Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 5

MAKALAH BASA DAERAH

LAPORAN KAGIYATAN ODL ING BALI

HALAMAN JUDUL

HALAMAN JUDUL

Dening :

Zawilla Defitrianti Bahtiar

SMP NEGERI 1 TAMAN


JL SATRIA NO. 1 TAMAN – SIDOARJO

2020

1
Outdoor Learning Ing Bali

Tanggal 16-18 Januari 2020, sekolahku ngadakake Outdoor Learning (ODL) ing Bali. Sing
budhal nang Bali iku murid kelas 9. ODL ing Bali iku suwene 4 dina 2 bengi. Dina ke-1 tanggal 16
Januari 2020, kabeh murid kelas 9 wis teka ning sekolah jam 4 isuk. 1 jam mari iku, jam 5 isuk
bis mulai budhal. Jumlahe bis iku ana 9. Aku oleh bis nomer 8. Perjalanane iku lancar lan ora
ana kemacetan. Pas jam 9, bis mandek ing POM Bensin amarga arep ngaso sedhela. Banjur iku
bis ngelanjutno perjalanan nganti jam 11 awan. Tepak jam 11 awan, akhire teka ing RM Local,
Banyuwangi. Para murid mangan awan lan sholat ning kunu. Tekan omah mangan nang
Pelabuhan Ketapang bedo wektu perjalanane iku 1 jam setengah. Ing Pelabuhan Ketapang,
kabeh kelas 9 diutus numpak ing dhuwur kapal. Ing kapal, aku karo kanca-kancaku mirsani
pemandangan Selat Bali karo foto-foto. Sampek nang Pelabuhan Gilimanuk, bis ngelanjutno
perjalanane. Jam 6 sore, bis mandhek nang RM Local gawe mangan bengi. Sampek akhire teka
nang hotel Pop Kuta jam 10 bengi.
Tanggal 17 Januari 2020 iku dina ke-1 wisata nang Bali. Mulai jam setengah 8, para murid
siap-siap nata barange kanggo digawa lan sarapan ing hotel. Banjur iku, jam 8 iku perjalanan
nang Istana Tampak Siring. Teka nang Istana Tampak Siring iku jam 10. Ing Tampak Siring, para
murid dibagi dadi per rombongan bis. Aku lan rombonganku dijak muter-muter ning Istana
Presiden. Panggonane istana iku guede lan luas banget. Aku lan kanca-kancaku padha foto”
ning kunu.

2
Banjur iku, awak dewe kabeh mbalik nang bis amarga arep nang Pantai Kuta. Sadurunge iku
awak dewe mangan dhisik. Sampek nang Pantai Kuta iku jam setengah 1 awan. Ing Pantai Kuta,
aku lan kanca-kancaku sekelas dhialog karo turis ing kono. Ana sekitar 2/3 turis sing dijak
dhialog. Banjur iku gak lali aku lan kanca”ku foto-foto. Sabanjure nang Pantai Kuta, perjalanan
dilanjutno nang Puja Mandala kanggo sholat dhuhur. Teka nang Puja Mandala jam setengah 2.
Sawise iku, perjalanan dilanjutno menyang Pantai Pandawa.

Teka nang Pantai Pandawa jam 3 sore. Mari nang Pantai Pandawa, bis ngelanjutno
perjalanan ing GWK (Garuda Wisnu Kencana).

3
Teka nang GWK jam 6 sore. Pas wektu iku isih isa mirsani Tari Kecak lan Tari Sang Hyang Bali.
Mari teka GWK, perjalanan dilanjutno nang panggon wisata terakhir, yaiku Krisna. Teka nang
Krisna jam 7 bengi. Sadurunge belanja nang Krisna, mangan bengi dhisik nang ngarepe Krisna.
Mari nang Krisna, akhire ngelanjutno perjalanan nang Hotel Pop Kuta lan teka jam 10 bengi.
Isuke tanggal 18 Januari 2020 iku dina ke-2 lan terakhir wisata nang Bali. Mulai jam setengah
8 iku sarapan nang hotel lan check out tekan hotel. Wisata ke-1 iku nang Pure Tanah Lot.

Teka ning Tanah Lot jam setengah 10. Ing Tanah Lot aku lan kanca-kancaku foto” lan sempet
ngombe banyu suci ing Goa Tanah Lot. Mari nang Tanah Lot, lanjut nang Joger. Belanja ing
Joger wektune 2 jam. Sabanjure nang Joger iku nang Kebun Raya Eka Karya.

4
Teka ing Kebun Raya Bali iku jam setengah 3. Wektu nang Kebun Raya iku 1 jam setengah.
Nang Kebun Raya iku kabeh kelas 9 iku ngobservasi taneman opo ae sing ndek kunu. Wisata
selanjute iku nang Danau Bedugul.

Teka nang Bedugul iku jam setengah 5 sore. Nang Bedugul iku hawane adem banget. Ning
kunu aku karo kancaku foto” lan belanja nang toko” Bedugul. Mari nang Bedugul, perjalanan
dilanjutno nang Pelabuhan Gilimanuk. Teka nang Pelabuhan Gilimanuk iku jam 7 bengi. Sampek
akhire teka nang Banyuwangi iku langsung ngelanjutno perjalanan nang RM Local sampek jam 9
bengi. Sawise iku ngelanjutno perjalanan sampek nang Sidoarjo. Lan akhire jam 4 isuk wis teka
nang sekolah.

You might also like