Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

TIMUN MAS

“Ing sawijining desa, urip sakpasang wong tua sing pingin due anak nanging ora iso due anak amerga wong
lanang e loro. Sabendinane deweke dunga ing Maha Kuasa supaya due anak. Ing tengah wengi Mbah Lanang
ngimpi yen ditekani karo Buto sing ngongkon deweke lunga menyang alas.”
Mbah Lanang :  Mbok iku mang aku mimpi, nanging iku koyok tenan banget. Aku nganti ora percaya tapi aku
kudu iso nemukno maksute ngimpi kasebut. Awakdewe kudu budal nang alas saiki muga-muga ngimpiku iku
kedaden temen.
Mbok               :  Iyo Pak, saiki ayo budal ng alas.
“ Mbah Lanang lan Mbok budal nang alas bareng.”
Mbah Lanang :   Aduh nang endi yo bungkusan iku sing dikirim Buto ing jero ngimpiku? Wah koyok e iki
(njupuk timun seng di bungkus) loh kok biji timun e mek siji tak kiro iki isine bayi, nanging iki maksute opo yo,
aku bingung???
Mbok               :  Gawe opo toh wiji timun mek siji iku? jare ngimpi entok bayi. (Wajahe nelongso)
Mbah Lanang :  Wah... iki Buto seng nang jero ngimpiku, aku wedi…. Ampun Buto ojo mangan aku, aku isih
pingin urip. (Buto marani mbah lanang)
Buto                 :  Ojo wedi, aku ora bakal mangan kowe. Awakmu pingin due anak seh?
Mbah Lanang :  Bener Buto. Awakdewe pingin due anak, wes suwi aku ngenteni pingin due anak nanging ora
iso.
Buto                 :  Yen ngunu tanduren wiji timun kuwi, mengko kowe bakal duweni anak wadon. Nanging
ilingo yen anak iku wes gedhe kowe kudu nyerahke nang aku. Deweke bakal tak dadekno pangananku.
Mbah Lanang :  Iyo Buto lek wes gede tak serahno nang kowe.
Mbok               :  Suwon nggeh Buto.
“ Buto mbalek Mbah Lanang lan Mbok mbalek ng omah e, nandur wiji timun sing dike’i Buto. Sakminggune
iku maeng Mbah Lanang penyakite kumat lan ora iso lapo-lapo.”
Mbah Lanang :  Aduh Mbok (watok-watok), lek aku wes orah enek, ramuten timun iku mang yo... lek ancen
enek anak e sayangen koyok anakmu dewe.
Mbok               :  Iyo Mbah anak kuwi mben bakal tak ramut koyok anakku dewe.
“ Mbah lanang mati, sakminggune timun mas tukul gede. Mbok langsung motong wae timun mas mau lan seng
delok yoiku…..”
Mbok              : Wah bayi wadon, bayi iki ayu tenan. Aku pingin banget nggendong.
Timun Mas    :  Oek... oek... oek....
Mbok              : Wah bayi iki nangis, aku seneng banget…. Yowes lah nak, amerga kowe lahir saka timun suara
emas, kowe tak jenengi Timun Mas.
“Mbok ngerasa seneng banget, dino ganti dino garai Mbok lali karo janjine marang Buto yen bakal
ngewehno anake marang Buto. Mbok ngeramut timun mas dadi anak sing ayu, pinter, lan nurut marang wong
tuwo.”
“Ing tengah wingi Mbok ngimpi yen ditekani karo Buto, Buto ngomong yen Buto bakal teko seminggu maneh
kanggo njupok Timun Mas. Sakwise iku Mbok ngerasa ora enak ati, deweke wedi.”
Mbok             :  Aku ora gelem pisah karo Timun Mas. Anak seng tak sayangi banget. Ndanio yo, aku lagi wae
nyadar yen Buto iku onok deweke yo ateh dadikno Timun Mas dadi panganan deweke.
“ Timun Mas sering merhatikno ibune sing sering banget bingung lan ketokane ora enak atine, ing suatu
wektu Timun Mas wani takon mareng ibune.”
Timun Mas    : Bu, ibu kok asih sanget, nopo ibu mboten ecoh. Ibu niko mikiraken nopo? Yen kulo saget
ngewangi, dening susah e ibu.
Mbok              : Yo’ opo yo Nak, ibu gak kepingin kowe melu sedih, ibu gak gelem pisah karo awakmu, ibu
sayang karo awakmu Nak.
Timun Mas    : Punipon maksud e Bu, kulo mboten ngertos leresipun wonten nopo? Mungkin ibu saget
nyeritakaken ten kulo, kulo mboten ngertos Bu.
Mbok              : (ngelus-ngelus sira e timun mas) Awakmu iku sebenere duduk anakku Ndok, tapi aku sayang
tenan nang kowe Ndok.
Timun Mas    : Puniko aku anak e sinten Bu? (nangis)
Mbok              : Biyen bapak iku di tekani Buto lewat ngimpi, terus Buto ngeke’i wiji timun seng kongkon
nandur wiji iku, woh e iku bakal di gawe mangan buto lan isih buah timun e iku kowe anakku.
Timun Mas    : Nopo o’ kok ngoten Bu? laju aku di tedoh buto, Bu?
Mbok              : Iyo cah ayu. (ngelu-ngelus timun mas)
Timun Mas    : Kulo mboten purun ditedoh Buto, kulo tresno kalian ibu.
Mbok              : Iyo anakku, ibu sayang tenan marang kowe. Ibu bakal golek cara gawe nyelamatno kowe saka
buto seng ala iku.
Timun Mas    : Injeh Bu, matur nuwun sanget Bu. (nangis tersedak-sedak)
“Saben dinane Mbok mesti mikirno cara gawe nyelametno Timun Mas, anak sing disayang banget karo
deweke. Nanging deweke durung nemu carane, deweke bingung banget. Sakwise wektu sing wis
dijanjekno Buto saka deweke teko, Mbok ngongkon Timun Mas puro-puro loro supaya Buto ora
mangan Timun Mas.”
“Buto teko marang gubuk cilik e Timun Mas.”
Buto               :  Wah... ha... ha.... aku arep jupuk anakmu saiki.
Mbok             :  Sepurane Buto, anakku sek loro. Menawi panjenengan dhahar, panjenengan mboten eco.
Menawi telongdino maleh penjenengan mriki. Kulo badhe marasaken timun mas riyen. (berlutut di kaki buto)
Buto               :  Ha... ha... ha... ngono yo? Yo wes aku arep mbalek, tapi kowe kudu janji nang aku yen kowe
menehno anakmu marang aku.
Mbok             :  Enggeh Buto, kulo janji.
“Buto nyingkrih saka gubuk.”
Mbok              : Timun Mas sesok aku bakal nang alas. Aku bakal marani kyai. Kyai iki biyen koncoku, mugo-
mugo kyai iso mbantu nyelametno kowe, Ndok.
Timun Mas    : Iyo mbok, kulosayang tenan mbok marang panjenengan.
“Mbok budal nang alas marani Kyai.”
Mbok              : Assalamualaikum, kyai Danang.
Kyai                 : Wa’alaikumsalam, ono opo moro-moro kowe marani aku?
Mbok              : Ngeten kyai, kulo mriki badhe nyuwun tulung dhateng kyai.
Kyai                 : Jaluk tulung opo? Yen iso mbantu bakal tak bantu.
Mbok              : Dados kulo gadha putra wadon, naminipun Timun Mas lan piyambake bakal didadosake dhahar
buto, kulo mboten pingin piyambake pun tilar, kulo gadha harepan menawi kyai purun ngewangi kulo.
Kyai                 : Oalah ngunu toh. Iyo bakal tak ewangi. Sek entenono nang kene. (njupuk barang)
Mbok              : Nggeh kyai.
Kyai                 : Iki Mbok, wenehno bungkusan iki marang Timun Mas. Bungkusan iki isine wiji timun mas,
dom, uyah, lan trasi. Yen Buto ngejar anakmu, kongkon deweke nyebar isi bungkusan iki, ngerti ?
Mbok              : Ngerti kyai. Enggeh matur suwon sanget kyai. Kulo nyuwun pamit wangsul rumiyen kyai.
Assalamualaikum.
Kyai                 : Wa’alaikumsalam.
“ Mbok mole lan langsung marani Timun Mas.”
Mbok              : Timun Mas, ibu wes teko rene o Nak, tak ke’i senjata seng iso ngalahno Buto.
Timun             : Nggeh Bu nopo niki?
Mbok              : Papat bungkusan iki isine wiji timun, dom, uya, lan trasi seng iso ngalahno Buto. Yen kowe di
uber buto sebarno isi bungkus iki, ngerti Ndok?
Timun Mas    : Nggeh Bu, nanging kulo isih wedi sanget.
Mbok              : Ora usah wedi Ndok. Ibu saiki wes sodok lego amerga kowe wis entok senjata kanggo
ngelawan Buto.
Timun             : Nggeh Bu...
“Telung dina wes kelewat Buto moro nang gubuk cilik e Mbok lan Timun Mas.”
Buto                : Kowe kudu nepati janjimu, yen ora kowe bakal seng tak pangan ha... ha... ha...
Mbok              : Nggeh Buto kulo aturi Timun Mas rumiyen, Timun Mas rene Ndok enek seng golek i awakmu.
Timun Mas    : Wonten nopo, Bu?
Mbok              : Ojo wedi anakku, ileng pesen ibu wingi !
Buto                : Anak wedok iki mesti daginge enak, aku wes ora sabar gawe mangan daging e arek iki, ayo
reneo !
Timun Mas    : Aku mboten purun dados panganan sampean, Buto. (mlayu ngadoh saka Buto)
“Timun Mas mlayu lan njaluk tolong marang wong sekitar.”
Timun Mas    : Aduh… aku pegel wesan, aku wes ora iso mlayu maneh. Sikilku pegel.
Buto               : Nang endi maneh kowe timun mas? Ha…ha…ha…
Timun Mas    : Aku bakal nyebarno sing diwenehi ibu.
“Timun  Mas nyebarno bungkusan kesiji sing isine wiji timun sing dadi wit timun kang iso ngelilit Buto,
nanging Buto isih iso lolos lan ngejar Timun Mas.”
“Sing kepindo Timun Mas nyebarno dom sing dadi eri lan iso gawe sikile Buto loro, nanging buto isih iso
lolos lan nguber timun mas.”
Timun Mas    : Waduh yak opo iki? Aku wis nyebarno loro bungkusan iki, nanging Buto iku isih iso lolos lan
ngejar aku. Aduh aku wedi banget, tapi aku tak nyebarno isi bungkusan ketelu yaiku uyah.
“Bungkusan ketelu dadi lautan, awake Buto kelep ing jero lautan, nanging isih terus iso nglewat lan
ngejar Timun Mas.”
Timun Mas    : Waduh yok opo iki? Bungkusan ketelu wis tak sebarno, Buto iku iso nglewati neh. Saiki karek
siji, yen siji iki gak iso ngelawan Buto, aku bakal mati. Mugo-mugo bungkusan iki iso ngalahno Buto.
“Bungkusan kepapat disebarno Timun Mas yaiku trasi sing iso dadi lendut kang iso neggelamno Buto
nganti mati.”
Timun            :  Aku seneng banget Bu, Buto wis mati… ibu... ibu... aku slamet Bu (mblayu marani ibu e karo
rasa seneng).
Mbok             : Anakku aku seneng banget kowe iso lolos saka Buto iku.

“Sakwise iku Mbok lan Timun Mas urip bahagia.”

You might also like