Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

JASA GURU

Kagurit : Anggraini Sekartaji


Saiki jamane wis bedo
Siswa-siswi sekolah ning omah
Kabeh sekolah podo kosong
Para guru ora ngajar muride langsung
Ing masa pandemi dipunarani PJJ
Inggih menika Pembelajaran Jarak Jauh

Guru…
Ing masa pandemi niki
Sanget abot tanggung jawabmu
Udan lan panas panjenengan lakoni
Sanadyan nganti direwangi pados sinyal
Amrih saget maringi ilmu marang anak didikmu
Supaya ora ketinggalan ilmu

Guru…
Kadang kala kula ndamel gelo panjenengan
Ananging panjenengan tetep mulang kanthi sabar
Pamulangan kang ndadekake urip tumata
Lan kareben dadi wong sing guna

Mula para murid


Guru iku ditiru, ojo ditinggal turu
Guru iku digugu, ojo malah diguyu
Elinga pituture pujangga
Ing ngarsa sun tuladha
Ing madya mangun karsa
Tut wuri handayani

Matur nuwun bapak ibu guru


Panjenengan ingkang bimbing lan didik kulo
Saking mboten ngertos dados ngertos
Ingkang mboten saget dados saget
Kulo mboten bakal lali marang jasamu
Mugo Gusti pinaring berkah marang bapak ibu guru

You might also like