, tumurun dhateng kula, pethal saking karaton
Mantawis mila boten pindhah-pindhan, yen ta kula pirsaha sasebu-
tanipun para gusti kula, darah Matawis, ingkang terang awijang-
wijang.
Sabab suda, wewahipun ing sasebutan ing punika, amesthi dadosaken
suka, duka, tegesipun mangkaten kadosta, ingkang nami Raden
POanji, kasebut Rahaden Mas Panji; amesth dados sukanipun ing
galih anaming sareng kamireng ingkang nama rahaden mas panji,
saestu lajeng ewa, sarta amestani tanpa kusur, dhateng tiyang
ingkang nyebutaken raden mas Panji ngajeng wau.
Ingkang kaping kalih, kadosta, ingkang nami rahaden mas panji,
mongka kasebutaken raden panji, amesthi lajeng masgul ing pangga-
lih, sarta amestani tiyang nanjuk-nanjuk dhateng ingkang anyebut
wau, mangkaten ugi, para riya, tumenggung, pangeran ing sasameni-
pun, kados pundi, anggen kula boten kedah angupados katerangan.
Tiyang badhe damel kuciwanipun ing wasta kula tiyang jawi, dene
bongsakula jawi, ingkang ngaken priyantun saking Surakarta, utawi
sangking Ngayogyakarta, wonten negari Serang Banten, inggih

kathah malah wonten ingkang ngaken nami raden, utawi nami mas
sareng kula pitakeni kawontenanipun para gusti, wangsulanipun
pating careblung, geseh-geseh, dalah kula ningali serat almenak
inggih wonten ingkang sulaya geseh.
Mila pamuji kula, ingkang dados panuwunipun Mas Ngabei Karyasas-
tra wau, ingkang mugi-mugi, wontena para agung nagari surakarta,
Ngayogyakarta,amaringi dhawah enthining asma nawala jati.
Anjawi saking punika, kula amewahi panuwun ingkang mugi kaparin-
gana pirsa, sasebutanipun para nayaka, tumenggung, jaksa, pangu-
lu,patih, kados pundi, urutipun ing kalenggahan awit saking namre
satunggal, saurutipun para punggawa sedaya.
Sinerat ing Cikandhi Kabupaten Serang, tanggal kaping 12 Nopember
1867.
Katandha Mas Ngabei Puspalalita.
=====================
Katemenaning mitra
Ing tanah Eropah kina, wonten satunggal patih dalem narendra
gung, kathah saking bab lelabetanipun dhateng ng praja, mila
presasad anungulaken dhateng sasami, awit saking kawasisanipun,
ing awit dhateng wawatekan utami.
Ananging sang patih inggih ugi kenging cacoba, kabendon dening
sang nata, saingga katundhung saking negari, saha kawradinaken
dhateng para abdi dalem sadaya, yen wau sang patih sampun kaundur
saking ing kalenggahanipun, awit katar kados ageng, ingkang
kalebeta sri pejah, sarta kapacuhwan sinten ingfkang purun-purun
kampura kandhegan utawi manggepokan punika yen kapara lepat badhe
amanggih sangsara
Samanten yitnanipun wonten satriya anem sajuga nami Wa, ing
ngajeng sampun nate kapulasara dening sang patih, saha sang patih
inggih dahad ing tisnanipun dhateng Wa.
Tandangu nunten pireng dening sang nata, yen patih kapulasara
dening satrriya anem wau, saingga dados babanduning sang prabu.
Sanalika Wa, katimbalan ing ngarsa dalem, sareng sowan nunten
kersakaken majeng, kairid dening priyayi kamerir, saksana lajeng
kadangu, mawi gora sabda makaten, Apa kang dadi nalare, dene
pekenira kaduk wani angiyutbi marang papatih ingsun undur saka
kalungguhane, awit dosa gedhe, anggajah elar ,marang kaprabon,
apa sira ora ngudaneni, paukuman ingkang bakal sira pethukake,
Satriya taruna, sareng tampii pengandikaning narendra boten
gigrik wulunipun salembar, awit saking resik asuci angen-
angenipun, nunten matur wotsekar, tembungipun anggenah tur andhap
asor, O gusti kula, ila-ila punapa patik kamipurun anyulayani ing
karsa dalem, abdi dalem boten pisan-pisan purun gusti, angiyomi
dhateng baburoning praja. Nalika sang patih dhateng panggenanipun
abdidalem, ulun boten pisan-pisan amangwang dhateng janma ingkang
sawek dados kaliliping praja, mila kala samanten sang patih ulun
anggep kados pangengeran kawula duk kala ngajeng, ingkang saestu
ageng ing berkahipun, reh ning anggenipun ulun saged andarbeni
cacekapan ing tedha, punika awit saking kamirahaning sang binen-
don, mila o gusti, ingkang agung pamengku dalem saha ingkang
omber palamarta dalem.
Sang nata sareng miyarsa tatembungan alus makaten tur seca ablok,
lajeng kasengsem dhateng manising wasana, saha dhateng satriya
taruna pribadi, dene darbe nalar utami, wekasanipun sang patih
kapringan apura, boten dados babuoning praja, sang taruna lajeng
kapundhut saha kaparingan lenggah dados priyayi ageng miji, wah
kacelakakaken ing sarira dalem, awit ing katemenanipun.
Ngayogyakarta kaping NOpember 1867
Katandhan CFP.
=================
Para tiyang ingkang dereng ambayar loting loterei kareta Amerikan
tuwin kapal sarakit ing mangke sami kaemutaken mugi ambayara arta
wau ing salebetipun 8 dinten, supados sampun ngantos amanggih
ingkang boten sakeca.
Katandhan Jaspres enko.
==========================
49, 5 Desember 1867

Pawartos warni-warni
Ingkang kasebut ing serat kakancinganipun Kanjeng Srimaharaja,
katitimangsan kaping 26 wulan Agustus 1867, ongka 21 tuwan Sila-
nu, Irsetelitnan ingkang sampun pensiyun, ing mangke kakula
wisudha dados Ridderpirdheklas saking militer Willem Ordhe,
amargi kala rumiyin sakalangkung dening sae anggenipun anglampahi
kawajiban saking padamelanipun dados Litnan, saha saking kaprawi-
raning pambekan andadosaken prayogi ing solah bawanipun.
=============
Menggah Kanjeng Gupremen sampun amarengi, bilih ingkang kasebut
ing pranatan kala ing taun 1865, ongka 96 kaungelna kados ing
ngandhap punika:
Sarupane wong jawa wus kalilan anjupuk kayu ana ing ngalas kang
kalebu ing wawengkone dhewe-dhewe tanpa nganggo ambayar apa-apa,
mungguh kalilane anjupuk kayu mau kang sapisan: kayu kang bakal
kanggo ing kabutuhane, nanging kayu ikuy dawane kudu kurang saka
limang elo Nederlan, lan kandele kurang saka limalas dim Neder-
lan, kaukur saka tengah bener ginawe dhapur gilig, panegore ing
epoking uwit dhuwure saka uwit rubuh kang ora kena digawe danda-
nan, wah epanging uwit kang wus kategor, supaya ginawe kayu obong
utawa areng.
===============
Ing Groningen tanah Nederlan badhe amain konser, menggah angsal-
angsalanipun arta badhe kasukakaken minongka panjurung dhateng
para titiyang ingkang sami kasangsaran saking dening wonten
lindhu ing tanah jawi.
==============
Kala tanggal kaping 3 wulan Nopember 1866 Landrat ing Gresik
angrampungi prakawisipun tiyang Cina anama: Powahcingsuwi, dados
pak tambangan ing dhusun Sumbayat Dhistrik Bengawan Jro, prakawis
ambalithuk titiyang saha sampun anrajang ungel-ungelaning Setat-
blat ing taun 1849 ongka 52, aksara e.
Menggah ingkang sami dados seksinipun ing prakawis wau satunggil
pak Darimah, kalih Wirawongsa, tiga Setrasari, tiyang titiga
punika ingkang satunggil ambekta kapal satunggil, satunggil
ambekta kendhang, ingkang satunggilipun amung lenggah kemawon,
sami anumpak baita kapal 10, sen, ingkang bekta kendhang 4 sen,
sarta ingkang lenggah 2 sen, tiyang titiga punika inggih sami
anyukani arta tambangan samanten wau, sareng tiyang tiga wangsul
anummpak baita tambangan malih, inggih sami katedhanan arta
tambangan kathahipun kados ingkang kasebut wau, dados bayaripun
tambangan kaping kalih kesah kaliyan wangsul, mongka ingkang
kasebut ing seratblat tambanganipun tiyang ingkang ambekta kapal
amung 2 sen, tiyang ingkang ambekta barang 1 sen dene tiyuang
ingkang lumampah lenggah amung satengah sen, pambayar samanten
wau kesah mantuk, dados boten kenging katedhanan kaping kalih
kesah kaliyan mantuk.
Ingkang punika karampunganipun, tiyang Cina wau kaukum ing Lan-
drat katrapaken ing padamelan paksa boten mawi karante laminipun
sataun, ananging pangadilan luhur angawrati paukumanipun, katra-
paken ing padamelan paksa boten mawi karante lamnipun tigang taun
wonten ing Ngambahrawa.
=======================

Ing tanah Prasman sapunika tansah anyoba dadamel ingkang jagi


angririsak mengsah wonten salebeting paprangan, menggah dadamel
wau awarni mariyem alit-alit, mariyem punika kacoba dipun ange-
laken mawi kaisenan mimis, kalesaken tebihipun 1500 elo Nederlan,
kadadosanipun sakalangkung sanget anggenipun angririsak, saking
pangetang tiyang gangsal utawi nem angangge dadamel mariyem
ingkang kados makaten pandamelipun wau, punika amesthi saged
anumpes balaning mengsah kathahipun saresimen, manawi makaten
itraping mimis mariyem anggenipun angririsak wau, amesthi titi-
yang sami badhe boten saged anglampahi paprangan, mila ing mangke
titiyang sami amanah ing kekencenganipun bab sagedipun apaprangan
ing wanci dalu. Saking pawartosing tiyang menggah rekaning papa-
rangan dalu wau ing mangke sampun kagulanaken wonten ing pamulan-
ganipun para militer, punapa malih wonten tiyang ingkan gsampun
ayektosaken, manawi wonten pamanggih enggal adamel baita ingkang
kenging karucat utawi kaetrapaken malih sakalangkung gampil, ing
dalem sawatawis jam dangunipun tiyang badhe saged anyemplungaken
baita kathah ingkang kados makaten pandamelipun wau wonten ing
lepen ingkang kawastanan lepen Rin ing tanah Eropah, wonten ing
lepen punika para baita wau saged amariyemi sakathahing beteng
ingkang sami wonten panggenan ing ngriku, boten ngantos dangu
anggenipun amariyemi para baita punika amesthi badhe sage an-
gendelaken ungeling mariyemipun para beteng wau.
===================
Ing serat pakabaran saking tanah Amerikah anyariyosaken kados
ingkang kasebut ing ngandhap punika:
wonten rondha ing tanah Amerikah saking pratelanipun piyambak
dereng nate angraosaken sakeca ing salaminipun gesang, bapa-
biyungipun sami miskin, kala rondha wau taksih rare ing watawis
saweg ngumur sataun, sampun katilar pejah ing biyungipun, dene
bapakipun lajeng rabi malih, biyung inggal punika sakalangkung
panganiayanipun dhateng anak kuwalon, kalampahan anak kuwalon
punika anandhang sait laminipun kalih taun, menggah anggenipun
wiwit sakit anak wau kala ngumur kawan taun ngantos dumugi ngumur
nem taun lajeng saras, sasampunipun saras anak kuwalon punika
lajeng kasekolahaken, dene manawi mantuk saking sekolah, sampun
kenging katamtokaken biulih anak kuwalon wau wonten ing griya
lajeng kagebagan dening biyungipun kuwalon, sajalar-jalaranipun
amesthi wonten kemawon, anggenipun badhe angebagi biyung kauwalon
wau, dene anggenipun sakolah anak kuwalon wau amung kalih taun,
dados ing pangetang kala samanten saweg ngumur wolung taun,
sareng makaten anak kuwalon lajeng kangengeraken ing tiyang
kalampahan dados rencang, ngantos ngumur wolulas taun, sareng
anak kuwalon punika medal saking pangengeran, lajeng wangsul
malih dhateng griyaning bapa, wonten ing ngriku anak kuwalon
boten ngantos lami lajeng boten tahan menggah traping prating-
kahipun biyung kuwalon dhateng piyambakipun, kalampahan anak
kuwalon ing wanci dalu kesah saking griyaning bapa, nunten wonten
jaka satunggil ingkang remen dhateng anak kuwalon, wekasanipun
anak kuwalon wau badhe karabenan dhateng jaka punika, ananging
dereng ngantos kalampahan dipun rabeni, jaka lajeng pejah, anda-
dosaken susaing manahipun anak kuwalon ngantos kalih taun, kala
samanten anak kuwalon ngupados panggesanganipun piyambak saking
anggenipun anymbut damel,boten ngantos lami tumunten sad-
herekipun nak-sanak punika, sarening kapeksa dening bapa-biyung

lajeng anglampahi laki angsal sadherek nak-sanak wau, sareng


anggenipun emah-emah angsal sawatawis taun laminipun, lajeng
apegatan kaliyan ingkang jaler, amargi saking siya-siyanipun
ingkang jaler dhateng piyambakipun, boten ngantos lami saking
anggenipun pegatan wau, anak kuwalon lajeng laki malih angsal
tiyang miskin ingkang pamedalipun boten cekap katedha kaliyan
kang estri, kalampahan anak kuwalon ingkang kala samanten sampun
dados rondha apatutan kaliyan ingkang jaler medal kembar, wasana
boten ngantos lami ingkang jaler wau pejah, nunten anakipun
satunggil pejah, antawis sataun malih anak satunggilipun inggih
lajeng pejah, dados ing mangke rondha wau sampun boten gadhah
anak tuwin bojo.
=====================
Saking pawartosipun ingkan gadhah pamanggih, manawi penwaos
sampun boten kenging kaangge, amargi sampun sendhet boten saged
medal mangsinipun bilih kadamel anyerat, punika dkenging kadamel
sae malih, menggah pandamelipun sae wau makaten rekanipun, pen
waos punika kabesmi kaliyuan urubing latu, upaminipun urubing
latu gas, danguning anggenipun ambesmi manawi tiyang amical
dumugi kalih dasa lajeng sampun, ing sanalika punika lajeng
kalebetaken ing toya, kadosanipun lajeng kenging kaange malih,
makaten ugi pen waos enggal ingkang kaken, punika kenging kadamel
lemes awit saking kabesmi wau.
======================
Katur panjenenganipun tuwan ingkang ngarang Jurumartani, serat
kula punika bilih sakinten pantes mugi kapacaka ing Jurumartani.
Nalika dinten Slasa legi tanggal kaping 22 wulan Rejep taun Ehe
punika, wanci jam satengah gangsal sonten amarngi grimis, ing
kampung Slembaran bawah kabopaten Gedhong Kiwa, wonten rare pejah
amargi saking kaababan swaraning baledhek, katranganipun kados
ing ngandhap punika.
1. Nam Karsiman, kaleres anakipun Mas Sutaprawira, punika ingkang
pejah, 2. nami Kamiya, 3. Pun Kanthong, kinten sami umur13 utawi
14 taun lare wau dolanan pathon gegangsingan, wonten ing latar
sacelaking wit kalapa, boten antawis dangu wit kalapa kasamber
ing baledhek, ingkang sakalangkung banter swaranipun, wusana rare
ingkang nami pun Karsiman boten tahan awit saking swaraning
baledk wau, sanalika lajeng pejah dhawah ing siti mengkurep, dene
rare ingkang kalih boten angraos punapa-punapa, ananging gobleg,
sanadyan kaundang ing tiyang sepuhipun saengga kantos jeleh, ewa
dene meksa boten saget mangsuli wusana dalunipun rare saget
tilem, sareng tangi lajeng saras kados ingkang wau-wau, wondene
godhonging kalapa sanalika lajeng alum, awit galugunipun tatu
saengga kapaju, kantos dumugi ing nginggil, andadosaken kalapa
cengkir tuwin balulukipun sami rontok
Katantdhan Tiyang Gedhong kiwa.
=========================
Wangsulan saking JHP dhateng ingkang wasta Rahaden Mas Suteja,
Amtenar Asisten Oposerwator, ingkang apalenggah ing pan negari
Batawi,kampung Kebonsirih, ingkang tumrap ing Jurumartani tanggal
kaping 14 Nopember ongka 46. Kadeksira den karsa angumbar wewa-
sis, dene namane bae kongsi lamat-lamat amayak tong awor lon mega
putih, pratondha yen bocah becik.
Kula tak matur gih den amtenar asisten, inggih bebaresan kemawon
den, sabab kula ajrih yen sampeyan wetani adamel dhendheng malih,

mongka atur kula punika amung anyuprih pirsa, bab anggen sampeyan
kadereng-dereng dahuwen amemada dhatng ukara ingkang kula gela-
raken ing serat jurumartani punika angsal pinten prakawis, dene
raden asisten kok parikedah prasasat angukumi tiyang ingkang
kados kula,ingkang dedosa amung saking apitaken kimawon, mamrih
kawruh kinarya arjaning praja, supeketing budi, rumeketing pami-
tran, lo, den esten punika kula enggal nyuwun katrangan den,
wondene anggen sampeyan angegaraken dedonga alkambu, wah babasa,
purnam, nunten medal petruk sak kyai dhalangipun pisan ingkang
punika yen sangking pemanggih kula rak nggihamung sesulukipun
kemawon ingkang emperipun maksih kaundhet, la, kalih malih raden
mas ngembet dhateng para sujana ingkang ngesemi dhateng kula
punika sinten, tuwin lar ya lit ingkang angugujeng dhateng kula
punika pundi. Lah rak pun raden piyambak ingkang erereka adamel
ontran kadya guru kang tan kenging tiniru, wondene raden asisten
ing nglak alelayanan kalih tiyang miring singloning nami, lah
punika pun raden inggih lepat, awit ingkang nama JHP ing Manta-
ram boten wonten ingkang kakilapan, menggah pangkat kula ing
ngajeng boten susah kula pmeraken ajrih menawi langkung panjang
malih saking pangkatipun Raden Mas Suteja, Amtenar Asisten Apos-
erwator ing Batawi, bilih mindhak anjejelehi ingkang sami
maos,lah wangsul pun Raden Mas Suteja, punika kok saengga sapriki
dereng wonten kang sumerep suprandene sugih babeka; lir galudhuk
muni katiga, abisa gawe glura, kang tanpa utama, lo punika atur
kula dhateng Rahaden Suteja, Amtenar Asisten Aposserwator ing
nagari Batawi.
Ngayogyakarta Adiningrat 25 Nopember 1867
Katandhan JHP.
=====================
Serat sarta ingkang tabe kaurmatan ingkang kathah kathah Raden
Kartalelana,katur ingkang saudara tuwan FH Jaspres enko, ingkang
ngarang serat Jurumartani, ing negari Surakarta mugi serat kula
punika kapacaka wonten serat Jurumartani.
Wonten sawijenipun Cina, griya kampung ing Katandhan Ngayugyakar-
ta punika gadhah semah wawrat, kenging sengkala ageng kabesem
tapihipun ngantos telas, dene badanipun sami lonyoh sedaya, dados
lan pejahipun, ugi sami katulungan tiyang ing kathah, ingkang
tetulung wau sami lonyoh tanganipun, sedaya ananming boten san-
get, anjawi saking punika jabang bayi lajeng lair kedadak, medal
jaler o punika ingkang andadosaken iraming kathah, brama wau
boten kenging dipun pejahi, ngantos nglonyohaken badan dumugi lan
pejahipun, wondene brama wau ingkang kaloka ing kathah, kawesta-
nan brama salad, ingkang punika kula sumongga.
Titi 28 Jumadilakir Ehe 1796
Katandhan Kertalelana.
============================
Saklangkung-langkung bingah utawi sokur kula ing Allah, dene
ingkang sampun kasebut kakancinganipun kanjeng Gopremen ingkang
katiten kaping 26 September taun punika ongka 14 STatblad ongka
125 anemtokaken yen ing mangke blanjanipun Gusti kula Kanjeng
Bendara Rahaden Mas Tumenggung Cakranegara Bupati ing kitha
Panaraga, saha ingkang ngiras makili ngasta pangawasa ing Kabupa-
ten Sumarata balonja saking kabupaten Panaragaing sawulanipun
tampi 1000 rupiyah.
Balonjaning saking nggening ngiras makili ngasta pangwasa ing

kabupaten Sumarata wau ing sawulanipun tampi 300 rupiyah.


Wah personil ganjaran saking katrimahipun sarita dalem pyambak
dening kanjeng gopermen ing sawulanipun tampi 400 rupiyah.
Gunggung ing sawulanipun tampi 1700 rupiyah.
Amila saking bingah sokur kula ing Allah ing mangke kula memuji
sanget mugi panjenengan dalem gusti kula wau sagarwa putra dalem
sedaya, samiya pinanjangaken ing yuswa, tinebihna sadaya ponca-
baya, sinelakna ing kabegjan winantuwa ing kayuwanan ingkan
gangayemi, rahayu ing donya ngakerat wah angsala supangat rasu-
lullah, klayan dening malih pamuhi kula ing sarehning sedaya
blanjaning bopati tambah, gusti kula wau, nggening makili kabipa-
ten Sumarata inggih tambaha sapalih ing balonja kados ingkang
sampun tumindak rumiyin, punapa dening ing tembe punapa barang
karsa mugi mugi anglangkungana ingkang sampun linampahan punika
gampilipun.Ingkang supados: sarira dalem sagarwa putra utawi
santana dalem sedaya wau, kinginga kaayuban ing ngatasipun dhuma-
teng abdi kang nandhang papa.
Ing wasana punapa barang pamuhi kula punika sauektos boten kalin-
tu ip, ip.
Sinerat tanggal kaping , Nopember 1867.
Kula ingkang sokur ing Allah,
Sudarma
========================
Benjing tanggal kaping 5 wulan Dhesember punika badhe angenglang
barang warni-warni tuwin pamedaling siti wonten ing dhusun Laran-
gan, pangenglangipun wau awit saking panguwasaning pangadilan.
Benjing tanggal kaping 6 wulan Dhesember punika badhe angenglang
medal saking panguwasaning pangadilan barang warni-warni tuwin
pamedaling siti wonten ing dhusun Trayon,
Benjing tanggal kaping 7 wulan Dhesember punika awit saking
panguwasaning pangadilan badhe angenglang barang warni-warni
tuwin pamedaling siti wonten ing dhusun Kemiri.
Benjing tanggal kaping 9 wulan Dhesember punika badhe wonten
lelang ing griyanipun tuwan Dhokter Pankapen ing Bathangan:
menggah ingkang badhe kalelang narang-barang praboting griya,
kareta, kapal tuwin sanes-sanesipun.
Surakarta kaping 30 Nopember 1867
Katandhan ingkang nguwasani lelang tuwan Panlingen
==============================
Para titiyang ingkang taksih gadhah sambutandhateng tuwan Dhe-
grootkolep enko, saha sampun katagih kaping pinten-pinten dereng
sami anyukani wangsulan, ing mangke sami kaaturan mugi ambayara
sasambutanipun wau, manawi boten angleksanani ing pambayaripun
sambutan wau satelasing taun, 1867,punika amesthi seratipun
rekening badhe kawade kasebutaken wonten ing Jurumartani, mawi
kapratelakaken namanipun ingkang sami anyambut wau. ]
Awit saking parentahipun tuwan Dhegrootkolep enko.
Katandhan Tuwan FH Jaspres
=======
Titiyang sami saged pikantuk atumbas sekar latunipun tuwan Ores
saking tuwan Ledherbur ing Jebres, abayar kenceng.
==================
Angka 50 Kemis kaping 12 Dhesember 1867 [Note: this includes corrections in bold made by me
(MCR) as guidance to the National Library transcribers]

Jurumartani
Serat Jurumartani wedalipun saben Kemis, reginipun ing dalem
sataun 12 rupiyah pethak.
Panyuka kabar ingkang kakintunaken ing griya pangecapan ing
dinten Rebo enjing, badhe kapacak ing serat Jurumartani.
Pangaosing pamacak wau salarikipun 50 sen kajawi regining
serat segel.
Teges{e}ipun salarikan ingkang isi gangsal tembung
Regining serat segel ing dalem satembung dumugi seket tembung
36 sen ing dalem seket dumugi satus tembung 60 sen
Pangaosing pamacak wau kedah kabayar rumiyin.

Tuwan Jaspres eng ko asuka uninga dhateng para priyantun


ingknag dereng mendhet serat Jurumartani, {n}mongka ing mangke
sami karsa mendhet serat Jurumartani wau, punika badhe kakin-
tunan serat jurumartani ing dalem wulan Dhesember punika
boten mawi ambayar pangaosipun sawulan wau, dene para
priyantun ingkang sami dereng ambayar sambutanipun sumerep
pangaosing serat Jurumartani ing taun 1867, punika badhe
boten kakintunan malih serat Jurumartan ing taun 1867, sarta badhe katagih sambutanipun wau kasebut ing
jurumartani, mawi kapratelakaken namanipun.
Surakarta kaping 12 Dhesember 1867.
katandhan Tuwan Jaspres eng ko.
===========================================

Pawartos warni-warni

Serat saking Banyumas katitimangsan kaping 1 wulan Nopember


ingkang sampun kapengker amratelakaken kados ing ngandhap
punika:
Kala winingipun in dinten Saptu kaping 16 [18?] wulan Nopember
punika para priyantun walandi tuwin Jawi Ageng alit saha para
tuwan tuwan sanesipun ing Banyumas sami adamel pista atur
wilujeng tuwan Residhen Sutenglip [Sutelif] bab anggenipun badhe tindak kesah saking Banyumas, para
tuwan nyonyah-nyonyah tuwin nona-
nona sakalangkung ingkang sami dhayeng pista ing ngriku, saha
sakalangkung anggenipun sami asuka-suka ngantos dumugi Anyer.
Menggah pista ageng ingkang kados makaten punika ing Banyumas
awis-awis wonten, para tuwan-tuwan nyonyah-nyonyah tuwin
nona-nona sakalangkung kathah ingkang sami dhateng pista ingriku saha sakalangkung anggenipun
sami asuka-suka ngantos dumugi ebyar,, menggah pista ageng ingkang kados makaten punika ing Banyumas
awis-awis wonten, para tuwan-tuwan, nyonyah-nyonyah tuwin nonah-nonah ingkang remen dhangsah sami
sakeca ing manah wonten
salebeting pasamuwan pista ing ngriku, sanadyan kula saged
anamtokaken bilih titiyang ing Banyumas sami susah ing manah,
aningali badhe tindakipun kanjeng tuwan residhen Sutelif
kesah saking Banyumas, ewadenten panginten kula, manawi para
nem-neman [neneman] estri ingkang sae warninipun sami gadhah pamuji, mugi-mugi wontena pista
dhangsah ingkang kados makaten ing
saben wulan.
Menggah kanjeng tuwan Asisten Residhen Ph[F]itseperpluh ingkang
amiwiti ngaturi kawilujengan ing badhe tindakipun kanjeng
tuwan residhen Sutelip(f), nunten Kanjeng Tuwan Dhewal{l}
ingkang anggentosi kanjeng tuwan residhen Sutelip(f), kaaturan
wilujeng rawuh wonten ing Banyumas dening kanjeng tuwan
Asisten Residhen Neis, priyagung kakalih punika salajengipun
sami amaringi wangsulan ing atur wilujeng wau kalayan awantu-
wantu sanityaning {g}galih, tumunten wonten atur kawilujengan
sawatawis kabasakaken malajeng, wonten malih ingkang ngaturi
wilujeng dhateng kanjeng tuwan Residhen Sutelip(f), pitembun-
ganipun malajeng, sarta sakalangkung sae atur wilujengipun ,
inggih punika Jipro:na [Ka], sareng ang{g}genipun sami atur wilujeng sampun rampung, saben wekasaning
pitembungan amumuji mugi
kanjeng tuwan Residhen ginanjara yuswa panjang,lajeng asurak
ambal-ambalan.
=======================================================

Ing ngandhap punika pratelanipun bau suku ingkang sampun


kalilan dening kanjeng gupremen, kawedalaken saking titiyang
alit ing tanah jawi tuwin Madura, anjawi saking paresidhenan
Priyangan tuwin Batawi:
BUpati angsal bausukunipun tiyang 40 iji
Patih angsal bausukunipun tiyang 15 iji
Dhistrik Kauf [huf(=hoofd)] angsal bausukunipun tiyang 12 iji
Kliwon dhistrik uf angsal bausukunipun tiyang 8 iji
Onderdhistrikauf [huf] angsal bausukunipun tiyang 6 iji
Kliwon angsal bausukunipun tiyang 5 iji
Uf Jaksa angsal bausukunipun tiyang 12 iji
Ajunguf Jaksa angsal bausukunipun tiyang 6 iji
Jaksa angsal bausukunipun tiyang 6 iji
Ajung Jaksa angsal bausukunipun tiyang 4 iji
Uf Pangulu angsal bausukunipun tiyang 6 iji
Ajunguf pangulu angsal bausukunipun tiyang 4 iji
Pangulu, angsal bausukunipun tiyang 4 iji
Onderkolektur angsal bausukunipun tiyang 10 iji
Mantri dhistrik angsal bausukunipun tiyang 4 iji
Mantri ingkang kabebahan rumeksa taneman rosan tuwin kopi
utawi ingkang kabebahan rumeksa ilen-ilen toya angsal bausu-
kunipun tiyang 3 iji
Mantri ingkang kabebahan rumeksa pandamelipun sarem, saha
ingkang kabebahan rumeksa tambak ulam loh, utawi kang kabe-
bahan rumeksa guwa sarang burung angsal bausukunipun tiyang
2 iji
Kapala ingkang kabebahan rumeksa gudhang kopi utawi gudhang
sarem angsal bausukunipun tiyang 3 iji
Mantri cacar angsal bausukunipun tiyang 3 iji
Gurujawi angsal bausukunipun tiyang 2 iji
Juru Serat angsal bausukunipun tiyang 2 iji

Menggah ingkang sampun sami angsal bausukunipun titiyang


alit kirang saking ingkang sampun katamtokaken ing nginggil
wau, punika boten angsal wewahanipun.
Wondening pranatan punika tindakaken awit ing tanggal kaping
1 wulan Oktober 1867.
==========================================================

Tiyang ingkang sumerep dhateng pangadilan nagari amratelakak-


en kawrat ing serat, manawi boten wonten awonipun , bilih
anyariyosna bab lampahipun wadana residhen Dh.N.[Dhe Ka] ing dhistrik G. paresidhenan Sa, dene
lalampahanipun makaten:
Ing dhistrikipun wadana wau dhusun Dhe,M R. [Dhe, Em, Er] Lurah ing ngriku kaguggat dening tiyang
alit, amargi anggenipun anedha paos
siti kakktahen [kakathahen], sareng prakawis punika sam{p}pun tetela, bilih lurah wau kakathahen
anggenipun anedha paos siti, lurah
punika lajeng kapati [kapatrapan, amangsulaken langkunganipun paos siti dhateng ti]tiyang alit, ananging
wadana anedha 20
sen dhateng lurah wau, sumerep pituwasing sayah anggenipun
sampun angrampungi prakawis.
Wonten prakawis sanesipun, kados ing ngandhap punika:
Ing dhistrik ipun wadana wau wonten peken asade khewan kathah,
kawastanan peken Be, menggah ingkang rumeksa peken kewan
punika lurah kakalih, satunggil lurah ing Ka, satunggilipun
ing Ka, Te, sareng makaten ing wingking wadana amendhet
pangrumaksaning peken kewan punika saking lurah kakalih wau,
boten manawi amargi saking wonten pamedalipun sakedhik.
Wiwit kala samanten wadana amranata sampun kadamel tamtu,
manawi maesa satunggil-tunggilipun ingkang kabekta dhateng
peken wau badhe kawade, punika tiyang kedah ambayar, 10 sen,
sampun leres kemawon arta 10 sen boten kathah, ananging
manawi tiyang sumerep kathahing maesa ngatos 300 iji, ingkang
sami kabekta dhateng ing peken wau, amesthi pamedalipun 10
sen saking maesa satunggil andadosaken kathah, owel manawi
katampika.
==========================================================

Ing tapel watesipun nagari Walandi kaliyan Dhitslan wonten


walandi satunggil kabegal, ingkang ambegal anedha arta tuwin
barang ingkang kathah pangaosipun, ingkang kabegal angulun-
gaken artanipun, sasampunipun ingkang ambegal anampani arta,
antawis kalih utawi tigang menut ingkang ambegal anedha
jasipun ingkang kabegal , jas punika bahde kaangge dhateng
ingkang ambegal, dene jasipun ingkang ambegal kasukakaken
dhateng ingkang kabegal, kapurih angange, kala samanten ingkang kabegal anuruti punapa ingkang dados
pikajen-
ganipun ingkang ambegal, sareng makaten ingkang kabegal angla-
jengaken {ka} lampahipun, sarehning celak saking panggenan ing
ngriku wonten griyanipun losemen, ingkang kabegal lajeng
amampir dhateng griya losemen punika, ing ngriku ingkang
kabegal kapanggih kaliyan ingkang nyepeng losemen , dene
ingkang nyepeng losemen wau sampun atepang sae kaliyan
ingkang kabegal, sareng makaten ingkang kabegal anyariy{u}osak-
en bab anggenipun kabegal wau, arta kaliyan barangipun ka-
pendhet ing tiyang begal ngantos telas-telasan, ing mangke
ingkang kabegal anedha tatedhan tuwin inuman dhayeng [dhateng] ingkang nyepeng losemen, sarehning
ingkang kabegal boten gadhah arta
kadamel ambayar, lajeng aprajangji badhe ambayar anggenipun
badhe anedha tuwin ngombe inuman benjing manawi wangsul malih
dhateng losemen ing ngriku.
Menggah ingkang nyepeng losemen wau lajeng anyukani tatedhan
tuwin inuman dhayeng ingkang kabegal, amargi saking sampun
atepang sae saha saking welasipun sasampunipun ingkang kabe-
gal anedha utawi ngombe, lajeng ajagongan kaliyan ingkang
nyepeng losemen, saha asami acacariyosan, nunten ingkang
kabegal angrogoh kanthonganing jas,badhe amendhet kacunipun
ingkang badhe kadamel angusapi rainipun, ing waktu punika
ingkang kabegal kaget, awit kacunipun boten wonten ing kan-
thonganipun, ingkang wonten bukipun alit isi arta kertas
kaliyan barangipun ingkang sampun kapendhet ing durjana
begal, kala samanten ingkang kabegal lajeng asanjang dhateng
ingkang nyepeng losemen, manawi badhe ambayar regining tated-
han tuwin inuman, ingkang sampun katedha utawi kaombe, amargi
ingkang kabegal sampun amanggih artanipun malih.
Menggah kateranganipun bab wangsuling arta ingkang sampun
kapendhet ing tiyang begal wau makaten: Sareng tiyang begal
sampun amendhet artanipun ingkang kabegal, arta akaliyan
barang ingkang kathah pangaosipun punika lajeng kalebetaken
ing kanthonganing jasipun, kala ingkang ambegal asantun
jasipun ingkang kabegal, kasupen boten amendhet arta kaliyan
barang ingkang kalebetaken ing kanthonganing jasipun piyambak
wau, kadadosanipun ingkang ambegal boten angsal punapa-punapa
anjawi saking jas{s}pun ingkang kabegal kemawon.
=============================

Katur ing Panjenenganipun Tuwan Ingkang ngarang juru martani,


serat kula punika bilih sakinten pantes mugi kapacaka ing
Jurumartani.
Nalika dinten Senen Wage tanggal kaping 5 wulan Ruwah taun
Ehe punika , wanci jam 3 siyanging Kalijenes wonten lare
pejah keli, pratelanipun kados ing ngandhap punika.
Kyai Surawijaya, abdi dalem Jakar [jajar] kaparik kiwa, Ngariya [gagriya] ing kampung Gapyakan bawah
kabupaten [kabopaten] Gedhong Kiwa, dhumateng
Kalijenes sumedya keser [neser], kanthi lare-lare [rare-rare]sawatawis, sadumugining panggenan {ing }
[Kyai] Surawijaya lajeng nyegur ing toya, lumampah keser [neser] manginggil, ingkang lebetipun sadhadha inggih
punika nuju dhatenging toya wondening rare sami katilar wonten
ing gisik sacelaking kali, kadadosanip[uj [kadosanipun] 1 rare ingkang nami
pun bagong umur 7 taun, anakipun Kartadikrama [Kertadikrama] ing kampung
Gapyakan ugi, pejah amargi keli, menggah katranganipun sinten
ingkang adamel jalaran pejah punika dereng wonten, Warana [Wasana (seharusnya: Wadana)] pulisi [polisi]
Gedhong Kiwa lajeng angladosaken Kyai Surawijaya konjuk ing kanjeng Parentahan Ageng, salajengipun Kyai
Su-
rawijaya kalebetaken kunjara.
Katandhan Tiyang Gedhong Kiwa.
======================================
Cariyosipun Retna Pambayun, ingkang putra Prabu Brawijaya
wekasan.
Kacariyos ing Majapahit, Prabu Brawijaya mireng pawartos,
manawi ing Balambangan kabedhah saking Bali, Adipati ing
Balambangan kalampahan jengkar saking praja, kala samanten
saweg amatah ingkang badhe kabantokaken dhateng Balambangan,
katungka sowanipun Adipati ing Balambangan palarapan, angatu-
raken balilanipun ratu ing Bali, sumedya bongga lumuh kabawa-
ha dhateng Mapapahit, malah badhe angelun tanah jawi sadaya,
kapurih sami angidhepa dhateng ratu ing Pengging kang anama
Prabu Andyaningrat, sabab punika prenah wayahipun ratu ing
Bali, ingkang ibu Prabu Andayaningrat putri saking Bali
aslinipun, telas aturipun adipati ing Balambangan, Prabu
Brawijaya sakalangkung dukanipun, wekasan patih Gajahmada
kautus dhateng Pengging, kinen angipuk kamanawi [angipuka manawi] Prabu Andaya-
ningrat saged anelukaken ratu ing Bali, saestu katariman
putri REtna Pambayun, ing ngantawis dinten patih Gajahmada
mangkat amung kadherekaken wadya punggawa ing sawatawis.
Kacariyos ing Pengging Prabu Andayaningrat saweg amarengi

tedhak anggrit sang saman [sangsam] dhateng wana ing Sekar Lampir, Arya Pekik ing Sokawati angaturi
uninga manawi wonten utusan
saking Majapahit, taksih kendel wonten ing Sokawati, Prabu
Andayaningrat lajeng kondur, Arya Pekik dhinawuhan angirid
utusan saking Majapahit, nunten Prabu Andayaningrat andangu
dhateng Ajarpacira, menggah awon saening wanedyanipun [panedyaninpun]utusan saking Majapahit punika,
aturipun Ajarpacira, rebg [rembag] sae manawi
kalampahan anadosaken prayogi.
Kacariyos Arya Pekik sampun angacarani dhateng patih Gajah-
mada, angkatipun saking Sokawati kairid dening Arya Pekik,
dumugi ing Pengging langkung kinurmatan salwiring bojakrama,
andadosaken suka pirenaning galihipun patih Gajahmada, sareng
sampun rerem ing saantawis dinten , patih Gajahmada anandu-
kaken tembung pangipuk Pangebang-ebang dhateng Prabu Anday-
aningrat, makaten wiraosipun , angger sang aprabu sudibya
sakti, lampah kula punika kautus ing rama ing jengandika
ingkang sinuhun Prabu Brawijaya, Amaringi uninga manawi ing
Balambangan kabedhah saking Bali, ngantos kalampahan Adipati
ing Balambangan jangkar [jengkar] saking prajanipun, ujar{r}ing pawartos
ratu ing Bali sumedya angelun tanah jawi sadaya, kapurih sami
angidhepa dhateng Bali, punika angger dhawahipun Rama ing
Jengandika ingkang sinuhun Prabu Brawijaya, punapa panjenen-
gan paduka boten kagungan panggalih badhe anglampahi Kaling
Seman [kalingseman] , manawi ngantosa kabawah dhateng Bali kadosa pundi
patrapipun sarehning kina kumina ing Bali punika bawah dha-
teng tanah jawi, ing mangke teka badhe kabawahaken dhateng
Bali manawi rama ing jengandika makaten tiyang sampun sepuh
saestu akathah panarimanipun, wangsul panjenengan paduka
taksih taruna pekik dhasar winowong ing dewanipun, punapa
inggih amung mupus anarima ing titah kemawon, ing bai balok-
ing nagari liyan, winastan tiyang satanah jawi punika boten
wonten andel-andelipun, mila dhawahipun rama ing jengandika
mawi sayembara, sinten-sinten ingkang saged anelukaken ratu
ing Bali, saestu katariman putri Retna Pambayun, punika
sumongga ing panggalih paduka angger .

[sampai kesini saja]

Yata Prabu Andayaningrat sareng amiyar sawiraosipun patih


Gajahmada, wantuning Prabu Jakataruna teka madeg suraning
driya, lajeng anyagahi bedhahipun nagari ing Bali, amargi
tumaos manawi kagungan luluhur ing Bali sarta ingkang eyang
Prabu Dewa Kalagarjita taksih jumeneng nata, mila wangsulani-
pun dhateng patih Gajahmada makaten, uwa patih, ing jengandi-
ka matur ing rama prabu Wijaya, sampun sumelang ing nggalih
prakawis punika, inggih kula warninipun ingkang ambedhah
nagari ing Bali, ananging uwa patih mantuka dhateng Majapahit
rumuhun, ing ngantawis dinten kula anungka kalampah ing
jengandika, uwa patih apitados sadhateng kula.
Mangkana patih Gajahmada sareng amiyarsa ing wawangsulanipun
Prabu Andayaningrat mawi patembayan satuhu, sakalangkung lega
ing galihipun, ing ngantawis dinten pamit mantuk sampun
kalilan lajeng mangkat.
Kawuwusa Prabu Andayaningrt, ing mangke mangkat dhateng
Majapahit, ingkang rayi arya winanga tinanggenah katantun
Tenggapura, patih Arya Pajang sora pinatah tengga praja; para
bupati Tampingan sami kinen tugur sajawining nagari, Arya
Pandhun ing Sembayan tugur sakidul nagari, Arya Bangah ing
Kedhu tugur sakilening nagari, Arya Serang tugur Salering
nagari, ARya Pekik ing sokawati tugur sawetan nagri, dene
punggawa ingkang andherek, Brahmanasang Ajar Pacira, Adipati
Gendhing ing Jagaraga, ARya Jaladra, Arya Panengah , arya tan
pulas, Arya Sabangkat, Arya Pangalasan , Arya Surongga, Arya
Suwonda, Arya Minongsraya, Arya Minongkarti, sami sabawahipun
sadaya, dumugi ing Majapahit anjujug patih Gajahmada, en-
jingipun kairid sowan ing ngarsanipun Prabu Brawijaya, ka-
parengan ing nalika punika wonten tiyang sasakit tan ucul
lajeng ngauk, adamel gegering panangkilan, sareng anarajang
dhateng panggenanipun Prabu Andayaningrat, tiyang ngamuk
kaprajaya pejah, nunten Prabu Andayaningrt ing ngacaran
dhateng Prabu Brawijaya sinambram ing pambage, lajeng tinan-
tun badhe panglurugipun dhateng Bali punika, aturipun anuwun
enggal la mangkat, ing ngantawis dinten Prabu Andayaningrat
kalilan mangkat, kinandenan Arya Teja kaliyan ARya Katawen-
gan, sapanekaripun sadaya, enggaling cariyos sareng dumugi
ing Balambangan campuh prang kaliyan tiyang Bali, Adipati
Gendhing ing Jagaraga pejah campuh kaliyan pangagenging
titiyang Balianama Ngurah Pamedan, ing wekasan titiyang Bali
ingkang wonten ing Balambangan sami anungkul, awit sumerep
ingkang dados senopatinipun prajurit ing Majapahit punka
Prabu Andyaningrat ing Pengging, mila Prabu Andayaningrat
lajeng anglud dhateng Bali, kapanggih kaliyan ingkang eyang
Prabu Dewakalagarjita, autripun Prabu Andayaningrat ingkang
eyang kaprayogakaken anunungkula, priksa-priksa angramakaken
wayah, sabab paembayanipun Prabu Brawijaya manawi Prabu
Andyaningrat saged anungulaken ing Bali badhe kaparingan
garwa REtna Pambayun, Prabu Dewa Kalagarjita langkung suka
lajeng anurut dhateng aturing wayah, ananging sowanipun
dhateng Majapahit sulur putra raden dewata, sarwi ambekta
rajabrana ingkang ngadi-adi minongka sarana panungkulipun,
ing ngantawis dinten prabu Andayaningrat bidhal saking Bali,
dumugi ing Majapahit langkung kaalembana dhateng prabu Brawi-
jaya, boten lami kadhaupaken kaliyan Retna Pambayun.
=====================================================

Para priyantun ingkang karsa atumbas serat panangaalan jawi


ing tahun 1868, ing mangke sami kaaturan angintunaken wangsul
serat pratelanipun serat pananggalan dhateng Tuwan Jaspress
en ko ing Surakarta, supados tuwan Jaspressen ko sageda
angintunaken serat pananggalansaderengipun wulan Januwari
ngajeng punika dhateng para priyantun wau, dene reginipun
serat pannggalan satunggil amung 1 rupiyah.
========================================================
[sekali lagi:]
Tuwan F.Pandherheidhea [ Ef Pan dher Eidhe ] asuka uninga dhateng para priyantun manawi ing mangke
angadegaken pasewan kareta malih wonten ing loji wetan, menggah kareta tuwin kapalipun sadaya sami sae-
sae, ingkang punika para priyantun manawi badhe angangge
kareta, mugi-mugi sami dhangana ing {ng}galih, amendhet kareta
ing pasewanipun tuwan Pandher einwe [Pan dher Eidhe]wau
Katandhan tuwan F. Pandhereidhe

==========================
Para tuwan ingkang ngecapaken serat Juru Martani badhe kaji-
bahaken dening parentah, bab pamacakipun sarwining pawartos
ingkang boten mawi tondha astanipun ingkang ngintunaken.
Angka 51, 19 Dhesember 1867

Can Gowan Li, mentas tampi gadhahanipun teh Kam im bungkusan


saking nagari Cinten, salebeting bungkusan mawi tondha serat
jawi mila dipun sukani tondha margi samining, teh bungkusan
kalebet eca piyambak wangi sarta arum ecanipun nglangkungi
Kaimlami 1, bungkus regi 50 sen.
Kawade wonten gadheyan Gedhong Ageng Kilen Kalentheng majeng
mangaler pacinan Surakarta.
=========================================================

Kulawisudhan sapanunggilanipun

Kanjeng Tuwan Y.F.Sekulse, Residhen ing Krawang, samangke


kaelih dados residhen wonten ing Basuki.

Tuwan Y.A.Neis, Kontelir Twedheklas saking paparentahan lebet


ing Paresidhenan Dhistrik -dhistrik tanah Lampung, ing
mangke kakula wisudhadados kontelir Irseteklas saking papar-
entahan lebet inggih ugi wonten paresidhenan dhsitrik-
dhistrik tanah lampung ing ngriku.

Tuwan C.A.Wilkes, ingkang wau dados Kontelir Twedheklas


saking paparentahan lebet Gupremen Selebes sabawahipun ing
mangke kakula wisuda dados kontelir twedheklas saking papar-
entahan lebet ing paresidhenan dhistrik-dhistrik tanah Lam-
pung.

Tuwan E.Y.C.Gaiman Kontelir Dherdheklas saking paparentahan


lebet ing Paresidhenan dhistrik-dhistrik tanah Lampung, ing
mangke kakuula wisudha dados kontelir twedheklas saking
paparentahan lebet ing gupremen Selebes sabawahipun.

Tuwan M.Rip. ingkang wau dados kontelir Dherdheklas saking


paparentahan lebet ing Bali, ing mangke kakula wisudha dados
Kontelir Dherdheklas saking paparentahan lebet ing pare-
sidhenan dhistrik-dhistrik tanah Lampung,

Tuwan L. Dhesekemaker, kontelir twedheklas ing Batubarah, ing


mangke kakula wisudha dados kontelir inrseteklas sakin gpada-
melan nagari ing tanah Siyak bawahipun.
Tuwan C.H.G.Pan Seildheyong, Kontelir Irseteklas saking
pamedaling siti tuwin tanem tuwuh, ing mangke kakula wisudha
dados asisten Residhen ing Lumajang Paresidhenan Prabalingga.

Kanjeng Tuwan Residhen ing bangkah F.M.G.Pankatenbureh,


ingkang sampun kalilan pamit dhateng nagari Walandi, lamini-
pun kalih taun, awit saking sampun langkung ganggsal welas
taun anggenipun anglampahi padamelanipun angabdi dhateng
Kanjeng Gupremen ing mangke pamitipun wau kasuwak, lajeng
kaparingan pamit kalih taun dhateng nagari Walandi, amrgi
saking sakit.

Pangeran Muhammad Jasim, Mayor tuwin wadananing prajurit

biyanton saking Ternate wonten ing Pulau Seram, ing mangke


kakula wisudha dados Ridder Pirdheklas saking militer Willem
Ordhe, kasebut ing serat kakancinganipun Kanjeng Maharaja,
katitimangsan kaping 13, wulan September 1867, O.K.Y. Minong-
ka ganjaranipun para prawira wonten Saprangan ing Pulau
Seram kala ing wulan Pebruwari tuwin Maret 1866.

Raden Ngabei Jayanagara, patih ing Batang Paresidhenan Paka-


longan awit saking panuwunipun piyambak ing mangke kamantunan
anggenipun dados patih amargi saking sakit, ananging Raden
Ngabei Jayanagara wau kaleres atampi pensiyun.

Raden Ngabei Suradirja, wadana ing nagari Pakalongan awit


saking sakit ing mangke kamantunan anggenipun dados wadana,
mawi kaparingan tedha ing saben wulan.

Mas Prawiranata, mantri ingkang rumeksa ilen-ilen toya ing


bandar bawah Pakalongan, ing mangke kaundur saking kalenggah-
anipun amargi saking sakit.

Mas Secadirana , mantri kopi ing Sawangan bawah Pakalongan,


ing mangke kaundur saking kalenggahanipun awit saking kalepa-
tan.
Wadana Jayadiwirya ing Pakajangan, ing mangke kakula wisudha
dados patih ing Batang, bawah paresidhenan Pakalongan.

Raden Suryaamijaya, mantri gudhang kopi ing Dara bawah Paka-


longan ing mangke kakula wisudha dados wadana ing Kebumen
bawah Batang.

Raden Sastradipura, wadana ing Kabumen bawah Batang, ing


mangke kaelih dados wadana wonten nagari ing Pakalongan.

Mas Purwaatmaja, mantri gudhang kopi ing Panenggaran ing


mangke kakula wisudha dados wadana ing Sawangan.

Raden Ngabei Suradiningrat wadana ing Sawangan ing mangke


kaelih dados wadana wonten ing Masin.

Raden Sumadipura, wadana ing Masin, ing mangke kaelih dados


wadana wonten ing Pakajangan.

Mas Sastradikrama, murid Juru Ukur, ing mangke kakula wisudha


dados mantri ingkang rumeksa ilen-ilen toya ing Bandar.

Mas Mangunasmara, panewu saking Sala ingkang sampun kaundur


saking kalenggahanipun kalayan kurmat ing mangke kakula
wisudha dados mantri kopi ing Sawangan.
===============================================

Pawartos warni-warni

Serat saking Surakarta amratelakaken kados ing ngandhap


punika:

Awit saking agenging jawah kala ing wulan Oktober tuwin


Nopember ingkang sampun kapengker tanem tuwuh ing sabin boten
sae kadadosanipun, punapa dene pantun ingkang sami angajen-
gaken sepuh sakalangkung karisakanipun, wohipun kathahing-
kang gabug, pabrik-pabrik gendhis ingkang dereng rampung
panggilingipun Rosan, sami anandhang pitunan, anjawi saking
punika pambektanipun Rosan dhateng pabrik-pabrik wau saka-
langkung rekaos, amargi saking agengipun jawah, amung taneman
Nila ingkang reja piyambak, milawonten ingkang mulya saha
wonten ingkang cilaka.
Menggah Rosan tuwan ingkang ngarang serat pakabaran kawasta-
nan : Batapiyah (Batavia) Andhelbelad, punika awit saking
sampun ambudi pinten-pinten taun laminipun ing kayektosani-
pun, m anawi kenging katamtokaken, bilih taneman Rossan tuwin
panggilingipun Rosan ing tanah bawah Surakarta kaliyan ing
Ngayogyakarta sami badhe pikantuk sanget, makaten punika
amesthi badhe saged kalampahan bilih kantuka ing mangsanipun
saged agesang, ananging ing sapunika pabrik-pabrik gndhis ing
tanah bawah surakarta kaliyan ing Ngayogyakarta sami kakende-
laken saha kasantunan ananem Nila, malah wonten ingkang
cariyos saestu wonten pabrik gendhis tiga ingkang ageng
tanah ing Ngayogyakarta badhe mantun anggiling saha kasantu-
nan ananem Nila, ibata owelipun dene pawicantenipun tuwan
ingkang ngarang Batavia
andhelbelad boten kaleksanan.
=============================================
Wonten juru serat toko ing tanah Walandi dipun kengken ing
lurahipun, anukaraken arta kertas pangaos 1000 rupiyah, awit
saking kiranging pangaos satusipun, saha salewengan ing
lampah dadak amampir dhateng griyaning mitranipun, kalampahan
andadosaken boten karaosipun manawi arta kertaswau dhawah
saking kantonganing rumpinipun, sareng juru serat sumerep,
manawi artanipun kertas ical, ing sanalika lajeng angaturi
uninga dhateng lurahipun bab icaling artakertas, sareng
makaten lurahipun wau kewedan ing pamanahipun, badhe apitados
bab icaling arta kertas kados pundi, dene gampil temen angge-
nipun icalmanawi badhe amaibena kados pundi, awit juruserat-
punika salaminipun tumut lurah dados juru serat wau, panda-
melanipun sae, ing wasana lurah lajeng aparentah mangsulaken
arta kertas ingkang ical mawi kawangenan ing dalem kawanwe-
lasdinten, manawi juru serat boten saged angleksanani, ames-
thi badhe amanggih silaka.
Salajengipun juru serat boten gadhah akal sanes bab anggeni-
pun badhe amarnekaken arta sewu rupiyah, anjawi saking anedha
pitulung dhateng para mitranipun, kalampahan juru serat
anedha pitulung dhateng para mitranipun wau, mawi amratela-
kaken jalaraning kasusahanipun, sareng makaten juru serat
angajeng-ajeng pitulungipun para mitra, ngantos tigawelas
dinten laminipun dereng apikantuk pawartos saking para mitra
punika bab anggenipun anedha pitulung wau, ing nalika punika
andadosaken sangsaya sanget susahing manah\ipun , awit
kamanah ,manawi kalampahan anandhang cilaka, sinten ingkang
badhe angingoni anak bojonipun, sareng dumugi kawanwwelas
dintenipun, lajeng wonten tiyang ambekta serat dhateng, serat
punika kasukakaken dhateng juru serat, ing sanalika serat wau

kabikak dening juruserat, ing ngriku wonten isinipun arta


kertas satunggil pangaos sewu rupiyah, menggah arta kertas
punika saking pitulunganing mitranipun ingkang agriya tebih,
kala samanten jru serat kaliyan bojonipun sami bingah ing
manah, amargi kang manah bnadhe luwar saking kasusahan, awit
saking bingahing manah, kalampahan serat kaliyan arta kertas
wau tansah sumeleh wonten ing meja kemawon boten mawi ka-
praduli, ing nalika punika anakipun juru serat saweg watawis
ngumur tiga utawi kawan taun panuju alenggah dolanan wongten
nginggil meja ingriku, arta kertas lajeng kapendhet dhateng
anak punika kadamel dolanan, wekasan arta kertas kabesmi ing
dilah lilin ingkang wonten ing meja dhayeng anak wau, sareng
makaten juru serat badhe amendhet arta kertas ingkang kasele-
haken ing meja, ananging sampun boten wonten, nunten upadosan
ing ngrika-ngriki tansah boten kapanggih, wekasanipun sumer-
ep, manawi arta kertas sampun kabesmi dening anakipun, saha
sampun dados awu, kala samanten juru serat kewedan ing manah,
saha boten sumerep kados pundi malih anggenipun saged amerne-
kaken arta sewu rupiyah wau, kadadosanipun anak tuwin bojoni-
pun lajeng sami kabekta dhayeng ing lepen, wonten ing ngriku
anak bojonipun sami kaceguraken ing lepen, kalampahan sami
pejah, juru serat lajeng tumur anyegur inggih anemahi
pejah.
=============
Kala maelm Rebo kaping 19 wulan Nopember ingkang sampun
kapengker, wanci dalu ing Padhang wonten lindhu ingkang
sampun adamel kagetipun para titiyang ingkang sami tilem,
menggah ebah ing siti anegntrog, ananging mawi ngombak, sarta
dangunipun watawis 27 menut, dene penering ebahipun siti
punika kdos lindhu kala kaping 11 wulan ktober ingkang sampun
kapengker, saking kidulkilen mangalerngetan, sareng wanci
pukul sawelas langkung 46 menit inggih sareng sami sadalu
punika wau wonten lindhu malih, ebahing siti, angombak,
ananging boten patos sanget ebahing siti sarta penering
ebahipun siti inggih saking kidulkilen mangaler ngetan, dene
dangunipun amung samenut langkung 29 cekondhe.
==================================================

Tabe kaormatan akathah-kathah, katur ing panjenenganipun


tuwan ingkang ngarang Jurumartani, saking panuwun kula sera-
tan punika mugi kalebetna ingkang bar Jurumartani.
Kula maos Jurumartani ongka 4e katiten Kamis kaping 28
Nopember 1867, wonten kasebut tandhanipun Mas Ngabei Karya
sestra: Mantri Kabupaten Bogor, sampun asuka pamuji sarta
panarima, awit samun aningali seratan sarta pemanggih kula
ingkang kawrat ing Jurumartani ongka 43.
Ing wusana kula kedah kamangsuli sakelangkung ing panedha
dhateng Ngabei Karyasestra, saking pamujinipun wau, semanten
wauten taha kula ngaken saged boten, namung dawek kepareng
wonten ingkang kula serepi sangking barkah ing gusti saha
tiyang sepuh, saupami dipun takeni malih ing bab liya saking
punika saestu yen boten anamtokaken saged suka katrangan.
Wondene pitakenipun ingkang sapunka: bab putra dalem ingkang
Sinuwun menggah ingkang putri, ingkang sami nama Kanjeng Ratu
ing Panggeran boten wonten, ingkang dadosna mung karsanipun

ingkang rama, namung putra ingkang dede sangking garwa de-


rengwonten ingkang nama kanjeng ratu, inggih namung bendara
raden ayu kemawon.
Wondene katranganipun kanjeng punika menggah ing mongsa
punika inggih sampun kathah cemburuwanipun, namung pamendhet
kula sangking kangetan, kadosta ing pundi yasa tunggal engge
punika pengajengipun satunggil utawi kalih, punika ingkang
nyepeng panguwasa, mila kenging yen kasebuta kang ngajeng.
Bab negari Ngayogyakarta Ngayogya pangulu hakim abdi dalem
ingkang sinuwun kanjeng sultan inggih satunggal, wonten ugi
malihnama pangulu landrat, wondene pepanggeran busananing
negari namung 4 ratu patih pangulu jeksa, menggah niyaka
waunamung sumerep bebau utawi kaliwoning patih sangking dugi
kula ingkang dereng terang ugi inggil pangulu kalayan nayaka.
Sangking pitakenipun Mas Ngabei Puspalalita ing Cikandhi ing
bab urutipun kalenggahan, kados dening ngandhap punika sak
sumerep kula.
1. Patih, 2, pangulu 3, para tumenggung ingkang nama Niyaka,
4, Jeksa 5, Para tumenggung ingkang dede nayaka, punika kula
samongga bok manawi wonten sulayanipun mugi ingkang ageng
pangaksamanipun para sobat sadaya.
Sinerat ing Pakualaman negari Ngayogyakarta tanggal kaping 12
Dhesember 1867.
Mas Panji Sasraminarsa.
====================================

Kinanthi ing serat Juru, ongka kawandasa neming, katandhan


den Mas Suteja, kang nyela panjurung mami, lagu ing sekar
macapat, Dhandhanggula den wanceni.

Adadosna uninga sagung, kula tan arsa mangsuli, sabab empere


kawatak, kautan luwes mangsuli, kelajeng pijer nyenyela,
mring wigya, lan Abdulatip.

Myang sedaya dipun saru, sami karan peteng ngucir, wit palso
kang tondha asta, kathah pramacekaneki, ature den Mas Suteja,
napa penetden wangsuli.

Kepripun wangsulanipun, wong wus wekca datan arsi, umacak


malih ing serat, Jurumartani manawi, kasagedane punika,
bisane macak wit saking.

Denya cumelunarutus, tetaken titiron nempil, jowal-jawil


ongga, angsal sathithik rong thithik, telas sadaya winacak,
aneng Serat Jurumartani.

Saking kebak muncu-muncu, kempes wus ilang kang isi, tetep


agal kekulakan, saking saged jujul methil, tinangguh inggil
kang sastra, mrawaseng jroning martani.

Kinuneng luwung ngong matur, mring mitra mas Abdulatip,


sawuse atur panrima, tansaged karya upami, Mas Abdul tan
kakilapan, ing saraosing tyas mami.

Anuwun katrangan mungguh, saking pasal sanes tamsil, kang lir


padhanging dahana, ilange tan saged mardi, pundi sangkan
paranira, padhangingcahya sesami.

Dhuk wiwitane kadulu, terkadhang jebol ing bumi, trekadhang


wangsul mangandhap, trekadhang ngambar manjing, aneng agan-
ing mandira , prak sawatu ngardi-ardi.

Genge weneh sajeruk-jeruk, ingkang gedhe ingkang cilik,


lumrah kang sami amulat salangseguh tyas matitir, wantene
adat wong jawa, kang ningali lir wong lali.

Gumuruh kathah lokipun, nar kabaya iku medi, kemamang kang


wus kacrita, jaman kuna nguni-uni, ing lepen lepen lereng
nggenira, saking pinggiring jeladri.

Balane jeng ratu kidul, kawula emeng miyarsi, ing ujare jalma
kathah, kang gugon tuwun tyas senti, barang kang katon gumeb-
yur, karya sumelanging ati.

Pun mangunjarwa mas Abdul, nuwun kateranganneki, saking


pamanggih ing kimas, sokur karsa amangsuli, aneng jrumertani
serat, yen tanpa nuju masLatip.

Wangsulana lanat samun, tutupan dhumateng mami, katampekna


tuwan ingkang , kuwasa serat puniki, Jurumertani supadya,
tinerusaken mring pun batin.

Kirang langkunging tur ulun, sampun adados panggalih, awit


sumedjaning manah, pun mangunjar wangatosi, kamirahan ta kyai
mas, kang sagah murweng sitadi.

Bab ngelmi kodrat trapipun, gugon tuhoning wong jawi, in


gdesa-desa werata, tan sumeja-mejanani, malah panrimaning
manah, gung pepotangan bebaik,

Lawan ing pamengku tengsun, dereng wonten kang jarwani,


sagunging bongsa Eropah, pamarsudining ngemudi, mirsa samar
ingkang sasar, ningrengringreh gugon titir.

Kula precatos satuhu, yen paduka anglenggani, saking ing


pangungset amba, jeng tatan badhe ngewani, boten kados pun
amtenar, opserwator ing batawi.

Wong tetaken lir mamuruk, nyorahkeni dhalang ngringgit,


petruk ginurun pandhita, tosing mung ngarah mejani, duk
petruk ngenthir lumajar, melajengaken mejani.

Suteja, yen jengandika kapengin, jengandika tuku satengah


taun.
Ma, Ja, Nyukani pemut ing jengandika, senajan jengandika,
jujuluk Suteja, mongsa weruha artine Suteja, utawi teja,
mulane kula boten niyat mangsuli jengandika, den mas, jaba
artine teja suleksana lah niku menawa den mas bisa, ampun
malih malih nembungaken peteng, teja kalih peteng kepripun
etrape., , , , , em.

=========================================================

Kula amratelakaken ing jurumertani ongka 17 seratipun kiyai


mas Abdulatip ru, punsu, kados punika.
Wangsul sampeyan ingkang baut, legeg, lenger-lenger, gagetun
ngungun, wah nutupi babahan mara sanga, wusananipun kok
lajeng ngempos mlumpat kidang anyndhak kusiring petruk ango-
bataken cangkrimaning dhalang.
Saweg dumugi ngriku pamaos kula kaelak gumujeng kados lare
alit, kendeling panggujeng kengetan inggih meksaumengsem
kados para sujana ngengsemmi sesami kang kumenthus kumethak
adol ladak gegenthung umuk umuk kajelompong.
Saking kasengsem kula mangsuli dhateng sampeyan mas, o inggih
talah tiyang ingkang kados raden mas Suteja sanget eram
pitembung supenan pitakenipun S, T, P,
Makanipun titiyang sajagat sami nglampahi mirsa supenan
salebeting tilem awit santana jaman, , , , , , lo, punapa pun
Su, gayuh pitembungan jaman impen,
Saiba pun Su sumerep cariyos ....pan istri Karangbolong
Kabupaten Ambal ing ngriku wonten kawartos bongsa siluman
nami Raden bagus Camethi, sekaliyan Raden bagus Galembah ing
ngajeng sampun kabasakaken siluman, ing wusana sami dipun
pepundhi samben-samben dipun memule, malah samben griya
titiyang semah anggadhah sajen, kadosta klasa anyar, cangkir
putih, kembang, boreh, menyan, sapanunggalanipun punapa
punika boten nelok.
Kadosta ing Batawi wonten kuburanipun bongsa Arab sami dipun
memule kapendhet sawabipun kados titiyang kang kagungan
pangkat kuwasa, sumongga punika punapa boten anglengeraken
iman, para sadherek kaum panunggilanipun wus sanip punapa
boten kenging kawastanan karungokake embuh temen lan orane,
punapa boten tumrap kados pitembunganipun Suteja palso meka-
ten.
kadosta pun Suleres piyambakipun naminipun kados bongsa kula
jawi ananging taksih sajawine kraton kang karana jawa jawal,
awit makna suteja punika, padhang kang kados padhanging
rahina, wekasanipun peteng kados griya ing sibarang sapa-
nungilaning bekakas engkang tanpa lampu setroli, sinulet ing
latu murub.
katondha anggening boten sumerapi kajengane titiyang kang
sami dipun dakwa pal supang ngringkesing nama kadosta, puspa-
wilaga, Abdulatip wigya, sapanunggilanipun kakirang terang
panggenanipun.
Dados piyambake piyambak kang beta obor blarak kadamel ngobo-
ri ayam anigan ing petarangan, lo punika tembung taribasan,
dhudhuk kapus.
Kula tebih ing ngrika ngriki keletan samudra kalayan pun Sus
saget ambatang yen piyambake boten tumut anubas serat jurum-
retani, katondha anggening nempil pawartti dipun sangkani
sangking sasanjan, leres pamirasatipun kisanak yen kula manah
gadhah ana kasudiran mongsa ngelenthung angebaraken nama
prelunipun anggene macak ing Jurumartani.
Senajan cekak angger aos, sarta katingal remen numbas serat
kabar piyambak dados boten telangkeyan kumedah amacak ing
Jurumartani. kejawi punika bioten sampun genthung boten purun

macak malih wonten jurumertani, macak malih inggih mindhak


ngesek-eseki papan, yen pamrihipun namung makaten boten
kirang namiraden boten terus pijer palenceng palenceng ngo-
bat-tabit taken cangkriman petruk jenthir angucir kucire
sarwi lumajar.
Angka 52, 26 Dhesember 1867

Can Gowan Li, mentas tampi gadhahanipun teh Kam im bungkusan


saking nagari Cinten, salebeting bungkusan mawi tondha serat
jawi mila dipun sukani tondha margi samining, teh bungkusan
kalebet eca piyambak wangi sarta arum ecanipun nglangkungi
Kaimlami 1, bungkus regi 50 sen.
Kawade wonten gadheyan Gedhong Ageng Kilen Kalentheng majeng
mangaler pacinan Surakarta.
==========================================

Kulawisudhan sapanunggilanipun

Mas Sastrawigya ingkang wau dados asisten wadana ing Banyu-


biru bawah Ambahrawa, ing mangke kakula wisudha dados wadana
ing Wedhung

Mas Ngabei Cakrasanjaga wadana ing Ngambal, ing mangke kakula


wisudha dadosPatih wonten Ngambal ing ngriku.

Raden Mangun Dirja Mantri Pulisi ing Wanasari, ing mangke


kakula wisudha dados Wadana ing Kedhungtawon bawah Ngambal.

Raden Ngabei Prawira Kusuma, wadana ing Kedhung Tawon ing


mangke kaelih dados wadana wonten ing Kebumen.

Raden Kera Dirjawadana ing Demak, ing mangke kaundur saking


kalenggahanipun kalayan kurmat, ananging leres apikantuk
pensiyun.
==========================================

Pawartos warni-warni

Dereng lami ing Distrik Padhangan tanah Bojanagara wonten


titiyang jaler kacokot ing sawer welang, sareng tiyang punika
meh pejah, lajeng kajampenan ing jampi paringipun kanjeng
tuwan Panprin, Asisten Residhen ing Bojanagara, kalampahan
saras saha andadosaken eraming akathah.
Wonten malih tiyang estri inggih ugi gagriya tanah ing
ngriku, punika kacakot ing sawer luwuk darijinipun, sareng
tiyang estri wau kamanah sampun boten saged saras, lajeng
wonten jampi malih papaingipun Kanjeng Tuwan Asisten Residhen
Panprin, ing sanmalika kajampekaken, inggih lajeng saras.
Menggah jampi wau ingkang kadamel amung wantah kemawon,
inggih punika kagodhong meniran kaliyan godhong ptgikan,
dipun godhog kaliyan arak, lajeng kajampekaken wonten pangge-
nan prenah ing tatunipun.
====================================

Kadadosanipun pranatan enggal bab bau sukuning titiyang alit


dhateng priyantun jawi.
Kala ing wulan NOpember ingkang sampun kapengker tiyang
ingkang anama Jagalbilawa aningali ing tanah Bondawasa
ingkang kapurugan, kathah kewan ingkang sami kawade, kados ta
: kapal, lembu, menda sapanunggilanipun, sarta pamadenipun

sakalangkung mirah, andadosaken eramipun Jagalbilawa sareng


makaten Jagalbilawa angupados serep punapa ingkang dados
sababipun, cdene pamadenipun kewan wau asuka langkung mirahi-
pun, wekasan apikantuk katerangan kados ing ngandhap punika:
Para priyantun ing tanah Bondawasa sampun ngadat sami aniti-
paken kewanipu dhateng titiyang alit, ingkang sampun sami
angingoni dhateng kewan wau, sarta ngantos manak dados kat-
hah, para priyntun wau boten mawi anyukani wragading ingon
sadhuwit-dhuwita, sareng wonten pranatan enggal saking kan-
jeng gupremen, bab bausuku ingkang kawedalaken saking titi-
yang alit dening lurahipun inggih punika kapara priyantun
wau, para priyantun punika sami ajrih dhateng paukumanipun,
mila para kewanipun ingkang katitipaken sami katedha wangsul,
saha lajeng kawade mirah kemawon, saking dene ing griya boten
wonten panggenanipun.
=====================================

Bab Taneman Kalapa


menggah taneman kalapa punika ing sayektosipun gampil piyam-
bak ing ngatasipun titiyang malajeng, awit sasampunipun cikal
kalapa katanem wonten ing siti ingkang kakinten sae dening
titiyang malajeng wau, lajeng kakendelaken kemawon, saha
salaminiopun pananeming kalapa boten mawi kaopenan, amung
kaantosaken kemawon ngantos taneman kalapa wau ngumur saka-
wan, gngsal utawi nem taun, mwi mawi sae awoning sitinipun,
awit uwit kalapa ing nalika samanten wiwit awoh, manawi
sampun awoh, pangundhuhipun woh ing dalem kalih utawi tigang
wulan sapisan, sarta pamedalipun uwit kalapa satunggil kae-
tang caruk toya kalih utawi tigang rupiyah ing dalem sataun,
manawi uwitipun sampun sepuh sanget, saha sampun boten saged
awoh, punika galugunipun taksih kangge ing dandosan, saha
kalebet bangsaning kajeng sae awit saking aweting pangangge-
nipun, kzlz ing taun walandi, 1821, wonten tiyang adamel
griya gebyog sking balabag kajeng kalapa, risakipun griya
punika kala ing taun 1846, dados salangkung taun, risakipun
wau awit saking kabibrah dhateng ingkang gadhah, sanesipun
lajeng kalapa ingkang kadamel sakaning griya amnesthi sampun
risak ing dalem salangkung taun, mongka saka saking kajeng
kalapa boten risak sakedhik-kedhik ing dalem salangkung taun
wau, wonten malih dalemipun Asisten Residhen ingkang gedhang
salirangipun mawi saka kajeng kalapa, punika sareng gedhang
salirang wau kabibrah, katingal sakanipun kajeng kalapa
taksih sae, saha boten wonten ingkang rimpil sakedhik-kedhik.
Menggah uwit kalapa punika kedah kapulasara ingkang sae,
bilih tiyang badhe pikantuk pamedal saking uwit kalapa wau
ingkang sakalangkung kathah, manawi uwit kalapa kakendelaken
kemawon boten mawi dipun gumatosi, dados kauwakaken kemawon,
punika wedalanipun woh saking uwit satunggil ing dalem sa-
taun, kathah-kathahipun sawidak utawi satus iji, dene manawi
kagumatosan ing pamulasaranipun, amesthi uwit satunggil saged
amedalaken woh, 400 utawi 500 iji ing dalem sataunipun,
menggah anggenipun amulasara uwit kalapa punika saking kares-
ikan sitinipun, karabuk saha kakukusan, galugu tuwin papah
manggar sapanungilanipun ingkang wonten ing nginggil inggih
ugi kedah karesikan ingkang sae.

Para tiyang malajeng ingkang kasebut ing nginggil wau boten


pisan-pisan puruna amulasara uwit kalapa, kados ingkang
kapratelaken punika, malah pangundhuhipun woh kalapa boten
purun amenek ing uwit piyambak manawi titiyang malajeng badhe
angundhuh woh kalapa, ingkang dipun ken angundhuhaken punika
rewonda, dene rewonda wau ingahan piyambak saha sampun kaaa-
jar rumiyin, rewonda punika inggih kawastanan: rewonda kala-
pa, saha warninipun abrit.
====================================

Menggah jam kandhutan ingkang sakalangkung kathah pangaosipun


salaminipun dereng wonten tiyang ingkang adamel, anjawi kala
ing taun 1844, tiyang andamelaken jam kandhutan dhateng
kanjeng sultan Turki ingkang ajujuluk Ngabdul Majid, jam
kandhutan punika sakalangkung boten sakeca ing panganggeni-
pun, amargi saking agengipun dene agengipun jam kandhutan wau
gangsal dim Inggriskaukur saking tengah, sarta amungel saben
jam saha saben saprapat jam, ungelipun punika saking piripun
ingkang katabuh, saha kados ungeling jam ing greja, menggah
pangaosing janm kandhutan wau 14000 rupiyah.
Wonten malih jam kanhutan ingkang sampun masaur, ananging jam
punika alit sanget, saha kapanjingaken wonten pucuking garan
potelot, dene agengipun amung satengah dim kaukur saking
tengah, panuduhipun jam kandhutan wau boten amung anedhahaken
sajam-sajam tuwin samenut-samenut wah sasekondhe-
sasekondhenipun kemawon, inggih ugi mawi anedhahaken dinteni-
pun, menggah jam kandhutan punika dadamelan ing Genepeng
tanah Switserlan.
====================================================

Ciptanipun tiyang mendem.


Wonten tiyang mendem angadeg ing pinggir lepen, nunten wonten
tiyang sanes angaruh-aruhi dhateng tiyang ingkang mendem ,
pitembunganipun makaten: Kowe gawe apaana ing kono," wangsu-
lanipun tiyang mendem kalayan garoyok: Omah saloji iki padha
amubeng ana ing ngarepan aku, dene enggon ku ngadeg ana ing
kene kiye, satemene angenteni ubenging omah ku tumeka ana ing
ngarepanku, supaya aku bisa abanjur lumebu ing ngomah ku mau.
=============================================

Dhukun Neneman
Wonten dhukun neneman acariyos wonten ing pasamuwan, manawi
piyambakipun dereng lami ambedhel rare pejah ingkang boten
gadhah manah, ewadenten rare punika saderengipun pejah saged
agesang ngantos wolulikur dinten, sareng makaten salebeting
pasamuwan ing ngriku panuju wonten tiyang sepuh satunggil
ingkang mangsuli dhateng dhukun neneman, pitembunganipun
makaten: O, kula sampun aningali tiyang neneman ingkang
watawis ngumur kalih likur taun, saking panginten sami
sepuhipun kaliyan sampeyan, punika inggih boten gadhah manah
sacuwil-cuwila, wah boten gadhah utek, ew denten tiyang
neneman wau saged ambedhel weteng tuwin amecah sirahipun
piyambak.
Dhukune neneman sakalangkung eramipun amireng cariyosi
tiyang sepuh wau, saha lajeng apitaken makaten: kados pundi

sagedipun ambedhel badanipun saha amecah sirahipun piyambak,


wah sumerep manawi boten gadhah manah tuwin utek, wangsulani-
pun tiyang sepuh: O, punika gampil kemawon, awit tiyang
neneman wau dora.
============================================

Kuwasaning eluhipun tiyang estri punika kacariyosaken kala-


wan pitembunganipun tiyang jaler tuwin tiyang estri, pratela-
nipun kados ing ngandhap punika:
Pitembunganipun tiyang jaler;
Manawi tiyang estri badhe unggul ing pabenipun kaliyan bojo-
nipun, punika wiwitanipun paben sampun amedalaken eluhipun,
manawi eluh wau sampun medal amesthi lajeng rampung praka-
wisipun.
Pitembunganipun tiyang estri:
manawi tiyang estri badhe angereh dhateng tiyang jaler ing
sala minipun, kados pundi sagedipun kalampahan, O punika kula
suka pitedhah, tiyang jaler punika amesthi kalindhih dening
luh ing tiyang estri, mila prayogi tiyang estri angrentahna
eluh manawi paben kalayan bojonipun, menongka sarananing
sagedipun ungguling jurit, manawi ngkang jaler napsu, mongka
semahipun badhe anyirnakaken napsunipun, punika ingkang jaler
kaambunga ingkang seru.
=================================

Bab JurumartaniKawontenaning jurumartani, punika pamanggih


kula kathah ing paedahipun, aliya saking sawernining kabar
utawi kakojah ingkang migunani, Jurumartani wau, andadosaken
mergi ingkang badhe anerangaken babasa panunggilanipun,
ingkang prayogi kasumerepan dhateng para ageng utawi para
alit ing tanah jawi.
Kadosta manawi wonten babasa ingkang salantar tanpa wawaton
ing leres-lepatipun, punika ing mangke gampil sanget, manawi
badhe angesahaken, inggih punika rerambatan dhateng ki juru,
nuwun piwulang saserepna, mila anggen kula mestani kathah
pigunaning serat Jurumartani, punika kakados kathah ingkang
sami angrojongi.
Kadosta ing sakpunika badhe cekap wonten katranganipun,
saking bab sasebutaning para gusti ing salebeting kraton
Surakarta saha Ngayogyakarta, sanadyan dereng mukayan, sampun
wonten ingkang purun anerangaken, mila ing tembe kados inggih
wonten ingkang ngesahi, punika pengrayangan kula piyambak
lepat nuwun pangaksama .
wonten malih ingkang taksih kula kodhengi, duka sampeyan para
saged kadosta babasan gusti utawi panjenengan dalem, punika
punapa kenging, manawi kadunungaken dhateng tiyang, sanesipun
ingkang dipun jak wicantenipun utawi manawi boten lepat cara
welandinipun kadunungaken dhateng Dherdhepersun, liya saking
panjenenganing nata, sak panunggilanipun, manawi para saged
amastani kenging, lah punapa inggih boten manggih lepat
manawi katembungaken sarana serat kabar, kados serat Jurumar-
tani, anggen kula anggadhahi pitakenan makaten wau, saking
sekung ing tyas badhe semerep unggah-ungguh wiramaning babasa
jawi, dene ingkang dados nalar, kula mawi gadhah pitakenan
wau, sestanipun awit kula maos sawijining artikel katandhan

sudarma, ing Serat Jurumartani tanggal kaping 5 Dhesemberang-


ka 49, ijemanipun amratela dahat ing suka sukuripun amargi
gustinipun kanjeng Bendara Rahaden Mas Tumenggung ing Panara-
ga, kaparingan wewah ing blonja, lah punika kajawining babasa
gusti, wonten ingkang mungel panjenengan dalem gusti kula,
punika punapa boten kapara kala djuken, sabab pananmpi kula,
ingkang jumeneng naendra, utawi para pengeran ingkang kawaji-
ban kagungan jujuluk gusti, kadosta Kanjeng Gusti Pangeran
Adipati Arya Prabu Amangkunagara, kaduman punapa, manawi
bupati kabasaken panjenengan dalem tumraping Dherdhepersun,
lo punika ki juru kulanuwun kadhamangan, supadi ing tembe
sampun rikuh anggen kula anempelaken jajuluking para ageng
jawi.
Dede anggen kula kaduk purun atur pitaken wau, kula inggih
ugi sampun anggadhahi panyipta, manawi sampeyan wangsulaken
paturan wau, margi kyai juru dede guru pamulang, rehning
kabentel ing nalar, dados kula anrajang westhi, pamanggih
kula mongsa kyai juru kakilapan, saha mongsa andadosaken
daduka, makaten atur kula, manawi wonten kaduk ing tembung
punika, prayogi kaki rabna, saha kabengahna dhateng ing
kacingkrangan kula.
Wasana panjenenganipun tawan ingkang ngarang jurumartani,
manawi dhangan saha taksih wontn papanipun, kula aturi
amanggenaken serat punika.
Ngayogyakarta, kaping 9 Dhesember 1867,
Katandhan, C.F.P.
=======================================

Nalika pangeduming tulungan yatra saking kamirahaning kanjeng


Gupermen, awit saking lindhu, ing kantor Ngayogyakarta,
wonten sawijining priyagung jawi, ingkang pancen watak mulur
abyantoni dhateng dhateng sakaliring kang utami, punika
sareng anampani yatra wau, lajeng amangsulaken dhateng
priyayi ingkang bagi, kasuprih kagem kadamel panjurung dha-
teng tiyang meskin bongsa kulit pethak, kathahipun 40 rupi-
yah.
Lalampahan makaten wau, sanadyan wau yatra katingal sakedhik
ageng sanget ing pengajenipun utawi lepas dununging paweweh,
manawi katraju ing kawontenanipun.
Ngayogyakarta, 9 Dhesember 1867
Katandhan Mitraning Kondhestu.
====================================

Panuwun kula dhateng panjenenganipun tuwan ingkang ngarang


serat Juru Martani, ingkang mugi-mugi serat kula punika
kalebetna serat Juru Martani.
Kula sampun maos serat Juru Martani ingkang katandhan Mas
Ngabei Puspa Lalita, ing Cikandhi Kabupaten Serang menggah
suraosipun ambiyantoni pikajenganipun Mas Ngabei Karyasastra
Kabupaten Bogor, Betawi, ingkang sampun katingal sami anela-
kaken, kapetengan kakodhengan ingkang dhamangaken wijang-
wijanging pangkat kaurmataning nami, priyantun kakalih wau
sabiyantu sumerepipun gesehing saserepan ing pangkat namining
priyagung Jawi, delasan kang sampun kacetha wonten ing alme-
nak tasih dipun cacat.
Ingkang punika Mas Ngabei sampun andadosaken penggalih
sampeyan kula nuwun katrangan sasebutanipun wet angregu
preman punapa songsongipun para bendara kakung putri, ingkang
sami kabeta ngalih dadalem ing tanah gupremenan kenging
karampas amergi boten wonten sasebutanipun angger kang sami
kacepengaken dhateng kang kuwajiban darbe songsong wau,
punapa kalulusaken kengingipun ngagem. kaping kalih samben-
samben kula ningali srat lapuran dinas kang katur dhateng
tumenggungipun mawi nami kanjeng punapa sampun mupakat
sagung para nayaka lit-lit ing Betawi. Ingkang kaping tigas
mas, kalayan Mas Ngabei punikabedanipun punapa, kula ningali
buslit serat katetepan awis ingkang nami Mas Ngabei utawi
raden ngabei, ingkang kathah inggih namung mas kimawon utawi
raden kemawon. Kaping sakawan samben kang rama jumeneng
bupati ngngge pangkat raden anakipun raden wau, sadaya inggih
nami raden dalasan wonten raden estri laki angsal mas mawon
anakipun lajeng karan raden. Ingkang kaping gangsal anak
pangeran ing gupremenan pangkatipun punapa, anak raden arya
gupremenan anakipun karan punapa, saurutipun raden mas kyai
ing gupremenan anakipun dumugi putu, utawi blasteranipun,
sabab kaselan sikini sapanunggalanipun, sumongga kula aturi
mijang-mijangaken. Mekaten ugi punapa kenging satunggalipun
tumenggung ing kitha-kitha paring idin ngangge songsong
titiyang, uutawi angawisi ngangge songsong titiyang. Mila
mekaten wonten satunggaling kithaingkang boten pikantuk
katemtuwan ingkang estri ngangge songsonge lakinipun, sabab
dupeh bojone dados Amtenar kang pikantuk kaurmatan payung,
wonten tumenggung ing kitha angawisi kang kados makaten,
malah angencengaken, lo punika punapa samben bupati gadhah
palanggeran sangking kanjeng gupremen piyambak-piyambak.
Ingkang punika mugi sampeyan paringning wangsulan ingkang
terang. Sabab kula punika kepingin badhe magang pulisi, pundi
kang dados awisan kula sumerepa. Utawi wonten malih tumeng-
gung ingkang ngrampok sima grebegan lo kados pundi, punapa
sampun kina kemina samben tumenggung angadegaken pawatangan
gerbeg sapanunggulanipun, wonten malih wedana kang dipun awis
i ngangge sepatu sapanunggilanipun, wonten wedana kang keng-
inga satriwel, delasan tri kumenter ngangge setriwel.
Atiyang sami tumenggung ngrenggani kita kuwasanipun teka
boten sami, punapa malih tiyang sami andine kanjeng gupremen
teka wonten kang kalengggahaken kursi wonten kang boten
punika kados pundi, punapa wonten anggeripun punapa pikajen-
ganipun piyambak, pengraos kula tiyang sudagar lindhung
pasilan menawi purun lenggah kursi kenging kemawon, delasan
cina kepala kampuing sapanunggilanipunsami lenggah kursi,
bedanipun punapa kalayan kepala dhusun sapanunggilanipun.
Bilih Surakarta Ngayogyakarta bab karaton jawi punika kula
sampun boten sumelang amargi sampun kasebut pustaka paniti
sastra.
Wong ngambekelan ambatur, den alang tatakramane, nora kena
awora linggih.
Menawi tanah gupremenan boten temen karatonipuin sri mahara-
ja, adat kula punapa ngangge adat jawi punapa adat gupreme-
nan, bilih adat jawi cara-caranipun tiyang jawi kula sampun
dhamang sanget kula punika tiyang agami Islam kang khak.

Kramaruci.
==================================================

Tuwan ingkang ngarang serat Jurumartani kula aturi macak


serat kula mawi sekar girisa kasebut ing ngandhap punika,
supados kajawanana dhateng mitra kula ingkang anama: J.Awe,
awit mitra kula punika sakalangkung remen anganggit kidung.

Girisa
Janma gesang ngalam dunya, tinengga ing mitra gangsal, manawi
ical satunggal, dumadi cotho sajuga, ical kalih tri myang
catur, sangsaya ing cothonipun , nging ngicalkang gangsali-
pun, estu tan saged agesang.
Mitrakang siji punika anyerepen samukawis, warna pitalangking
abrit, biru dadu sadayanya, anjawi saking punika, anyerepken
gelengite, awon sae bunder lonjong, tipis sapanunggilanipun.
Mitra kang dwi watekipun, anyerepken bacin amis, penguk
sangit sedhep arum, banger arus kesing sengak, sadaya kang
darbe ambet sinerenep ing manungsa, mitrane wau punika,
tanate cidreng ubaya.
Mitra kang tri sung surupan, sabwa kang ririh sora, ageng
alit kathah kedhik, kenceng kendho bening nganggur, blero
runtut sadayanya sinerepen ing manungsa, mitrane tunggil
sawisma, kalangkung setya tuhune.
Mitra kang catur punika, anyerepen pait getir, legi kecutasin
cemplang, pedhes gurih sadayanya, manawi janma kaukum, dening
mitra gangsalipun, mitra kang catur anyudha, saliring kawaji-
ban.
Mitra kang gangsal punika, anyerepaken sakit seger, panas
asrep gerah uyang, isis kekes cenggeh logro, empuk atos jemek
dhahas, teles garingalus wadhag landhep kethul lancip papak,
bolong buntat sadayanya.
Katandhan Wa.
Para tiyang saged pikantuk atumbas uwang mas Inggris enggal
utawi lami wonten ing Bank Surakarta.
         

You might also like