Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 12

A.

Ringkesaning Cariyos

---SIJI---
Ing cariyos iki nyritakake Dewi badhe nglamar pedamelan minangka guru les, ing omah
gedhong seng nduwe lawang regol kang dhuwur banget lan rapete pager omah kuwi. Banjur
bar dibukaki lawang regol kuwi mau karo rewange, Dewi mlebet ngetutke rewang tekan papan
kang dituju banjur rewang kuwi mbukak lawang omah gedhong kuwi. Rewange mau mlebet
omah kondo karo majikane. Sing arep diwulang karo Dewi yaiku anake Bu Septi sing jenenge
Auliya umure sangang taun punjul.Nalika bali saka omah gedhong kuwi mau Dewi ing dalan
nyawang wong-wong sing padha boncengan,polatane dadi suntrut. Dewi dadi kelingan marang
lelakon uripe keluwargane. Mbiyen kena diarani wong sing cukup. Arep ngapa wae padhane
klakon. Nanging sawise bapake kedanan karo bocah wadon kabeh kaya diwalik kahanane.
Jenenge, wong wuyung nganti lali menawa wis nduwe keluwarga,bapake Dewi lali marang
tanggung jawabe. Apamaneh bareng ana kabar bocah wadon kuwi meteng, gelem ora gelem
bapake Dewi kudu tanggung jawab. Sawise bapake Dewi rabi maneh karo bocah wadon kuwi
baline arang-arang.Jatah pangan singakari separo saiki mung ditransfer lewat bank. Karepe
Dewi arep nuntut njaluk jatah maneh marang bapake, nanging dipenging karo ibune. Alasane
bisa dadi rame lan malah nrunyam tekan ngendi-endi. Kepeksa Dewi kanthi ati kuciwa kudu
manut ibune.

---TELU---
Crita ngenani keluwargane Anggra lan putrine Dewi. Ing kene Anggra lan putrine ora
digatekake karo bojone, amarga bojone kecanthol karo wong wadon liya. Bojone isih wenehi
duwit marang Anggra arepa ora cukup kanggo mbiayai uripe karo anake. Luhe tumetes
rumangsa ngenes marang nasibe. Dewi age-age ngunceni lawange banjur ngeblas ing pasar
karo sepedha onthele. Nalika pikirane nggrambyang tekan ngendi-endi dumadakan ana mobil
lewat nerak jeglongan sing kebak banyu. Ora wurung pakeyane Dewi reged kecipratan banyu
lumpur. Atine kempropok karo polatane abang mbranang. Nalika lambene arep kumecap kaya
kajithet bolah bareng weruh sopire mbukak kaca cendhela mobil.Ndomblong kaya wong
bingung nyawang sopir sing mesem marang dheweke,dene sing nyopir mobil jebule juragan
Panji. Banjur Panji nyawang klambine Dewi reged amarga kecipratan mobile mau Panji
ngendhegake mobil ing ngarep toko pakeyan nukokake klambi kangge Dewi. Sawise kui, Panji
ngeterake Dewi menyang pasar tumbas kangkung kalih ceker nganggo duite Panji. Susuke
blanja mau diwenehke karo Dewi kanggo kebutuhan liyane.

---PAPAT---
Telung ndina kepungkur Dewi ketemu Yakob kanca nalika SMU. Yakob menehi
undangan pentas teater ing gedhung kesenian. Awit karcis sing diwenehake loro, Dewi nduwe
niyat ngajak Auliya nonton bareng. Kanyatan Septi lan juragan Panji menehi palilah, Malah
budhale niyat arep diterake juragan Panji. Saiba bungahing Auliya lan Dewi dene bisa dolan
bebarengan. Esuk kang cahyane semburat tansah madhangi jagad. Polatane Dewi sumunar
karo lumaku tumuju omahe juragan Panji. Mripate Dewi mung plerak-plerok nyawang sakiwa
tengene. Saiba kagete bareng mripate weruh juragan Panji lagi lungguh ana kursi njero omah
karo maca buku, Dewi nggumun kok juragan kuwi sajak angkuh ora gelem aruh-aruh. Apa
pancen ora ngerti menawa Dewi wis teka. Pikirane Dewi mblayang marang kedeyan
kepungkur nalika ketemu arep ing pasar, Apa Panji nesu utawa getun? Batine Dewi ora
karuwan. Sajak ana sing luput mungguhing dheweke. Dewi rumangsa aneh karo klakuwane
juragan Panji. Ngapa, sajak katon kaku lan kaya ora kenal wae. Dewi mung bisa unjal
ambegan karo pikirane sing ora-ora. Batine Dewi apa pancen juragan Panji menawa ing
ngarepe bojone klakuwane kaya ngono. Sajak aneh wae. Dewi kanthi rasa pekewuh njupuk
roti banjur dipangan karo ulate diseneng-senengake ing ngarepe Septi. Ora let sedhela Auliya
jumedhul banjur nyalami Dewi.
Saka papan kiring omah keprungu swara mesin mobil, sajake juragan panji lagi manasi
mesin. Karo padha ngemil roti, Septi meling marang Dewi. Njaluki pitulung jagane Auliya lan
jlentrehke apa satemene crita sing dipentasake mengko. Mobil lumaku nyedhaki teras ngarep.
Age-age Dewi lan Auliya pamitan marang Septi. Juragan Panji sing nyupir dhewe banjur sisih
kiwane Auliya disusul Dewi. Mobil langsung ngeblas lunga tamuju gedhung kesenian. Mobil
wis tekan ngarep gedhung kesenian. Dewi age-age ngengakne lawang mobil lan pamitan
marang Juragan Panji. Semono uga Auliya sawise salaman karo bapake banjur nginthil karo
Dewi. Amarga juragan Panji ana acara ing Magetan, Panji ngongkon Dewi bali mbecak. Panji
ngulungake dhuwit rongatus ewu marang Dewi. Panji nitipke Auliya maeang Dewi menawa
ana apa-apa kon telpon. Dewi mung bisa manthuk wae karo nyawang lakune mobil kang saya
ngedoh saka papan kono. Karo nggandheng Auliya mlebu ing gedhung kesenian, pikirane
Dewi nggrambyang tekan ngendi-endi. Sing dadi pitakonan batine ngapa menawa ana Septi
juragan Panji kaya kebo dikeluh wae, nanging menawa adoh saka bojone polahe kaya bocah
enom.
Dewi kala-kala ana rasa pakewuh. Pancen juragan Panji piyayine nggantheng lan
semanak, nanging umpama arep nduweni rasa tresna marang dheweke kuwi jeneng ngimpi.
Dhasar wis anak bojo, apamaneh jenenge wis kawentar, Mbokmenawa Dewi mung bisa sokur
wae marang lelakone sing bisa nampa rejeki saka keluwaragane juragan Panji. Pikirane Dewi
ora bisa mantheng marang apa sing ditonton. Nganti lali arep njlentrehna apa satemene isine
crita kuwi marang Auliya. Rasane wes kagawa marang polah tingkahe juragan Panji sing
kerep lirak-lirik karo dheweke. Dewi lagi sadar nalika pagelaran tetaer wis rampung. Sing
nonton padha buyaran mbarengi buyare anggone ngalamun. Saiba kagete Dewi nalika
pundhake ana nyeblek saka mburi. Dewi banjur mengo nyawang sing nyeblek mau. Jebul
Yakob kancane sing menehi tiket. Yakob lan Dewi ngobrol sedhela, banjur Dewi lan Auliya
ditawari bali diterake Yakob. Nanging mau Dewi wes digawani Panji dhuwit kanggo numpak
becak, nolak Yakob. Yakob mbujuk mbujuk akhire Dewi lan Auliya gelem anggere ora
nanggo traktir. Kapeksa Yakob kudu manut marang karepe Dewi. Banjur sepedha motoran
telon temuju omahe juragan Panji.

---LIMA---
Telung sasi Dewi dadi guru les-e Auliya. Sawise wingi nampa gaji Dewi kepingin
tetukon celengan yaiku anggong-anggong kang wujud gelang utawa kalung, ing dalan Kutai
pancen dadi pusat toko mas, Dewi kanthi ati kang mongkok mancal sepedhae tumuju papan
kuwi. Ana salah sijine kalung kang bandhule sajak nyengsemake, bentuke kaya permata rupane
ijo mencorong lan Dewi takon karo sing jaga. Dewi noleh jebul juragan Panji, Dewi bingung
isine sarwa pakewuh minangka guru les wis dibayar dene juragan Panji menawa karo dheweke
kaya nyah-nyoh wae, apa apa diwenehi. Dewi rumangsa wedi lan ora kepenak, sabanjure mung
bisa pasrah. Sawise kalung dibayari Panji, niyate Dewi arep pamit mulih nanging sajak
digandhuli. Dewi pasrah wae lan nurut karepe Panji. Tekan papan sing dituju yaiku bakul soto
ing njero pasar sisih kulon Panji banjur pesen rong mangkok soto karo minumane. Wong loro
pada ngedhapi soto kang isih panas karo rembugan ngalor kidul, sak rampunge mangan teka-
teka Panji nyekel tangane Dewi lan anehe Dewi mung meneng wae tanpa bisa tumindak apa-
apa. Dewi bingung oleh arep mangsuli supaya ora nyonyok atine juragan Panji, Dewi golek
alesan yen kelalen ngunci sepedhane banjur mulih.

---NENEM---
Pancen Dewi Iagi sepisan tepung sing jenenge tresna. nalika ketemu karo juragan Panji
wektu kepungkur. Rasane pikirane ketok-ketoken apa sing nate dikandhaake Panji. Apa bener
dheweke tresna marang juragan Panji sing    wis anak bojo lan uga sawalike. Dewi saben dina
sajak kerep ngalamun.Saiki luwih akeh menenge tinimbang sadurunge seneng
ngomong.Menawa nonton tivi panyawange sajak adoh ora tumuju sing ditonton. Minangka
wong sing wis pengalaman Anggra weruh marang owah-owahan tindak-tanduke anake.
Nanging, Anggra mung ethok-ethok ora ngerti. Sore mengko Dewi kudu budhal ing omahe
juragan Panji ngeles Auliya. Wiwit awan batine semu bingung, isine mung tura-ruru. Pikire
wektune kaya ora ndang mlaku. Mripate bola-bali nyawang jam tembok ing kamare. Rasa
kangen kepengin ketemu marang wong sing bisa nyolong atine kaya-kaya wis ora bisa
kebendhung. Setengah loro Dewi wis dandan luwih mlithis tinimbang biyasane. Nuntun
sepedha alon-alon metu saka omahe karo poJatane sajak seneng.Anggra mung nguwasi wae
saka kadohan marang tingkah lakune anake. Dewi ora rumangsa dene sapolah tingkahe ana sing
nguwasna.
Saya caket karo omahe juragan Panji, rasane Dewi tambah ora karuwan. Jantunge
gemeter kaya ana daya sing ngobahake. Mangka sadurunge rasa sing kaya ngono kuwi ora ana.
Apamaneh nalika tangane ndudul bel lawang, awake sangsaya gemeter karo kringete padha
metu. Nalika lawang regol kabukak, Dewi terus ngeblas mlebu tumuju omah gedhong kuwi.
Polatane saya ora karuwan ngetutake rasa kang ora samesthine. Dewi plenggong, rasane
suwung dene wiwit awan mau myate kepengin ketemu juragan Panji. Nanging saiki sing
diangen-angen malah ora ana. Pancen tekane kuwi ngeles. nanging sawise kedadean ing
warung soto kuwi sajak ana karep liya. Awit saka rasane sing kagubel tresna mula anggone
muJang dadi beda karo padatan. Pikirane sajak keganggu lan kala. banjur ndomblong kaya
wong ora nyandhak. Dewi kaya wis ora nggagas marang kahanane Auliya sing ora bisa nampa
piwulange Lambene terus nrocos sakarepe dhewe tanpa migatekake sing Tresna kuwi pancen
aneh. dene Dewi ngerti menawa juragan Panji wis nduwe anak bojo kok bisa ana rasa marang
priya nggantheng kuwi. Auliya mung godheg-godheg ora gelem kandha apa sing dadi pikirane.
Dewi banjur nyalami Aliya lan pamit. Durung nganti sikile jumangkah lawang ruwangan sinau
mbukak. Saiba kagete Dewi jebul sing mlebu juragan Panji. Nyawang tekane Panji ana rasa
semu mbingungake mungguhing Dewi. "Saiki Liya ing karnar dhisik... bapak arep rembugan
karo bu guru..." "Nanging, Bu Dewi mulihe... eh kondure ngenteni Liya rampung nata buku
inggih.." Dewi manthuk tandha sarujuk marang apa sing dikandhakake dening Auliya.Nalika
Auliya wis metu saka ruwangan, Panji nyawang Dewi kebak rasa kang luwih jero."Rasane aku
iri marang Auliya.... saben dina meh bisa ketemu karo kowe..." "Bapak women Kemawon”
"Ayo karo dipangan oleh-olehe kuwi."
Dewi mung bisa nurut karo lungguh ing kursi. Batine nunangsa seneng banget bisa
nyawang marang priya sing dadi gegantilane ati. "Dewi ngapa kowe meneng wae?" pitakone
Panji karo nyekel tangane Dewi."Apa kowe ora seneng ketemu aku?" "Hmmm.... kula kepengin
wangsul rumiyin," kandhane kang nyelaki batine. "Mulih? Ana apa? Ora seneng ana
aku?" "Kula ajrih menawi wonten ingkang sujana. Menapa malih menika wonten dalem
panjenengan." "Lha ing ruwang iki ora ana sapa.sapa... apa kang diwedeni?" "Mboten Pak...
kula namung sumelang..."Jantunge Dewi dadi gemeter sajak kaweden. Panji dhewe polatane
katon pucet, nanging ngupaya dhadhag. Septi mripate plorak-plorok sajak ana sing ora
ngepenakke atine. Batine rumangsa gela dene Panji pamit hali dhisik jebul mung arep nemoni
Dewi. Rasane kepengin nesu, nanging Septi isih nukir anake. Polatane sing maune suntrut kaya
dipeksa dadi semringah. Karo mesem dewe gampiri Dewi lan Panji. Ora apa-apa nanging,
menawa wong loro ijen bisa dadi perkara." "Aneh.... lha sadurunge wae Bu Septi malah nate
ngongkon bojone ngeterake aku. Menawa nduweni rasa sujana utawa sumelang, ora bakal
printah Pak Panji ta?" "Mbok menawa mbiyen isih durung kaya saiki. Piwelinge ibu, kowe
kudu bisa njaga dhiri. Aku sumelang menawa kowe dilereni anggonmu ngeles karo Bu Septi
banjur arep mangan apa awake dhewe. Kuwi eling elingen.." Dewi bingung bareng krungu
kandhane ibune. Pancen bener menawa kabeh kebablasen bakal dadi bilahi. Karo maneh
juragan Panji wis anak bojo, dadi rasa tresna kuwi ora perlu dibacutke jaman juragan Panji sing
nguber terus, kayadene wong ngeyel sinuguh banyu.

---WOLU---
Crita ing buku awale nyritakake percakapan Dewi lan Yakob ing bunderan pas ora
sengaja ketemu, ing kono Dewi crita tentang masa hidupe seng abot, trus si Yakob ngeyakinke
si Dewi, la neng kene Dewi ngei tantangan neng Yakob nak Yakob kui tenan lanang apa ora,
trus Yakob nrima tantangane Dewi lewat nukokake bakso,Yakob wes yakin nak dee iso
nyanggupi tantangane Dewi, neng jebule Dewi le tuku karo mangan akeh banget ngasi nem
bungkus, pitu karo sing dipangan Dewi. Si Yakob bingung olehe arep ngatasi, apa kudu
nggadhekna HPne utawa KTP. Begjane ana kancane sing liwat, banjur rembugan nyilih dhuwit.
Septi mung lungguh anteng ing kursi tamu. Ora ngerti apa sing dipikir nganti olehe lungguh
anteng ing kursi tamu. Ora ngerti apa sing dipikir nganti olehe lungguh nganti pirang-pirang
jam. Panyawange tumuju njaba sajak ana sing gawe ribete ati. Wiwit Panji ninggalake omah
mau Septi banjur lungguh karo ngalamun. Rumangsa uripe ora tentrem wiwit nalika dheweke
weruh Panji sakmobil karo Dewi guru les e Auliya. Mangka selawase iki dheweke gething
banget menawa bojone cedhak karo bocah wedok ayu apa maneh isih enom. Trus Septi
ngandan-ngandani Dewi nak Panji kui pinter nggoda utawa ngluluhke atine wong wadon. Dewi
kaget terus ngrasa ora kepenak nek kedekatane mbek Panji kuwi ora apik. Banjur Dewi jaluk
ngapuro kalih Septi nek wes sadar lan ngakoni nak salah. Septi ora gelem nek Dewi ngko entuk
lanang seng ora nggenah.

---SEPULUH---
Dewi bener-bener ora bisa uwal saka tresnane marang Panji. Anggra mesakke marang
Dewi amarga Dewi anak siji-sijine apa maneh Dewi ndue loro tipes. Pancen sarwa salah
menawa ngarujuki karepe anak kui jeneng dosa gedhe, awit bakal ngrusak pager ayu. Dewi
banjur diolehi ketemu kalih Panji. Anggra mung ngulatke lakune Dewi aka njero omah. Nadyan
ana rasa sumelang nanging piye maneh mbok menawa pancen kuwi wes dalane pesthi. Dewi
alon-alon mlaku ketemu Panji, ing sacedhake enggok-enggokan Dewi weruh Panji kang ngadek
ana ing ngisor wit jambu. Wiwit ketemu kuwi Dewi lan Panji kerep lunga bebarengan lan
nginep. Alasan Dewi marang ibune ana reoni karo konco-koncone, Anggra reti nek anake kuwi
ngapusi ananging timbang anake kumat lorone, semono uga Panji seng wes ora gagas bojone.
Dewi lan Panji ketemu ing saknggon lan omong-omong jebul Dewi wes ngandhut anake Panji
lan Panji arep pegat kalih bojone lak nikah kalih Dewi.

---SEWELAS---
Panji karo teturon pikirane ora karuan, deweke lagi golek akal pie carane anggone
kondo marang Septi, anggone omah-omah karo Septi wes 15 sasi nanging kahanane ora nate
tentrem, lan saham e Panji wes dicekel Septi dadi yen pancen pisahan karo Septi Panji ora oleh
apa-apa. Panji lan Septi banjur mlaku tumuju ruang tamu ngomongke permasalahan iki, banjur
Panji ngungkapkake apa sing dirasakke selama iki kalih Septi sawise kuwi Septi banjur
ngomong “Koe yen wes metu saka omah iki koe ora bakalan due apa-apa” Panji “Yowis ben
rapopo aku malah ora due aji selot sue neng kene ki ora keangkat ajiku” uga aja anggep
gampang yen arep pegatan kuwi kabeh perkara isa wolak-walik anggone jebat koe ora bakal
bisa megat aku, Panji ora bakal jaluk bandhane Septi mergo Panji sadar yen deweke awale saka
wong ora nduwe dadi metu saka omah-omah kui yo bakalan ora due apa-apa, amarga Septi
awale wis sugeh ndhisik, amarga urip iki dingo nalar nek ora uripmu bakalan kejeglong.

---ROLAS---
Esuk kuwi nalika Anggra menyang pasar, Dewi mung lungguhan nampar sikil anak
kursi kaya wong lumuh, pikirane kelingan marang lelakone kang kecanthol bojone liyan. Saiba
kuciwane Septi menawa sida pegatan karo Panji. Nedheng-nedhenge pikirane ngrambyang
keprungu swara mobil sing mandek ing ngarep omahe, banjur noleh nyawang saka jendela sapa
sing lagi teka, saiba kagete Dewi nalika weruh Septi mbukak lawang pager. Rasane pengin
njerit utawa mlayu. Septi mung nguwaske solahe Dewi sing sajak semu keweden. Iki wektu
kang becik kanggo ngelabrak bocah sing dianggep ora nggenah kuwi. Dewi krungu tembung-
tembunge Septi dadi perih, arep mbeladiri rumangsa luput. Luhe ndlewer nelesi pipi. Polatane
pucet ora wani nyawang Septi babar blas pisan. Dewi rumangsa kedhodog atine, dhene iseh
esuk wis diasorke wong liya. Dewi ngrumangsani lupute nanging ora ngira menawa akibate
bisa gedhe kaya ngene. Begjane ibune ora ana ning omah, menawa weruh larane bisa kumat.

---TELULAS---
Saka rumah sakit panji langsung ngeblas mulih. Nalika mlebu omah dheweke weruh
septi lagi nampar sikil ing kursi karo moco koran. Nadyan septi mripate nyawang koran
nanging batine perih dene lelakone karo panji sedhela meneh bakal mandheg. Limalas tahun
kebak pangeling – eling sing nyenengake lan nyepenake. Rasane ora terima dene ana wong sing
arep ngrusak keluwargane. Septi mripate mung ngelirik tekane panji. Ana rasa sedhih lan
mangkel, dene saiki kaya – kaya wis ora kuwawa marang marang tekade panji kanga rep megar
dheweke. Septi jantung e tambah gemeter krungu ancamane Panji. Bayangane wis ora karuwan
menawa dheweke nganti urip ning jero penjara. Tangane dadi kewelen, arep ngadetg kaya ora
bisa. Lambene gemeter abot menawa arep guneman. Mripate septi kaca – kaca ngatonake
menawa pancen dheweke sing luput. Septi banjur mbrebes, nggetuni marang apa sing wis
ditindakno.
Septi mung nguwaske panji karo luhe mbrebes mili. Satemene septi isih durung bisa
nglepaske bojone. Nanging, menawa kahanan saya panas banjur kudu piye. Umpama di
penggak tetep kedawa- dewa. Batine septi kaya dijuwing – juwing. Dhewke bakal dadi randha,
lan dadi omongan. Banjur sapa sing arep nglakokne usahane. Sabanjure urip karo sapa. Rasa
sepi bakal ngancani manggon ana ing omah gedhong kuwi. Umpama arep jerit mesthi
dirungokno tonngo. Mbebebeg kaya patung karo mpripate ora kedhep – kedhep. Panji dhewe
sajak isih ana rasa mesakna. Ngelingi limalas taun pait getire bebrayan dilakoni bareng.
nanging, piye maneh jeneng atine wis kaya diobong. Umpama dipetanana mesthi nduweni
luput. Rasane pancen abot menawa arep uwal. Nanging, saka wiwitan wis ora ana bibite
katresnan, mbok menawa iki wektu kang pas kanggo ngluwarke rasa sing suwe di pendhem.
Alon – alon panji mlebu kamare.
Ora let suwe mestu karo nggawa saperangan barang – barange. Kanthi rasa sedhih panji
jangkahake sikil, nadyan abot. Weruh bojone arep lunga septi banjur clathu. Panji ndlongo
krungu kandhane septi. Batine luluh kaya ora tegel ninggalake. Apameneh menawa nyawang
septi sing kaya wong linglung. Pancen nadyan ora ana rasa tresna lelabuhane septi uga gedhe.
Gelem ngopeni auliya kanthi wigati banget. Kalupatane sing seneng dolanan wong wadon bisa
dingapura. Panji mesakna banget weruh polatane septi sing mung meneng wae. Nanging, piye
meneh kabeh lelakon kudu dilakoni. Menawa arep mbalik padha wae bali ing kandhange
macan. Ora ana pilihan maneh kejaba ninggalake septi kanthi padha nggawa rasa kuciwa. Septi
ora mingket saka kuirsine karo panyawange kosong. Barang wis kebacut digetunana tanpa
guna. Dosa – dosane pancen kudu ditebus wektu iki. Umpane mbesok mati ora bakal nyangking
abote dosa. Septi saiki kudu bisa nampa takdire urip. Isine mung pasrah lan nerima apa sing
dadi pesthine. Dewi wis guyon karo ibune nalike panji tekan omahe. Ngelingi dadi wong tuwa
anggara banjur nyingkrih ing ruwang mburi. Bareng dipikir – pikir kabeh padha padha
nyarujuki apa sing dadi penemune septi. Wong telu dadi akur kepengin urip kanthi rukun lan
ora ana tukar padu.

B. Analisa

1. Tema

Tema ing novel klelep ing samudra rasa karya tulus setiyadi iki yaiku kerukunan lan
ketulusan. Konflik sajrone cerbung katresnan segitiga antarane Dewi,Panji,lan Septi kang
ngandharake ngenani kerukunan minangka upaya kanggo njaga rumah tangga kang kebak
konflik. Iki bisa dibuktike kaya ing ngisor iki.

 Kutipan:

“kabeh wis kebacut. Ing pikiranku piye carane njaga kawibawane kaluwargaku. Nadyan
ing njero rasane panas ora gathuk babar pisan, sabisaku ing njaba bisa nutupi.”(125)
Kabeh tumindak ala sing ditindakake Septi marang Dewi, Septi rumangsa tulus lan
luput nalika ndeleng bojone, Panji kudu omah-omahan karo Dewi. Iki bisa dibuktekake
kaya ing ngisor iki

 Kutipan:

“Wi.... sepurane sing gedhe kabeh kaluputanku... qku saiki wis ngerti menawa kowe
panceb tuhu wanita kang utama, beda karo aku iki. Lan ngertenana bener apa sing
kandhake bojoku mau, saiki aku wes eklas menawa koe rabi karo Panji. Awit saka iku
aku titip bojoku...”(150) Kekarepane Septi supaya ora megat Panji kawujud lan amarga
ketulusane Dewi, Panji lan Septi urip rukun dadi siji kaluwarga.

2. Sudut pandang

Novel klelep ing samudra rasa iki nggunakake sudut pandang wong katelu tanpa wates.
Sudut pandang wong katelu Tulus setiyadi kang ora winates sajrone novel iki dibuktekake
saka ing ngisor iki.

 Kutipan:

“Tujune aku mau cepet ketemu koe Wi, menawa ora kaya ngapa dadine,”batin Panji
nalika lungguh ana ing ruwang tunggu.(138) Saking pethikan ing nginggil saged
dipunpendhet dudutan bilih sudut pandang ingkang dipunginakaken panganggit wonten
ing novel klelep ing samudra rasa karya Seyiyadi ingkang tulus inggih menika sudut
pandang orang ketiga ingkang tanpa wates. Panganggit ndadekake paraga mikir, nalika
ora ana wong.
3. Latar

Wonten ing novel Klelep ing Samudra Rasa menika wiwitanipun cariyos wonten ing
kutha Madiun. Iki dibuktekake kanthi nulis geguritan anggitan Dewi Madiun, Januari 2016.

A. Gedung kesenian
“yakob menenhi undangan pentas teater ing gedhung kesenian.”

B. Tempat parkir
Nalika arep bali, saiba kagete Dewi bareng ketemu juragan Panji sing wis ana papan
parkiran.

C. Rumah Juragan Panji


“polatane Dewi sumunar karo lumaku omahe juragan Panji.”

D. Pasar
“Dewi banjur mlebu pasar blanja kabutuhane.”

E. Rumah Dewi
[....] “nalika Dewi mbukak lawang omah..”

F. Rumah sakit
“saka rumah sakit Panji langsung ngeblas mulih”

G. Solo lan Surabaya


“Dheweke kulakan pakeyan lan liya-liyane saka solo lan surabaya banjur diderna...”

H. Restaurant
Ing restaurat lungguhe Dewi lan Panji adhep-adhepan. Karo pada mangan Panji bola-
bali nyawang dewi.”

I. Tlaga ngebel
Banjur mobil diparkir ing pinggire tlaga, wong loro padha mudhun lan nguwasake
endahe Tlaga Ngebel.

J. Makam
Panji lumaku banjur njujug salah sijine kuburan sing wis dikebaki suket.

4. Latar waktu
A. Bagian bulan
“wes sewulan Dewi ditampa dadi guru les Auliya anake juragan Panji.”
[...]
“telung sasi Dewi dadi guru les Auliya. Gaji sing ditampa lumayan bisa kanggo nyukupi
butuh.”
[..]
Wektu kang terus lumaku, mbarengi crita lelakone menungsa. Ora kerasa Dewi wis nem
sasi ngeles Auliya.
B. Bagian hari
1. Pagi hari
2. Siang hari
3. Malam hari

5. Latar suasana :
A. Senang
B. Sedih
C. Bingung
D. Marah
E. Kesal

6. Alur
 Bagian-bagian alur

Cariyos wonten ing novel Klelep ing Samudra Rasa dipunwiwiti nalika guru wilangan
ingkang gadhah sesambungan kaliyan juragan papan kerjanipun ingkang asma Panji,
nanging Panji menika gadhah anak saha garwa, saengga ndadosaken konflik
antawisipun Dewi, Panji, lan Septi.

A. Bagian alur awal


Alur wiwitan novel iki kaperang dadi 6 episode. Babagan pisanan saka plot katon maju
banjur mundur banjur maju maneh. Babagan iki nyritakake Dewi sing lagi golek
pegaweyan kanggo nyukupi kabutuhane lan ibune sawise ditinggal bapake kanggo
omah-omah maneh. Iki bisa dibuktekake kaya ing ngisor iki.

 Kutipan:

Bareng nyawang wong-wong sing pada boncengan, polatane dadi suntrut. Dewi
kelingan marang lakon urip keluwargane. Mbiyen kena diarani wong sing cukup. Arep
ngapa wae padhane klakon. Nangis sawise bapake kedanan karo bocah wadon kabeh
kaya diwalik kahanane. Jenenge wong wuyung nganti lali menawa wis nduwe
keluwarga, bapake Dewi lali marang tanggung jawabe. Apa maneh bareng ana kabar
bocah wadon kui meteng, gelem ora gelem bapake Dewi kudu tanggung jawab. Wiwit
kedadeyan kui kaya-kaya kesapu lesus keluwargane Dewi. Saben dina wong tuwane
uring-uringan.(6) Episode kapindho lan katelu plot maju. Adicara ingkang kaping kalih
nyariyosaken babagan gesang padintenan Dewi ingkang dados wali putranipun Auliya
saking Panji lan Septi. Adicara ingkang kaping tiga nyariyosaken patemonipun Panji
kaliyan Dewi nalika kepanggih wonten ing pinggir margi lan gadhah ancas dhateng
pasar.

 Kutipan:

Wis sewulan Dewi ditampa minangka dadi guru les Auliya anakr juragan Panji. Ora
ngira menawa Auliya kuwi bocah cilik kang pinter, becik kelakuwane, lan cepet nampa
wulangan. (10)

[...]
Age Panji mbukak lawang lan mlebu ana mobil. Mripate kaya mencolot bareng
nyawang Dewi sing katon tambah ayu. Panji mung godheg-godheg karo nyetir mobile,
banjur ngeblas tumuju pasar. (26) Episode papat nganti enem duwe plot sing diwiwiti
mundur lan maju. Babagan papat nyritakake Dewi sing entuk 2 undangan karcis teater
sing diwenehake Yakob lan Dewi duwe niat arep ngajak Auliya bareng, lan akhire
dheweke lunga bareng dikancani Panji.

 Kutipan:

Telung dina kepungkur Dewi ketemu Yakob kanca nalika SMU. Yakob menehi
undangan pentas teater ing gedung kesenian. Awit karcis sing diwenehake loro, Dewi
ndue niyat ngajak Auliya nonton bareng. Kenyataan Septi lan juragan Panji menehi
palilah. (33) Adicara kang kaping lima nyritakake katrangan saka juragan Panji marang
Dewi nalika mulih mendem. Amarga Panji ora pengin Dewi nganggep yen Panji kuwi
wong ala.

 Kutipan:

“Kabeh kanggo njaga ing ngarepe Auliya. Bocah cilik ora kena ngerti marang perkara
kang bisa nganggu pikirane. Mbok menawa kowe isih eling nalika aku bali wengi-wengi
kanthi kahanan mendem. Kuwi daklakoni awit aku wis ora kuwat ngempet rasa
mangkelku. Kanthi cara mengkono sajak aku bisa ngguwak rasa sumpek ing
dakpendhem..”(47) Babagan enem nyritakake nalika juragan Panji medharake rasa
pangrasa marang Dewi kang ndadekake Dewi bingung apa sing ditindakake bakal dadi
masalah lada.

 Kutipan:

Dewi mung bisa neteske luhe. Weruh kahanan kaya ngono, Panji ngerogoh sapu tangane
bajir ngelapi pipine Dewi sing kebak luh. Dewi ndhingkluk, awit ana rasa kang
dipendhem. Niyate kepingin ngamplok juragan Panji lan nangis sakmareme. Nanging,
Dewi banjur eling apa sing dilakoni kuwi bisa nemoni bilahi. Age-age dheweke mundur
rada ngedoh karo Panji. (56)

B. Bagian alur tengah

Bagian tengah kasusun saka episode pitu nganti sewelas. Alur ing tengah biasane alur
maju. Adicara kapitu nyritakake lelakone Panji nalika ana ing kuburane bapake. Panji
nyritakake uripe nalika bapake seda. Babagan iki uga nyritakake carane Panji nikah karo
Septi sing ora liya anake juragan papan panggonane Panji.

 Kutipan:

“ Ora.. ora apa-apa. Dakcritani wae supaya ngerti. Mbiyen bapakku kerja ing pabrik
gula, nanging mbokmenawa kerjane abot banjur lara-laranen. Nalika aku umur wolung
taun bapakku wis ora bisa apa-apa mung dadi kembange amben. Ibuku lan simbah olehe
ngupakara ora karu-karuwan, nanging pesthine Gusti bapak ora ketulungan. Sawise
sedane bapak, ibuku niyate bali marang wong tuwane ing Madiun...” (76) Episode
kaping wolu lan kaping sanga nggunakake plot maju. Ing episode iki konflik awal Dewi
lan Septi diwiwiti nalika Septi ngerti yen Panji lan Dewi duwe hubungan ing mburi
Septi lan ngelingake Dewi supaya adoh saka Panji.

 Kutipan:

Geter jantunge Dewi sangsaya banter nalika krungu tembunge Septi. Dewi rumangsa
ana sing ora beres. Awit ora biyasane Septi nindakake sing kaya ngono. Kanthi sajak
wedi Dewi alon-alon lungguh ana kursi ing sangarepe Septi. (94)

[...]

“Langkung sae panjenengan rembagan kemawon kaliyan bu Septi,” wangsulane Dewi


karo nangis. Panji dadi kaget bareng krungu jenenge bojone disebut. Pangirane mesthi
ana sing ora beres. (111) Episode sepuluh lan sewelas duwe plot maju, lan wiwitane
Septi mbales dendam marang Dewi amarga ngrusak rumah tanggane.

 Kutipan:

Dewi alon-alon malku karo ndhingkluk. Pikirane kang abot sajak gawe kurang
semangate, tudhonr bola bali netesake luh. Ing sacedhake enggok-enggokan Dewi
weruh Panji kang ngadeg ana sangisore wit jambu. Panji sing bisa ngisi antine kaya-
kaya gawe kedanan saben dina. (116)

[...]

“Mbok menawa kowe wis kenal karo bocah kuwi. Dheweke ora liya Dewi..” pangucape
Panji Keprucut. Septi mripate mendolo sakmata kebo. Batine rumangsa kuciwa banget
deme mbiyen Dewi wis janji ora bakal nyedhaki bojone, nanging jebul ora kena
dipercaya. Sajak ora terima Septi marang klakuwane Dewi. Thukul rasa dhendham
kepengen males larane ati.

C. Bagian alur akhir


Babagan iki kaperang dadi rong episode, yaiku episode rolas lan telulas. Wonten ing
adicara ingkang kaping kalih welas wonten klimaks konflik antawisipun Dewi kaliyan
Septi ingkang pungkasanipun Septi damel cilakanipun Dewi amargi Dewi sampun
ngrusak rumah tangganipun kaliyan Panji.

 Kutipan:

“Aku ora bakal bali menawa koe durung mbalekna bojoku. Umpama Panji klakon
megat aku, aja takon dosamu. Aku duwe duwit, kabeh bisa daktuku. Aja meneh
mbatalke rabimu, nyawamu wae bisa daktuku. Percaya ora percaya bisa kok buktekn,”
karo tangane nggebrak meja banjur ninggalke Dewi sing lagi nangis.(130) Adicara
kaping telulas mujudake puncak lan resolusi konflik sing kedadeyan sawise Panji
ngerteni yen Septi sing gawe cilaka Dewi. Panji pancen kepengin megat Septi nanging
Septi ora gelem. Pangripta ngrampungake konflik kasebut kanthi nggawe Septi milih
supaya Panji rabi karo Dewi tanpa pegatan lan iki disepakati dening Panji lan Dewi.
Akhire wong telu mau nyoba urip rukun lan adil.
 Kutipan:

“Wis mas..lan Dewi... aja didawakna.” Kandhane Septi banjur nyekel tangane Panji
“Umpama ora megat aku, nanging koe daklilani rabi karo Dewi piye? Perusahaan tetep
cekelen kanggo ngopeni kau karo Dewi, uga anak-anake dhewe.” Kandhane Septi gawe
kagete Dewi karo Panji. Bareng dipikir-pikir kabeh padha nyarujuki apa sing dadi
panemune Septi. Wong telu dadi akur kepingin urip rukun lan ora ana tukar padu
meneh.(151)

7. Tokoh

-Paraga utama Dewi yaiku wanita kang gampang ulet lan manut apa sing diomongake
ibune. Dewi iku wong sing tegas lan pinter. Dewi yaiku wanita kang dadi tulang punggung
kulawargane.

-Septi wonten ing cariyos menika paraga ingkang rada umuk, mbetahaken sarana kangge
nggayuh kekarepanipun.

-Panji iku wong sing ganteng rupane kaya artis lan apikan. Panji iku bojone Septi.

-Bu Anggara iku ibu dewi. Dheweke nduweni watak kang kuwat senajan wis tuwa lan lara,
nduweni rasa prihatin marang Dewi lan tulus urip.

-Auliya iku putri saka Panji lan Septi. Auliya nduweni watak sing pinter, sopan, lan mandiri
senajan anake wong sugih. Auliya ora manja.

-Yakob iku kancane Dewi nalika SMA. Yakob nduweni watak ceria lan lucu.

8. Amanat

Kabeh masalah bisa ditanggulangi kanthi rukun tanpa nganggo ala. Lan kita kudu sinau
kanggo nampa kasunyatan. Urip iku uga luwih endah yen kita nrima.

You might also like