Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 7

Bawang Putih Bawang Abang

jaman biyen ing salah sawijining desa yaiku desa bumbu ana duda sugih sing
duweni anak jenenge bawang putih. Ibune bawang putih tilar dunya amarga lara sing wis
suwe. Ing desa iku yo urip rondo sing duweni anak jenenge bawang merah, uripe iki serba
kurang. Ing sawijining wayah bawang merah lan ibune duweni niat gawe dadi keluargane
bawang putih. Saben dina bawang merah lan ibune ngirim panganan marang omahe
bawang putih ben isa njupuk atine bawang putih lan bapake. Ora ana pirang sasi akhire
ibune bawang merah lan bapake bawang putih rabi. Padahal bawang abang lan ibune
duweni niat jahat supaya isa njupuk hartane bapake bawang putih.
     Sawijining dina bapane bawang putih lunga arep tugas luar kota maning.
Lungane bapane putih nggawe ibune bawang abang karo bawang abang seneng amarga
bisa nyiksa bawang putih.
Bapak                : Putih, dinten niki Bapak ana tugas malih nang luar kota, Putih urip sing rukun
ya kaliyan Bawang Merah?
Bawang Putih   : Nggih pak, Putih ajeng rukun. Putih nggih sampun anggep mba Bawang Merah
dados mba’e Putih.
Bawang Merah : Inggih pak kados niku ...
*ning ngarep lawang*
Bapak                : yawis anak-anakku tak tinggal rumiyin nggih... Assalamu’alaikum
Putih merah     : Inggih pak, wa’alaikumsalam..ati-ati pak
Ibu tiri : ati ati nggih pak, putih kaliyan merah bakal rukun
*bapane wis lunga*
Bawang Putih   : Yuk, masak barengbareng!
Bawang Merah : Hah, ra salah krungu? Masak?ngapa aku melu masak, nggawe tanganku kotor
bae, wis nganah masak! (njorogna Bawang Putih).
Bawang putih menyang pawon karo mikiri omongane bawang merah. Sawise masakane
dadi, bawang putih nyajikna panganane ning meja makan.
*ibu tiri, b. Abang ning meja makan*
Ibu Tiri              : Iki masakan apa? kok rasane asin (karo numplekna panganan meng rai Bawang
Putih).
Bawang merah : layo gak enak blas masakanmu!
Bawang putih : ngapunten buk,
  Ujug-ujug bapane bawang putih teka balik maning neng umah, sing mau jarene arep
tugas luar kota.
Bapak                : Assalamu’alaikum ...
Ibu Tiri              : Bapak? Waduh piye iki, bawang Putih cepet resiki kabeh sadurung bapakmu
ndeleng!
Bawang Putih   : Nggih bu ...
Ibu Tiri              : Awas kowe ya nek kowe wani ngadu ning bapakmu!
Bapak                : Ana apa iki kok rungseb tenan?
Ibu Tiri              : Iki pak, Bawang Putih numplekna panganan amarga kirang ati-ati. Ya kan
Bawang Putih?
Bawang Putih   : Nggih pak, Putih nyuwun ngapunten.
Bapak                : Ya wis iki resikna. Bapak arep ngaso sik ...
Ibu Tiri              : Bapak purun didamelaken kopi?
Bapak                : Nggih bu ...
*meja makan*
Ibu Tiri              : Niki pak kopinipun.
Bapak                : Matur nuwun bu.
                   Esuke ibu tiri tutur maring bapane bawang putih, jarene bawang putih kwe
senenge nyante-nyante. Lah terus bapane bawang putih langsung ngomongi bawang putih
supaya nurut karo ibu tirine terus ora olih nyante-nyante yen nyambut gawe.
Ibu Tiri              : Pak, niku Bawang Putih mboten purun ngapa-ngapa. Kerjaane mung nyante-
nyante tok.
Bapak : masa buk ? padahal putih iku areke sregep. Ya mengko tak kandanane
Ibu tiri : inggih pak tuman bawang putih yen dijarno males malesan, mesakke bawang
merah mesti kerja terus.
Bapak : iya buk,
Bapak                : Putih, mriki tak kandani
Bawang Putih   : Napa pak?
Bapak                : Jere ibu, kowe nang umah ra gelem ngapa-ngapa. Kaya kuwi ya kerjaane nek
ra ana Bapak?
Bawang Putih   : (meneng)
Bapak                : Deneng ra njawab? Berarti omongane ibu bener ya?
Bawang Putih   : (meneng karo nangis)
Bapak                : Putih!!! (nyekel dada amarga penyakit jantunge kumat lan teras tiba).
Bawang Putih   : Bapak ... Bapak kenging napa pak?
Ibu Tiri              : Putih, kowe ngapakna Bapak? Kowe pengin Bapak cepet mati ya? Ya wis,
cepet gawa Bapak ning kamar?
                            Sawise pirang wulan, amarga ibune kesel ngurusi bapa sing lara bae...
bendina ibune nyiapna obat, ning salah siji dina ibu nyiapna obat nanging obat asline di
ijoli karo obat sing liya. Kaya biasane bawang putih sing menehna obat meng bapane sing
ana ning kamar.                        
*manjing kamar*
Bawang Putih   : Pak, niki kula mbetoaken obat.
Bapak                : Iya, matur nuwun Putih.
Bawang Putih   : Nggih pak ...
Sawise ngombe obat ujug-ujug bapane langsung sesek lan nggletak ora ambekan.
Bawang Putih   : Pak, Bapak kenging napa? Ibu, bawang abang mriki cepetan ...
Bawang Merah : Bapak, Bapak kenging napa?
lan Ibu Tiri
Ibu Tiri              : Putih, kowe ngapakna Bapak?
Bawang Putih   : Putih mboten ngertos bu ... (karo nangis).
Sawise bapane dikubur, bawang putih urip dewekan sing isine siksaan sing ibu tirine karo
bawang abang, sing yen esuk-esuk senenge nyeneni.
Bawang Merah : Bu ... Ibu ... klambiku rusuh kabeh ki, wis ora ana sing resik, ora ana sing
ngumbahi apa bu?
Ibu Tiri              : kowe nangapa sih nduk? Isuk-isuk kok wis ngomel.
Bawang Merah : Ndelo ki bu, klambiku rusuh kabeh, mambu sisan.
Ibu Tiri              : Ndi ndi! Ibu ndelo ...  ih iya tenanan rusuh kabeh, klambine ibu ya rusuh
kabeh. Ndi Putih? Wis-wis ben Ibu sing ngongkon Bawang Putih kon
ngumbaih. Putih ... Putih ... meng ndi sih? Bawang Putih!
Bawang Putih   : Nggih bu, wonten napa?
Ibu Tiri              : Suwe tenan sih, di celuk-celuk ra nyaut.
Bawang Merah : Ra duwe kuping iku ancene bu ...
Bawang Putih   : Anu bu ... kula sik wonten dapur, sik nggodog wedang.
Ibu Tiri              : Alaaah.... alesan bae. Delengen iki, klambi pada rusuh kabeh, ora ana sing isa
dinggo. Suwe-suwe ora nggo klambi. Saiki kowe lunga meng kali gawa kalmbi
iki lan ora usah kesuen (karo ngontalna klambi kotor meng Bawang Putih).
Bawang Merah : Iki kumbahi kabeh, awas nek ana sing rusak.... sing wangi, ra kesuen!
Sawise bawang putih njukuti klambi sing arep dikumbahi karo langsung meng kali,
sampek neng kali bawang putih ngumbahi klambi disambi nembang. Pas ngumbahi ana
iwak emas teka ngejak ngomong, sing atane nggawe bawang putih dadi kaget.
*ning kali*
Iwak                  : Heiii Bawang Putih, kowe lapo kok sedih ?
Bawang Putih   : loh kowe kok isa ngomong ?
Iwak : hehehe iya aja wedi, aku pancen iwak ajaib
Bawang putih : jajal nek wong tuwaku esih ana, uripku mesti ora bakal nelangsa kaya kiye
(selendange dikumbahi). Saben dina gon ngumbai akeh nemen.
Iwak                  : Melas temen kowe bawang putih. Aja sedih, ana aku, aku isa dadi kanca
curhatmu.
Bawang Putih   : piye aku ora sedih, wong aku dikongkon ngumbai semene akehe, tapi ngongkon
gagianan. Soale akeh pekerjaan maning neng umah.
Iwak                  : aku bisa mbantu kowe, supaya kumbahane gelis resik. deleh bae klambi kue
ning nduwure watu.
(backsound = cling cling)
 Bawang Putih : (mbeber klambi) wah ajaib, klambine dadi resik karo wangi. Suwun ya Iwak
Mas.
Iwak Mas          : Yen kowen butuh bantuan, mrene bae. Aku siap mbantu kowen kapan bae
kowen butuh.
Bawang Putih   : iya , iwak mas. suwun nemen. Aku balik disik ya, ko diseneni ibu karo bawang
abang.                   
            Sawise ngumbahi bawang putih langsung balik neng umah. masio wis dikumbahna
tetep bae ibune seneng nyeneni bawang putih. Pas bawang putih nembe balik ibune
kesewoten soale neng meja makan ora ana panganan. Padahal esih kesel tapi ibune
ngongkon bawang putih blanja neng pasar.
Ibu Tiri            : Bawang Putih!!!. (gebrak meja)
Bawang Putih   : dalem bu...
Ibu Tiri            : Keh, duit go belanja. Keh catetane.
Bawang Putih   : (ndelengna catetan) ngapunten, bu. Niki artone kirang kangge belanja.
Ibu Tiri            : ya iku masalahmu!! Dudu masalahku!! Sing penting yen kowe balik belanjaan
sing ana ning catetan kudu ana kabeh!
            Ning dalan bawang putih bingung mikir iki arep pie maning duit sing nggo blanja
mung ana semana tok, nanging ibune njaluke pirang-pirang... akhire bawang putih lunga
neng kali arep ketemu iwak emas sing mau...
Bawang Putih : iwak mas, iwak mas,...
Iwak Mas        : Iya, bawang putih. Ana apa,..??
Bawang Putih   : Aku lagi bingung, aku di prentah ibu gon belanja samene akehe, tapi duite ora
cukup.
Iwak Mas          : aja khawatir bawang putih, aku bakalan bantu kowen. Saiki jupuken sisik
emasku.
Bawang Putih   : iya iwak mas.
(sawise njukut sisik)
Bawang Putih   : wah isa berubah dadi emas ?? suwun ya iwak mas. Kowen wis mbantu aku.
                       Sawise balik sing pasar bawang abang karo ibune kekederen bisane bawang
putih blanja pirang-pirang, padahal mau diwenehi duit mung
Bawang merah          : heh , bawang putih. Duit sing ngendi kowe?. Nyolong ya..
Bawang Putih             : astaghfirullah, ora bawang merah
Bawang merah          : terus duit saka ngendi..???
Bawang Putih             : alhamdulillah, bar oleh rejeki.
Bawang merah           : ooh, yawis cepet masak!!!. Aku wis lesu iki
Bawang Putih             : iya ,  bawang merah
(Bawang Abang lunga)
Bawang Putih             : Untung.. aku ora keceplosan. Sisik emas iki luwih, mending tak simpen ,
aja sampe bawang merah karo ibu ngerti.
            Esuke bawang putih lagi ingkes-ingkes umah... eh bawang abang manjing neng
kamare bawang putih... bawang abang nemukna sisik emas neng ngingsore bantale
bawang putih latane ditudukna maring bawang putih karo ibune...
Bawang merah           : Putiiiiihhh...!! Putiiihhh...!!. mrene cepet.
Bawang Putih             : iya , bawang merah. ana apa..??
Bawang merah          : ana apa, ana apa.. pake ora ngerti. iki apa, sisik emas ya.. kowen oleh saka
ndi..??
Bawang Putih             : aku di wenehi sahabatku.
Bawang merah           : alaaahhh bujuk. Ko tak tuturna ibuku kowe
Ibu Tiri                        : apa sih ribut ribut, ana apa bawang merah. Putih gawe masalah
maning..??
B. merah                     : keh bu, (nuduh kena sisik emas).
Ibu Tiri                        : Putih!!! Kowen oleh saka ngendi..??
B. Putih                       : kulo diparingi saking rencang kulo bu,,
Ibu Tiri                        : aja goroh kowe.!! Apa kowe nyolong??
B. Putih                       : mboten bu, (nuduk)
Ibu Tiri                        : awas kowen angger goroh. Ya wis lah..
            Gara-gara sisik iwak emas mau bawang merah dadi pengen ngerti sapa sih sing
menehi sisik emas kuwe, esuke bawang putih arep ngumbahi neng kali ujug-ujug ing
mburi dikintili daning bawang merah tapi bawang putih ora ngerti.
*Ing kali*
B. Putih                       : (nyambi ngucek klambi) iwak mas, makasih ya , wingi kowen wis
menehi aku sisik emas. dadine aku bisa belanja akeh go ibu wingi.
Iwak Emas                  : iya pada-pada bawang putih. Aku seneng yen isa nulung kowe
B. Putih                       : aku wis mari ngumbaine. Aku balik disik ya..
Iwak Emas                  : iya Bawang Putih
Bawang Abang           : (umpetan neng wit) oh berarti sing mein sisik emas, kue iwak emas sing
bisa ngomong.
*let pirang menit sawise b putih lunga sing kali*
Bawang merah        : iwak mas! Iwak mas! Metu kowen.
Iwak Emas                  : Iya Bawang Pu... hah bawang merah.
Bawang merah           : Iwak emas, aku njaluk sisik emase
Iwak Emas                  : moh, aku ora bisa. Kowe wis jahat karo B. Putih.
Bawang merah           : yen ora menehi, ko kowe tak gawa balik lo
Iwak Emas                  : Moh, Bawang abang.
Bawang merah           : oh ya wis. Kowen tak paksa gawa balik. (nyekel iwak emas)
Iwak Emas                  : Tolong.. tolong.. uculna aku..
            Pas neng umah iwak mau digoreng daning bawang abang terus dipangan, teruse
dinekna neng bawang.
Bawang merah           : Putiiiihhh gagian jupukna ngombe.!!
Bawang Putih             : iya kie bawang  merah. (gawa nginung)
Bawang merah           : Keh putih gelem iwak goreng..?? emmm enak nemen iki panganen
Bawang Putih : (nampani iwak goreng) suwun bawang merah. kowe tuku kie neng
ngendi..?? (nyambi nyicipi)
Bawang merah           : aku olih njukuk neng kali sing biasa kowen ngumbai.
Bawang Putih : apa kie iwak emas..??
Bawang Abang           : iya, enak ya. Mangan Iwak sing bisa ngomong..?? hahahahahahaha
Bawang Putih             : kowen ngerti iwak kue sahabatku, bisane kowen malah goreng iwak kie.
Bawang Abang           : kowen yo melu mangan oh ya..
Bawang Putih            :  umpamane aku ngerti kie iwak emas sahabate aku, bakale ora tak pangan.
Kowen jahat temen sih bawang abang. (lunga)
            Bawang putih ngrasa sedih nemen amarga iwak emas mau siji-sijine sahabat sing
bisa ngerteni bawang putih, teruse eri iwak emas mau dikubur daning bawang putih neng
latar umah...
Bawang Putih : Iwak mas , aku njaluk maaf. aku ora ngerti kue kowen. (ngubur eri iwak)
            Neng salah siji kerajaan, ya kwe kerajaan bumbung, ana raja sing ngimpi istanane
kesamber petir sing nandakna kerajaane arep bubrak... nanging ning ngimpi mau ana
cara supaya nyegah kuwe ya kwe kudu luruh wit sing godonge emas...
*ing kerajaan*
Raja                 :  pangeran... pangeran... pangeran...
Pangeran         : dalem rama,?
Raja                 : mrene anakku... rama arep kanda...
Pangeran         : nggih rama... pripun?
Raja                 : iki loh rama mabengi ngimpi kerajaan iki kesamber petir terus kerajaar iki dadi
bubrak... tapi ning ngimpi rama digongkon luruh wit sing godonge emas supaya
kerajaane ora bubrak... tolong luruh secepete yaa..
Pangeran         : inggih rama, mangke kulo kalih rencang kula madosi wit emas...
Raja                 : suwun yaa cah bagus...
            Esuke pangeran kanda maring kancane, terus ngadakna saembara ing sangarepe
warga desa... ya kwe sapa sing nduwe wit emas kwe wite arep dijaluk daning pangeran...
tapi nggo gantine misal nek sing nduwe lanang arep didadikna sedulure pangeran, tapi nek
wadon arep didadikna bojone pangeran.
Terus ibune bawang abang krungu lan ngajukna bahwa anake nduwe wit emas sing
digoleki pangeran... pangeran langsung dijak neng umahe ibune bawang abang...
Ibu tiri             : pangeran... anakku bawang abang nduwe wit e...
Pangeran         : nopo wite angsal ngge kulo, bu?
Ibu tiri             : oh ya jelaas, ayo kae wite ning umahkuu.. ayo maring umahku...
Pangeran         : nggih bu...
*ning latar umah*
Ibu tiri             : ngko nunggu sediluk yaa pangeran.. tak nyeluk anakku disik
Pangeran         : nggih bu.. monggo..
*ning njero umah*
Ibu tiri                         : heh merah cepet metu iko ana pangeran arep njaluk wit emas..
Bawang merah            : napa bu? Pangeran? Waduh nggih bu.. nggih.. (metu sing umah)
*ing latar umah*
Pangeran                     : apa wit iki gone sampeyan bawang merah?
Bawang merah             : nggih pangeran...
Pangeran                     : iki aku arepe njaluk wit iki tolong bubutna wite...
Bawang merah            : nggih pangeran..(mbedol wit)
Bawang merah            : Lohh kok niki mboten saged dicabut buu.. (misik ibune)
Ibu tiri                         : loh masa ora bisa? Rene coba ibu sing nyabut (misik terus melu nyabut)
Pangeran                     : loh kok bawang merah ora bisa nyabut? Sing nandur dudu sampeyan ya?
Kudune yen sampeyan sing nandur mesti bisa nyabut... kok sampeyan
malah ora bisa?
Ibu tiri             : ngapunten pangeran.. tapi bener sing nandur kui bawang merah kok..(mbela)
            *Wit emas mukur bisa dicabut daning sing nandur ya kwe bawang putih.. let pirang
menit bawang putih teka marani ning wit emas sing lagi dikrubengi wong...
Bawang putih              : loh kok ana rame-rame ana apa kye... (mlaku merek wit emas)
                        Wonten nopo niki bu..?
Ibu tiri                         : iki pangeran pan njaluk wit emas...
Pangeran                     : loh sampeyan sapa maning?
B putih                        : kulo bawang putih.. lah sampeyan sinten?
Pangeran                     : aku pangeran... arep njaluk wit emas kye.. apa iki sing nduwe sampeyan?
B putih                        : nggih pangeran.. mriki kula bae sing nyabut...(nyabut wit)
Pangeran                     : waaah matursuwun bawang putih.. sesuai karo janjiku.. aku arep nglamar
sampeyan...sekalian mboyong sampeyan maring istanaku...
Bawang Putih             : aku ikhlas wit emas kie nggo sampeyan, mboten arep imbalan amargi
pangeran luwih butuh katimbang kula.
Pangeran                     : iya putih aku ngerti, nanging ana sumpah sing wis tak ucap lan aku kudu
nepati janji. apa sampeyan gelem dadi bojoku ?
Bawang Putih             : (mantuk) iya pangeran, aku terima.
            Akhire bawang putih dilamar daning pangeran sesuai karo janjine pangeran pas
lagi saembara...sekalian bawang putih arep diboyong neng istanane pangeran...neng istana
bawang putih urip ayem tentrem soale wis laka bawang abang karo ibu tirine maning...
terus neng kana bawang putih karo pangeran urip bahagia selawase... nanging merah lan
ibune pancet urip ing desa lan ora gelam kerja, akibate harta bapake putih wis entek
merah lan ibune dadi mlarat maning.

-TAMAT-

You might also like