Utusané Allah kawulané Allah Kang werna-werna rupané, kang werna-werna gawéné, werna-werna ngibadahé Tanpa syahwat tanpa nafsu, ora bapa ora ibu, ora lanang, ora wadon, ora mangan ora nginum Jisimé jisim alus, bangsa nur.
Asyhaduallailaha illallah wa asyhadu anna Muhammadar rasululah.
Aneksèni ingsun setuhuné ora ana ing pengéran kang sinembah
kelawan sak beneré Kang wajib wujudé, kang muhal ‘adamé, kang mesthi anané, anging Allah.
Aneksèni ingsun setuhuné kanjeng nabi Muhammad iku utusané
Allah, kawulané Allah Kang rama Sayyid Abdullah, kang ibu Siti Aminah Ingkang dzahir ana Mekkah, hijroh ing Medinah, jumeneng ing Medinah, gerah ing Medinah, séda ing Medinah, sinarèkaken ing Medinah Bangsané bangsa Arab, bangsa rasul, bangsa Qurèsy. Utawi yuswané kanjeng nabi Muhammad iku sewidak tahun, punjul tigang tahun
Utawi maknané lafadz lailahaillallah iku makna nafi lan itsbat
Utawi kang dèn nafèkaken iku sekèhé pengéran, pengéran kang liya, saking pengéran kita, kang agung kang maha mulya, Utawi kang dèn itsbataken iku pengéran kang sah, kang setunggal, kang ora dinadèkaken. Ndadèkaken ‘alam kabèh, yaiku aran Allah. Tegesé aran Allah iku aran ing dalem Dzat kang wajib wujudé, kang muhal ‘adamé, kang mesthi anané, ora werna ora rupa, ora arah ora anggon. Lan sing sopo wongé ngucapaken setuhuné Allah iku werna rupa arah anggon, mangka wong iku dadi kufur.
Utawi kanjeng nabi Muhammad iku manungsa kang lanang, kang
merdéka, kang wus ‘aqil baligh, kang bagus rupané, kang mencorong cahayané, kadi purnamané mbulan, utawa kaya srengéngé
Kang katurunan wahyu, ingkang wajib anduwèni sifat shidiq
amanah tabligh. Sidiq temen, amanah kang percaya, tabligh anekakaken Muhal unyo, muhal cidro, muhal ngumpetaken. Ingkang wenang anduwèni sifat ‘aradh basyariyah Kang ora nyudaaken ing dalem derajaté ingkang maha luhur.
Allahumma sholli ‘ala Muhammad
Allahumma sholli ‘ala Muhammad Wa ‘ala alihi, wa ‘ala âlihî, wa shahbihî wa sallim.