WULANGAN 1 URIP RUKUN Wacanen teks ing ngisor iki ! (Ana ing buku halaman 13-14) Kerja Bakti Dina Minggu esuk, lingkungan sakiwa-tengene daleme pak Wibawa katon rame. Para warga guyup rukun nindakake kerja bakti utawa gotong royong bebarengan ngresiki dalan lan kalen. Bapak-bapak resik- resik, dene ibu-ibu nyepakake dhaharan kanggo sarapan. Para warga anggone kerja bakti katon cukat trengginas. Ora ana sing sangga uwang. Olehe tumandang gawe disambi guyon supaya ora gampang kesel. Werna-werna piranti sing dienggo. Ana pacul, arit, cethok, sapu, lan cikrak. Bocahbocah padha melu repot tumandang gawe. Bima, Rini, lan kanca-kancane sregep banget. Atine seneng bisa kumpul karo para warga. Sawise kerja bakti kabeh kumpul ing latare pak Wibawa. Sarapan wis sumadiya. Dhaharan sing sumadiya wernane akeh. Ana sega pecel, lodheh, urap-urap, ayam goreng, lan isih akeh maneh jinise. Uga ana bubur kacang ijo, es blewah, lan teh anget. Ibu-ibu padha iwut ngladeni bocah-bocah. Bapakbapak mundhut dhewe-dhewe. Kabeh dhahar bebarengan. Anggone dhahar padha katon rahap. Ing kana-kene keprungu guyune para warga. Pancen warga RT loro kelurahan Sukamaju angger ana kegiyatan mesthi dilakoni bebarengan. Bab kuwi nuduhake yen para warga tansah guyup rukun. MBEDAKAKE SWARA JEJEG LAN SWARA MIRING 1. SWARA JEJEG Swara jejeg uga diarani swara sampurna, olehe maca padha karo tulisane. Tuladha : a. Swara a jejeg = lima, ana, pira, sapa, mara, sega, maca b. Swara i jejeg = iki, kuwi, pipi, siti, rugi, lagi, baris c. Swara u jejeg = luru, guru, biru, maju,tumbu d. Swara e jejeg = sate, kene, jare, kowe, lele e. Swara o jejeg = domba, loro, belo, kilo, ijo, kono 2. SWARA MIRING Swara miring uga diarani swara ora sampurna manawa olehe maca owah saka tulisane. Tuladha : a. Swara a miring = kambil, baris, domba, bapak, sekolah, gawe, anak b. Swara i miring = lading, adhik, dhuwit, wis, pitik c. Swara u miring = payung, wisuh, weruh, pikun, tarung d. Swara e miring = bebek, golek, menek, tekek e. Swara e pepet = wareg, wedi, geger, banger f. Swara o miring = adoh, dhondhong, terong, bocah