Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 5

Muhammad Hanif A S

XI MIA 5 / 23

Gusti Maha Welas

Kiro-kiro jam tengah wolu esuk, poro anggota perangkat deso


ing Deso Sumber Mulyo wis podho teko, amergo dino iku ono
rapat ruwat bumi sing bakal dianakke suk sasi ngarep. Tradisi
ruwat bumi ing Deso Sumber Mulyo iku dianakke pendak
telung taun sepisan.

Kabeh wargo kirap mubengi deso ngarak wulu wetuning deso


kanthi dientho-entho gunungan. Sakwise kui diterusake
tontonan, sing parogone iyo poro wargo kono wae , kanthi
mentaske budoyo seni sing uwis disiapke. Mengko minongko
panutup tradisi yaiku wayangan sawengi natas ing bale deso.

Tukang reresik bale seng jenenge Pak Wiro , noto meja kursi
sing arep kanggo rapat malah ora mlebu gawe Pak Lurah
bingung.

Gek ono opo ? Mongko adat saben, Pak Wiro kuwi mesthi
sregep, gaweyan sing dadi kawijabane ditandangi dhisik,
sedhelo wae wes rampung njur ganti nandangi gaweyan
liyane. Mulo perangkat desa uwis siap, lan rapat arep diwiwiti,
Pak Lurah menyang pawong nggoleki Bu Lurah njur
ngendiko.

“Bu, nek pawon wis akeh sing rewang nandangi kanggo


nyunggoto sing rapat,,, sampeyan menyang omahe Pak Wiro
disambangi, geneyo kok ora mlebu nyambut gawe ??” Bu
Lurah sumaguh, lan terus tindak ning omahe Pak Wiro.

Tekan omah Pak Wiro tinemu tutupan suwung, gek dha nyang
ngendi ? Anake Pak Wiro lanang wadon, Diran lan Marti.
Diran lungguh ing sekolah STM, dene Marti lagi SMP. Bocah
loro kuwi podho sregep sekolahe, ora tau nunggak.

Mulih soko sekolah, yo podho ngerti ngrewangi gaweyan


wong tuwo. Yen libur Diran mbantu Bapake, gaweyan reresik
kebon lan noto bale sakwise bubar kantor.

Bu Lurah pirso omahe Pak Wiro tutupan, banjur tindak ing


omah wetane, sing kebeneran ono wong sing lagi reresik latar.
Nuli ngendiko :

“Assalamualaikum,,, mbok ? Griyane Pak Wiro niku kok


tutupan , tiyange sami teng pundi gehh??” pitakone Bu Lurah.

“oo… Bu Lurah….. Pak Wiro niku lagi ngeterke Mok Wiro


menyang Puskesmas, sampun tigang dinten niki sambat
mumet, malah wingi sampun kulo keroki. Tirose Pak Wiro,
wau dalu mboten saget
tilem amergo badane benter sanget. Milo wau mruput dibekto
ndamel sepeda teng Puskesmas”, pituture Mbok tanggane.

“Oo…. Ngoten a Mbok , matursuwun nggih disukani sumerep


! kulo tindak rumiyen nggih Mbok, mangke kula aturne Pak
Lurah.”
Bubar ngendiko, Bu Lurah banjur tindak. Esuke Pak Wiro wis
nyambut gawe koyo adate. Pak Lurah sakwise diaturi
garwane, yo ora omong opo-opo marang Pak Wiro. Ning
sorene Pak Lurah kaleh Bu Lurah budhal menyang omahe Pak
Wiro, nyambangi bojone sing jare loro.

Tekan ngomahe Pak Wiro, kabeh padha ngumpul nunggoni


Mbok Wiro sing loro. “Assalamualaikum…. Pak Wiro .. !!!
Pak Lurah uwis tekan lawang.

“Waalaikumsalam… Mangga pinarak !! Pak.. Bu.. Lurah


matur nuwun sampun dirawuhi” Jawabe Pak Wiro.

“Pripun keadaane Mbok Wiro Pak ?” pitakone Pak Lurah


marang Pak Wiro sing lagi nunggoni Mbok Wiro tilem.

“Ngendikane Pak Dokter,, mbok Wiro punika namung

kekathahen mikir”. Jawabe Pak Lurah “Oo.. Mikir opo

to Pak ?” pandhangune Bu Lurah alon alon.

“Anu Bu,,, genduk Marti punika wingi kondho, yen


piyambakipun mboten pareng ndherek ujian kelas”. Pak Wiro
ora biso neruske crito, panyawange diuncalake marang Mbok
Wiro lan Marti anake sing lungguh ono ing sisihe.

“Pak , wis to mboten nopo-nopo diceritake, supoyo atimu


entheng, masalahe rampung lan larane Mbok Wiro gelis
mari ??” ature Pak Lurah.

“Mboten nopo-nopo kok Pak Bu !” Masalah namung

sepele “ jawabe Pak Wiro karo ndingkluk Banjur Pak

Lurah lan Bu Lurah njejeri Marti ning kiwo tengene karo

ndangu :

“Sejatine Mbokmu mikir apa to ndok cah ayu , mengka yen


aku lan Bu Lurah mesthi bakal ngewangi ngentheng-
enthengke ?”. Marti isih meneng wae ketok yen wedi. Ning
karo Bu Lurah didhedhes terus, mulo karo nangis Marti ngatur
:
“Simbok susah amargi kula mboten angsal ndherek ujian awit
ndereng mbayar arta SPP gangsal wulan !”

“Wis… ndok Marti, yen kuwi sing nyebabke Mbokmu lara,


SPPmu tak cukupi, awakmu sesuk mlebu sekolah koyo
biasane ngaturke dhuwit marang gurumu !” Pituture Pak
Lurah.

“Pak Wiro, sampeyan mboten usah susah, sesuk isuk Marti


ben mlebu sekolah karo nyaoske dhuwit SPP sing limang sasi
karo duwit ujian, supoyo biso melu ujian. Kuwi ora dhuwit
utangan sing kudu mbok saur. Aku lan Bu Lurah ikhlas lahir
batin”. Ngendhikane Pak Lurah marang Pak Wiro

Bubar ngendiko ngono, Pak Lurah lan Bu Lurah banjur pamit


wangsul sekalihan nyalami Pak Wiro. Pak Wiro karo Marti
nguntapke tekan latar.

Pak Wiro tansah bungah atine lan maturpanuwun marang


Gusti, syukur ing kabeh peparinge, lan ugo dene Gusti tansah
ngabulke panyuwun Pak Wiro.

Analisis Unsur Intrinsik


A. Tema
Sosial masyarakat

B. Latar
1. Latar Papan: Desa Sumber Mulyo, omahe Pak Wiro
2. Latar Kawontenan : Kuwatir, susah, bungah
3. Latar Wekdal : Esuk, sore

C. Alur
Aluripun inggih menika maju.

D. Tokoh lan Watak


- Pak Lurah : dermawan, seneng biyantu
- Bu Lurah : seneng biyantu
- Pak Wiro : sregep, seneng biyantu, ikhlas
- Marti : apik, bekti marang wong tuwa.

E. Sudut Pandang
Sudut pandang tiyang ingkang katiga.

F. Amanat
Sadayaning tumindak mesti badhe dipunwangsuli dening Gusti.

Sumber : https://ngertiaja.com/cerkak-bahasa-jawa

You might also like