Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Ratu Kalinyamat Mertapa Ing wukir DANaraja

kacarita Sunan Prawata duwe sadulur wadon nama Ratu Kalinyamat. Iku banget ora nrimakake
sedane keng raka, banjur mangkat menyang Kudus saprelu nyuwun pangadilan ing Sunan Kudus, sawise
kepanggih sarta nyuwun adil. Wangsulanipun Sunan Kudus: “kakangmu iku wis utang pati marang Arya
Panangsang, dadi saiki mung weruh nyaur bae”.

Ratu Kalinyamat mireng wangsulanipun Sunan Kudus kang kaya mangkono krasa lara banget
penggalihe, banjur mulih. Ing satengahing dalan dibegal utusane Arya Panangsang, nganti garwane Ratu
Kalinyamat disedani. Ratu Kalinyamat sanalika memelas jalaran mentas kesedanan ing raka, banjur
kesedan keng garwa, dadi tansaya prihatin banget. Sawise nandang pacoban kang kaya mangkono iku
Ratu Kalinyamat banjur mertapa wuda ing Wukir Danaraja. Tapihe yaiku rikmane kang kaore. Ratu
Kalinyamat prasetya ora gelem nganggo tapih salawase urip yen durung bisa siram jamas karo getihe
Arya jipang yaiku Arya Panangsang. Sang Ratu arep ngawula lan sakehing bandha donya bakal
diwenehake kabeh.

You might also like