Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 3

MATERI BAB II

NGRUKTI BUMI MURIH LESTARI TITAHING GUSTI

TEKS KEGIATAN UPACARA ADAT

Upacara adat mujudake sawijine perangan sing penting sajrone kabudayan Jawa. Wong jawa
nganakake upacara adat kanthi tujuwan nggolek keslametan, katentreman, lan kesenengan
(kebahagiaan).

Upacara adat Jawa dilaksanakake kanggo ngiringi lumakune uripe wong Jawa wiwit lair nganti
tumekane pati : neloni, tingkeban, brokohan, tedhak siten, lamaran, siraman, midodareni, temu
manten, ngundhuh mantu, lsp

TEMU MANTEN

Urut-urutane : 1. Balangan gantal :

Gantal yaiku suruh diwenehi gambir banjur digulung lan diiket. Minangka
perlambang sih katresnan lan kesetiaan antarane pinanganten kakung lan putri.

2. Wiji dadi

Pinanganten kakung midak endhog nganti pecah banjur pinganten putri


ngresiki sukune pinanganten kakung. Upacara iki minangka perlambang yen
sawijining kepala keluarga sing nduweni tanggung jawab mring kluarga, lan
tandha bektine pinanganten putri marang pinanganten kakung tansah setya tuhu
nglampahi bebrayan

3. Pupuk

Ibu pinanganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka


tandha ikhlas nampa dadi bagiyane kluarga.

4. Sindur binayang

Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindhur, ingkang rama


pinanganten putri ana ngarep kang nyinggep sindhur dene ibune nuntun ana
mburi. Minangka tandha pinanganten sakkloron wis tinampa dadi kluarga.
Sindhur biasane wernane abang klawan putih minangka pratandha wani
marang bebener lan wedi marang kanisthan.

5. Timbang

Temanten kakung lenggah ing pangkon tengen, dene temanten putri lenggah
ing pangkon sisih kiwa. Ngemu pasemon yen pinanganten sakkloron
katimbang bibit, bebet lan bobote arep kaya ngapa wae mesti kaetung pas lan
padha.

6. Tanem

Pinanganten sakloron kalenggahake dening rama ana ing dampar rinengga.


Ngemu pasemon yen pinanganten kakung lan pinanganten putri wis kawisuda
kadya raja sedina lan ratu sadalu.

7. Kacar kucur guna kaya

Awujud dhuwit logam lan beras kang dikucurake ana pangkone pinanganten
putri minangka pralambang yen manten kakung kudu paweh nafkah marang
pinanganten putri lan kluargane

8. Dahar kembul (dhahar klimah)

Pinanganten sakloron dulang-dulangan minangka perlambang pinanganten


sakloron arep urip seneng lan susah kanthi bebarengan. Banjur ngunjuk toya
wening kang ngemu pasemon yaiku pangajab mugya pinanganten sakkloron
tansah nemoni rasa ayom ayem klawan tentrem anggene nglampahi urip
bebrayan.

9. Ngabekten sungkeman

Pasemone yaiku pinanganten sakloron tansah ngaturaken panuwun lan nyuwun


dongan pangestu marang wong tuwa sakloron, amarga dongane anak ora bakal
diijabahi tanpa restuning wong tuwa.

10. Walimahan/ resepsi

2. TEKNIK NULIS LAPORAN KEGIATAN UPACARA ADAT

A. Pambuka
a. Landhesan panaliten

Isine ngenani latar belakang masalah/ pengamatan (kena ngapa milih lan njlimeti upacara
adat kasebut)

b. Ancase panaliten

kanggo apa awakmu njlimeti upacara adat kasebut

c.Guna mupangate (manfaat)


apa gunane awakmu njlimeti upacara adat kasebut. Guna tumrap awake dhewe uga
kanggo wong liya.

B. Wohing Isi
a. Pangerten (definisi/ pengertian) upacara adat sing diteliti.

b. Ancas/ tujuwane para warga nindakake upacara adat kasebut.

c. Sapa wae paraga sing nindakake

d. Piranti lan uba rampe kang digunakake ing upacara adhat kasebut.

e. Tata cara nindakake upacara adhat wiwit purwaka nganti paripurnaning adicara

C. Dudutan (kesimpulan) lan saran

You might also like