Khotbah Jumat Bulan Syawwal 1

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

KHOTBAH JUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA 

BULAN SYAWAL

ُ َ َ َّ َ ُ ً َ َ ‫ْ مَل‬ َْ
‫ك ِث ْي ًرا ط ِّي ًب ا ُم َب َارك ا ِف ْي ِه ك َّل َح ٍال ال ِذى ق ْد ا ْو َج َب ِم ْن ن ْو ِر ِه‬ ‫ ِلل ِّه َر ِّب العا ِ ْي َن َح ْم ًدا‬ ‫ال َح ْم ُد‬
َ ‫ُ اَل‬ َ ْ َ ُ ‫َ َّ ْ ُ َ َ ْ َ ُ َ ْ اَل َ اَّل‬ ُ
,‫هللا َواش َه ُد ا َّن ُم َح َّم ًدا َع ْب ُد ُه َر ُس ْول ُه ن ِب َّى َب ْع َد ُه‬ ‫ اش هد ان ِال ه ِا‬,‫ن ْو ًر ِاب ِه عم اله دى‬
َ ْ َّ ‫النب ِّى ْال َك ر ْيم َو‬
َّ ‫ص ِّل َو َس ِّل ْم َع َلى َس يد َنا ُم َح َّمدﻥ‬ َ ‫َا ّلل ُه َّم‬
‫الر ُس ْو ِل ال َع ِظ ْي ِم َس ِّي ِدنا ُم َح َّم ٍد‬ ِ ِ ِ ‫ِ َأ‬ ِ ِّ
ُ ‫مْل‬ ‫َأ‬ َ ْ َ َّ َ ‫َّو َحب ْيب َن ا ُم َح َّم ٍد َّو َع َلى ال ه َو‬
‫ ُّي َها ْس ِل ُم ْو َن‬ ‫ ف َي آ‬.‫ص ْح ِب ِه َو َم ْن ْح يى ُس ن َت ُه ِالى َي ْو ِم ال ِق َي َام ِة‬ ِ ِ ِ ِ ‫ُأ‬
ُ ‫مْل‬ َ َ َ ُ
‫هللا فق ْد ف َازا َّت ُق ْو َن‬ َ ْ َ َ ‫ْوص ْيك ْم َو ِا َّي‬
ِ ‫اى ِبتقوى‬ ِ

Kaum muslimin jama’ah Jum’ah Rahimakumullah.


Mangga kita tansah budidaya ningkataken iman lan taqwa kita dhateng Allah,
inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah lan nilar saha
nebihi sedaya awisanipun Allah, jalaran kanthi mekaten kita badhe pikantuk
kabekjan wiwit dunya dumugining akherat samangke.

Ing dinten punika kita sampun nilaraken wulan ingkang kathah rahmat lan
maghirahipun Allah inggih punika wulan suci Ramadhan. Wulan ingkang
mungguhipun Allah kangge nguji dhateng kawulanipun Allah anggenipun
mujudaken kesabaran, kejujuran lan keikhlasan inggih punika kanthi
nindakaken shiyam Ramadhan. Kanthi punika tiyang Islam ingkang kasil
anggenipun nindakaken shiyam inggih punika ingkang pikantuk derajat
taqwa, la’allakum tattaqun.

Sahingga ing tanggal setunggal Syawal kawastanan Idul Fitri, dinten ingkang
fitrah. Jalaran ing dinten punika Allah sampun paring pangapunten dhateng
sedaya dosa-dosa kawulanipun, sahingga melai setunggal Syawal tiyang-tiyang
Islam melai nanem lan makarya, nindakekan ngibadah dhateng Gusti Allah
kanthi ingkang langkung sae. Wulan syawal ugi kawastanan wulan peningkatan
sedaya amal ibadahipun dhateng Allah.

Shalat fardhunipun dipun sempurnakaken, shalat sunnahipun dipun tindakaken


lan shalat jamaahipun dipun giyataken. Majlis taklim dipun jumbuhaken, masjid,
langgar lan mushala dipun makmuraken. Alquran dipun kaji, dipun udari makna
lan kandunganipun kangge pedomanipun gesang. Infaq lan shadaqahipun dipun
giyataken, shilaturahiminipun dipun lestantunaken, sahingga tansah rumaos
andhap ashor lan prasojo, gedhe athi lan cilik ing pamrih. Mekaten punika
mujudaken pikantuk kasil la’allakum tattaqun. Amargi taqwa boten namung
lelamisan ing lathi lan boten namung pengangen-angen, ananging i’tiqod ingkang
sampun manggen ing athi dipun ucapaken kanthi lisanipun lan dipun tindakaken
kanthi amal ibadah. Mekaten punika pangertosan ideal wulan Syawal.

Ananging ingkang dados keprihatinan bilih wulan Syawal dados dinten lebaran,
inggih punika sampun lebar anggenipun nglerem hawa nafsu, sampun lebar
anggenipun nindaken shalat fardhu kanthi jam’ah, sampun bibar angggenipun
tindak ing majlis taklim, sampun bibar anggenipun tadarus Alquran, sampun
bibar anggenipun jihad, berjuang kangge jumbuhaken Islam minangka rahmatan lil
alamin kangge kemajengan umat Islam. Sahingga prasast sasampunipun mlebet
ing wulan Syawal sedaya tumindak sae dipun tilaraken sahingga masjid, langgar,
musholla dipun tilar dening umatipun, Alquran dipun tinggalaken, rukuh sajadah
dipun canthelaken lan sak terasipun.

Mangga kita muhasabah, ngitung-ngitung dhateng awak kita piyambak-


piyambak, sasampunipun kita tingkas nindakaken shiyam Ramadhan kados
pundi anggen kita ngabekti dhateng Gusti Allah nindakaken amal ibadah. Menawi
akhir saking wulan Ramadhan boten ningkat amal ibadahipun ananging malah
mandhap, pramila tiyang-tiyang dipun umpamikaken kados kewan ingon-ingon
malah langkung asor malih.

    
       
     
     
     
      

“ Lan satemene Ingsun dadekake kanggo isine neraka Jahannam akeh-akehe sangka jin
lan manungsa, dheweke padha duweni ati, ananging ora digunakake kanggo mahami
(ayat-ayate Allah) lan dheweke padha duweni mata nanging ora digunakake kanggo ningali
lan dheweke padha duweni kuping ananging ora digunakake kanggo ngrungokake (marang
ayat-ayate Allah). Dheweke iku kaya dene kewan ingon-ingon malah dheweke luwih ashor,
dheweke iku wong-wong kang padha lali”. (QS. Al A’rof: 179)

Tiyang Jawi mastani agomo puniko ageman. Ageman ingkang resik, syukur dipun gosok
lan dipun paringi minyak wangi. Yektos badhe sekeca dipun agem tur ambetipun ingkang
wangi, lan luwes dipun pirsani. Kanthi mekaten punika agami Islam menawi dipun
tindakaken kanthi saestu yektos badhe dhatengaken kemaslahatan dhateng pribadi,
keluarga lan masyarakatipun. Ngibadah ugi kedah dipun tindakaen kanthi ikhlas, inggih
punika namung ngajeng-ajeng ridhanipun Gusti Allah. Ngibadah dhateng Allah ugi kedah
dipun tindakaken kanthi sabar, amargi sedaya tumindak manungsa mesthi wonten godha
lan rubidonipun.

Tiyang Islam ingkang ngibadah kanthi istiqomah, ikhlas, sabar lan tawakal, yektos badhe
dipun paringi katentreman ing ati, rumaos pikantuk perlindungan saking Gusti Allah,
piyambakipun rumaos caket dhateng Allah. Sahinga tiyang ingkang mekaten punika badhe
dipun paringi kanugrahan tanpa upami. Sahingga tiyang punika boten badhe supe tansah
ngunjukaken raos syukur, kanthi tansah ningataken amal ibadahipun dhateng Allah.

Jalaran midherek ngendikanipun Rasulullah SAW, sinaosa sedaya gesangipun manungsa


punika dipun ginakaken kangge ngibadah yektos dereng saget kangge bayar
kanugrahanipun Allah SWT. Pramila mangga kita tansah ningkataken ibadah kita dhateng
Allah SWT, kaleres ibadah maghdhoh lan ghairu maghdhoipun. Mugi-mugi Allah tansah
paring pitedah dhateng kita sedaya, lan mugi-mugi Gusti Allah kersa bikak manah dhateng
kawulanipun ingkang dereng insaf.

ِّ ‫ت َو‬
.‫ذ ْك ِر ْال َح ِكي ِْم‬A‫ال‬ ِ ‫ا‬AA‫ ِه م َِن ااْل ٰ َي‬Aْ‫ا ِفي‬A‫آن ْال َعظِ ي ِْم َو َن َف َعنِى َو ِايَّا ُك ْم ِب َم‬ ِ ْ‫ر‬AAُ‫ك هللاُ لِيْ َو َل ُك ْم فِى ْالق‬َ ‫ار‬ َ ‫َب‬
ِّ‫ ْل رَّ ب‬A ُ‫ َوق‬,‫ َفاسْ َت ْغ ِفر ُْوهُ ِإ َّن ُه ه َُو ْال َغفُ ْو ُر الرَّ ِح ْي ُم‬,‫هللا َت َعا َلى لِىْ َو َل ُك ْم‬َ ‫َأقُ ْو ُل َق ْولِى ٰه َذا َوَأسْ َت ْغ ِف ُر‬
‫ت َخ ْي ُر الرَّ ا ِح ِمي َْن‬َ ‫اغ ِفرْ َوارْ َح ْم َوَأ ْن‬
ْ

KHUTBAH KEDUA
ُ ‫هللا َو‬
‫هللا‬ ُ ‫ َو َا ْش َه ُد َا ْن َال ا َل َه ا َّال‬.‫الش ْك ُر َل ُه َع َلى َت ْوف ْيق ه َوا ْمت َنان ه‬
ُّ ‫لح ْم ُد هللِ َع َلى ا ْح َس انه َو‬ َ ‫ا‬
ْ
ِ ِ ِِ ِ ِ ِ ِ ِ ِِ ِ
ُ َ َ ‫ْأ‬ َ َ َ
َّ ‫َو ْح َد ُه َال َشر ْي َك ل ُه ل ُه ت ْعظ ْي ًما ل َش نه َوا ْش َه ُد ا َّن َس ّي َد َنا ُم َح َّم ًدا َع ْب ُد ُه َو َر ُس ْول ُه‬
‫الد ِاعى ِا َلى‬ ِ ِِ ِ ِ ِ
َ َ ّ
ُ ‫ ا َّما َب ْعد‬.‫ص َحابه َو َسل ْم ت ْسل ْي ًما كـ ْـثي ًرا‬ َ َ
ْ ‫ص ّل َع َلى َس ّيد َنا ُم َح َّم ٍد و َعلى اله َوا‬
َ َ ‫الله َّم‬ ْ ‫ر‬
ُ ‫ض َوا ِن ِه‬
ِ ِ ِ ِِ ِِ ِ ِِ ِ ِ
‫َ ْ َ َ َ َ َ ْ َ ُ ْ َ َّ َ َ َ َ َ َ َ ْ َ ُ ْ َ َّ ّ َ ُ َ‬ ‫َفي َا َا ُّي َه ا َّ‬
‫هللا ا َم َرك ْم ِب ا ْم ٍر‬ ‫اس ِا َّت ُقواهللا ِفيم ا ام ر وانتــهوا عما نهى وزج ر‪.‬واعلم وا ان‬ ‫الن ُ‬
‫عا َلى ا َّن َ‬
‫هللا َو َمآل َك َت ُه ُي َ‬
‫ص ُّل ْو َن َع َلى َّ‬
‫الن ِبى‬
‫َ َ َ َ َ‬
‫ت‬ ‫ال‬ ‫ق‬ ‫و‬ ‫ه‬ ‫س‬ ‫د‬ ‫َب َدَأ ف ْي ه ب َن ْفس ه َو َث َـنى ب َمآل َكت ه ب ُق ْ‬
‫ِئ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِئ ِ ِ ِ ِ ِ‬ ‫ِ ِ ِ ِ ِ‬
‫َ‬ ‫ّ‬ ‫َ‬ ‫ُّ‬ ‫يآ َا ُّي َها َّالذ ْي َن َآم ُن ْوا َ‬
‫صل ْوا َعل ْي ِه َو َس ِل ُم ْوا ت ْس ِل ْي ًما‪ .‬‬ ‫ِ‬

‫َ َْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ّ‬ ‫ُ َ‬ ‫ُ َّ َ ّ َ َ َ ّ َ ُ َ َّ َ َّ‬


‫هللا َعل ْي ِه َو َس ِل ْم َو َعلى ِآل َس ِّي ِدنا ُم َح َّم ٍد َو َعلى ان ِبيآِئ َك‬ ‫ص لى‬ ‫اللهم ص ِل على س ِي ِدنا محم ٍد‬
‫ْ َ َ َْ َ َُ َ ْ‬ ‫لخ َل َف ِاء َّ‬ ‫َ ُ ُ َ َ َ َ ْ ُ َ َّ ْ َ َ ْ َ ُ َّ َ ْ ُ‬
‫رو ُعث َم ان‬ ‫الر ِاش ِدين ا ِبى بك ٍروعم‬ ‫ورس ِلك ومآلِئ ك ِة املق ر ِبين وارض اللهم ع ِن ا‬
‫ض‬ ‫التاب ِع ْي َن َل ُه ْم ب ِا ْح َس ان ِا َل َىي ْوم ال ِّد ْين َو ْار َ‬ ‫التابع ْي َن َو َت ابعي َّ‬ ‫الص َح َابة َو َّ‬ ‫َو َعلى َو َع ْن َب ِق َّي ِة َّ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ٍ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫ُ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬
‫ْؤ ْ َ َ ُْؤ َ‬ ‫ْ‬ ‫َ َّ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ ْ َ َ َّ ْ َ ُ ْ‬ ‫َ‬
‫ات َوامل ْس ِل ِم ْي َن‬ ‫الله َّم اغ ِف ْر ِلل ُم ِم ِنين وامل ِمن ِ‬ ‫عنا معهم ِبرحم ِت ك ي ا ارحم ال ر ِاح ِمين‪.‬‬
‫ُ َّ َ َّ ْ ْ َ َ َ ْ ُ ْ ْ َ َ َأ َّ ّ‬ ‫َ ْ ُ ْ َ َ َ ْ ُ ُْ ْ َ ْ َ‬
‫الش ْر َك‬ ‫ِ‬ ‫ل‬ ‫ذ‬ ‫ِ‬ ‫و‬ ‫ن‬ ‫ي‬ ‫م‬
‫ِِ‬‫ل‬ ‫س‬ ‫مل‬ ‫ا‬ ‫و‬ ‫م‬ ‫ال‬ ‫س‬ ‫ال‬
‫ِ‬ ‫ا‬ ‫ز‬ ‫ع‬
‫ِ‬ ‫ا‬ ‫م‬ ‫الله‬ ‫ات‬‫ِ‬ ‫و‬ ‫َ‬ ‫م‬‫ْ‬ ‫ال‬ ‫ات االحي آء ِمنهم وا‬ ‫واملس ِلم ِ‬
‫َ َ ْ ُ‬ ‫ْ ُ‬ ‫ص ْر َم ْن َن َ‬ ‫ص ْر ع َب َاد َك ْاملُ َو ّحد َّي َة َو ْان ُ‬ ‫َو ْاملُ ْش رك ْي َن َو ْان ُ‬
‫الد ْي َن َواخ ذ ْل َم ْن خ ذ َل امل ْس ِل ِم ْي َن‬ ‫ص َر ّ‬
‫ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِِ‬
‫ْ‬
‫ُ َّ ْ َ ْ َ َّ َ َ َ َ َ َ َ َ َّ َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬
‫اع ل كل َمات َك الى َي ْو َم ّ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َو َد ّم ْر َا ْع َد َاء ّ‬
‫الزال ِز َل‬ ‫الد ْي ِن‪ .‬اللهم ادف ع عنا البالء والوب اء و‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ ِ ِ‬ ‫و‬ ‫ن‬ ‫ي‬‫ْ‬
‫ِ ِ‬ ‫الد‬ ‫ِ‬
‫َّ ً‬ ‫َ ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬
‫خآص ة َو َس اِئ ِر‬ ‫َوا ِمل َح َن َو ُس ْو َء ا ِلف ْت َن ِة َوا ِمل َح َن َم ا ظ َه َر ِم ْن َه ا َو َم ا َبط َن َع ْن َبل ِدنا ِان ُدو ِن ْي ِس َّيا‬
‫ً‬ ‫ُّ ْ َ َ َ َ ً َ ْ‬ ‫ْ ُ ْ َ ْ ُ ْ ْ َ َّ ً َ َ َّ ْ َ مَل ْ َ َ َّ َ َ‬
‫آلخ َر ِة َح َس َنة َو ِق َن ا‬ ‫ِ‬ ‫ا‬ ‫ى‬ ‫ف‬ ‫ِ‬ ‫و‬ ‫ة‬ ‫ن‬ ‫س‬‫ح‬ ‫ا‬ ‫ي‬ ‫ن‬‫الد‬ ‫ى‬ ‫ف‬ ‫البلد ِان املس ِل ِمين عآمة ي ا رب الع ا ِ ين‪ .‬ربن ا آ ِت ِ‬
‫نا‬
‫َ َ َ َّ َ َّ َ َ َ ْ َ َ ْ ُ َ َ َ ْ َ ْ َ ْ ْ َ َ َ َ ْ َ ْ َ َ َ ُ ْ َ َّ َ ْ َ‬
‫اس ِر ْي َن‪.‬‬‫عذاب الن ِار‪ .‬ربنا ظلمنا انفسناو ِان لم تغ ِفر لنا وترحمنا لنكونن ِمن ا ِ‬
‫لخ‬

‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ ُ ْ َ َََْ َ ْ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َّ َ َ ْأ ُ ُ َ ْ َ ْ َ ْ‬ ‫َ َ‬


‫هللا ! ِان هللا ي مرن ا ِبالع د ِل وا ِالحس ِان وِإ يت ِآء ِذى الق ربى وينهى ع ِن الفحش ِآء‬ ‫‪ِ  ‬عباد ِ‬
‫ْ ُ‬ ‫ْ ُ ُ‬
‫لع ِظ ْي َم َي ذك ْرك ْم َواش ك ُر ْو ُه َع َلى‬ ‫َو ْاملُ ْن َك ر َو ْا َلب ْغي َيع ُظ ُك ْم َل َع َّل ُك ْم َت َذ َّك ُر ْو َن َو ْاذ ُك ُر َ‬
‫واهللا ْا َ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬
‫ن َعمه َيز ْد ُك ْم َو َلذ ْك ُر هللا َا ْكب ْرَ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِِ ِ‬

You might also like