Professional Documents
Culture Documents
Bahasa Jawa Kelas 5 Ok
Bahasa Jawa Kelas 5 Ok
I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe wangsulan kang paling bener!
Kesengsem Raden Abimanyu
Hermawan bubar nonton wayang kulit. Dheweke kesengsem Abimanyu sing pas ditonton dadi
paraga sing tansah menang. Wayange katon nggangtheng. Watake jujur lan tansah ditutake panakawan.
Hermawan kepingin duwe wayang Abimanyu. Wayang kuwi endah nyenengake yen dipasang ing
kamare.
Ngangen-angen ngono kuwi kepriye carane golek wayang kuwi. Rekane Hermawan takon
kangmase sing sekolah SMA.
“Mas Esa, sampean isa nggambarake wayang Abimanyu?” pitakone Hermawan.
“Ora isa. Kanggo apa gambar wayang Abimanyu?”
“Pokoke aku seneng, aku pengin duwe.”
“Ya wis, mengko jajal takgolekake ing internet.”
Disemayani kaya ngono kuwi Hermawan ayem. Ing internet mesthi ana gambar wayang
Abimanyu. Temenan, wayah sore Mas Esa wis nggawa salembar kertas.
“Iki gambar Abimanyu,” Mas Esa menehake marang Hermawan.
Gambar ditampani. “Wah, olehe ngeprint kok hitam putih, Mas?” Hermawan gela.
“Lho, asline pancen mung ireng. Pengin berwarna ya dicet dhewe.” Esa nesu.
Wayang ing kertas kuwi tansah disawang. Bener satria Abimanyu sing mentas dadi lakon nalika
dheweke nonton. Emane gambar wayang kuwi ing kertas lembaran, beda karo wayang temenan. Wayang
sing tangane bisa diobahake. Kepriye carane supaya bisa dadi wayang, pikirane Hermawan pengin
ngowahi.
Mulih sekolah, kertas kuwi difotokopi. Hermawan njaluk difotokopi ing kertas kandel. Bareng
teka omah, golek gunting. Gambar banjur digunting. Tangane ditugel. Hermawan marem, nyatane dadi
wayang. Dheweke isih eling duwe krayon. Wayang kuwi dipulas nganggo krayon. Wah, dadi berwarna,
pikire Hermawan seneng. Bareng tangane disambung pranyata dadi cendhak. Kertas turahan, kanggo
ngeblat tangan.
Bareng tangane pethal, Hermawan bingun carane nyambung. Bapake sing weruh Hermawan
utheg wae banjur direwangi, jebul tangane dibolong, banjur dileboni plastik. Pucuke diobong, dadine
tangan ora ucul. Bareng dadi malah bapake diakon Hermawan nggarani wayange.
II. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana nganggo tembung sing trep!
1. Egrang iku kalebu dolanan tradhisional sing digawe saka ….
2. Wacan narasi ditulis kanthi urut miturut ….
3. Samubarang kang isine menehi weruh marang liyan wujud kahanan sabenere diarani ….
4. Informasi kuwi bisa awujud ... lan ….
5. Sadurunge ngringkes wacan narasi kudu nggoleki pokoke cirta ing saben ….
6. Paragrap kang kalimat utamane ana ing mburi paragraf diarani ….
7. Pawarta kang bisa disawang lan dirungokake ….
8. Pawarta kang bisa nyakup sekabehane tanpa winates ….
9. Pawarta sing wujud panemu yaiku ….
10. “tahu petis” yen ditulis aksara Jawa dadi ….