Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 3

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GENAP

MADRASAH TSANAWIYAH NEGERI 2 JEMBER


TAHUN PELAJARAN 2018/2019

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/Tanggal :


Kelas/Semester : PDCI 2/4 Waktu :

Waktu : 09.50 – 11.20 WIB


A. Pilihen siji wangsulan sing bener!
1. Gagasan pokok sing ndasari cerita kanthi wutuh diarani ....
a. tema b. Amanat c. Alur d. setting
2. Rerangkaning (rangkaian) kedadeyan sawijining crita miturut dhasar penalaran yaiku ....
a. tema b. Alur c. amanat d. sudut pandang
3. Sing kelebu alur yaiku, kajaba ....
a. Alur maju b. Alur mundhur c. Alur campuran d. Alur suasana
4. Tokoh ing crita diarani ....
a. Paraga b. Tema c. Alur d. amanat
5. Pesen penulis marang pamaos/pembaca diarani ...
a. Tema b. Alur c. Paraga d. amanat
6. Papan lan wektu kangge nyeriyosaken (nandai) ana sandiwara diarani ….
a. Tema b. Paraga c. Setting utawa latar d. Plot/alur
7. Drama kang isine ngemot babagan/kisah sedih diarani.....
a. drama komedi b. Pantomin c. drama tragedi d. sandiwara
8. Drama sing isine kisah sing lucu diarani . . . .
a. drama komedi b. Pantomin c. drama tragedi d. sandiwara
9. Pacelatahon (dialog) antara para paraga (pemain) ing pentas drama diarani . . .
a. epilog b. monolog c. dialog d. prolog
10. Papan kanggo nggelar lakon drama diarani....
a. aula b. arena c. Mimbar d. panggung
11. Asal usule papan panggonan iku kalebu crita rakyat yaiku ......
a. legenda b. fabel c. Mite d. dongeng
12. Sage iku nyritakake .....
a. Kewan b. Sejarah/pahlawan c. Dewa-dewi d. Panggonan
13. Dongeng iku kalebu kasusastraan ....
a. Lisan jaman saiki c. Tulis jaman kuna
b. Lisan jaman kuna d. Tulis jaman saiki
14. Crita sing ora kasunyatan (kenyataan) yaiku ....
a. Crita fiksi b. Crita rakyat c. Cerita wayang d. Crita asal-usule
panggonan
15. Struktur baku ukara kadadeyan saka ….
a. Jejer -wasesa c. Jejer - wasesa – lisan – katrangan
b. Jejer – wasesa – lisan d. Jejer – wasesa – lisan – katrangan - geganep
16. Amin dolanan layangan wingi sore
Ukara ing dhuwur tembung dolanan kadapuk ….
a. Jejer b. Wasesa c. Lisan d. Katrangan
17. Ukara ing dhuwur tembung “layangan” kadapuk .....
a. Jejer b. Wasesa c. Lisan d. Katrangan
Wacan 1 (soal nomor 18-25)
ANOMAN DHUTA
Prabu Rama lagi duka amarga Dewi Shinta, garwane, didustha dening Rahwana. Anoman banjur diutus budhal
menyang Ngalengka kanggo mapag lan nggawa bali Dewi Shinta. Anoman nyagupi teka ing Ngalengka kanthi
wektu sedina. Ing Ngalengka, Dewi Sinta dipapanake ing Taman Keputren karo Dewi Trijatha. Amung Dewi
Trijatha sing bisa ngarih-arih Dewi Sinta. Anoman banjur budhal dikancani dening Semar, Petruk, lan Bagong.
18. Jenenge duta sing diutus budhal menyang Ngalengka yaiku ...
a. Anoman b. Sugriwa c. Prabu Ramawijaya d. Dewi Trijatha
19. Dewi sinta dipapanake ing ....
a. Taman Keputren b. Alun-alun c. Guwa d. candi
20. Sing bisa ngarih-arih Dewi Sinta ....
a. Prabu Ramawijaya b. Dewi Trijatha c. Dewi Surya d. Anoman
21. Wektu sing disanggupi Anoman teka ing Alengka yaiku ....
a. Sedina b. Telung dina c. Seminggu d. Setahun
22. Rahwana iku watake ....
a. Ora jujur b. Seneng ngapusi c. Seneng nulung d. Angkara murka
23. Rahwana duwe jeneng liyane yaiku .....
a. Kumbakarna b. Dasamuka c. Raja Buta d. Sarpakenaka
24. Anoman iku wujude wanara seta. Tembung wanara seta tegese ....
a. Kethek putih b. Kethek sekti c. Kethek dhuta d. Kethek kang becik
25. Dewi Trijatha yaiku .....
a. Adhike Prabu Ramawijaya c. Adhike Prabu Rahwana
b. Anake Dewa Surya d. Anake anoman
26. Bapak mirsani wayang wong ana ing gedung kesenian Sriwedari.
Kelebu golongane ukara ....
a. Krama lugu b. Ngoko alus c. Ngoko lugu d. Krama alus
27. Pak menika badhe nyaosaken kagunganipun kunci.
Ukara iku kelebu golongane ukara ....
a. Ngoko Lugu b. Ngoko Alus c. Krama Lugu d. Krama Alus
28. Ngisor iki tuladhane ukara Krama lugu yaiku ....
a. Sampeyan punapa siyos tumbas gendis? c. Kala wingi Sampeyan napa ningali Banjir?
b. Kula dipun dhawuhi dados pranata cara. d. Dalem badhe matur wonten tamu.
29. Basa krama iku kang trep digunakake ing pirembugan antarane, kajaba ....
a. Murid marang gurune. c. Pembantu marang juragane.
b. Wong tuwa marang wong enom sing isih bocah. d. Wong enom marang wong tuwa.
30. Basa ngoko lugu iku kanggo gunem dening….
a. Murid marang guru c. Wong enom marang wong tuwa amarga ngajeni
b. Pandhuwur (juragan) marang bawahan d. Anak marang wong tuwa
31. Ibu : Arep menyang ngendi, An?
Ana : ..........
Wangsulane Ana sing bener .....
a. Ajeng mundhut buku teng Gramedia, Bu. c. Ajeng dhateng Gramedia mundhut buku.
b. Badhe tumbas buku dhateng Gramedia. d. Badhe wonten Gramedia mundhut buku.
32. Ibu .... sangu adik sepuluh ewu.
Tembung sing trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku ....
a. Maringi b. Didhawuhi c. Ngaturi d. Dhawuhi
33. Jajan iki … bapak, mbok menawa saiki wis kersa …
a. paringna, dhahar b.paringna, nedha c.aturna, dhahar d. aturna, nedha
34. Kula ngaturi bapak dhahar.
Ukara iki yen diowahi ngganggo basa ngoko alus dadine…..
a. Aku ngongkon bapak mangan c. Aku ngaturi bapak dhahar
b. Kula ngutus bapak dhahar d. Kula ngengken bapak nedha
35. Kowe arep lunga menyang ngendi?
Ukara kasebut yen disalin ing basa Krama alus yaiku ....
a. Panjenengan arep tindak menyang ngendi? c. Sampeyan badhe kesah dhateng pundi?
b. Sampeyan arep kesah menyang ngendi? d. Panjenengan badhe tindak dhateng pundi?
36. Sluman, slumun, slamet. Iku kelebu purwakanthi ....
a. Purwakanthi swara c. Purwakanthi basa/lumaksita
b. Purwakanthi guru lagu d. Purwakanthi sastra
37. Witing klapa, kalapa kangmaksih mudha. Iku kelebu purwakanthi .....
a. Purwakanthi swara c. Purwakanthi basa/lumaksita
b. Purwakanthi sastra d. Purwakanthi guru lagu
38. Anake asu arane .....
a. Cemeng b. Bledhug c. meri d. kirik
39. Gunung Kelud dumunung ing propinsi ....
a. Jawa timur b. Jawa Tengah c. Yogyakarta d. Kalimantan
40. Pantai Sanur dumunung ing kutha ....
a. Malang b. Blitar c. Bali d. Bandung
B. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener!
1. Ukara ing ngisor iki gantinen nganggo basa Ngoko Lugu!
a. Bapak mundhut sepatu diparengake adhiku.
b. Mas Partono di utus ibu dhateng pasar.
2. Ukara ing ngisor iki gantinen nganggo JWLK
a. Andi nulis layang nganggo bulpen.
b. Aku arep sowan menyang Tulungagung.
3. Sebutna macem-macem purwakanthi!
4. Sebutna macem-macem dongeng !
5. Adigang, adigung, adiguna. Ukara iku kelebu ?

You might also like