Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 4

SERAT WEDHATAMA (POCUNG)

Pangertosan Serat Wedhatama

Serat : Tulisan/ layang/ asiling pakaryan

Wedhatama : Wedha (ajaran/ piwulang) + tama <utama> (becik, utama, prayoga)

wujud serat : tembang (macapat)

==> Tulisan minangka asiling pakaryan manungsa kanthi wujud tembang kang ngemu surasa
piwulang ingkang becik.

Serat Wedhatama kaanggit dening K.G.P.A.A. Mangkunegara IV (RM. Sudira)


Kajawi dados raja ing Mangkunegaran, uga dados saastrawan kang ngasilaken kathah serat. (S.
Wedhatama, S. Wulangreh, lsp.)
Wosing Serat Wedhatama awujud tembang macapat. Jinising tetembangan ingkang dados punjering
serat kados ta: pangkur, sinom, pocung, gambuh lan kinanthi. Andharanipun kapacak ing gambar
kados ing ngandhap menika.
Tembang Macapat (Pocung)

Tembang macapat menika tuwuh nalika ing jaman Majapait. Anamung miturut Poerbatjaraka
tembang macapat menika sampun katemokaken ing taun 1334 M. Tembang menika katingal aeng,
sebab saben tembang menika kagungan paugeran ingkang beda-beda. Paugeran- paugeran wau
lajeng ngrembaka kasebut guru gatra, guru lagu lan guru wilangan.
ing ngandhap kababar sawenehing panemu bab pangertosan macapat, kados ta:
1. macapat : maca papat- papat (wanda)
2. macapat : maca cepet (rikat)
3. macapat : maca papat (nomer papat)
Tembang Macapat menika sawijining asil kasusastran Jawi ingkang misuwur. Sebab tembang macapat
menika kagungan makna filosofis ingkang inggil tumrap tiyang Jawi ingkang sinebut daur hidup tiyang
Jawi. Makna filosofi menika gambaraken bilih gesanging manungsa menika ing tembe bakal tumeka
ing pesthi. Pramila kawujudaken ing tembang macapat ingkang cacahipun wonten 11 metrum.
Sewelas tembang macapat menika kapacak kanthi urutan: maskumambang- Mijil- Kinanthi- Sinom-
Asmarandana- Gambuh- Dhandhanggula- Durma- Pangkur- Megatruh- Pocung. Ing saben metrum
tembang kang kababar menika temtu kagungan paugeran, sasmita lan wewatak piyambak-piyambak.
Pocung
Tembang macapat Pocung menika kagungan sasmita pocung, kaluwak wanda cung lan awewatak
sakepenake, sembrana parikena, dhagelan. Dene tembang macapat Pocung menika kagungan guru
laku, guru wilangan lan guru gatra awujud: 12 U, 6 A, 8 I, 12 A.

Dhudhah Wosing Tembang Pocung ing Serat Wedhatama


Cara mangertos wosing tembang inggih menika ngowahi tetembungan dados tembung ingkang
gampil kategesi. kawontenan makaten sinebut Parafrase (gancaran). Nalika damel gancaran kedah
gatosaken mapinten-pinten tahapan kados ta:
Damel Tembang Macapat (Pocung)
Cara damel tembang menika ingkang baku kedah ngugemi paugeraning tembang macapat ingkang
awujud:
a. guru gatra : cacahing wonten 4 larik;
b. guru wilangan : cacahing wanda jumbuh kaliyan larikipun;
c. guru lagu : tibaning swanten vokal ing pungkasaning larik (dhong- dhing).
kajawi andharan wonten ing nginggil menika, menawi badhe damel tembang menika kedahipun
saged sangu mapirang-pirang seserepan , kados ta bab sandi asma, Sengkalan, wancahan, plutan,
uluran, tembung garba, lsp.
Nembang Macapat (Pocung)

kagem sinau gladhen nembang, saged kabikak buku ing kaca 14. (lks)wonten ngrika sampun cumawis
tembang Pocung laras slendro pathet manyura, kanthi cakepan kapendhet saking Serat Wedhatama
pupuh Pocung I.

You might also like