Bahasa Jaa 56

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

2.1.

GEGURITAN
1. Struktur geguritan:
a. Fisik : dhiksi : pamilihe tembung dening panganggit geguritan.
majas : panganggone tembung entar kanggo gegambaran
rima : swara kang dibolan-baleni
tipografi: wujud utawa format geguritan.
b. Batin : tema : masalah kang kaandharake
rasa : pengalaman panulis
nada : sikep panganggit marang pamaca
amanat: pesen panulis marang pamaca, lan swasana.

2. Wacanen batin teks geguritan ing ngisor iki!


a. Geguritan tradhisional:
Ana sing abang kok milih sing ireng?
Sing ireng iku gampang jahitane.
Ana sing padhang kok milih sing peteng?
Sing peteng iku gampang jiwitane.

b. Geguritan modhern:
Apa Bedane
(dening Sudi Yatmana)
Apa bedane puisi karo prosa
Bedane ana ati
Apa bedane ati karo gori
Bedane mung prakara bumbune
Bedane apa bumbune karo sing dibumboni
Bedane rak mung anaing wadhah
Apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
Kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa
Lha apa bedane manungsa karo kewan
Ah iku urusane Pangeran

Jinising geguritan modhern:


1). Diafan (transparan): ora nggunakake tembung entar utawa pralambang.
2). Prismatis: migunakake tembung entar utawa pralambang.
3). Kontemporer: mentingake estetik tinimbang pemahaman.
4). Mbeling: kurang mentingke isi, lucu utawa dolanan.
Tugas : 1. Wacanen tuladha geguritan tradhisional lan modhern ing Modul!
2. Sebutna bedane geguritan tradhisional lan modhern!
2.2. GEGURITAN
Wacanen batin!
Dhoktel
(dening Sudi Yatmana)
anwar miwiti rembug, “wus kepala akeh buktine
dhoktel taje analisise
bisa tep diyagnos telapine
dene ana mlesete
kuwi mung pilang pelsene”

dhe gandhos sumambung, “ning yaiki tetep kudu,


‘dhoktel, openana awakmu’ ”

yu fatimah omong, “pancen ana dhoktel yen


nambani coba-coba
ning nek dipikil apa ana ta wong ulip sing ola
coba-coba”

mas jon emoh kari, “ning iki lak mung


kekembangane
wong angel omong, dhoktel enom kuwi nganti
sanga obate
kamangka mung siji lalane
beda yen dhoktel tuwa
sanadyan sanga lalane
cukup mung siji obate”

eyang sur mesam-mesem


banjur kaya paring dhawuh,
“wis anggel pelcaya
lagi mangkat alep pliksa
lalane wis suda”

lik dul ora gelem meneng mingkem, kepara


nggenahake mengkene,
“dhoktel kuwi pancen wis bisa nambani, nanging oa bisa
malekake, sing bisa malekake kuwi seje
ana dhewe”
Unsur isi utawa nilai ing geguritan:
a. Moral
b. Sosial
c. Keagamaan
d. Budaya
e. Sejarah

Tugas : 1. Golekana nila-nilai kang ana ing sajrone geguritan ing ndhuwur, kanthi nuliske gatra
kang ngandhung nilai kasebut!
2.Golekana isine geguritan ing ndhuwur!

2.3.GEGURITAN

Wulangan kepungkur wis maca tuladha werna-werna geguritan lan nyinau unsur sarta nilaine.

Tugas: Gawea geguritan diafan (transparan) kanthi tema kesehatan lan ngandhung nilai sosial!
Dikumpulake liwat email utawa WA.

You might also like