Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Onde - Onde

Onde-onde yaiku jajanan tradisional jawa sing iseh lestari nganti wektu iki. Panganan iki
nduwe bentuk bunder sing kagawe saka glepung terigu utawa glepung ketan sing di goreng
utawa di ghodog uga njobone akeh wiji wijene. Wiji wijen iku dadi salah sijine ciri khas
panganan iki. Onde-onde iki nduweni rasa gurih lan cocok karo ilate wong indonesia. Teksture
kenyel lan ing bagian njerone ana kacang ijone.

Bahan kang diperluke kanggo nggawe onde-onde yaiku glepung ketan, glepung beras,
gula pasir, banyu anget, uyah, vanili bubuk, wiji wijen, lan lenga goreng. Bahan kang di perluake
kanggo nggawe isi onde-onde yaiku kacang ijo, uyah, gula pasir, lan vanili bubuk.

Nek digateke nggawe onde-onde kayane gampang. Ning kanggo nggawe onde-onde dadi
nikmat dibutuhke gatekan khusus. Singkate,sederhana nanging di gatekan khusus. Nanging ing
jaman saiki onde-onde wis jarang peminate. Wong sing biso nghawe onde-onde ugi wong tuo
tuo. Mula kita para generasi muda penerus bangsa ayo lestarike jajanan onde-onde.

You might also like