9 Baja

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 7

PILIHEN SALAH SIJI WANGSULAN KANG PALING TREP !

4.Prastawa ingkang kaserat ing teks asilipun observasi, kedah mujudaken kedadosan
ingkang….
a. enggal b. lami c. nyata d. langka

5.Dhata ingkang kapacak ing teks asilipun observasi kedah mujudaken dhata ingkang ….
a. kathah b. ngelantur c. ngremenaken d. akurat

Wacanen kanthi patitis! (kangge mangsuli pitakenan 3-6)

Godhong Salam Ora Mung Sedhep Ambune

Godhong salam dikenal minangka penyedhep bumbu masakan. Ambune kang khas sedhep pancen disenengi.
Tanduran salam iki duwe jeneng latin Sygizium Polyantum. Dhuwure bisa nganti 25 meter. Tanduran salam urip ing
lemah sing dhuwure 225-450 meter saka lumahing segara. Tanduran iki urip subur ing alas-alas lan pegunung an.
Tandhuran salam duwe oyod tunggang saengga tanduran iki bisa dikembangake kanthi cara dicangkok. Nalika
panen, godhong salam kang rupane ijo tuwa bisa dipethiki. Ing pasar lan pawon godhong salam lumrahe diga thukake
karo laos. Kolaborasi bumbu pawon rong werna iki pancen nyamleng, gawe panganan dadi tambah sedhep.
Kandhutan kimia ing tanduran iki antarane minyak atsiri, eugenol, zat sitral, tannin, lan flavonoida. Kulit wit salam
ngandhut tannin, kerep digunake kanggo menehi werna lan ngawetake jala, bahan anyaman saka pring. Sakliyane iku
zat tannin duwe khasiyat kanggo nglereni diare, nyilikake pori-pori kulit lan nyuda kringet. Godhong salam bisa kanggo
tamba lara weteng, diare, asam urat, stroke, kolesterol kang dhuwur, gatel-gatel, kencing manis, lan liya-liya.
Ekstrak etanol ing godhong salam duwe efek antijamur lan antibakteri, esktrak
metanole minangka anticacing.
Panaliten nuduhake manawa ekstrak godhong salam 3×250 mg/dina bisa
ngudhunake kadar gula darah

1. Tanduran salam saged gesang kanthi subur ing …


a. lumahing segara c. sabin lan pategilan
b. pinggir lepen d. alas lan pegunungan

2. Ekstrak metanole ingkang wonten ing godhong salam nggadhahi efek …


a. anticacing b. antijamur c. antibakteri d. antiseptic

3. Godhong salam saged kangge jampi maneka werna penyakit, kejawi …


a. sakit waja lan usus buntu
b. sakit padharan, diare, lan asam urat
c. stroke lan kolesterol ingkang inggil
d. gatel-gatel lan kencing manis

6. Inggilipun wit salam saged ngantos 25 meter.


Angka “25” menawi dipunwaos inggih menika …
a. Selawe c. Gangsal likur
b. Selangkung d. Kalih dasa gangsal

7. Ingkang mboten kagolong kesenian masyarakat Jawi inggih menika …


c. Kethoprak c. Langen Tayub
d. Ludruk d. Lenong

8. Godhong salam bisa kanggo tamba lara weteng.


Basa kramanipun “weteng” inggih menika …
a. asta b. mustaka c. rikma d. padharan

9.. Instrumen ingkang dipun damel kangge ngiringi pagelaran wayang inggih menika …
a. Group Band b. Tongklek d. Organ Tunggal d. Gamelan

10. Kejawi unggah – ungguh basa, panatacara lan pamedharsabda ugi kedah nguwaosi kawruh bab sastra jawi, kadosta
ingkang gayutan kaliyan : purwakanthi, wangsalan,bebasan Isp, supados …
a.Kathah Ingkang nanggap c. bayaranipun mindhak
b.sangsaya kondhang d. saya endah edining basa

11. Tiyang ingkang maosaken utawi nata adicara menika , dipun wastani ……
a. Pengacara c. penatacara
b. Pamedharsabda d. pambicara

12. Tiyang ingkang ngandharaken utawi mahyakaken sabda utawi suaraos ( kawigatosan ) dhateng tiyang sanes utawi tiyang
ingkang kathah ing pasamuan kasebat ……
1. a. pengacara c. panatacara

Naskah Soal Penilaian Akhir Semester-1 TP.2019-2020 BAJA 9


b. pamedharsabda d. pambicara

13. Tuladha ukara kang migunakake pada pangkat ….

14. Panulise asmane wong agung, papan panggonan lan liyane katulis mawa …
a. Aksara swara c. Angka Jawa
b. Aksara rekan d. Aksara Murdha

15.

a. Mangga tanpa mikir c. Mangga tansah dzikir


b. Mangan tanpa mikir d. Mangga tansah dikir

16. Amargi jawah, Ibu tindak ngasta …


a. tas b. jaket c. topi d. songsong

17. Sepisan sumangga kita seesarengan ngunjukaken pudya pudyastuti konjuk


ing ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang tansah paring kawilujengan, katentreman,
lan kasarasan dumateng kita sedaya. Ukara kasebut kalebu perangan teks pewara
kang diarani………
a. Salam pambuka c. Wosing pranatacara
b. Pambuka d. Salam penutup

18. Ing ngisor iki kang ora kalebu bab sing kudu digathekake supaya basa kang digunakake komunikatif lan trep yaiku…
a. Cacahe sing diajak guneman c. Swasana nalika guneman
b. Sapa sing diajak guneman d. Sapa sing digunemake

19. Adicara ngumandhangake lagu kebangsaan Indonesi Raya para rawuh katuran….
a. Pinarak c. Jumeneng
B. Lenggah d. Kondur

20. Isine perangan pidhato penutup…


a. Pangajab ( harapan ) sing diandharakake marang para rawuh / tamu lan sing
midhangetake
b. Salam pakurmatan sing sepisan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh
c. Nyebut sapa wa sing rawuh ing adicara pasamuwan kasbut kanggo paring pakurmatan
d. Atur panuwun serta nyuwun pangapura menawa ana kekurangan utawa
kaluputan anggone ngandharake pidhato.

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Sugeng rawuh, mugi winantu ing karahayon
Para sesepuh ingkang dhalat kinurmatan lan tuhu kula bekteni
Para bapak saha ibu ingkang minulya
Adhik – adhik mudha taruna ingkang kula tresnani
Minangka purwakaning atur sumangga kita sesarengan ngunjukaken pudya pudyastuti konjuk ing ngarsanipun Gusti
Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring berkat berkat rahmad dhumateng kita sedaya, saengga ing dalu punika
panjenengan sami saged ngrawuhi undhanganipun Bapak dalah Ibu Sumarsono ingkang kagungan kersa ngitanaken
putranipun aran Ageng Permana.
Kaping kalihipun ing ngriki kula minangka sesulihipun ingkang hamengku karsa ngaturaken pambagya wilujeng lan
agunging panuwun ingkang tanpa upami dene panjenengan sami sampun kersa ngrawuhi undhanganipun Bapak dalah
Ibu Sumarsono. Para rawuh ingkang minulya, Bapak dalah Ibu Sumarsono ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang
tanpa upami, dene panjenengan sampun kepareng paring sumbangsih arupi punapa kemawon. Mugi – mugi Gusti
Ingkang Maha Agung paring piwales dhateng kesaenan panjenengan.
Kaping tiganipun, rawuh panjenengan ing dalemipun Bapak dalah Ibu Sumarsono punika kasuwun paring donga
pangestu dumatheng putra pambajengipun ingkang aran Ageng Permana, mugio – mugi anggenipun nindhakaken
kitanan mboten wonten rubeda satunggal punapa, enggal saras, lan tansah kinayoman dning Gusti Ingkang Maha
Agung. Mugi – mugi ingkang putra mangkenipun dados lare ingkang sholeh, ngabkti dumatheng tiyang sepah, lan
migunani tumrap kulawarga, masyarakat, bangsa, Negara lan Agama.

Naskah Soal Penilaian Akhir Semester-1 TP.2019-2020 BAJA 9


Minangka pungkasaning atur, kulawarga Bapak dalah Ibu Sumarsono nyuwun ngapunten ingkang tanpa upami mbok
bilih wonten ceweting aruh, lungguh, suguh, serta rengkuh. Bebilih anggonipun Bapak dalah Ibu Sumarsono anggenipun
nyawisi papan panggenen, dedaharan lan unjukan kirang ngeresepi ing ngarsa panjenengan sami, panjenenganipun
nyuwun lumunturing sisamudra pangaksami.
Wasana cekap semanten atur kula bebilih wonten kirang langkung lan klentha klentuning atur, kula nyuwun agung sih
samudra pangaksami.
Matur nuwun.
Waalaikum salam Wr. Wb

21. Teks ing nduwur nuduhake ing adicara …


a. Pambagya temanten c. Pambagya kitanan
b. Kumpulan arisan d. Kumpulan karang taruna

22. Minangka purwakaning atur sumangga kita sesarengan ngunjukaken pujya pujyastuti ing ngarsanipun Gusti Ingkang
Maha Agung ingkang sampun paring berkat rahmad dhumateng kita sedaya :
Ukara kasebut kalebu perangan teks pewara kang diarani….
a. Wosing pranatacara b. Pambuka c. Panutup d. Salam panutup

23.Mugi – mugi ingkang putra mangkenipun dados lare ingkang sholeh, ngabkti dumatheng tiyang sepah, lan migunani
tumrap kulawarga, masyarakat, bangsa, Negara lan Agama….
Perangan kasbut minangka isi saka …
a. Pangarep – arep b. Dudutan c. Purwaka d. Salam pungkasan

24.Wasana cekap semanten atur kula bebilih wonten kirang langkung lan klentha klentuning atur, kula nyuwun agung sih
samudra pangaksami.
Ukara kasebut kalebu perangan teks pewara kang diarani….
a. Pangareep – arep b. Dudutan c. Purwaka d. Panutup

25. (1). Suara lan lagu pocapan cetha


(2). Suarane kudu banther supaya kabeh krungu
(3). Ngobahake awak kanggo narik kawigaten
(4). Nggathekake tata rakite ukara kang becik
(5). Nggunakake unggah – ungguh basa kang becik
(6). Anggone wicara ora ngambro – ambro, singkat, padet, lan nduweni bobot isi
Bab – bab kang kudu digathekake nalika nindhakake tanggap wacana dituduhake ing nomer
a.1,2,3,4 b. 1,3,4,6 c. 1,3,5,6 d.1,4,5,6

26. Bapa ibu ingkang sampun rawuh katuran enggal…..ing papan ingkang sampun sumadya
a.pinarak c.ngadeg
b.kondur d.lungguh

27. “ Raden Gatotkaca “ bilih kaserat aksara jawa inggih menika ….


a
.
b.
.
c.

d.

28. bilih kaserat Latin

a. Agoman menika putranipun Dewi Hanajni


b. Anoman menika putranipun Dewi anjani
c. Agoman menika putranipun Sewi Jayatni
d. Anoman menika putranipun Dewa Hanajni

29. Candi Borobudur ing tlatah Magelang .


Bilih kaserat aksara Jawa …
a
.
b
.

c
.

Naskah Soal Penilaian Akhir Semester-1 TP.2019-2020 BAJA 9


d
.

30.

Bilih kaserat aksara Latin ….


a. Raden Ronggolawe bupati Tuban nomer loro
b. Raden Ronggolawe bupati Tuban kaping loro
c. Raden Ranggalawe bupati Tuban kaping pindo
d. Raden Ranggalawe bupati Tuban nomer pindo

31. Nabi Idris paring wejangan


Bilih kaserat mawa aksara Jawa ….

a
.

b
.

c
.

d
.

32.

Bilih kaserat aksara Latin …


a. Eka kuliah ing jurusan ekonomi c. Eko kuliah ing jurusan ekonomi
b. Eka kuliyah ing jurusan akutansi d. Eko kuliyah ing jurusan akutansi

33.Perangan wiwitanipun cariyos kangge nepangaken tokoh/ paraga, swasana, lan bibit kawit
tumuju cariyos salajengipun, ing tata wangun cerkak kasebat ….
a. Jejer c. komplikasi
b. Pasulayan d. pangudharipun prekawis

34. Supados pentas drama lumaku kanthi sae, pramila para paraga (pemain) kedah anut
lan nurut dhumateng …
a. panyerat scenario c. sutradara
b. tiyang ingkang nanggap d. pimpinan produksi

35. Tari pambuka ing pagelaran ludruk inggih punika…


a. Tari Srimpi c. Tari Rema
b. Tari Merak d. Tari Gambyong

36. Ingkang kalebet ukara Tanduk:


a. Bukuku disilih karo Astuti kancaku sakelas
b. Tugase apa wis kokgarap?
c. Aku nyilih bukune kancaku
d. Tugase wis dakgarsp kabeh

37. Tuladhanipun ukara Tanggap:


a. Para siswa padha gotong royong ngresiki kelas
b. Kelas sing reged mau wis diresiki karo para siswa
c. Saben sore Melati nyaponi latar sing jembar
d. Sadurunge budhal sekolah Ratri ngrewangi ibu masak

38. Cariyos “Joko Tarub “ kalebet ….


a. Sejarah b. Sage c. Dongeng d. Narasi

39. Sejarahipun SMP N3 Tuban menawi kaserat wujud gancaran non fiksi kalebet …
a. Narasi b. Deskripsi c. Eksposisi d. Persuasi

40. Cariyos asal usulipun nami Tuban kalebet ….


a. Sage b. Legende c. Mythe d. Fabel

Naskah Soal Penilaian Akhir Semester-1 TP.2019-2020 BAJA 9


41. Teks “Caranipun ndamel tempe” kalebet …
a. Sage c. Eksposisi
b. Deskripsi d. Argumentasi

42 Ibu kintun layang/ serat ingkang wosipun budhe badhe kintun wos .
Tegesipun tembung wos ….
a. Arti, arta c. Beras, isi
b. Isi, arta d. Isi, beras

43. Kelasku … tugas nulis Jawa


a. Di kek i c. Diparingi
b. Diaturi d. Disukani
44. Nuwun sewu nyuwun ijin, kula….dhateng wingking
a. Saking c. Bakda
b. Badhe d. Ajeng

45. Nuwun sewu, nyuwun ijin mlebet kelas, kula bibar…..wingking


a. Saking c. Teka
b. Dhateng d. Dugi

46. Nuwun sewu bu..kirang mangertos, kula badhe…..


a. Tangklet c. Takon
b. Taken d. Nyuwun pirsa

47. Ketua kelas ….ibu wali kelas ing ruang kurikulum


a. Diceluk c. Dikongkon
b. Dipanggil d. Ditimbali

48. Sapa sing … melu lomba nembang ?


a.Ditunjuk c. Dikongkon
b. Diutus d. Diprentah

49. Angka 23 menawi dipunwaos ngangge basa krama:


a. Telu likur c. Kalih dasa tiga
b. Rong puluh telu d. Tiga likur

50. Angka 51 yen diwaca nganggo basa krama:


a. Seket siji c. Seket setunggal
b. Gangsal dasa setunggal d. Limang puluh siji d. Guyon

*** SUGENG MAKARYA ***

Naskah Soal Penilaian Akhir Semester-1 TP.2019-2020 BAJA 9


Naskah Soal Penilaian Akhir Semester-1 TP.2019-2020 BAJA 9
Naskah Soal Penilaian Akhir Semester-1 TP.2019-2020 BAJA 9

You might also like