Pranatacara-WPS Office

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Nuwun, kawula nuwun.

Para alim ulama, para rama kyai ingkang tansah dados panuntune kawula dasih ingkang dahat
kinabekten.

Para sesepuh, pinisepuh ingkang pana ing pamawas, lebda ing pitutur ingkang dahat kinabekten.

Para pangemban pangembating praja ingkang minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang
dahat sinudarsana.

Para rawuh kakung sumawana putri, wredha tuwin taruna ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Kanthi linambaran pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka sukur dhumateng gusti, mugi
rahayu sagung dumadi tansah kajiwa lan kasarira dhumateng kawula lan panjenengan sedaya. Mugi-
mugi salwiring gati wiwit purwa, madya, dumugi wasana samangke saget lulus raharja, gancar rancak
tinebehna saking sedaya pambeng nir ing sambikala.

Keparenga kawula cumantaka ngadeg, sowan wonten ing ngarso panjenengan sami, awit ngemban
jejibahan dhawuh saking panjenenganipun Bapa Prasetya ingkang hamangku karsa. Kepareng kawula
jejer minangka panata adhicara wonten adhicara dhauping kang putra kinasih nun inggih kang asesilih
Sang Kusumaning Ayu Dyah Puspita Harumingtyas ingkang arsa kadhaupaken kaliyan putra bagus kang
asesilih Sang Kusumaning Bagus Arga Putra Dewa, putra saking panjenenganipun Bapa Puja Sentika,
ingkang mijil saking tlatah Kartasura Hadiningrat.

Para rawuh kakung saha putri ingkang dahat kinurmatan.

Wondene menggah reroncening tata adhicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para
kulawangsa nun inggih :

1. Pambuka

2. Waosan ayat suci Al-Qur'an

3. Panggih

4. Atur pambagyaharja

5. Atur pasrah-atur panampi

6. Adhicara kirab

7. Adhicara foto

8. Donga-panutup

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya.


Mekaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika.
Sumangga adicara siyang punika kita bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.

...............................................(waosan
basmallah)..............................................................................................

Tumapaking adicara salajengipun 'Waosan Ayat Suci Al-Qur'an'. Dhumateng ingkang kajibah, kawula
sumanggaaken.

...............................................(waosan ayat suci al-


quran)................................................................................

Mekaten ngumandhanging dhawuh-dhawuh luhung gusti ingkang murbeng dumadi ingkang kaserat
wonten ing kitab suci al-quran, mugi sageda anambahi iman lan taqwa kita dhumateng gusti ingkang
maha wikan.

Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara ingkang ugi karana sampun
paripurna risang pinanganten sarimbit anggenya hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri
atmaja temanten kekalih badhe hamarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten
ing sasana rinengga. Wondene jengkaring temanten sarimbit saking sasana busana kakanthi
panjenenganipun Ibu Itta Subagyo ingkang sampun samekta ing gati, murih rahayuning sedya
kasumanggakaken dhumateng para – para ingkang piniji.

Jengkaring temanten sarimbit saking sasana busana binarung ungeling gendhing ingkang jumbuh kaliyan
suasana sowaning pinanganten.

...............................................(adhicara panggih)................................................................................

Para rawuh kakung sumawana putri ingkat dahat kinurmatan.

Salajengipun ngancik adhicara madya atur pambagyaharja. Dhumateng Bapa Harjo Waskito, ingkang
minangka sesulih saking ingkang hamengku gati, sasana pangandikan kawula aturaken.

...............................................(atur pambagyaharja)................................................................................

Tatas titis mrantasi tan ana kang kacicir sedaya dhawuh pangandikanipun sulih pangandikan saking Bapa
Prasetya ingkang hamengku gati nun inggih Bapa Harjo Waskito, kula namung saged ndherekaken
sugeng lenggah malih kanthi suka mardikaning manah.

Tumapak adhicara selajengipun nun inggih atur pasrahe sang pinanganten kakung. Dhumateng Bapa
Wisnu Tinulat, ingkang minangka sesulih saking kadang besan nun inggih Bapa Puja Sentika
sakulawangsa dalasan para pangombyonge pinanganten saking tlatah Kartasura Hadiningrat, sasana
pangandikan kawula aturaken.

...............................................(atur pasrah panampi)................................................................................


Dhampyak runtut swaranyo angayut –ayut, lah puniko tho wau swaraning pradonggo, ambabar
ketawang langen gito srinalendro, humiring tindakiro sekaring pahargyan pawiwahan nenggih risang
pinanganten kekalih, ingkang arso kirab ongko sepisan, saperlu gantos busono kastriyan, ingkang satuhu
ilo ilo ujaring poro kino ingkang dhahat pinundhi pundi, sarto angleluri laksito harjo nulad edi endahing
budoyo.

..........................................................................(Jeda)................................................................................

Kawuwoso lampahing risang pinanganten anjog ing wiwaraning sasana budoyo, nulyo sang subo
manggolo suko sasmito mring ingkang binojokromo, kinen gyo angrucat  busono noropati gumantyo
busono satryo aditama manjing jroning sasana busono.

...............................................(Adhicara Kirab)................................................................................

Paripurna kirabe Sri Penganten, keparenga kawula ngaturi para-para ingkang mangke kawula sebat
asmanipun keparengan jumeneng jejer kaliyan sri penganten badhe kapundhut foto sesarengan
pinanganten kekalih.

...............................................(adicara foto)................................................................................

Sajak sampun dumugi purnaning adicara, kangge sangune lampah Sri atmaja kekalih anggenipun ambyur
ing samudraning bebrayan, murid pikantuk berkah, rahmat, saha hidayahipun gusti kang murbeng jagad,
keparengan konjuk dhumateng Rama Kyai Muhammad Azis, mangarsani panjurunging donga. Sasana
pangandikan kawula aturaken.

...............................................(adicara donga)................................................................................

Mugi kanthi panjurunging dongan kalawau, sageda ugi sumrambah dhumateng kita sedaya saengga
tansah pinaringan pangayomaning gusti Allah SWT, saengga saparipurnaning pahargyan punika mangke,
kawula dalah panjenengan sami tansah ginanjar wilujeng, bagaswaras mboten kirang sawiji punapa.
Aamiin aamiin ya rabbal alamin. Lan sumangga adicara menika kita pungkasi sesarengan kanthi atur
hamdallah sesarengan.

...............................................(atur hamdallah)................................................................................

Wasana saking kawula minangka pranatacara, menawi wonten kirang trapsila kirang nuju prana, kawula
tansah nyadhong duka saha sih lumunturing samudra pangaksami.

Wasana. Wassalamu'alaikum Warahmatullaahi Wabarakaatuh

Nuwun.

You might also like