Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 5

DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
PEMERINTAH KOTA TEGAL
DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN
UPTD SPF SD NEGERI TEGALSARI 8
Jalan Sawo Nomor 29 Tegalsari Tegal Telp. (0283) 342115 Kode Pos 52111

PENILAIAN TENGAH SEMESTER II SD/MI


TAHUN PELAJARAN 2020 / 2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas / Semester : IV/II
Hari, tanggal : Senin, 8 Maret 2021
Waktu : 08.00 – 17.00 WIB

PETUNJUK UMUM :
1. Tulislah namamu di sudut kanan atas pada lembar jawaban.
2. Bacalah soal-soal dengan teliti dan benar.
3. Kerjakan soal-soal yang mudah dahulu.
4. Teliti kembali hasil pekerjaanmu sebelum diserahkan kepada pengawas.

KD 3.1 Memahami Cerita Rakyat (Sage)


I. Wanehana tanda ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d sangarepe pretelan kang bener !
Wacanen crita rakyat ing ngisor iki kanggo nomer 1-3!
Jaka Danu

Jaman biyen ing kampung Si Geseng wewengkon Pekalongan ana wong sekti. Asmane Ki
Sadipa. Wong iki duweni kaluwihan gawe prau. Ki Sadipa duwe anak lanang jenenge Jaka Danu.
Pinuju Ki Sadipa golek kayu ing alas kanggo gawe prau. Olehe golek kayu direwangi
murid-muride. Nalika wis oleh kayu sing dikarepake banjur ditegor. Emane murid-muride ora
kuwat nggawa saking gedhene. Ki Sadipa nyoba njaluk tulung marang wong sacedhake alas kono.
Nengahi Ki Sadipa lunga, Jaka Danu jedhul sumusul tekan kana. Dheweke nyoba ngangkat kayu
gedhe sing isih gumlethak iku. Anehe kanthi ora kangelan tur sajak entheng, Jaka Danu ngangkat
lan mikul kayu ijen tanpa direwangi sapa-sapa. Ki Sadipa rumangsa diremehake dening putrne.
Jaka Danu dinggep mamerake kasektene ing sangarepe murid-muride. Ki Sadipa banjur bali
menyang kampung omahe. Ing kono Ki Sadipa ketemu karo putrane.
.........................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
1. Crita rakyat “Jaka Danu” iku asale saka ....
A. Semarang.
B. Pekalongan.
C. Magelang.
D. Purwodadi.
2. Wong tuwane Jaka Danu iki pegaweyane ....
A. golek kayu.
B. golek iwak.
C. gawe prau.
D. guru sakti.

3. Ki Sadipa nesu marang Jaka Danu, jalaran ....


A. Jaka Danu sumsul ing alas.
B. Jaka Danu ora pamitan marang Ki Sadipa.
C. Jaka Danu ngangkat kayu dhewekan.
D. Jaka Danu dianggep mamerake kasektene ing ngarepe murid-muride.

4. Sing kalebu ukara pitakon yaiku ....


A. Nur, bapak jupukna palu ana kothak!
B. Sapa sing dhek bengi mirsani wayang kulit?
C. Daleme bulik ana ing Surabaya.
D. Bapak mundhut sepatu olahraga.

5. Crita rakyat “Dumadine Bledhhug Kuwu” kalebu ....


A. legenda.
B. sage.
C. epos.
D. mite.

6. Tulisan utawa karangan sing sipate khayalan, kajaba ....


A. dongeng.
B. crita cekak.
C. drama.
D. karangan ilmiah.

7. Bu Tini lara weteng wis rong dina durung mari. Yen diowah nganggo basa krama dadi ....
A. Bu Tini gerah padharan wis kalih dinten dereng mari .
B. Bu Tini gerah weteng sampun kalih dinten durung mantun.
C. Bu Tini gerah padharan sampun kalih dinten dereng mantun.
D. Bu Tini gerah weteng sampun kalih dinten dereng mantun.

8. Bu guru ngutus kula nyritakake cerita rakyat. Menawa nyritakake cerita rakyat iku kudu ....
A. runtut ora diwolak-walik.
B. ragu-ragu olehe crita.
C. diwolak-walik sekarepe dhewe.
D. nganggo basa sing angel dipahami.
9. Sing kalebu ukara andharan yaiku ....
A. Pak Adnan kagungan putra pira?
B. Dina rabu aku arep menyang Kendal.
C. Tutupna jendhela iku!
D. Ing ngendi daleme Mas Irwan?

10. Jam lima esuk aku adus, yen bapak sampun ....
A. dhahar.
B. sare.
C. siram.
D. tilem.

II. Isenana ceceg-ceceg ngisor iki kanthi bener!


11. Joko Linglung mulih menyang … liwat ing jero lemah.

12. Madu mangsa, tanggung jawab, lan pamong praja iku tuladhane tembung camboran ….

KD 3.2 Memahami Tembang Gambuh


I. Wanehana tanda ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d sangarepe pretelan kang bener !
Gambuh
Ana pocapanipun
adiguna adigang adigung
pan adigang kidang adigung pan esthi
adiguna ula iku
telu pisan mati sampyoh

13. Tembang gambuh ing dhuwur dhuweni ... gatra.


A. loro.
B. telu.
C. papat.
D. lima.

14. Guru wilangan lan guru lagu gatra kaping telu, yaiku ....
A. 10i.
B. 12i.
C. 8i.
D. 11i.

15. Tembang Gambuh iku nggambarake ....


A. duweni gegayuhan.
B. kudu diarahake marang sing bener.
C. duweni teges rasa tresna sing cocok.
D. pawongan wis tuwa kudu ngurangi hawa nepsu.
16. Tembang macapat iku cacahe ana ....
A. 9.
B. 10.
C. 11.
D. 12.

17. Tembang Jawa iku kaperang dari 4 werna. Tembang gedhe uga diarani tembang ....
A. dolanan.
B. gedhe.
C. cilik.
D. kawi.

18. Sing klebu tembang macapat, kajaba ....


A. Mijil.
B. Lir-ilir.
C. Durma.
D. Sinom.

19. Saberang polah kang nora jujur. Polah padha karo ....
A. tumindak.
B. cita-cita.
C. kapinteran.
D. omongan.

20. Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ....


A. guru gatra.
B. guru wilangan.
C. guru lagu.
D. dhing dhong.

21. Ing tembang macapat ana tembang kang duweni teges kudu duwe gegayuhan dhuwur lan
luhur. Tembang iku diarani tembang ....
A. Sinom.
B. Gambuh.
C. Maskumambang.
D. Kinanthi.

22. Saben tembang macapat duwe watak dewe-dewe. Watake tembang Dhandhanggula yaiku ....
A. asih tresna.
B. luwes, resep.
C. sereng, kuat.
D. rumaket, kulina.
II. Isenana ceceg-ceceg ngisor iki kanthi bener!
23. Tuladhane tembang kawi yaiku ... lan ….

24. Guru wilangan tegese cacahing wanda saben ....

25. Sabarang polah kang nora jujur.


Cakepan iku guru lagu lam guru wilamgane yaiku ,,,, ....

You might also like