Professional Documents
Culture Documents
Ngilo Getho'e Dewe
Ngilo Getho'e Dewe
Ngilo Getho'e Dewe
● ُ َوَأ ْش َه ُد َأنْ اَل ِإ َل َه إاَّل هَّللا. َو َك َتبَ ِبَأ َّن ُه قَدْ َأ ْف َلحَ مَنْ ّز َّكاهَا َو َخابَ مَنْ دَ سَّاهَا.َأ ْلحَ مْ ُد هَّلِل ِ الَّذِى َخ َلقَ ال َّن ْفسَ َفَأ ْل َه َمهَا فُج ُْورَ هَا َو َت ْق َواهَا
بِ َوحْ دَ هُ اَل َش ِريْكَ َل ُه رَ بٌّ َك ِر ْي ٌم اَل َي َنا ُل مَا َلدَ ْي ِه ِإاَّل بِِإ َزا َل ِة ْال ُغي ُْو
ِ َوَأ ْش َه ُد َأنَّ سَ يِّدَ َنا مُحَ َّم ًدا عَ ْب ُد َه َورَ س ُْولُ ُه َن ِبيٌّ َأرْ سَ َل ُه هَا ِديًا اَل َم َّس ُه عَ اَّل ُم ْال ُغي ُْو
ب
ُّ ان
ِ َ َوعَ َلى آلِ ِه َوأصْ حَ ِاب ِه سَ ارُوا ِبسَ يْرَ ِت ِه َوجَ َنح ُْوا ِب ُغ ْفر. ََاركْ عَ َلى سَ ِّي ِد َنا مُحَ َّم ٍد الَّذِى َك َشفَ ْال ُكر ُْوب
ِ الذ ُن ْو
ب ِ اَللَّ ُه َّم صَ ِّل َوسَ لِّ ْم َوب
َت َلعَ لَّ ُك ْم ُت ْفلِح ُْون ِ ِإ َّتقُوا هَّللا َ مَا اسْ َت َطعْ ُت ْم بفِعْ ِل المَأم ُْورا,ِ َفيَاعِ بَادَ هَّللا:َُأمَّا بَعْ د
ِ ت َواجْ ِت َنا
ِ ب المُحَ رَّ مَا
Sampun dipun shohihaken deneng poro ulomo, bilih Alloh swt puniko menawi ngersaaken
sae dateng kawulonipun, kawulo kasebat dipun tedahaken keawonan soho celo-celo
engkang wonten awak ipun piyambak. Lajeng Alloh paring gampil ngicali awon utawi celo
saking awakipun. Lajeng nyampurnaaken sekedik boko sekedik hinggo dados sempurno
miturut bagianipun saking Alloh.
Limrahipun utawi kathah-kathahipun manungso sami mboten nyumerapi celo lan awonipun
piyambak. Sami anggadahi anggepan bilih piyambakipun sampun sae, sae menggahipun
masyarakat lan sae menggahipun Alloh. Akibat saking anggepan puniko, piyambakipun
menawi sumerap awon utawi celo engkang namung sak klilip mawon rame-rame lan
kadamel rasan-rasan. Celo utawi awon engkang malang wonten ngajeng mripatipun
piyambak mboten ketingal, mboten rumaos awon utawi anggadai celo. Kados pribasan: ojo
podho nyacat wong liyo, ngilo getho’e dewe. Kanjeng Nabi dawuh:
“Salah siji iro weruh kotoran cilik ono mripate dulure, ananging lali kayu malang ono mripate
dewe.”
Ngilo getho’e dewe lan metani awon serto celone dewe, ora niti-niti alane wong liyo, lajeng
ambudidodyo ngilangi cacat utawi alane piyambak hinggo dados sae meniko sumber ipun
kabekjan. Kanjeng Nabi Muhammad saw dawuh:
ِ ب ال َّن
اس ُ .
ِ ط ْوبَى لِمَنْ شَغَ َل ُه عَ ْي ُب ُه عَ نْ ُعي ُْو
()رواه البزار
“Untung gede banget wong kang ketungkul metani celo ne awake lan ora gelem ketungkul
metani celo ne liyan.” (HR. Al-Bazzar)
Kagem ngilo getho’ dewe utawi mawas diri monggo kita timbang kalian dawuh
pangandikanipun Sayyidina Ali karramallahu wajhah wonten kitab Nashaihul Ibad
karyanipun Ibnu Hajar al-Asqalani:
“Dadio manungso paling sae mungguhe Alloh. Dadio manungso paling awon mungguh
pandanganmu, lan dadio manungso lumrah ono ngarepe poro manungso”.
Pitutur meniko mengku pesen engkang sae sanget, kagem ndandosi awak kita supados
ngajeni tyang sanes, mboten rumaos langkung sae soho tawadhu’:
Syaikh Abdu Qadir Al-Jilani kagungan tips sederhana engkang saget kita tindaaken saben
dintenipun:
Menawi pepanggihan kalian tyang lintu, kita anggep tyang meniko langkung sae, langkung
taqwa, langkung kathah amal sholihipun soho langkung inggil derajat ipun.
Menawi kepanggih lare alit utawi lare anem, dipun nasehati awak kita, “Bocah cilik utawo
bocah anem iki dosane luwih sethithik tinimbang dosa ku.” Sebalikipun, menawi kepanggih
tiyang sepuh, dipun nasehati awak kita, “Tiyang sepuh iki amal sholihe luwih akeh lan luwih
akeh anggone paring manfaat marang wong liyo. Sebab dewekne luwih disik anggone takwa
lan taat,”
Menawi kepanggih tiyang ‘alim, kita yakini bilih piyambakipun langkung sae, toto coronipun
ibadah ugi langkung afdhol lan langkung leres. Ugi berjuang nyebaraken ilmunipun.
Menawi kepanggih tiyang mendo (bodo), kita bisiki awak kita, “Mungkin wae dewekne salah
lan doso mergo ora ngerti (luwih sethithik dosone), sedeng aku salah utowo nglakoni doso
kanthi sadar lan ngerti ilmune, sehinggo dosoku luwih abot lan akeh.”
Ngilo getho’e dewe utawi mawas diri kedah kita tindaaken saben wekdal supados kita
kemutan kekirangan, kesalahan lan aib kita. Lajeng ambudidoyo ndandosi diri. Ampun
niti-niti utawi metani kekirangan serta aibipun liyan.
Ngilo getho’e dewe utawi muhasabah meniko coro kagem ngendalikaken gesang kita,
engkang bade ngasilaken efek luar biasa wonten diri kita. Teledor ngilo getho’e dewe utawi
mawas diri bade ngrisak panggesangan kita, keluwargo tuwin masyarakat.
“Wong cerdas yo iku wong kang ngitung-ngitung diri lan ngamal kanggo sak wise mati.
Wong lemah (apes) yo iku wong kang nuruti nafsune lan arep-arep barang muhal marang
Alloh.” (HR. Ahmad).
Mugi-mugi kita lumebet golonganipun tiyang-tiyang engkang asring ngilo getho’e dewe utawi
mawas diri tuwin berbenah diri. Hinggo dados tiyang engkang rendah hati (tawadhu’),
ngajeni tiyang lintu, mboten ngrumaosi langkung sae tuwin bejo dunyo lan akhiratipun.
Aamiin.
َّ َأ ْل ُخ ْط َب ُة
الثا ِن َّي ُة
ٰ
َاركْ عَ َلى سَ ِّي ِد َنا مُحَ َّم ٍد آل سَ ِّي ِد َنا ِإبْرَ ا ِه ْي َم َوب ِ آل سَ ِّي ِد َنا مُحَ َّم ٍد َكمَا صَ لَّيْتَ عَ َلى سَ ِّي ِد َنا ِإبْرَ ا ِه ْي َم َوعَ َلى ِ اَللّ ُه َّم صَ ِّل عَ َلى سَ ِّي ِد َنا مُحَ َّم ٍد َوعَ َلى ِ
آل سَ ِّي ِد َنا ِإبْرَ ا ِه ْي َم ،فِيْ ْالعَ ا َل ِميْنَ ِإ َّنكَ حَ ِم ْي ٌد َم ِج ْي ٌد
ِ ى َ
ل و م يْ ه
ِ ا
عَ سَ ِإ ْرَ َ َ عَ ب ا َ
ن دِ ِّ
ي ى َ
ل تَ كْ َارَ ب َام َ
ك ٍ
د م
َّ ُحَ م انَ د ِ ِّ
ي ِ سَ آل ى لَ َوعَ
مْواتِ .إ َّنكَ سَ ِم ْي ٌع َق ِريْبٌ ُم ِجيْبُ ال َّدعَ َواتَِ ,و َقاضِ ى ْالحَ اجَ ا ِ
ت ت اَأْلحْ يَا ِء ِم ْن ُه ْم َواَأْل َ والمُْؤ ِم ِنيْنَ َو ْالمُْؤ ِم َنا ِ ت ْ اغفِرْ ل ِْلمُسْ لِ ِميْنَ َو ْالمُسْ لِمَا ِ اَل ٰلّ ُه َّم ْ
اغفِرْ اِل ُ َم ِة مُحَ َّمدٍَ .وارْ حَ ْم ُأ َّم َة مُحَ َّمدٍَ .وَأصْ لِحْ ُأ َّم َة مُحَ َّمدٍ .واسْ ُترْ اِل ُ َم ِة مُحَ َّم ٍد اَل ٰلّ ُه َّم ْ
اِئه ْم َو َو ِّف ْق ُه ْم لِعَ م ٍَل صَ ال ٍِح يَن َف ُع ُه ْم فِى ُد ْنيَا ُه ْم َوُأ ْخرَ ا ُه ْم ِ دَ عْ َأ ى َ
ل عَ مْ ُ
ه ُرْ
ص اَل ٰلّ ُه َّم ا ْن
َ
ت َوالمَعَ اصِ ى َواهْ ِد ِه ْم سَ ِب ْي َل الرَّ شا ِد ْ اَل ٰلّ ُه ََّم َأصْ لِحْ وُ َة م ُْو ِرنا َو ُعل َما نا َوزعَ َما نا َواجْ عَ ْل ِه َّمت ُه ْم فِى اِزال ِة ال ُمنكرَ ا ِ
َ ْ ْ َ َ َ َ َئ ُ َ َئ َ َ ُأ اَل
الطاع ُْون وّ ِفرُوسْ َقرَ نَ َو ْال َفحْ َشا َء َو ْال ُم ْن َكرَ َو ْالب َْغيَ َوال ُّسي ُْوفَ ْالم ُْخ َتلِ َف َة َوال َّشدَ اِئدَ َو ْالمِحَ نَ ، اللَّ ُه َّم ارْ َفعْ َوادْ َفعْ عَ َّنا ْال َباَل َء َو ْالغَ اَل َء َو ْال َوبَا َء َو َّ
ان ْالمُسْ لِ ِميْنَ عَ ام ًَّةِ ،إ َّنكَ عَ َلى ُك ِّل َشيْ ٍء َق ِد ْي ٌر َطنَ ،مِنْ َب َل ِد َنا ه ََذا َخاص ًَّة َومِنْ ب ُْلدَ ِ مَا َظهَرَ ِم ْنهَا َومَا ب َ
ْن َوال ُّد ْنيَا َواآْل خِرَ َةِ يدِّ ال ِى ف َ
ة م
َ اِئ َّ
د ال َ
ة ا َ
ف ا م
ُعَ ْ
ال و َ َ
ة ي
َ ف
ِ ا عَ ْ
وال اللَّ ُه َّم ِإ َّنا َنسْ َألُكَ ْالعَ ْف َو
رَ َّب َنا آ ِت َنا فِى ال ُّد ْنيأ حَ سَ َن ًةَ ,وفِى أآلخِرَ ِة حَ سَ َن ًةَ ,و ِق َنا عَ َذابَ ال َّن ِ
ار
َو ْالحَ مْ ُد هَّلِل ِ رَ بِّ ْالعّالّ ِميْنَ