Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

BAB 1

TEKS DRAMA

A. PANGERTENE DRAMA
Drama yaiku crita panguripan sing dipindhah lan diwujudake ana ing panggung, kanthi kreativitase
panulis teks/naskah, disengkuyung karo paraga-paraga liyane, rupa pacelathon/dhialog, lan tingkah laku.

B. STRUKTUR TEKS DRAMA


1. Dhialog : Pacelathon kang kudu diucapake para paraga, anggone ngucapake kanthi penghayatan slaras
karo tokoh sing diperanake.
2. Tema : Inti crita sing digunakake nemtokake lakune crita lan tujuane.
3. Tokoh : Paraga sing dadi lakon ing drama, lakune slaras karo karakter/watak sing ana ing crita drama.
Kanggo nguripake tokoh ing lakon drama lumrahe wis ginambarake kanthi lengkap, watak, kapribadene
lan ciri – ciri fisike.
4. Plot/Alur : alur utawa rerangken sing ngrakit crita ing teks/naskah drama, nanging uga ing saben adegan,
ditemokake plot.
Plot dumadi saka:
a) Eksposisi : Perangan paparan sing nepungake tokoh, menehi katrangan ngenani, papan
panggonan, wektu lan swasana/situasi, uga paparan ngenani rengrengan crita sing arep dipentasake.
Lumrahe rupa sinopsis crita, sing ngandharake paparan mau arane narator.
b) Komplikasi : Konflik/masalah awal sing ndadekake crita wiwit lumaku, ana tantangan lan gayeng
ing saben-saben adegan.
c) Klimak : Konflik-konflik ing adegan-adegan muleg dadi konflik puncak utawa klimak.
d) Anti klimak : Klimak ing saben adegan nyawiji lan wiwit nemokake dalan kanggo ngudhari reruwet.
e) Ending/resolusi : Kawusanane crita.

C. UNGGAH-UNGGUH BASA
1. Ngoko Lugu
Tuladha : Apa bapak sida nonton bal-balan, Kowe arep lunga menyang ngendi?
2. Ngoko Alus
Tuladha : Aku ora ngerti daleme Pak Jarwo, Apa bapak sida mriksani bal-balan.
3. Krama Lugu
Tuladha : Aku tilem wonten kamaripun simbah, kancaku lunga dhateng Surabaya nitih motor
4. Krama Alus
Tuladha : Menapa bapak saestu mriksani bal-balan, Ibu kondur saking peken.

D. UKARA LAMBA lan UKARA CAMBORAN


1. Ukara Lamba
Yaiku ukara ingkang nduweni jejer lan wasesa namung satunggal.
Tuladha :
 Koran diwaca bapak
L W J
 Ibu tumbas sayur
J W L

Keterangan : J = Jejer (Subyek)


W = Wasesa (Predikat)
L = Lesan (Obyek)
2. Ukara Camboran
Yaiku ukara ingkang nduweni jejer lan wasesanipun kedang langkung saking satunggal, saged kalih utawi
tiga.
Tuladha :
 Bapak maca koran, ibu tumbas sayur, aku pit-pitan.
J W L J W L J W

GLADHEN (TUGAS)
Wacan kanggo pitakonan nomer 1-4
Citra : “Kang awake dhewe iki bakal golek pangungsen ing ngendi? Kamangka Londo ngoyak
playune dhewe.”
Darma : “Kamangka bandhaku wes entek dijarah lan omahku diobong déning antek-antek Londo. Terus
aku kudu mapan ana ngendi, Kang?”
Endang : “Apa manèh lelakonku, bojo mati ketrajang peluru. Anakku wedok siji-sijine diseret gedibale
Londo. Embuh saiki ono ngendi. Aku ora duwe daya kanggo urip iki Kang.”
Andaka : Wis-wis cah, kabeh wae. Aku bisa ngrasakake panandhang iki. Ya kaya ngene iki kahanan lan
rekasane bangsa kang katindhes penjajah lan dicengkerem bangsa liya. Mula gedhèkna atimu,
ayu berjuwang amrih mardikaning bangsa.”
1. Watake andaka ing crita kasebut yaiku.....
a. Njaluk menangi dewe b. Srakah c. Ora gampang nyerah d. Dengki
2. Miturut crita kasebut kang dadi undheraning masalah yaiku.....
a. Rebutan omah c. Urip prasaja
b. Golek panggawean d. Golèk pangungsèn amarga dijajah londo
3. Amanat kang bisa dijupuk saka crita kasebut yaiku.....
a. Dadi uwong kudu sabar lan ora gampang nyerah c. Dadi wong kudu sabar lan tukar padu
b. Dadi wong kudu srakah d. Dadi wong kudu padudon
4. Pacelaton teks drama kasebut nggunakake basa......
a. Ngoko lugu b. Krama alus c. Krama lugu d. Ngoko alus
5. (Srengéngé wus ngglewang mangulon para warga karang tepus padha golèk pangungsèn désané wis diobrak-
abrik dening Walanda).
Pethikan teks drama kasebut kalebu struktur teks drama yaiku......
a. Eksposisi b. Klimaks c. Antiklimaks d. Resolusi
6. Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa krama alus yaiku......
a. Ibu mundhut beras ing pasar c. Pak guru ngendika menawa ana rapat
b. Bapak kondur saka kantor jam 4 d. Badhe tindak pundi, Pak?
7. Mas toni mundhut rasukan wonten toko Rejeki. Ukara kasebut nggunakake basa....
a. Ngoko lugu b. Ngoko alus c. Krama lugu d. Krama alus
8. Murid : “Bu guru kula ijen badhe...... rumiyin”.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku......
a. Kondur b. Tindak c. Mulih d. Wangsul
9. Ukara ing ngisor iki kang kalebu ukara camboran yaiku......
a. Adhiku mangan roti bakar telu c. Aku tuku gula ing warung pojok
b. Boni mlebu sekolah jam pitu ibu d. Mundhut buah alpukat lan duku
10. Ukara sing kalebu ukara lamba yaiku.......
a. Mbak narsih masak rawon wingi sore c. Pak narto kaliyan pak dhe wahyu tindak Surabaya
b. Aku mangan sega pecel lan ngombe es d. Simbah sare nalika ibu rawuh
11. Saben minggu isuk aku melu senam ing lapangan.
Ukara kasebut kalebu ukara........
a. Hagnya b. Sambawa c. Carita d. Camboran

You might also like