Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 10

PTS Semester Ganjil SMK Negeri 2 Surabaya

1. Brambang

Sejatine lawuh sing kita pangan saben dinane nduweni kasiyat obat, tegese kena
kanggo tamba. Kayata brambang, bawang, ketumbar, jinten, laos, lombok rawit, godhong
salam, lan sapanunggale. Bumbu pawon kasebut uga nduweni maneka werna kasiyat kang
beda-beda salah sawijine yaiku brambang kang uga nduweni kasiyat apik kanggo awak.
Brambang ngandhung antioksidan sing bisa nglawan racun lan penyakit sing mlebu awak.
Saliyane kuwi brambang ngandhung quercetin, zat sing becik kanggo ngayomi jantung.
Brambang mentah luwih becik kasiyate tinimbang sing wis diolah. Saben brambang 1
cangkir ngandhung serat lan karbohidrat cukup, vitamin C, B6, mangaan, kalsium, kalium,
fosfor, asam folat, zat besi, sulfur. Zat-zat mau becik kanggo kesehatane jantung,
ngundhakake kadhar kol.

Bumbu pawon apa wae kang bisa digunakake kanggo tamba?

a. Brambang, Jinten, Uyah


b. Jinten, Laos, Gula
c. Brambang, Laos, Ketumbar
d. Godhing salam, Terasi, Ketumbar
e. Gula, Uyah, Godhong salam

2. Brambang

Sejatine lawuh sing kita pangan saben dinane nduweni kasiyat obat, tegese kena
kanggo tamba. Kayata brambang, bawang, ketumbar, jinten, laos, lombok rawit, godhong
salam, lan sapanunggale. Bumbu pawon kasebut uga nduweni maneka werna kasiyat kang
beda-beda salah sawijine yaiku brambang kang uga nduweni kasiyat apik kanggo awak.
Brambang ngandhung antioksidan sing bisa nglawan racun lan penyakit sing mlebu awak.
Saliyane kuwi brambang ngandhung quercetin, zat sing becik kanggo ngayomi jantung.
Brambang mentah luwih becik kasiyate tinimbang sing wis diolah. Saben brambang 1
cangkir ngandhung serat lan karbohidrat cukup, vitamin C, B6, mangaan, kalsium, kalium,
fosfor, asam folat, zat besi, sulfur. Zat-zat mau becik kanggo kesehatane jantung,
ngundhakake kadhar kol.

Kasiyat saka brambang yaiku, kajaba...

a. Ngandhung antioksidan
b. Ngandhung quercetin
c. Bisa nglawan racun sing ana sanjabane awak
d. Bisa glawan penyakit sing mlebu awak
e. Bisa ngayomi jantung

3. Brambang

Sejatine lawuh sing kita pangan saben dinane nduweni kasiyat obat, tegese kena
kanggo tamba. Kayata brambang, bawang, ketumbar, jinten, laos, lombok rawit, godhong
salam, lan sapanunggale. Bumbu pawon kasebut uga nduweni maneka werna kasiyat kang
beda-beda salah sawijine yaiku brambang kang uga nduweni kasiyat apik kanggo awak.
Brambang ngandhung antioksidan sing bisa nglawan racun lan penyakit sing mlebu awak.
Saliyane kuwi brambang ngandhung quercetin, zat sing becik kanggo ngayomi jantung.
Brambang mentah luwih becik kasiyate tinimbang sing wis diolah. Saben brambang 1
cangkir ngandhung serat lan karbohidrat cukup, vitamin C, B6, mangaan, kalsium, kalium,
fosfor, asam folat, zat besi, sulfur. Zat-zat mau becik kanggo kesehatane jantung,
ngundhakake kadhar kol.

Sing ora kinandhut sajrone brambang 1 cangkir yaiku...

a. Mangaan lan kalsium


b. Kalium lan fosfor
c. Serat lan karbohidrat
d. Vitamin C lan B5
e. Zat besi lan asam folat

4. Brambang

Sejatine lawuh sing kita pangan saben dinane nduweni kasiyat obat, tegese kena
kanggo tamba. Kayata brambang, bawang, ketumbar, jinten, laos, lombok rawit, godhong
salam, lan sapanunggale. Bumbu pawon kasebut uga nduweni maneka werna kasiyat kang
beda-beda salah sawijine yaiku brambang kang uga nduweni kasiyat apik kanggo awak.
Brambang ngandhung antioksidan sing bisa nglawan racun lan penyakit sing mlebu awak.
Saliyane kuwi brambang ngandhung quercetin, zat sing becik kanggo ngayomi jantung.
Brambang mentah luwih becik kasiyate tinimbang sing wis diolah. Saben brambang 1
cangkir ngandhung serat lan karbohidrat cukup, vitamin C, B6, mangaan, kalsium, kalium,
fosfor, asam folat, zat besi, sulfur. Zat-zat mau becik kanggo kesehatane jantung,
ngundhakake kadhar kol.

Artikel ing ndhuwur kasebut kalebu jinise artikel...


a. Eksploratif
b. Eksplanatif
c. Deskriptif
d. Prediktif
e. Prespektif

5. Artikel yen kaudhal miturut strukture yaiku...

a. Judhul, isi, dudutan


b. Pambuka, masalah, dudutan
c. Judhul, dudutan, masalah
d. Pambuka, isi, masalah
e. Pambuka, isi, dudutan

6. Aku banjur melu upacara pembukaan Persami.

Ukara ing ndhuwur kasebut kasusun saka...

a. Jejer, Wasesa, Lesan, Katrangan


b. Jejer, Wasesa
c. Jejer, Wasesa, Lesan
d. Jejer, Wasesa, Katrangan
e. Jejer, Lesan, Katrangan

7. Artikel sing ngandharake kanyatan-kanyatan miturut panalarane panulis kalebu Artikel...

a. Prediktif
b. Eksplanatif
c. Deskriptif
d. Eksploratif
e. Prespektif

8. Ing tanggal 15 Agustus 2015 onok kegiatan Persami ing sekolahku.


Saka ukara ing ndhuwur coba dikoreksi supaya bisa dadi ukara kang pener.

a. Ing tanggal 15 Agustus 2015 onok kegiyatan Persami ing sekolahku.


b. Ing tanggal 15 Agustus 2015 ana kegiatan Persami ing sekolahku.
c. Ing tanggal 15 Agustus 2015 ana kegiyatan Persami ing sekolahku.
d. Ing tanggal 15 agustus 2015 onok kegiatan Persami ing sekolahku.
e. Ing tanggal 15 agustus 2015 ana kegiatan Persami ing sekolahku.

9. Aku budal jam 12.00 menyang sekolahan, teko kono aku terus nggoleki konco-konco.

Tulisan sing kacithak miring coba benerna!

a. Budhal, teko, konco-kanca


b. Bhudal, theko, kanca-kanca
c. Budhal, teka, kanca-kanca
d. Budhal, theka, kanca-kanca
e. Bhudhal, teka, kanca-kanca

10. Sing kalebu salah sawijining jinising wayang yaiku...kajaba

a. Wayang Purwa
b. Wayang Beber
c. Wayang Wong
d. Wayang Golek
e. Wayang Kewan

11. Perangane teks wayang miturut struktur generik utrut-urutane carita yaiku...

a. Pambuka (orientasi), Pasulayan (komplikasi), pangudharing prakara, panutup


b. Orientasi, isi, panutup
c. Orientasi, komplikasi, panutup
d. Orientasi, resolusi, panutup
e. Komplikasi, orientasi, resolusi, panutup
12. Wayang sing digawe saka kayu gepeng, lan nyritakake Damarwulan, minakjingga, lan
sapiturute kalebu jinising wayang...

a. Wayang Kancil
b. Wayang Golek
c. Wayang Krucil
d. Wayang Kulit
e. Wayang Beber

13. Sing kalebu dasanama saka wayang Arjuna yaiku...

a. Puntadewa
b. Janaka
c. Werkudara
d. Gandarisuta
e. Bayusuta

14. Werkudara nduweni gaman utawa pusaka sing digawe mungkasi Duryudana ing perang
bharatayuda, gaman kasebut diarani...

a. Panah Pasopati
b. Gada Rujakpala
c. Caping Basunandha
d. Keris Pulanggeni
e. Panah Merdaging

15. Ramane pandhawa iku asmane...

a. Destrarastra
b. Duryudana
c. Sengkuni
d. Bhisma
e. Pandhu
16. Asmane ibu saka Raden Arjuna yaiku...

a. Pancali
b. Drupadi
c. Gandari
d. Kunthi
e. Madrim

17. Sapa asmane garwane pandhawa?

a. Drupadi
b. Dursala
c. Dursilawati
d. Ambika
e. Ambalika

18. Mas Jono, buku titipan panjenengan sampun kula caosaken dhateng Mbak Sulis.

Ukara kang kacithak kandel kasebut tegese...

a. Diwenehake
b. Dijupukake
c. Disuwunake
d. Dideleh
e. Dititipake

19. Dipta, koran iki dipunwenehake Pakdhe Jaka dhisik, mengko yen uwis diteruske maneh
sinaune.

Ukara ing ndhuwur kasebut kang kacithak kandel coba owahana supaya bisa dadi ukara kang
trep.

a. Diwenehake
b. Diaturake
c. Dipunaturake
d. Disukakake
e. Dipunsukakaken

20. Ukara ing ngisor iki kang kalebu ukara krama alus yaiku...

a. Wingi aku arep dolan menyang Telaga Sarangan


b. Winginane kula badhe dolan menyang Telaga sarangan
c. Kalawingi aku arep dolan dhateng Telaga Sarangan
d. Kalawingi kula badhe dolan dhateng Telaga Sarangan
e. Kalawingi kula arep dolan menyang Telaga Sarangan

21. Karangan nyata kang komplit digawe kanggo diwartakake (liwat koran, majalah, buletin
lan liya-liyane) kang nduweni tujuwan kanggo nyampekake gagasan lan fakta kang bisa
ndadekake wong bisa yakin utawa percaya, menehi piwulang utawa menehi panglipur
diarani...

a. Artikel
b. Cerkak
c. Geguritan
d. Reportase
e. Drama

22. Panulisane artikel manawa kaudhal manut strukture yaiku...


a. Isi, masalah, masalah
b. Isi, masalah, dudutan
c. Pambuka, masalah, panutup
d. Pambuka, isi, dudutan
e. Pambuka, isi, masalah

23. Artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing masarakat, saengga bisa
disumurupi apa sing satemene dumadi. Jinis iki memper kaya lapuran utawa reportase,
bedane yen lapuran mung adhedhasar kasunyatan bae, yen artikel panulisane nerangake
masalah kanthi gamblang bisa awujud opini iki diarani jinis artikel....
a. Eksploratif
b. Eksplanatif
c. Deskriptif
d. Prediktif
e. Preskriptif

24. Artikel bisa diartekake tulisan kang isine...


a. Imajinasi, lan fantasi
b. Brita utawa reportase
c. Panemu, ide utawa fakta
d. Lelucon kang nglipur
e. Tulisan runtut saka panulis

25. Tata cara nganalisi teks artikel bisa kanthi urutan. Ora kalebu tata cara nganalisis teks
artikel yaiku...
a. Irah-irahan
b. Asmane panulis
c. Medhia sing digunakake
d. Swasana
e. Wirasa

26. TNI Angkatan Udara, Senen (18/7) ngeculake Helikopter Mi-8 Rusia sing ditahan patang
dina suwene ana Bandar Udara Hasanuddin Makasar. Komandan TNI AU Hasanuddin,
Marsekal Pertama Edy Suyanto ngandharake, Helikopter Rusia kang ngangkut bantuan
pangan kanggo pengungsi Aceh kasebut wis oleh idin mabur lan dililani nerusake laku.
Gagasan pokok paragraf kasebut yaiku ….
a. Komandan TNI AU Hasanuddin menehi palilah Helikopter Rusia nerusake laku.
b. Bandar Udara Hasanuddin nahan pilot Helikopter Mi-8 Rusia.
c. Helikopter Mi-8 Rusia nggawa bantuan pangan.
d. Pilot Helikopter Mi-8 Rusia entuk nerusake laku maneh.
e. Helikopter Mi-8 Rusia ditahan patang dina.

27.
Banjir

Ora kanyana babar blas, nalika pamrintah lagi repot ngadhepi pemilu legislatif 9
april 2009, ing tlatah Kabupaten Tangerang, propinsi Banten ana kedadeyan banjir
bandhang amarga dhadhale bendungan Situ Gintung. Dumadine ing dina Jemuwah
tanggal 27 Maret 2009 ing wayah esuk, nalika wong-wong isih padha turu. Tembung
Situ iku saemper karo wadhuk, kang sabanjure dibendung. Dene Gintung iku jenenge
panggonan utawa desa. Wadhuk kang mapan ing Desa Gintung iku banjur nemaho
dhadhal lan sabanjure ngelebi lan nerak omah-omah sing mapan ing sangisore
bendungan. Wis bisa dipesthekake omah-omah dadi rusak bosah-baseh, ajur mumur
kagawa banjir bandhang. Malah sing nemahi tiwas luwih saka 100 wong. Durung maneh
sing padha ilang lan kelangan sedulur, kanca, omah, lan bandha liya-liyane.
Pawarta kang kaya mangkono mau mesthi wae enggal sumebar ing saindhenging
donya, ora mung tlatah Indonesia thok. Akeh sing padha trenyuh sabanjure padha melu
tetulung, menehi barang-barang awujud sandhang, pangan, tenaga lan liyane.
Babagan kang dirembug ing artikel kasebut, yaiku...
a. Pemilu legislatif
b. Wadhuk Situ Gintung
c. Omah rusak
d. Korban banjir
e. Banjir bandhang

28. Lumrahe artikel iku sinebar liwat...


a. Banner ing dhalan-dhalan
b. Medhia massa online lan offline
c. Instagram lan facebook
d. Giyaran-giyaran ing radhio
e. Wangsulan a,b,c bener

29. Predhiksi asil tetandhingan voly nasional iku diungkapake sajrone artikel...
a. Naratif
b. Eksposisi
c. Dheskriptif
d. Predhiktif
e. Preskriptif

30. Panulise artikel kudu migatekake isine...


a. Irah-irahan
b. Pambuka
c. Isi
d. Dudutan
e. Gagasan

31. Urut-urutan damel seratan ingkang leres inggih menika ….


a. Irah-irahan, cengkorongan, tema, bahan, mekaraken cengkorongan
b. Tema, irah-irahan, bahan, cengkorongan, mekaraken cengkorongan
c. Cengkorongan, tema, bahan, mekaraken cengkorongan, irah-irahan
d. Tema, bahan, cengkorongan, mekaraken cengkorongan, irah-irahan
e. Irah-irahan, tema, bahan, cengkorongan, mekaraken cengkorongan

32. Tokoh kesenian Kuswadji Kawindro Susanto duwe pamawas, yen asale kethoprak saka
jenenge alat tetanen kang diarani ‘Thiprak’, kang unine : “Prak, prak, prak ….”
Tembung pamawas ing ndhuwur padha tegese karo tembung ….
a.pikiran
b. panemu
c.panggagas
d. panganggit
e.pamrayoga

33. Wayang saka lan sumbering crita ana Nagara Tiongkok yaiku wayang...
a. Wahyu
b. Titi
c. Wong
d. Potehi
e. Suluh

34. Raden Werkudara duwe pusaka arane...


a. Panah
b. Keris
c. Ari-ari
d. Pusaka
e. Kuku Pancanaka
35. Kakawin Ramayana wujude tembang...
a. Dolanan
b. Alit
c. Tengahan
d. Kuna
e. Gedhe

36. Miturut teori struktur generik, sawijining teks carita wayang, bisa kapilah saka perangan-
peranganing teks mau, kaya dene sakehing crita tradhisi liyane. Perangan mau dumadi
saka:
a. Orientasi – koda – resolusi – komplikasi
b. Komplikasi – resolusi – koda – revolusi
c. Resolusi – orientasi – koda – resolusi
d. Orientasi – komplikasi – resolusi – koda
e. Revolusi – komplikasi – koda – orientasi

37. Pamungkasane pasulayan utawa dredah jrone crita, ing struktur teks lakon diarani…..
a. Orientasi
b. Komplikasi
c. Resolusi
d. Koda
e. Revolusi

38. Perangan wiwitane carita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit
tumuju carita sabanjure, ing struktur teks lakon diarani…
a. Orientasi
b. Komplikasi
c. Resolusi
d. Koda
e. Revolusi

39. Dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur generik
teks carita wayang, diarani……….
a. Orientasi
b. Komplikasi
c. Resolusi
d. Koda
e. Revolusi

40. Panintinge dudutan dening para pamaca utawa pamiyarsa…..


a. Orientasi
b. Komplikasi
c. Resolusi
d. Koda
e. Revolusi

You might also like