1 SM PDF

You might also like

Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 15

10 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 7, Nomor 7, Juli 2018

TINDAK TUTUR DIREKTIF BAHASA JAWI WONTEN ING FILM


“SITI” ANGGITANIPUN IFA ISFANSYAH
DIRECTIVES SPEECH ACT OF JAVANESE LANGUAGE IN THE FILM “SITI” BY
IFA ISFANSYAH

Dening: Fajar Wati Siti Zulaihah, Prodi Pendidikan Bahasa Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni,
Universitas Negeri Yogyakarta
fajar.11senja@gmail.com

Sarining Panaliten
Ancasing panaliten menika ngandharaken jinis saha fungsi-nipun tindak tutur direktif basa
Jawi wonten ing film “Siti” anggitanipun Ifa Isfansyah. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif.
Data awujud tembung, frasa, klausa, saha ukara wonten ing dialog film. Sumber data saking film
“Siti.” Caranipun ngempalaken data kanthi teknik sadap, teknik Simak Bebas Libat Cakap (SBLC),
saha teknik catat. Data dipun-analisis kanthi analisis deskriptif. Data dipun-validasi kanthi validitas
expert judgement saha validitas semantik, dene reliabilitas kaginakaken ketekunan pengamatan.
Asiling panaliten kapanggihaken enem jinis tindak tutur direktif: panyuwunan, pitaken, pakon,
watesan, paring idin, saha paring nasehat. Fungsi direktif panyuwunan ingkang kapanggihaken:
nyuwun, ndhesek, ngulemi, saha ngajak. Fungsi direktif pitaken: nyuwun pirsa. Fungsi direktif pakon:
ndhawuhi, ngomando, nuntut, ngarahaken, ngatur, saha paring syarat. Fungsi direktif watesan: matesi
saha nglarang. Fungsi direktif paring idin: marengaken, paring idin, ngabulaken, saha nguja. Fungsi
saking direktif paring nasehat: paring nasehat saha ngusulaken.

Pamijining tembung: tindak tutur, direktif, film “Siti”

Abstract

The aim of this study are to explain the types and the function of directives speech act in a
film entitled “Siti” by Ifa Isfansyah. This study was categorized as a descriptive study. The data of the
study were words, phrases, clausas, and sentences in the dialog of the film. And the source of the data
was taken from the film “Siti”. Data was collected by tapping technique, watching without
intervention technique, and writing technique. The data were analyzed using descriptive analysis.
There were expert judgement and semantic validity assessed the product. Read carefully also used to
asses the reliability. The result of the study shows that there are six types of Javanese directives
speech act: requesting, questioning, requiring, prohibiting, permitting, and advising. Request, urge,
invite, and announce are categorized as the function of directive requesting. Inquire is categorized as
the function of directive questioning. Order, command, claim, recommend, managed, and require are
categorized as the function of directive requiring. Limiting and prohibit are categorized as the
function of directive prohibiting. Permitting, allow, grant, and reprieve are categorized as the
function of directive permitting. Advise and giving opinion are categorized as the function of directive
advising.

Keyword: directives speech act, film “Siti”


Tindak Tutur Direktif ... Fajar Wati Siti Zulaihah 11

PURWAKA putrinipun, tegesipun saged arupi raos seneng


Salah satunggaling paedahipun basa inggih saha bingah amargi rikmanipun sampun panjang.
menika minangka piranti komunikasi. Miturut Tuturan ibu menika ndhawuhi supados rikmani-
Chaedar (1985: 9), komunikasi inggih menika pun tetep dipunpanjangaken.
satunggaling proses ingkang mbetahaken tiyang Nalika tuturan (1) menika dipunandharaken
ingkang komunikasi, informasi ingkang dipun- guru dhateng siswa jaler, tuturan menika mak-
rembag, saha piranti komunikasi. Supados proses sudipun ndhawuhi supados rikmanipun dipun-
komunikasi menika lancar, tiyang ingkang cukur, amargi paugeran wonten ing sekolah
dipunajak komunikasi (mitra tutur) kedah menika siswa jaler boten kenging gadhah rikma
mangertos punapa maksud-ipun tuturan saking panjang. Saking tuturan (1) menika saged dipun-
tiyang ingkang ngajak komunikasi (penutur). tingali bilih maksud tuturan menika gumantung
Kajawi menika, mitra tutur ugi kedah kahanan utawi konteks ingkang kakandhut
mangertos konteks utawi kahanan nalika wonten ing salebeting tuturan.
komunikasi kadadosan, saengga mitra tutur Tuturan ing nginggil menika asring dipun-
kaajab saged nindakaken satunggaling prakawis panggihaken wonten ing kahanan padintenan.
tartamtu ingkang dipunpingini penutur, ingkang Awit saking menika, menawi kita boten ma-
dipunsebut tindak tutur. ngertos wos saha konteks saking tuturan, tamtu
Chaer (2010: 27) ngandharaken bilih tindak maksud tuturan menika boten saged kita tampi
tutur inggih menika tuturan ingkang gadhah kanthi sae. Prakawis menika saged njalari lepat-
sipat psikologis, ingkang makna tuturanipun ing tumindak saking mitra tutur, tegesipun boten
saged dipuntingali ing salebeting tuturan menika. jumbuh kaliyan punapa ingkang dipunpingini
Pangertosan ing nginggil ngemu teges bilih nali- penutur. Awit saking menika, wigati sanget ang-
ka ngandharaken satunggaling tuturan, penutur genipun kita mangertosi wosing tuturan saha
menika boten namung paring informasi kema- konteks-ipun.
won, ananging saged ugi paring prentah utawi Kajawi wonten ing pagesangan saben dinten,
nyuwun mitra tutur nindakaken satunggaling tuturan ingkang ngandhut maksud tartamtu
prakawis. saking penutur menika saged dipunpanggihaken
Tuladhanipun: wonten ing seratan poster, wonten ing satung-
(1) “Rambutmu wis dawa!” galing pawartos, cariyos cekak, dumugi wonten
(Wijana, 1996: 19)
ing salebeting film. Miturut Kamus Bahasa
Maksud tuturan menika saged beda-beda
Indonesia (2008: 410), film inggih menika lakon
gumantung kahanan utawi konteks-ipun. Nalika
(cariyos) gambar ingkang gesang. Tegesipun,
tuturan (1) menika dipunandharaken ibu dhateng
12 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 7, Nomor 7, Juli 2018

cariyos ingkang nggambaraken pagesanganipun Film “Siti” menika nate pikantuk pahargyan
satunggaling tiyang. Asringipun paraganipun FFI (Festival Film Indonesia) minangka film
langkung saking setunggal, saengga wonten ing ingkang paling sae rikala taun 2015. Film “Siti”
satunggal film kemawon saged dipunpang- menika dipundamel kanthi layar hitam putih
gihaken pagineman ingkang kathah sanget. boten wonten warnanipun, kadosta film ing
Menawi boten saged mangertosi wosing jaman rumiyin. Film menika ugi narik kawi-
pagineman saha konteks-ipun, mbok bilih kita gatosan pamiyarsa saha panaliti basa amargi
saged bingung saha boten saged mangertos kalebet film bilingualisme, tegesipun ngginak-
wosing film menika, punapa malih piwulang- aken kalih basa wonten ing paginemanipun,
ipun. Wondene pagineman wonten ing film inggih menika basa Indonesia saha basa Jawi,
menika kathah sanget, ananging kita saged ing pundi basa ingkang langkung kathah
mangertosi maksud saha konteks pagineman dipunginakaken inggih menika basa Jawi.
kanthi gampil. Prekawis menika dipunsababaken Awit saking kathahipun panganggening basa
saking wujud film inggih menika gambar gesang Jawi wonten ing film “Siti”, kathah tindak tutur
ingkang dipunsarengi swanten utawi audio- ingkang saged dipun-kaji wonten ing film
visual, saengga kita saged ningali tumindak saha menika. Salah satunggaling tindak tutur ingkang
swantenipun paraga ing satunggaling wekdal, narik kawigatosan kangge dipun-kaji inggih
saengga maksudipun tindak tutur saged menika tindak tutur direktif. Tindak tutur direktif
dipunmangertosi pamiyarsa kanthi gampil ugi. inggih menika tindak tutur ingkang gadhah
Salah satunggaling film ingkang narik ancas supados mitra tutur nin-dakaken punapa
kawigatosan kangge dipuntliti tindak tutur-ipun ingkang dipunsebutaken ing salebeting tuturan.
inggih menika film “Siti” anggitanipun Ifa Wonten ing film “Siti” kathah sanget dipunpang-
Isfansyah. Film “Siti” nyariosaken gesangipun gihaken tindak tutur direktif, tuladhanipun
Siti minangka wanodya ingkang sampun inggih menika:
palakrama saha gadhah putra setunggal. (2) Pak Karyo : Siti ana, Mbok?
Simbok : Nang ndi cah ki mau?!
Garwanipun Siti, Mas Bagus, lumpuh boten
Oh, ngeterke Bagas
saged nyambut damel, saha gadhah ampilan arta sekolah. (Data 53/VIII/S)
ngantos sedasa yuta. Kamangka padamelanipun Tuturan (2) menika kadadosan nalika Pak
Siti namung sadean peyek jingking wonten ing Karyo madosi Siti ingkang sampun ndhelik
Pantai Parangtritis. Kanthi wekdal tigang dinten, wonten ing wing-king amargi mangertos bilih
Siti kedah enggal-enggal mbayar utang utawi Pak Karyo badhe nagih utang. Nalika Siti boten
badhe dipunlapuraken dhateng pulisi. Wonten katingal wonten ing griyanipun, Pak Karyo
ing film menika kagambaraken kados pundi Siti nyuwun pirsa kaliyan Simbok. Lajeng simbok
ngupadaya kangge nyaur utang saha ngadhepi mangsuli Siti boten wonten. Tuturan pitakon
pan-cobaning gesang. kados tuladha (2) menika gadhah maksud nyu-
wun pirsa punapa Siti wonten.
Tindak Tutur Direktif ... Fajar Wati Siti Zulaihah 13

Kajawi tuturan (3) ing nginggil, taksih kathah Muhammad, 2011:194). Andharanipun inggih
tindak tutur direktif ingkang wonten ing menika wonten ing ngandhap.
salebeting film “Siti.” Saking andharan ing 1. Teknik sepisan inggih menika teknik sadap.
nginggil, tindak tutur direktif utaminipun bab Tegesipun panaliti ngrekam film “Siti”. Sabi-
jinis saha fungsi-nipun tindak tutur direktif dados baripun pikantuk rekaman, panaliti ningali
bahan utami ingkang narik kawigatosan badhe film menika saha tindak tutur saking paraga
dipuntliti wonten ing panaliten menika. film “Siti”.
2. Teknik kaping kalih inggih menika teknik
CARA PANALITEN
simak bebas libat cakap (SLBC). Tegesipun
Jinising Panaliten
panaliti namung dados tiyang ingkang ngga-
Panalithen kanthi irah-irahan “Tindak tutur
tosaken, boten mlebet wonten ing pagineman
Direktif Basa Jawi wonten ing Film “Siti”
ingkang basanipun nembe dipuntliti.
Anggitanipun Ifa Isfansyah” menika ngginak-
3. Teknik kaping tiga inggih menika teknik
aken metode kualitatif. Miturut Bogdan saha
catat. Tegesipun panaliti nyerat data arupi
Biklen (lumantar Sugiyono, 2010:21) panaliten
tuturan direktif wonten ing kertu data.
kualitatif menika dipunlampahaken wonten ing
Pirantining Panaliten
kahanan alami, langsung dhateng sumbering
Piranti panaliten inggih menika piranti
data saha panalitinipun dados instrument kunci.
ingkang dipunginakaken kangge mbiyantu
Panaliten menika asipat deskriptif. Tegesipun
panaliti nalika nindhakaken panaliten. Piranti
data ingkang dipunkempalaken awujud tetem-
ingkang kaginakaken ing panaliten inggih
bungan utawi gambar, boten awujud angka.
menika kertu data saha tabel analisis. Kartu data
Data saha Sumbering Data
kaginakaken kangge nyerat data ingkang
Data ingkang dipunanalisis inggih menika
dipunpanggihaken, dene tabel analisis dipun-
sedaya tuturan ingkang ngandhut tindak tutur
ginakaken kangge nglebetaken data ingkang
direktif basa Jawi, arupi tembung, frasa, klausa,
sampun dipunkempalaken ing kartu data miturut
saha ukara. Sumbering data panaliten menika
klasifikasi ingkang sampun kaandhar-aken
film “Siti” anggitanipun Ifa Isfansyah. Film
wonten ing teori.
“Siti” menika durasinipun wolungpuluh wolu
Caranipun Nganalisis Data
menit saha dipun-produksi nalika tahun 2014.
Teknik analisis data ingkang dipun-
Caranipun Ngempalaken Data
ginakaken ing panaliten menika analisis
Caranipun ngempalaken data kanthi metode
deskriptif, inggih menika ndeskripsikaken jinis
simak. Metode simak menika caranipun pikantuk
saha fungsinipun tindak tutur direktif wonten ing
data kanthi nyimak pangangge basa. Metode
film “Siti.” Analisis data menika dipun-wiwiti
simak menika gadhah teknik lanjutan inggih
nalika ngem-palaken data kanthi manggihaken
menika teknik sadap, teknik simak bebas libat
jinis saha fungsinipun tindak tutur direktif.
cakap, saha teknik catat (Mahsun lumantar
14 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 7, Nomor 7, Juli 2018

Lajeng data dipunandharaken kanthi runtut tindak tutur direktif saha fungsi-nipun, wonten
kados ing ngandhap menika. ing film “Siti” anggitanipun Ifa Isfansyah.
1. Data ingkang kaserat wonten ing kertu data Jinisipun tindak tutur direktif ingkang dipun-
dipunpantha wonten ing tabel analisis panggihaken wonten enem, inggih menika
miturut jinisipun tindak tutur direktif. panyuwunan, pitaken, pakon, watesan, paring
2. Data ingkang sampun dipunpantha miturut idin, saha paring nasehat. Wondene fungsi-nipun
jinisipun lajeng dipungayutaken kaliyan tindak tutur direktif wonten kalih dasa.
fungsinipun tindak tutur direktif. 1. Tindak tutur Direktif Direktif Panyuwunan
3. Data ingkang sampun dipunpantha miturut Miturut Ibrahim (1993) tuturan panyuwunan
kategorinipun dipun-analisis jumbuh kaliyan inggih menika tuturan ingkang ngandharaken
gegaraning teori. gegayuhan utawi pangajab saking penutur
Validitas saha Reliabilitas dhateng mitra tutur. Fungsi-nipun kaandharaken
Caranipun ngesahaken data ing panaliten wonten ing ngandhap.
menika ngginakaken validitas saha reliabilitas. a. Fungsi Nyuwun
Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika Fungsi nyuwun inggih menika ngan-dharaken
validitas expert judgement saha validitas panyuwunan saking penutur supados dipun-
semantik. Validitas expert judgement (pertim- paringi utawi saged pikantuk satunggaling
bangan saking ahli) caranipun bimbingan kaliyan perkawis saking mitra tutur. Tuladhanipun
dosen ahli, inggih menika dosen pembimbing inggih menika:
skripsi. Dene validitas semantik inggih menika Konteks : Kadadosanipun wonten
ing pante. Tuturan dipunturaken dening Bagas
validitas kanthi negesi maksud tuturan wonten
dhumateng ibunipun. Bagas ingkang nembe
ing data, lajeng dipunjumbuhaken kaliyan dolanan layangan nyuwun ibunipun supados
ngajari Bagas mate-matika.
konteks-ipun.
Bagas : “Bijiku entuk apik lho, entuk
Reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih lima.”
Siti : “Biji lima kok apik, pelajaran
menika ketekunan pengamatan, tegesipun nliti
apa?”
saha ningali kanthi setiti, rinci, saha Bagas : “Matematika.”
Siti : “Dadi pilot ki matematika kudu
dipunwongsal-wangsuli dhateng objek ingkang
apik!”
dipuntliti, ngantos pikantuk data ingkang valid Bagas : “Mengko aku diajari ya Buk!”
(Data 129/XI/S)
saha absah, trep kaliyan wosing perkawis saha
Siti : “Yaa..”
gegaraning teori wonten ing panaliten menika.
Tuturan ingkang kacithak kandel ing nginggil
kalebet tindak tutur direktif panyuwunan kanthi
ASILING PANALITEN SAHA
fungsi nyuwun amargi ngandhut tuturan panyu-
PIREMBAGAN
wunan saking Bagas dhumateng Siti. Katitik
Asiling Panaliten
Asiling panaliten menika ngandharaken bab- saking ukara ingkang dipunginakaken Bagas,

bab ingkang dipuntliti, inggih menika jinising inggih menika Bagas nyuwun ibunipun kersa
ngajari Bagas matematika amargi biji-nipun
Tindak Tutur Direktif ... Fajar Wati Siti Zulaihah 15

Bagas dereng sae. Awit saking menika, wekdal tigang dinten, Siti badhe kalapuraken
pituturipun Bagas ing nginggil kalebet direktif dhateng pulisi.
panyuwunan kanthi fungsi nyuwun. c. Fungsi Ngulemi
b. Fungsi Ndhesek Fungsi ngulemi inggih menika ngan-dharaken
Fungsi ndhesek inggih menika ngan-dharaken panyuwunan supados mitra tutur saged rawuh
panyuwunan ingkang sanget, kanthi ndhesek wonten ing ulem menika. Tuladhanipun inggih
utawi meksa, saha kedah enggal-enggal dipun- menika:
tindakaken amargi wi-gati sanget. Tuladhanipun Konteks : Sabibaripun demo, Pak Sarko
meling Siti sakanca supados rawuh wonten ing
inggih menika:
papan karaoke jam sanga dalu amargi mangke
Konteks : Pak Karyo sampun mang-kel wonten tamu spesial.
anggenipun nagih utang kaliyan Siti boten nate Pak Sarko : “Yo do medhun!!”
dipunbayar. Pak Karyo lajeng ndhesek Siti. Suara rame : “Nggih..”
Pak Karyo : “Ki wis meh setaun lho Ti. Pak Sarko : “Ti..rene..! Aja lali mengko
Kowe ki wis tak wenehi jam 9 ya! Jam 9 mbengi!”
dalan penak ta. Kowe (Data 152/XVI/S)
entuk nyicil, pendak sasi Wati : “Ngapa je Pak?”
sakyuta. Kurang apa ta Pak Sarko : “Lho piye ta? Lha yo
aku, coba?” mboke..”
Siti : “Nggih, Pak.”
Pak Karyo : “Kowe wingi janji ta, arep Tuturan ingkang aksaranipun dipunkandeli
nglunasi sasi iki, limang yuta? kalebet direktif panyuwunan kanthi fungsi ngu-
Yawis, pokokmen kudu diba-
yar, nek ora uru-sane karo lemi. Nalika Siti sakanca sampun badhe kondur
pulisi!! Tak nehi wektu te- saking demo, Siti dipuntimbali Pak Sarko. Pak
lung dina.” (Data 63/VIII/S)
Sarko ngendika bilih Siti mangke kedah rawuh
Tuturan ingkang aksaranipun dipunkandeli
wonten ing papan karaoke jam sanga dalu. Siti
kalebet direktif panyuwunan kanthi fungsi
sakanca bingung, lajeng Sri taken dhateng Pak
ndhesek, amargi Pak Karyo ndhesek Siti supados
Sarko jam sanga wonten menapa, amargi papan
enggal-enggal mba-yar utangipun dhateng Pak
karaoke-nipun taksih dipuntutup dening pulisi.
Karyo. Saderengipun, Pak Karyo sampun paring
Pak Sarko ndhawuhi supados Sri boten kathah
kalodhangan wekdal dhateng Siti. Siti ugi
menggalih. Lajeng Siti sakanca dipunulemi Pak
sampun janji kaliyan Pak Karyo badhe mbayar
Sarko rawuh wonten ing papan karaoke jam
utangipun wulan menika gangsal yuta, ananging
sanga dalu, mliginipun Siti ingkang karawuhan
Siti mblenjani janjinipun, saengga nyebabaken
tamu spesial. Tuturan menika ngginakaken frase
Pak Karyo duka. Nalika Pak Karyo nagih utang,
larangan „aja lali‟, ananging miturut konteks-
Siti ndhelik ajrih kepanggih Pak Karyo,
ipun, tuturan menika kalebet direktif panyu-
ananging Pak Karyo saged manggihaken Siti.
wunan kanthi fungsi ngulemi.
Pak Karyo duka, swantenipun inggil ndhesek Siti
supados enggal-enggal mbayar utang. Menawi
Siti boten saged mbayar utangipun kanthi
16 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 7, Nomor 7, Juli 2018

d. Fungsi Ngajak perkawis, informasi, utawi kahanan saking mitra


Fungsi ngajak inggih menika ngan-dharaken tutur. Wonten ing film “Siti” menika namung
panyuwunan supados mitra tutur tumut. Tula- dipunpanggihaken setunggal fungsi kemawon,
dhanipun kaandharaken wonten ing ngandhap. inggih menika fungsi nyuwun pirsa. Ingkang
Konteks : Sri ngajari kados pundi badhe kaandharaken wonten ing ngandhap.
caranipun medalaken duka. Sri ndhawuhi Siti
a. Fungsi Nyuwun Pirsa
supados bengok-bengok. Sabibaripun Siti medal-
aken dukanipun, Sri ngajak Siti lenggah. Fungsi nyuwun pirsa tegesipun ngandharaken
Siti : “Piye nesuku?”
panyuwunan saking penututur dhateng mitra
Sri : “Kaya ngono kok nesu. Alah iyung,
ngene, yo! AASUU..! Ngono, dicoba!” tutur supados penutur dipunparingi katrangan
Siti : “Aasuu..!”
punapa-punapa ingkang dereng dipunmanger-
Sri : “Sing banter!”
Siti : “ASU!ASU!ASU!” tosi. Tuladhanipun kaandharaken wonten ing
Sri : “We..pinter. Ayo-ayo, rene,
ngandhap.
rene!” (Data 107/X/S)
Konteks : Simbahipun Bagas taken kaliyan
Tuturan ingkang kacithak kandel ing nginggil Bagas punapa sragam sekolahipun Bagas menika
kalebet direktif panyuwunan kanthi fungsi enggal.
Bagas : “Ayo maem buk! Ayo, Mbah!”
ngajak. Sri taken kados pundi kabaripun Mas Simbok : “Yaa..”
Bagus, garwanipun Siti. Siti mangsuli bilih Mas Siti : “Ibuk mengko le maem.”
Simbok : “Sragammu anyar ya
Bagus taksih dereng kersa ngendika, malah Gas?” (Data 36/VI/S)
piyambakipun duka amargi Siti nyambut damel Tuturan ingkang aksaranipun dipunkandeli
wonten ing papan karaoke. Miturut Siti, ingkang kalebet direktif pitaken kanthi fungsi nyuwun
pantes duka kedahipun Siti, ananging Siti boten pirsa. Konteks-ipun Bagas bibar kerengan
saged duka. Lajeng Sri mbiyantu Siti caranipun ngantos sragamipun risak. Lajeng simbahipun
medalaken raos duka. Siti dipundhawuhi Bagas taken punapa sragam ingkang nembe
bengok-bengok sinambi jumeneng majeng dipunangge menika enggal. Tegesipun Simbah-
segara. Sabibaripun bengok-bengok, Sri ngajak ipun Bagas kepingin mangertosi informasi
Siti lenggah malih. Kajawi menika, tuturan babagan sragamipun Bagas kanthi taken kaliyan
menika katitik saking frase pangajak „ayo-ayo‟ Bagas supados pikantuk informasi. Kanthi sebab
saha „rene-rene‟. menika tuturan menika kalebet tuturan pitaken
2. Tindak tutur Direktif Pitaken kanthi fungsi nyuwun pirsa.
Miturut Ibrahim (1993), direktif pitaken 3. Tindak tutur Direktif Pakon
inggih menika tuturan saking penutur dhateng Miturut Ibrahim (1993), direktif pakon inggih
mitra tutur, ingkang ngandhut pitaken utawi menika tuturan saking penutur ingkang ngandhut
panyuwunan supados mitra tutur maringaken pituduh supados mitra tutur nindakaken punapa
informasi tartamtu dhateng penutur. Tuturan ingkang dipundhawuhi penutur. Wonten ing
menika ngginakaken ukara pitaken ingkang tuturan menika, penutur gadhah kawenangan
ancasipun kangge mangertosi satunggaling langkung inggil tinimbang mitra tutur, kadosta
Tindak Tutur Direktif ... Fajar Wati Siti Zulaihah 17

kawenangan fisik, psikologis, institusional, lsp, gening tembung pakon „nesua‟ saha frase
saengga paring bobot wonten ing tuturanipun. ndhawuhi „ayo gek nesu‟ wonten ing salebeting
Saged ugi tuturan pakon dipunginaken amargi ukara
sampun kekancan dangu saha akrab, saengga b. Fungsi Ngomando
boten wonten watesan kawenangan, saengga Fungsi ngomando tegesipun paring pren-tah
luwes anggenipun nggginakaken tuturan pakon. kangge mimpin (barisan, gerakan tentara, lsp).
Wonten ing film “Siti” dipunpanggihaken enem Data-nipun kados wonten ing ngandhap.
fungsi direktif pakon ingkang badhe kaandhar- Konteks : Pak Sarko ngomando pegawe-
nipun sakderengipun budhal demo dhateng kan-
aken wonten ing ngandhap.
tor pulisi.
a. Fungsi Ndhawuhi Pak Sarko : “Saiki wis do kumpul
kabeh durung?”
Fungsi ndhawuhi tegesipun maringaken dha-
Suara rame : “Uwis, uwis.. Ayo
wuh saking penutur dhateng mitra tutur supados mangkat saiki!”
Pak Sarko : “Mangkat ya mangkat,sik, sik,
mitra tutur nindakaken satunggaling perkawis
ta! Kudu ditata! Ning aku
tartamtu. Wonten ing film Siti, salah satung- njaluk mengko ning kana do
ra bengak-bengok, ya? Sing
galing fungsi ndhawuhi ingkang dipun-
ngomong ben aku wae!”
panggihaken inggih menika kados tuladha (Data 142/XIII/S)
wonten ing ngandhap. Tuturan ingkang aksaranipun dipunkandeli
Konteks : Siti cariyos bilih piyambakipun kalebet direktif pakon kanthi fungsi ngomando.
boten saged duka kaliyan gar-wanipun, lajeng
Sri nyobi ngewangi Siti medalaken raos dukani- Fungsi ngomando inggih menika fungsi kangge
pun. mimpin satunggaling barisan. Tuturan Pak Sarko
Siti : “Sakjane sing nesu ki aku.
Sri : “Lha mbok nesu! Nesu we kok menika kalebet fungsi ngomando amargi Pak
le..” Sarko mimpin barisan utawi grombolan pega-
Siti : “Moh, ra isah nesu aku.”
Sri : “Hahahai.. Saiki aku tak dadi wenipun ingkang dipunkomando Pak Sarko
bojomu, kowe nesua ya! Ayo supados demo dhateng kantor pulisi. Sadereng-
gek nesu! Ayo nesu!”
(Data 101/X/S) ipun, papan karaoke-nipun Pak Sarko dipun-
tutup, lajeng sedaya piranti karaoke-nipun Pak
Tuturan ingkang aksaranipun dipunkandeli
Sarko dipunsita pulisi amargi karaoke-nipun Pak
kalebet tuturan direktif pakon kanthi fungsi
Sarko menika boten gadhah idin. Lajeng Pak
ndhawuhi. Wonten ing tuturan menika Siti
Sarko ngomando sedaya pegawenipun supados
ngendika bilih piyambakipun boten saged duka,
tumut demo.
lajeng Sri ndhawuhi supados Siti medalaken raos
Sabibaripun sedaya pegawenipun kempal,
dukanipun. Siti dipundhawuhi duka kaliyan Sri
pegawenipun ribut ngajak Pak Sarko supados
ingkang ethok-ethok dados garwanipun Siti.
enggal-enggal tindak. Lajeng Pak Sarko maringi
Lajeng Siti medalaken raos dukanipun dhateng
komando malih. Pak Sarko ngomando supados
Sri. Kajawi menika direktif pakon kanthi fungsi
pegawenipun sabar rumiyin, supados barisanipun
ndhawuhi menika saged katitik saking pangang-
dipuntata, lajeng ngomando supados pega-
18 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 7, Nomor 7, Juli 2018

wenipun boten bengok-bengok. Pak Sarko ugi saged ngancani amargi Siti kedah pados arta.
ngomando supados sanesipun mendel, Pak Sarko Bagas boten remen amargi Siti mblenjanji
kemawon ingkang ngendika nalika demo. Ukara janjinipun. Bagas ugi boten remen amargi Siti
ingkang ngemot dhawuh saking Pak Sarko pados arta terus-terusan, boten gadhah wekdal
menika kalebet fungsi ngomando, amargi Pak kangge Bagas.
Sarko minangka pimpinan pendemo paring Amargi wekdalipun Siti kawates kangge
dhawuh utawi komando wonten ing satunggaling Bagas, Bagas ngantos nglarang Siti boten usah
grombolan pendemo kalawau. pados arta kemawon. Lajeng Bagas nuntut hak-
c. Fungsi Nuntut ipun minangka putra, inggih menika kepingin
Fungsi nuntut inggih menika ngandhar-aken dolanan kaliyan ibunipun. Bagas ugi nuntut Siti
panyuwunan kanthi atos (setengah ngedahaken ingkang nate janji badhe dolanan layangan
mitra tutur); nagih; ngupadaya supados pikantuk sareng Bagas. Awit saking menika, tuturan
punapa ingkang dados hak. Wonten ing film menika kalebet direktif pakon kanthi fungsi
“Siti” ugi dipunpanggihaken tuturan direktif nuntut.
kanthi fungsi nuntut. Wonton ing ngandhap d. Fungsi Ngarahaken
kaandharaken tuladhanipun. Fungsi ngarahaken inggih menika nedahaken
Konteks : Wonten ing pinggiring segara, saha mbimbing mitra tutur dhateng satunggaling
Bagas katon meksa Siti supados Siti kersa
perkawis. Tuladhanipun badhe kaandharaken
dolanan layangan kaliyan Bagas.
Bagas : “Jarene arep dolanan layangan wonten ing ngandhap.
karo aku.”
Konteks : Pungkasanipun Siti kersa dola-
Siti : “Mbok dolan dhewe kana karo
nan layangan kaliyan Bagas sasampunipun
kancamu!”
Bagas meksa-meksa Siti. Siti ugi ngajari Bagas
Bagas : “Moh!”
kados pundi caranipun mulukaken layangan.
Siti : “Ibu kan kudu nggolek dhuwit.”
Bagas : “Jarene arep dolanan layangan
Bagas : “Golek dhuwit terus. Mbok
karo aku.”
rasah golek dhuwit ta!
Siti : “Mbok dolan dhewe kana karo
Pokokmen kancani aku
kancamu!”
dolanan!” (Data 123/XI/S)
Bagas : “Moh!”
Tuturan ingkang aksaranipun dipun-kandeli Siti : “Ibu kan kudu nggolek dhuwit.”
Bagas : “Golek dhuwit terus. Mbok ra-
menika kalebet tuturan direktif pakon kanthi sah golek dhuwit ta!
fungsi nuntut, amargi wonten ing tuturan menika Pokokmen kancani aku
dolanan!”
Bagas nuntut punapa ingkang dados hak-ipun, Siti : “Mundur Gas! Terus! Hop!
nuntut punapa ingkang sampun nate dipunjanjeni Ji, ro, cul!” (Data 124/XI/S)
kaliyan ibunipun. Bagas nagih janji dhumateng Tuturan ingkang dipuncithak kandel kalebet
Siti, sios punapa boten ngancani Bagas dolanan direktif pakon kanthi fungsi ngarahaken. Siti
layangan, amargi Siti nate janji badhe ngancani kaliyan Bagas mulukaken layangan sesarengan.
Bagas dolanan layangan. Ananing nalika Siti ngarahaken Bagas kados pundi caranipun
dipuntagih, Siti ndhawuhi Bagas supados dolan supados layangan menika saged muluk kanthi
kaliyan kanca-kancanipun kemawon. Siti boten sae saha inggil. Siti ingkang nyepeng senaripun,
Tindak Tutur Direktif ... Fajar Wati Siti Zulaihah 19

dene Bagas ingkang nyepeng layanganipun. Siti Sarko kemawon, sanesipun boten kenging
ngarahaken supados Bagas mundur. Bagas bengak-bengok, ingkang dipunsarujuki kaliyan
dipundhawuhi supados mundur terus, lajeng sedaya pegawenipun. Awit saking menika,
mandheg. Sasampunipun jarakipun pas, Siti tuturan ingkang dipuncithak kandel ing nginggil
ndhawuhi Bagas supados ngiculaken layangan- kalebet tuturan direktif pakon kanthi fungsi
ipun wonten ing etangan kaping tiga. Nalika Siti ngatur.
ngetang setunggal-kalih-tiga, Bagas ngiculaken f. Fungsi Paring Syarat
layangan menika pas wonten ing etangan tiga. Fungsi paring syarat inggih menika nemtok-
Awit saking menika, tuturan menika kalebet aken satunggaling perkawis minangka syarat
tuturan direktif pakon kanthi fungsi ngarahaken. dhateng mitra tutur. Wonten ing film Siti ugi
e. Fungsi Ngatur kapanggihaken fungsi paring syarat menika.
Fungsi ngatur inggih menika nata utawi Konteks : Bagas matur menawi wonten ing
sekolah wonten setan. Lajeng Siti ngemutaken
damel satunggaling perkawis dados langkung
gegayuhanipun Bagas dados pilot. Siti ngemut-
rapi. Wonten ing film Siti ugi dipunpanggihaken aken menawi Bagas kepingin dados pilot,
Bagas kedah wantun saha purun sekolah.
tuturan direktif kanthi fungsi ngatur, ingkang
Bagas : “Aku wegah sekolah.”
badhe kaandharaken wonten ing ngandhap. Siti : “Lha ngapa?”
Bagas : “Ning sekolah ana setane.”
Konteks : Pak Sarko ngatur pegawenipun
Siti : “Ket wingi kok ngomong setan
ingkang dereng tata saha rame piyambak sa-
terus. Jare ameh dadi pilot,
derengipun tindak demo.
dadi pilot ya ra oleh wedi
Pak Sarko : “Saiki wis do kumpul kabeh
setan. Dadi pilot kudu gelem
durung?”
sekolah!”(Data 17/III/S)
Suara rame : “Uwis, uwis.. Ayo mangkat
saiki!” Tuturan ingkang kacithk kandel ing nginggil
Pak Sarko : “Mangkat ya mangkat, sik,
sik, ta! Kudu ditata! Ning kalebet direktif pakon kanthi fungsi paring
aku njaluk mengko ning syarat. Katingal saking tuturanipun Siti dhateng
kana do ra bengak-bengok,
ya? Sing ngomong ben aku Bagas. Saking enjing Bagas boten purun
wae!” (Data 142/XIII/S) mandhap saking amben, boten pingin mandi saha
Saderengipun tindak, pegawe karaoke ajrih dhateng sekolah. Lajeng Bagas cariyos bilih
ingkang badhe demo rame piyambak ngajak wonten ing sekolahipun wonten setanipun.
supados enggal-enggal budhal. Kahananipun Bagas ajrih kaliyan setan, lajeng boten purun
katon boten rapi saha rame amargi kathah tiyang sekolah. Siti lajeng mangsuli, menawi Bagas
ingkang ngendika. Lajeng Pak Sarko ngatur kepingin dados pilot, syaratipun inggih menika
supados pegawenipun menika tata saha rapi kedah wantun kaliyan setan saha kedah purun
saderengipun budhal demo. Pak Sarko ngatur sekolah. Menawi Bagas ajrih saha boten purun
supados pegawenipun tata, boten bengak- sekolah, Bagas boten saged dados pilot.
bengok. Sedaya pegawenipun mendel saha Anggenipun Siti ndhawuhi Bagas ngginakaken
mirengaken. Aturan saking Pak Sarko, mangke tuturan direktif pakon kanthi fungsi paring
nalika demo ingkang ngendika namung Pak syarat, inggih menika menawi Bagas kepingin
20 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 7, Nomor 7, Juli 2018

dados pilot, syaratipun inggih menika kedah ananing marengaken menawi sekulipun dipun-
wantun kaliyan setan saha kedah purun sekolah. tepasi. Kajawi saking konteks ukara, titikan
4. Tindak tutur Direktif Watesan ukara direktif watesan saged katingal saking
Miturut Ibrahim (1993) tuturan watesan tembung „rasah‟ wonten ing ukara Simbah ing
inggih menika tuturan ingkang ngemot dhawuh nginggil.
saking penutur supados mitra tutur boten b. Fungsi Nglarang
nindakaken satunggaling perkawis. Tindak tutur Fungsi nglarang inggih menika paring pren-
direktif watesan menika dipunbedakaken dados tah utawi paugeran supados mitra tutur boten
kalih fungsi, inggih menika fungsi matesi saha nindakaken satunggaling perkawis. Tuturan
fungsi nglarang ingkang badhe kaandharaken direktif kanthi fungsi nglarang wonten ing film
wonten ing ngandhap. “Siti”.
a. Fungsi Matesi Konteks : Siti maringi Bagas sragam
enggal. Nalika maringaken sragam, Siti maringi
Fungsi matesi inggih menika maringi wates
piweling dhateng Bagas.
dhateng mitra tutur, punapa ingkang saged saha Siti : “Sragam anyaar..!!!”
Bagas : “Horeeee!!!”
punapa ingkang boten saged dipuntindakaken
Siti : “Ra disuwekke meneh
bab satunggaling perkawis. sragame!” (Data 25/V/S)
Konteks : Saderengipun Bagas sekolah, Tuturan ingkang kacithak kandel ing nginggil
Bagas dipundhawuhi sarapan rumiyin. Nalika
Bagas sarapan, Bagas ndamoni sekulipun amargi kalebet direktif watesan kanthi fungsi nglarang,
sekulipun panas. Lajeng dipunterak kaliyan Saderengipun Bagas kerengan kaliyan kanca-
simbok.
Simbok : “Sing akeh le maem gas! Gen nipun, ngantos sragam sekolahipun suwek.
gelis gedhe, gen bisa ngewangi Lajeng Siti mundhutaken Bagas sragam enggal.
ibumu.”
Bagas : “Aku wis ngewangi kok, ngewa- Sinambi nganggekaken sragamipun Bagas, Siti
ngi ngentekne maem.” meling Bagas sampun ngantos sragam enggal
Simbok : “Kowe ki..”
Bagas : (ndamu sekul) menika dipunsuwekaken malih. Fungsi nglarang
Simbok : “Rasah didamoni, ra ilok! Nya menika katitik saking tembung „raora‟. Awit
ditepasi wae, nya!”
(Data34/VI/S) saking menika, tuturan menika kalebet tuturan
direktif watesan kanthi fungsi nglarang.
Tuturan ingkang kacithak kandel ing nginggil
kalebet direktif watesan kanthi fungsi matesi.
5. Tindak tutur Direktif Paring Idin
Nalika Bagas sarapan, sekulipun taksih panas,
Miturut Ibrahim (1993) tuturan paring idin
lajeng Bagas ndamoni sekul menika. Simbah
tegesipun ngidinaken panyuwunan idin utawi
ingkang lenggah wonten ing ngajengipun Bagas
nglonggaraken watesan ingkang sade-rengipun
lajeng ngendikan, “Rasah didamoni, ra ilok! Nya
dipundamel dhateng satunggaling tu-mindak.
ditepasi wae, nya!” Teges saking tuturan Simbah
Fungsi ingkang kapanggihaken wonten ing film
menika matesi punapa ingkang kenging saha
kaandharaken wonten ing ngandhap.
punapa ingkang boten kenging dipuntindakaken
Bagas. Simbah nglarang Bagas ndamu sekul,
Tindak Tutur Direktif ... Fajar Wati Siti Zulaihah 21

a. Fungsi Marengaken Karyo badhe nagih utang dhateng Siti. Siti


Fungsi marengaken inggih menika paring ingkang sampun mangertos bilih Pak Karyo
kesempatan utawi keleluasaan dhateng mitra badhe nagih utang lajeng mlajar ndhelik saking
tutur. Pak Karyo. Lajeng Pak Karyo ingkang sampun
Konteks : Nalika Pak Sarko damel omben- jumeneng wonten ing ngajeng dalemipun Siti
omben, Siti taken punapa ingkang nembe dipun-
kula nuwun utawi nyuwun idin badhe mlebet.
damel Pak Sarko, lajeng Siti nyuwun omben-
omben menika. Lajeng Pak Sarko marengkan Simbok ingkang mireng bilih Pak Karyo menika
Siti nyuwun omben-omben.
kula nuwun, lajeng nyumanggakaken Pak Karyo
Pak Sarko : “Kowe ki kenapa ta, Ti?”
Siti : “Ora pa-pa.Njaluk pak!” mlebet. Tuturan Simbok menika tegesipun
Pak Sarko : “Ya, ya, ya… Nya!”
maringi idin dhateng Pak Karyo ingkang
(Data 209/XXIII/S)
nyuwun idin badhe mlebet dalemipun Siti.
Tuturan ingkang kacithak kandel ing nginggil
c. Fungsi Ngabulaken
kalebet tuturan direktif kanthi fungsi mareng-
Fungsi ngabulaken inggih menika nglo-
aken. Tuturan menika kadadosan nalika Pak
losaken, mengiyakan pandonga saha panyuwun
Sarko nembe damel omben-omben kangge tamu
mitra tutur. Tuladha fungsi ngabulaken ingkang
karaokenipun. Lajeng Siti nyuwun omben-
dipunpanggihaken wonten ing film “Siti.”
omben menika dhateng Pak Sarko.
Konteks : Siti badhe ngampil arta
Tuturan ingkang nedahaken bilih tuturan satunggal yuta kaliyan Mas Gatot, ananging Mas
menika ngemot fungsi marengaken inggih Gatot boten mbekta arta satunggal yuta. Mas
Gatot namung mbekta arta pitu seket ewu, la-
menika tembung: “Ya, ya, ya.. Nya!” Tegesipun jeng ndhawuhi Siti nyepeng arta menika.
Pak Sarko marengaken Siti nyuwun saha Siti : “Ndhuwe dit sakyuta ra mas?”
Gatot : “Ha?”
ngunjuk omben-omben menika. Awit saking Siti : “Aku nyilih sakyuta, sesuk tak
menika, tuturan ing nginggil kalebet direktif balekke!”
Gatot : “Arep nggo apa Ti?”
paring idin kanthi fungsi marengaken. Siti : “Oleh ora?”
b. Fungsi Paring Idin Gatot : “Aku ora nggawa sak yuta Ti.
Aku mung gawa pitu seket.
Fungsi paring idin inggih menika maringi Ki, cekelen sik! Sesuk tak
idin dhateng satunggaling perkawis. Wonten ing genepi, rasah nyilih. Ya?”
(Data 236/XXIV/S)
ngandhap kaandharaken fungsi paring idin.
Tuturan menika kalebet tuturan direktif
Konteks : Pak Karyo badhe nagih utang
dhateng Siti. Saderengipun mlebet dalemipun paring idin kanthi fungsi ngabulaken. Siti
Siti, Pak Karyo kula nuwun rumiyin, lajeng
ngampil arta dhateng Mas Gatot, lajeng mas
Simbok nyumanggakaken Pak Karyo mlebet.
Pak Karyo : “Ti? Siti? Kula nuwun!” Gatot taken kangge menapa. Siti malah katon
Simbok : “Oo..Pak Karyo, mangga Pak,
duka, menggalih bilih Mas Gatot boten kersa
mangga!” (Data 52/VIII/S)
menawi dipunsambeti arta. Lajeng Mas Gatot
Tuturan ingkang kacithak kandel ing nginggil
ngabulaken panyuwunipun Sit menika kanthi
kalebet direktif paring idin kanthi fungsi paring
medalaken arta pitungatus seket kangge Siti saha
idin. Tuturan menika kadadosan nalika Pak
ndhawuhi Siti nyepeng arta menika. Awit saking
22 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 7, Nomor 7, Juli 2018

menika, tuturan saking Mas Gatot menika nge- Miturut Ibrahim (1993) tuturan paring nase-
mot tuturan direktif kanthi fungsi ngabulaken. hat inggih menika tuturan ingkang dipun-
d. Fungsi Nguja andharaken penutur dhateng mitra tutur, ingkang
Fungsi tuturan nguja inggih menika mboten ngandhut kapitadosan bilih nindakaken tuturan
nglarang, boten dipungatosaken, tegesipun na- menika becik kangge mitra tutur. Penutur
mung dipuntogaken kemawon sakajengipun. gadhah penggalih bilih tuturan menika prayo-
Wonten ing ngandhap badhe kaandharaken ginipun dipuntindakaken, menawi boten katin-
tuladha fungsi nguja menika ingkang dipun- dakaken badhe nuwuhaken satunggaling kasi-
panggihaken wonten ing film “Siti.” sahan utawi kacilakan. Fungsi-nipun direktif
Konteks : Nalika Siti nyuwun Mas paring nasehat kaandharaken wonten ing
Bagus ngendikan malih, Mas Bagus namung
ngandhap.
nyawang Siti ananging boten kersa ngendikan.
Siti mangkel, lajeng boten nutugaken anggen- a. Fungsi Paring Nasehat
ipun ndulang garwanipun.
Fungsi paring nasehat inggih menika paring
Siti : “Ngerti ra mas? Mau Bagas cri-
ta, sragame sing anyar marai pitutur dhateng mitra tutur. Data-nipun katingal
setane wedi. Setane ra gelem
wonten ing ngandhap.
metu. Mas, mbok pisan-pisan
ki ngomong! Arep ketuk kapan Konteks : Simbok mirsani kadadosan ing-
kowe ngene ki terus? kang dipunlampahi kaliyan Siti. Pak Karyo na-
Luweh!” (Data 135/XII/S) gih utang, namung paring wekdal tigang dinten
kangge nglunasi utang gangsal yuta. Siti se-
Tuturan ingkang dipuncithak kandel menika dhih, lajeng Simbok paring nasehat.
ngandhut tuturan direktif kanthi fungsi nguja, Pak Karyo : “Kowe wingi janji ta, arep nglu-
nasi sasi iki, limang yuta?
tegesipun boten preduli. Tuturan menika Yawis, pokokmen kudu diba-
kadadosan nalika Siti ndulang garwanipun, Mas yar, nek ora urusane karo puli-
si!! Tak nehi wektu telung
Bagus sinambi cariyos-cariyos. Anggenipun Siti dina.”
cariyos boten dipuntanggepi dening Mas Bagus. Simbok : “Sing sabar ya Ti..!”
(Data 64/VIII/S)
Mas Bagus mendel kemawon. Siti nyuwun Mas
Tuturan ingkang dipuncithak kandel menika
Bagus supados ngendikan. Ananging Mas Bagus
kalebet direktif paring nasehat kanthi fungsi
tetep mendel. Siti duka amargi Mas Bagus
paring nasehat. Katingal saking tuturanipun
namung mendel, lajeng mandheg anggenipun
Simbok dhateng Siti. Simbok prihatin mirsani
ndulang Mas Bagus sinambi ngendikan:
kahanipun Siti. Garwanipun sampun gerah boten
“Luweh!” Tuturan „luweh‟ saking Siti menika
saged napa-napa amargi nemahi kacilakan,
ateges Siti duka lajeng boten preduli malih
lajeng Pak Karyo nagih utangipun garwanipun
kaliyan Mas Bagus. Awit saking menika, tuturan
menika. Wekdal ingkang dipunparingi Pak
ing nginggil kalebet direktif paring idin kanthi
Karyo ugi mepet, namung tigang dinten kangge
fungsi nguja.
nglunasi gangsal yuta. Kangge Siti, arta gangsal
6. Tindak tutur Direktif Paring Nasehat
yuta menika arta ingkang ageng sanget. Awit
saking menika, Simbok ingkang ngraos prihatin
Tindak Tutur Direktif ... Fajar Wati Siti Zulaihah 23

kaliyan kahananipun Siti maringi nasehat 1. Jinis tindak tutur direktif ingkang
supados Siti sareh. Tuturan simbok menika kapanggihaken wonten ing film “Siti”
kalebet tuturan direktif paring nasehat kanthi wonten enem, inggih menika tindak tutur
fungsi paring nasehat. direktif panyuwunan, pitaken, pakon,
b. Fungsi Ngusulaken watesan, paring idin, saha paring nasehat.
Fungsi ngusulaken tegesipun majengaken Tuturan panyuwunan ngandharaken gega-
satunggaling usul supados dipunsarujuki mitra yuhan utawi pangajab. Tuturan pitaken
tutur. Tuladha fungsi paring nasehat ingkang ngandhut pitaken utawi panyuwunan supados
dipunpanggihaken wonten ing film “Siti” mitra tutur maringaken informasi tartamtu.
kaandharaken wonten ing ngandhap. Tuturan pakon ngandhut pituduh supados
Konteks : Sabibaripun Bagas budhal mitra tutur nindakaken punapa ingkang
sekolah, Simbok guneman kaliyan Siti wonten
dipundhawuhi penutur. Tuturan watesan
ing ngajeng meja sinambi mbungkusi peyek
jingking. ngemot dhawuh supados mitra tutur boten
Siti : (nyumet udud)
nindakaken satunggaling perkawis. Tuturan
Simbok : “Dhuwit ki mbok ra diobong Ti!
Kowe ra golek gawean liya paring idin tegesipun ngidinaken panyu-
pa?” (Data 46/VII/S)
wunan idin utawi nglonggaraken watesan.
Tuturan ingkang dipuncithak kandel wonten Tuturan paring nasehat ngemot pitutur becik
ing nginggil menika kalebet direktif paring saking penutur dhateng mitra tutur.
nasehat kanthi fungsi ngusulaken. Simbok 2. Fungsi tindak tutur direktif ingkang
mangertos bilih sasampunipun Mas Bagus, kapanggihaken langkung variatif. Fungsi
garwanipun Siti menika gerah, namung Siti direktif panyuwunan ingkang dipunpang-
ingkang pados arta wonten ing kulawarganipun gihaken inggih menika fungsi nyuwun,
Siti. Kajawi menika, padamelan sadean peyek ndhesek, ngulemi, saha ngajak. Fungsi
jingking wonten ing Parangtritis namung saking direktif pitaken ingkang dipun-
pikantuk arta ingkang sekedhik sanget. Amargi panggihaken namung fungsi nyuwun pirsa.
kahanan menika, Siti nyambut damel wonten ing Fungsi direktif pakon ingkang dipun-
papan karaoke, ingkang temtunipun langkung panggihaken inggih menika fungsi ndhawuhi,
kathah bebayanipun. Sinambi mbungkusi peyek ngomando, nuntut, ngarahaken, ngatur, saha
jingking, Simbok ngusulaken kados pundi paring syarat. Fungsi direktif watesan inggih
menawi Siti pados padamelan sanes, sasanesipun menika fungsi matesi saha nglarang. Fungsi
nyambut dame ling papan karaoke. Tuturan direktif paring idin inggih menika
saking Simbok menika kalebet tuturan direktif marengaken, paring idin, ngabulaken, saha
paring nasehat kanthi fungsi ngusulaken. nguja. Fungsi saking direktif paring nasehat
dipunpanggihaken fungsi paring nasehat saha
PANUTUP
ngusulaken.
Adhedhasar asiling panaliten saged dipun-
pendhet dudutan kados ing ngandhap menika.
24 Jurnal Penelitian Mahasiswa Prodi Pendidikan Bahasa Jawa Volume 7, Nomor 7, Juli 2018

3. Saking andharan ing ngingil, saged dipun- Yogyakarta: Ar-Ruzz Media.


dudut bilih wonten ing film “Siti” ang-
Sugiono. 2010. Metode Penelitian Pendidikan:
gitanipun Ifa Isfansyah menika kathah Pendekatan Kuantitatif, Kualitatif, dan R&D.
Bandung: Alfabeta.
dipunpanggihaken jinis saha fungsi tindak
tutur direktif ingkang maneka warna. Pramila Wijana, I Dewa Putu. 1996. Dasar-Dasar
Pragmatik. Yogyakarta: Andi Offset.
saking variasi jinis saha fungsi tindak tutur
direktif ingkang dipunpanggihaken menika
ndadosaken film menika katon endah, sae,
narik kawigatosan, saha ndadosaken pace-
lathon wonten ing film menika katon alami,
kados pacelathon ing padintenan.
Pamrayogi
Panaliten tindak tutur direktif basa Jawi
wonten ing film “Siti” anggitanipun Ifa Isfansyah
menika taksih kathah kirangipun amargi kawates
seserepanipun panaliti. Adhedhasar menika,
prelu dipuntindakaken panaliten sanes ingkang
langkung wiyar babagan tindak tutur, tula-
dhanipun tindak tutur ekspresif, asertif, efek
tindak tutur, faktor ingkang ndayani tindak tutur,
lsp. Kajawi menika, wonten ing panaliten
menika saged ugi dipunpanggihaken prekawis
sanesipun, kadosta campur kode, kesantunan,
inferensi, deiksis, lsp. Pramila saking menika,
prekawis-prekawis ing nginggil saged dipun-
andharaken wonten ing panaliten-panaliten
salajengipun.

KAPUSTAKAN

Chaedar, Alwasilah. 1985. Sosiologi Bahasa.


Bandung: Angkasa.

Chaer, Abdul. 2010. Kesantunan Berbahasa.


Jakarta: Rineka Cipta.

Ibrahim, Abd. Syukur. 1993. Kajian Tindak


Tutur. Surabaya: Usaha Nasional.

Muhammad. 2011. Metode Penelitian Bahasa.

You might also like