A. Têmbung Andhahan (Kata Jadian)

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

A.

Têmbung andhahan (kata jadian)


Têmbung andhahan yaiku têmbung kang wis owah saka asale amarga oleh wuwuhan
(imbuhan), karangkep utawa kacambor.

1. Têmbung andhahan karana wuwuhan


Wuwuhan ing basa Jawa kaperang dadi 3, yaiku: a) ater–ater, b) seselan, lan b)
panambang.
a. Ater-ater (awalan) jinise:
1). Ater-ater anuswara: m, n, ny, ng
Gunane atêr-atêr anuswara yaiku kanggo ngrimbag têmbung lingga dadi
têmbung kriya tanduk (kata kerja aktif)
Tuladha:
a). n + tulis = nulis
b). ny + sapu = nyapu
c). m + waca = maca
d). ng + goreng = nggoreng

2). Ater–ater tripurusa: dak, kok, di.


Gunane atêr-atêr tripurusa yaiku kanggo ngrimbag têmbung lingga dadi
têmbung kriya tanggap (kata kerja pasif).
Tuladha:
a). dak + waca = dakwaca
b). kok + gawa = kokgawa
c). di + jupuk = dijupuk

3). Atêr-atêr sa, pa, pi, pra, tar, ka


Gunane kanggo ngrimbag têmbung lingga dadi têmbung andhahan.
Tuladha:
a. sa + dina = sadina
b. pa + adus + an = padusan
c. pi + ulang = piwulang
d. pra + lambang = pralambang
e. tar + kadhang = tarkadhang
f. ka + tulis = katulis

4). Atêr-atêr kuma, kami, kapi


Gunane kanggo ngrimbag têmbung lingga dadi têmbung kahanan (kata sifat)
Tuladha:
a. kuma + wani = kumawani
b. kami + gila + an = kamigilan
c. kapi + tuna + an = kapitunan

5). Atêr-atêr a, ma
Gunane kanggo ngrimbag têmbung lingga dadi têmbung pepaesan (basa
endah/sastra).
Tuladha:
a. a + wangun = awangun
b. ma + guru = maguru

b. Sêsêlan (sisipan)

1
Sêsêlan yaiku wuwuhan kang manggon ana tengah. Umume manggon sawise
aksara sigêg (konsonan) kang ngarêp dhewe.
Wujude sêsêlan ana 4 yaiku in, um, êr, êl
Tuladha:
1). tulis + in = tinulis
2). gandhul + um = gumandhul
3). gandhul + êr = gêrandhul
4). jêgur + êl = jêlêgur

c. Panambang (akhiran)
Panambang yaiku wuwuhan kang manggon ana mburine têmbung lingga.
Wujude panambang: a, i, e, ên, an, ana, ake, ne, na, ku, mu
Tuladha :
1). Rene + a = renea
2). Pakan + i = pakani
3). Bapak + e = bapake
4). Buku + ku = bukuku
5). Penek + an = penekan

2. Têmbung andhahan kang wuwuhane karana dirangkep diarani têmbung rangkêp


Rimbag rangkêp cacahe ana 4 yaiku:
a. Rimbag rangkêp dwipurwa
Rimbag rangkêp dwipurwa yaiku wanda wiwitan (purwa) diunekake kaping
pindho
Tuladha:
1). Sêpuh dadi sêsêpuh
2). Tamu dadi têtamu

b. Rimbag rangkêp dwilingga


Rimbag rangkêp dwilingga yaiku linggane diunekake kaping pindho
Tuladha:
1). Meja dadi meja-meja
2). Jeruk dadi jeruk-jeruk
3). Sapu dadi sapu-sapu

c. Rimbag rangkêp dwilingga salin swara


Rimbag rangkêp dwi lingga salin swara yaiku linggane diunekake kaping pindho
nanging owah swarane.
Tuladha:
1). Mlaku dadi mloka-mlaku
2). Bali dadi bola-bali
3). Turu dadi tura-turu

d. Rimbag rangkêp dwiwasana


Rimbag dwiwasana yaiku wanda pungkasan (wasana) diunekake kaping pindho
Tuladha:
1). Cêkik dadi cêkikik
2). Ndhêpis dadi ndhêpipis
3). Ndêngek dadi ndêngengek

3. Têmbung andhahan karana kacambor


Têmbung andhahan karana kacambor diarani rimbag camboran.

2
Tegese rimbag camboran yaiku têmbung loro utawa luwih kang dianggo bêbarengan
lan nduweni têgês siji.
Têmbung camboran kaperang dadi loro, yaiku
a. Camboran wutuh, têgêse têmbung sing dicambor têmbung kang wutuh.
Tuladha :
Têmbung naga karo têmbung sari dadi nagasari
Têmbung randha karo têmbung royal dadi randha royal
Têmbung raja karo têmbung kaya dadi raja kaya

b. Camboran wancahan, têgêse têmbung kang diwancah utawa disuda wandane


Tuladha :
Têmbung adol karo têmbung tuku dadi dol tinuku
Têmbung ilir karo têmbung ilir dadi lir-ilir
Têmbung balung karo têmbung kulit dadi lunglit

You might also like