Mantu

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

A.

Nyemak

Tata Cara Mantu

1. Mantu tegesipun ngemah-ngemahaken putra utawi malakramakaken ingkang putra wonten ing
satunggaling papan ingkang saderengipun kawiwitan tata cara lamaran, peningset lan lambing
kalpika(tukar cincin). Saderengipun penganten dipundhaupaken kulawarga ingkang mantu
nyamektakaken ubarampe, upaminipun : 1) pasang tarub, 2)buwangan, 3)pasang tuwuhan, 4)
siraman, lan 5) midodareni.
2. Tata Cara Dhaup/Panggih
Pawiwahan penganten katindakaken ing dinten sasampunipun dalunipun dipunwontenaken
upacara midodareni. Pawiwahan saged kationdakaken sesarengan kaliyan pahargyan, tegesipun
upacara lan pahargyan dipunadani sesarengan nunggal papan lan wekdalipun.
Bentenipun penganten dipun pahargya lan dipunwiwaha.
a. Pawiwahan
1). Wonten upacara ijab, dhaup/panggihing penganten.
2). Papanipun ing dalemipun penganten putri.
3). Tamu : kulawarga, sanak kadang, tangga tepalih.
4). Wonten adicara ingkang karacik, upaminipun :
a) Pasrah tampi penganten
b) Ijab/nikah
c) Pambagyaharja
d) Panggih
e) Tampa kaya, dhahar klimah, mapag besan, sungkeman, lsp.
f) Wasita tama/ular-ular
5). Tamu rawuh, lenggah, mriksani upacara wiwahan.
6). Konduripun tamu sesarengan saparipurnanipun acara.

b. Pahargyan

1). Boten wonten upacara ijab, wontenipun naming pahargyan/resepsi

2). Papanipun wonten saged ing dalemipun penganten putri hotel,

rumah makan, gedhung, lsp.

3). Tamu langkung kathah

4). Boten wonten acara ingkang karacik, limrahipun naming

pambagyaharja.

5). Tamu rawuh, jabat asta, dhahar prasmanan, lajeng kondur.

6). Konduripun tamu piyambak-piyambak manut kabetahan.

3. Upacara Pawiwahan

Sasampunipun penganten ijab, kalajengaken upacara adat ingkang rantaman-

ipun kirang langkung makaten :

a. Pambuka
b. Pasrah/tampi penganten kakung
c. Panggih penganten(papanipun ing gapuraning pawiwahan kanthi liru kembar mayang)
d. Upacara adat upaminipun :
1) Kirab
Lakuning penganten saka panti busana tumuju sasana rinengga kairing putri dhomas,
satriya bagus.
2) Tampa kaya
Penganten kakung paring tampa kaya marang penganten putri, wujude tampa kaya : kacang
kawak, jagung kawak, dhele kawak, dhuwit receh, beras. Tampa kaya minangka pralambang
tanggung jawabe wong kakung anggene golek sandhang pangan kanggo kulawarga.
3) Dhahar klimah
Penganten kakung ngepel sega kuning lawuhe ati antep. Kepelan sega banjur kadhahar
penganten putri.
4) Mapag besan
Wong tuwane penganten putri mapag(methukake) besan ana ing tarub utawa lawang ngarep
tarub.

5) Sungkeman
Ngambung dhengkule wong tuwane lan mara tuwane minangka tandha panuwun lan bektine
anak kang arep madeg kulawarga anyar.
6) Pambagayaharja
Wong sing sesorah minangka wakil saka kang duwe gawe arep ngaturake : atur pakurmatan lan
sugeng rawuh, muji syukur marang Gusti, atur panuwun marang para tamu lan nyuwun
pangapura menawa anggone nampa rawuhe tamu ana kekurangan.
7) Kirab
Metune penganten sekaliyan kairing putri dhomas, satriya bagus, wong tuwane lan
dipandhegani dening suba manggala/cucuk lampah, saprelu ganti busana.
8) Mijiki pada
Penganten putri mijiki sikile penganten kakung minangka pralambang bektine putri marang
sing kakung.
9) Mecah wiji adi
Penganten kakung midak endhog pitik kampung, minangka pralambang besuk menawa
dipunparingi keturunan dadi saka wiji kang becik.

10) Balangan gantal


Penganten kakung mbalang gantal(gondhang tutur) marang penganten putri, lan sewalike
penganten putri mbalang gantal(gondhang kasih) marang penganten kakung.
Gantal = suruh kang dilinting ditaleni lawe.

11) Wasitatama(ular-ular penganten)


Pitutur kang becik lumrahe saka priyayi sepuh diwenehake marang penganten sekaliyan
mligine lan para tamu umume.

You might also like