Pidato Bahasa Jawa Idul Fitri

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

PIDATO BAHASA JAWA IDUL FITRI

SABAR ING PANDEMI COVID-19


Kuthbah I
‫ُد‬ ‫ُر َوهّٰلِل ِ ْال َح ْم‬ َ‫ هللَا ُ أَ ْكب‬،ُ‫ر‬ َ‫ الَ إلٰ هَ إالَّ هللاُ َوهللاُ أَ ْكب‬، )9×( ‫ُر‬ َ‫هللَا ُ أَ ْكب‬
َّ‫ اَ ْش هَ ُد اَ ْن اَل اِلَـهَ اِال‬. ْ‫ص َّور‬ َ ‫ق َو‬ َ َ‫ اَحْ َم ُدهُ ُسب َْحانَهُ اَ ْن خَ ل‬. ْ‫ك هَ َذا ْاليَوْ ِم ْال ُم َوفَّر‬ َ ‫ َو اَطَا َل ااْل َ ْع َم‬. ْ‫اَ ْل َح ْم ُد ِهللِ اَعَا َد ااْل َ ْعيَا َد َو َكرَّر‬
ِ ‫ار اِلَى اِ ْد َرا‬
‫ اَللّهُ َّم‬. ْ‫ث اِلَى ْال ِجنِّ َو ْالبَ َش ر‬ ُ ْ‫ َواَ ْش هَ ُد اَ َّن ُم َح َّمداً َع ْب ُدهُ َو َر ُس ولُهُ ْال َم ْب ُع و‬. ْ‫ َشهَا َدةً ي ُْثقِ ُل بِهَا ْال ِم ْي َزانَ فِى ْال َمحْ َش ر‬،ُ‫ك لَه‬ َ ‫هللاُ َوحْ َدهُ اَل َش ِر ْي‬
‫ َو َعلَى آلِ ِه َوأَصْ َحابِ ِه َو ُذرِّ يَّتِ ِه اُولِى‬، ْ‫ق ْال َخبَر‬ َ ‫صلَّى هللاُ َعلَ ْي ِه َو َسلَّ َم‬
ِ ‫صا ِد‬ ِ َ‫صلِّ َو َسلِّ ْم َو ب‬
َ ‫ار ْك َعلَى َسيِّ ِدنَا َو َحبِ ْيبِنَا َوقُ َّر ِة اَ ْعيُنِنَا ُم َح َّم ٍد‬ َ
‫رًا‬ ‫لِ ْي ًما َكثِ ْي‬ ‫لَّ َم ت َْس‬ ‫ َو َس‬، ْ‫ر‬ ‫ِل ااْل َ ْف َخ‬ ْ َ‫ْالف‬
‫ض‬
‫ قَ ْد أَ ْفلَ َح‬:‫ال هللاُ فِى ِكتَابِ ِه ْال َك ِريْم‬َ َ‫ فَقَ ْد ق‬.‫ط ِر‬ْ ِ‫صيَ ِام َو ْالف‬ َ ‫ اِتَّقُوا هللاَ َوا ْعلَ ُموْ ا اَ َّن هللاَ يُزَ ِّكى قَ ْل‬، ُ‫ فَيَآ أَيُّهَا النَّاس‬،ُ‫أَ ّمأَبَ ْعد‬
ِّ ‫ب الصَّائِ ِم ْينَ بِتَ َم ِام ال‬
‫ٌر َّو اَ ْبقَى‬ ‫َرةُ خَ ْي‬ ‫ َوااْل َ ِخ‬،‫ُّد ْنيَا‬ ‫ْؤثِرُوْ نَ ْال َحيَ اةَ ال‬ ُ‫ بَ لْ ت‬،‫ص لَّى‬ َ َ‫َم َربِّ ِه ف‬ ْ ‫ َو َذ َك ر‬،‫َم ْن تَ زَ ّك َى‬
‫اس‬

Hadirin Jamaah Sholat Ied ingkang minulyo,


Alhamdulillah, wonten ing enjang menika, kita saget ngelahiraken raos syukur dhateng ngarsane
Allah ingkang Maha Kuwaos, ingkang punapa, kita sampun saget ndherekaken lan ngelampahi
perintahipun Allah arupi shiyam wonten ing wulan Romadhon, dangune setunggal wulan,
ngreksa raos luwe, raos ngelak.
Ugi saget ngelampahi dzikir lan tasbih, tadarus Al-Qur’an, sholat sunnah tarowih, ugi amalan
sahe lintunipun.
Lan enjing meniko kita sami saget makempal saperlu nindakaken sholat Idul Fitri.
Mugi-mugi sedaya ingkang sampun kita lampahi meniko, utaminipun shiyam Romadhon, saget
ndadosaken wasilah sedaya duso kita dipun maghfiroh kaliyan Allah. Amiin Ya Robbal
‘Alamiin.
‫ هللَا ُ أَ ْكبَ ُر َوهّٰلِل ِ ْال َح ْم ُد‬،ُ‫ الَ ٰإلهَ إالَّ هللاُ َوهللاُ أَ ْكبَر‬،ُ‫هللَا ُ أَ ْكبَ ُر هللَا ُ أَ ْكبَ ُر هللَا ُ أَ ْكبَر‬
Hadirin kaum muslimin ingkang minulyo,
Kita sedaya sami menyadari, bilih riyadin ingkang kita rayakaken woten ing tahun meniko,
sangat istimewa, dipun raosaken kalih sedaya menungso ingkang beriman.
Sebab menapa? Sebab Allah SWT taksih nambahi ganjaran dhateng kawulane, ngresiki duso-
dusonipun kawulane kelawan nambahi ujian, cobaan, ugi musibah arupi penyakit/pagebluk Virus
Corona wonten ing sekitar kita sedaya, bumi Nusantara meniko.
Ingkang ngaten meniko, nuntut dhateng kita sedaya supados ngathah-ngathahaken introspeksi
utawi muhasabah.
Bilih napa, ingkang dipun kersakaken Allah, taqdir, mboten saget dipun lawan utawi dipun atasi
kalih karepe menungso.
Kita sedaya ugi kedah sadhar, bilih musibah Virus Corona meniko, termasuk bagian saking
musibah ingkang sampun dipun rencanakaken kaliyan Allah SWT. Allah SWT dhawuh:
‫ك َعلَى ٱهَّلل ِ يَ ِس ي ٌر‬
َ ِ‫ب ِّمن قَ ْب ِل أَن نَّب َْرأَهَ ٓا ۚ إِ َّن ٰ َذل‬
ٍ َ‫ض َواَل فِ ٓى أَنفُ ِس ُك ْم إِاَّل فِى ِك ٰت‬
ِ ْ‫ص يبَ ٍة فِى ٱأْل َر‬
ِ ‫اب ِمن ُّم‬
َ َ َ‫َم ٓا أ‬
‫ص‬
Artosipun: “Ora ana sawijine musibah ingkang tumiba ana ing bumi, lan ora ana musibah
ingkang kedadean ana awak-ira, kejaba kabeh mau wis katulis ana ing kitab (lauhul mahfudz)
sakdurunge Kita (Allah) nitahake. Saktemene kang kaya ngene iki perkara kang gampang
mungguhe Allah.” (Q.S. al-Hadid: 22)
‫ُد‬ ‫ُر َوهّٰلِل ِ ْال َح ْم‬ َ‫ هللَا ُ أَ ْكب‬،ُ‫ر‬ َ‫ الَ إلٰ هَ إالَّ هللاُ َوهللاُ أَ ْكب‬،ُ‫ر‬ َ‫ُر هللَا ُ أَ ْكب‬ َ‫ُر هللَا ُ أَ ْكب‬ َ‫هللَا ُ أَ ْكب‬
Hadirin Jamaah Sholat Ied ingkang minulyo,
Kawontenane musibah ingkang ngaten meniko sampun tinakdir kaliyan Allah. Mboten perlu kita
menghakimi kesalahan, bilih meniko kesalahane tiyang sanes. Mboten perlu ‘saling
menyalahkan’, ugi mboten perlu nyalahaken dhateng keadaan. Mboten perlu nyalahaken dhateng
‘ketidakberesan’ tiyang sanes, ugi kesalahan menopo ingkang dipun tindakaken kalih pemimpin-
pemimpin kita. Monggo sami kita cekapi anggenipun nyalahaken dhateng tiyang sanes:
menghujat, mencaci kelawan alasan musibah. Kita cekapi wontene rumaos paling bener, paling
suci, lan paling ngerti.

‫ هللَا ُ أَ ْكبَ ُر َوهّٰلِل ِ ْال َح ْم ُد‬،ُ‫ الَ ٰإلهَ إالَّ هللاُ َوهللاُ أَ ْكبَر‬،ُ‫هللَا ُ أَ ْكبَ ُر هللَا ُ أَ ْكبَ ُر هللَا ُ أَ ْكبَر‬
Ma’asyirol hadirin rahimakumullah,
Kawontenan pandemi Covid-19 ngantos meniko dereng nedhahaken tanda-tanda berkurang
utawi ical. Kawontenan ingkang kados ngaten meniko ndadosaken mani’ dhateng ingkang
sampun biasa kita lampahi utawi tradisi wonten ing riyaya-riyaya sakderengipun. Kados tradisi
sungkeman, silaturahim utawi anjangsana dhateng sanak kadang, lan ugi tanggi tepalih, acara
halal bihalal, ugi tradisi ‘kupatan’.

Kranten meniko, tanpa ngirangi semangat merayakan dan memaknai Idul Fitri, kita manfaataken
kondisi kados ngaten meniko kagem taqarrub lan dhepe-dhepe dhateng ngarsane Allah, tansah
nyenyuwun dhateng Allah SWT.
Monggo, sedaya musibah meniko kita tampi kaliyah raos sabar.
Sabar dhateng napa ingkang sampun tinakdir kaliyan Allah, ugi sabar dhateng napa ingkang
sampun dipun tetapaken, dipun anjuraken lan dipun dhawuhaken kaliyan para ‘alim ulama,
saking pengurus Nahdlatul Ulama’, Majelis Ulama’, ugi Pemerintah.
Kita saget nyengkuyung dhateng sedaya ikhtiyar memutus mata rantai penyebaran lan penularan
Covid-19 meniko.
Dalam bersilaturrahim lan halal bihalal wonten ing riyaya tahun meniko, monggo kita ndherek
napa ingkang sampun dipun sepakati. Protokol kesehatan tetep kita taati.
Hadirin Jamaah Sholat Ied ingkang kawula hurmati,
Nalikane kita dipun cobi kaliyan Allah arupi wontene musibah, monggo kita tansah nampi kanthi
sabar lan mboten ngresula.
Sebab menawi saget mekaten, badhe nyukulaken raos ridho lan ni’mat. Lan perlu sanget kita
sedaya nyumerapi lan memahami, bilih musibah ingkang Allah paringaken dhateng kita sami
meniko, mboten kagem menghancurkan tiyang mukmin, ananging kagem menguji tiyang
mukmin. Kados ingkang dipun dhawuhaken kaliyan Sulthanul Auliya’ Syekh Abdul Qodir al-
Jiilani, r.a:
ِ ْ‫ض ا َوالتَّلَ ُّذ َذ * َوا ْعلَ ُم وْ ا أَ َّن ْالبَلِيَّةَ لَ ْم تَ أ‬
َ‫ت ْال ُم ْؤ ِمن‬ َ ِ‫الص ب ِْر َو ْال ُم َوافَقَ ِة * َوإِ ْن ُك ْنتَ أَ ْعلَى ِم ْن َذال‬
َ ‫ك فَال ِّر‬ َّ ِ‫ك ْالبَ ْل َوى فَا ْشتَ ِغلْ ب‬
َ ‫َوإِ ْن َجآ َء ْت‬
ُ‫لَتُ ْهلِ َكهُ * َو ِإنَّ َما اَتَ ْتهُ لِت َْختَبِ َره‬

Akhiripun, monggo kita tetap merayakan Idul Fitri meniko kanthi tetep waspada, ngati-ati lan
ndherek tatanan ingkang wonten.
Napa malih wonten Trenggalek meniko ingkang sampun Positif terkena Covid-19 sampun
wonten 5, inggih meniko Tugu, Durenan, Karangsoko, Gembleb, Pogalan, lan Gandusari.
Ikhtiyar lan donga panyuwun dhateng Allah tetep kita lampahi kanthi estu lan ikhlas.
Mugi-mugi Allah enggal nyabut Corona meniko saking bumi Indonesia, umumipun wonten alam
dunya meniko.
Sedaya tansah pinaringan sehat, slamet saking sedaya musibah. Amiin Ya Robbal ‘Alamiin.
 

You might also like