Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 11

BAHASA JAWA

WULANGAN 7
HIBURAN

KELAS 7
Dening :

1. Nur Lailiyah Imawati, S.Pd

3. Ika Wahyuningrum, S.Pd

2. Wahepi Suhartatik, S.Pd

Untuk kelas 7 A-J SMP NEGERI 1 BLOR


wahepisuhartatik@gmail.com
3.3 Menelaah
cerita wayang
Ramayanan B
(Kidang Kencana)

C
4.3 Meringkas teks
cerita wayang
Ramayana Kidang
Kencana

SMP NEGERI 1 BLOR


wahepisuhartatik@gmail.com
KIDANG KENCANA
Rama, Sinta lan Lesmana ngumbara
ing alas gung liwang liwung. Saya
manengah, saya manengah anggone luru
panggonan kang kepenak kanggo leren.
Nalika Rama misah golek woh-wohan
kanggo nambani rasa luwene
dumadakan ana raseksi aran
Sarpakenaka saka negara Ngalengka.
Raseksi kuwi kepencut karo kebagusane
Rama, nanging Rama ora nanggapi.
Raseksi iku tetep ora lunga saka alas
kono. Pinuju Lesmana ijen tanpa rowang
uga dicedhaki, nanging Lesmana uga ora
nglanggati. Sarpakenaka banjur muring
Lesmana dikrayah, dicokot irunge.
Sarpakenaka banjur bali menyang
Ngalengka.
SMP NEGERI 1 BLOR
wahepisuhartatik@gmail.com
Satekane negara Ngalengka
dheweke banjur matur karo rakane
Rahwana, uga kasebut Dasamuka yen
dheweke dirudaparipeksa karo Rama
lan Lesmana. Dheweke uga nyritakake
yen Rama duwe garwa sing ayu rupane.
Bareng erntuk palapuran kaya
mangkono iku Rahwana banjur ngajak
Kala Marica nyatakake lapurane
Sarpakenaka.
Tekan alas Rahwana nyawang saka
ndhuwur ana pawongan telu Rama,
Sinta, lan Lesmana. “Wah bener apa
sing dikandhakake Sarpakenaka, Sinta
pancen ayu tenan. Mendahna yen aku
bisa nggarwa Sinta.” Ngono batine
Rahwana.
SMP NEGERI 1 BLOR
wahepisuhartatik@gmail.com
Wiwit iku Rahwana nduweni tekad kepengin
nyolong Sinta. Mula banjur ngreka supaya wong
telu iku pisah sebab mokal bisa nyolong Sinta lamun
wong telu iku tansah kumpul.
“Kala Marica, kepriye supaya Sinta bisa ingsun
colong?” Pitakone Rahwana marang Kala Marica.
“Kedah pun pisahaken rumiyin Sinuwun.”
“Lha terus carane kepriye?” Pitakone Rahwana.
“Gampil Sinuwun, kula badhe memba dados Kidang
Kencana, supados Sinta kepencut. Menawi sampun
kepencut temtu Rama badhe mbujung Kidang
Kencana.”
“Ha...ha... julik tenan kowe, Kala Marica.” Rahwana
seneng atine.
“ Ora rugi ingsun ngajak kowe. Ya wis ndang
budhala. Ha...ha.....”

SMP NEGERI 1 BLOR


wahepisuhartatik@gmail.com
Kala Marica memba dadi Kidang Kencana jan jebles
kaya kidang, mlayu mlumpat-mlumpat nyedhaki papan
panggonane Sinta. Ulese kuning kaya emas kesorot sunare
srengenge kaya murup. Weruh kaya mangkono Sinta
kaged, nyawang Kidang Kencana. Kidang ora saya ngadoh
malah saya nyedhak, kaya-kaya ora wedi yen dicekel wong.
Banget anggone kepingin nyekel Kidang iku banjur
nyuwun karo Rama supaya dicekelne Kidang Kencana iku.
“Kakang Mas, mendah senenge atiku, lamun aku bisa
nyekel lan ngingu Kidang Kencana iku.”
“Diajeng, yen iku karepmu. Kidang Kencana bakal dakcekel
kanggo sliramu. Nanging welingku sliramu apa dene
Dimas Lesmana aja nganti metu saka pager iki”
Rama banjur mbujung Kidang Kencana iku, saya adoh-
saya adoh. Bareng wis adoh keprungu suwara :“Lesmana
tulingi aku!”“Lesmana tulungi aku!“Lesmana tulungi aku!
Suwara iku keprungu Sinta lan Lesman. Sinta banjur age-
age ngakon Lesmana nulungi Rama kang njaluk tulung.
Lesmana bener-bener ngerti yen iku dudu swarane Rama.
Nanging Sinta tetep nganggep yen iku swarane Rama.
Lesmana banjur budhal.

SMP NEGERI 1 BLOR


wahepisuhartatik@gmail.com
Rama kaged, Kidang Kencana iku bakal
maeka dheweke, banjur age-age bali menyang
papan panggonane Sinta lan Lesmana. Jebul
ketemu Lesmana ing tengah dalan. Kekarone
padha enggal-enggal bali ing papan
panggonane Sinta. Bebasan kaya disamber
bledhek, Sinta wis ilang.
Rama lan Lesmana banjur nggoleki ing
sakiwa tengene alas kono ing dalan ketemu
Manuk Jatayu sing sekarat. Manuk iku mau lagi
wae perang mungsuh Rahwana amarga arep
njaluk Sinta sing dicolong. Saka critane manuk
Jatayu kuwi Rama ngerti yen Sinta dicolong
Rahwana. Manuk Jatayu mati muksa, dene
rama lan Lesmana mbacutake laku nggoleki
Sinta.

SMP NEGERI 1 BLOR


wahepisuhartatik@gmail.com
Negesi Tembung Angel
No Tembung Angel Tegese
Lelungan pindhah-pindhah
1 Ngumbara
(mengembara)
Sepi, ora ana wong, ora tau
2 Gung liwang liwung
diambah wong
3 Raseksi Buta wadon
4 Kepencut Kedanan, kesengsem, katut
5 Rowang Kanca, batur, rewang
6 Nglanggati Nuruti, nanggapi
7 Dirudaparipeksa Dipeksa (diperkosa)
8 Mokal Ora bakal klakon
9 Lamun Yen
10 Kidang Kencana Kidang Emas
11 Memba Nyamar, malih, entha-entha
12 Ulese Wenane
13 Mendah Kaya apa
14 Mbujung Mbedhak, nututi SMP NEGERI 1 BLOR
15 Muksa Ilang saragane
wahepisuhartatik@gmail.com
Mulat sarina hangrasa wani iku petikan saka serat
Radyaprawita anggitane R. Ng. Tjitroprakosa. Dene
jangkepe kaya mangkene : 1) Mulat sarira hangrasa
wani, 2) Padha melu handarbeni, 3) Wajib
hanggondheli praja, piwulang werna telu iku diarani
tridharma iku dadi gegebengane wong sa-
mangkunegara.
Wondene jlentrehe tridharma yaiku :
Mulat sarira hangrasa wani minangka sengkalan
konduripun Pengeran Mangkunagara menyang
Surakarta ( 1682 ). Kajaba iku uga ngandhut piwulang
kang becik, yaiku wani nglungguhake awake dhewe
manut kahanane. Upamane yen negarane lagi nemoni
kahanan kang sarwa kepenak kaya unen-unen gemah
ripah loh jinawi, ayem tentrem kerta raharja, padha
dirasakake bareng-bareng. Lan kosok baline yen
negarane nemoni kahanan kang sarwa ora kepenak
kudu wani nyangga rekasane bareng-bareng. Yen
diringkes dadi wani mulya kudu wani rekasa. SMP NEGERI 1 BLOR
wahepisuhartatik@gmail.com
Padha melu handarbeni tegese padha rumangsan nduweni
negara. Yen duwe lelandhesan rumangsa nduweni
anggone ngreksa, mbela, labuh marang negara mesthi
kanthi tumemen, tur ora nduweni rasa rugi.
Wajib anggondheli praja tegese : samangsa ana kang
bakal ngrusak negara kudu wani mbelani nganti
tumekaning pati.
Piwulang Tridharma iku uga cocok kanggo para
siswa lire mangkene :
1. Mulat sarira hangrasa wani : supaya sekolahane supaya
dadi sekolah kang unggul para siswa kudu sregep njaga
karesikan, sregep sinau lan disiplin.
2. Padha melu handarbeni : anggone ngrumat sekolahane
kudu kaya duweke dhewe.
3. Wajib anggondheli praja : Yen ana sing gawe rusak,
utawa gawe kuceme sekolahan ora kena mung nggegem
tangan kudu wani mbelani.

SMP NEGERI 1 BLOR


wahepisuhartatik@gmail.com
Matur Nuwun sampun
Nggatosaken piwulangan
Bahsa Jawa

SMP NEGERI 1 BLOR


wahepisuhartatik@gmail.com

You might also like