Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

Murwa Kala

Awignam astu namas idem,


Kala awang-awang durung ana bumi, langit, nanging Sang Hyang Wisesa ingkang kocap sarta
jumeneng samadi satengahing jagad. Sang Hyang Wisesa mireng swara kadi genta , sarta anon
tigan, gumantung neng awang-awang, sinangga ngasta pinusti dadi telung prakara, saprakara
dadi bumi langit, rong prakarane dadi teja lan cahya, katigane Manik Maya. Mangka Manik dadi
papat. Mangka papat iku ming Batara Guru uger-ugere, kang pinangka gegentine Sang Hyang
Wisesa, winenang andadeake isining bumi, sarta winesik saliring wewadi.
Mangka samuksane Sang Hyang Wisesa, Batara Guru akarya tetimbangan garwa wasta Dewi
Uma, nunten ayoga para dewa 30 lan sarta jodone. Nunten bumi pisah lan akasa. gunung
Jamurdipa wus Hyang Pramesti nunten amatah dewa nawasanga amrih jejeging bumi, sarta
warata. Nunten Batara Guru ayasa kahyangan lan kaswargan, lan saisine. Mangka Sang Hyang
Pramesti anyatekaken jenenging lanang lan wadon, lan garwa Dewi Uma, reta kerut tan
katadahan, mila wonten Batara Kala. Hyang Pramesti deduka mring garwa Dewi Uma, mila
wonten Batari Durga jodo lan Kala. Nunten Hyang Guru anitahaken rejaki Marcapada Mendang
Kamulan. Mila Batara Kala minggah mring Suralaya saputra garwa balane.
Sampurnaning Puja
Hong prayoganira Sang Hyang, Akasara lawan Pratiwi; mimijil yoganira Sang Hyang, agilang-
gilang ing siti; binuaneng samodra, kumanangalembak-lembak; ana daging dudu daging, ana
getih dudu getih; murub mangarab-arab; anekaken prabawa, ketug lindu lan prahara; lesus agung
aliweran, geter pater tanpatara; murub ingkang Kala Rodra, gumesang aneng Triloka; nguniwah
Batara Guru, Awignam astu na purnama sidi, Hong na muna maswah.
Santipurwa
Hong wilaheng dinuk aku, purwanira ring pustaka. Ginutuk ing Padmacakra, ya ta pinangka
sirahmu. Ginutuk ing Kurameyan, ya ta kang dadi rambutmu. Ginutuk ing Rengaswastra, ya ta
kang dadi alismu. Ginutuk ing Rengaswastra, ya ta kang dadi idepmu. Ginutuk ing Suryakanta,
ya ta kang dadi netramu. Ginutuk sireng ing Kilat, ya ta pinangka kedepmu. Ginutuk sireng
Manila, ya ta kang dadi kupigmu. Ginutuk sireng momaka, ya ta kang dadi pipimu. Ginutuk
sireng Penoyan, ya ta pinangka pasumu. Ginutuk ing Langkapwastra, ya ta kang dadi tutukmu.
Ginutuk ing Rejakwastra, ya ta kang dadi untumu. Ginutuk ing Wajalidah, ya ta kang dadi
ilatmu. Ginutuk sireng Penawan, ya ta pinangka telakmu. Ginutuk ing Wajasumeh, ya ta
pinangka janggutmu. Ginutuk ing Penawan, ya ta pinangka uwangmu. Ginutuk ing
Wesipanggak, ya ta kang dadi gulumu. Ginutuk Wesigulmara, ya ta kang dadi baumu. Ginutuk
sireng Candrasa, ya ta pinangka tanganmu. Ginutuk ing Palempengan, ya ta pinangka salangmu.
Ginutuk ing Ambalwastra, ya ta pinagka dadamu. Ginutuk Sarwasenjata, ya ta kang dadi igamu.
Ginutuk sireng Padupan, ya ta pinangka atimu. Ginutuk sireng Genitri, ya ta kang dadi
amperumu. Ginutuk ing Sandiwidi, ya ta kang dadi jantungmu. Ginutuk Segara rampenan, ya ta
pinangka wetengmu. Ginutuk sireng Lulita, ya ta pinangka ususmu. Ginutuk ing Rancangwastra,
ya ta pinangka ototmu. Ginutuk ing Wajasari, ya ta pinangka balungmu. Ginutuk Pancurancah,
ya ta pinangka dakarmu. Ginutuk ing Bakawastra, ya ta kang pinangka wokongmu. Ginutuk
sireng Deksana, ya ta kang dadi pupumu. Ginutuk ing Bindiwastra, ya ta pinangka garesmu.
Ginutuk ing Wajakiwal, ya ta kang dadi sikilmu. Ginutuk ing Gunungwaja, ya ta pinangka
awakmu. Ginutuk ing Gorawastra, ingkang pinangka gedemu. Ginutuk ing Bramawastra, ya ta
pinangka nanapsumu. Kumejot molah ambekan, angadeg kagiri-giri; awakmu wegah anuger,
asalit ajata gimbal; angerik anguwuh-uwuh, sira mulat amangetan; sakehing para jawata,
kagegeran dening sira, awedi ndeleng rupamu, aranmu si Kama Salah. Awignam astu na
purnama sidi. Hong na Hong na muna maswahah.
Aksara ing batuk
Nga Tha Ba Ga Ma Nya Ya Ja Dha Pa La Wa Sa Ta Da Ka Ra Ca Na Ha
Aksara ing telak
Sang Kala lumerang, sangkaning lara, Wisnu kena ing lara, lungguh ing otot ngarepmu, kang
alara mulya, mulya dening Batara Guru, Guru kena ing lara, lungguh ing tutuk, tuture lumamah,
lan saranduning awak, kang alara mulya, mulya dening Sang Hyang Wenang, Sang Hyang
Wenang tan kena ing lara, maing Sang Hyang Tunggal, kumpul panunggaling rasa, rasa tunggal
lan jati, jati tunggal lan rasa, rasa jati mulya, mulya saking ingkang Wisesa. Hong Awignam astu
namas idem.
Sastra Pinedati
Ya maraja-jaramaya Ya marani-niramaya Ya silapa-palasiya Ya midara-radamiya Ya midosa-
sadomiya Ya dayuda-dayudaya Ya siyaca-cayasiya Ya sihama-mahasihya
Sastra Gigir
Hong, prayoganira, Sang Hyang Kamasalah, dadi daging sak kemalo kadya grah pasthika maya,
amurub mangalad-alad angedalaken prabawa ketug kadi lindhu prahara, yen lumaku tanpa suku,
lembehan tanpa tangan, aningali tanpa netra, ambegan tanpa grana, celathu tanpa lidhah, angen-
angen tanpa driya, aneng setra pinandhaten.
Kumbala Geni
Hong, awignam, ya mastuhu nama sidhem, hong, prayoganira, Sang Hyang ana geni saka wetan,
putih rupane geni, genine Sang Hyang Batara Mahadewa, pepak karyane geni, anglebur dhendha
upata, kalawan mala trimala, lara geng lara wigena, gambar teluh taraknyana, watuk gigil lan
panastis, budhug busung ayan edan, lebur dadi awu, musna dening geni saka wetan.
Hong, wilaheng, prayoganira, Sang Hyang ana geni saka kidul, abang rupane geni, genine Sang
Hyang Batara Brahma, pepak karyane geni, anglebur dhendha upata, kalawan mala trimala, lara
geng lara wigena, gambar teluh taraknyana, watuk gigil lan panastis, budhug busung ayan edan,
lebur dadi awu, musna ilang dening geni saka kidul.
Hong, wilaheng, prayoganira, Sang Hyang ana geni saka kulon, kuning rupane geni, genine Sang
Hyang Batara Kamajaya, pepak karyane geni, anglebur dhendha upata, kalawan mala trimala,
lara geng lara wigena, gambar teluh taraknyana, watuk gigil lan panastis, budhug busung ayan
edan, lebur dadi musna ilnag awu dening geni saka kulon.
Hong, wilaheng, prayoganira, Sang Hyang ana geni saka lor, ireng rupane geni, genine Sang
Hyang Batara Wisnu, pepak karyane geni, anglebur dhendha upata, lawan trimala, lara geng lara
wigena, gambar teluh taraknyana, budhug busung, ayan edan, watuk gigil lan panastis, lebur dadi
awu musna ilang dening geni saka lor.
Hong, wilaheng, prayoganira, Sang Hyang ana geni saka tengah, wolu manca warna rupane geni,
genine Sang Hyang Batara Guru, pepak karyane geni, ambaleding sakehing lara, lara geng lara
wigena, gambar teluh taraknyana, budhug busung, ayan edan, watuk gigil lan panastis, lebur dadi
awu musna ilang dening geni saka tengah.
Padusan Kala
Tunjung adus ing banyu bening, banyu mili talaga manik, Uma kang ngedusi, Durga kang
ngosoki, Wisnu kang angentas, Kala kang eling sira muliha marang jatisowangan, ya sira saka
ora, ya muliha marang ora, ya sira teka jati, ya muliha marang jati.
Kudangan Kala
Hong, anake kirawean, agedhe asedhepa, abagus apasthi Kamaya ana maya, katon kang nonton,
kang tinonton ora katon, byang, byos, golong-golong gumalompong, gulung-gulung
gumalunggung. Hong, manu-mana, Manumaswahah.
Paruwatan Panggung
Hong, wilaheng, mastuhu nama sidhem, Hong, Wilaheng, prayoganira Sang Hyang, Saligi Ki
Damarjati, kelire Sang Tinjomaya, palunture Sang Palimunan, Sang Kuwera kupingira, waracik
Sang Retna, kadhupak sangga Buwana, deboge Sang Nagaraja, blenconge Sang Batara Surya,
urube Sang Batara Brahma, cengkoke Sang Batara Gana, awune Batara Sambu, arange Batara
Wisnu, kukuse Batara Siwah, kang ningali kewala nenggih Sang Guru, dene para dewa
angetokaken Murwakala.
Paruwatan Dalang
Pale ara yen lumaku tanpa suku, lembehan tanpa tangan, ningali tanpa netra, ambegan tanpa
grana, celathu tanpa lidhah, angen-angen tanpa drya, aneng setra pinandhatan. Hong, prayoganira
Sayng Hyang ana sajatining wang, kang aran Panji Kumala, pinutraken ing angga, kang aran
Mandala Giri, jejuluk Sang Hyang Amarta, wis ruwat samengko padha ilang.
Padusan Dalang Sampurnajati
Driyan dasa gunem gra minasa, trani na yem ping sapta nining wahyu, hong, neptu waluya,
waluya temahan jati, jati temahan waluya, hong bastu waluya.
Padusan Bayi
Bogemira prasini, jiwangga, putrayana, pra kasira wah, pra kasipa, boga paripurna, hong bastu
waluya, waluya temahan jati, jati temahan waluya, hong bastu waluya.

You might also like