Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

ASAL – USUL  

SEMARANG

Nalika samana, Kasultanan Demak dipimpin Pangeran Made Pandan. Pangeran Made


Pandan duwe putra arane Pangeran Pandan Arang. Sawijining dina Pangeran Made Pandan
lan putrane sarta para abdine lelana ngulon parane. Tekan sawijining alas kang gung liwang-
liwung, Pangeran Made Pandan leren banjur mbuka alas mau dienggo nenandur lan pomahan.
Emane durung bisa ngrasakake kasile, Pangeran Made Pandan banjur seda. Sadurunge
seda, Pangeran Made Pandan ninggal weling, ”Ngger anakku Pandan Arang, olehen papan iki
kanthi temen. Aja pisan-pisan sliramu ninggalake papan kene amarga mengkone bakal dadi
panggonan kang reja.”
Pangeran Pandan Arang tansah eling welinge swargi bapake. Pancen temenan papan
mau katon ijo royo-royo, subur lan makmur.
Sawijining dina, ana kang aneh saka papan mau. Lemahe subur nanging ana wit asem
sing thukule arang-arang. Marang para abdine, Pangeran Pandan Arang ngendika, ”Rakyatku,
papan iki kalebu aneh. Coba delengen lemahe subur nanging thukulan aseme arang-arang.
Mula kang saka iku, papan iki bakal dakjenengi Semarang saka tembung asem kanga rang –
arang.”

You might also like