Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 2

Relevansi Kagesangan Jaman Saniki kaliyan Piwulangan Pupuh Kinanthi Pada 12

Dados tiyang menika kedah gadhah pathokan urip. Pathokan urip menika saged dipuntingal ing
kagesangan tiyang-tiyang sepuh utawi ningali wonten sastra-sastra kuno salah sawijining sastra kuno
yaiku serat wedhatama. Serat Wédhatama (serat mangenani piwulangan utama) inggih menika
satunggaling rumpaka sastra Jawa Enggal ingkang saged dipungolongaken minangka pesen moral
ingkang sekedik dipunpengaruhi dening agami Islam. Surasa Serat Wédhatama menika ngenani falsafah
kagesangan, kados dene tenggang rasa, tepa salira, kepripun dados tiyang kang sampurna,
nglampahaken agami secaos bijak, lan dados tiyang kang gadhah watek ksatria.

Serat Wedhatama dipunserat dening Ngarsa Dalem Ingkang Wicaksana Kanjeng Gusti Pangeran Adipati
Arya Sri Mangkunegoro IV. Raja wonten keraton Mangkunegaran Solo. Sanese kawentar amargi
kapinterane marang elmu pangauning, piyambeke ugi kawentar amargi piyambake menika
satunggalipun tokoh ingkang sekti mandraguna, adil, lan arif bijaksana. Lantaran olah laku spiritual kang
mumpuni, piyambake sedah kaliyan kasampurnan gesang sejati salebete ngadep Tuhan Ingkang
Mahawisesa, nggih niku warangka manjing curiga atanapi anggayuh kamuksan, ngadep Gusti kaliyan
raganipun sirna tan winekas Wonten indikasi nyaniya serat punika mboten diserat dening tiyang
setunggal (Pigeaud, Rangga Warsita et all, 1967:110). Serat punika dianggep minangka salah
satunggaling puncak estetika sastra Jawa abad kaping 19 kang gadhah makna kang trep menawi
dipunlampahi ing kagesangan jaman saniki lan serat wedhatama punika gadhah karakter mistik kang kiat
senajan dipunginakaken ing jaman saniki amargi ing serat wedhatama menika nyakup ruang saha
wekdal kang boten gadhah batesan. Serat punika gadhah 100 pupuh (bait, canto) tembang macapat,
kang dibagi ing selebete gangsal tembang, inggih menika tembang Pangkur (14 pupuh, 14), Sinom (8
pupuh 15 32), Pocung (15 pupuh, 33 47), Gambuh (35 pupuh, 48-82), lan Kinanthi (18 pupuh, 83-100).

Ing babagan sak menika kita badhe njlentrehaken babagan relevansi pupuh kinanthi pada 12 ingkang
kaserat ing serat wedhatama kalian kagesangan ing jaman modern samenika. Pupuh kinanthi menika
salah sawijining pupuh ing tembang macapat. Pupuh kinanthi gadhah 18 padha lan gadhah paugeran 8u,
8i, 8a, 8i, 8a, 8i. Pupuh kinanthi menika gadhah watek ngenani kasenengan, tuladha ingkang becik,
pitutur, lan welas asih watek menika kedah kita laksanaken ing kahuripan saben dinten. Ananging ing
jaman saniki sampun wonten kathah tiyang ingkang sampun supe ngenani adiluhung ingkang becik.
Bocah-bocah padha boten nduweni unggah ungguh marang tiyang sepuh, padha seneng paring kawruh
kang ala marang tiyang sanese nganggo media sosial, lan padha nglaksanaaken tumindak-tumindak
ingkang boten wonten manfaate. Tumindak-tumindak kuwi dadosaken kathah ala lan bebaya ing
masyarakat. Surasa ing pupuh kinanthi pada 12 yaiku Ingkang becik kojahipun (Kedhah nglampahi
tumindak ingkang becik dipunwiwiti saking ngendikanipun kang becik), sira anggoa kang pasthi(lakonono
kanthi temenanan) , ingkang ala singgahana (ingkang ala ampun dilampahi), aja sira anglakoni(ampun
dilampahi) , lan den awas wong akojah, iya ing masa puniki (Ananging menika, ngatos-atos menawi
ngendikan ing jaman sakniki).

Pada 12 punika gadhah makna menawi manungsa kedah njaga pituturipun ing jaman saiki.Mboten saget
asal ngeritik wong liya tanpa wonten bukti kang akurat. Jaman sakmenika katah wong ingkang mung isa
ngeritik lan nggosip / nyebarake berita hoax tanpa ngerti kejadian sing sakmestine. Katah wong ingkang
ngeritik/ngomen ing sosial media tanpa ngerti kabeneranipun. Tumindak menika iku tumindak kang
mboten pantes dilakuake, lan tumindak iku kabeh isa ndadosaken dosa.

Dadi,kita kudu mbenerake awake dhewe sakderengipun ngandani wong liya lan kedhah ngerti sumber
kang terpercaya sakderengipun maringi komen/kritik marang wong liya. Kudu nduweni bukti sing kuat
yen iku salah utawa kurang pas ojo mung ceplas-ceplos tanpa bukti kang kuat lan akurat. Menawi saged
luwih becike pangandikan ingkang becik contone dingge mulang pelajaran, ceramah, ndongakke tiyang
sanesipun, dinnge ngaji, dzikir, lan sapiturute.

Kesimpulanipun pada 12

Kita kedhah njaga pitutur kang diucapake marang wong liya. Sanajan ngomenn utawa ngeritik
kudu nduweni dasar kang kuat, akurat, lan saka sumber kang terpercaya. Aja mung ceplas-ceplos tanpa
argumen kang bener.

You might also like