Basa Jawa Sdsoal Kum Ok Pts 2 20182019

You might also like

Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 2

PEMERINTAH KOTA SALATIGA

DINAS PENDIDIKAN
PENILAIAN TENGAH SEMESTER 2 SEKOLAH DASAR
TAHUN PELAJARAN 2018 / 2019
Nama :
Tema / Mupel : Basa Jawa Kelas : IV/ II
Hari / Tanggal : Waktu :

I. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang trep!

Ki Angeng Mangir sepuh iya Ki Ageng Wanabaya, sing lagi mertapa ana ing Gunung
Merapi mulih njagong menyang desa Mangir. Kacarita ana prawan anake Demang Jlegog
rewang olah-olah. Nanging ora nggawa lading. Weruh ki Wanabaya lungguh dhewekan karo
nggawa lading, banjur diparani lading disilih. Ki Angeng menehake karo meling, lading iku aja
diselehake ana ing pangkon. Prawan mau nyagohi.

1. Jenenge liya Ki Ageng Wanabaya yaiku . . . .


2. Ki Ageng Wanabaya mertapa ana ing . . . .
3. Ki Ageng Wanabaya mulih menyang desa Mangir amarga pengin . . . .
4. Bapake prawan sing nyilih ladinge Ki Ageng arane . . . .
5. Welinge Ki Ageng menawa lading mau ora pareng diselehake ana ing . . . .

Kanjeng Sunan Kalijaga ndhawuhi Ki Ageng Pandhanaran tindak menyang Tembayat.


Sedyane kepingin golek ilmu kang luhur. Ki Ageng ora kena nggawa raja brana awujut apa wae.
Prabawati garwane Ki Ageng Pandhanaran kepingin melu. Nanging ora gelem ninggal
bandhane. Dheweke nggawa emas-emasan sing didokokake ana njero tongkat.

6. Sing didhawuhi Ki Ageng tindak menyang Tembayat yaiku . . . .


7. Menawa pingin golek ilmu kang luhur ora kena nggawa . . . .
8. Isine tongkat sing digawa Prabawati yaiku . . . .
9. Dongeng kang nyiritakake asal-usule papan panggonan diarani . . . .

Aja nganti kabanjur


Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
10. Guru gatrane gatra kapindo yaiku . . . .
11. Guru gatra tembang ing dhuwur ana . . . .
12. Tembung nora ing tembang ing dhuwur iku tegese . . . .
13. Guru wilangan gatra kapindo tembang ing dhuwur ana . . . .
14. Aku lagi mangan. Basa kramane mangan yaiku . . . .
15. Gambuh iku kalebu tembang . . . .

Bocah bajang mara menyang omahe Ki Juru Mathokan kepengin njaluk daging. Krungu
tembunge Si Bajang, Ki Juru Mathokan nesu. Kawetu tembunge kasar, “oh jebul mung arep
ngemis wae. Ora melu kangelan kok melu enake, kana lunga! Adoh-adoh saka kene.

16. Bocah bajang mara menyang omahe Ki Juru Mathokan kepingin . . . .


17. Miturut cerita ing dhuwur watake Ki Juru Mathokan iku . . . .
18. Jebul mung arep ngemis wae. Tembung ngemis tegese . . . .
19. Tembang macapat iku cacahe ana . . . .
20. Guru lagune tembang gambuh yaiku . . . .
21. Sekar gambuh ping catur. Tembung catur tegese . . . .

Wis tiba mangsa labuh


Wis wayahe padha ulur jagung
Kanggo jagan sakdurunge panen pari
Prayogane iya nandur
Bayung, bayem, lombok, terong
22. Isine tembang ing dhuwur yaiku, nandur jagung lan liya-liyane kanggo jagan sakdurunge
panen . . . .
23. Bayung, bayem, lombok, terong kalebu tanduran . . . .
24. Mangsa labuh tegese wektu ketiga ganti arep . . . .
25. Wong sing gaweyane nenandur kaya tembang ing dhuwur diarani . . . .

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang bener!

Ngendikane Ki Ageng Pandhanaran, “Sejatine kuwi dudu salahmu dhewe. Kuwi salahe
wong telu, yaiku aku, kowe, lan begal telu mau”. Mula, kanggo pengeling-eling besuk yen ana
rejane jaman, papan iki tak jenengake Salahtiga.

26. Sapa wae sing salah miturut cerita ing dhuwur?


27. Aranana tembang macapat telu wae!
28. Ibu lagi lunga menyang pasar.
Tulisen ukara ing dhuwur iku nganggo basa krama!
29. Apa sing diarani guru gatra iku?
30. Tulisen guru wilangan lan guru lagune tembang Gambuh!

You might also like