Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

KERATA BASA

1. Anak : Karep apa-apa kudu ana lan enak.


2. Bapak : Bap apa-apa pepak
3. Batur : Embat-embating tutur
4. Bocah : Mangan kaya kebo, gaweyane ora kecacah.
5. Brekat : Dideleh mak breg terus diangkat
6. Buta : Kalbu sing ora ditata
7. Cangkem : Yen ora dicancang ora mingkem.
8. Cangkir : Kanggo nyancang pikir
9. Cengkir : Kencenge pikir
10. Dhalang : Ngudhal piwulang
11. Denawa : Ngeden hawa ngumbar hawa napsu
12. Desember : Gedhe-gedhene sumber
13. Dongeeng : Dipaido ora mengeng
14. Garwa : Sigaraning nyawa
15. Garbu : Yen ora mbegar ora iso mlebu
16. Gedhang : Saged padhang, digeget bar madhang.
17. Gerang : Segere wis arang-arang
18. Guru : Digugu lan ditiru
19. Gusti : Bagusing ati
20. Januari : Hujan saben ari
21. Kaji         : Tekade siji
22. Kathok : Diangkat sitok-sitok
23. Kodhok : Teka-teka ndhodhok.
24. Kotang : Sikute diutang
25. Krikil : Keri ing sikil
26. Kupat : Ngaku lepat
27. Kuping : Kaku njepiping
28. Kupluk : Kaku nyempluk
29. Kursi : Yen diungkurake banjur isi
30. Ludruk : Gulune gelo-gelo, sikile gedrug-gedrug
31. Maling : Njipuk amale wong sing ora eling
32. Mantu : Dieman-emani meksa metu
33. Maratuwa : Mara-mara ketemu tuwa
34. Nopember : Ana sumber
35. Ngelmu : Angele yen durung ketemu
36. Oktober : Untub-untube sumber
37. Pebruari : Yen mepe mburu ari
38. Piring : Sepi yen miring
39. Prawan : Yen pepara (leelungan) kudu wayah awan
40. Saru : Kasar lan keliru
41. Sejarah : Sejan ngarah (yen dina riaya/Idul Fitri)
42. Sekuter : Sambi sendheku mlayu banter.
43. Sepuh : Sabdane ampuh
44. Setir : Senajang singset tetep bisa muntir
45. Simah : Isine omah
46. Sinom : Isih enom
47. Sirah : Isine rah
48. Siti : Isine bulu bekti
49. Sopir : Yen ngaso mampir (ing warung).
50. Sruwal : Saru yen nganti uwal
51. Sulap : Yen kesusu bakal ketilap.
52. Tandur : Nata karo mundur
53. Tapa : Tatane kaya wong papa
54. Tarub : Ditata supaya katon murub
55. Tayub : Ditata supaya katon guyub
56. Tebu : Antebe kalbu
57. Tepas : Titip napas
58. Tumpeng : Tumindak sing lempeng
59. Tuwa : Untune wis rowa, ngenteni metune nyawa
60. Ukir : Ukurane pikir
61. Wanita : Wani ditata
62. Wedang : Dianggo gawe kadang
63. Wedhus : Suwe ora tau adus
64. Weteng : Ruwet tur peteng

You might also like