Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 3

Wulangan 3

Sumber : https://www. kisah-motivasi.com

Indhustri lan Pertanian


1. Wawancara.
Wawancara (interview) yaiku sarana kanggo golek pawarta (informasi) ngenani sawijining
bab kanthi cara omong-omongan karo wong kang bisa menehi pawarta mau.
Wong kang bisa menehi pawarta (narasumber) biasane yaiku wong sing dianggep ahli
sakjroning bidang khusus utawa wong sing dianggep ngaweruhi perkara khusus. Anane wong
kang bisa menehi pawarta (narasumber) sing ahli bisa menehi informasi sing apik lan valid
sing dikarepake wong sing ngajukake pitakon.
Sakdurunge kowe nglakoni wawancara, kowe kudu ngerteni tata carane sing kudu digatekake.
Ngerteni tata cara wawancara salah sijine proses kawitan supaya bisa mlaku apik.

2. Jinise Wawancara
Jinise wawancara kaya ngisor iki.
1. Wawancara babas yaiku wawancara sing sawatara apa sing ditakonake ora disusun utawa
disiyapake luwih disik.
2. Wawancara kapimpin yaiku wawancara sing sawatara apa sing ditakonake wis disusun
luwih disik.
3. Wawancara tinarbuka yaiku wawancara sing ora winates utawa ora kaiket.
4. Wawancara katutup yaiku wawancara sing balesane winates utawa kaiket.
5. Wawancara individual yaiku wawancara sing ditindake dening sawijine pewawancara
klawan sawijine informan.
6. Wawancara kelompok yaiku wawancara sing ditindakake dening sawetara wong
(kelompok) ing sajroning wektu bebarengan.

3. Tujuane Wawancara
Tujuane wawancara kaya ing ngisor iki:
1. Golek warta,
2. Golek informasi,
3. Golek katrangan ngenani sawenehe bab kanggo kaperluan tartamtu.

4. Struktur Teks Wawancara


Struktur teks wawancara kapilah ana (3) telu, yaiku :
1. Dhefinisi Umum yaiku bagian pambuka ing teks wawancara kang isine arupa pangertene
perkara kang arep dirembug.
2. Dhefinisi Bagean yaiku bagian teks wawancara kang isine arupa bab-bab kang luwih
khusus perkara kang dirembug.
3. Dhefinisi Manfaat yaiku bagian teks wawancara kang isine ngenani manfaate perkara kang
dirembug.

5. Identifikasi Unsur Basa Sajerone Laporan Saka Asil Wawancara


Sejatine pawarta sing ditulis dening para wartawan ana ing kalawerti utawa ariwati iku
uga hasile saka wawancara karo narasumber. Sing diarani pawarta yaiku kedadeyan ana ing
madyaning bebrayan sing dicritakake mane sajerone basa lisan utawa tulis lan kadang ana
gambar kanggo nguatake pawarta kasebut. Lumrahe syarate pawarta sing jangkep iku kudu ana
limang pitakonan, yaiku : apa, sapa, kapan, ing ngendi, lan kepriye, lan geneya.
Unsur 5W lan 1H ing teks wawancara:
1. What, tegese apa. Tembung apa gunane kanggo nakokake barang.
2. Who, tegese sapa. Tembung sapa gunane kanggo nakokake wong.
3. Why, tegese geneya. Tembung geneya, kadhang uga dianggo tembung kena apa,
nyangapa gunane kanggo nakokake alasan.
4. When, tegese kapan. Tembung kapan gunane kanggo nakokake wayah utawa wektu.
5. Where, tegese ing endi. Tembung ing endi gunane kanggo nakokake papan panggonan.
6. How, tegese kepriye. Tembung kepriye gunane kanggo nakokake cara.

6. Nyusun Pedoman Kanggo Wawancara


Bab-bab kang kudu digatekake ing sajerone wawancara yaiku :
1. Netepake topik wawancara
2. Netepake wong sing arep diwawancarai
3. Nyusun pitakon-pitakon sing urut.
4. Netepake kanthi premati dina lan jam nindakake wawancara kang wis disepakati.
5. Sajerone nindakake wawancara, kudu:
a. Fasilitas utawa piranti kanggo wawancara wis sumadya, kayata : buku cathetan, tape
recorder, kamera, lsp.
b. Sopan lan ngurmati marang narasumber (wong kang kita wawancarai).
c. Njaga supaya ora dadi engkel-engkelan, jalaran kang wigati nakokake samubarang
kang durung dimangerteni.
d. Apa kang diomongake narasumber iku kang kita kutip.
e. Nyusun asile wawancara awujud nyusun laporan asil wawancara kasebut.

7. Kawruh Paramasastra
A. Sanepa
Sanepa yaiku unen-unen sing ngemu teges kosok balen.
Gatekna ukara ing ngisor iki!
a. Bocah kuwi lara muntaber kanthi abang dluwang.
b. Jlatrene roti kuwi agal glepung.
abang dluwang lan agal glepung ing ukara ing dhuwur kalebu tuladhane sanepa.
~ Tegese abang dluwang yaiku putih/pucet banget
~ Tegese agal glepung lumer banget.

B. Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen awujud cangkriman dikantheni batangan/jawabane pisan,
sanajan batangan mau among nyrempet bae
Tuladha :
~ Wah, kok njanur gunung
(janur gunung = aren, dadi kadingaren)

You might also like