Hari Idul Adha

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

Hari Idul Adha

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek kaum muslimin wal muslimat ingkang kula
kurmati. Puja-puji syukur alhamdulillah mugi kunjuk ing ngarsaning Gusti Allah SWT.
ingkang sampun paring berkah saha hidayah dhumateng kita, bilih ing dalu punika kula
panjenengan sami saged makempal wonten ing papan panggonang ingkang sekeco, kangge
angrengengaken dinten ageng umat Islam dinten Idul Adha utawi idhul kurban.

Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek kaum muslimin wal muslimat, dinten hari raya
idhul kurban punika mengeti kanjeng Nabi Ismail as. dipun sembelih tiyang sepuhipun inggih
punika kanjeng Nabi Ibrahim as. minangka pangujining Allah SWT. dhumateng kanjeng
Nabi Ibrahim as. kaliyan putranipun Ismail. Kados pundi ketakwaan saha sih katresnanipun
kanjeng nabi dhumateng Allah SWT Awrat pundi tresnanipun dhumateng pangeranipun |
punapa awrat tresnanipun dhumateng putranipun. Kanjeng Nabi Ibrahim mbutekaken bilih
tresnanipun dhumateng Gusti Allah SWT langkung aageng tinimbang tresnanipun dhumateng
ingkang putranipun Ismail. Pramila kanthis ikhlas nabi Ibrahim as. rila ngurbanaken
putranipun. Kanthi kekuasaanipun Allah SWT. pramila Isamil dipun gantos satunggaling
menda domba.

Saking kedadosan punika kita saged mendet hikmahipun.

Hikmahipun, kita manungsa kedah ikhlas ngurbanaken banda sahaya ingkang dipun
kersakaken Allah Swt.

Kados pundi riwayat saha kedadosanipun ngengingi kanjeng nabi Ibarahim dalah putranipun,
ing samangke saged dipun midhangetaken aturipun ……….ing adicara candakipun.

Wasana atur ambuka saking kula mboten perlu kula panjangaken. Cekap samanten kemawon
atur kula, akhirulkalam bilahit taufik wal hidayah

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun.
Palang Merah Remaja

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Para rawuh sedaya, para remaja putri ingkang kawula kurmati. Saderengipun, sumangga kita
sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti Allah ingkang Akarya Jagad, awit sih
nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing siang/dalu menika kita
sedaya saged sesarengan makempal ing papan saha wekdal menika kanthi raharja mboten
kirang satunggal menapa.

Para rawuh sedaya,


Palang Merah Indonesia punika tugasipun warni-warni ing babagan sosial. Tiyang saged
nyumbang rah lumantar PMI. Wonten ing PMI ngrika boten lajeng dipun sedhot rahipun,
nanging dipunpriksa rumiyin. Tiyang ingkang badhe dhonor dharah utawi nyumbang rah
kedah saras. Rahipun pancen tirah. Manawi makaten saweg dipunsedhot. Bibar dipun sedhot
dipunobati saprelunipun.

Para rawuh sedaya,


Papriksan golongan darah ugi saged katindakaken wonten ing PMI. Kathah lare sekolah
dipunpriksa golongan darahipun. Sasampunipun dipunpriksa kanthi tliti lajeng diunsukani
kartu golongan darah. Kartu punika prayoganipun dipunbekta dhateng pundi kemawon,
umpamanipun badan pinuju apes, manggih alangan kacilakan wonten ing margi, ngantos
mebtahaken sumbangan darah, boten ndadak bingung-bingung. Kantun nocogaken kartu
golongan darahipun kaliyan sumbangan ingkang cocog golonganipun.

Pamung menika ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken agunging
panuwun, Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang
mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun pangapunten.Nuwun

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

You might also like