Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Bawana Atlantis Kuw Manggon Ing Indonesia

Banjir sing disebabake tsunami lan lelehan es kasebut nyebabake lumahing segara mundhak dhuwur 130
meter Cekake dataran rendah padha klelep, kari dataran tinggi lan puncak-puncak gunung. Tekanan
banyu sing kuwat kasebut nuwuhake tarikan lan tekanan ing lempeng-lempeng bawana, kang sa-
banjure ngakibatake njebluge gunung- gunung geni liyane kairing lindhu gedhe. Wusanane jaman es
Pleistosen klakon cures kanthi dramatis.

ASAL-USUL BUDAYA DONYA Fato: istimewa Plato uga nyebutake yen Atlantis mono negara makmur sing
tansah kasu- naran srengenge. Kamangka wektu se- mana isih jaman es, temperatur bumi rata-rata isih
15 derajat Celsius. Indone- sia tansah kasunaran sang surya merga mapan ing khatulistiwa. Kajaba saka
kuwi Plato nambahake yen ambane bawana Atlantis sing ilang kuwi luwih gedhe tinimbang Lybia (Afrika
Utara) lan Asia Kecil digabung dadi siji. Jem- bare Atlantis kasebut tetela presis karo ambane kawasan
Indonesia ditambah ambane laut China.

Saka panelitene sing njlimet kuwi Santos nyimpulake yen pendhudhuk Atlantis dumadi saka sawetara
suku/ etnis. Suku sing paling gedhe yakuwi Aryan lan Dravidas. Sadurunge, suku bangsa iki asale saka
Afrika sing telung yuta taun kepungkur sumebar menyang Eurasia terus ngetan nganti tekan Aus- tralia.
Sabageyan nemokake wilayah In- donesia sing dirasa cukup ideal kanggo berkembang.

You might also like