Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 10

WAYANG PANDHAWA

LIMA

KANGGE KELAS 2
Apa wis tau sinau bab Wayang
Pandhawa Lima ?
Pandhawa Lima iku
putrane Pandhu
Dewanata.
Pandhawa iku cacahe
ana lima, yaiku
Yudhistira,
Werkudara, Arjuna,
Nakula lan Sadewa.
Ing ngisor iki, andharan
wayang-wayang
Pandhawa Lima.
1. YUDHISTIRA /
PUNTADEWA
 Puntadewa duwe jeneng
liya : Dwijangka,
Darmakusuma
 Anak Pambajeng/pambarep
 Satriya ing Amarta
 Garwane asmane Dewi
Drupadi, Ibune asma Dewi
Kunthi
 Watake ambeg darma lan
narima ing pandum
 Pusakane jimat Kalimasada
2. WERKUDARA / BIMA
 Jeneng liyane Bima,
Bratasena
 Satriya ing Jodhipati
 Pusakane Kuku
Pancanaka, Gada
Rujakpala
 Garwane asmane Dewi
Arimbi, ibune asma Dewi
Kunthi
 Awake gedhe dhuwur
lan gagah prakoso
 Putra nomer loro
3. Arjuna
• Jeneng liyane Janaka,
Kumbang Ali-Ali
• Satriya ing Madukara
• Pusakane Keris
Pulanggeni, Panah
Pasopati
• Garwane jenenge Dewi
Sembadra lan Srikandi,
ibune asma Dewi
Kunthi
• Kondhang Baguse lan
prigel manah.
• Panengah Pandhawa
4. Nakula 5. Sadewa
• Nakula lan Sadewa
iku satriya kembar.
• Nakula jeneng liyane
Pinten, Satriya ing
Bumi Retawu.
• Sadewa jeneng
liyane Tangsen,
satr iya ing Sawojajar.
• Watak : Ambeg
Darma, luhur
bebudene, seneng
tetulung.
Tugas 1 :
Coba materi ing nginggil menika
dipunserat wonten ing buku tulis,
lajeng paringana gambar
wayangipun ing sisih tengen
bukumu, supaya cetha anggonmu
sinau bab wayang. Gambar wayang
saged dipadosi wonten Internet.
A. Wacanen
Arjuna Mungsuh Buta Cakil
Raden Arjuna iku satriya ing Madukara.
Panengahe Pandhawa, bebudene luhur, seneng
tetulung marang sapadha-padha. Tansah bekti
marang wong tuwa. Sawijining dina, Raden Janaka
sowan marang Eyang Abiyasa. Didhereke para
punakawan, yaiku Semar, Gareng, Petruk, lan
Bagong.
Mulih saka pertapan Sapta Arga kepethuk karo
Buta Cakil. Buta cakil kuwi watake ala. Seneng
gawe rugining liyan. Buta Cakil perang karo Raden
Arjuna. Buta Cakil bisa dikalahke Raden Arjuna.
B Gladhen ing ngandhap iki garapen

1. Sapa jeneng liyane Yudhistira ?


2. Apa pusakane Yudhistira ?
3. Sapa sing duwe kuku pancanaka?
4. Raden Werkudara kasatriyane ing ngendi ?
5. Apa pusakane Raden Janaka ?
6. Sapa kesatriyane sing Sawojajar ?
7. Sapa jeneng liyane Raden Nakula
8. Kepriya watake raden Yudhistira ?
9. Kepriye watakke Arjuna ?
10 epriye watakke Tangsen ?
K.
11T. ugas dipunfoto, dipunkintun mawi Wa Us Lia
kanthi diparingi nama, kelas, lan Tanggal .

You might also like