Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Nuwun kulo nuwun

Assalamualikum Wr. Wb

Nugroho miwah sih wilasaning dalem gusti Allah SWT (kang maha wasesa) mugi tansah
hambabar doyo pangaribowo ingkang lumintu lumintir. Sumondho, soho sumandhing wonten
jiwanggo panjenengan sedhoyo lan kulo waradin sagung dumadi rahayu niskolo.

Wonten ngarsanipun poro sepuh pini sepuh. Soho aji sepuh ingkang sampun pono ing
pamawas. Lebdo ing pitutur, ingkang tansah pinundi pundi soho kinabekten.

 Poro alim poro ulama soho poro kyai ingkang dados tetuwangganing poro santri tansah
sumandhing kitab suci wahyuning ilahi minongko punjereng panuntun kiblating manembah
dening poro umat ingkang tansah pinaringan rahmat saking Allah SWT.
 Dhumateng pangemban pangembating projo satriyo negari ingkang tansah sinulat
sinudarsono.
 Sagung poro rawuh kakung sumowono putri ingkang tansah kinurmatan.

Langkung rumiyin sumonggo kulo dhereaken tansah manengku pujo kanthi pamuji syukur
mring pangeran allah SWT ingkang sampun kepareng pareng kanikmatan arupi kanugrahan
katentraman soho kewilujengan dhumateng panjenengan sedoyo dalasan kulo satemah ing
wekdal puniko saget kempal manunggal wonten sasono pahargyan puniko kanthi rahayu da
tanpo reridu

Sholawat soho salam katur dhumateng nabi agung Muhammad Saw mugi” panjenengan
sedoyo kulo kalebet umat ingkang pikantuk syafaatipun awit adonya dumugi delahan mbenjang,.
Amin.

Hanyarengi dinten ........suryo kaping.........warso........., Bopo ........... arso hanepi darmaning


sepuh inggih puniko hamolokramaaken putri pawestrinipun ingkang nami .............. awit kersaning
gusti penesti jinatukromo kalian nak mas bagus...........putro kakungipun bopo........... ingkang
pidalem wonten tlatah.............

Keparengno Kulo minongko panoto adicoro ngaturaken reronceneng adicoro ingkang badhe
kalampah

Adicoro pinurwakan kanthi pambuko kalajengaken adicoro kaping kaleh.............

Mawantu wantu panyuwunanipun bopo............ panjeneng sedoyo kerso hangestreni


adicoro ingkang badhe lumampah ngantos paripurno. Pramilo sumoggo panjenenganipun
sedoyo kulo dhereaken lenggah kanthi

You might also like