Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 6

www.alangalangkumitir.wordpress.

com 1
oleh : Mas Kumitir

BABAD ALAS NANGKA DHOYONG


Babad Crita Lesan
Babad Alas Nangka Dhoyong ;
Dumadine Kutha ‘Wonosari’

Wiwitaning carita ing wewengkon Sumingkar (saikine wilayah


Sambi Pitu, Gunungkidul). Sumingkar iki miturut gotheking
crita iki minangka Kutha Praja   Kabupaten Gunungkidul wektu
iku; rikala Sultan Hamengkubuwana I madeg ratu ing Kraton
Ngayogyakarta. Sumingkar cedhak karo tembung ‘sumingkir’.
Mirid saka kahanan lan sejarahe masyarakat sakiwatengen
Sambi Pitu, wong-wong ing wewengkon iki minangka playon
saka Majapahit, wong-wong kang ‘sumingkir’ ing alas
Gunungkidul biyene. Crita lesane wong-wong kana nerangake
manawa Brawijaya pungkasan keplayu tekan alas Gunungkidul,
ngulandara ing sawetara papan lan mbukaki alas-alas dumadi
desa-desa sarta ninggalake maneka kabudayan. Brawijaya
pungkasan moksa ing Guwa Bribin, Semanu, jalaran rikala
disuwun malik ngrasuk Islam dening Sunan Kalijaga ora kersa.
Kaya dene masyarakat kang sumebar manggon luwih dhisik ing
Rongkop, Semanu, Karangmojo, Ngawen, Nglipar, Sambi Pitu,
saperangan Pathuk, uga Panggang, wong-wong iki wis
dumunung ing sajembaring alas Gunungkidul sadurunge
kedaden Palihan Nagari (Prajanjen Giyanti) ing Surakarta.
Kabukti kanthi ananing maneka warna kabudayan kang gregete
nuduhake semangat Jawa Asli-Hindhu-Buda-praIslam, kaya ta:
tledhek, rasulan, cing nggoling, babad alas, reyog, petilasan
Hindhu, petilasan Buda, lsp. kang tansah diuri-uri tekane saiki.
Crita iki uga minangka bukti stereotip ‘babad’ kaya kang
dumadi ing desantaraning pulo Jawa lumrahe; kepara ing nusa-
antara.

Ing Sumingkar Adipati Wiranagara madeg dadi adipati.


Piyambake kagungan garwa cacahe loro, sing siji wanita
Sumingkar, sing siji garwa triman saka Sultan. Ateges, garwa
sing siji saka kraton Ngayogyakarta. Wus dadi kalumrahan yen
para adipati pikantuk bebungah awujud apa wae saka ratune,
bisa kalungguhan, kalebu garwa triman. Angkahe warna-warna:
kanggo lintu tandang gawe, kanggo nerusake trahing kusuma,
minangka tandha panguwasaning raja utawa kosok balene;
teluke panggedhe ing dhaerah-dhaerah marang Nagaragung.
Duk semana, rikala Adipati Wiranagara sowan ing Kraton
Ngayogyakarta, piyambake oleh prentah saka Kanjeng Sultan

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com 2
oleh : Mas Kumitir

supaya mindhah Kutha Praja Kabupaten Gunungkidul wektu


iku kang dumunung ing Sumingkar (Sambi Pitu) menyang Alas
Nangka Dhoyong, kang penere ing Kutha Praja Kabupaten
Gunungkidul ing wektu iki. Kutha praja kabupaten
Gunungkidul prelu dipindhah amarga miturut tata jagading
keblat papat, kurang pener manengah. Dadi, rinasa dening
Sultan kurang mangaribawani tumrap wewengkon kabupaten
Gunungkidul liyane. Mangkono alesan ing crita rakyat
dikandhakake. Sawuse kondur saka Kraton Ngayogyakarta,
Adipati Wiranagara nimbali kabeh pangembating praja ing
Sumingkar supaya sowan ing pendhapa kabupaten.

Demang Wanapawira, yaiku Demang Piyaman (wilayah Piyaman


tekane Nglipar saiki), durung katon sowan ing pendhapa
kabupaten. Para pangembating praja padha duwe beda
penggalihan babagan durung sowane Demang Wanapawira.
Wekasane, Demang Wanapawira tumeka sowan. Rangga
Puspawilaga, sawijining rangga asal Siraman, matur marang
Adipati Wiranagara supaya Demang Wanapawira diparingi
ukuman marga telat anggone sowan. Rangga siji iki pancen
wong kang gumunggung, seneng tumindak culika. Ananging
usul mau ora ditanduki dening Sang Adipati. Adipati
Wiranagara paring dhawuh marang Demang Wanapawira
supaya ngayahi jejibahan mbabad Alas Nangka Dhoyong kanggo
mangun kutha praja Kabupaten Gunungkidul, kaya dene kang
tinitahake Sultan Hamengkubuwana. Demang Wanapawira
siyaga mundhi dhawuh. Rangga Puspawilaga ora sarujuk yen
Demang Wanapawira kang pinilih ngemban titahe Sultan iku.
Angkahe, dheweke kang madeg duta. Rangga Puspawilaga
ndhisiki metu saka pasewakan marga ora narima kahanan iku.

Ing kademangan Piyaman, cinarita ana sawijining perewangan


kanthi nama Mbok Nitisari, kawentar jejuluk Nyi Niti. Nyi Niti
dimangerteni dening wong-wong ing sakiwatengening Piyaman,
kepara ing sawetara wewengkon Gunungkidul wektu iku,
minangka perewangan; wong kang linuwih, mligine gayut karo
roh alus lan lelembat. Nyi Niti duwe garwa inaran Ki Niti. Nyi
Niti satemene mbakyune Demang Wanapawira. Nyi Niti lan
Demang Wanapawira iki kalebu keturunane wong-wong playon
saka Majapahit jaman semana. Tekane Piyaman, Demang
Wanapawira marahake babagan apa kang tinitahake marang
piyambake: mbukak Alas Nangka Dhoyong didadekake kutha
praja. Demang Wanapawira nyuwun pretimbangan marang
kangmboke. Satemene, sawuse ngrungu titah iku Mbok Niti
rumangsa yen iku titah kang abot sanggane. Sakehing wong

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com 3
oleh : Mas Kumitir

kang dumunung ing wewengkon Gunungkidul wektu iku wus


priksa yen Alas Nangka Dhoyong iku alas kang gawat kaliwat,
punjere jim lelembut, lan omahe dhanyang Nyi Gadhung Mlathi.
Nanging, Mbok Niti saguh nyengkuyung lan ngrewangi Demang
Wanapawira. Mbok Niti ndhawuhi Demang Wanapawira:
sadurunge ngayahi babad alas supaya nglakoni sesuci lan
ngadani slametan. Upacara iki syarat kang wus ditindakake
para leluwure kawit biyen lan minangka sarana supaya
manungsa bisa nyawiji lan nguwasani alam, kalebu roh-roh
kang manggon ing alas wingit Nangka Dhoyong. Dene Nyi Niti
bakal nyoba ‘rembugan’ karo Nyi Gadhung Mlathi; dhanyange
Alas Nangka Dhoyong!

Demang Wanapawira, dirowangi Nyi Niti, semadi ing sangisoring


wit ringin putih kang eyub, yaiku wit ringin kang mapan ing
tengahing Alas Nangka Dhoyong. Nyi Gadhung Mlathi mapan
ing wit iku (dhanyang panguwasa Alas Nangka Dhoyong).
Demang Wanapawira lan Nyi Niti wus rila yen mengkone
dimangsa Nyi Gadhung Mlathi  uger titah mbukak alas dadi
kutha praja bisa kasembadan. Ana sawenehing banaspati kang
ngreridhu Demang Wanapawira lan Nyi Niti kang lagi samadi,
nanging bisa ditelukake. Nyi Gadhung Mlati marani saklorone.
Dumadi peperangan rame antarane Nyi Gadhung Mlathi lan Nyi
Niti. Marga ora ana kang kasoran, mula padha ngadani
pirembagan.  Nyi Gadhung Mlati menehi palilah alase bisa
dibukak didadekke kutha praja kanthi sarat: digawekke sajen
Mahesa Lawung. Uwit panggone Nyi Gadhung Mlathi ora
pikantuk ditegor lan Gadhung Mlati diwenehi panguripan
dumadi dhanyang penunggu; yaiku roh kang njaga masyarakat
mengkone. Nanging, Nyi Gadhung Mlati njaluk supaya
digawekke sesajen saben taune minangka wujud panjagane
masyarakat sing bakal ngenggoni alas iku mengkone. Nyi Niti
nyarujuki panjaluke Nyi Gadhung Mlathi. Dene Nyi Gadhung
Mlathi banjur mrentah para lelembut supaya nyengkuyung
ngewangi pagawean mbukak alas supaya gancar anggone
nandangi.

Sawuse nyekel rembug karo Gadhung Mlathi, Demang


Wanapawira sowan ing ngarsane Adipati Wiranegara kanggo
nyuwun panyengkuyung manawa enggal dilaksanakake babad
alas. Demang Wanapawira lan Nyi Niti ngumpulke rakyat
Piyaman lan sakiwatengene banjur gawe sesajen. Rakyat Paliyan
dicritakake uga melu ngrewangi mbabad alas. Dene masyarakat
Paliyan rewang-rewang mbabad alas iki marga wus kulina
ngayahi mbabad alas; yaiku mbabad Alas Giring rikala semana,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com 4
oleh : Mas Kumitir

sadurunge adage Kraton Mataram. Rakyat Piyaman lan Paliyan


gotong-royong mbukak alas. Rangga Puspawilaga rumangsa
lingsem lan meri marang tandang gawene Wanapawira.
Pakaryan mbabad Alas Nangka Dhoyong rampung. Alas wus
dumadi kutha praja. Demang Wanapawira kasil ngayahi titahing
ratu lan nunggu bebungah saka Sultane.

Pasar dibukak dening Adipati Wiranegara kanggo ngembangake


lan ngrembakakake ajuning kutha. Pasar Nangka Dhoyong,
tengere pasar iku, mapan ing wilayah Seneng lan minangka
pasar kang rame banget. Adipati Wiranegara ngalembana
Wanapawira kang bisa malik alas gung mijil kutha. Kacarita,
ana sawijining putri saka Kepanjen Semanu (putra-putrine Panji
Harjadipura) aran Rara Sudarmi ditutake Mbok Tuminah teka
ing Pasar Seneng. Angkahe Sang Putri kanggo nonton lan
ngrasakake kahanan pasar anyar kang lagi wae dibukak.
Tekane Rara sudarmi ing Pasar Seneng bareng karo jumedhule
Puspayuda, putrane Rangga Puspawilaga. Weruh Rara Sudarmi,
Puspayuda rena marang dheweke. Puspayuda banjur nggodha
Rara Sudarmi. Rara Sudarmi ora sudi. Banjur, dumadi padudon
rame. Demang Wanapawira kang kepeneran uga ana ing Pasar
Seneng ngleremke loro-lorone. Kaya dene Puspayuda,
mangerteni Rara Sudarmi kang sulistya, ing manahe Demang
Wanapawira sajatine uga tuwuh rasa tresna marang Rara
Sudarmi. Puspayuda banget murkane marang Demang
Wanapawira. Puspayuda ngelek-elek lan nantang Demang
Wanapawira. Ananging ora dumadi pasulayan. Demang
Wanapawira nglilih Rara Sudarmi lan Mbok Tuminah supaya
enggal sumingkir saka pasar. Dene Puspayuda bali ing Siraman,
banjur matur marang bapane: nyuwun supaya dilamarake Rara
Sudarmi ing Kepanjen Semanu.

Rara Sudarmi lan Mbok Tuminah mampir ing daleme Nyi Niti.
Ing crita iki diterangake yen Nyi Niti iku satemene isih kaprenah
sadulur karo Rara Sudarmi, yaiku sadulur adoh saka ramane,
Panji Harjadipura. Rara Sudarmi nyuwun pitulungan marang Ki
Niti lan Nyi Niti prakara kang lagi wae ditemahi ing Pasar
Seneng: dheweke bakal dicidrani Puspayuda, putrane Rangga
Puspawilaga. Ora watara suwe, Demang Wanapawira tumekeng
kana lan tansaya gedhe krentege marang Rara Sudarmi  meruhi
Rara Sudarmi prapta ing omahe mbakyune. Ing jroning manah,
Demang Wanapawira ngersakke Rara Sudarmi. Candhaking
pangangkah, kanyata Mbok Nitisari njodhokake Demang
Wanapawira klawan Rara Sudarmi. Cekaking carita, Demang

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com 5
oleh : Mas Kumitir

Wanapawira lan Rara Sudarmi  padha prajanji disekseni Ki Niti


dan Mbok Nitisari.

Rangga Harjadipura ing Kepanjen Semanu nampa praptane


Rangga Puspawilaga kang duwe maksud nglamar Rara Sudarmi
kanggo putrane, Puspayuda. Panji Harjadipura nulak kanthi
alus marga akeh pawongan wus nglamar Rara Sudarmi.
Praptane Puspawilaga kesaru tekane Demang Wanapawira, Ki
Niti, lan Mbok Niti kang tindak Semanu kanggo ndherekke Rara
Sudarmi lan Mbok Tuminah. Mrangguli kasunyatan iku Rangga
Puspawilaga ngelek-elek lan murka marang Demang
Wanapawira: geneya Demang Wanapawira tansah munggel
pangangkahe. Rangga Puspawilaga banjur oncat saka Semanu.
Sawuse Panji Harjadipura diaturi kedadeyan kang ditemahi
Rara Sudarmi, piyambake nyrengeni putrane marga ora pantes
lan ngisinake sawijining putri panji lelungan ing pasar tanpa
lilah. Ananging, Mbok Tuminah lan Demang Wanapawira
nyritakake kedadeyan sanyatane lan wewatekane Puspayuda
marang Panji Harjadipura. Saengga, Harjadipura lerem dukane.

Wewangunan ing Kutha Praja tilase Alas Nangka Dhoyong


tansaya akeh, rame, lan ngancik rampung. Sanajan mangkono,
marga rasa kuciwane kang rumangsa tansah dialang-alangi
Wanapawira, Rangga Puspawilaga ngirim ‘para jago’ sarta
sakehing bala kanggo merjaya Demang Wanapawira apa dene
Nyi Niti. Upaya iku tansah ora kasil. Mriksani lan mireng
trekahe Rangga Puspawilaga kang kaya mangkono, Adipati
Wiranegara ngawasi tindak-tanduke Rangga Puspawilaga.
Samantara, Kutha Praja wus dumadi lan bakal diresmekake
dening Sultan Hamengkubuwana I. Kanggo mahargya
acara,Panji Harjadipura usul diadani sayembara njemparing,
kanggo golek jodho tumrape Rara Sudarmi, uger akeh para
punggawa sarta pawongan kang nglamar Rara Sudarmi.
Sayembara njemparing bakal kaleksanan kanggo ngramekake
peresmian kutha praja Gunungkidul kang anyar.

Adipati Wiranegara sepisan maneh ngalembana Demang


Wanapawira marga bisa mangun kutha praja kang asri lan
endah. Adipati Wiranegara nglapurake karyane Demang
Wanapawira marang Sultan Hamengkubuwana lumantar Patih
Danureja. Alas Nangka Dhoyong malih dadi kutha kang asri.
Rakyat padha remen lan muji Demang Wanapawira. Mangerteni
kahanan iki, Rangga Puspawilaga panas tambah panas atine lan
irine. Marga wus peteng pikire, Rangga Puspawilaga minta sraya
Maling Aguna (sawijining tokoh saka wewengkon Bantul) lan

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com 6
oleh : Mas Kumitir

sagrombolan jago liyane supaya merjaya Adipati Wiranegara,


Demang Wanapawira, Nyi Niti, lan Panji Harjadipura kanthi
maksud madeg Adipati Gunungkidul lan musna kabeh wong-
wong kang dianggep mungsuh. Panji Harjadipura meruhi
rencana ala iku banjur lapuran marang Patih Danureja. Patih
Danureja ngutus Raden Mas Baskara kanggo nggulung
komplotane Puspawilaga.

Peresmian kutha kabupaten ing tilase Alas Nangka Dhoyong


kalaksanan. Sadurunge gawe ontran-ontran, Maling Aguna lan
balane ditangkep. Sayembara njemparing kawiwitan.
Puspawilaga melu sayembara. Demang Wanapawira menang ing
sayembara. Sultan Hamengkubuwana I maringi tetenger Kutha
Nangka Dhoyong kanthi njupuk nama saka ‘Wanapawira’
digabungke nama ‘Nitisari’, dumadi ‘Wanasari’. Saiki lumrah
kaserat ‘Wonosari’. Ana maneh sawetara panemu yen nama
kutha praja Gunungkidul kang dumadi saka mbabad alas iki
asal saka ‘Wana’ kang ateges ‘alas’, lan tembung ‘asri’ kang
marga gotheking pocapan dadi ‘sari’ ateges ‘endah’. Minangka
sesulih, Demang Wanapawira diangkat dadi adipati kanthi gelar
Adipati Wiranegara II. Panji Harjadipura diangkat dadi patih
panitipraja Kabupaten Gunungkidul. Ing wekasan, Wanapawira
lan Rara Sudarmi nyawiji. Mangkono Wanapawira, (‘Wana’
memper ‘wono’ ateges ‘alas’, ‘pawira’ ateges ‘wong lanang-kendel-
prajurit’)], bisa ‘mbabad’ samubarang kadurakan kang ana ing
sakiwatengene, kepara kang tumanem jero ing manahe, dhewe.
Yaiku ‘alas rowe’ ing atine. Tamtu wae sinengkuyung ‘ngelmu’
lan ‘sadulur’ kang bisa ndadekake piyambake ‘tukang babad’,
kang satemene.

Sumber crita iki saka crita lesan (waca: crita rakyat) kang
‘sawetara’ isih ngrembaka ing wewengkon Gunungkidul sisih
lor-kulon. Katuturake dening Sastra Suwarna, mantan Kadhus
Piyaman I-Gunungkidul, kanthi owah-owahan kang rinasa prelu
kanggo panulisan. Ana maneh sawetara carangan kang ‘uga’ isih
ngrembaka ing wewengkon Karangmojo-Ponjong-Semanu
babagan dumadine Kutha Wonosari Kabupaten Gunungkidul;
kang surasane rada beda ‘kepentingan’ karo crita lesan versi iki.
Utawa versi babad sing ateges ‘buku, naskah’, kang ‘sumimpen
rapet’ ing jeroning Kraton Ngayogyakarta.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

You might also like