Cerkak Lara Ginjal - Subhan Ali

You might also like

Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 4

Lara Ginjal

Dening : Adinda AS

Sedulur papat kuwi ngadani pirembugan mirunggan. Ibune uga melu rembugan. Jejere
biyung kang nggegadhang putra-putrane bisa urip rukun ngudhari reribed kang tuwuh ing
kulawargane. Wosing rembung bab lara ginjele Pak Ibrahim, bapake sedulur papat iku, kang
sangsaya abot. Wis makaping-kaping mlebu metu rumah sakit nanging durung katon asile

“Dakjaluk adhik-adhik kabeh duwe panemu kepriye Carane ngenthengake sesanggane


bapak, iku sing dadi tujuwan baku pirembugan iki,” mengkono pambukane Ika minangka anak
mbarep marang adhi-adhine, Dwiasti, Triastuti lan Catur Satriyo.

Triastuti manthuk-manthuk tanpa sesanggan. Dene Dwiasti lan Catur ngrungokake kanthi
polatan mantheng. Pancen wong loro iki seneng udur-uduran nggegegi panemune dhewe-dhewe.

“Kahanane bapak saya suwe sangsaya abot. Kita becike migatekake pituduhe dhokter
supaya nganggo cara liya, ora tetep migunakake obat terus-terusan,” ujare Catur ngelingake
mbakyu-mbakyune.

“Aku sarujuk panemune dhokter. Bapak pancen perlu transplantasi ginjel. Miturut
petunge dhokter, gerahe bapak wis kategori gagal ginjal tahap akhir utawa GGTA. Tegese
lelarane bapak ora bisa ditanggulangi kejaba kanthi cuci darah salawase urip. Saben wulan butuh
ragad 62 yuta. Dene yen cangkok ginjel butuh ragad luwih gedhe nanging mung sepisan. Kita
uga perlu nggatekake panandhange larane bapak. Aku ora tegel nyawang lan krungu sambate
bapak saben-saben Cuci darah.”

“Cangkok ginjel? Wah, pira dhuwite kanggo iku kabeh?” pamunggele Dwiasti sadurunge
Catur rampung omonge.

“Pancen dakakoni ‘saka’ anak papat iki aku atur sumbangan paling sithik. Prasasat ora
melu cucul awit saking sithike anggonku nyumbang. Pancen ya semono iku bisaku lan
kekuwatanku. Nanging aku saguh ndonorake ginjelku marang bapak Kebeneran golongan
dharahe bapak lan aku padha.”

“Sanadyan kowe wis nyumbang ginjel siji, nanging ya isih tetep mikirake ragad
operasine lan liya-liyane sing mesthi gedhe banget. Aku ya bisa ndonorake ginjelku marang
bapak nanging ora mikul ragad-ragad liyane.”

“Bener? Oke yen Mbak ASti wis gelem nyumbangake ginjele sasisih marang bapak.
Mengko anak telu sing bakal nyangga ragade berobat. Ayo kita anak papat nggawe prajanjen
tinulis. Perlu dipahami Mbak Asti yen dhonor ginjel iku lumantar proses dawa. Kadiwasan,
mental, sarta riwayat kesehatane calon pendonor dipriksa kabeh. Kuwi isih diwawancarai tim
psikiatri kanggo ngaweruhi tingkat emosional, intelektual lan kognitif. Mbak Asti sanggup
nglakoni?”
“Kanggo iki kabeh kowe nduwe dhuwit pira, Catur? Kudune kowe dadi uwong iku bisa
ngilo githokmu dhewe. Bisa ngukur isi kanthOngmu. Dadi aja ngimpi macem- macem!”
pamuwuse Dwiasti nylekit. Dheweke krasa yen adhine lanang mung kepengin nggawe kagole
atine lan kepengin mojokake. Sebab saka sedulur papat iku dheweke kang paling sugih.

“Aku ngakoni, saka anak papat iki aku sing sekeng dhewe, mlarat dhewe. Embuh kaping
pira Mbak Asti ndakwa aku owel cucul ragad kanggo bapak. Sanadyan mlarat nanging aku ora
nate ngrusuhi mbakyu-mbakyuku.”

“Uwis, uwis, aja malah padha padudon!” Ika enggal-enggal nyapih sadurunge Dwiasti
mangsuli maneh.

“Yen pancen ora ana sing nggape kahananku iki, luwih becik aku ora melu rembugan,”
aloke Catur karo ngadeg nyat.

“Catuuur! !“ panjerite Lucia ngalang-alangi kekarepane Catur. Nanging Catur tetep


mlangkah metu tanpa noleh memburi sanadyan krungu tangise ibune. Sajake Catur wis ketaton
atihe.

Lucia sedhih banget saben anak-anake cecongkrahan. Ing antarane anak papat pancen
Catur isih perlu kabiyantu. Kontrak omah wae isih perlu diuruni. Anak papat pancen wis padha
rabi. Sing telu wis bisa yasa omah lan duwe mobil sing pantes.

“Ya iki jalarane Catur saya ngadi-adi awit tansah diwenehi äti. Wiwit cilik mula Catur
diuja kekarepane, dituruti kabeh sing dadi penjaluke. Ugungan. Mulane kuliyahe njur ora tutug,”
grememenge Dwiasti.

“Ora ngono, Ngger. Bapak lan ibu ora nate ngugung putra-putrane. Ora pilih kasih
marang kabeh anake. Kowe kabeh dirumat lan digedhekake kanthi patrap kang padha. Yen
tembe mburi wis dadi diwasa nemoni kahanan urip kang beda-beda iku nasibe manungsa, beja
cilaka kabeh wong nggawa. pepesthen dhewe-dhewe. Nanging geneya Dwiasti mungsuhi
Catur?”

“Iku jalaran Catur nate nggawe kagol lan cuwaning atiku,Bu. Meh wae cabar nikahku
karo Mas Andre saka tumindake Catur. Iku ndadekake dendhamku marang Catur njarem nganti
seprene. Kupingku krungu dhewe nalika Catur matur ing ngarepe bapak supaya nenimbang
ningkahake aku karo Mas Andre, awit anane pawarta yen Mas Andre isih sambung tresna karo
bojone sing lawas.”

“Ora, Nak. Catur ora duwe pakarti jahat kaya panyengguhmu. Kowe mung kaprabawan
prasangka ala marang dheweke.”
“Iki aku ngrasakake yen tumindake ibu . mban cindhe mban siladan. Ibu tansah mbelani
Catur. Ora ana benere sing daktindakake. Dene sing dilakoni Catur mesthi apik dhëwe. Pancene
Catur iku sing anak mama.”

“Babar pisan ora, Asti! Kaya sing mau karembug miturut pamawase ibu apa sing
diomongake Catur tinemu nalar. Yen ibu kuwawalan bisa, bapakmu arep dakragadi dhewe, ora
perlu ngrepoti kowe cah papat. Cangkok ginjel pancen butuh ragad akeh.Yen cara iku siji-sijine
solusi, ya wis piye maneh.”

“Pamawase ibu rak amarga ibu wis kadhung percaya Catur. Embuh pira akehe ibu wis
nampa beselane Catur.”

“Dwiasti! Tetembunganmu nggawe lara atine ibu, Nak. Yen bapakmu mireng congkrahe
putra-putrane mesthi malah ora kepengin mari saka gerahe.”

“Cukup! Ora perlu nutugake pirembugan iki. Dwiasti, kowe ora kena nggawe tatune ibu,”
aloke Ika karo mencerengi adhine.

Esuk iku Catur mangkat kerja saka omah kontrakane. Kaya padatan saben mangkat mulih
nyambut gawe numpak sepedha motor siji-sijine sing diduweni. Wis makaping-kaping Pak
Ibrahim mrayogakake Catur nggawa mobile. Pancen tujuwane tuku mobil mau karepe nukokake
Catur, kareben duwe rodha papat kaya mbakyu-mbakyune. Nanging Catur tansah semaya tan ora
tau numpaki mobil peparinge bapake mau.

Lagi wäe Catur ngambah dalan gedhe, pating jlerit sWarane wong-wong kang nyekseni.
Sepedha motore Catur kontal kelarak trek gandheng. Catur tiba glangsaran dadi layatan. Awake
catur gudras getih. Nalika sekarat, Catur kober pesen marang pulisi kang ngurus kacilakan iku
supaya ngirimake map werna ijo isi layang-layang marang dhokter Hoesodo.

Krungu Catur tinggal donya ibune histeris. Bapake bola-bali semaput. Rada awan petugas
rumah sakit teka menyang omah dhuhkita ditemoni Ika, Dwiasti lan Triastuti

Tetelune kaget. Pranyata bab rancangan operasine Pak Ibrahim wis ditata dening Catur
kanthi sesidheman. Pegawe rumah sakit nuduhake bendhel layang resmi. Catur wis nglakoni
prosedhure minangka calon pendonor ginjel. Dhokter mutusake yen Catur pantes lan cocog dadi
pendonor ginjel kanggo bapake.

Dhokter mrayogakake operasi ginjel ditindakake sacepet-cepete amarga Catur wis dadi
layon. Pégawe rumah sakit uga mratelakake yen almarhum wis nitipake dhuwit kanggo ragad
operasi.Layang saka petugas rumah sakit iku ditampa Ika kanthi tangan gemeter. Surasane
ringkes.
Ibu, sanadyan apa wae kedadeyane, Bapak kudu sida cangkok ginjelku. Miturut dhokter,
ginjelku sehat, cocog didonorake kanggo Bapak. Aku wus pinaringan sepasang ginjel sehat. Apa
sing dadi duwekku iku dibutuhake liyan, apa maneh kanggo Bapak, aku lila masrahake amrih
nyambung sugenge Bapak.

Ibu, ragad kanggo cangkok ginjel kang katur panjenengan iki daktampa kanthi cara kang
prayoga. Iki kanugrahan kang kaparingake kanggo kita sakluwarga. Yen Pangeran peparing, ora
ana perkara sing mokal. Mula anane ragad lan dhuwit iki ora gawe abote liyan. Uga ora
nuwuhake rubeda ing tembe mburi. Sungkemku katur Bapak Ibu.

Karo dleweran luh, layang iku diwenehake Ika marang Dwiasti kang kawit mau nggejejer
tanpa saulu. Sawise ngerti surasane layang Asti nggembor sora, “Catur Satriyo, adhiku.
Apuranen Mbak Asti!”

Dwiasti gumebrug ing jogan. Semaput. Krungu ribut-ribut ing ruwang tamu, ibune enggal
metu. Nyandhung awake Asti sing isih kapidhara. Layang ing tangane Dwiasti diwaca. Lucia
nututi Semaput. Wong-wong kang layat pada geger awit ing ruwang tamu ana wanita loro
semaput.

Pak Ibrahim karo trantanan nyusul menyang ruwang tamu. Kejot banget sumurup
sisihane lan Dwiasti ora eling purwa duksina. Dening petugas rumah sakit Pak Ibrahim dilawani
lungguh kursi: Sawise satata lungguhe, layange Catur diwenehake Pak Ibrahim. Rampung maca
layang, Pak Ibrahim katon angles.

“Mesakake kowe anakku lanang, Catur” grenenge. “Umurku wis 80 taun. Aku ora butuh
cangkok ginjel. Aku ora perlu operasi. Dhuwite Catur iku luwih becik kanggo nggedhekake
Amanda, kanggo nyekolahake Amanda kadidene anak turUne almarhum. Aku wis tuwa. Luwih
becik aku nusul Catur. Bu, aku pamit palastra. Mangsa borong anggonmu momong anak-
anakmu. Catur, entenana Bapak!”Bubar muwus sora Pak Ibrahim meneng klakep binarung unjal
ambegan pungkasan. Wong tuwa iku kapundhut ora jalaran gagal ginjele, nanging wis tumeka
ing pepesthene.

(kapethik saka: Panjebar Semangat, Juli 2018)

You might also like