Pawarta 1

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 5

PAWARTA 1

Priksa Kawarasan Tukang Becak Lan Petugas Kebersihan Gratis

Sacacah pekerja informal kaya tukang becak lan petugas keresikan njamu gratis neng Alun-alun
Wonosari, Kamis (12/11/2015). Kegiyatan iki dianakne saka Dinas Kesehatan Kabupaten Gunungkidul
kanggo ngelingi dina kesehatan Nasional sing kaping 51.

Kepala Bidang Pengendalian lan Pencegahan Penyakit Dinas Pendidikan, Sumitro nuturke, kanthi kegiyatan
priksa gratis iki dikarepke bisa nuwuhake rasa eling masyarakat karo pentinge njaga kawarasan lan tambah
nggampangna akses kawarasan kanggo kabeh lapisan masyarakat.

“kita ngarep-arep priksa gratis kanggo pangerja informal uga masyarakat umum iki. Muga-muga bisa nambahi
greget kanggo masyarakat supaya tansah eling marang kewarasan,” ngendikane

Sumitro muwuhi, sakjerone priksa gratis iki, pasien bisa cek kawarasan arupa pemeriksaan gula darah, tensi
darah, mawa konsultasi kawarasan karo dokter sepesialis.

“Kabeh kuwi gratis,” ature.

Sawentara kuwi salah siji pasien, kukuh Wiyanto ngaku cukup kebantu amarga anane priksa gratis iki.
Dheweke ngarep-arep kegiyatan mangkene bisa dilakoke kanthi rutin utamane kanggo masyarakat cilik.
PAWARTA 2

Penyakit virus Corona (COVID-19) minangka penyakit infeksi kang disebabake dening virus corona sing
nembe ditemokake.
Umume wong sing kena COVID-19 bakal ngalami gejala sing entheng nganti abot lan bakal pulih tanpa
perawatan khusus. Virus sing nyebabake COVID-19 umume ditularake liwat tetesan (tetesan) sing
diasilake saka wong sing kena infeksi batuk, wahing, utawa napas. Tetesan iki abot banget lan ora bisa
tetep ing udara, mula cepet tiba lan nemplek ing jogan utawa permukaan liyane.
Kita bisa ketularan kanthi cara nghirup udhara sing ngemot virus wong sing wis kena COVID-19. Kita uga
bisa entuk yen nutul ing permukaan sing wis kena kontaminasi banjur tutul mripat, irung utawa cangkem.
Gejala Covid-19 saben wong reaksine beda-beda. Umume wong sing kena virus bakal ngalami gejala sing
entheng nganti abot lan bakal pulih tanpa prelu dirawat ing rumah sakit.
Gejala sing paling umum:
mriyang
watuk garing
lemes
Gejala sing ora umum:
rasa ora nyaman lan lara
sakit tenggorokan
diare
konjungtivitis (mripat abang)
sakit sirah
ilang rasa utawa mambu
ruam ing kulit, utawa ganti warna driji utawa driji sikil
PAWARTA 3

Sawise kedadeane bencana alam banjir nang dina Rabu 13 Januari 2016 bengi nuli, sethithike ana enem
Kepala Keluaraga (KK) warga desa Warungkiara RT03, Sukamaju, Cianjur sing rekasa ketunan material
sing ora sethithik.
Sanajan ora ana korban jiwa sakjeroning musibah kesebut, kerugian ditaksir udakara 20 yuta luwih. Para
korban saiki ngarep-arep ben cepet ana panangen infrastruktur panggon panguwawa lemah neng bantaran
kali Cisarua sing mbludak.
Miturut Esih, salah siji korban, kondisi wektu iki nggawe dheweke lan warga liyane rumangsa kuwatir
bakal ana kedadeyan padha pas cuaca ala bali kedadean, banda lan barang duwene lan warga liya sing dadi
korban banjir entek kegawa arus amarga derese kali sing banjir.
“Omah kontrakane Arti (45) ambruk kena banjir. Tembok tangen omah buri udakara 50 meter ambrol, lan
banda dhuweke Iwan neng ngomah kontrakan kegawa arus,” tembung pangarep RT03, Asep Muhaemin,
Kamis tanggal 14 Januari nuli.
Para korban saiki ngarep-arep supaya sacepete oleh bantuan, becik saka pihak Badan Penanggulangan
Bencana Daerah (BPBD), Dinas Pengelolaan Sumber Daya Air lan Pertambangan (PSDAP), utawa instansi
sing ana gandheng ceneng liyane. Cendhake, kabeh ngarep-arep supaya pamerentah Kabupaten (Pemkab)
Cianjur cepet tanggep sakjeroning nangani bencana sak-werna iki.
Dikuwatirke yen udan deras bali mudhun, kali Cisarua bisa ngalami banjir gedhe meneh. Lan kanggo
antisipasi bab kesebut, minimal kudu ana realisasi panangen TPT ing sadawane bantaran kali Cisarua.
“Pengene aja nganti kedadeyan maneh, mula kuwi cepet kudu ndang didandani. Warga ngarepake banget
sacepete ana panangen TPT,” tutur Riki (30), salah satunggaling warga.
Jeje 46 th, korban banjir liyane, ngaturake menawa banjir sing kedadean wingi kui, korban sing paling parah
yaiku omah kontarakane Arti sing rubuh kesapu tempuhan banyu.
“Mesake kuwi sing ngontrak, bandane kegawa banjir,” gamblang dheweke. 
Lare-lare kelas X kinasih, coba pilihen salah siji pawarta ing dhuwur banjur wacanen!
Menawa wis rampung anggonmu maca, coba analisisen pawarta ing dhuwur!

Nama : ……………………..
Kelas : ……………………..

ANALISIS PAWARTA NO …..

What (Apa) :
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
Where (ing Ngendi) :
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
Who (Sapa):
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
When (Kapan) :
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
Why (Geneya) :
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………
How (Kepiye) :

………………………………………………………………

You might also like