Sesorah Mahe

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Salam Sejahtera kagem kita sedaya

Kawilujengan saha kabagaswarasan mugya tansah kajiwa kasarira


dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula.
Ingkang satuhu kinurmatan, Kepala Dinas Pendidikan dan Olah Raga Kota
Ngayogyakarta, Bapak/ibu juri ingkang bagya mulya.
Saderengipun sumangga kula dherekaken monjukaken puja-puji syukur
wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan saha rahmat,
satemah ing wekdal menika kula panjenengan saged kempal ing papan
kalenggahan menika saperlu mbabaraken materi “Pambudidaya Memetri Aksara
Jawa”.
Bapak ibu para rawuh ingkang dahat kinurmatan,
Budaya jawa iku pranataning uripe wong Jawa nuju kasampurnan jalma
manungsa. Pranatan menika ngadahi arti yaiku pagerten lan cara, bilih pagerten
menika nuduhake sapa tha sejatine manungsa iku, jejr lan kewajibane. Kebudayan
Jawa menika kabudayan sing dianut Masyarakat Jawa sing ngutamakake
kesemimbagan, keselarasan lan keserasian.

Ing jaman sakiki yaiku jaman era globalisasi lan milenial, dampak kagem ing
era globalisasi lan generasi melenial, salah sijining kabudayan asing mlebet wonten
tengah-tengah budaya Jawa, katha para mudha-mudhi sing sampun terjerumus
budaya asing, ing jaman sak menika katha para mudha-mudi sampun mboten
magertosi budayane piyambak-piyambak ipun utaminupu budaya Jawa, saking bab-
bak kang alit, para mudha mudi iki mboten natih migunake basa Jawa kagem
komunikasi ing masyarakat umum, lantaran katha faktor ingkang dhados para muda
mudi mboten saget migunakaken Basa Jawa krama utawa ngoko yaiku salah
setunggale: lingsem/isin, ajrih, lan sakpanugalanipun, napa malih ngenani babagan
Aksara Jawa Katah para nem-neman padha mboten magertosi Aksajar Jawa
Mboten saget nyerat aksara Jawa mboten apal aksara Jawa, punapa malih ing
jamas sakmenika mudha-mudhi sampun mboten nathi maos napa malih nyerat
aksara Jawa, pemahaman ngenani babagan aksara Jawa inggih kirang, mila aksara
Jawa kiran menarik pengalih kagem mudha-mudhi amargi wonten ing pergaulan ing
lingkungan mudha-mudhi mboten natih digunaken utawa didiskusekake, kearifan
lokal dados senjata ampuh kagem ngangkat drajatipun budaya jawa. Lajeng sinten
ingkan nguri-nguri kabudayan Jawa, menawi generasi mudha mboten wonteng sing
nerusaken.
Kabudayaan Jawi ingkang adiluhung saged dadosaken modal kangge
bangun jatidiri lan karakter tyang-tyang Jawi. Ing kota Ngyogyakarta saget kangge
wadah muda-mudi kagem ngembangaken budaya Jawa ing Nagari Indonesia.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur awit
saking kiranging seserepan kula ngengingi basa, sastra saha subasita, kula nyuwun
sih samudra pangaksami. Nuwun.
Wassalamualaikaum Wr. Wb.

You might also like