Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 4

PENGURUS CABANG NAHDLATUL ULAMA

LEMBAGA DAKWAH NAHDLATUL ULAMA


LDNU KABUPATEN KEDIRI
Sekertariat: Jl. Imam Bonjol 38 Kediri 64122
==============================================================================
KEKHUSUSAN NABI MUHAMMAD
LAN PARA UMATIPUN

َ‫ َعلى‬،‫ان‬
‫ان َالأكمل ه‬
َ‫ َوالصلاةَ َوالسلامَ َالأتم ه‬،َ‫لل َالَمَوَجَوَ هَد َأَزَلَا َوَأَبَدَا َ َبهلَا َمَكَان‬
َ‫اَلَحَمَدَ َ ه‬
َ‫ َأشهدَ َأنَ َلا َ هإلهَ َ هإلا‬،‫ َوعلى َآ هل هَه َوصح هب هَه َومنَ َت هبعهمَ َبه هإحسان‬،‫س هي هدنا َمحمدَ َس هي هَد َول هَد َعدنان‬
.َ‫َلاَن هبيََبعده‬،‫َوأشهدََأنََس هيدناَمحمداَعبدهََورسوله‬،‫اللََوحدهََلاَش هريكََله‬
َ:‫لَفهيََمحك هَمَ هكتابه هَه‬
َ‫يَالق هدي هَرَالقائه ه‬
َ ‫للَالع هل ه‬
َ‫َف هإنهيَأو هصيكمََونف هسيََبهتقوىَا ه‬،َ‫أماَبعد‬
ََ‫الل َولو‬
َ‫ن َالمنك هَر َوتؤ همنونَ َبه ه‬
َ‫وف َوتنهونَ َع ه‬
َ ‫اس َتأمرونَ َبهالمعر ه‬
َ ‫كنتمَ َخيرَ َأمةَ َأخ هرجتَ َلهلن ه‬
)111َ:‫اسقونََ(آلَ هعمران‬
‫ابَلكانََخيراَلهمََ همنهمََالمؤ همنونََوأكثرهمََالف ه‬
َ ‫كت ه‬
‫آمنََأهلََال ه‬

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,


Saking inggil mimbar puniko khatib paring wasiat dumateng kito sedaya, terutami
dumateng awak khatib piyambak, sumonggo kito tansah berusaha ningkatake
keimanan lan ketaqwaan kito dumateng Allah subhanahu wa ta’ala kanthi
nindaake sedaya kewajiban lan nilar sedaya ingkang sampun dipun haromake.

Kaum Muslimin ingkang minulyo,


Tema khutbah kito wonten dinten puniko nuninggih babagan sebagian
kekhususan lan keistimewaan ingkang Allah paringake dumateng kanjetng Nabi
Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam lan para ummatipun.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Kados dene kito weruhi bilih umat Nabi Muhammad nuninggih umat ingkang
langkung sahe lan langkung minulyo. Kados dhawuhipun Allah:

َ‫الل َ(آل‬
َ‫ن َالمنك هَر َوتؤ همنونَ َبه ه‬
َ‫وف َوتنهونَ َع ه‬
َ ‫اس َتأمرونَ َبهالمعر ه‬
َ ‫كنتمَ َخيرَ َأمةَ َأخ هرجتَ َلهلن ه‬
)111َ:‫هعمران‬

Artosipun : “Siro kabeh nuninggih umat ingkang langkung sahe ingkang dipun
lahirake kagem umat manungso, krono siro kabeh pada perintah
supaya agawe kesahenan lan siro kabeh pada nyegah saking
kemungkaran sarto siro kabeh pada beriman dumateng Allah”. (QS Al
‘Imran: 110)

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ugi dhawuh:


1
)‫للَ(رَوَاهََالطَبَرَا َنهيََ َفهيَالَمَعَجَ هَمَالَكَ هَبيَ هَر‬
َ‫أَنَتَمََمَ هَتمَوَنََسَبَ هَعيَنََأَمَةََأَنَتَمََخَيَرَهَاَوَأَكَرَمَهَاَعَلَىَا ه‬

Artosipun : “Siro kabeh dados panyampurnane petung doso umat, siro kabeh
nuninggih umat ingkang langkung sahe lan langkung minulyo
minggahipun Allah:. (HR ath-Thabarani dalam al-Mu’jam al-Kabir)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Ing antawisipun kekhususan lan keistimewaan ingkang dipun paringaken
dumateng umat Nabi Muhammad nuninggih bilih Allah ndadosake syari’at Nabi
Muhammad dados syari’at ingkang langkung entheng lan gampang,

Minongko tuladha (contohipun), shalat saking umat-umat ingkan rumiyen kedah


dipun tindaake wonten panggenan ingkang khusus kagem shalat, meskipun
panggenan kala wahu tebih saking griyanipun. Kawontenan puniko tentunipun
sanget awrat (abot) lan tentunipun nuwuhake kangelan ingkang sanget kagem
umat-umat rumiyen.

Benten kalian syariat Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam, tiap


panggenan wonten pundi kemawon, ingkang penting suci saged kita dadosaken
panggenan sholat.

Wonten syariat nabi-nabi ingkang rumiyen, tiyang ingkang badhe wudlu lajeng
mboten manggihi toyo (banyu), milo sholatipun kedah dipun tunda ngantos
tiyang kala wahu manggihi toyo (banyu), dereng wonten syari’at tayammum
minongko pengganti wudlu kados dene wonten syari’at Nabi Muhammad.

Wonten sebagian syari’at ingkang rumiyen, menawi wonten tiyang ingkang


nindaake maksiat wonten wekdal dalu, mongko maksiat ingkang dipun tindaake
puniko bakal katulis wonten lawang griyanipun wonten wekdal siangipun. Benten
kalian kito minongko umat Nabi Muhammad, sinten kemawon saking kito
ingkang nindaake maksiat, mongko mboten bakal wonten tandha khusus dateng
piyambakipun utawi griyanipun sak sampunipun nindaake maksiat.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Ing antawisipun umat rumiyen, ukuran zakat mal ingkang wajib dipun bayar
nuninggih 25 % saking bondho ingkang dipun miliki. Ananging wonten syariat Nabi
Muhammad ukuran zakat saking emas lan perak ingkang wajib dipun bayar
namung 2,5 %.

Poso wonten syari’at kito, wekdalipun milahi medalipun fajar ngantos surupipun
srengenge, meniko langkung gampil tinimbang syari’at poso wonten umat
rumiyen ingkang wekdalipun sedinten sedalu penuh tanpo ngunjuk lan dhahar.

Lajeng wonten babagan sholat, kito namung dipun wajibaken nindaaken gangsal
wekdal wonten sedinten sedalu lan tiap-tiap wekdal sholat kagungan ganjaran
2
sedoso. Ganjaran ingkang bakal kito tampi saking sholat gangsal wekdal puniko
nuninggih gangsal doso. Subhanallah...! Allah mboten namung paring syari’at
ingkang gampil dateng umat puniko, luwih saking puniko Allah ugi paring
ganjaran ingkang malimpah-limpah kagem kita, umat Muhammad.

Anapun utawi wudlu, sanes kekhususan saking umat puniko. Dateng umat-umat
rumiyen ugi sampun wonten syari’at wudlu, anamung ghurrah lan tahjil mboten
Allah paringaken kejawi dateng umat Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa
sallam. Nopo to ghurrah dan tahjil niku? Ghurrah lan tahjil nuninggih tandha khusus
kagem umat Nabi Muhammad benjang wonten dinten kiamat arupi nur /cahaya/
sinar ingkang mencorong wonten wajah, tangan lan suku nipun keranten sami
ngluwihi basuhan wudlu wonten bagian wajah, bagian inggile sikut tangan lan
bagian inggile polok (mata kaki). Tandha puniko lah ingkang dipun dadosaken
kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam ngaweruhi ummatipun
wonten dinten kiamat. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam sampun dhawuh:

َ )َ‫اريََومس هلم‬
‫هَإنََأَمَ هَتيََيأتونََيَوَمََالَ هَقيَامَ هَةَغَرَاَمَحَجَ هَليَنََ هَمنََأَثَ هَرَالَوَضَوَ هَءَ(رَوَاهََالبخ ه‬
Artosipun : “saktemene ummatku tumeko ing dinten kiamat kanthi kawontenan
putih mencorong dipun sebabake bekas wudlu” (HR al-Bukhari dan
Muslim)

Ing antawisipun kekhususan kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam


bilih piyambakipun lah tiyang pertama ingkang badhe buka lawang suwargo,
lajeng malaikat ingkang njagi lawang suwargo tangklet: “Sinten?” kanjeng Nabi
Muhammad jawab: “Muhammad”. Lajeng Malaikat kala wahu dhawuh :

)َ‫بهكََأ همرتََلاَأفتحََ هلأحدََقبلكََ(رواهََمس هلم‬

Artosipun : “Khusus kagem Panjenengan, kulo dipun perintah supados mboten


buka ake lawang suwargo puniko dateng sinten kemawon sak derenge
panjenengan” (HR Muslim)

Ing antawisipun kekhususan Umat Nabi Muhammad nuninggih punopo ingkang


dipun dhawuhaken kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam:

)َ‫اري‬
‫آخرونََالسابهقونََيومََال هقيام هَةَ(رواهََالبخ ه‬
‫نحنََال ه‬

Artosipun : “Kito nuninggih umat ingkang terakhir, ananging kito lah golongan
pertama ingkang melebet ing dalem suwargo wonten dinten kiamat”
(HR al-Bukhari)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

3
‫‪Mekaten khutbah singkat wonten siang ingkang kathah keberkahan puniko.‬‬
‫‪Mugi-mugi paring manfaat lan mbekto barokah kagem kito sedaya. Aamiin ...‬‬

‫لَهَذاَوأستغ هفرََاللََ هليََولكم‪َ،‬فاستغ هفروه‪ َ،‬هإنهََهوََالغفورََالر هحيمَ‪َ .‬‬


‫أقولََقو ه َ‬

‫‪Khutbah II‬‬

‫لل َوكفى‪َ ،‬وأص هليَ َوأس هلمَ َعلى َس هي هدنا َمحمدَ َالمصطفى‪َ ،‬وعلى َآ هل هَه َوأصحابه هَهَ‬
‫الحمدَ َ هَ‬
‫ل َالوفا‪َ .‬أشهدَ َأنَ َلا َ هإلهَ َ هإلا َاللَ َوحدهَ َلا َش هريكَ َله‪َ ،‬وأشهدَ َأنَ َس هيدنا َمحمدا َعبدهََ‬
‫أه هَ‬
‫ورسولهَ‪َ .‬‬
‫ي َالع هظي هَم َواعلمواَ‬
‫لل َالع هل ه َ‬
‫َأما َبعد‪َ ،‬فيا َأيها َالمس هلمون‪َ ،‬أو هصيكمَ َونف هسيَ َبهتقوى َا هَ‬ ‫َ‬
‫أنَ َاللَ َأمركمَ َبهأمرَ َع هظيم‪َ ،‬أمركمَ َبهالصلا هَة َوالسلامهَ َعلى َن هب هي هَه َالك هري هَم َفقالَ‪ َ :‬هإنَ َاللََ‬
‫لَ‬
‫وملائهكتهَ َيصلونَ َعلى َالن هب هي‪َ ،‬يا َأيها َال هذينَ َآمنوا َصلوا َعلي هَه َوس هلموا َتس هليما‪َ ،‬اللَهمَ َص هَ‬
‫آلَس هي هدناَ‬
‫آلَس هي هدناَمحمدََكماَصليتََعلىَس هَي هدناَ هإبرا ههيمََوعلىَ هَ‬
‫علىَس هي هدناَمحمدََوعلىَ هَ‬
‫آل َس هي هدنا َمحمدَ َكما َباركتَ َعلى َس هي هدنا َ هإبرا ههيمََ‬
‫اركَ َعلى َس هي هدنا َمحمدَ َوعلى َ هَ‬
‫هإبرا ههيمَ َوب ه‬
‫اتَ‬
‫آلَس هي هدناَإهبرا ههيم‪ َ،‬هفيََالعال همينََ هإنكََح هميدََم هجيدَ‪َ.‬اللَهمََاغ هفرََلهلمس هل همينََوالمس هلم ه َ‬
‫وعلىَ هَ‬
‫ات‪َ ،‬امهلل َادفعَ َعنا َالبلاءَ َوالغلاءَ َوالوباءََ‬
‫ات َالأحيا هَء َ همنهمَ َوالأمو ه‬
‫والمؤ هم هنينَ َوالمؤ همن ه َ‬
‫والفحشاءَ َوالمنكرَ َوالبغيَ َوالسيوفَ َالمخت هلفةَ َوالشدائهدَ َوال همحن‪َ ،‬ما َظهرَ َ همنها َوما َبطن‪َ،‬‬
‫لَشيءََق هديرَ َ‬
‫انَالمس هل همينََعامة‪ َ،‬هإنكََعلىَك هَ‬
‫همنََبل هدناَهذاَخاصةََو همنََبلد هَ‬
‫ن َالفحشا هَءَ‬
‫ان َو هإيتا هَء َ هذي َالقربَ َوينهى َع هَ‬
‫لل‪َ ،‬إنَ َاللَ َيأمرَ َبهالعد هَل َوالإحس هَ‬
‫هعبادَ َا ه‬
‫للَ‬
‫والمنك هَر َوالبغ هي‪َ ،‬ي هعظكمَ َلعلكمَ َتذكرونَ‪َ .‬فاذكروا َاللَ َالع هظيمَ َيذكركمَ َول هذكرَ َا هَ‬
‫أكبرَ‪.‬‬

‫‪Ustadz Nur Rohmad, Pemateri/Peneliti di Aswaja NU Center PWNU Jawa Timur dan‬‬
‫‪Ketua BidangَPeribadatanَ& Hukum, PD Dewan Masjid Indonesia Kab. Mojokerto‬‬

‫‪4‬‬

You might also like