Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

CIRINE WONG JOWO (Jokes, Guyonan)

1. Yèn tangi turu njur ngadek seméndhé ning lawang, trus kukur² bokong…. iki genah
rituale wong jowo yèn tangi turu..
2. Yèn pas mangan wés disediani mejo kursi trimo ndodok karo nyonggo piring trus
mangané muluk nganggo tangan, iki genah kebiasaané mangan wong jowo…
3. Yèn lagi numpak motor ban é nggembos merga bocor njur mandek, ban motore di plènèt²
trus ngomong: “ban é bocor” iki genah wong jowo…
4. Yèn gaya turune methanthang ngaplang² karo ngelèr weteng, iki genah gaya turune wong
jowo...
5. Yèn awan² sumuk kringeten, bukak klambèn trus di damu kèlèké, iki genah wong jowo...
6. Yèn lagi uthik² upil, trus upilè garing di plintir2 nganti bentuk bal bunder, opo yen upile
teles, njur dislenthikno nanging isih tetep nemplek neng driji, iku genah upilé wong
jowo…
7. Yèn lagi klèru, dikandani wong liyo trus kukur2 sirahe sing ora gatel, upomo ora duwe
sirah kadang nyileh sirahe sing ngandani, iku genah polahé wong jowo...
8. Yèn lagi ndodok ning ngisor uwit, trus métani tumo banjur yèn éntuk terus di klethak
tumone, genah wong jowo....
9. Yen lagi ketiban apes opo ciloko, mesti isih ngomong: "yo untunge"...iki genah tembunge
wong jowo….
10. Yèn rampung kukur2 kèlèk, njur diambu, trus muni: “kuecuut" karo gebres² iku genah
wong jowo....
11. Yèn lagi ngéyup pas udan, trus tangané diathung no neng ndalan, njur muni : “isih udan”
iki genah cirine wong jowo...
12. Yen rampung ngentut truss diambu² dewe, njur ngomong: “uwambunee..”, rampung kuwi
ngguyu kepingkel-pingkel ngerti nek kancané semaput ngambu entuté, kuwi, genah wong
jowo....
13. Yèn pas mangan, ono upané mencelat siji metu soko piring trus dijumput karo muni
“eman²..rung mang menit.." iki genah wong jowo....
14. Yen wis ngerti midak telek, njur didemok terus diambu, kui genah yo wong jowo...
15. Yen lagi maem ra dientek ke banjur mbok e omong, kudu dientekke nggko pitik e mati
lho, kuwi genah mboke wong jowo tulen...

You might also like