Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

PIWULANGAN 5

CERITA CEKAK (CERKAK)

Crita Cekak dumadi saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa kang nyata utawa fiktif.
Ciri-ciri cerkak yaiku:
 Isine ngandharake sawijining lelakon utawa kedadean.
 Anggone nyritakake saka wiwitan nganti pungkasaning crita mung sakeplasan wae, ora
nggunakake babak/ episode.
 Ana paraga utama lan paraga tambahan.
 Nggambarake kedadean kang ana ing masarakat.
 Cerkak ngemot pitutur, kritik, piweling, pasemon lan panyeruwe.
 Cerkak iku dicritakake sepisan rampung.
- Unsur crita cekak yaiku:
1. Tema, minangka ide pokok utawa masalah sing utama kang dhasari lakuning crita.
2. Setting/ latar, minangka latar belakang sing mbantu cethaning laku crita. Setting iku ngemot
wektu, papan/ panggonan, swasana/ sosial budaya.
3. Punjering crita/ sudut padang, minangka carane panulis/ pangarang nglakokake paraga-
paragane/ tokoh ana ing lakon. Sudut pandhang kaperang dadi:
a. Paraga utama nganggo tembung sesulih wong kapisan yaiku aku (kata ganti orng
pertama), nyritakake apa kang dilakoni lan ngetokake rasa pangrasa dhewe kanthi
trmbung-tembung dhewe.
b. Paraga bawahan, nganggo tembung sesulih wong katelu( kata ganti orang ketiga) yaiku
jenenge paragane dheweke. Pangarang luwih akeh ngamati saka sanjabane crita tinimbang
sajrone crita.
c. Paraga impersonal, dheweke sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa
nyawang, ngrungokake lan ngerti.
4. Alur/plot, urut-urutaning/ rerangkening prastawa/ kedadeyan ing crita. Alur kaperang dadi
telu yaiku alur maju/progresif ( prastawa lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi
tumuju ing lur crita), alur mundur/ flash back (dumadi kang ana sesambungan karo prastawa
kang lagi dumadi, lan alur campuran.
5. Penokohan, nggambarake karakter kanggo paraga/ pelaku. Carane nggambarake watak paraga
yaiku kanhi cara analitik( pangarang langsung nggambarake kahanan lan watak paragane) lan
cara dramatik ( nggambarake paragane nganggo patang cara kaya nggambarake saka
tumindake, nggambarake saka ciri fisike, nggamabarake saka lingkungane, lan nggambarake
lumantar pikiran lan perasaan paraga liyane).
6. Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.
7. Amanat yaiku ayahan/ pesen saka panulis/ pangarang kanggo pamaos lumantar crita kuwi.

- Nilai-nilai kang kamot sajroning cerkak yaiku budaya, sosial, moral, agama/ religius, pendidikan,
etika, politis, kemanusiaan, estetis/ keindahan
- Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita
sakabehe.

You might also like