Professional Documents
Culture Documents
Soal Jawa 2021
Soal Jawa 2021
1. ….
Aja selak
Gaweanmu wus maton
Ulah karya njaga raga
Nggladhi para siswa
Gawe anja para putra
Solah bawa muna-muni
Njaga rasa mulat sarira
Dimen barokah dadi dwija
5.
Nalika samana bocah-bocah lagi padha melu seneng-seneng madhang
lawuh iwak ula, antuk beburone para kanoman lan juru bedhag ana lengkehing
gunung Merbabu. Sakawit nora padha nglegewa, yen awit mau ana bocah
bajang ngulati pari polahe wong-wong ing karang pradesan mau. Bocah bajang
kanthi ulat memelas nyedhak marang sing padha lagi mangan enak mau, lan
celathune “Lik kula nyuwun, kula luwe…,” tembunge memelas. “Eh lunga!
Sumingkir sing adoh kana! Aja nyepak mrene! Awakmu mambu, ora tau adus!
njelehi wong mangan….
Nalika ana Tegal Kuru Setra, Raden Werkudara miris lan trenyuh atine,
nyumurupi Prabu Duryudana wus kalarak lan kaungseb-ungsepake ana
pabaratan isih bisa urip lan panguwuhe Prabu Duryudana marang Raden
Werkudara,”Hayo amuk-amuk Werkudara”!.Lonjong mimis playune Raden
Werkudara sumingkir saka panguwuhe Prabu Duryudana, merga ora mentala.
Arepa iku mungsuh, nanging isih kaprenah kadang tuwane. Mula ora
mentala nyawang kakangne sing wis ora rupa mau.
Raden Werkudara angles atine, banjur dijarwani karo Prabu Sri
Bathara Kresna. “Dhimas Werkudara, ana ing perang iku mung werna loro.
Unggul yuda utawa asor yudane, yen unggul kudu ilang klilipe yen thukul
klilip bakal nandur bribik prakara, ning yen asor yudane mung mati parane,
sebab ora dadi pengewan-ewan mungsuhe.
Cengkelak Raden Werkudara kaya den elingake mandhe gada Rujak
pala, sigra den keprukake sirahe Prabu Duryudana sumyur saknalika, gugur
Prabu Duryudana pinangka tumbaling dur angkara.
11. Bapak ibunipun Fania weruh bilih putranipun saget mbeksa tari Gambyong.
A. sumerep
B. ningali
C. pirsa
D. remen
12. Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wongaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata karma
Den kaesthi siyang ratri
Asal-Usul Semarang
Nalika semana, kasultanan Demak dipimpin Pangeran Made Pandan.
Pangeran Made Pandan duwe putra arane Pangeran Pandan Arang. Sawijining
dina Pangeran Made Pandan lan putrane sarta para abdine lelana ngulon
parane. Tekan sawijining alas kang gung liwang-liwung, Pangeran Made
Pandan leren, banjur bukak alas mau kanggo nandur lan pomahan.
Emane, durung bisa ngrasakake kasile, Pangeran Made Pandan banjur
seda. Sadurunge seda Pangeran Made Pandan ninggal weling,”Ngger anakku,
Pandan Arang. Olahen papan iki kanthi temen. Aja pisan-pisan sliramu
ninggalake papan kene amarga mengkone papan iki bakal dadi panggonan
kang reja.”
Pangeran Pandan Arang tansah eling welinge swargi bapake. Pancen
temenan papan mau banjur katon ijo royo-royo subur lan makmur.
Pangeran Pandan Arang ana crita kasebut nduweni watak…
A. welas asih marang abdine
B. mituhu marang wong tuwa
C. jujur lan dhemen weweh
D. sregep nenandur
Sawetara taun kepungkur, crita kethoprak akeh dibabar ing TV. Ana
sing arupa kethoprak klasik, yaiku pagelaran kethoprak kang dibabar ing
panggung kanthi beber kang winates. Sabanjure uga ana kethoprak
sayembara, yaiku kethoprak kang dibabar ing TV kanthi beber alam lan
swasana ing jaban gedhung. Becike maneh, saben episode, mesthi
dipungkasi kanthi sayembara kang nyedhiyakake hadhiyah. Ing
ngrembakane jaman, uga metu panglipur kang uga ngusung kethoprak.
Nanging, kethoprak jinis saiki akeh dibumboni dhagelan utawa guyonan,
mula diarani kethoprak humor. Para paragane uga para dhagelan kondhang
ing jagad kesenian.
Tegese kondhang yaiku….
A. ampuh
B. pinter
C. apik
D. kawentar
16. Becike maneh, saben episode, mesthi dipungkasi kanthi sayembara kang
nyedhiyakake hadhiyah. Tembung dipungkasi kosok baline.…
A. diwiwiti
B. dilebari
C. dirampungi
D. diselani
Sesajen apa wae sing kudu dicawesake kanggo melu upacara tradisi Sadranan
Pundhen?
A. Sega gurih, sambel goreng ati, goreng-gorengan, lawuh, lan dhawet.
B. Sega gurih, sambel goreng krecek, goreng-gorengan, lan lawuh.
C. Sega gurih, sambel goreng krecek, goreng-gorengan, lawuh, lan dhawet.
D. Sega gurih, sambel goreng krecek, goreng-gorengan, lawuh, lan dhawet.
“Merga seni tari, aku bisa njajah desa milang kori,” kandhane mantep.
Miturut Susi, ketrampilan mbeksa gedhe banget manfaate, kajaba tambah
mitra, nggulawentah pribadine dhewe murih disiplin, tanggung jawab, sarta
percaya marang dhiri pribadi.
Gathotkaca Gugur
Rikala samana perang suluhan wus dumadi, surak mawurahan saka
prajurit kang unggul jurite. Dene kang asor golek pulihan kanggo menange
perang, merga ing perang suluhan iku perang ing wayang bengi mula
nganggo obor, dadi yen obore mati padha gendadapan ora weruh marga,
senapatine nagara Ngamarta Raden Gathotkaca, otot kawat balung wesi,
tur bisa mabur. Akeh prajurit kang tiwas nganti kaya babatan pacing saking
akehe tur pating blasur ujure.
Kinocap Sang Basusena ya Adipati Karna muntab, sigra menthang
warastra sinandhangan Kunta Druwasa. Ya Kunta Wijayandanu, gumebyar
sumorot madhangi jagad, plas jumepret lampahing bedhor kadya thathit.
Kagyat Risang Gathotkaca mesat gegana nganti mumbul ana ing
mega malang sap pitu, nanging meksa isih kadenangan. Mencorong
cahyane Kunta Wijayandanu nanging ana kang nggawa, yaiku sukmane
Kala Bendana kang nagih janji.
Raden Gathotkaca amung pasrah nanging njaluk pulihan. Kunta
tumancep pusere Raden Gathokaca sukmane mlebu swarga klawan Kala
Bendana, ragane nibani kretane Adipati Karna ajur mumur lan ragane isih
bisa mateni ewon prajurit Ngastina….
dening Ki Jiweng Ksm
20. Kunta Wijayandanu tumancep pusere Raden Gathotkaca.
Tembung kang dicetak miring tegese….
A. dhadhane
B. gegere
C. wetenge
D. wudele
21. Ana carita Gathotkaca gugur mau, sanjata Kunta bisa ngoyak Raden Gathokaca
amarga ginawa dening sukmane….
A. Kala Nadhah
B. Kala Bendana
C. Kala Srenggi
D. Kala Gidrah
22. Rikala samana Raden Gathotkaca kataman Kunta Wijayandanu gugur ing
palagan.
Ukara kang dicetak miring yen dikramaake unine dadi….
A. rikala semanten
B. rikala samana
C. rikala samono
D. rikala semana
23. Raden Gathotkaca lila ing pati gugur bela negara lan bebener, mula diarani
satriya….
A. wirang
B. legawa
C. utama
D. piningit
Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sarinarina
Sudanen dhahar lan guling
27. Virus Corona lelara nggegerke ndonya. Akeh wong sing mati amarga virus
ganas. Mula ayo sapa wae padha netepi 5M.
Ukara kang dicetak miring yen dikramaake sing paling bener yaiku….
A. Kathah tiyang ingkang pejah merga virus ganas.
B. Kathah tiyang sing pejah amargi virus ganas
C. Kathah tiyang ingkang mati amargi virus ganas.
D. Kathah tiyang ingkang pejah amargi virus ganas.
C. ?b/pd=lkumlih.
D. ?b-/pf=akumlih.
33. Sugeng dalu, Bapak-bapak saha ibu-ibu ingkang kula bekteni, sakderengipun
kula matur………………………………….
Ukara iku kalebu….
A. purwakaning atur
B. salam pembuka
C. dudutan sesorah
D. panutup
37. Gambuh
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
Ukara kang dicetak miring ana crita “Asal Usule Kutha Surabaya” owahana
nganggo basa krama!
40. Kinanthi
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Ingkang iga-iga kaeksi