Wulangan 1: Pupuh Kinanthi 1.1. Paugeran Kinanthi

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

WULANGAN 1: PUPUH KINANTHI

1.1. Paugeran Kinanthi

Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi ngemot wewarah supaya manungsa tansah ngasah
rasa nyingkirake hawa nafsu supaya dadi manungsa kang nduweni budi luhur.

- Paugeran tembang macapat Kinanthi:


Tembang macapat (sekar alit) titikane:
Guru gara : cacahing gara saben sapada.
Guru wilangan : cacahing wanda saben sagatra.
Guru lagu : tibaning swara ing pungkasaning gara.
Titikane tembang macapat Kinanthi : 6 gatra: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.

- Tuladha Pupuh Tembang Kinanthi Serat Wedhatama:


a. Mangka kantining tumuwuh,
salami mung awas eling,
eling lukitaning alam
wedi weryaning dumadi,
supadi niring sangsaya,
yeku pangreksaning urip.

b. Marma den taberi kulup,


angulah lantiping ati,
rina wengi den anedya,
pandak-panduking dumadi,
bengkas kahardaning driya,
supadya dadya utami.

c. Pangasahe sepi samun,


aywa esah ing sasami,
samangsa wis kawistara,
lalandhepe mingis-mingis,
ersu wukir reksa muka,
kekes srabedaning budi.

Tugas: 1. Wacanen perangan pupuh Kinanthi Serat Wedhatama ing ndhuwur kanthi premati!

2.Golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu pada tembang Kinanthi ing ndhuwur!
1.2. Pitutur Luhur ing Tembang Kinanthi

Dene awas tegesipun,


weruh wararaning urip,
miwah wisesaning tunggal,
kang atunggil rina wengi,
kang mukitan ing sakersa,
gumelar ngalam sakalir.
“Wong perlu ngerti pepalanging urip lan kekuwasaane Kang Maha Kuwasa ing
wektu awan lan wengi kang maringi apa wae kang ana ing alam donya iki.”

Aywa sembrana ing kalbu,


wawasen wuwus sireki,
ing kono yekti karasa,
dudu ucape pribadi,
marma den sembading sedya,
wewesen praptaning uwis.

Tugas: Golekana pitutur luhur kang ana ing pada 2 tembang Kinanthi ing ndhuwur!

1.3. Pupuh Kinanthi


Paugeran tembang macapat Kinanthi:
Guru gatra :6
Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8.
Guru lagu : u, i, a, i, a, i.
Titikane tembang macapat Kinanthi : 6 gatra: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.

Tugas: a. Gawea tuladha cakepan pada tembang Kinanthi kang diwiwiti nganggo tembung
Corona! Pada Kinanhi karyamu iku manawa dikumpulake sakelas bakal dadi
pupuh Kinanthi Corona.
b. Sebutna pitutur luhur kang ana ing pada tembang Kinanthi karyamu iku!

1.4. Tembang Kinanthi

5 6 6 6 6 1 2 2

A- ywa ma- ma- tuh ma- lu- tuh,


2 2 1 1 6 61 5 6

Tan-pa tu- was tan- pa ka- sil,

5 6 1 1 1 1 1 61

Ka- sa- li- buk ing sra- be- da,

5 5 5 5 5 2 32 1

Mar-ma di- pun-nga- ti- a- ti,

1 2 3 5 5 5 5 5

u- rip keh ren- ca- na- ni- ra,

3 2 2 2 2 32 3 5

Sambe- ka- la den ka- li- ling.

Tugas: Wacanen cakepan pada tembang Kinanthi gaweanmu kanthi titilaras kasebut!

You might also like