Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

GUGUR GUNUNG

1. Ayo konco – ayo konco..... ngayahi karjaning projo.


2. Kene... kene.... kene... kene.... gugur gunung tandang gawe.
3. Sayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancane.
4. Lilo lan legowo kanggo mulyaning negoro.
5. Siji... loro.... telu.... papat... maju... papat papat.
6. Diulang – ulungake mesthi inggal rampunge.
7. Holobis kuntul baris..... holobis kuntul baris.....
8. Holobis kuntul baris..... holobis kuntul baris.....

GUGUR GUNUNG
MURIH ONCATING PAGEBLUG

1. Mbasuh asto... njagi jarak... tansah ngagem masker.


2. Ojo lali... ojo lali... kabeh dulur dikandani.
3. Ayo – ayo konco bebarengan sing waspodo.
4. Eling lan waspodo iku kang paling utomo.
5. Nanging ojo podo lali ndongo marang Gusti.
6. Dibolan-baleni Gusti mesthi ngijabahi.
7. Corona ndang ngaliho..... Corona ndang baliho.....
8. Corona ndang ngaliho..... Corona ndang baliho.....

24 Agustus 2020
Lah ing kono towau, purno dennyo samyo tetandingan ing
palagan, kanthi lumajaring ingkang asor ing ajurit.
Sruhing mongso madyo raras, rinaras gatining kondhi,
kudup kedap kedheping wanodyo ingkang tinari kromo, karono
karuno karnan ron ronan panjrahing siti.
Tidem permanem purnaweng triloko, taman condrokirono,
arum indah hangelole, pinardaweng suro ratri, sinawung
gitaning brahmono, ingkang kepadan sih.
Dupi wus tengahing dalu dereng wonten sambeting kondo,
kang ono hamung hardaning goro-goro.
Goro-goro wontening pageblug soko negoro monco kang
sumebar ngantyo ing saindengin jagad royo kang hawasto
pageblug Corona Covid-19.
Pirang-pirang negoro kang ketaman pageblug ngantyo
dadyo poyang payingan, sekabehing poro sentono projo lan
kawulo.
Nggolong giliging poro sentono projo lan kawulo, nunggal
sedyo meminto mring kanugrahaning Gusti Kang Moho Kawoso
kang muwuhake kawicaksanan kang kudu ditindakake
sekabehing poro kawulo lan sentono projo.
Opoto kawicaksanan kang kanggo sarono murih oncating
pageblug.
Mangkono ujaring kondho!!

24 Agustus 2020

You might also like